Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 2)

Katalog:Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636
Sambung:
1.Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 1). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #903.
2.Piwulang Teyosopi, Arjasaputra, 1921, #1636 (Jilid 2). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #904.

--- 2 : 0 ---

Sêrat Piwulang Teyosopi ingkang Cêkak sarta Aos

Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr Jilid ôngka 2

Saking Têmbung Walandi Jinawèkakên dening Tilas Presidhèn Losê Wanagiri sarta Bêstiring Sèntrum Sukaharja

Kaêcap ing Kantor Pangêcapanipun Si dyan ha,Sidyanho (dan di tempat lain). En Son Surakarta 1921

--- 2 : 0 ---

Sêrat Piwulang Teyosopi ingkang Cêkak sarta Aos

Anggitanipun Tuwan C.W. Lèbètêr Jilid ôngka 2 saking Têmbung Wlandi Jinawèkakên dening Tilas Presidhèn Losê Wanagiri sarta Bêstiring Sèntrum Sukaharja

Kaêcap ing pangêcapanipun Si dian ho En Son Surakarta

Tjitaan (1)

--- 2 : 0 ---

Bêbuka

Ingkang nêmbungakên Jawi sêrat punika nyuwun pangaksama dhatêng para maos, dene kumapurun agahan nyarajawèkakên sêrat têmbung Wlandi wah bab ngèlmi kasuksman.

Tuwuhing kapurunan kula wau botên sabab saking angrumaosi sagêd têmbung Wlandi utawi mangêrtos kawruh kasuksman, ananging kabêkta saking sangêting pangajêng-ajêng murih kawruh teyosopi tumuntên sagêda sumêbar ing Tanah Jawi, sarta sabab saking pandêdêlipun para sadhèrèk kita Jawi ingkang dèrèng mangêrtos têmbung Wlandi, môngka kêpengin angudi kawruh wau.

Amila panyuwun kula dhatêng para maos, manawi wontên tumpang suhing ukara mugi sampun kirang ing pamêngku.

Tilas Presidhèn Losê Wanagiri.

Harjasaputra

--- 2 : 1 ---

Bab 4

Dumadosing Cakrawala (Zonnestelsel)

Mênggah purwaning dumadinipun cakrawala sarta kadospundi mula bukanipun, kita botên sagêd wuninga, limrahipun tinêmbungakên ora kêna kinaya ngapa (kayu kayaphu) wujudipun sakathahing kitab-kitab sarta sêrat-sêrat babat botên wontên ingkang mêdharakên mula bukanipun kajawi amung anyariosakên kawontênan kêkalih ingkang akosok wangsul inggih punika: suksma kalihan Stof bakal (anasir) utawi gêsang kalihan wujud (warna, rupa) utawi (dat sipat) ingkang makatên wau mila têgês sarta kawontênaning sêtop pêrlu kêdah kaandharakên, awit ingkang winastan kodrat (kuwasa) tuwin sêtop punika sajatosipun tajalining Gusti§ pratelaning Gusti (tôndha yêktinipun bilih Gusti Allah wontên). ingkang beda-beda kawontênanipun, sarta beda-beda kawontênanipun ing dalêm satunggal-tunggaling tataraning kamajêngan, dene sajatosing sêtop utawi asalipun sadaya ingkang gumêlar punika botên kasatmata ananging wontên§ Kur'an Surat Nisak jus 5. "Walahu Muchitum bikuli saiin ngilman wa kudratan (tafsir)" ... Wontênipun Gusti Allah punika anglimputi ing sadaya sabên-sabên ing kawujudan agal alus, asarana ngèlmunipun lan kuwasanipun. kawontênan ingkang makatên wau cocog kados kateranganipun [kateranga...]

--- 2 : 2 ---

[...nipun] sarjana ing tanah Prasman makatên: sêtop punika sajatosipun botên wontên, ingkang wontên amung pintên-pintên bolongan ing dalêm akasa (ether) pangandikanipun sarjana wau laras kalihan pamanggihipun Propesor Tuwan Osborne Reijnolds sarta para sidik, sêrat-sêrat sucinipun tiyang tanah wetanan ugi anêrangakên bilih sêtop punika maya (cidra utawi ewah gingsir).

Miturut pamanggihipun para sidik, ingkang winastan kamulaning sêtop punika (miturut kawruh pamisah gaib dipun namèkakên Koilon) manawi kita tingali sarana mripat, ingkang galodhak kêbak isi kamulaning sêtop punika, katingal suwung, ananging sajatosipun botên makatên, awit punika langkung kêkêt (dichtheid) tinimbang jasat sanès-sanèsipun ingkang sampun katitipariksa dene para ahli kawruh pamisah, miturut pamanggihipun Tuwan Propesor Reijnolds kêkêtipun punika tikêl sadasa èwu tinimbang toya sarta kakiyatanipun ing dalêm satunggal sèntimètêr pêsagi kirang langkung pitung atus sèkêt èwu ton.

Amung para sidik ingkang sagêd priksa kawontênaning êlasing sêtop, sanadyan kita dèrèng sumêrêp wujuding êlasing sêtop, ananging wajib kita pitados bilih ing pundi-pundi punika sampun kaèbêkan dening êlas wau, punapadene kita kêdah pitados bilih kalamolah sampun karsa angebahakên kajênjêman, asarana kodratolah [ko...]

--- 2 : 3 ---

[...dratolah] utawi kuwasaning Allah ingkang tumètès ing dalêm êlas, sanadyan amung saperangan ananging angèbêki cakrawala (kun payakun).

Tumètèsing daya wau kenging kaupamèkakên napas kang agung, sarêng napas kang agung andayani, ing ngriku lajêng anjalari dumadosipun palêmbungan alit ingkang tanpa petangan kathahipun inggih palêmbungan (luchtbellen) wau ingkang winastan Oeratomen. Dene bêbakalan (stof) punika kalêmpakanipun utawi campuraning oeratomen kawuningana para sadhèrèk, atum ingkang kacariyosakên punika sanès atum ingkang kocap ing dalêm kawruh pamisah, sarta sanès atumipun alam jasmani (para amanu) ananging atum ingkang sakalangkung alus utawi luhur tataranipun, dene atum ingkang sampun limrah tumrap ing akathah punika dumados saking cêcampuranipun sakathahing palêmbungan (luchtbellen) bab punika ing wingking badhe katêrangakên.

Kacariyos manawi Logos (kalammolah) wiwit badhe anitahakên cakrawala, panjênênganipun lajêng anata bêbakalan (Stof) ingkang sampun cumawis jangkêp kados ingkang sampun kajarwa ing ngajêng, dene sêtop utawi palêmbungan (luchtbellen) ingkang tanpa petangan kathahipun wau, baboning anasir (Stof) warni-warni ingkang kenging kita tingali.

Sakawit panjênênganipun angwontênakên watêsing pakaryanipun, [pakaryanipu...]

--- 2 : 4 ---

[...n,] inggih punika amangun satunggaling bêbundêran sakalangkung wiyar ingkang têbaning kubêngipun langkung wiyar tinimbang margi lampahing planit-planitipun ing têmbe, ing salêbêting bêbundêran wau lajêng kawontênakên jinôntra ingkang sakalangkung sêsêripun, awit saking dayaning jinôntra têmahan kawawa angalêmpakakên sakathahing palêmbungan ngêmpal wontên ing têngah lêrês, inggih punika wujudipun jasat (Stof) ingkang badhe pados cakrawala utawi sinêbut nevelvlek (nèpêlplèk) ing wanci dalu sagêd katingal wontên ing langit angragêmêng mawa cahya, nanging sanès pakêmpalaning lintang.

Salajêngipun ing salêbêting bêbundêran ingkang mindêng sêsêr ubêngipun wau tansah tinetesan kodratipun (kuwasanipun) têmahan palêmbungan-palêmbungan sami campur satunggal lan satunggalipun, wêkasan lajêng dados alam pitu ingkang beda alus sarta wadhagipun, mênggah alam pitu wau sami rêsêp-rinêsêpan, limput-linimputan, sami wiyaripun sarta anunggil ancêr (têngahipun sami).

Awit saking wajahing Gusti ingkang ôngka tiga (apngalollah) panjênênganipun anètèsakên kuwasanipun ingkang wiwitan ing dalêm bêbundêran ingkang sakalangkung agêng wau, lajêng angwontênakên pintên-pintên ulêkan utawi jinôntra alit-alit ingkang sagêd angêmpalakên palêmbungan sêkawan dasa sanga iji, sarta sami apêpanthan mawa sipat utawi wujud ingkang têtêp, palêmbungan-palêmbungan [palêmbungan-palê...]

--- 2 : 5 ---

[...mbungan] ingkang sami apêpanthan wau dados atuming alam ingkang ôngka kalih ingkang sami rêsêp-rinêsêpan, botên sadaya palêmbungan pinedahakên kangge atuming alam, ôngka kalih, ananging taksih wontên tirahanipun ingkang cêkap kangge atuming alam ingkang ôngka satunggal utawi ingkang luhur piyambak.

Manawi sampun dumugi titimasa ingkang sampun tinamtu, panjênênganipun anètèsakên malih kuwasanipun ingkang kaping kalih dhatêng palêmbungan-palêmbungan kawan dasa sanga, ananging kapêndhêt saperangan minôngka dados atuming alam ôngka kalih ingkang langgêng, tetesan ôngka kalih ingkang tinètèsakên ing dalêm saperangan agêng saking palêmbungan sakawan dasa sanga wau, ing ngriku palêmbungan-palêmbungan ingkang linimputan lajêng tinarik dhatêng pribadinipun, salajêngipun dèn napasakên mêdal satêmah angwontênakên ulêkan pintên-pintên cacahipun, ingkang sami kawawa angêmpalakên palêmbungan kalih èwu sakawan atus satunggal (49 x 49) inggih punika ingkang dados atuming alam ôngka tiga, sarêng sampun sawatawis laminipun lajêng kodrat ingkang katiga katètèsakên, lampahipun botên beda kados ingkang sampun, lajêng anglimput saperangan agêng saking sungsunaning atum, 2401 lajêng tinarik dhatêng pribadinipun, wêkasan dèn napasakên mêdal lajêng dados atuming alam ôngka sakawan sami isi 493 palêmbungan, makatên salajêngipun ngantos tumètèsing kodrat ingkang ôngka nênêm, ing ngriku [ngri...]

--- 2 : 6 ---

[...ku] dumadosipun atuming alam kapitu utawi alam ingkang andhap piyambak, atuming alam wau dumados utawi isi 49 pangkat 6 palêmbungan§ 1e. 7 atumipun alam ôngka 1, x7 = 49 atumipun alam ôngka 2, 2e. x49 = 2401 atumipun alam ôngka 3, 3e. x49 = 117649 atumipun alam ôngka 4, 4e. x49 = 5765001 atumipun alam ôngka 5, 5e. x49 = 282485049 atumipun alam ôngka 6, 6e. x49 = 13841767401 atumipun alam ô. dene ingkang dados ur aruming alam jasmani inggih atuming alam kapitu ingkang kasêbat ing nginggil, sanadyan punika atuming alam ingkang wadhag piyambak, ewadene sanès atum ingkang winiraos ing dalêm kawruh pamisah limrah.

Ing mangke bêbundêran agêng ingkang dinamêl saking stof jasat pitu sampun dumados, mênggah sajatosipun jasat wau kawontênanipun amung satunggal, botên pitu, awit aslinipun sami saking [sa...]

--- 2 : 7 ---

[...king] palêmbungan ingkang kawontênanipun sawêrni, mila katêmbungakên pitu punika amung sabab saking kandêl tipisipun beda, jasat pitu ingkang botên kandêl-tipisipun wau campur dados satunggal ngantos botên kenging pinisahakên, upami kita mêndhêt saperangan alit, ewasamantên sampun tamtu isi pitung golongan (pitung warni) sanadyan watakipun atum ingkang wadhag utawi awrat piyambak punika tumuju nêngah dhatêng pusêr (indhên).

Watakipun tumètès kodrat ingkang kapitu ingkang tinètèsakên dening wajahing Gusti ingkang ôngka tiga (apngalollah) punika botên kados tètèsing kodrat sanèsipun, amargi atuming jasmani botên mawi katarik wangsul dhatêng mulabukaning palêmbungan lajêng kanapasakên mêdal, ananging samangke lajêng kinêmpalakên sarta dhinapuk wêkasan lajêng dados potro èlêmèntên warni-warni (kamulaning anasir) dene èlêmèntên (anasir) ingkang kocap ing kawruh pamisah (ingkang limrah kawulangakên wontên ing pamulangan) punika dhêdhapukan utawi tumpukanipun potro èlêmèn, mênggah dadosipun anasir-anasir wau botên enggal, ananging ing dalêm pintên-pintên windu, sarta miturut anggêr ingkang sampun tinamtu, cariyos kula punika condhong kalihan pamanggihipun Tuwan Sir Piliyan Krugês ingkang kocap ing dalêm sêrat The genitis of elemente (sudadosipundumadosipun. sagunging anasir) kacariyos dumadosipun sagunging anasir punika ing dalêm pintên-pintên [pintê...]

--- 2 : 8 ---

[...n-pintên] windu alandhêsan pranatan ingkang sampun tinamtu, awit saking dayaning kakiyatan utawi kodrat warni-warni ingkang makarti ing dalêm potro èlêmèn, kapara dumugining titimasa punika dèrèng amungkasi pamanguning anasir ingkang anèm piyambak, sarta awrat, dene ingkang kinging winastan pungkasan sarta awrat piyambak punika uraniyêm, ewasamantên ing têmbe badhe wontên dhêdhapukan anasir malih.

Lami-lami jasat, ingkang wontên ing dalêm bêbundêran dados saya kêkêt (dicht) sabab ingkang makatên wau lajêng dados nèpêlplèk (wujud angrêgêmêng mawa cahya) agêng kumukus jalaran saking sangêt bêntèripun, nèpêlplèk wau tansah mubêng sakalangkung sêsêr, dangu-dangu lajêng asrêp wêkasan lajêng dados cèpèr sarta bundêr, manawi sampun sawatawis dangunipun lajêng santun rupi awujud kadi gêlang pintên-pintên sami mubêng sêsêr angubêngi bêbundêran ingkang dumunung ing têngah lêrês, èsthanipun nyamlêng kadi lintang tumpak (Saturnus) ingkang katingal wontên ing langit kinubêng dening satunggaling gêlang, amung kaot agêng kalihan alit, manawi sampun dumugi titimasa planit kawujudakên, amargi asêsambêtan kalihan lampahing kamajêngan, ing ngriku kalamollah anitahakên ulêkan pintên-pintên ing dalêm sêtop (jasat) ingkang kêkêt salêbêting gêlangan, têmahan saperangan agêng saking sêtoping salêbêting gêlangan wau lajêng ngêmpal dhatêng ulêkan, sabab perangan-perangan wau sami angêmpal [a...]

--- 2 : 9 ---

[...ngêmpal] êsuk-êsukan wêkasan anuwuhakên bêntèr, amargi saking tumuwuhing bêntèr planit ingkang sampun winangun wau taksih awujud gas ingkang sakalangkung bêntèr, dangu-dangu lajêng dados asrêp têmahan dados papan padununganing titah botên beda kados jagad ingkang kita dudungidunungi. punika, inggih makatên punika kalamollah anggènipun amangun sagunging planit.

Dumugi titimasa punika mèh sadaya jasating satunggal-tunggaling alam ingkang sami rêsêp-rinêsêpan sami ngalêmpak wontên ing planit-planit ingkang sawêk dumados, dados sadaya planit punika dumados saking sêtop ingkang warni-warni wau, amila bumi ingkang kita ênggèni punika botên dumados amung saking jasat wadhag ingkang saking atum ingkang asor piyambak kemawon, ananging ugi kacampuran jasating alam kanênêm gangsal kasakawan sarta sanès-sanèsipun, ingkang makatên punika para sidik sampun sami priksa bilih ing antawising satunggal-tunggaling sêtop ingkang beda kandêl-tipisipun punika wontên galodhag ingkang minôngka dados êlêt-êlêt, liripun satunggal-tunggaling sêtop punika mawa êlêt-êlêt, dados botên asêsenggolan, sanadyan jasad ingkang sakalangkung atos ugi botên beda kawontênanipun, wiyaring galodhag ingkang minôngka padosdados. êlêt-êlêt wau langkung wiyar tinimbang kalihan wujuding jasat, amila atuming satunggal-tunggaling alam sagêd ebah lumembak dhatêng ing pundi-pundi tanpa sangsaya, atum [atu...]

--- 2 : 10 ---

[...m] punika botên angêmungakên angèbêki satunggal-tunggaling alam, ananging ugi sagêd lumembak ing sakiwa-têngênipun, mila bumi ingkang kita ênggèni punika sajatosipun botên amung saalam, ananging dumados saking pitung alam ingkang sami rêsêp-rinêsêpan sarta sami têbanipun, amung jasad ingkang alus punika têbanipun sangking têlêng langkung têbih tinimbang têbaning jasad ingkang wadhag, murih cêthircêtha. sarta gampiling panampi naminipun satunggal-tunggaling alam ingkang sami limput-linimputan, katêrangakên kados ing ngandhap punika:§ Kitab Makripat jilid I. alam ingkang kapisan punika yêktosipun dèrèng gadhah nami, amargi kakiyataning pangraosipun manungsa dèrèng sagêd dumugi ing ngriku, mila ingkang prayogi winastan alaming Gusti:§ Alam Akadiyat (dating atma). alam ingkang kaping kalih winastan alam munadhê utawi alam anupawaka,anupadhaka. awit ing alam ngriku alaming munadhê,§ Alam Mahdat (sipating atma). inggih punika palêtiking Gusti, ananging sanadyan sapintên kawaspadanipun para sidik ewasamantên kakiyataning pangraosipun dèrèng sagêd anitipariksa kawontênanipun alam kêkalih wau, alam katiga winastan alam atma utawi nirwana§ Alam Wakidiyat (asmaning atma). mila winastan makatên, awit manungsa ing jaman sapunika ingkang sampun makripat (geestelijkheid) gêsanging pangraosipun sagêd dumugi ing ngriku sarta amakarti [ama...]

--- 2 : 11 ---

[...karti] ing dalêm alam wau, dene atuming alam nirwana punika isi palêmbungan 2401, alam kaping 4 winastan alam budi§ Alam Arwah (abngaling atma). (alam ilhami) mila winastan makatên, awit saking ngriku pinangkanipun ilhaming manusa ingkang sukci, alam kagangsal winastan alam pikiran, amargi§ Misal, alaming angên-angên (êmbananing atma). pikiran utawi nalaring manusa dumados saking sêtopipun alam wau, ingkang kaping nênêm winastan alam astral (alam pêpenginan)§ Ajêsan, alaming akal (wiwaraning atma). awit sadaya raosing manahipun manungsa amahanani gêtêr ing dalêm sêtoping alam wau, sêtopipun alam astral pating galêbyar amawa cahya, bilih katandhing kalihan sêtoping alam jasmani, dene alam kapitu winastan alam jasmani§ Insan kamil, alaming sipat (têrsandhaning atma). sarta dumados saking sêtop ingkang kasatmata punika.

Mênggah sêtobsêtop. ingkang dados alam pêpitu ingkang sami rêsêp-rinêsêpan punika amung sawêrni utawi warni satunggal, amung sungsunan tuwin kêkêtipun ingkang beda, mila rikating gêtêripun beda, tundha-tundhaning gêtêr kenging dipun upamèkakên kados wilahaning gôngsa, gêtêripun sêtop ing alam jasmani kaupamèkakên laras ingkang andhap piyambak, gêtêripun sêtop astral laras sanginggilipun, sêtop mental langkung inggil malih, makatên salajêngipun.

--- 2 : 12 ---

Satunggal-tunggaling alam punika botên ngêmungakên gadhah gêlênganing sêtop piyambak-piyambak, ananging ugi wontên tataranipun piyambak-piyambak, ing dalêm satunggal-tunggaling alam kawontênanipun pinerang dados mitung tataran, miturut rindhik-rikatipun gêtêring molecule (gêtêring sêtop) thukuling gêtêr ingkang rindhik punika saking molêkil ingkang agêng, têgêsipun molêkil ingkang dumadosipun saking tumpukaning molêkil-molêkiling alam sanginggilipun (dhapukaning molêkil ingkang sampun tinumpuk) ewadene inggih botên mêsthi, nanging ingkang kathah makatên.

Awit saking dayaning bêntèr molêkil dados agêng utawi mêkar, sarta gêtêripun saya rikat, mila lajêng angèbêki galodhag, manawi tambah bêntèr lajêng tambah mêkar têmahan santun kawontênan utawi wujud tataran sanginggilipun, utawi sakawit atos lajêng dados cuwèr, kawontênaning kanasiranasir. (jasating) alam jasmani pinerang dados pitung tataran, pinetang saking ngandhap manginggil: (1) jasat atos; (2) jasat cuwèr; (3) jasat ngukus; (6)(4). ètêr; (5) ingkang langkung lêmbat; (6) ondêr atum; (7) atum.

Sadaya wujud ing dalêm alam atum (atomischondergebied) dumados saking sungsunan atum jasmani ingkang sampun winangun, nanging atum wau dèrèng kasungsun dados molêkil, molecule murih cêthanipun, ur atum jasmani kula upamèkakên banon, dados kawujudan ing dalêm alam atum (Atomischondergebied) punika dumados [dumado...]

--- 2 : 13 ---

[...s] saking sungsunan banon ingkang sampun gadhah wangun, dene jasatipun alam ing ngandhapipun dumados saking pintên-pintên banon (pintên-pintên atum) ingkang dhinapuk utawi ginathukakên mawi kakiyataning sêmèn, upaminipun makatên: satunggal-tunggaling dhêdhapukan wau dumados saking banon sakawan gangsal nênêm utawi pitu, dhêdhapukan saking banon sakawan gangsal nênêm utawi pitu wau tumrapipun ing alam ngriku (onder atum) dados banon satunggal dene ingkang dados jasatipun alam ngandhapipun inggih punika kadhapukan saking banon sakawan gangsal ingkang kaanggêp dados satunggal banon wau dhinapuk sarta winangun, dhêdhapukan ingkang kaping kalih wau (dados dhêdhapukan ingkang sampun winangun) dados banonipun alam sangandhapipun, makatên salajêngipun ngantos dumugi dumadosing jasat ingkang andhap piyambak.

Manawi jasat atos dados cuwèr gêtêring molêkil-molêkil ingkang dhinapuk dados êlasing jasat wau dados rikat, wêkasan molêkil-molêkil sami sagêd misah saking dhêdhapukan sarta wangsul dhatêng aslinipun piyambak-piyambak, wêkasan sadaya jasad sagêd winangsulakên dados ur atuming alam jasmani.

Satunggal-tunggaling alam sami dinunungan ing titahing Allah, limrahipun pôncadriyaning titah wau amung sami sagêd amakarti ing alamipun piyambak-piyambak, tiyang ingkang gêsang ing alam dunya kados limrahipun tiyang kathah gêtêripun amung sagêd sambêt kalihan [kaliha...]

--- 2 : 14 ---

[...n] isèn-isèning dunya, mila kita amung sagêd andulu, amiyarsa, tuwin angraosakên kawontênan ingkang gumêlar wontên ing dunya punika, mênggah sajatosipun kita punika linimput ing alam astral sarta alam mental ingkang anarambas ing alam wadhag punika, ananging ing dalêm kawontênan kita ingkang limrah kita botên sagêd wuninga mênggah kawontênaning alam-alam wau, awit gêtêring tiyang limrah botên sagêd sambêt kalihan gêtêripun sêtop ing alam-alam wau (pangraosing pôncadriyanipun tiyang limrah botên sagêd gêsang ing dalêm alam wau) makatên ugi mripat kita botên sagêd andulu cahyaning ultravialet.ultraviolet. Sanadyan punika wontên sarta para ahli kawruh sagêd amujudakên, punapadene para sidik paningalipun sagêd amriksani sarana pôncadriyanipun, sajatosipun para titah ing alam astral tuwin ing alam dunya punika nunggil sapanggenan, ewadene sami botên asêsenggolan sarta botên amakèwêti satunggal lan satunggalipun, awit sanadyan tunggil sapanggenan, nanging sanès alamipun, mênggah kawontênaning para titah ing alam sanès botên beda ugi makatên, ing wêkdal kita anyêrat sêrat punika, kita ugi linimput ing sagunging alam-alam ingkang alus, sarta cêlakipun ugi botên beda kalihan bumi kita ingkang kita tingali punika, punapadene titahipun sami amakarti sasênêngipun, botên beda kados anggèn kita makarti wontên ing alam [ala...]

--- 2 : 15 ---

[...m] dunya punika, ananging kita botên sagêd sumêrêp.

Sarèhning dununging kamajêngan kita ing wêkdal sapunika dumunung wontên ing bundêran ingkang kita wastani bumi, mila kita botên badhe angrêmbag alam ingkang langkung inggil kajawi ingkang sêsambêtan kalayan bumi, inggih punika alam astral, dados pikajêngan kula botên têmbung astral ingkang winursita ing babagan ngriki, ananging amung atêgês astraling bumi punika, dados sanès astraling sonêsêtèlsêl sadaya, ananging amung saperangan.

Perangan astraling bumi kita punika ugi awujud bundêran kados bumi punika, sarta dumados saking jasat astral, dumunung nunggil sapanggenan kalihan bumi ingkang kita tingali punika, ananging kabêkta saking ènthèng mila sagêd mili ngantos mêdal sajawining uwaping bumi (mêdal sajawining dhamkringing bumi) mili utawi sumêbaripun wau mèh sami kalihan têbihipun rêmbulan dhatêng bumi, dene têbihipun rêmbulan kalayan bumi punika 240.000 mil, mila manawi rêmbulan manggèn ing perigeum bêbundêraning astraling bumi sagêd gathuk kalihan bêbundêran astraling rêmbulan, ananging manawi rêmbulan manggèn ing "apogeum" botên sagêd, dene bêbundêran ingkang dumados saking jasating alam mental punika langkung agêng tinimbang alam dunya, ananging pusêripun (indhênipun) nunggil.

Kajawi bêbundêran ingkang sampun kajarwa ing nginggil, taksih wontên malih bêbundêran ingkang langkung alus, bêbundêran wau sakalangkung

--- 2 : 16 ---

agêng ngantos sagêd agêgathukan kalihan bêbundêraning sanès planit ingkang nunggil jinis ing dalêm cakrawala punika, sanadyan kita dumunung ing bumi ingkang wadhag punika ewadene kita linimputan ing jasating alam ingkang alus, sarta jasating bêbundêran sanès-sanèsipun, dados saperangan saking sagunging bêbundêran ingkang dumadosipun saking jasad ingkang langkung alus wau lumêbêt ing wêwêngkon kita, sarta sami angubêngi surya, para ingkang angudi kawruh punika sami angèngêtakên bilih bumi punika satunggiling pakêmpalaning bêbundêran (alam) ingkang sami rêsêp-rinêsêpan, dados sampun katampi bilih bumi punika maligi amung bêbundêran jasmani ingkang sayêktosipun alit piyambak manawi katandhing kalihan sanès-sanèsing alam, ananging pusêripun nunggil (nunggil ancêr).

Bab 5

Kadadosan sarta Kamajênganing Suksma utawi Gêsang

Suksma utawi gêsang ingkang anitahakên sagunging alam ingkang sami rêsêp-rinêsêpan kados ingkang sampun kajarwa ing ngajêng punika pinangkanipun saking wajahing Gusti ingkang katiga (apngalollah) inggih wajah punika ingkang winastan khalikhul kayati (dados sagêd gêsang) utawi roh ingkang anglayang ing sanginggiling tirtaning alam awang-awang uwung-uwung, ing dalêm sêrat-sêrat teyosopi sadaya tumuruning gêsang ingkang sampun kajarwa ing ngajêng punika kaanggêp satunggal sarta [sar...]

--- 2 : 17 ---

[...ta] winastan tumuruning gêsang ingkang sakawit (sapisan).

Sasampuning sagunging alam gumêlar isi anasir kados ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng, ing ngriku tumurunipun wajahing Gusti ingkang ôngka kalih (sipatollah) wajahing Gusti ingkang ôngka kalih wau kawasa amangun sagunging kawujudan utawi wangunan, sarèhning ing dalêm alam-alam wau sampun kaèbêkan ing anasir warni-warni, mila lajêng angalap anasir-anasir sarta winangun dados martabat pitu§ Urut-urutan utawi pitung pangkat, I. Martabat malaekat luhur (para têtungguling jawata) elementalen, II. Martabat malaekat limrah (para jawata) elementalen, III. Martabat roh, rupa dewata, elementalen, IV. Martabat makdani (pêpêlikan), V. Martabat nabati (têtuwuhan), VI. Martabat kewani (sato kewan), VII. Martabat insani (manungsa)§ Urut-urutan utawi pitung pangkat, I. Martabat malaekat luhur (para têtungguling jawata) elementalen, II. Martabat malaekat limrah (para jawata) elementalen, III. Martabat roh, rupa dewata, elementalen, IV. Martabat makdani (pêpêlikan), V. Martabat nabat. salajêngipun martabat-martabat wau sami jiniwanan (ginêsangan) tumrap panganggêp sarta piandêling kawruh teyosopi, martabat manungsa binedakakên saking kewan. Makatên ugi teyosopi anganggêp tumrap tataraning kamajênganipun rupa dewata (elementalenrijken) ingkang botên kasatmata.

Tumuruning gêsang utawi suksma punika sakawit anggêsangi jasat stof mênggah lampahipun kenging kaperang dados kalih lampahan, sakawit anjiwani jasat stof ingkang alus ngantos dumugi wadhag nanging manawi sampun dumugi titimôngsa lajêng mêdal angindhani papan [papa...]

--- 2 : 18 ---

[...n] ingkang dinunungan sarana alon, sarta mawi pranatan ingkang prayogi (mêdal saking jisim ingkang dados urungipun) wontên ing alam dhewacan inggih alam ingkang kagangsal manawi pinetang saking alam ingkang luhur, têtumpakan utawi urung-urung wau sawêg wiwit kenging tiningalan, sarta inggih wontên ing ngalam ngriku wiwiting dumadosipun bêbundêran ingkang sami apêpisahan, murih cêtha tumrap ingkang sami angudi bab punika prêlu katêrangakên bilih alam dhewacan punika pinerang dados kalih, perangan satunggal, kalih tuwin tiga punika winastan alam dhewacan ingkang luhur, dene perangan sakawan gangsal nênêm sarta pitu punika alam dhewacan ingkang andhap.

Manawi tumuruning suksma utawi gêsang dumugi ing alam dhewacan perangan luhur, ing ngriku lajêng angirup sagunging anasir ètêr kinêmpalakên dados êlasipun bêbakalaning alam wau (Substanties) nuntên winangun kawujudan warni-warni, dènalap sarta rinasuk, inggih wêwangunan wau ingkang winastan martabat malaekat luhur (elementalenrijk).

Awit miturut anggêr-anggêring kamajêngan, sadanguning suksma anggêsangi ing dalêm wêwangunaning alam ngriku punika lampahipun timbal-tumimbal wiwit saking wêwangunan ingkang alus dumugi ingkang wadhag, suksma ingkang adrêng mila dhatêng kawadhagan sakawit pamanggènipun ing alam ngriku amung sawatawis môngsa ananging sarêng sampun sawatawis dangunipun lajêng sagêd dados satunggal kalihan wêwangunan wau, sabab ingkang makatên [maka...]

--- 2 : 19 ---

[...tên] wau botên angêmungakên suksma ajêg dumunung ing dalêm wêwangunan, ananging lajêng nunggil kawontênan (dados satunggal) awit sangking punika suksma lajêng mandhap sarta angalap wêwangunan ingkang dumados saking jasating alam sangandhapipun, mênggah lampah-lampahipun botên beda nalika wontên ing perangan ing sanginggilipun, manawi wêwangunan sampun rinasuk sarta suksma jênak dumunung ing dalêm wêwangunan ingkang dumados saking ing lapisan ôngka kalih, ing ngriku dumadosipun martabat malaekat elementalenrijk pangkat kalih suksma ingkang anjiwani elementalen wau asasana wontên ing alam dhewacan luhur ananging têtumpakan ingkang minôngka dados warana utawi gêlaranipun dumunung wontên ing dhewacan perangan ngandhap.

Kabêkta saking watakipun ingkang adrêng mili mangandhap sasampuning sawatawis laminipun suksma lajêng nunggil kawontênan kalihan wêwangunan wau sarta lajêng jênak manggèn ing alam dhewacan perangan ngandhap, satêmah anyoroti utawi anjiwani wêwangunan ing dalêm alam astral, anjalari dumadosipun elementalen rupa dewata (malaekat) ing alam astral.

Wêwangunan utawi kawujudan ingkang sampun kajarwa ing ngajêng wau botên sami darajatipun, undha-usuk wiwit saking alus dumugi wadhag, sanadyan makatêna ewasamantên langkung alus manawi katandhing kalihan jasat ing alam wadhag ingkang sampun kawuningan ing akathah,

--- 2 : 20 ---

mênggah martabat elementaal tigang pangkat wau beda-beda gumêlar sarta wujuding gêsangipun, botên beda kados kawontênanipun gêsanging têtuwuhan tuwin sato kewan.

Sasampuning suksma sawatawis dangunipun anggèning anjiwani sagunging kawujudan rupa dewata ing alam astral, lajêng nunggil kawontênan kalihan wujud-wujud wau, ing ngriku suksma lajêng anggêsangi martabat makdani ingkang perangan, nuntên anjiwani jasating pêpêlikan ingkang perangan wadhag inggih ingkang kasatmata punika.

Mênggah ingkang winastan martabat makdani (mineralenrijk) punika botên angêmungakên bangsaning pêpêlikan ingkang linimrahakên ing dalêm pamulangan, ananging ugi bangsaning jasat ingkang cuwèr, bangsaning gas, sarta jasat ètêr (ètêr ingkang langkung lêmbat, ondêr atum-atum) tigang prakawis wau tumraping kawruh kilenan dèrèng sagêd anggayuh (kawontênanipun dèrèng kawuningan dening bôngsa Eropah) kawuningana sagunging jasat punika sanès barang pêjah ananging ugi wontên gêsangipun, dene gêsang (suksma) ingkang asasana ing dalêm jasat punika tansah majêng, manawi lampahing gêsang sampun notog dumugi têngahing martabat makdani, lampahing mangandhap kèndêl, lajêng sinantunan ing lampah manginggil (napas mêdal sampun notog gêntos napas ingkang malêbêt).

Manawi kamajêngan ing dalêm makdani sampun rampung, suksma lajêng surut dhatêng alam astral, ananging sampun angsal kawruh ingkang pinanggih ing dalêm [da...]

--- 2 : 21 ---

[...lêm] alam jasmani (nalika gêsang ing dalêm pêpêlikan). Saking ing griku gêsang lajêng anjiwani martabat nabati (sagunging têtuwuhan) ing ngriku gêsang sawêg wiwit angatingalakên gêsangipun inggih punika wujuding gêsangipun sagunging têtuwuhan, manawi kamajêngan ing dalêm têtuwuhan sampun rampung, gêsang lajêng oncat saking ing ngriku anggêsangi sagunging martabat kewani (sato kewan) manawi ajênging gêsang sampun dumugi ing kewan, surutipun saya inggil inggih punika dumugi alam dhewacan ingkang perangan ngandhap, mila ing wêkdal punika mandhapipun dhatêng jasmani wiwit saking alam dhewacan ngandhap, anglangkungi jasat astral, jasat astral wau sanès jasat astral ingkang dados urungipun grup sil (urungipun suksmaning sagunging kewan) ananging badan astralipun satunggal-tunggaling kewan (individucel) bab punika badhe katêrangakên.

Aluning nyawa (gêsang) anggèning anjiwani sagung martabat-martabat wau sakalangkung dangunipun ngantos botên kenging kinintên-kintên, ing dalêm satunggal-tunggaling martabat wiwit ingkang asor ngantos dumugi ingkang luhur (gêsang aluning nyawa) tansah mindhak ajêngipun, upaminipun makatên: ing dalêm martabat nabati sakawit gêsang anjiwani sagunging rumput utawi sagunging lumut, wêkasan anggêsangi kêkajêngan ingkang agêng sarta prayogi, bilih malembang dhatêng kewan sakawit anjiwani kewan ingkang sakalangkung lêmbat, wêkasan anjiwani kewan ingkang nyêsêpi sarta anjilma, mênggah lampahing [lampah...]

--- 2 : 22 ---

[...ing] panjalma punika tansah malembang wiwit saking wujud ingkang asor ngantos dumugi wujud ingkang prayogi, sarta wiwit saking urung ingkang asor ngantos dumugi urung ingkang langkung prayogi, dene ingkang majêng utawi diwasa punika botên angêmungakên urungipun, ananging ugi jiwa ingkang asaranaasasana. ing dalêm urung, mênggah prêlunipun urung-urung diwasa punika supados mungguh kangge pasênêdaning jiwa ingkang sampun diwasa, awit manawi botên makatên lajêng botên laras wadhah kalihan isinipun.

Manawi alun gêsang ingkang anjiwani martabat kewani sampun angancik ing kewan ingkang prayogi piyambak, ing ngriku lajêng pindhah anjiwani martabat insani (manungsa) kadospundi mênggah kawontênanipun ing wingking badhe katêrangakên bilih alun gêsang punika tansah pindhah-pindhah saking satunggaling martabat dhatêng martabat sanès, mila saupami alun gêsang punika amung satunggal sampun tamtu badhe namung wontên wujud martabat satunggal, ananging awit saking kodrat wiradatolah, alun gêsang tanpa kèndêl, mila ing sawanci-wanci ugi wontên alun gêsang ingkang amakarti asêsarêngan, kita punika ugi salah satunggiling alun gêsang, ananging ing wêkdal punika ugi wontên alun gêsang ingkang anjiwani martabat kewani, inggih punika alun gêsang ingkang dumunung ing sawingkinging gêsang kita, dados têtelanipun martabat nabati (têtuwuhan) punika alun gêsang ôngka tiga sarta martabat [martaba...]

--- 2 : 23 ---

[...t] makdani (pêlikan) alun gêsang ôngka sakawan, para sidik sagêd asung katrangan bab kawontênanipun martabat rupa dewata elementalen tigang pangkat ingkang jiniwanan dening alun gêsang ôngka gangsal nênêm tuwin pitu, alun gêsang ingkang sarênti wêdalipun wau pinangkanipun saking wajahing Gusti ingkang ôngka kalih (sipat utawi wahdat) sarèhning makatên kawontênanipun dados têtela bilih wontên lampahing kamajênganing gêsang, sumaruna ing dalêm jasat saya dangu saya bêblês utawi amadhag, supados sagêd anampèni gêtêr ingkang alêlantaran saking jasatipun satunggal-tunggaling alam, gêtêr ingkang pinangkanipun saking ing jawi wau dangu-dangu kawawa anukulakên gêtêr ing lêbêt ingkang salaras kawontênanipun, awit sangking punika wau gêsang (nyawa) lajêng sagêd anampèni gêtêr ing jawi, wasana damêl gêtêr ingkang lajêng anjalari kasinungan panguwasa ginaib.

Nitik nalar-nalaripun kita pitados bilih nalika suksma tinètèsakên saking Gusti sarta taksih dumunung ing alam ingkang taksih ginaib tumrap kita punika satunggal (êsa) ananging bilih suksma wau sampun mandhap ing alam budi, inggih alam ingkang sampun kenging ginayuh dening pangraosing manungsa ingkang sampun sidik paningalipun, sarta suksma anggêsangi kawujudan ingkang dumados saking jasating alam dhewacan luhur, lajêng

--- 2 : 24 ---

pinerang-perang dados jiwa ingkang sakalangkung kathah§ Bagawatgita Bab 16 wiraosan ping 13 Dad iku manggone sajroning kahanan, ora pinerang, nanging kaya pinerang. (geheime leer kaca 114 "het verschilt niet in aard, maar alleen in graad!! Voordracht njonjah A. Besant kaca 19 "Hel zaad geworpen van den Leven. makatên cêthanipun: nalika suksma sinorotakên ingkang kapisan saking Gusti punika kenging binasakakên taksih murni utawi kawontênanipun taksih sarupi (homogeen) tinêmbungakên jiwa kang agung, ananging manawi sampun anjiwani manungsa, suksma wau lajêng pinerang-perang dados pintên-pintên miliyun jiwaning manungsa (sabên manungsa satunggal jiwa satunggal) dados ing antawising suksma kang agung tinètèsakên saking Gusti ngantos dumugi pungkasanipun, kawontênanipun suksma ing dalêm satunggal-tunggaling tataran pinerang-perang, ananging mêksa dèrèng rampung pamerangipun (taksih kêdah pinerang malih).

Kawuningana para sadhèrèk, bilih sabên tiyang satunggal punika jiwa satunggal, ananging tumraping têtuwuhan sarta kewan botên makatên, jiwaning manungsa sagêd anyatakakên kawontênanipun asarana badan satunggal, ananging bilih jiwaning kewan asarana badan-badaning kewan botên sakêdhik cacahipun, makatên ugi mênggah kawontênaning têtuwuhan, satunggaling sima punika sayêktosipun [sayê...]

--- 2 : 25 ---

[...ktosipun] dede wujud ingkang pisah kalihan bangsanipun, ananging manawi manungsa sampun wujud amiyambak, manawi manungsa tilar donya inggih punika anyèlèhakên badanipun jasmani, jiwanipun têtêp wujud miyambak kados nalika dèrèng tilar donya, dados botên agêgandhengan kalihan wujud sanès, ananging manawi satunggaling sima tilar donya, peranganing jiwanipun wangsul dhatêng asalipun, inggih punika grup sil (suksma kewan) amargi grup sil wau ingkang anjiwani sagunging badaning sima, dados saupaminipun wontên sima satus punika jiwanipun agêgandhengan dados satunggal, nalika taksih gêsang katingalipun sami pisah amiyambak-miyambak kados manungsa, ananging sajatosipun satunggal-tunggaling sima amung kadunungan sapra-atusing jiwa, mila manawi satunggaling sima jiwanipun kêdah surut dhatêng ing asalipun (grup sil) sarta lajêng dados satunggal botên kenging pinisah, cêthanipun makatên: suksmaning kewan (grup sil) upaminipun toya sajêmbangan, badaning sima satus wau upaminipun cangkir ingkang dumunung ing salêbêting jêmbangan, manawi salah satunggaling cangkir kawêdalakên sangking jêmbangan sampun tamtu kêbak isi toya, inggih makatên punika pêthaning pamisah, ananging sayêktosipun dèrèng pisah kalihan ingkang sangangdasa sanga, toya ing dalêm cangkir ingkang kawêdalakên wau ing wêkdal punika kapisah sakêdhap kalihan toya salêbêting jêmbangan, sarta kalihan cangkir sanèsipun lajêng kasinungan wujud sarta watak kadidene

--- 2 : 26 ---

wadhahipun (cangkir) saupami toya ing dalêm cangkir wau kita tètèsi punapa-punapa ingkang sagêd anjalari ewahing warni, sampun tamtu toya wau lajêng ewah warni sarta gandanipun, kawontênanipun ingkang makatên wau kenging minôngka ibaratipun kamajênganing jiwa nalikanipun misah dumunung ing dalêm sima, manawi toya ingkang sampun santun warni sarta gandanipun kasuntak ing dalêm jêmbangan, punika minôngka upaminipun sima pêjah, toya ingkang sampun santun warni sarta gandanipun wau lajêng campur dados satunggal kalihan toya ingkang wontên ing jêmbangan, sabab ingkang makatên wau warni sarta gandanipun dados suda tinimbang suwaunipun.

Ing mangke jiwa ingkang dumunung ing dalêm sima antuk kamajêngan, ananging lajêng binage dhatêng grup sil (sangangdasa sanga perangan utawi toya sak jêmbangan) sanadyan botên sapintêna dayanipun ewadene toya ing dalêm jêmbangan ing mangke sampun ewah kawontênanipun, amila samangke toya ing dalêm cangkir sampun beda kawontênanipun, awit sampun kacampuran (sampun radi diwasa jalaran saking pamanggih) dados wiwit kala samantên toya ing dalêm cangkir beda warni sarta gandanipun tinimbang duk purwanipun, sabên sima pêjah kenging kaupamèkakên toya ing dalêm cangkir ingkang sampun ewah kawontênanipun kawangsulakên malih dhatêng ing jêmbangan, têmahan saya anjalari ewahing gônda tuwin warni, awit sangking punika kasagêdan sarta pamanggihipun satunggaling sima nalika [na...]

--- 2 : 27 ---

[...lika] gêsangipun, sarêng sampun pêjah lajêng pinerang dados kasagêdanipun sagunging sima ingkang badhe lair, sampun tamtu kemawon amung sami kaêduman nyakêdhik, dados kasagêdanipun botên sami kalihan sima ingkang sampun pêjah wau, mila kewan sami gadhah warisan watak (instinct) saking lêluhuripun, wujudipun tigan bèbèk ingkang katêtêsakên babon, ewadene sampun sagêd angêlangi, kuthuk ingkang nêmbe nêtês sampun asingidan manawi wontên wolung, punapadene pêksi ingkang tinêtêsakên mawi masin, sanadyan salaminipun dèrèng nate sinau andamêl susuh, ewadene manawi andamêl susuh nyamlêng kadi lêluhuripun.

Ing ngajêng sampun kajarwa bilih kewan punika jiwanipun agêgandhengan kalihan bangsanipun, ananging manawi badaning kewan saya diwasa (prayogi) saya suda gandhenganipun, tumrap grup sil satunggal, kosok wangsulipun bangsaning mrutu utawi kewan ingkang alit-alit sarta tanpa daya punika ngantos miliyunan gandhenganipun, mila kaotipun ing antawising satunggal-tunggaling wujud amisah (individuen) saya kathah.

Grup sil punika dangu-dangu lajêng dados kalih perangan, murih sagêd cêtha prayogi kangge upami toya ing dalêm gênthong, manawi toya ing dalêm gênthong wau wongsal-wangsul kacidhuk mawi cangkir sarta lajêng kawutahakên malih, sampun tamtu kemawon toya ing dalêm gênthong saya dangu saya ewah warninipun, manawi sampun dumugi titimôngsa [titi...]

--- 2 : 28 ---

[...môngsa] toya ing dalêm gênthong dados kalih perangan, ing ngriku wontên kodratullah ingkang kita botên sagêd anêrangakên, ing têngah-têngahing toya gênthong, lajêng angaringêd dados kulit alus ngadêg jêjêg, ing mangke toya ing dalêm gênthong dados kalih perangan, wiwit samantên toya ingkang aslinipun saking perangan kiwa wangsulipun dhatêng gênthong ingkang kiwa, dene ingkang saking têngên wangsulipun inggih dhatêng gênthong ingkang sisih têngên, kulit ingkang ngadêg ing satêngah-têngahing toya saya dangu saya kandêl, sarèhning wangsuling toya wau dhatêng aslinipun, mila ing mangke warni sarta gandaning gênthong kiwa kalihan têngên botên sami, wêkasan lajêng dados toya kalih gênthong, liripun manawi ajênging grup sil sampun sagêd andungkap ing kawontênan ingkang makatên, ing ngriku grup sil lajêng pêcah dados kalih, botên beda kados kawontênanipun sèl, dangu-dangu lajêng dados kalih perangan, mila manawi grup sil tambah rêsêpanipun lajêng dados saya alit ananging cacahipun saya kathah, makatên salajêngipun ngantos andungkap dados jiwaning manungsa, manawi sampun dumugi ing ngriku jiwa sampun amiyambak (individueele ziel) satilaring donya botên wangsul dhatêng grup sil (jiwa pakêmpalan).

Lampahipun satunggal-tunggaling alun gêsang punika tansah malembang-malembang anggêsangi sagunging martabat, ananging ing dalêm satunggal-tunggaling martabat botên pêrlu malembang-malembang saking wiwitan dumugi

--- 2 : 29 ---

wêkasan, makatên cêthanipun, saupami satunggaling grup sil nalika wontên ing dalêm martabat nabati (têtuwuhan) anjiwani kêkajêngan ingkang prayogi, punika manawi malembang dhatêng martabat kewani, botên pêrlu wiwit dados jiwaning kewan ingkang asor kados ta bangsaning ulêr sasaminipun, ananging lajêng anjujug dados jiwaning kewan anêsêpi ingkang darajatipun andhap piyambak, dene kewan ingkang asor (ulêr sasaminipun) badhe jiniwanan dening groupziel ingkang nalika wontênipun martabat nabati anjiwani têtanêman ingkang darajatipun langkung andhap, makatên ugi malembangipun grup sil saking kewan dhatêng manungsa, grup sil ingkang nalika wontên martabat kewani anggêsangi bangsaning kewan ingkang luhur darajatipun, manawi malembang dhatêng manungsa botên lajêng anjiwani bangsaning manungsa ingkang taksih asor darajating kamanungsanipun, ananging lajêng anjujug dhatêng jinising manungsa luhur dene jiwaning manungsa ingkang asor punika aslinipun saking grup sil ingkang nalika wontên ing martabat kewani anjiwani kewan asor.

Ing dalêm satunggal-tunggaling tataran grup sil pinerang dados pitung jinis agêng (Tijpe) sabên satunggal-tunggaling perangan antuk alun gêsang piyambak-piyambak ingkang tinata sarta linanturakên dening satunggaling malaikat, dene satunggal-tunggaling jinis wau kita sagêd angsal pasaksèn ing dalêm satunggal-tunggaling martabat, awit satunggal-tunggaling martabat miturut kawruh ingkang gumêlar ing pamulangan [pamulanga...]

--- 2 : 30 ---

[...n] pinerang dados pitu, kados ta: kewan punika pinerang dados pitung jinis agêng, makatên salajêngipun, awit, dhapur utawi wônda ing dalêm satunggal-tunggaling jinis punika tinata agêgandhengan urut kacang, mila kewan, têtuwuhan, pêpêlikan sarta sagunging wujud rupa dewata pinerang dados pitung pôntha (pitung grup, utawi pitung jinis) dene ilining alun gêsang sami urut garisipun piyambak-piyambak, botên purun manggèn dhatêng garis ingkang sanès jêjinisipun, mirit bab punika salugunipun dèrèng wontên wêwaton ingkang sampurna, tumrap paperanging kewan, têtuwuhan sarta pêpêlikan dados pitung jinis agêng, ewadene sampun botên sumêlang malih, manawi pindhahing alun gêsang punika botên tumpang suh ananging urut ingkang tunggil jinis, manawi nyawa anggêsangi pêpêlikan perangan satunggal, nadyan ing dalêm perangan ing ngriku malembang-malembang sangking ingkang asor ngantos dumugi ingkang luhur, ewadene botên purun menggok dhatêng garisaning pêlikan perangan kalih, makatên ugi manawi malembang dhatêng martabat nabati, kewani tuwin insani, inggih lajêng anjujug dhatêng perangan ingkang nunggil jinis (jinis perangan satunggal).

Mênggah têgêsipun amêthal piyambak (indivi dualisatie) punika manawi jiwaning kewan ingkang sampun diwasa lajêng sapêjahipun botên wangsul malih dhatêng grup sil (suksmaning kewan) ananging lajêng dados jiwaning manungsa, kewan ingkang sagêd anggayuh tataran wau

--- 2 : 31 ---

amung sagunging kewan ingkang sampun gadhah nalar, sagêdipun kewan kabuka nalaripun kêdah acacêlakan kalihan manungsa, mila inggih amung jiwaning kewan ingah-ingahan ingkang sagêd mamalembangmalembang. dados jiwaning manungsa (indivi dualisatie) ewadene inggih botên sadaya kewan ingah-ingahan ingkang sagêd kalampahan makatên, dene ingkang kalêbêt kewan luhur tumrap turutaning jinis, ôngka satunggal, sagawon, ôngka kalih kucing, ôngka tiga gajah, ôngka sakawan kêthèk, makatên salajêngipun, sagunging kewan galak punika pinerang dados pitung jinis, satunggal-tunggaling jinis sami nurut garisanipun piyambak-piyambak, ingkang wêkasanipun anjog kados kewan ingah-ingahan, makatên upaminipun, sagawon ajag punika satunggal garis kalihan sagawon, sima (leo) punika nunggil garis kalihan kucing, mila grup sil ingkang anjiwani sima satus kados ingkang sampun kajarwa ing ngajêng, manawi ajêngipun sampun pantog sagêd ugi lajêng pinerang dados gangsal grup sil, satunggal-tunggaling grup sil, sagêd anjiwani kucing kalih dasa.

Mênggah kawontênanipun alun nyawa sakalangkung dangu anggèning ubêngan ing dalêm satunggal-tunggaling martabat, mila ing wêkdal punika jiwa sakalangkung angèl anggèning badhe malembang dhatêng satunggiling martabat utawi anggèning badhe dados jiwa ijèn (jiwaning manungsa) awit limrahipun wancining malembang saking satunggal-tunggaling martabat, sarta dadosipun manungsa punika wontên pungkasaning jaman,

--- 2 : 32 ---

têgêsipun wontên pungkasaning alun nyawa anggèning anggêsangi satunggaling martabat, ewadene sanadyan awis-awis ing antawising kewan wontên ingkang dados manungsa, kabêkta ajêngipun moncol tinimbang barakanipun, sagêdipun kalampahan makatên prêlu sangêt kewan acacêlakan sarta gulêtan kalihan manungsa, manawi kewan dipun ingah sae, sarta manungsa tansah anêdahakên wêlas asihipun botên beda dhatêng anak, ing ngriku kewan lajêng katuwuhan watakipun wêlas asih kados nganggêp dhatêng bandaranipun, lajêng tangkar-tumangkar akalipun jalaran pun kewan wau lajêng katuwuhan sêdya kêdah mangêrtos punapa ingkang dados sêdyaning bandaranipun, amargi sagadug-gadugipun sumêdya dipun lampahi, kajawi punika kabêkta saking lêlabêtaning bandaranipun wau, têmahan pangraos tuwin bêbudèning kewan saya alus, manawi kamajênganing kewan ngantos dumugi samantên jiwanipun sampun botên sagêd amor malih kalihan grup sil ingkang minôngka dados jiwaning kewan bangsanipun, awit tataranipun sampun langkung luhur, pêperangan utawi cuwilaning grup sil ingkang kawontênanipun makatên wau sampun samêkta anampèni tumuruning gêsang ingkang mêdal saking wajahing Gusti ingkang kapisan (dat) awit tumuruning gêsang ingkang wêkasan wau botên kados sanèsipun ingkang kangge anggêsangi titah ingkang miliyunan asêsarêngan, ananging amung tumètès dhatêng satunggaling jiwa ingkang sampun samêkta kenging anampèni (manungsa) sajatosipun tumuruning gêsang ingkang mêdal [mê...]

--- 2 : 33 ---

[...dal] saking wajahing Gusti ingkang kapisan punika sampun dumugi ing alam ilhami (alam budi) ananging botên karsa lajêng lampahipun, kèndêl wontên ing ngriku, tumètèsipun angêntosi bilih jiwaning kewan sampun diwasa, malembang dhatêng tataran ingkang langkung luhur, manawi jiwaning kewan minggah ing tataran ingkang langkung luhur, ing ngriku tetesan utawi curahan ingkang katiga lajêng mandhap amêthukakên inggahing jiwa wau, lajêng sagêd dados ego (aku) inggih punika wujud ingkang ajêg pêthalipun, dumunung ing alam dewacan perangan nginggil, dados wiwit kala samantên wujud mêthal amiyambak ajêg kawontênanipun ngantos dumugi titimôngsa kita manusa, dados sukci wangsul dhatêng ingkang asipat êsa utawi wangsul dhatêng ajal kamulanipun.

Dados têrangipun, sagêdipun ego (aku) dumados, sakawit saking peranganing grup sil ingkang suwaunipun anjiwani kawujudan, lajêng ing mangke dados têtumpakan, saha jiniwanan piyambak dening palêtiking Gusti (monadhê sirollah) mila inggih kenging tinêmbungakên sadèrèngipun ego dumados, monadhê utawi sirollah anglayang ing sanginggiling grup sil, dumunung ing alam budi, jalaran botên sagêd agêgathukan kalihan grup sil sabab saking kawontênanipun dèrèng mungguh, mila manawi saperangan saking grup sil wau sampun diwasa, botên nguciwani tumrap tumuruning ego sirollah, ing ngriku grup sil sagêd asêsambêtan kalihan monadhê [mona...]

--- 2 : 34 ---

[...dhê] (sirollah).

Kadadosaning ego sarta pamêthaling grup sil dados botên wangsul dhatêng toya ing jêmbangan malih, punika minôngka dados pratôndha bedaning kewan ingkang sampun sakalangkung diwasa kalihan manungsa ingkang taksih asor sangêt.

Bab 6

Adêging Manungsa

Mênggah sajatosipun manungsa punika palêtiking§ Ananging botên kados palêtiking latu, amargi botên pisah. Gusti ingkang asasana wontên ing alam monadhê (alam pari nirwana) palêtik ingkang salaminipun wontên ing alam monadhê wau naminipun monadhê (sirollah) awit saking ajênging kamanungsan munadhê lajêng gumêlar wontên ing alam ingkang andhap, nalika munadhê mandhap satatar asasana ing lamalam. nirwana (alam atma) ing ngriku têtela bilih wajahipun tiga (botên beda kadi Gusti Allah wontên ing alam ingkang langkung luhur, ugi wajahipun tiga) wajah ingkang satunggal salaminipun asasana ing alam atma, dados atmaning manungsa, wajah ingkang ôngka kalih asasana ing alam budi (ilham) dados ilhaming manungsa, dene wajah ingkang ôngka tiga asasana ing alam dhewacan (pikiran ingkang perangan nginggil) dados pikir utawi nalaring manungsa, wajah têtiga wau sinêbut trimurti utawi alus têtiga, inggih ego (manungsa sajati), ego wau ingkang anggêsangi (groepziel).

--- 2 : 35 ---

Mênggah sajatosipun manungsa punika monadhê (sirullah) ingkang asasana ing alam monadhê, ananging wontên alam dhewacan ingkang inggil amujudakên sariranipun dados ego sarta awajah tiga, inggih punika, atma, budi, pikir (manas) sarta amangun têtumpakan (badan) ingkang dumados saking jasating alam dhewacan ingkang inggil winastan badan jalaran, dados ego punika manungsa sajati ingkang sawêg wontên salêbêting kamajêngan ingkang tundha-tundha kawontênanipun, sarta limrahipun kinging tinêmbungakên jiwaning manungsa.

Wiwit dados manungsa ngantos minggah nunggil kawontênan kalihan Gusti botên ewah kawontênanipun, amung kamajêngan utawi kasampurnanipun ingkang saya dangu saya tambah (wiwit saking jiwa anèm lajêng dados jiwa sêpuh) dene ingkang limrahipun kita wastani pêjah, punika tumraping manungsa sajati botên magêpokan punapa-punapa sarta ingatasing gêsang limrah wontên ing donya punika kanggenipun jiwa amung kaanggêp sadintên, mênggahing badan ingkang kasatmata inggih ingkang kenging risak punika sajatosipun sandhangan ingkang dipun angge pirantos anggayuh saperangan saking kamajêngan, dados manawi tanpa badan wadhag jiwa botên sagêd majêng utawi sampurna, dene bedaning manungsa sajati punika botên ngêmungakên badan jasmani kemawon, nanging taksih wontên tunggilipun malih.

Manawi manungsa sajati (ego) badhe angrasuk badan jasmani, mandhapipun saking ing dhewacan ingkang perangan nginggil kêdah anglangkungi alam dhewacan [dhe...]

--- 2 : 36 ---

[...wacan] perangan ngandhap, sarta alam astral (alam kewani) lampahipun makatên: sakawit angrasuk badan ingkang dumados saking sêtoping alam dhewacan perangan ngandhap winastan badan pikiran, badan wau pirantos kangge amikir sagunging pikiran ingkang tumuju dhatêng barang-barang sarta samukawis ingkang wujud.

Namining satunggal-tunggaling alam kados ing ngandhap punika:

1. alam Ul kudus (alam adi), 2. alam munadhê (alam anupadhaka), 3. alam nurani (alam atma), 4. alam ilhami (alam budi), 5. alam rohani (alam pikiran = alam mental), 6. alam kewani (alam tarwah,arwah. = alam astral), 7. alam jasmani (alam wadhag) (concrete gedachten) dene abstracte gedacten inggih punika pikir ingkang botên tumuju dhatêng barang sarta kawontênan ingkang maujud, ananging amung tumuju dhatêng babaganing pangêrti sapiturutipun, punika satunggaling panguwaos utawi kakiyatanipun manungsa sajati piyambak ing alam dhewacan perangan nginggil abtracten gedachten (pikir ingkang botên tumuju dhatêng barang sarta kawontênan ingkang maujud, utawi tanpa rupi) punika asli saking pikiripun manungsa sajati, dumados saking sêtoping alam dhewacan perangan nginggil, dene concreten gedachten (pikir ingkang tumuju dhatêng barang sarta

--- 2 : 37 ---

kawontênan ingkang maujud, utawi mawa rupi) punika pikiran ingkang dumadosipun saking sêtop ing alam dhewacan perangan ngandhap (alam mental).

Nalika ego mandhapipun dumugi ing alam astral, ing ngriku ego angirup jasating alam astral lajêng dados badanipun astral, badan wau pirantos kangge anêdahakên arda sarta kamurkan tuwin raosing manahipun, sarta badan wau asêsambêtan kalihan badan pikiran perangan ngandhap, amila badan astral punika ugi pirantos utawi têtumpukaning pikir ingkang adhêdhasar mikangsalakên badanipun piyambak (napsi) sasampuning ego angrasuk badan-badan ingkang kajarwa ing nginggil, sawêg sagêd agêgathukan kalihan badan jasmanining bayi, wasana lair ing ngalam donya punika, salajêngipun ego gêsang wontên ing donya mawi badan wadhag, sadangunipun gêsang ngangge badan wadhag inggih punika ingkang limrahipun gêsang wontên ing alam donya, ego tansah mindhak sasêrêpanipun, awit saking pamanggih ingkang pinanggih wontên ing donya, manawi badanipun jasmani sampun risak lajêng wangsul minggah malih, sarta lajêng anyèlèhakên sagunging badanipun ingkang kaangge salêbêting sawatawis môngsa, dene ingkang sinèlèhakên rumiyin badan wadhag, ing ngriku ego lajêng gêsang wontên ing alam astral ngangge badan astral, mênggah dangu saha cêlakipun anggèning gêsang wontên ing alam astral amung gumantung wontên kandêl-tipising hawa napsu sarta raosing manahipun nalika gêsang wontên [wontê...]

--- 2 : 38 ---

[...n] ing donya, manawi nalikanipun gêsang wontên ing alam donya anggung angrukti kamurkan, saèstu dangu sangêt gêsangipun wontên ing alam astral, amargi badanipun astral kiyat sangêt, ananging manawi amung sawêtawis kakiyataning badan astral, inggih botên dangu lajêng tumuntên kasèlèhakên, sasampuning anyèlèhakên badan astral, ego lajêng gêsang wontên ing alam dhewacan perangan ngandhap (alam mental) (kaswargan) dangu cêlakipun wontênipun ing alam ngriku ugi miturut kawontênaning pikiranipun nalika gêsang wontên ing donya, padatan pamanggènipun ing alam ngriku dangu, manawi sampun dumugi titimasanipun, manungsa sajati lajêng anilarakên badan wau sarta tumamèng ing alamipun pribadi, dhewacan perangan nginggil.

Kabêkta saking dèrèng diwasa pangraosipun wontên ing alam dhewacan nginggil, mila ego inggih amuamung. sakêdhik sagêdipun angraosakên kawontênaning alam ngriku, gêgêtêripun jasating alam wau sakêlangkusakêlangkung. rikat tumrap kangge andamêl tangining pangraosipun, saminipun ultarviolette gêtêripun karikatên tumrap mripat limrah, mila kita botên sagêd andulu wujudipun.

Manawi manungsa sajati sampun sawatawis dangunipun anggèning lêrêm wontên ing alam dhewacan nginggil, lajêng tuwuh pêpinginanipun sumêdya mandhap dhatêng alam ingkang gêtêripun sagêd laras, murih sagêd angraosakên samukawis ingkang dumunung ing alam ngriku, awit wontên ing dhewacan perangan nginggil botên sagêd gêsang pangraosipun, [pangraosipu...]

--- 2 : 39 ---

[...n,] amila manungsa sajati lajêng mandhap malih wontên ing jasat ingkang andhap sarta angrasuk badan pikiran, lajêng ngrasuk badan astral, salajêngipun ngrasuk badan wadhag, ananging badan-badan ingkang rinasuk wau badan-badan enggal sadaya, dene badan-badanipun ingkang lami sampun sirna, amila tumrapipun tiyang limrah botên sagêt kèngêtan dhatêng kawontênaning gêsangipun ingkang sampun kapêngkêr.

Manawi manungsa sajati gêsang ing alam wadhag èngêtipun (elingipun) dumunung sarta makarti ing dalêm alam mental (pikiran ngandhap) amargi badan ingkang kaangge sapunika badan enggal, sarta kanggenipun amung sapisan punika, mila inggih botên èngêt dhatêng lêlampahaning gêsang ingkang sampun kapêngkêr, ananging bilih èngêtipun sagêd dumunung ing alamipun pribadi (alam pikiran perangan ngingggil) têmtu lajêng èngêt sadaya, môngsakala dayanipun sagêd dumugi ing têtumpakanipun ingkang asor, asor liripun sanadyan botên cêtha kalamôngsa badanipun asor asring amakarti ingkang tumujunipun sambêt kalihan lêlampahaning gêsang ingkang kapêngkêr.

Manawi manungsa sajati gêsang ing dalêm badan jasmani, limrahipun botên èngêt dhatêng pamanggih (ondervinding) utawi kawruh ingkang pinanggih ing dalêm gêsangipun ingkang kapêngkêr, ananging kacihna wontên ing wêwatakan, sarta kawontênanipun ingkang anêdahakên bilih rumiyin sampun nate angudi satunggaling kawruh utawi antuk pamanggih, mila kawontênanipun ing dalêm gêsang kita sapunika botên siwah samêndhang, [samê...]

--- 2 : 40 ---

[...ndhang,] amung kantun andumugèkakên lêlabêtan kita rumiyin, manawi nalika gêsang kita ingkang sampun kapêngkêr tansah anggilut dhatêng sagunging pakarti utami, sampun tamtu ing dalêm gêsang kita sapunika kasinungan watak sarta kawontênan ingkang prayogi, kosok wangsulipun manawi ing dalêm gêsang kita rumiyin anglirwakakên dhatêng sagunging pakarti ingkang tumuju dhatêng kautamèn, gêsang kita sapunika têmtu kêsèd, bodho lumuh dhatêng pandamêl sae, dados awon saening wêwatêkan ingkang binêkta lair punika têtêp saking pandamêlipun piyambak.

Anggèning manungsa sajati angangge badan-badan ingkang sampun kajarwa ing nginggil punika pêrlunipun ngupaya kasagêdan, supados sagêd anampi sarta amangsuli sakathahing gêgêtêr têmahan anjalari mêgroking kagunanipun ingkang sumimpên ing dalêm pribadinipun, sanadyan manungsa punika aslinipun saking alam luhur mandhap dhatêng alam ingkang asor, ewadene pangraosipun botên sagêd diwasa wontên ing alam luhur, manawi botên sarana mandhap wontên ing alam asor, dados mandhapipun dhatêng alam asor, punika minôngka pamulangan ingkang anjalari diwasaning pangraosipun wontên ing alam luhur, manawi tiyang sampun sagêd anampèni sarta amangsuli gêtêring satunggal-tunglingsatunggal-tunggaling. alam, punika sawêk kinging winastan diwasa pangraosipun ing dalêm alam wau, tumrapipun manungsa limrah pangraosipun têtela dèrèng sagêd diwasa

--- 2 : 41 ---

ing dalêm satunggal-tunggaling alam, nadyan wontên ing alam donya ingkang rumaosipun sampun sagêd anyêkapi nanging sayêktosipun mêksa dèrèng diwasa, sarèhning sampun dados pacangan kita mila enggal laminipun kita mêsthi sagêd anyampurnakakên pangraos kita tumrap satunggal-tunggaling alam, mila manawi sampun kalampahan ing ngriku kita badhe sagêd anyatakakên kawontênanipun satunggal-tunggaling alam ingkang sampun kajarwa ing ngajêng.

Badan jalaran punika tumpakanipun manungsa sajati ingkang langgêng wontên ing alam dhewacan ingkang perangan nginggil, dumados saking sêtoping alam dhewacan perangan satunggal kalih tuwin tiga, tumrapipun manungsa limrah badan wau dèrèng sagêd makarti sayêktos, amargi ingkang sagêd makarti amung jasating perangan tiga, manawi manungsa sajati sampun diwasa sarta sadaya kakiyatanipun sampun amêkrok, ing ngriku jasating perangan kêkalih sarta kapisan sagêd makarti, ananging punika amung tumrap para adhèp, para waspada ing gaib, inggih punika ingkang sampun sagêd amedahakên pangraosing manungsa sajati, sagêd aniti pariksa kawontênan ingkang kajarwa ing nginggil, tumrap anêrangakên kawontênaning badan jalaran, ingkang salêsih punika botên gampil, awit pôncadriya tumrap ing alam ngriku beda kalihan pôncadriya ing alam kita, punapadene langkung luhur darajating kaalusanipun.

Miturut katranganipun para waskitha ing gaib, ingkang sampun anyatakakên, [a...]

--- 2 : 42 ---

[...nyatakakên,] mênggah wujudipun badan jalaran wau kados tigan, anglimputi badan jasmani kintên-kintên wolulas dim, tumrapipun tiyang limrah wujudipun badan wau kados palêmbungan ingkang kothong, môngka sajatosipun badan wau isi jasating alam dhewacan ingkang perangan nginggil, ananging katingal bêning, sarta tanpa warni (kleurlos) awit jasad wau dèrèng sagêd makarti, manawi kita (manungsa) saya diwasa (majêng) jasat wau lajêng sagêd makarti, amargi ginêpok daging gêtêring badan-badan ingkang langkung andhap, saèstunipun botên tumuntên sagêd kalampahan makatên, jalaran pakartining manungsa ingkang taksih andhap darajating kasucianipun punika botên sagêd sumêngka amakarti ing dalêm jasating alam dhewacan luhur, ananging manawi sampun sagêd anggayuh tataraning kasucian ingkang luhur, inggih punika manawi sampun kadunungan pikir luhur, ab stract (pikir ingkang tumuju dhatêng ingkang tanpa supirupi. )§ cipta utami utawi cipta rahayu, sih tuwin bakti. sarta kadunungan pangraos ingkang botên amung makolèhakên badanipun piyambak, (onzelfzuchtig), punika kawawa anggêtêrakên jasating badan jalaran, manawi gêtêr ingkang kajarwa ing nginggil sampun sagêd diwasa ing dalêm badan jalaran, badan wau lajêng amujudakên warni, têmahan badan jalaran wau kaèbêkan ing warni ingkang tanpa upami endahipun, mirit pangandikanipun para linangkung ingkang sampun anitipariksa satunggal-tunggaling warni wau sami gadhah têgês piyambak, gêtêr [gê...]

--- 2 : 43 ---

[...têr] ingkang tuwuhipun saking sih ingkang sêpên saking pamrih, warninipun abrit ênèm (kadi sêkar mawar) ingkang tuwuhipun saking nalar luhuring budi (van een hoogverstandelijk varmogen) warninipun jêne, saking supêkêt kawoworan asih (Sijmpathie) awarni ijêm, watak bakti amahanani warni biru, dene gêtêr ingkang tumuwuhipun saking panggayuh dhatêng makriphat (hoogere geestelijkheid) punika angwontênakên warni wungu amaya-maya, mênggah warni ingkang agadhah têgês wau (kleurentaal) ugi sagêd katingal wontên ing dalêm badan-badan ingkang dumados saking jasat ingkang langkung wadhag, ananging saya mandhap anyêlaki badan jasmani warni-warni ingkang amawa têgês wau saya wadhag sarta surêm.

Salêbêtipun manungsa angudi kadiwasan dumumung ing dalêm alam-alam ingkang andhap, sarta ngrasuk badan-badan ingkang andhap, limrahipun asring kadunungan watak ingkang andamêl pitunaning manungsa sajati, kados ta, watak angkuh, brangasan sarta karêm, watak wau anuwuhakên gêtêr ingkang amung sagêd anggêtêr ing dalêm alam-alam ingkang andhap kemawon, ananging botên sagêd sambêt kalihan gêtêring badan ingkang dumados saking jasating tigang perangan ing alam dhewacan nginggil (badan jalaran) sarèhning gêtêring satunggal-tunggaling perangan saking badan astral punika amung sagêd sambêt utawi anggêtêrakên peranganing badan pikiran ngandhap, ingkang dados têtimbanganipun, kados ta perangan sap pitu saking astral, sambêtipun kalihan [kali...]

--- 2 : 44 ---

[...han] perangan pitu saking mental (pikiran ngandhap) amila badan jalaran amung sagêd anggêtêr manawi gêpok dening gêtêring badan astral ingkang perangan nginggil, môngka tuwuhipun gêtêring badan astral ingkang perangan nginggil punika saking pandamêling watak sae (mutmainah) dados sanès angkuh, brangasan tuwin karêm, dados sampun têtela bilih amung kadadosaning pandamêl ingkang saking watak sae ingkang sagêd anyêmbuh diwasaning pangraosipun manungsa sajati, dene pandamêl ingkang tuwuh saking watak angkara punika botên amigunani punapa-punapa tumrap manungsa sajati, ing dalêm wawêngkoning manungsa sajati (badan jalaran) botên wontên jasat ingkang gêtêripun sambêt kalihan gêtêr ingkang tuwuhipun saking watak angkara.

Badan-badan jalaranipun tiyang ingkang asor darajatipun, punika suwêng sarta tanpa warni, dene badan jalaranipun tiyang ingkang sampun sukci katingal gumilang-gilang kaèbêkan ing warni (kleur) ingkang mawa cahya, manawi manungsa saya luhur kasukciyanipun, sarta diwasa panguwaos utawi kakiyatanipun ingkang linuhung (wordt een groote geestelelelijke kracht) badanipun jalaran saya wêwah agêngingun, awit tansah wêwah-wêwah ingkang ginêlarakên (Openbaren) ing ngriku dumugi masanipun kawasa amrabani sagunging dumadi sarana cahyanipun, langkung malih manawi manungsa sampun sagêd anggayuh darajating adhèp badanipun jalaran sakalangkung agêng.

--- 2 : 45 ---

Badan mental (badan pikiran) punika dumados saking jasating alam metalmental. perangan ngandhap, inggih badan punika panggenaning pikiran concreet badan punika ugi kaèbêkan ing warni (kleur) sami kados badan jalaran. Ananging kaotipun sakathahing warni ingkang pinanggih ing badan wau kirang alus, sunaripun radi kucêm, sarta langkung kathah, kados ta: warni jingga saking manah anggêp, abrit gilap saking brangasan, abrit sêmu klawu saking manah cêthil, abrit sêmu klawu murka, ijêm sêmu klawu punika saking cidra, ing dalêm badan ngriku ugi wontên warni ingkang camboran kados ta: sih budi (verstand) saha bakti kacampuran watak murka, têmahan warni ingkang bêning dados buthêg, jalaran kaworan warni abrit sêmu klawu (murka) sanadyan satunggal-tunggaling peranganing badan punika sami makarti: pinakarti rêsêp-rinêsêpan sakalangkung rikat lampahipun kados campur dados satunggal, ananging mênggah sayêktosipun botên makatên, awit mawa pranatan ingkang têmtu sarta prayogi.

Mênggah agêng saha wanguning badan pikiran punika sami kalihan agêng sarta wanguning badan ilapi, badan pikiran punika pinerang dening garis uwi êlêr dados pintên-pintên segmenten ingkang botên ajêg wangunipun, satunggal-tunggaling sègmèn gandhèng kalihan perangan saking utêg jasmani, amila satunggal-tunggaling pikiring manungsa markatimakarti. urut sègmèn ingkang sampun tinamtu, tumrap badan pikiraning tiyang limrah dèrèng sapintêna diwasanipun, mila sèkmèn-sèkmènipun [sèkmèn-sèkmènipu...]

--- 2 : 46 ---

[...n] dèrèng amakarti (dèrèng tumindak) mila manawi piyambakipun amikir satunggaling pikiran ingkang mrojol saking peranganing sèkmèn-sèkmènipun ingkang sampun makarti kapêksa kêdah mubêng lampahipun urut salah satunggaling sêluran (kanal) ingkang pinuju mênga, ananging lampah ingkang makatên wau botên prayogi awit botên urut margi ingkang sampun tinamtu, mila kathah tiyang ingkang judhêg utawi botên sagêd pajar bilih amikir satunggaling kawruh wujudipun ing donya punika beda-beda kawontênanipun, pun Suta sagêd ing dalêm kawruh etang ananging pun Naya gunggung kemawon botên mangrêtos, pun Dhadhap sagêd angraosakên suwantêning gêndhing ngantos andamêl trênyuhing manah, ananging pun Wuru ngantos botên sagêd ambedakakên kalèntuning kêthuk kênong.

Jasating badan pikiran punika sagêd ebah dhatêng ing pundi-pundi tanpa sangsaya, botên wontên ingkang makèwêdi, ewadene kathah kemawon tiyang ingkang sami gadhah pikiran kandhêg utawi kèndêl wontên satunggaling bab, ingkang makatên wau lampahing pikir ingkang lêrêsipun tanpa sangsaya lajêng dipun alang-alangi pinêksa kèndêl wontên satunggaling bab, wêkasan lajêng kênthêl atos dados kutiling badan pikiran (wrat) kutil wau wujudipun panggagas ingkang sêmang-sêmang dados salaminipun kutil (pikir sêmang-sêmang) dèrèng kasirnakakên, lampahing pikir botên sagêd angendhangi ing dalêm wawêngkonipun, mila tiyang ingkang kataman kados makatên wau botên sagêd mikir

--- 2 : 47 ---

saprêlunipun tumrap satunggaling bab, sarta botên sagêd mangêrtos jalaran kutil wau angalang-alangi dhatêng lampahing gêtêr ingkang saking jawi sarta saking lêbêt, manawi tiyang angebahakên saperangan saking badanipun pikiran (mikir) gêtêr ing perangan ngriku saya rikat lampahipun, sarta peranganing badan pikiran wau nalika pinedahakên (kalanipun mikir) dados tambah agêng, mila manawi tiyang ajêg pamikiripun satunggaling bab, badanipun pikiran dados ajêg agêngipun, dados gampil sangêt manawi kita badhe andamêl agênging badan pikiran, ugêr ajêg amikir dhatêng satunggaling bab, sampun badanipun pikiran dados agêng, sadaya wau dumunung wontên ing pamilih saha sakaparêngipun, amargi sagêd dados agêng, awit saking pandamêl utami utawi saking pandamêl asor.

Cipta utami sagêd mahanani gêtêr ing dalêm jasating badan pikiran, ingkang perangan luhur, sarèhning ènthèng mila jasat wau lajêng minggah tumuju dhatêng badan ingkang wangunipun kados tigan ingkang perangan nginggil, ananging manawi cipta asor murka, cêthil sapanunggilanipun, anjalari gêtêr ing dalêm jasad ingkang wadhag sarta ilinipun dhatêng perangan ngandhap, mila badan pikiranipun tiyang ingkang watakipun murka (mikangsalakên awakipun piyambak) punika agêng ngandhap, wujudipun kados tigan ingkang kaadêgakên, nanging peranganipun ingkang alit wontên nginggil, dene tiyang ingkang sampun sagêd angasorakên [a...]

--- 2 : 48 ---

[...ngasorakên] manahipun ingkang asor sarta mindêng dhatêng kautamèn, punika wujuding badanipun pikiran agêng nginggil kados tigan ingkang kajungkêlakên.

Awit saking anitipariksa dhatêng kawontênaning warni (kleur) sarta wujuding badan pikiran, mila para ingkang sampun priksa ing gaib sagêd anguningani watak saha pikajênganing tiyang, punapadene sagêd amastani sapintên tataraning kasucianipun tiyang wau, sarta para waskitha ing gaib sagêd anguningani sapintên sêpuhing jiwanipun satunggal-tunggaling tiyang amung awêwaton aniti pariksa sagunging titikan ingkang dumunung ing badan jalaran.

Manawi tiyang amanah (mikir) satunggaling kawujudan (Concreet voorwerp) upami satunggaling griya, sampun tamtu ing dalêm jasating badanipun pikiran lajêng awujud gambaring griya ingkang ginagas, gambaring griya lajêng anglayang dhatêng peranganing badan wau kapara nginggil dumunung ing sangajênging mripat, sadangunipun taksih ginagas gambar pêthaning griya botên kesah-kesah wontên ing ngriku, sanadyan sampun botên ginagas limrahipun ugi dèrèng sirna, mênggah enggal sarta dangunipun sirnaning gambar punika amung gumantung wontên ing kêkiyatan sarta tajêming cipta, sajatosipun gambar wau wontên sayêktos, awit sagêd kawuningan dening para sarjana ingkang paningaling badanipun pikiran sampun diwasa, manawi kita anggagas satunggaling tiyang lajêng gumana gambaring tiyang wau, manawi panggagas kita dhatêng tiyang wau amung lugu anggagas, [angga...]

--- 2 : 49 ---

[...gas,] botên sinartan raos trêsna utawi gêthing botên katuwuhan pêpinginan, liripun botên gadhah kêpengin sumêja aningali tiyang wau, gagasan ingkang makatên wau botên andayani punapa-punapa dhatêng tiyang ingkang ginagas, ananging manawi panggagas dhatêng satunggaling tiyang sinartan trênyuhing manah upaminipun sih, punika kajawi anjalari wujuding gambaring tiyang ingkang ginagas, watak sih wau lajêng gumana dados satunggaling sipat utawi wujud ingkang dumados saking jasating badan pikiranipun ingkang anggagas, sarèhning panggagas wau mawa raosing manah (aandoening) mila lajêng kawawa anarik jasating badan astralipun, lajêng dados wujud gumana badan astral pikiran, ing mangke wujud wau lajêng mêsat mêdal saking padununganipun (saking tiyang ingkang anggagas) anglayang tumuju dhatêng ingkang dipun sihi, manawi daya kakiyataning ciptanipun rosa, sanadyan sapintên têbihipun sampun tamtu dumugi. Nanging sarèhning ciptaning tiyang limrah punika kirang rosa sarta ngambyang-ambyang, mila ingkang limrah inggih cupêt lajêng sirna wontên ing margi.

Manawi gananing cipta wau sagêd dumugi tanpa sangsaya, ing ngriku lajêng manjing dhatêng badan pikiranipun tiyang ingkang tinuju, sarta amindhah gêtêripun dhatêng badan-badan wau, têgêsipun manawi raosing manah sih tinujokakên dhatêng satunggiling tiyang, ing ngriku kakiyataning raos sarta jasating tiyang ingkang angintunakên cipta wau pindhah dhatêng tiyang ingkang tinuju, lajêng dados wijining sihipun tiyang ingkang tampi

--- 2 : 50 ---

sarta gadhah daya, saya dangu saya wimbuh agêng sihipun dhatêng tiyang ingkang ngintuni sih, daya ingkang sagêd anjalari wimbuhing sih wau botên amung andayani dhatêng ingkang nampi sih kemawon, ananging ugi andayani sakalih-kalihipun wêkasan sami sih-sinisihan.sih-sinihan.

Satunggal-tunggaling pamikir (cipta) punika gadhah daya kakiyatan amangun satunggaling kawujudan, manawi pamikir wau tumuju dhatêng satunggaling tiyang, gananing cipta wau anglayang tumuju dhatêng tiyang ingkang tinuju, ananging manawi pikir wau tumrap kaperluaning badanipun piyambak, badhe botên kesah amung anglayang wontên ing sakiwa-têngênipun ingkang gadhah pikir, dene pikir sanès-sanèsipun ingkang botên kados ingkang sampun kasêbut nginggil, lajêng angambara sawatawis dangunipun wêkasan lajêng sirna ing ngawang-awang.

Sadaya tiyang punika ing sapurug-purug têmtu anilar gananing cipta ingkang anglayang ing awang-awang, amila manawi kita kêkesahan dhatêng ing pundi kemawon, bêbasan angambah sagantên pikiring liyan, manawi pikir kita pinuju botên makarti sakêdhap netra kemawon, ing ngriku lajêng kalêbêtan pikiring liyan ingkang anglayang ing sakiwa-têngên kita, limrahipun pikiring liyan wau sakêdhik dayanipun, ananging ing antawising pikiring liyan wau ugi wontên ingkang agêng dayanipun, tumrap pikir kita sagêd anênangi pikiran ingkang makatên wau kita alap lajêng dados satunggal kalihan pikir kita, têmahan amimbuhi santosa lajêng kita kintunakên ing liyan (kangge

--- 2 : 51 ---

andayani tiyang sanès) sarèhning pikir ingkang makatên wau sajatosipun sanès pikir kita piyambak, ananging pikir ingkang ngambara wontên ing kiwa-têngên kita, mila kita botên kajibah anyanggi uwoh utawi kadadosaning pakartinipun, amung kemawon wontênipun pikir ingkang ngambara sagêd dados satunggal kalihan pikir kita punika jalaran tunggil laras, dados kita kapêksa kêdah kajibah anyanggi uwohing pakartinipun, amargi sadèrèngipun kita sampun adhêdhasar pikir ingkang watakipun sami kalihan pikir ingkang anglêbêti.

Sadaya pikiran ingkang rujuk utawi laras kalihan badanipun piyambak, punika botên kesah-kesah tansah amung akalangan wontên ing kiwa-têngêning piyambakipun, sarèhning tiyang limrah pikiranipun makatên, dados kenging katêmbungakên mèh sadaya tiyang kinêmulan ing pikir kados ingkang kajarwa ing nginggil, pikir ingkang makatên punika anutupi utawi amêtêngi netraning budi (ilhami) wêkasan anuwuhakên gagasan ingkang botên prayogi.

Sadaya gananing cipta punika kados batêrèi ingkang isi daya kakiyataning èlèktrisitèit, pambalêdhosipun amung angêntosi sabab utawi tatêdhan ingkang dayanipun sagêd angêdalakên kakiyatan wau, gananing cipta punika tansah angudi murih gêtêripun sagêt pindhah dhatêng badan pikiran ingkang kinajêngakên, sarta sumêdya angebahakên badan wau supados anggêtêr kados gêtêripun, [gêtêr...]

--- 2 : 52 ---

[...ipun,] mila manawi tiyang ingkang tinuju wau pinuju amikir satunggaling pikiran, sampun tamtu botên sagêd kalêbêtan daya saking jawi, amargi badanipun pikiran sawêg anggêtêr tumrap satunggaling kawontênan, amila gananing cipta lajêng kalangan ngêntosi wontên ing sasêlanipun ngantos badan pikiran wau kèndêl panggêtêripun (ngantos rampung anggèning mikir satunggaling pikiran) manawi sampun sêla gêtêring gananing cipta lajêng anglêbêti wêkasan sagêd kasêmbadan sêdyanipun, inggih punika badan pikiran sagêd anggêtêr kados gêtêripun.

Makatên ugi mênggah kawontênanipun pamikir ingkang tumuju dhatêng badanipun piyambak, tamtu badhe angengingi badanipun piyambak, sadèrèngipun dumugi môngsakala ingkang prayogi pikir wau tansah ubêngan ing sacêlakipun ingkang gadhah pikir, ananging manawi sampun jangkêp jantunipun, botên sarônta lajêng ambalêdhos, manawi wêdaling pikir wau awon, piyambakipun gadhah panyana bilih kenging pangrêncananing setan, sayêktosipun botên wontên setan ingkang angrêridhu, ananging pikiripun piyambak ingkang dados setan.

Kados ingkang sampun kajarwa ing ngingil, sabên tiyang amikir samukawis sampun tamtu ingkang pinikir wau gumana, ananging manawi ing kiwa têngênipun sampun wontên gananing cipta ingkang laras kalihan pamikir enggal wau, botên sagêd gumana ananging lajêng dados satunggal kalihan [kali...]

--- 2 : 53 ---

[...han] gananing cipta ingkang wontên ing jawi, dados anyêmbuh kakiyatanipun, manawi tiyang mikir satunggaling prakawis ingkang ngantos sêru, punika sagêd amujudakên gananing cipta ingkang sakalangkung rosa dayanipun, manawi pikir wau awon, têmtu awon sangêt dayanipun, ngantos atêtaunan lamining kakiyatanipun, sarta rupinipun botên siwah kados wujud ingkang gêsang.

Ingkang kacariyosakên ing nginggil wau sadaya pikiring manungsa ingkang tuwuhipun botên katêmaha. Dene satunggaling margi ingkang kêdah tinurud dening para ingkang amangun rahayuning manungsa, punika kêdah amangun gananing cipta ingkang raosipun sumêja amitulungi, sarta kakintun dhatêng satunggiling tiyang. Satunggiling pikiran ingkang mawa nalar rosa sarta têtêp, manawi tinujokakên ing liyan tumrap piyambakipun dados pitulungan agêng, amargi gananing cipta ingkang rosa punika sagêd dados dewa pangayoman (malak mukalak) sarta sagêd andayani sumingkir saking manah rêgêd brangasan tuwin ajrihan.

Kajawi punika, prêlu kita kêdah sinau anyumêrêpi sarupining warni tuwin wêwangunan ingkang dumados saking gananing cipta, awit satunggal-tunggaling warni wau sagêd anêdahakên dhatêng satunggal-tunggaling watak ingkang kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil, amargi warni wau katingal wontên ing badan, wêwangunan punika tanpa wicalan kathahipun, ananging ingkang kathah minôngka dados panitikan dhasaring cipta.

--- 2 : 54 ---

Satunggal-tunggaling pikir ingkang watakipun maligi satunggal kados ta: pikir sih utawi gêthing, bêkti utawi sumêlang, napsu utawi ajrih, anggêp utawi drêngki punika botên angêmungakên anuwuhakên wêwangunan kemawon, ananging sagêd angintunakên gêtêr.

Sampun têtela bilih warni punika anêdahakên dhatêng kawontênaning pikir, sarta amracihnani bilih pikir punika anggêtêri ing dalêm saperangan saking badan pikiran, gêtêr wau anêmpuh jasating alam pikiran ing sakiwa-têngênipun, botên beda kados alunipun suwantêning gêntha anêmpuh hawa ing sakiwa-tênganipun.

Gêtêr ingkaingkang. kajarwa ing nginggil punika sumêbar dhatêng ing pundi-pundi, manawi gathuk kalihan badan pikiran ingkang sagêd anampèni ingkang nunggil laras, lajêng pindhah dhatêng ing badan ingkang sawêg pinanggih. Gêtêr ingkang makatên punika botên kados watakipun raganing cipta sagêd amindhah pikir ingkang tinamtu, dene watakipun gêtêr wau namung anênangi cipta ingkang nunggil bôngsa (nunggil laras) upaminipun makatên, gêtêr ingkang tuwuhipun saking cipta bakti, badhe anggigah watak tak bakti ananging kawontênaning bakti tumrap satunggal-tunggaling tiyang ingkang badan pikiranipun kagêpok ing gêtêr wau botên sami,§ upaminipun gêtêring cipta bakti ing Gusti, sagêd anênangi dhatêng pikiranipun tiyang sanès bakti dhatêng lurah, utawi bakti dhatêng tiyang sêpuh sapanunggilanipun bangsaning bakti. punapa malih gananing cipta sagêd andayani dhatêng tiyang ingkang tinuju, sarta botên angêmungakên sagêd amindhah raos bakti dhatêng tiyang [ti...]

--- 2 : 55 ---

[...yang] wau kemawon, ananging ugi kawujudan ingkang dados jalaraning raos bakti.

Tiyang ingkang kaèbêkan cipta sukci sarta santosa, têtela amakartèkakên badanipun pikiran ingkang perangan inggil, ananging limrahipun tiyang botên nêdya amakartèkakên badan wau, mila badanipun pikiran perangan nginggil botên sagêd diwasa, dene tiyang ingkang ciptanipun sukci sarta santosa, punika agêng sangêt pigunanipun tumrap ing donya, amargi sagêd anênangi ciptanipun têtiyang sakiwa-têngênipun, awit gêtêripun anjalari badanipun pikiran perangan nginggil amakarti. Sarèhning sadangunipun ingkang amakarti amung badanipun pikiran perangan ngandhap, manawi sapunika badanipun pikiran perangan nginggil amakarti, saèstunipun badhe sagêd ambuka sawangan inggal, mênggah cipta ingkang anjalari rahayunipun tiyang ingkang kinintunakên dening sujanma ingkang kaèbêkan ciptanipun rahayu wau botên kêdah tunggil warni, sanadyan sanès warni, ugêr tunggil laras saèstu sami kemawon dayanipun.

Satunggaling tiyang ingkang amindêng utawi bakti dhatêng teyosopi, punika botên mêsthi dayanipun anjalari tiyang sanès sêngsêm dhatêng teyosopi, ananging sagêd anggigah manahipun tiyang wau kasinungan cipta kamardikan tuwin cipta ingkang langkung luhur tinimbang padatan, gananing cipta ingkang dumados kados kasêbut ing nginggil kirang wiyar têbanipun, botên kados ingkang kinintunakên, amung sagêd andayani dhatêng

--- 2 : 56 ---

tiyang ingkang manahipun sampun kadhêdhêran wiji kasucian, awit saking kawimbuhan daya wêkasan tiyang wau binuka manahipun kasinungan cipta kasucian.

Tumraping badan astral ugi gadhah warni rupi-rupi, têgêsipun satunggal-tunggaling warni punika sami kemawon kalihan warnining badan pikiran, amung kaot tataranipun langkung andhap, sarta warninipun mèh sami kalihan satunggal-tunggaling warni ingkang gumêlar ing dunya, badan astral wau tumpakaning hawa napsu saha raosing manah, amila sagêd amujudakên warni langkung kathah tinimbang warni ingkang winujudakên dening badan pikiran, kados ta: warni ingkang dumadosipun saking raosing manah ingkang kirang prayogi, punika salamènipun botên sagêd maujud ing dalêm alam sanginggilipun, kados ta: warni kadi abriting jambe ananging sêmu kucêm, punika saking karêm utawi sêngsêm, warni cêmêng kadi mêndhung, punika kadadosanipun saking manah awon sarta kagêthingan, warni kadi timah cêmêng, tuwuhipun saking ajrihan, warni klawu sêpuh angubêngi wêwangunan kados tigan, minôngka pratandhaning saksêrik (mêsgul) dene ingkang minôngka dados pratandhaning brangasan punika warni abrit sêmu kucêm, pating dalêmok dumunung ing badan pêpinginan, sabên muring sapisan amujudakên dalêmok satunggal, manah kêmèrèn mahanani ijêm sêmu abrit apating dalêmok kados kasêbut nginggil, mênggah wangun sarta agênging badan astral punika sami kalihan [ka...]

--- 2 : 57 ---

[...lihan] badan pikiran saha badan jalaran, badan astralipun tiyang limrah sampun cêtha kubêngipun, utawi wujudipun, ananging badan astraling tiyang wanan wangunipun dèrèng cêtha mèmpêr kados mega ingkang lumampah, sarta kaèbêkan sakathahing warni awon.

Manawi badan astral radi têntrêm (nanging sajatosipun badan wau botên sagêsagêd. têntrêm yêktos) ing dalêm badan wau katingal warni rupi-rupi ingkang minôngka dados têngêr osiking manah, manawi kita kapinujon katuwuhan raos amanah dhatêng satunggaling nalar, badan astral ing wêkdal punika winisesa dening lampahing gêtêring raosing manah wau, têgêsipun ing wêkdal punika badan astral wau kaêrèh saha kapurba dening manah wau, manawi kita pinuju tapakur kaèbêkan raos bakti, badanipun astral warninipun biru, manawi raos makatên punika ajêg, sakathahing warni limrah amung sagêd angewahi warni biru sawatawis, tuwin katingal kados katutup dening ampak-ampak biru, kados dayaning warni wau botên sagêd ngêsuk, amung kimawon, manawi raos bakti punika radi suda kakiyatanipun, ing ngriku warni limrah lajêng cêtha warninipun, ananging kabêkta saking raos bakti ingkang warninipun biru wau saperangan saking badan astral lajêng tambah agêng birunipun, amila tumrap badan astralipun tiyang ingkang angêgungakên bakti saya wêwah agêng birunipun.

Manawi tiyang katuwuhan manah bakti, limrahipun ugi katuwuhan cipta bakti, sanadyan cipta punika aslinipun saking badan pikiran [pikira...]

--- 2 : 58 ---

[...n] ewadene kabêkta saking raosipun sami, mila ugi angirup jasating badan astral, dados sakalih-kalihipun (manah bakti kalihan cipta bakti) sami amakarti ing ngalam kêkalih, amila tiyang ingkang bakti wau amangun pusêring kabaktèn, piyambakipun sagêd amindhah pikiran sarta raosing manah dhatêng tiyang sanès, botên beda mênggah kawontênanipun manah sih muring sarta sêrik, kenging kapindhah dhatêng tiyang sanès.

Tumrap ombakipun raosing manah sayêktosipun botên sapintêna dayanipun tumrap badan pikiran, sanadyan piyambakipun ing wêkdal punika sagêd angêndhih panguwaosing badan pikiran tumrap ing utêk jasmani, ingkang makatên wau sababipun botên jalaran saking badan pikiran kenging daya, nanging ing wêkdal punika badan astral ingkang sawêk dados krêtêg ing antawising badan pikiran kalihan utêk jasmani, winisesa dening gêtêripun pangraosing manah (ombakipun raosing manah) mila botên kenging linangkungan gêtêring badan pikiran ingkang badhe dhatêng utêk, kajawi gêtêr ingkang tunggil jinis kalihan gêtêr ingkang sawêg amurba badan astral.

Sakathahing warni-warnining badan astral ingkang têtêp sagêd angebahakên badan pikiran (anjalari ebahing badan pikiran) inggih punika kawawa angwontênakên warni ing dalêm badan pikiran ingkang sami kados warnining badan astral, kaotipun amung tundha-tundhaning tataran langkung inggil botên beda kados larasing gôngsa, badan pikiran [pi...]

--- 2 : 59 ---

[...kiran] ugi gadhah daya sagêd angebahakên badan jalaran, amila sadaya watak sae ingkang lair ing dalêm badan ingkang asor, dangu-dangu lajêng dados bandhanipun manungsa sajati ingkang têtêp, kosok wangsulipun tuwuhing watak awon botên sagêd anjalari kasugihaning manungsa sajati, amargi gêtêring watak awon botên sagêd amakarti ing dalêm jasat ingkang dados badan jalaran.

Ingkang kajarwa ing ngajêng punika sakathahing badan-badaning manungsa sajati ingkang minôngka dados pirantos kangge anyatakakên sariranipun ing dalêm satunggal-tunggaling alam, badan-badan wau yasanipun manungsa sajati piyambak, ananging wontên ing dunya manungsa gadhah badan malih ingkang pinangkanipun saking kodrat utawi kawasan (saking natuur) bab punika ing wingking badhe katêrangakên, sanadyan badan jasmani punika kenging kaanggêp warana ingkang minôngka kangge anyatakakên sariranipun, ananging sajatosipun sanès warananipun sajati, ing dalêm gêsang padintênan (ing ngalam dunya), tapêl adêging badan jasmani amung saperangan alit ingkang katingal, inggih punika amung jasat atos kalihan jasat cuwèr, ing môngka cacahipun adêging badan jasmani sadaya wontên pitu, sarta sadaya wau sami gadhah kuwajiban ingkang tumindak ing dalêm gêsangipun sarta agêng paedahipun.

Dene peranganing badan jasmani ingkang botên kasatmata ing netra punika ètêris sêdhêbêl (badan robani) mila kawastanan dhêkêl [dhêkê...]

--- 2 : 60 ---

[...l] (kêmbar) amargi rupinipun nyamlêng badan jasmani, sarta dumados saking ètêr, inggih punika jasad ingkang langkung alus, ingkang gêtêripun sagêd amindhah pêpajar dhatêng kêndhanganing mripat kita (netvlies )§ kulit ingkang nglêbêtipun wontên rajuting otot bayuning paningal dumunung ing dalêm mripat. ètêris sêdhêbêl inggih badan jasmani ingkang botên kasatmata punika agêng sangêt pigunanipun tumraping badan wadhag, jalaran punika pirantos ingkang minôngka dados talanging daya gêsang (prana, vitaliteit) anggèning anggêsangi badan wadhag, sarta ètêris sêdhêbêl wau dados karêtêg ingkang linangkungan dening gêtêring pamikir sarta gêtêring pangraos saking jasating pêpinginan dhatêng jasat wadhag, saupami botên wontên, ètêris sêdhêbêl saèstu manusa sajati botên sagêd angsal piguna punapa-punapa saking utêg (saking hersencellen).

Supados badan jasmani punika sagêd gêsang kêdah katêdhanan tigang prakawis, 1. tatêdhan, 2. hawa piguna kangge napas, 3. prana (vitaliteit) murih badan wau sagêd gêsang, mênggah sajatosipun prana punika satunggaling panguwaos (kodrat) ananging manawi amakarti ing dalêm jasat lajêng dados anasir (grondbestanddeel) ing ngriki kula badhe anêrangakên mênggah kawontênaning prana anggèning amakarti ing dalêm jasat jasmani ingkang perangan nginggil, prana punika mili dhatêng sagunging otot bayu (zenueven) botên beda kados kawontênanipun êrah mili urut otot êrah, manawi lampahing êrah botên sagêd lêstantun samêsthinipun, têmtu badan nandhang

--- 2 : 61 ---

roga, makatên ugi botên beda mênggah kawontênanipun badan jasmani perangan alus manawi prana botên ajêg.

Prana (vitaliteit) punika satunggaling kakiyatan saking surya, manawi ur atuming jasmani kalêbêtana prana lajêng kawawa narik atum nênêm jinis ingkang dados kancuhanipun, ur atuming jasmani têmahan kêmpal dados satunggal lajêng dados anasir ètêr (etherich element). Daya kakiyatan ingkang taksih wêtah pinerang dados pitu, satunggal-tunggaling atum sami mêndhêt saperangan saking kakiyatan ingkang asli wau lajêng dados anasir, salajêngipun anasir wau lajêng tinampi dening badaning manusa ing dalêm limpa ingkang perangan ètêr, saking ing ngriku lajêng pêjahpêcah. sarta mêlingmili. dhatêng sagunging peranganing badan, limpa punika panunggilanipun pusêring kakiyatan pitu ing dalêm badan ètêring jasmani.

Ing satunggal-tunggaling badan kita wontên pitung pusêring kakiyatan, punika sagêd pinariksa dening para sidik paningalipun, mênggah wujudipun pusêring kakiyatan wau kadi ulêkan, ing ngriku minôngka panggenan ilinipun panguwasa luhur dhatêng badan jasmani, mênggah panggenaning pusêripun kakiyatan ing dalêm badan jasmani kados ing ngandhap punika:

1. ing ula-ula kapering ngandhap, 2. ing pusêr, 3. ing limpa, 4. sanginggiling jantung, 5. ing dalêm gorokan, 6. ing têngahing alis, 7. ing êmbun-êmbunan.

--- 2 : 62 ---

Miturut papriksanipun para ingkang waskitha ing gaib, mênggah wujudipun badan-badan ingkang langkung luhur (langkung alus) punika kados tigan, ing dalêm wêwangunan ingkang kados tigan jasat-jasat ingkang dados têtapêling badan wau botên pinerang, sami kathah utawi bobotipun, badan jasmani punika dumunung ing têngahing tigan, sarta agêng sangêt daya panggèndèngipun tumrap jasat astral makatên ugi jasat astral daya panggèndèngipun rosa tumrap jasat mental, amila ingkang kathah jasat astral sami angalêmpak ing dalêm badan jasmani, botên beda mênggah kawontênanipun jasat mental ingkang kathah ugi sami ngalêmpak ing dalêm badan astral, manawi kita andulu badan astral ingkang dumunung ing alamipun piyambak, dados pisah kalihan badan jasmani, ing ngriku katingal bilih jasat astral dhinapuk miturut dhapuring badan jasmani, ananging sarèhning jasat astral radi kirang kêkêtipun manawi katandhing kalihan jasat wadhag, mila ing ngriku katingal satunggaling badan ingkang dumados saking ampak-ampak ingkang kandêl, dumunung ing têngahing ampak-ampak tipis ingkang wangunipun kados tigan, mênggah wujudipun badan pikiran botên beda ugi kados makatên, dados manawi kita pinanggih têpangan wontên ing alam astral sarta alam mental, saèstu kita botên kasupèn botên beda kados wontên ing alam donya.

Ingkang kajarwa ing ngajêng punika ingkang winastan dhêdhapukan adêging manungsa, sajatosipun manungsa punika monadhê (sirolah) inggih latu [la...]

--- 2 : 63 ---

[...tu] palêtiking Gusti, dene manungsa sajati (ego) punika gêlaran (Openbaring) saperangan saking monadhê, mênggah pêrlunipun amujudakên, ego punika supados ngupaya kamajêngan, wêkasan ing têmbe wangsul malih dhatêng monadhê sarwi ambêkta angsal-angsal kasucian tuwin kawruh ingkang pinanggihipun sabab saking pangudi, sarèhning dèrèng dumugi titimasa ego ugi angintunakên saperangan saking sariranipun dhatêng ing donya, supados angupaya kasucian tuwin kawruh, saperangan saking sariranipun punika winastan tiyang, cara latinipun pêrsona utawi topèng (warana) dados tiyang punika warananipun, ego kalanipun anjajah ing alam donya, mênggah ego punika amung saperangan alit saking monadhê, sarta tiyang punika ugi perangan ego dados ingkang tinêmbungakên tiyang punika saperangan saking peranganipun monadhê (sirolah).

Badanipun manungsa (tiyang) punika wontên tiga, inggih punika 1. badan pikiran (mental) 2. badan papenginan (astral) 3. badan wadhag, sadangunipun manungsa gêsang wontên ing donya sarta pangraosipun gêsang wontên ing alam wadhag winatêsan dening badanipun wadhag, dene badanipun pikiran tuwin badan pêpenginan amung dados karêtêg manawi badhe asêsambêtan kalihan badanipun ingkang wadhag, mênggah wujuding watêsan utawi pêpalanging badanipun wadhag, [wa...]

--- 2 : 64 ---

[...dhag,] inggih punika badanipun wadhag gadhah raos luwe sarta bêtah tilêm, ing wanci dalu badanipun wadhag tinilar dening manungsa supados sagêd tilêm, sadangunipun badanipun jasmani tilêm manungsa lajêng ngange badanipun astral ingkang watakipun botên gadhah kêsêl botên bêtah tilêm, sarta alêlana ngambah alam astral, sapintên têbih utawi bablasipun anggèning ngangge badan astral punika amung gumantung ing kamajênganipun, tiyang wanan ingkang taksih asor darajatipun, sagêdipun nilar badanipun jasmani ingkang sawêg tilêm amung têbih-têbihipun satunggal utawi kalih mil, sarta gêsanging pangraosipun ing dalêm alam astral amung lamat-lamat, ananging tiyang ingkang sampun gadhah kawruh sagêd alêlana ing dalêm alam astral dhatêng ing pundi-pundi sarta sagêd gêsang pangraosipun wontên ing alam ngriku, sanadyan kalanipun tangi botên kèngêtan tumrap lêlampahan nalikanipun tilêm, kalamôngsa sagêd kèngêtan lêlampahan ingkang pinanggih ing alam astral (kalanipun tilêm) kawontênan ingkang makatên wau kita wastani impèn ingkang cêtha, ingkang limrah èngêtipun sinêsêlan dening èngêtan kalanipun mêlèk, sarta ebah utawi sabab saking jawi ingkang tinampi dening utêg bageyan ètêr, awit sangking punika amila anjalari supênan ingkang ngayawara, ananging tumrapipun tiyang ingkang sampun diwasa botên makatên, sadaya pakartinipun wontên ing alam kaalusan sagêd èngêt mawentehan kados manawi makarti wontên ing donya nalikanipun mêlèk,

--- 2 : 65 ---

manawi sampun makatên kawontênanipun, punika têtêp langgêng èngêtipun, mêlèk èngêt, tilêm ugi èngêt, sarta sagêd gêsang pangraosipun ing dalêm 24 jam, dados têmbungipun botên nate tilêm.