Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Suluk Sarengat, Anonim, #1527

Katalog:Sarengat, Anonim, #1527
Sambung:-

--- 185 ---

...

--- [0] ---

Suluk Sarengat

--- [0] ---

...

--- [0] ---

1. Dhandhanggula

1. pratelane ingkang para nabi | ingkang anèng dalêming manungsa | Nabi Adam astanane | anèng badan puniku | Kangjêng Nabi Mukamat nênggih | rasul ingkang mustapa | astanane tutuk | Nabi Sis ing bun-êbunan | Nabi Dawut ing netra astananèki | Edris bathuk gènnya ||Kurang satu suku kata: Edris bathuk ênggènnya.

2. mugèngmunggèng (dan di tempat lain). lêlathi Nabi Ibrahim | Nabi Musa astanane grana | Nabi Ngisa astanane | anèng cangkêm puniku | Nabi Yakup ing balung nênggih | Nabi Yusup punika | astanane sungsum | Nabi Ayup usus gènnya | Bagendha Li astanane anèng kulit | ing daging Abubakar ||

3. Ngumar limpa astananirèki | anèng pêpusuh Nabi Suleman | Nabi Kilir astanane | anèng makripat [makripa...]

--- 186 ---

[...t] iku | langit pêpitu kang dipun gèni |Lebih satu suku kata: langit pitu kang dipun gèni. Nabi Musa bun-bunan | jaja pusêripun | ingkang minôngka kapala | lintang Kamal anênggih wastanirèki | kayu awiting nyawa ||

4. sajaratil mustapa ing alit | pasu kiwa têngên gunung kêmbar | gunung Tursina têgêse | nênggih pucuking irung | lambe Betal Mukadas nênggih | watu sajidin ika | têgêse ing untu | lambe dhuwur ngisor ika | bale ngaras uwot siratal mustakim | apan gêtêring ilat ||

5. uwang têngên kang ingaran masrik | uwang kiwa ing mahrip punika | Iman Sapingi dhadhane | Iman Maliki iku | pan gugungedununge. wontên ing gigir | Iman Kambali apan | lambung têngênipun | Kanapi ing lambung

--- 187 ---

kiwa | pan ing Mêkah lak-lakan ingkang amêthil | ngaras kursi bun-bunan ||

6. ngaras lambe loh kalam ing lathi | lohkilmapul punika pangucap | têlaga kalti dhasare | ingkang anèng pêpulung | susu kiwa kêkulung ati | ingkang têngên punika | pasalatan rasul | kang mugèng jêjantung ika | pan puniku ingaran aldaka wingit | ingaran Betal Mukadas ||Lebih satu suku kata: aran Betal Mukadas.

7. Sèh Sumiran anjêngêr tan angling | sakalangkung ngungun jro wardaya | wong iki têdhas kawruhe | nulya don lunga nglangut | durung mangke dadi puniki | têgêse wis atatag | pênjerahe kawruh | Sèh Sumirang awêcana | dawêg anak mara caritakna malih | idhêp-idhêp adana ||

2. Asmaradana

1. Jatining saurira [sa...]

--- 188 ---

[...urira] ris | wontên wong nêpi samodra | tan adarbe wujud roro | ingkang kaèsthi ing manah | mung Hyang Kang Maha Mulya | alami anèng ing ngriku | lali nadhah lawan nendra ||

2. dèn pêsu raina wêngi | pamêndênge sarta salat | tan kandhêk sêmbah pujine | malahèng ngalih panggonan | pitêkur wontên sonya | laminya kalangkung-langkung | kang pinandêng mung Hyang Suksma ||

3. tan towang sêmbahing Widhi | kang ana ing waka sonya | angèsthi mring Hyang Linuwèh | tan ana drigama ketang | amung pangèsthinira | tanna pandêng liyanipun | kang kèsthi mung Hyang Minulya ||

4. kang amurbèng jagad sigihsinggih (dan di tempat lain). | tan ana ingkang rinasa | kalbu ingakên wismane | puniku langkung waspada | sampun [sa...]

--- 189 ---

[...mpun] aroro tingal | dèn karêsa iman maksum | anulak kanggêp sungkawa ||

5. dadya sinung tingal gaib | uninga suruping pêjah | kasêmbadan lan èsmune | pan sampun angraga suksma | sampun ngakên wisesa | amuji pribadinipun | datan pêgat sanalika ||

6. jiwa ragane tan kèksi | wusing angakên priyôngga | saking gênturing tapane | têrawangan manahira | bumi langit kadriya | swarga naraka kawêngku | dyan pêncar putra sakawan ||

7. samya kinèn aprang sabil | sadhèrèkipun sakawan | ki sarengat pambayune | pênggulune ki tarekat | panêngahe kakekat | ki makripat kang waruju | prasamya prawirèng yuda ||

--- 190 ---

8. sarengat si anèng jurit | pêrabote sarya seta | madêg marêp ing keblate | tansah amuji takbirnya | niyat prang sadayanya | mungsuh ewon datan mundur | Islame maksih akêkah ||

9. tarekat si anèng jurit | parabote sarya jênar | mungkul wus marêk keblate | dènnya niyating yuda na- | nging salatnya tan owah | prang lan kapir datan mundur | imane sampun pinasang ||

10. kakekat si anèng jurit | parabote kapurônta | wus madhêp keblat wujude | wangsulan tan kêna owah | ngurêpi tuduhing Hyang | olah lan kapir tan mundur | tokide sampun pinasang ||

11. makripat siyagèng [siya...]

--- 191 ---

[...gèng] jurit | sarta cêmêng panganggènnya | lênggah cêngêng ing keblate | wujud sawiji mring Sukma | ati langgêng tan owah | nêmpuh byating wong tan mundur | makripate wus pinasang ||

12. mungsuh kapir andhatêngi | ginagila sinurakan | datan gumingsir manahe | pan mungsuh kapir akathah | tan kenging ing sanjata | mungsuh kapir sarêng nêmpuh | kapir tan kuwat yudanya ||

13. mukmin Islam kathah cicir | tinunjêl ing mungsuh kopar | kapir kathah tumpês rêke | wong kapir kalah prangira | lêbur tanpa wilangan | sakarine samya takut | manjing Islam sami seba ||

14. wus nandhang kalimah kalih |

--- 192 ---

kabèh wus ngucapkên sadat | mêntas prang sayah karone | wus suci kang Islam anyar | adus main lairan | pan sampun seba sadarum | mring sarengat dadi nata ||

15. gumuyu abêlik-bêlik | Sèh Sumirang duk miyarsa | Jatiêning caritane | wusana ariaris. andikangandika. | dadya gèr ge banjurna | Hyang Suksma caritanipun | mêtokkên wijiling sabda ||

3. Mijil

1. kawruhana ing Hyang Purbajati | iku dènnya wiboh | anglir rêtna munggèng êmbanane | lir anopèng tingale sêjati | nanging tan kaèksi | pan dulu-dinulu ||

2. panglonging Hyang Suksma Purbajati |

--- 193 ---

muksa lir tan katon | kêrêm kandhêm tingale jatine | iya margane lamun pinanggih | gènnya angulati | saking pucuk gunung ||

3. ing sukmane anèng dhirinèki | adat nora wêroh | dyan tumurun sangking ardi age | nêmên awas pan ingeling-eling | mêksa tan kapanggih | dadi brôngta wuyung ||

4. nanging wuyung tan narimèng kapti | karêmirèng kono | saya jatmika sêmu liringe | samya ngliring ing tingal kang gaib | samudananèki | ing têmbe katêmu ||

5. Suksma iku tan adoh ing dhiri | makuwon ing ênggon | mapan adoh yèn dèn adohake | nênggih parêk dèn [dè...]

--- 194 ---

[...n] cêlakna singgih | mila tan kaèksi | kasêlana imbu ||

6. saya panggih ya tanna kêpanggih | anèng jro kadhaton | pan kalingan ing sawab jêrnihe | poma paduka papak piranti | katungkul gêng gingsir | dèn têkakna rawuh ||

7. tarekate dalan jroning panti | pasthi nora menggok | kakekate puniku coloke | myang makripat nyatane kapanggih | anèng gêdhong napi | esbat tungtung guyu ||

8. sandi pralena wastanya singgih | asmara sih nèng gon | iki ika sampurna jatine | bagya katurun kang dèn turuni | sawab nyata nabi | rasul kang panutup ||

9. ewamêngkana osiking |Kurang dua suku kata: ewamêngkana osiking galih.

--- 195 ---

suksma purba rêko | pratelakna ika sadayane | sêjatine iku luwih bêcik | ling-alingan kapti | anglimputi iku ||

10. swara lawani satru sakalir | lamun tyasnya condhong | bumi sapta langit pitu dene | swarga nraka ngaras lawan kursi | bale ngaras tuwin | sêjatine têrus ||

11. kang loh kala nênggih sampun dening | suksma nur ing kono | iku cêlak èmpêre wujude | gêdhong suksma angkêr luwih wêrit | yèn tan wruha kapir | dèn wêruha kupur ||

12. apan iku ayuna mangêrti | sagung kojah ingong | sukma iku anukma gunane | datan kenging anukma sêjati | ewuh [e...]

--- 196 ---

[...wuh] patrapnèki | mêlaku ginunggung ||

13. yèn ginunggung punika sêjati | angèl yèn kalakon | anukmaa mring Hyang Kang Aluwèh | luwih utama ginunggung singgih | marang Suksma jati | kalangkung ginunggung ||

14. sakèhing puji kalawan bêkti | lawan laku rêko | dèn asujud ing kêlakoane | iku cêpak èmpêre kapanggih | mring Hyang Maha Sukci | Adam wujudipun ||

15. ingkang rasa wujutirèng kalbi | amrêm ingkang katon | wujud iku dudu ing yêktine | wujut kaluwihan kang sêjati | wujude kang pasthi | ewuh yèn dinulu ||

16. apan ewuh ing ujar puniki | pan ayun waspaos | Sèh Sumirang aris [ari...]

--- 197 ---

[...s] ing saure | sampun lamakan kawruh sun iki | mèsêm Sang Jatining | animbul ing wuwus ||

4. Maskumambang

1. gih puniku têksih sewah dat sêjati | ing karsaning Suksma | amayangakên ing kapti | nyata awujud Mukamat ||

2. Sang Hyang Suksma angandika tinsainsan. kamil | dene ananira | awakira awak mami | urip ingsun urip sira ||

3. cêrmin siji tan parêng ngiloa singgih | wêwayangan tunggal | pan pangawak tunggal jati | rupa tugaltunggal. kinêmulan ||

4. sasolahing kawula solahing Gusti | karsane priyôngga | lêstari karsaning Gusti | karsaning Hyang Kang Wisesa ||

5. yèn dinulu Mukamat AlahAllah (dan di tempat lain). kaèksi | yèn dinulu [dinu...]

--- 198 ---

[...lu] Alah | Mukamad iya kaèksi | pan tunggal kaananira ||

6. sampun katrap Mukamad andika nabi | lêpasing paningal | tan ana kawula gusti | amangeran lagi nora ||

7. ingkang nala kadi pandam aran rukmi | barising kancana | kakên pamujining kapti | tanna ganti pujènira ||

8. yèn ginulang solahe saya ngangêni | malah lali karya | nyirnakakên kang prihatin | tan pêgad anggung kasmaran ||

9. yèn kapanggih kalawan jiwanirèki | sadina gung suka | asuka kalangkung ênting | yèn sampun kawêngku sadaya ||Lebih satu suku kata: yèn sampun kwêngku sadaya.

10. tansah panggih lali jiwa raganèki | tan adarbe karsa | tan ana karsanirèki | anging karsaning Pangeran ||

11. sangsaya

--- 199 ---

sru tangise kaduk ing liring | murca jiwa raga | yayah pêjah tanpa kanin | dening pituduh elokira ||Lebih satu suku kata: dening tuduh elokira.

12. marmanipun tan awas karsane Gusti | dening nêpsu hawa | agawe sêriking ati | angalingi idhêping tyas ||

13. marêm asih ing samudananirèki | kang bêkti ginanjar | ing swarga mulya tan sipi | pinêksa tur kinasihan ||

14. kawruh dana raganira dipun suci | êmbanana arak | payungana brôngta kikin | dhasarana sabar drana ||

15. ing kadunyan nêrakanirèku mangkin | wong asih ing dunya | asikara awaknèki | pan sukêr apêngalira ||

16. kaya barang sabarang karyanirèki | karsane priyoga |priyôngga.

--- 200 ---

dunya suci lair batin | amal kalal ingupaya ||

17. Sèh Sumirang sêmana angrangkul aris | sarwi awêcana | anak wus lêga ing galih | sangking sih pituturira ||

18. ingkang mugi kula bisa anglakoni | Jatining turira | yèn parêng kularsa pamit | arsa dugèkkên lêlampah ||

19. Sèh Sumirang wêcanane pait gêndhis | yèn raharjèng lampah | mugi wangsula mariki | tatuwia mring kang tapa ||

20. Jatiêning saurira angecani | yèn wilujêng lampah | môngsa wandea mariki | mung rêke donga andika ||

21. salamête lampah kawula ing margi | ya ta jawabira | Jatining sigra lumaris | Sèh Sumirang ngatêr

--- 201 ---

jaba ||

22. Sang Jatining lajêng lampahe lumaris | ya ta maksih lama | maksih lam-lamên ing kapti | maring ing têtamonira ||

23. apan maksih ngrêrangu maring kang lumaris |Lebih satu suku kata: apan maksih ngrêrangu mring kang lumaris. ya ta kang lumampah | andarung lampahirèki | anglir dhangdhang tanpa coca ||

5. Dhandhanggula

1. nusup-nusup ing papan arumpil | siluk-siluk ujunging ancala | anêrajang jurang pèrèng | tumurun jroning têrjung | pan sumêngka kang sungil-sungil | sela gêng pinggir jurang | anggawing tumiyung | tumawing tinon ing tawang | jurang sigrong angarêpkên parang miring | landhêp kadya sulewang ||

2. pucak ardi pan sinungan masjid | ingubêngan ingkang sêkar-sêkar |

--- 202 ---

langkung ngambar ing gandane | wastanira kang gunung | nênggih ardi Pandhalasari | cinatur kang palênggah | pandhita binagus | wastanipun Sèh Sumitra | dhepokira pan kadi cêndhana sari | mung kalih sabatira ||

3. wastanira Sang Lotho pan Dhisil | marmanipun waluwau. Sèh Sumitra | dhadhukuh ing kono rêke | apan lakoni tuduh | kinèn dhukuh cêndhana sari | ing besuk apan ana | wong têka mêrtamu | yèn ngakên ing Wanasêkar | lah ungsêdên ing kawruh ingkang sajati | pasthi padhang tyasira ||

4. marma lami dènira anganti | Sèh Sumitra anèng ing aldaka | pan mèh nglalu pangantine | ya ta ingkang winuwus |

--- 203 ---

Jatiêning pan arsa mampir | batin arsa uninga | marang kang pilungguh | sêmana laju lampahnya | minggah arga samana pak Lotho lagi | nyirami kang pêthetan ||

5. apan kagyat dènira ningali | pan pak Lotho pan kadhatêngan |Kurang satu suku kata: pan pak Lotho apan kadhatêngan. sigra dadan apitakèn | nama myang wismanipun | Jatiêning wus awêwarti | wisma tuwin kang nama | pak Lotho glis manthuk | wus panggih lawan sang tapa | Lotho matur yèn wontên tiyang aprapti | arsa panggih paduka ||

6. warti satriya saking Wanasari |Lebih satu suku kata: warti satriya king wanasari. kados ingkang paduka arsa |Kurang satu suku kata: kados ta ingkang paduka arsa. kêtawis mancur cahyane | Sèh Sumitra agugup | arsa mêthuk marang kang prapti | ya ta wau katingal | Sèh Sumitra [Sumi...]

--- 204 ---

[...tra] gupuh | gènira ajawab tangan | uluk salam Jatiêning anauri | ya ngalaikum salam ||

7. apan lajêng astane kinanthi | Lotho Dhisil kinèn gêlar klasa | tanèn ing surambi bae | yagya. egalenggal. kang ingutus | langkung gugup solahirèki | sêmana sampun lênggah | wus tata alungguh | Sèh Sumitra atêtanya | datan nyana yèn kapanggih Jatiêning | pêrsasat manggih sêsotya ||Lebih satu suku kata: pêrsasat manggih sotya.

8. pan kawula satriya Wanasari |Lebih satu suku kata: kawula satriya Wanasari. pun Jatining wastanta ingwang |Kurang satu suku kata: pun Jatiêning wastanta ingwang. marma kawula marene | sayah lan ayun wruh |Kurang satu suku kata: sayah lan ayun wêruh. ing dhukuhe rêke pun yayi | Sèh Sumitra saurira |Lebih satu suku kata: Sèh Sumitra saurnya. inggih langkung nuhun | langkung bêja kêmayangan |

--- 205 ---

paduka prapti |Kurang tujuh suku kata:. marma sèwu nugraha ||

9. Sèh Sumitra apan awêwarti | marmanipun anèng ing aldaka | wus tinutur sadayane | Jatining mèsêm ing kalbu |Lebih satu suku kata: Jatining mèsêm kalbu. apan mahrip wancinirèki | ya ta lêkas asalat | prapta ngisanipun | sabakdanira anulya | sabat kalih apan sampun dèn kêjèpi | anyaosakên dhahar ||

10. kang ingatak wong kalih nulya glis | caos kêndhi lawan sêkul panjang | gagudhangan pan ulame | wus sinambrama sampun | Jatiêning sigra ngecani | sigra lêkas anadhah | gènnya dhahar sêkul | sasampunira kadhahar | gantya wau dhêdhaharan kang sumaji | samya munggèng ing panjang ||

11. ri sampunnya [sampu...]

--- 206 ---

[...nnya] dhahar Sang Jatining | tanya wau marang Sèh Sumitra | pun yayi lami nèng kene | sêmbayangsêmbahyang (dan di tempat lain). rintên dalu | lan amuji raina wêngi | punapa sampun wikan | kang sinêmbah iku | tuwin sakèh pujènira | Sèh Sumitra anjugul angrangkul sikil | kakang dèrèng uninga ||

12. pindho damêl ki raka puniki | dene wau wus matur kawula | marma kawula nèng kene | anglakoni pituduh | pan paduka sun arsi-arsi | paduka padhangêna | kang basa puniku | wêlasa dhatêng kawula | langkung angrês wau dènira miyarsi | sang brôngta aris nabda ||

6. Asmaradana

1. yèn yayi nêmbah amuji | pujine katur

--- 207 ---

ing sapa | yèn katura Pangerane | apan neranora. awêruha | lan nora wrêna rupa | tanpa gawe sêmbahipun | angura sira ngupaya ||

2. lamuna ngaturna puji | mring Pangeran cumênthaka | dèn anggêp ing pêpadhane | ya Alah kang amisesa | amung andikanira | ayun wruh wiwitanipun | kang anêmbah kang sinêmbah ||

3. puji sintên kang darbèni | pan puji pujining Allah | kawula nora daduwe | sêlawase tan kawasa | miwah panggawe kita | tuwin badane sakojur | angianging. Alah ingkang katon ||

4. pundi kang ingaran puji | yêktine puji punika | kanugrahan sajatine | kang tumiba [tu...]

--- 208 ---

[...miba] ing kawula | têgêse kanugrahan | nênggih urip têgêsipun | pan urip uripe sapa ||

5. lamun uriping Hyang Widhi | tan urip kalawan nyawa | têgêse nyawa jatine | kang tumiba ing kawula | kang aran kanugrahan | nênggih urip têgêsipun | nênggih uriping manungsa ||

6. pan iya jatining urip | puniku yun ngawruhana | dèn agêng ing panrimane | angèl jênênging agêsang | têgêse wong agêsang | kaserenan ing tatêlu | iman tokit lan makripat ||

7. lamun ora angawruhi | yayi ing tigang prakara | iman tokit makripate | pêsthi pundhês nora gêsang |

--- 209 ---

... |Kurang satu baris ke-5: 7a. ... |Kurang satu baris ke-6: 8u. ... ||Kurang satu baris ke-7: 8a.

8. têgêse iman lan tokit | kang iman pangèstonira | kang ngèstokkên Pangerane | Pangeran ikangingkang (dan di tempat lain). kuwasa | kang murba pêkênira | tan wontên roro tatêlu | anging Allah kang atunggal ||

9. pundi kang ingaran tokit | apan tunggal kajatènnya | panglêburane rorone | gusti kalawan kawula | yèn tunggal kadiparan | yèn beda pratikêlipun | mapan nora pisah-pisah ||

10. sêlamêt gène ngawruhi | têgêse tokit punika | tunggal maring kawulane | kawula iku tan ana | jênênganing kawula | sêjati-jatine suwung | tanpa rupa tanpa tikah ||tingkah.

11. têgêse makripat nênggih |

--- 210 ---

sampun awas ing Pangeran | têgêse awas rêtine | kang awas puniku sapa | pan jênênging kawula | wuta tuli bisu suwung | tan ana kuwasanira ||

12. katuring sêmbah lan puji | pan katur ingkang sarira | pan badan Alah jatine | tan ana sêmbah-sinêmbah | pundi kang aran Alah | araning wajibul wujud | sêjatine ingkang ana ||

13. namaning sêmbah lan puji | pan kasrah ing panarima | pan kuningan salawase | dene Pangeran Kang Mulya | awon pan kongsi tuwa | kêdah bêcik tarimèku | angèl jênêng panarima ||

14. nênggih kang nêmbah amuji | kênyataaning datolah | pan dudu basane dhewe | mantêpna mapan [ma...]

--- 211 ---

[...pan] narima | artine panarima | tanpa polah tanpa wujud | lir sarah anèng lautan ||

15. pan iku ayun ngawruhi | angèl yayi wong sêmbayang | kang rayi aris saure | lah tuwan banjurna pisan | ing sadat kapêjahan | Jatining saurira rum | amucungkên pangawikan ||

7. Pocung

1. yun ngawruhi ing pati sadat satuhu | tan beda ngagêsang | pan tan ana polahnèki | polah saking karsane Hyang Maha Mulya ||

2. sadat jati inggih sêmbah inggih lampus | sirnane kang polah | nanging kang sêdya ngawruhi | sayêktine tunggal kang adarbe polah ||

3. yèn asadat nir saliring

--- 212 ---

dumadyèku | tan ana Pangeran | sabênêre kang pinuji | apan nangingnamung. Hyang Suksma Kang Maha Mulya ||

4. sadat iku nênggih gêsang kang satuhu | gih puniku aran | gih puniku kang ngarani | sayêktine tunggal ingkang ingaranan ||

5. yèn wis dadi sadate datan pandulu | pan pujine nora | tan ana puji-pinuji | pan puniku nênggih sadat ingkang tunggal ||

6. sipat iku datolah Kang Maha Luhur | lawan Maha Mulya | anjatèkkên ing datnèki | sayêktine ing nyawane kang utusan ||

7. sadat iku tanpa têpi laut agung | kang karêm ing sadat | puniku rasaning pati | uripipun nora kêna [kê...]

--- 213 ---

[...na] ing palastra ||

8. iku sadat gusti kawula yèn pangguh | nênggih gènnya pisah | patêmona kang sêjati | gih puniku patêmone ingkang pisah ||

9. sadat iku patêmone kang satuhu | tan ana mêmadha | timbangane kang sêjati | ing têgêse sadat iku tan lawanan ||

10. ilang sadat akèh wêwilanganipun | nênggih tanpa wilang | sadat tunggal kang wus pêsthi | ya kang abot gurnitanirèng badannya ||

11. kang wus pêsthi sadate tanpa dinulu | paningaling sadat | angêbêki raga giri | gih puniku nênggih ingaranan sadat ||

12. sadat iku agung pangabêktènipun |

--- 214 ---

kang tansah ing sadat | mintir nalane kabêsmi | apan uga dunya kerat kabênêran ||

13. angrimangi sadate Kang Maha Luhur | liringing hyang sadat | tan ana pangeran jati | apan amung ingkang alanggêng wisesa ||

14. ulatana sadat sapisan kang tuhu | yèn sampun katêdhak | tan towong dènnya ngawruhi | apan iku patêmone lampah nyata ||

15. ewuh têmên kang sadat karasèng kalbu | akèh milya ngucap | sadat seos kang pinanggih | pangucape dene kêsasaring tuwan ||

16. dudu basa dudu rasa kang dat tuhu | dudu cipta rasa | kang nugraha kang dèn panggih |

--- 215 ---

gih puniku guru sampurnaning raga ||

17. sanalika iku kumpula satuhu | ing nalika pelak | tan ana kawula gusti | wong puniku karêming Alah kewala ||

18. sadat roro tunggalên hyang kalihipun | lan sêdyane tunggal | lan sêdyane sang dumadi | pan puniku sêdyane dhewe kang mojar ||

19. pan puniku anane ingkang satuhu | anyana dewata | tan ana ing bumi langit | apan ora nana ing ngantara ||Kurang dua suku kata: apan ora nana ing antaranira.

20. tan ing swarga naraka ing ênggènipun | anane loh kalam | tan ing aran tan ing kursi | dhidhing jalal apan iya nora nana ||

21. kawruhana anane [ana...]

--- 216 ---

[...ne] Hyang Suksma tuhu | anging ananing Hyang | ayun nyatakkên kang dhiri | lan malihe yun nyatakkên dhèwèkira ||

22. sruning karsa ingaran apêngal tuhu | yêkti sira nyata | awas aning ngalih dhiri | upamakna kadi angilo padesan ||paesan.

23. yêkti awas ing rupanira satuhu | enake tumingal | amawas rupa pribadi | iya iku ingkang ingaranan sipat ||

24. kang ingaran têmbene ingaran iku | iya ingaranan | gih puniku kang ngarani | sayêktine ingkang andarbèni aran ||

25. yun ngawruhi kang ingaran Suksma Luhur | paesaning aran | ing sipat apêngal jati | apan [apa...]

--- 217 ---

[...n] yêkti datolah jatining sipat ||

26. kawruhana pangeran kang ujar luhung | sasêdyaning nala | tanpa cipta ananèki | gih puniku nênggih ingaranan sadat ||

27. ing karsane ayun nyatakkên dhirèku | sartane paesan | asangêt têkane jati | apan iya apan têmahan sasotya ||

28. iya iku aran roh ilapi tuhu | sênênaning sotya | anêlahi jagat iki | apan iku nyatane asida guna ||

29. kang ingaran iya kadil apan iku | wêwadhah sasotya | kang ingaran roh ilapi | pan puniku minôngka rohing utusan ||

30. roh ilapi ratuning saliring tuwuh |

--- 218 ---

sênênaning cahya | anêlahi ing sêkalir | apan iya anêlahi ing ngilapat ||

31. jagat iki yèn sinawang tan andulu | anging karsaning Hyang | angasihi ingkang asih | ing sêdyane apan ta ing manah tunggal ||

32. duk jinatèn sipat apêngal satuhu | sêjatine aran | tan ana ingkang ngarani | gih puniku ingkang rasa rasulullah ||

33. gih puniku ingaranan kang satuhu | sukma tan sinukma | suksma kaanane ugi | gih puniku yêktine ingkang dewakna ||dewana.

34. lampahira kang aran dewana iku | mênêng tanpa sadat | tan arah tan ênggon singgih | kang dewana apan mibêr tanpa êlar ||

35. idhêpira sakêdhap wus pêsthi iku | mêksih

--- 219 ---

palinggihan | lêlampahan sèwu warsi | suprandene sakêdhap netra praptanya ||

36. wontên malih yayi ing wirayat ingsun | sun myarsa carita | ana wong bêkti nglangkungi | sêmbayange apan ta mêksih taruna ||

8. Sinom

1. wontên santri alukalul. sarak | awasta Ki Bodhojati | pakaryane nora nana | amung sêmbayang pribadi | nanging dèrèng udani | jungkal-jungkêl siyang dalu | tan kenging ingujaran | kang èstri gung briga-brigi | dèrèng mari sêmbayange saya dadra ||

2. nora pênging wong sêmbayang | bok kira-kira pribadi | kang èstri dhasar brangasan | sarta sosote drawili | kang jalêr tan nauri | lungane kinabruk [ki...]

--- 220 ---

[...nabruk] tumbu | tumbune isi jênang | badhe kinarya nyêkuli | sirahira Ki Bodho galuprut jênang ||

3. tumulya kesangkesah. bêlayang | dèn pêpati raganèki | nulya manggih wong atapa | aran Ki Paesanjali | Ki Bodho nikêl warti | sampun masut anggêguru | anuli kyai guna | gung pitutur rina wêngi | Ki Paesan akathah pituturira ||

4. dunungkên puji panêmbah | puniku katur Hyang Luwih | kang rumêksa ing sajagad | kang asih sakèhing nabi | miwah sakèhing wali | lan sagung mukmin sadarum | wong urip anggunggunga | mring Alah sartane wêdi | yèn mêngkono wong iku tanpa ganjaran ||

--- 221 ---

5. sanadyan ing wong sêmbayang | nora kêna ginagampil | lamun nora kabênêran | nora wurung bêbayani | anglir wong rabi putri | nora kêna grusa-grusu | lamun dipun pêksaa | nora wurung nyudhèt lading | tuwas rusak pangarahe nora kêna ||

6. wontên malih lambangira | ngambil iwak jroning kali | anèng têlênging bangawan | arahên iwake kêni | nanging dipun aririh | sampun buthêk toyanipun | yèn ulam sampun kêna | sakarsanta gèn ngratêngi | lah sêmbayang poma dipun prayitna ||Kurang satu suku kata: lah sêmbayang dèn poma dipun prayitna.

7. yèn kala sira sêmbayang | poma dèn kadi ning kali | iya marang kang sinêdya | dèn kadi angilo cêrmin | rupa ingkang [ing...]

--- 222 ---

[...kang] sajati | awasêna kang satuhu | pan kaya rupanira | kang anèng sajroning cêrmin | rupanira pan kadi pêpaès dunya ||

8. lah Ki Bodho sun wêtara | yèn ta sampun nama ngêrti | pêsthi nêmên salatira | dhasar wong gugu kapati | Ki Bodho awotsari | pintên banggi sang binagus | antuk sawab paduka | tan ketang tilar wong èstri | Ki Paesan pralambening babing rapal ||

9. sêjatine wong asalat | kang nyata ing Suksma jati | dèn kadya gone baita | amèt rasa ing sêjati | ana lambange malih | anglayar têngahing laut | palwanya pan kawratan | kèrêm têngahing jaladri | ulihêna rasa iku ing sagara ||

10. malah mangke [mang...]

--- 223 ---

[...ke] kang baita | olih isining jaladri | mangkana ingaran salat | kang nyata ing Sukma jati | saosike wus pasthi | iku dadi saladipun | kang durung ngêrti salat | ngibadah raina wêngi | sêmbayange apan mêksih lalawura ||

11. ana kaoling pandhita | saenggane Sang Hyang Widhi | iku mèh salat kaanan | mring aksara tigang dèsi | kabèh mawi prakawis | kang aksara têlung puluh | minôngka ratunira | anênggih aksara alip | iya iku pralambene ing Hyang Suksma ||

12. milanipun ana Kuran | saking sastra tigang dèsi | iku mawi wêwilangan | kalimahe siji-siji | lan mawi ayat [a...]

--- 224 ---

[...yat] malih | gunggung tigang dasa jus |Kurang satu suku kata: gunggung tigang dasa êjus. apa kang nora nana | dèn kôndha ing dalêm tabsir | paman Bodho puniku dipun waspada ||

13. lan malih ta kayaparan | sêmune aksara alib | apa nyata apa ora | èmpêr-èmpêring Hyang Widhi | Ki Bodho wujudsujud. angling | nuwun duka sang binagus | amba cupêt kalintang | langkung wlas Paesanjati | mring Ki Bodho wuwuse lir guladrawa ||

9. Dhandhanggula

1. têgêsipun raksa sirèng sigih | ingkang alip pan kaanan tunggal | nora kêna mati rêke | limpat dening kalangkung | ingkang alip iku ilapi | dening kinarya tôndha | karone

--- 225 ---

ingaku | iya alip ananira | sadurunge nora barêng nora kari | nanging kariyiniyan ||

2. têgêse iku niyat sajati | ingkang alip iku jênêng tunggal | Adam lan Kawa kumpule | Adam kang nyata iku | gène nyatakakên birai | purwa banyu lan lêmah | banyu urip iku | lêmah nyata aranira | wus kalingling datolah kaanan jati | yèku jatining niyat ||

3. têgêsipun kang iman sêjati | rasa tunggal kaanane tunggal | nora nana Pangerane | tan manjing mêdal iku | ananira tunggal sêjati | nora yèn tunggalêna | pan wus tunggal iku | tunggalira tan pantara | Alah [A...]

--- 226 ---

[...lah] kabèh kang êndi dudua iki | iku alip kang iman ||

4. dene têgêse sarengat singgih | ingkang alip mangkya wus samêkta | jabar jère lan êpèse | jabar jère kang agung | gèning nyata sipat kang urip | eloke purbanira | tunggal urip iku | iya iku urip tunggal | uripira tan ana sirnane singgih | iku brêstha pakara ||

5. ingajèran kang alip puniki | gèning nyata kang iman punika | gène nyata biraine | kala biraènipun | sirna sira lan ingsun iki | tunggal ingsun lan sira | beda-beda iku | beda lair tyasnya tunggal |

--- 227 ---

rasulullah apan tunggal sira jati | yèku biraènira ||

6. kabèh iku kang cahya linuwih | cahya iku pan ênggèning nyata | kaanan tunggal jatine | cahyane jati iku | kaanane tunggal sajati | tumurun dadi cahya | kang tumurun iku | kinarsakkên turunira | kang tumurun munggèng yayah utêk singgih | Betalmakmur wastanya ||

7. duk tumurun cahya iku singgih | duk munggèng balung balane pukang | sulbiyah iku arane | gènira apulangyun | karo tunggal sêjatèn singgih | jiwa pajiwa nora | nora kapan dudu | anglela kacatonira | pandamêling kêkalih pan amêmuri | sulbiyah [su...]

--- 228 ---

[...lbiyah] namanira ||

8. sadurunge kang cahya tumihis | saking alam naptu alip ika | ingaran gêdhah kucine | ingaran goning nêptu | sadurunge birai mijil | iku sanake purba | gènira mung kayun | datolah sampun kawayang | yèn wus awar anane Alah mangkyèki | nêptu alip pinôngka ||

9. awar winor mangke katampan sih | ananing sih ing patugalirapatunggalira. | dèn tunggalakên jatine | Alah lan nabi iku | wujud tunggal ayun sêjati | sêkarone uninga | tingalira bawur | Alah lan Mukamad ika | ya wus awor pawore lan rasul iki | dening

--- 229 ---

Alah Mukamat ||

10. duk ing midêr sawulan puniki | ana rupa nora nana rukyat | iya Alah sajatine | anut kêmpêle iku | apan ora mangke kang dadi | pan wus saningga pisan | pinasthi puniku | ala bêcike punika | yèn akêmpêl sastrane kabèh puniki | sêmbada pêkênira ||

11. patang puluh dina pan kalingling | dadya tingal lawan pamiyarsa | ingaran Alah jatine | Jabrail wiyosipun | pan ingakên gagênti singgih | kinarya wêwayangan | ingutus sirèku | dhatêng sakèhing manungsa | akèn salat lan anêbut Suksma jati | lailaha ilullah ||

12. satus salikur pinapan dadi |

--- 230 ---

insan kamil namane punika | jumaat kêtingalane | alahu akbar iku | kagungane sampun damêlingdumêling. | kawruh jumaat ika | sapandulon nêngguh | insan kamil purwanira | ing tulise samêktane iku dadi | bisu tuli aniyat ||

13. darbe netra nora aningali | apa nora iya amiyarsa | napas amêdal irunge | tan napas jatènipun | panjênênganira narpati | Ratu Prabu Satmata | anglela puniku | pan ratu ing dhèwèkira | ing gêdhonge ingaranan insan kamil | sêmbada pêkênira ||

14. ingaranan nabi Alah singgih | duk satus salikur dina ika | ing

--- 231 ---

kono sapa rewange | panganggo sarwa alus | tur tan ora inganggèn singgih | sampun wuta kewala | purik sêmonipun | dene kinèn dhèwèkira | apan rewang sinungan rasa kêkalih | tan adoh ing sarira ||

15. samêktane lan sajènirèki | sampun tumindak jabaning kitha | ingaran jaliratine | nora têmu tinêmu | tandhanira mangkya ing wêngi | marmanira raina | datolah tumurun | kabèh samêktane dadya | kawruhana paman Bodho lambang puniki |Lebih satu suku kata: kawruhana paman Bodho lambang niki. aywa sira pêpeka ||

16. Sèh Sumitra wau sarêng myarsi | ing kandhane ing Jatining punika |Lebih satu suku kata: ing kandhane jatining punika. gapyuk angrangkul padane |

--- 232 ---

sarya ris aturipun | lah ta kakang banjurna malih | manah amba mèh padhang | sarêng myarsa wau | sagung pitutur paduka | Jatiêning anjèrèhkên kawruh malih | kawuri babing salat ||

10. Pangkur

1. lah ta yayi kawruhana | nênggih kojah saking Ngusman ing nguni | Sang Ambiya namanipun | yèn kawruh ciptanira | wong puniku durung Islam jatinipun | tanpa sadat tanpa salat | apan ta pai pan inggih ||

2. pangerane yèn wêruha | sarirane dhewe nora udani | dènira Sêlam puniku | imane pan imanan | durung têka jatine manungsa iku | saengga satu sêmbawa | manung

--- 233 ---

ingkang sajati ||Kurang satu suku kata: manungsa ingkang sajati.

3. kang abuka ciptanira | ing wong edan ingkang daluya puniki |Lebih satu suku kata: ing wong edan kang daluya puniki. dipun graita sirèku | sêmune dèn karasa | sampun salah tômpa kang bôngsa puniku | lir tigan anambêr dhangdhang | patine datan kaèksi ||

4. sêngadi amôngsa singa | singa lêbur tan wruh sariranèki | dêrkuku ngêmuli iku | jagat lêbur wus sirna | pan kalingan ingkang ningali puniku | gêlathik muni gênturan | surya lintang kang ngalingi ||

5. surya sasi tanpa polah | surêm datan katingalan puniki | cahyane surêm kalimput | gangsir nimpèni sigadsinggad. | jagad sirna kapisanan ta puniku | iku pan ayun graita | kang bôngsa puniku gaib ||

6. manawi kang nêdya pêjah |

--- 234 ---

dene nora lawan wong ing dunyèki | dudu alam langgêng iku | ... |Kurang satu baris ke-4: 7a. ... |Kurang satu baris ke-5: 12u. lir ênggane ta cangkrama | malah nèng dunya puniki ||

7. saengga ta wong lêlungan | mêksih anèng ing dêdunungan puniki |Lebih satu suku kata: mêksih anèng dêdunungan puniki. marmayun waspada iku | tan kêna ginagampang | ayun awas nênggih sulang-surupipun | apan akèh wong kapalang | kêpalang baping kabatin ||

8. yèn kêmbanga kêmbang sungsang | luwih bêcik sinawang arêspati | nging tan wontên pamrihipun | kang wus malih sasmita | yèn kêmbanga cêpaka upamènipun | bêcilbêcik. lamun tiningalan | samêkta lan gandanèki ||

9. ana ratu gung prakosa | aparentah mring wadya agung alit | nanging tansah

--- 235 ---

ngawulèku | karèh sakèhing bala | pan sêdaya sinuwitan mring sang prabu | sakathahe wadyabala | tan wontên kang dèn langkungi ||

10. anane saha tamakan | datan èstri wadine lanang singgih | kombang anglèng tawangipun | mrih madune pratela | lêmbu nusu ing anake dhewe iku | sarta kang surasa mulya | sêmine galinggang jati ||

11. awèh gônda rasa mulya | yun graita ing manah kang sayêkti | ujar iku luwih luhung | lumpuh ngidêri jagad | pan si cebol anggayuh wulan puniku | kang wuta atuduh marga | basa puniku arungsit ||

12. lawange sawarga ika | ingkang mulya

--- 236 ---

tan wruh marganirèki | wong bisu amêgat padu | sirna gusti kawula | dèn graita sêmune wong mudha punggung | sasmitane kang wong edan | swara tanpa nêdya singgih ||

13. rupa karungu dènira | swara ingkang katingalan puniki | ana luhur ngandhapipun | anèng ngandhap luhurnya | ana bongkot ing pucukira puniku | ana kulon wetanira | wetan kulonira singgih ||

14. ana kidul êlorira | ana êlor kidulira kang singgih | ayun graita puniku | yèn tan wruh durung Islam | masih Islam andana kukume iku | Sêlame pan Sêsêlaman | sêjatine maksih kapir ||

15. anglir ulam munggèng toya |

--- 237 ---

sami têlas lan ulam kang sayêkti | nanging wontên bedanipun | kadi sangsam lan sima | sami nama baburon alas puniku | nanging beda jatènira | Eslame kang dèn kukumi ||

16. Eslamira sinêlanan | imanira iman-imanan nênggih | sadate sadatan iku | salate sêsalatan | amuji amung pujian puniku |Kurang satu suku kata: amêmuji amung pujian puniku. anêmbaha sêsêmbahan | yèn tan wruh ciptanirèki ||

17. lungsi mili tanpa toya | sakalangkung sipate sabda iki | kêdah graitanên kalbu | bêja kang anggraita | aywa dumèh dêdaluya wong puniku | iku sêmune pandhita | kang angsal sabda puniki ||

18. mokal tuli iya [i...]

--- 238 ---

[...ya] sira | pan basirun puniku kang ngalingi | mokal wuta sira iku | muridun ingkang karsa | apan iya mokal sira nêpsu iku | mutakalimun ngandika | mokal bisu sira iki ||

19. bakal langgêng kaantêpan | ingkang langgêng nênggih sira puniki | dudu têtêping Hyang Agung | kang têtêp sira ika | rahmat dudu iya rahmating Hyang Agung | ingkang murah iya sira | dunya dudu alam iki ||

20. alam dènnyadunya. iya sira | alam kubur dudu sajroning bumi | kubur iya sira iku | ngakerat dudu benjang | ... |Kurang satu baris ke-5: 12u. kang akerat iya sira | kitab Kuran sira nênggih ||

21. bumi langit iya sira | bêlis setan iya

--- 239 ---

sira puniki | aras kursi sira iku | loh kalam iya sira | dèn graita sêmune basa puniku | ing sasmita lalawura | angsung cipta kang wus sidik ||

22. apa têgêse bismilah | lan têgêse sukannalah puniki | pan têgêse rahsa niku | lawan napi esbatnya | lawan apa têgêse sadat puniku | lan apa têgêse salat | têgêse ngakir puniki ||

23. apa têgêse jinabat | lawan apa têgêse niyat iki | têgêse pangeran iku | têgêse dunya kerat | lan têgêse mukaranah iya iku | lan têgêse rasulullah | têgêse ekram puniki ||

--- 240 ---

24. lan apa têgêse salat | lan têgêse wong jumungah puniki | pira kabèh jungahipun | mulane ana jungah | saking ngêndi asale jumungah iku | yèn tan wruha nora Eslam | mêksih sirik mêksih kapir ||

25. sakathahing pitakonan | sêmoning wong lalawura puniki | dèn kaciptèng manahipun | ajana kaliwatan | yèn ta lamun nora ambuka sirèku | sasar-susur kawruhira | kang wus waspadèng ing singgih ||

26. sampun ingujar sakêcap | sarwi rahsaning sasmita puniki | apan ta sira puniku | Alah iku ya sira | rasulullah pan iya sarira iku | bismilah sira punika |

--- 241 ---

patekah sira puniki ||

27. sawirahsaning sasmita | kabèh-kabèh apan sira puniki | aja sisip têmbenipun | satêmah sira sasar | aja klèru ing pangucap sira iku | aja dumèh muni sira | dèn wruh têgêsira nênggih ||

28. yun wruh pisah tunggalira | apan sira dadi wêrna sayêkti | saingga siya puniku | aywa gêgampang môngsa | aja dumèh-dumèh muni sira iku | arungsit têgêse sira | akèh anggampangkên singgih ||

29. yèn sira durung prawira | atakona ing wong kang sampun yêkti | ngupayaa sira iku | kang wong alul mulana | atakèna ujaring basa puniku | poma ungsêdên kang nyata | artine basa puniki ||

--- 242 ---

30. Sèh Sumitra saya padhang | amirsakkên kojahira Jatining | saya sru ing ajrihipun | awlasasih turira | inggih tuwan lajêngna manginggilipun | adan kalihan Hyang Suksma | Jatining anyênggarani ||

11. Dhandhanggula

1. lamun yayi wus waspadèng jati | sariranira dipun kawangwang | iya iku lalirone | sampun ta yayi korup | raganira kawula jati | apan kêmbar lan Suksma | jumbuh yèn dinulu | dipun waspada ing Suksma | kadyaganekadyanggane. kadi atal lawan siti | lir kêmandhang lan swara ||

2. anglir tikantigan. ing sawung puniki | apan inggih agalang-gulungan | nanging tan nyaci parêke | liwang-liwung gumulung | mêngko sira wus dadi pitik |

--- 243 ---

samêktaning busana | iku ta winuwus | lah ta yayi dèn waspada | tinrimaa idhêpên dipun pinanggih | ing ngriku gènira aprang ||Lebih satu suku kata: ing ngriku gènira prang.

3. ingkang ewuh ing dunya puniki | amung siji pan mungguh panrima | anging panarike rêke | rupane Suksma Agung | kaya sira rupane Widhi | lir camêdhak pinôngka | uwitipun jumbuh | kadi sukun lan kluwihnya | nora beda sairip warnanirèki | lir kalak lan kênanga ||

4. nora beda sira lawan nabi | lah ta yayi sira dèn waspada | abeda miwah tunggile | lir kêpithing lan yuyu | sukmanira dipun adani | kang tumrap anèng raga | alêmbut dinulu | dudu êroh dudu jasat | anglir sêkar

--- 244 ---

warnane lan gandanèki | puniku yun waspada ||

5. ingkang mangkana ananirèki | lah ta yayi mijil saking ora | mulih maring eraora. rêke | sakèhing wong bêburu | ujar iku dèn wuri-wuri | ciptane wong satêngah | idhêpe wong iku | ana iki saking ora | raga iku mulih maring ora mulih | puniku dèn kêkudang ||

6. sampun kenyut yayi kapalintir | kang ngrasani sajatine nora | iku jatine ewuhe | keron ujar puniku | kang sampurna tan ayun mulih | tan nyanyipta mangkana | kanggêpe winuwus | ing tingal sungsun-sungsunan | poma yayi paningal ikang rakêsdikakêsdik. | sampun kirang prayitna ||

--- 245 ---

7. salat ati sun awas sirèki | salat iku apan sundha tiga | tur ta adi-adi kabèh | sêmbah puji puniku | kadi tirta saking ing ardi | mili dhatêng sagara | sêmbahe wong iku | akèh kandhêg ing sawangan | salat jati ing têlêng pêrnahirèki | pilih wong kang tumêka ||

8. jroning salat yayi pati gêni | kadi angubêk toya ing dangdang | lah rêke mêngkono bae | ajaa kadi kukus | wêdalipun saking ing gêni | kang ora dadi ana | lir siti lan banyu | anglir oyot mêtu toya | awakira lir suksma dipun pakeling | apan tigaltinggal. rêraga ||

9. panguwasaning ngèlmu puniki | lah ta rêke kadi [ka...]

--- 246 ---

[...di] gêni mubal | urube lawan mawane | panase dèn kadulu | kukusipun dipun udani | padhange kawruhana | prabedane iku | patine dipun prayitna | iya iku anyukup sakèhing wêdi | paran kang winicara ||

10. sampun yangyang amangeran dhiri | lah ta rêke anglindhung ing Suksma | tan wêruh rina wêngine | malih ingkang winuwus | apan iku lamun rinicik | aja ngaku Pangeran | aja ngaku suwung | miwah rêke yèn kasdua | muna-muni puniku dipun pakeling | yèn sira yun waspada ||

11. kang sampuna kadi wong aguling | lan wanodya praptèng cumbananya | sirna kari sakarone |

--- 247 ---

dene kandhuan lulut | awak rêke dipun abêcik | ing panarimanira | ewuh ujar iku | rasa jati lawan Islam | idhêp madhêp suprandene akèh kapir | idhêpe sok dèn tawa ||

12. anyawangi kutub wali-wali | atapa idhêp sajroning nala | yayi dèn eling patine | pati tuwan wong iku | suksma iku pinurwèng jati | pana kanthi Pangeran | siyang lawan dalu | amuji lawan Pangeran | upamane anglir dhalang amucuki | durung aran ki dhalang ||

13. sukma dharat nabi kang aluwih | lah ta yayi sira pangidhêpan | sampun tungkul sira rêke | dèn èsthi solahipun | pan Pangeran awêlasasih |

--- 248 ---

marma dadia kadang | iku wong kang luhung | amêmitra lan Pangeran | wêkasane amêmitra karoning sih | murca tanpa jamuga ||

14. yèn têmua sun idhêpirèki | iku rêke Suksma kang sanyata | ingaran ujare rêke | wau ta kang winuwus | kawulane anyikêp Widi | angêkêp awakira | malah galang-gulung | Hyang Suksma mangkya ngandika | aja sira ing rêke nyikêp mring mami | cêkêlên wakira dhawak ||Lebih satu suku kata: cêkêlên wakmu dhawak.

15. yèn kadulu kang sariranèki | apan ingsun pan mèlu katingal | apan iya patitise | aja nyikêp maringsun | têka sira nyikêpa dhiri | ingsun pan mèlu kêna | yèn sira andulu |

--- 249 ---

ingsun mèlu katingalan | lamun ora mêngkono andulu dhiri | yêkti sira kasasar ||

16. kang kêsasar pralambene ugi | lah ta yayi kadi wong angudangangundang. dhalang |Lebih dua suku kata: yayi kadi wong angundang dhalang. angundang wong mayang rêke | tan wruhi dhalangipun | kang angundang kinèn angringgit | mêngkana kang paningal | aywa kèh kadulu | anging Pangeran kewala | ingkang asih ing awakira pribadi | anglir angilo kaca ||

17. wêwayangan dipun ling-alingi | lah ta yayi tan wontên bedanya | bab rêke mangkono bae | sêmbah lawan amuwus | dadi puji anugrahani | kang wus wasis ing solah | dadi puji iku | sêmbahe rasa punika | yayi dipun waskitha ingkang sayêkti | sampun apindho karya ||

--- 250 ---

18. akèh mêtu yayi maring sêpi | lah ta rêke pan ayun uninga | isine sarira rêke | juru gêdhong puniku | pasênêp tan ing jiwa dhiri | singa dèn lakokêna | wusana ing ngriku | kirang napa mantri jaba | nanging pilih-pilih ingkang udani |Kurang satu suku kata: nanging pilih-pilih ingkang wus udani. pasênêtan punika ||

19. Sèh Sumitra pan saya birai | miyarsakkên ing wirayatira | Jatining kèh pituture | wusana tingalipun | kang katingal sampun kalingling | kang ginêdhong gumawang | langkung sukèng kalbu | Sèh Sumitra aris turnya | lah ta tuwan banjurna manginggil malih | amba langkung kasmaran ||

--- 251 ---

12. Asmaradana

1. Jatining mèsêm lingnya ris | yayi sira kawruhana | kang ngèlmu puniku rêke | duk saking mulane sira | prênahira duk nora | dèn awas sira ing tuduh | nora kêna sumambrana ||

2. kang ngèlmu mulane dadi | pundi kang ngèlmu punika | dudu johar jisim rêke | dudu nyawa dudu suksma | pan dudu uripira | yun awas sira puniku | kang ngèlmu liwat agawat ||

3. sampun papeka ing wangsit | dèn wruh kamulyanya dadya | kala mulanira rêke | lah êndi pinangkanira | yèn sira nora wikan |

--- 252 ---

wêdhus alas pamènipun | lir lutung kêlambi tambal ||

4. solahe kaya wong Ngarbi | akrubyuk kêlambi jubah | tarêbang dadi kartine | jungkat minôngka panggalak | sura dadi suwakan | pêksane awas Hyang Agung | artine lir susuh manyar ||

5. pira lawase ngaurip | pan wikan mulane ana | rèhning gêsang kèh panglinge | tan wikan lamun uninga | tan pêgad ing wardaya | luwih sasar wong puniku | katungkul ing babingkrakan ||

6. garap sastra datan yêkti | mangsine ginawe ngomyang | kalamira tanpa gawe | apan kinarya elingan |

--- 253 ---

prih kandêle têsbèhnya | sujut rukuherukuke. ginunggung | kinarya eling-elingan ||

7. karsane lunga ngabêkti | sêdya panggih lan Pangeran | angaturakên sêmbahe | lampahipun kata sarak | puwasane dèn kudang | pêksa awas ing Hyang Agung | kalurung tambuh parannya ||

8. polahe kaya salindhit | kawuwuh kaya likasan | nora pêgat menga-mengo | anêmbah tan wruh ing sarak | kaya wong katarima | lêngar-lêngêr tingalipun | kaya wong kas samudana ||

9. kang sampun awas ing Widhi | miwah ing gandane wong kang | iya iku karênane | kang sampun sirna

--- 254 ---

ing kana | tita môntra panêmbah | tan ana liyan kadulu | amung jasade kewala ||

10. pundi sampurnaning urip | lan pundi paraning pêjah | yèn tan wruha sinêdyane | pususên sariranira | amrih waspadèng tingal | dèn awas sira andulu | mrih parana ingkang lunga ||

11. wontên malih kang ngawruhi | sampuna marani tisna | anitis maritis rêke | amung gênaha mrayoga | anyakrawati ika | lawan amba ing dhêk dhèku | kabèh iku padha sasar ||

12. aja sira milang jisim | aja tungkul milang sastra | miwah sipating Hyang Manon | lan aja sira angucap | iman tokit makripat | puniku [puni...]

--- 255 ---

[...ku] pan sasar agung | aja tungkul ing dat sipat ||

13. polahe kaya wong singgih | kaya wus têka ing olah | miwah ing Mukamat rêke | tingaling wong kêsawuran | idhêpe kêlap-kêlap | nanging apêksa kumawruh | idhêpe wong kapir kawak ||

14. kang sampun awas ing wangsit | dadak kêkathahên ujar | madhêp sawiji uripe | datan wontên kauningan | tan wontên kapiyarsa | wus awas dènnya andulu | ya iku tingal sampurna ||

15. tingal jati tanpa siring | waspada jatining tingal | wusirnawus sirna. kaanane |Kurang satu suku kata: wus sirna ing kaanane. tunggal tingaling [ti...]

--- 256 ---

[...ngaling] panêmbah | lawan ananing Suksma | anêmbah ing dasihipun | anêmbah ing Hyang Sukma ||Kurang satu suku kata: anêmbah maring Hyang Suksma.

16. êndi sêmbahirèng dasih | êndi sêmbah katarima | kang suka katrima rêke | pundi ta sêmbahing Suksma | miwah lamun kawula | apan pisah sampun kumpul | iku gène mukaranah ||

17. yèn tan wruha sêmbah pêsthi | upamane kaya kewan | kêbo sapi kuda gudèl | tanpa tuwuh sampurnanya | mungguh suka nèng ngandhap | alumuh têtakon iku | ngêgungakên dhirinira ||

18. lan dèn bisa ngaji peling | ing purwa madya wêcanawasana. | tiga iku aywa supe | ing

--- 257 ---

prakara kabêcikan | gêntinên ing wardaya | nadyan gantalnanagantalana. taun | yèn lena sapêrti kewan ||

19. kang eling musthikèng jalmi | kang punapèkmunapèk. lir wêraha | awor kalawan wong akèh | pêksa gumunggung gumisa | sukan aranana mudha |Lebih satu suku kata: sukan aranan mudha. sukan aran sakit kalbu | tan wirang marang sujanma ||

20. iya rèh urip puniki | tan wande têkèng sêmaya | angajia disikdhisik. rêke | nora wande raganira | dèn anon minton sira | tan wande omah ing kubur | bêcik takon mupung gêsang ||

21. supaya ngêrtia sami | sampun katungkul pêpeka | kang kitab [ki...]

--- 258 ---

[...tab] markum raose | puniku pan luwih eca | ing wong alul ngibadah | rêraosan kang puniku | poma yayi dèn graita ||

22. lah sampun marata wiwit | arsa nuwuhakên lampah | puniku wus cukup kabèh | sagung wawulang manira | nging yayi dèn prayitna | angèstokêna satuhu | aywa rêke sumambrana ||

23. Sèh Sumitra angabêkti | ngrangkul suku ris aturnya | pangèstu tuwan kimawon | nanging yèn parêng paduka | mugi tuwan wangsula | Jatining saurira rum | sok ugi yayi slamêta ||

24. ya ta jawab tangan nuli | ri wusnya sigra

--- 259 ---

lumampah | Sèh Sumitra ngatêrake | praptèng ngandhaping aldaka | ya ta lajêng lampahnya | kang tinilar kari mangu | ênêngna wus wangsul nulya ||

25. Sèh Sumitra migahminggah. ngardi | ya ta ganti kang lumampah | Jatining darung lampahe | kapungkur ingkang aldaka | angambah têrataban | abyor branang sri dinulu | ingkang sêkar kumalata ||

26. tan wus langênirèng margi | ya ta lêpas lampahira | sêmana miyat ing dhukoh | alit anèng pinggir jurang | lami dènnya mratapa | wit kapatèn rabènipun | marma tapa anèng wana ||

27. tanpa rewang mung pribadi | duk anom [a...]

--- 260 ---

[...nom] pan kongsi tuwa | langkung têtêp ibadahe | siyang dalu datan owah | awasta Nur Jariyah | lami dhadhukuh nèng ngriku | datan wontên karyanira ||

28. mung sêmbayang rina wêngi | ingkang pinangan kêlêman | rong taun iku lamine | gènira tan kalêbon upa |Lebih satu suku kata: gènira tan klêbon upa. langkung kasutapanya | kang cinipta siyang dalu | amung sihira Hyang Suksma ||

29. Nur Jariyah apan lagi | nèng têgal andhangir kênthang | jagung kimpul lawan otèk | ya ta Jatining wus mara | mring gèning kaki tuwa | Nur Jariyah kagèt dulu | anon tejane kang prapta ||

30. wus narka oliya luwih |

--- 261 ---

ya ta ris gènira tanya | ta nak katuran pambage | ing wuri pundi pinôngka | ngajêng paran sinêdya | Jatining alon turipun | manira rêke wong mahang ||

31. tan wontên kasêdya yêkti | lunga nut karsaning lampah | Wanasari duk wantune | Nur Jariyah anglingira | yèn parêngipun anak | prayogi pinarak gubuk | sipênga wisma kawula ||

32. enjing sakarsa lumaris | pan sampun sontên punika | atêbih sasipêngane | Jatining saur sumôngga | ya ta sarêng lumampah | sapraptaning wismanipun | Nur Jariyah gêlar klasa ||

33. sampuning [sa...]

--- 262 ---

[...mpuning] ngaturan linggih | Jatining rêsêp tumingal | arêsik cèkli wismane | langgare dhèpèl ing wisma | ya ta wusnya sêmana | mahrib wau wayahipun | kalihe pan sami salat ||

34. Jatining ingkang ngimani | pan kongsi praptèng ngisanya | wus bakda sêmbah kang rêke | lajêng nyugata kêlêman | uwi jagung kêtela | gêmbili talês lan kimpul | samya nèng tampah adhacah ||

35. Nur Jariyah ngatag nuli | lah dawêg dhahara anak | pun bapa tatêdhanane | kang liningaliningan. saur nêdha | ya ta sarêng adhahar | sawusnya Ki Nur amuwus | anjèrèh ing pangawikan ||

--- 263 ---

36. angrasani babing urip | urip tan kênaning pêjah | lan takèn Sukma jatine | Jatining ris saurira | agawat ujar ika | kathah kang bisa cêlathu | nanging timbuling tan mirsa ||

13. Maskumambang

1. wontên kojah ing badane dèn pêpati | badanira suksma | ngrasa ing sajroning urip | uripe wus kêbak Alah ||

2. kang wus têka ing tingal tan kêna pati | patining agêsang | tansah amurba pribadi | iku sajatining Suksma ||

3. Suksma iku pakumpulaning ngaurip | uriping ngagêsang | têka ing rasa sajati |

--- 264 ---

rasane sariranira ||

4. mèdhèng-mèdhèng Pangerane dèn ulati | kêlurung kêliwat | dèn nyana urip kêkalih | ngêndi gone yèn nikia ||

5. nêpsu ilang badane sapêrti mayit | wurung rasa mulya | kadi madu rasanèki | liringe ngimbuhi jagad ||

6. midêr-midêr mring sagara tanpa têpi | alinggih bêngawan | arèrèn ing tamansari | dadine mêdal ing rupa ||

7. rupa iku timbang lawan rupa jati | rupa rinupana | rupa mapan rupa jati | rupanira anèng ngarsa ||

8. dulu-dulu kang dinulu aningali | padha dulu cahya | lan sêgara tanpa têpi | sarahe

--- 265 ---

kentir puyêngan ||

9. bumi ngandhap lintang ngawal anèng langit | wulanira jênar | srêngengene balêrêngi | ngèlmune cahya lir mulya ||

10. lir sasôngka upamane bumi langit | padhang mèlu padhang | panglong tingal milu mati | purnama sajênêngira ||

11. jagat iku kawimbuhan ing sakalir | kawimbuhan ika | duk sira kayuning kapti | ingaran tokiting iman ||

12. rupa iku maring ing wujuding batin | rupa kang rinupa | rupa tunggal jatinèki | purwaning badan sanyata ||

13. kawruhana kang urip kêna ing pati | yèn sampun palastra | kang urip tan kêna pati | waluya amulih [a...]

--- 266 ---

[...mulih] tugal ||tunggal.

14. panunggale tan kêna pilih-pinilih | tunggal ing panunggal | tunggal ikang samya urip | jatine sapa wêruha ||

15. nugrahanya kajatènira kêkasih | sakèhing graita | kalêbu sagara tasik | ing jro elok ing lautan ||

16. pinangkane tandhane anèng jro tasik | asalin paningal | asalin pangucap iki | pan sampun asalin rasa ||

17. rasa mulya kang dèn prih kang dèn ulati | kapanggih kang rasa | rasa jati tan kapanggih | kang ana iku ing rasa ||

18. tranging rahsa prênahe ati kang suci | lir wêwadhah kaca | ingisenan madu jati |

--- 267 ---

rêmbêse katon ing jaba ||

19. tunggal katon wêwadhah kalawan isi | ing jro lulut tunggal | mapan sampurna ing jati | saking sih marga sampurna ||

20. kang tan awas ananing Hyang dèn rasani | miwah sipat asma | ginunggung pinuji-puji | puji iku alam padhang ||

21. dèn ulati ananing Hyang kang kapanggih | wênèh ana ngalas | sawênèh agung nastiti | dèrèng panggih lan Pangeran ||

22. kang mangkana pujine wong kang wus luwih | mênêng lan angucap | tan ana bedane ugi | sasolahe iku sêmbah ||

23. yèn alinggih alinggih nucèkkên ati | iya ing rahsèng [rah...]

--- 268 ---

[...sèng] tyas | kaanane Hyang kapanggih | tan pêgat sih rèng Pangeran ||

24. kang antuk sih nora pati dèn tingali | nora anggraita | ing rina kalawan wêngi | iku dasih kinasihan ||

25. Nur Jariyah anjêngêr tan kêna angling | langkung ajrihira | umatur amêlasasih | dhuh anggèr botên anyana ||

26. yèn pun bapa tamian ngulami luwih | prasasat nugraha | kang dhawuh pun bapa yêkti | madhangkên ing tyas kawula ||

27. kathah kang wong kampir sami dèn takoni | awis kang ngêrgancang | anjèrèh wêwah ngribêdi | mangkyamba angraos padhang ||

28. Jatiêning mèsêm saurira aris |

--- 269 ---

paman langkung nêdha | saking pagunggungirèki | manira iki pan darma ||

29. inggih saking karsaning Hyang Maha Suci | Nur Jariyah tanya | amba nuwun wêjang malih | wontên ta kawruh gandhengan ||

14. Kinanthi

1. wontên pawarta puniku | sangking kadim para wali | ujare kawruh punika | duk sêlagi mêksih napi | nênggih pundi pêrnahira | kawula dèrèng udani ||

2. wiraose kang puniku | kathah wong dhatêng ing ngriki | tan wontên ingkang uninga | Jatining saurira ris | lah dawêg paman bubarna | kawula ayun miyarsi ||

3. Nur Jariyah alon [alo...]

--- 270 ---

[...n] muwus | nênggih sadurunge dadi | suwarga lawan naraka | apan durung ana dadi | ing ngriku apa kang ana | dhingdhing jalal durung dadi ||

4. Adam lan Kawa puniku | apan durung ana dadi | Alah kalawan Mukamat | apan dèrèng wontên sami | apa kang anèng sêmana | lawan ingkang kaping kalih ||

5. apa kang jumênêng ngriku | êndi kang wus ana dhingin | sawusing ana punika | sapa ingkang anêksèni | lawan dumadine ika | apa dinadèkkên dhingin ||

6. lah anggèr jarwakna tuhu | têgêse basa puniki | Jatining mèsêm lingira | yèn paman dèrèng udani | sadurunge [sadurung...]

--- 271 ---

[...e] ana jagad | pan ngèlmu kang ana dhingin ||

7. duk maksih ya awang-uwung | kabèh durung ana lair | sayêktine ingkang ana | nalar ingkang ana dhingin | duk durung jumênêng ika | kahar aranira nênggih ||

8. apêngal iku ranipun | duk karêm maksum wastaning | apan irêng sipatira | kahar ijo sipatnèki | kang ngèlmu kuning sipatnya | kamal sipatira putih ||

9. sipat sakawan puniku | durung ana bumi langit | swarga kalawan naraka | apan durung ana dadi | ngakerat pan durung kocap | Adam Kawa durung lair ||

10. Alah lan Mukamat iku |

--- 272 ---

sadaya pan mêksih napi | mung sipat napi kang ana | nging dèrèng kaana yêkti | hèski jênênge punika | lan jawarèh namanèki ||

11. lawan duk kumpule iku | rabingu ujudirèki | kang dhingin winastan kahar | amal ingkang kaping kalih | jamal ingkang kaping tiga | kaping pat jawal puniki ||

12. têgêse jamal puniku | maring kaelokan adi | têgêse jalal kagungan | kamal sampurna lirnèki | liring kahar wisesanya | amisesa ing pribadi ||

13. andadèkkên karsanipun | sakêdhap tumulya dadi | marmane ana sahadat | lawan sipat [sipa...]

--- 273 ---

[...t] rong prakawis | hèski lan jawari ika | ... ||Kurang satu baris ke-6: 8i.

14. winastan nugraha luhung | myang kanugrahan kang dadi | ing kono jumênêngira | wujuding kawula gusti | asma ingasma priyôngga | têgêse ing sipat lair ||

15. awarna rupa pan sampun | basa swara pamirsèki | dumadya pan sinêksènan | kalawan kang anêksèni | puniku lah kawulanya | sunat parlu dadinèki ||

16. dadi bobot alam iku | marang manungsa sayêkti | sunat parlu lan apêngal | mring makluk tibanirèki | sunat lan parlu punika | pêrlu wajib tinon ugi ||

17. sukur

--- 274 ---

bab sunat lan parhuparlu. | sampun salah tômpa ugi | amawasa dèn waspada | sunat parlu anyêlaki | marang Kang Amaha Mulya | tinimbangkên manungsèki ||

18. sunat gêlaring Hyang Agung | gêntine Suksma puniki | ingkang ngambil ing kagungan | lan kang aran Suksma jati | jatine pan iya ika | iya iku iya iki ||

19. yèku kang duwèni wujud | daim makripat lan tokit | iku kaelokaning Hyang | duk dadèkkên nyawanèki | nyawa roh ilapi ika | ya Suksma suka ningali ||

20. mring sipate dhewe iku | mangkana dèn busanani | busana catur [ca...]

--- 275 ---

[...tur] prakara | Hyang Suksma ngandika aris | iya ingsun iya sira | ya sira ya ingsun iki ||

21. apan sampun sabiyantu | saengga prayèki kalih | sêmu merang gya grênêmang | ngrêgêm lasi rasa kalih | punapa paman lêrêsa | bapa kawula puniki ||

22. anging ta aywa agunggung | sasar yèn tan ngati-ati | amung ngame ing satêngah | nênggih kang basa puniki | yèn patitis patinira | ujare kang basa kadis ||

23. puniku ayun sumurup | kang ujar rêke puniki | basa puniku agawat | yèn tan wruh sumurup nênggih | pan [pa...]

--- 276 ---

[...n] mindhak nasak bêlasak | lir pêksi mibêr tan pamrih ||

15. Dhandhanggula

1. nênggih paman yun ngawruhi malih | sampun pangling rêke sasurupan | yun awas puniku rêke | pan ewuh takèn dunung | lawan ora kalawan misik | lir kinjêng tanpa soca | pan parane nglangut | poma rêke dèn prayitna | basa iku mapan tan kenging kawijil | yèn durung mati raga ||

2. nanging poma paman wêkas mami | sampun mungkul gènira sêmbayang | dipun ana wêkasane | tan ana wandenipun | lara pati dipun lakoni | tan ana jênêngira |

--- 277 ---

tan wande yèn mantuk | nora lara nèng dunungan | anèng dunya marmane yun angawruhi | aja sah pagunêman ||

3. pagunêman lan mitranya sami | amung rêke tan purun tanya |Kurang satu suku kata: amung rêke tan purun têtanya. andulua sastra aèng | sastra minôngka wuruk | aja kandhêk asila singgih | puniku ulatana | rêke sampun tungkul | aywa kèlu ngandhap-andhap | dèn sung driya wong iku luntura kang sih | asraha jiwa raga ||

4. supayane yèn antuka wisik | yèn tan nêmên môngsa dèn wêjanga | lamun tatan. sarèh pamrihe | ewuh wong takèn dunung | marga durung sidhêm lan wêrit | pirantine [piranti...]

--- 278 ---

[...ne] kang têka | nênggih sampun tungkul | poma rêke dèn waspada | raga kita yèn lunga sipêng ing margi | môngsa wandea pulang ||

5. marma rêke nèng dunya dèn eling | sampun sira karya dora cara | dadi panêngêran gêdhe | tan kandêl amrih ngèlmu | nora kaya ingkang aririh | sayêkti akèh wêlas | yèn mêngkono iku | pan kolur pamurukira | yèn mituhu kang mulang saya wlasasih | lan sinihan ing Suksma ||

6. iya dene wong têmên puniki | uga guru wong kang sampun pana | dadya wruh panjing surupe | akèh lire gaguru | kang sawênèh tatèki-tèki | asring takèn [ta...]

--- 279 ---

[...kèn] pandhita | tan ana potipun | atakèn ngèlmu kang nyata | ewuh têmên arang kang wruh surupnèki | nênggih kêbak dunungan ||

7. nguni paman manira amanggih | lamun rêke kang praptèng sêmaya | akèh kang katingal rêke | warna-warna dinulu | palawangan akèh kaèksi | pan ana lawang kêmbar | nami warnanipun | pan samya pucak kêncana | sor-sorane intên jumêrut pan adi | poma ywa kandhêk sira ||

8. aywa kandhêk lawang loro kaki | ana malih lawang ginapura | dèn èngêt ing kono rêke | sakêdhap tan asantun | nulya kita ningali masjit | gumantung ngawang-awang |

--- 280 ---

tanpa canthèl iku | lêlangsène endah pelag | kang kinarya langsir bang pan langsir kuning | putihe taturutan ||

9. liyêp-liyêp dinulu pan asri | pêlawangan ingkang mêsjit tunggal | bisa mênga minêp dhewe | dinulu katon mancur | kadi wulan purnamasidhi | katrangan dening mega | lir têrgana kumpul | katon liyêping asmara | katingalan lan mêsjit dinulu asri | sakêdhap narik napas ||

10. lamun sira narik napas nênggih | rikating sih rupane dèn awas | marang rupanira dhewe | poma-poma puniku | aja lali ing jajijanji. peling | kawruhana dènira | pôncadriya [pôncadri...]

--- 281 ---

[...ya] agung | sampun kandhêk pôncadriya | sampun kongsi kongsi kamanungsan nênggih | srahêna jiwa raga ||

11. sampun lali ing namanta singgih | sampun rêke ngasarakên sastra | aja tungkul sastra bae | yèn dèrèng antuk tuduh | marma ayun angawikani | rumôngsaa punika | lamun anèng dunung | ora wurung têkèng têmah | raga kita ora wurung lamun mulih | marma ayun waspada ||

12. kang wangsit rêke saengga ngipi | tansah rupane dhewe kawangwang | pralambene turu rêke | sajroning turu iku | arêrasan nikmating urip | saniskara katingal |

--- 282 ---

sajroning aturu | nora beda pêjah gêsang | kang wus awas amrih badane pribadi | yèku wêkasing Suksma ||

13. wus pinasthi wong puniku singgih | yèn wong lara pangantêpe têka | iblis lanat katon rêke | anata pindha guru | wênèh rupa ibu lan kaki | nini bapa lan sanak | myang pindha sadulur | tanna angajak lêlungan | ayun têtêp imanira aywa gingsir | iku tingal sakarat ||

14. poma rêke kalamun asakit | iya iku tingal kang sêkarat | wênèh andulu ngèlmune | akèh lire kadulu | yèn kapecutkapencut. tingalirèki |

--- 283 ---

dadi mring panasaran | kang agama dudu | yèn tingale wong sampurna | jroning pati dahana panggih-pinanggih | wus katingal sampurna ||

15. poma rêke yèn prapta sayêkti | aywa pêgat rêke dhikirira | dèn eling marang kang gawe | dipun eling ing tuduh | ngurêbana ujar kang yêkti | kawruhana dèn awas | ing sakarat iku | sampun pangling ing Pangeran | duk ing kina ana wong kojah mring mami | lir wong mocung wicara ||

16. Pocung

1. wicarane rêke kang marah maringsun | tanpa tuk jalaran | lir pêksi miyak mong singgih |

--- 284 ---

milya patuh tan wruh paraning sasmita ||

2. kadim nujum sing wuda kadona dangu | dadi ambêlasar | dèn ilo-ilo puniki | tanpa tutur katungkul dènira mayang ||

3. wicarane lunga nalimpang wulangun | amanggihi dhalang | ayun nanopèng pribadi | apan kêndhêk sêdyane ayun nontona ||

4. duk maune lêkas ki dhalang andulu | tuhu tanpa rowang | kinudang pribadinèki | amêtokkên sasolahe dhèwèkira ||

5. dadya mangsul ki dhalang lêkas atapuk | kagyat kang tumingal | pêkik warnanta sayêkti | akèh pandung dinulu dede ki dhalang ||

--- 285 ---

6. mangke mangsul ki dhalang asalin tapuk | sangsaya kagiwang | umiyat ing warna salin | aglis wangsul ki dhalang asalin warna ||

7. mangke campuh kang andulu kadi kagum | tumiling kang rupa | kang ala tuwa yun pêkik | ana wungkuk ana cebol ana wuta ||

8. nora pêgat kang sêtine pan lumintu | pan akèh solahnya | sasolahe gêgawoki | saya katut tingale pangling ki dhalang ||

9. pacuh ingsun aningali kang anapuk | mangke kang graita | anonton ing panonnèki | pan sawêgung salahe nonton sasmita ||

10. ana wuwus sapa kang macuh

--- 286 ---

puniku | pan nanging ki dhalang | suwene katotonkatonton. nênggih | topèng iku anane padha lan ora ||

11. andêdawa ki dhalang anyambi bingung | basa malih rupa | kang dèn gêgawok prasami | ingsun kerut milu tingale wong edan ||

12. apadudon akèh wong kang katêlanjur | ingsun pan kagiwang | dening manah pêparon sih | yèn sun dulu katon dudu katon iya ||

13. agya kerut gènnya aningali tapuk | pan iku loropan | dènnya dudu tingkahnèki | topèng iku nora tunggal nora rupa ||

14. aywa tan wruh nênggih

--- 287 ---

kang badan puniku | yêkti sira bunar | wus tunggal kaanan jati | mapan ewuh panunggale lan bedanya ||

15. tunggalipun dene tan sawalèng kayun | katungkul solahnya | lir cêrmin kang ngilo singgih | bedanipun anuduhakên paesan ||

16. lamun sampun waskitha jatining tapuk | yêkti sampun nyata | kajatènira karon sih | iya iku paningale kang sampurna ||

17. dèn akukuh tingalira dèn atangguh | aywa kajênakan | dènnya nolih panon nênggih | aja kawut aja kari aja liwat ||

18. lan sing sapa

--- 288 ---

kang wikan uwong nênapuk | iku wus mardika | wong iku wus praptèng yêkti | dadya kupur mukir lyan pan saking sira ||

19. linglang-linglung tan wikan ing lor lan kidul | kalih kalênggahan | aglis pan ayun ngêntosi | kadêlurung solahe pan suku tunggal ||

20. anging iku gawene arêp mamucung | tan lyan kang sun pinta | apuruhita ing batin | parêk ingsun padha ingaranan bisa ||

21. lintang sungkan ingsun yèn ana kang gunggung | sajiwarèng jiwa | karsa pamuji pinuji | tur sumêngguh atêmah nimbrah ing mata ||

22. raganingsun yèn paria pari gabug | nir don dènnya tuwa |

--- 289 ---

anging dènnya katon sêpi | anèng ngayun ingajèn dening atuwa ||

23. yèn sastraa raganingsun pada agung | andhêge kewala | agêng aluhur tan pamrih | anèng ngayun kang luhur gora kawaca ||

24. sapa ketung inane sariranipun | mapan wus atuwa | yèn ringgita kayunèki | anèng ngayun aluhur ora kawilang ||

25. kathah lamun ngucapna sariraningsun | angepon sih sira | misan idêr takèning sih | awêkasan manira kalong-kalongan ||

26. pan sêdalu Jatining gènnya pitutur | ambabari rasa | Nur Jariyah wus mangêrti | pan rumangsuk rumêsêp anèng angganya ||

--- 290 ---

27. duk sêmana pukul lima wayahipun | mega bang sumirat | kalih salat subuh sami | sabakdane lajêng pinarak ing langgar ||

28. Jatiêning aris wau wuwusipun | lah paman kantuna | manira nutukkên kapti | poma-poma ing kawruh aywa sêmbrana ||

29. pan wus cukup kabèh ing pitutur ingsun | nanging pirabara | yèn sêlamêt ingsun bali | sun jatèni kawruh ing dhuwur punika ||

30. yèn tan wangsul susulên mring wismaningsun | ya ing Wanasêkar | Nur Jariyah matur aris | inggih mugi dhatênga ingkang sinêdya ||

31. nanging mugi mampira malih nak ingsun | pun bapa mèh padhang | sarêng paduka [pa...]

--- 291 ---

[...duka] erangi | ngundhung-undhung ngèlmu ingkang kinanthongan ||

32. saking anggèr wlas pun bapa kenging cinthung | lami ngathang-athang | katuju anggèr dhatêngi | anggêbagi ing bubungbumbung. pêtung markita ||

33. sru gumujêng Jatining ngandika arum | kawula pan darma | Hyang Suksma kang akèn mampir | nahên sampun samana ajawab tangan ||

34. ri sampunnya mangkat Jariyah tut pungkur | wangsul jawi dhadhah | Jatining lajêng lumaris | wus kapungkur ing wana Krêndhawinata ||

35. lampahira lajêng sumêngkèng ing gunung | mudhun margèng jurang | pêpèrèng sitinya miring | curi-curi têla-têla margèng gawat ||

36. pan andarung lampahe [la...]

--- 292 ---

[...mpahe] anjujur gunung | sumêngkèng ing jurang | tan ana baya kaèksi | ya ta kagyat anon kukus lamat-lamat ||

37. enggar tyase ya ta lajêng lampahipun | nêngna kang lumampah | cinatur ingkang palinggih | nèng Serangan awasta Sèh Mahmujerah ||

38. duk waune pangulu Bagêdat iku | dinosan mring nata | lêpat dènira ngukumi | marmanipun dhadhukuh anèng Serangan ||

39. dhukuh alit mung pèndhèke apêpitu | sami nak putunya | kewala atrêsna sami | mêsjidipun alit angungkang ing jurang ||

40. Makmunjerah rina wêngi anèng ngriku | anêdha Hyang Suksma | sagêda

--- 293 ---

mulih mring nagri | ingkang mugi antuka apura nata ||

17. Sinom

1. Sèh Ngarip ingkang winarna | samana karsa amampir | marang ing dhukuh Serangan | ya ta laju lampahnèki | sêmana sampun prapti | jujug masjid wus apangguh | kalawan Mahmunjerah | nulya uluk salam nuli | jawab tangan ri wusnya atata lênggah ||

2. langkung kagyat Ki Sèh Jerah | anon cahyane kang prapti | nulya ris dènnya têtanya | wisma myang namanirèki | Jatining wus awarti | nama tuwin wismanipun | Jatining malês tanya | Sèh Jerah anulya warti | kamulane Jatining angrês ing driya ||

3. owêl kang wau pitapa | ing mangke apan nglangkungi | ing galih pan têpa-têpa |

--- 294 ---

nêngna samana wus mahrib | dyan sami salat malih | praptèng ngisa bakda sampun | lajêng atata lênggah | Sèh Jerah nyugata bukti | Jatiêning ngecani anulya dhahar ||

4. ri sampunnya linorodan | gantya kêlêman sumaji | uwi gêmbili katela | kimpul kênthang lawan linjik | apan dhinahar sami | sinambi agunêm ngèlmu | Sèh Jerah kang ababar | ambabar kawruhe sami | lah ta anak puniku kawruh manira ||

5. pangandikane Hyang Suksma | bumi lawan langit iki | tan emut tingal naning Hyang | anging kang emut ing kami | atine manungsèki | kang jumênêng mukmin iku |

--- 295 ---

sipat kahar mratiga | têgêse puniku nênggih | apan inggih ati sir lawan suwenda ||

6. ati kang jati punika | tingaling puat puniki | akarêm ing apngallolah | tan liyan tingale malih | tingal apêngal jati | gèning kèrêm tingalipun | êroh kudus punika | tunggal apngallolah nênggih | gih puniku sayêkti tingal sampurna ||

7. kaping kalih ingkang amrat | ati suwenda puniki | yèku atining kang puat | tingaling puat mangkyaki | karêming sipat nênggih | têtela dènira dulu | kèrêm ing apngal ika | tanna liyan tingalnèki | apa rêke kasucianing Pangeran ||

8. Jatining [Jati...]

--- 296 ---

[...ning] mèsêm saurnya | lêrês tan wontên kang sisip | kasucianing Pangeran | tan ana lyan tingalnèki | tingal suwenda nênggih | Roh Kudus rêkè ranipun | kang tan pêgat tingalnya | tan ana ngaling-alingi | kasucian tingaling suwenda ika ||

9. puniku jênênging nata | Roh Kudus wastanirèki | nênggih puniku bisikan | wastane Suksma kang jati | Sèh Mahmunjerah myarsi | dènira gumuyu guguk | lah anggèr banjurêna | têkaning sir aprasami | lan manira Jatining mèsêm wacana ||

10. dene ping tiga kang amrat | ati sir namanirèki | puniku

--- 297 ---

batin suwenda | gantining ngasir puniki | kêrêming dat sêjati | tan ana liyan kadulu | anging dating Hyang Suksma | pratela dènnya ningali | gih puniku tingaling roh amardika ||

11. tingaling wong karêm ing dat | tan emut ing jiwa dhiri | dasihe tan ana kocap | kang têka ing rasa jati | dasih pan sampun moklis | pan wus ênting cacahipun | dènnya mulih duk nora | amulyang kadya duk uni | dèn prayitna ing pasang ulih punika ||

12. akathah wong kang kêsasar | mangkya guru ingkang apik | upamine warsa tiba | anèng têngahing jaladri | aywa gancang ywa rindhik | dèn awas pamêndêngipun |

--- 298 ---

miwaha rêke yitna | puniku wêdalan rêgi | apan iku rêke pamiyarsa kula ||

13. ati kang mukmin punika | minôngka kurungan pêksi | dening nyata pêksinira | tandhane kurungan jati | sintên ingkang darbèni | pêksi anèng jro puniku | yèn rêke sampun wikan | sukur sèwu yan wus manggih | pêksi lara gantilan kurunganira ||

14. Sèh Mahmunjerah angucap | jêngêr datan bisa angling | gagêtun sèwu tan nyana | yèn tamuan pandhitadi | anama sing-sing ngèlmi | wacana aris angrangkul | dhuh anggèr tutugêna |

--- 299 ---

tan nyana yèn wus winasis | Jatiêning mèsêm rêrambèni rapal ||

15. pangandikaning Hyang Suksma | kang kocap kadis kudusi | ingsun abangun maligya | bôngsa jroning manungsèki | ingsun arani malih | malihge rêke puniku | dhadha sajroning dhadha | iku sun arani ati | jroning ati apan iku ênggonira ||

16. sajroning punika ana | ing dalêm wastanirèki | sajroning dalêm punika | pêpitu lêlangsenèki | sajroning lêlangsèki | apan ana Suksma Luhung | sajroning Suksma ika | iku rasa kang sêjati | jroning rasa iku kaananing Suksma ||

17. sing

--- 300 ---

sapa ngulati Suksma | adoh lan sariranèki | kupur satêmahe sira | sing sapa ngulati Gusti | sajroning sarirèki | kapir mangke têmahipun | sing sapa amrih Suksma | sanjabane sarirèki | yêkti kupur dèn sêngguh apa duduhan ||

18. sing sapa ngulati Suksma | ngisor lan ing luhur langit | miwah kulon lawan etan | lor kidul dènnya ngulati | sayêkti iku kapir | dèn sêngguh adoh lan nêpsu | kalamun yun waspada | ing pêrnahe Suksma jati | anglirika kang mugèngmunggèng. sariranira ||

19. ywa adoh ngulati Suksma | jiwa raga dèn kalingling | pan sakèhe [sa...]

--- 301 ---

[...kèhe] kono nyata | tingalana dèn sayêkti | ayun awas ing galih | yèn tan wruha yêkti bingung | ing wong ati bêlasar | patine andêdêl siti | raganira minôngka têladhaning Hyang ||

20. aja sira takèn awak | yèn kêna ranana Gusti | asasilih raga mulya | kupur aranana Gusti | Hyang Suksma mulya jati | tan wontên sanepanipun | silih rêke kang mulya | minôngka tuladha jati | upamane lir kawula lawan lêmpang ||

21. yèn luput salusurira | alus wadhak jisim malih | dadi bathang ing wêrata | tiwas jênêngira urip | siya-siya tan sipi | tan asih sariranipun |

--- 302 ---

poma rêke dèn yitna | anggiluta kang sayêkti | sajatine mandum yêkti durung kêna ||

22. nanging miyarsa kewala | rêrasane wong linuwih | yèn kaprècèt punika |Kurang satu suku kata: yèn kaprècèta punika. sayêktine datan yukti | yèn lêpat ing pamikir | pan kaprènèkna puniku | pan kapir kajasmiyah | kang wruh puniku sayêkti | tan sumêrêp yèn amijil kang luamah ||

18. Mijil

1. apan inggih yun ngawruhi malih | ananing Hyang Manon | Sukma mulya rêke tanpa ênggèn | tan jiyat lan kang musapat nênggih | miwah tan ana ring | ngisor lawan dhuwur ||

2. datan anèng madya miwah wuri | ing ngarsa tan katon | tanpa yayah rena tunggal [tungga...]

--- 303 ---

[...l] dhewe | tanpa putra sakuthu lan widhi | tan kêna dinugi | ingarah ing kalbu ||

3. dudu sukma ananira nênggih | anglir yèn tinonton | iya sira sukma sêjatine | awor ulat anuksma ing liring | raganta ing ati | panêmbahe nunut ||

4. lamun aran jênênging ngaurip | ananing Hyang Manon | mèmpêr raganira sasolahe | kewala jasad darma dumadi | lêstari karsaning | ing Hyang Maha Luhur ||

5. yèn karsane Hyang Kang Maha Luwih | anêdhèng Hyang Manon | ketang ing nala tan wrin jatine | sagunging raga ingkang dumadi | sapa kaanèki | anêmbah Hyang Luhur ||

6. dipun [di...]

--- 304 ---

[...pun] kadi sacipta ing ati | polah dèn katongton | sira iki tan beda jatine | ing mangke kalawan ing nguni |Kurang satu suku kata: pan ing mangke kalawan ing nguni. dèn kapirêng ati | poma dèn kadulu ||

7. ngati pati ing kawruh sêjati | dèn ketang ing panon | iya raga dudu sarirane | anging tunggal ing ana kêkalih | panunggale jati | jatine Hyang Agung ||

8. nênggih ingkang sampun awas jati | ing nala kanya wong | wruh ing apa ing sira waune | pan tan ana tuwa nom lan urip | panêmbahing ati | nora lawan wêktu ||

9. èngêt-èngêt poma aywa lali | sakèhing wiraos | malar gumarita ati rêke | kautaman [kautama...]

--- 305 ---

[...n] ketung siyang latri | yun têguh ing ati | ing tyas dipun emut ||

10. mêngkana rêke tèki-tèki |Kurang satu suku kata: mêngkana rêke atèki-tèki. raganira gênjot | amriha rêke Pangerane |Kurang satu suku kata: dèn amriha rêke Pangerane. awèh kang dadi trêsnaning galih | miwahing kabatin | ywa pêpekèng kawruh ||

11. kang sampun antuk nugraha luwih | batine sumrawang | nora nana kèsthi ing liyane | aming panunggal paraning liring | yèn wis nunggal kèsthi | nora nana ketung ||

12. dadya têmahan manggung karonsih | ing nagara kaot | lawan sukma saparipolahe | jroning bêkti akêmbulan arip | akêmbulan kaping | lan Suksma Purba

--- 306 ---

Gung ||

13. lan yun awas jênêng pangabêkti | tri prakara manggon | dèn waspada ing pangkat-pangkate | sampun lilu nora angawruhi | ing wong angabêkti | dèn wruh badanipun ||

14. kang kariyin rêke samya ati | pêsthi ing Hyang Manon | ajrih ing nraka lawan siksane | dipun agêng tobating ngaurip | malah dadi asih | ing Hyang Maha Luhur ||

15. kapindhone ing rêke asmèdi | sêdya ing Hyang Manon | aminta sih sarta ganjarane | minta swara ing sajroning ati | nyana angabêkti | ganjaran tinêmu ||

16. ping têlune ingkang pangabêkti | tan ngarsakkên ing wong | tanna ngarêp-arêp [ngarêp-a...]

--- 307 ---

[...rêp] ganjarane | nora wêdi siksaning Hyang Widhi | anging aminta sih | raga tunggal lulut ||

17. waluyaa antukirèng kang sih | tan uning mangkono | sêmbah lawan kang sinêmbah kiye | sagung alid-alid dèn kawruhi | aming karêming sih | lali raganisun ||raganipun.

18. suka langgêng urip kang pinanggih | akaron sih among | ing rêrasan pocapa jro sêmbahe |Lebih satu suku kata: ing rêrasan pocap jro sêmbahe. anangising ing sajroning guyunèki |Lebih dua suku kata: anangis sajroning guyunèki. anggung môndra lali | ing raga manêkung ||

19. angling palya kang kadrêsan angin | saparane moyong | pêgat jangkar marma saparane | kombak-kombak ing lautan [lau...]

--- 308 ---

[...tan] gingsir | anglut drêsing angin | saengga ing banyu ||

20. liwat nglangut tan ana kaèksi | jiwane tan katon | nora amangeran sêjatine | anging jati minôngka ragèki | marmanipun lali | ing raga tan ketung ||

21. datan kenging winicarèng budi | yèn wus tunggal panon | yèn mêngkana ingkang ngangabêktine |Lebih satu suku kata: yèn mêngkana ingkang ngabêktine. tanna beda yèn wus anênunggil | ing tingal sawiji | tan roro tatêlu ||

22. trus awas tingalirèng jati |Kurang satu suku kata: têrus awas tingalirèng jati. panggraita anon | ingkang katon saparipolahe | datan ana pinarênging galih | yèn waspadèng jati | raga yêkti suwung ||

23. lawan ingkang mênangi [mênang...]

--- 309 ---

[...i] wong dhingin | apan dèn kinaot | para êsèh ngulama kang gêdhe | pangulune sor-soraning wali | ingsun mirsa warti | nagara silukun ||

24. ana êsèh sêmangun namaji | asêti tan geroh | kaya dadi sor-soran kawalèn | dhasar uwus gêguru pra wali | anèng Ngatasangin | anyar mêntasipun ||

25. wontên pangandikane Hyang Luwih | saking kadis kaot | kang minôngka kajinêmanane | Suksma jati kajinêman mukmin | tan ana liyaning | wong mukmin kang ugul ||unggul.

26. kang wus narima ing tuduh jati | kang ingakên gêdhong | prasêtyane Hyang Suksma

--- 310 ---

jatine | katon dudu katon iya iki | yèn dipun tingali | anglir madu juruh ||

19. Dhandhanggula

1. dyan warnanên ta sira Ki Wujil | ngèstupada ing Hyang Jatiwênang | sakalangkung pratignyane | sumungkêm anèng suku | dalamakan sang maha yêkti | kang adhukuh ing Benang | anèng wana samun | akêdah nêdha jinarwan | sapratingkahing agama kang sinêlir | kang têkèng rasa purba ||

2. dasa warsa mangke Ki Wajujil | amangulu ing samadiningrat | pan dèrèng antuk jatine | ing kawijilanipun | nênggih Wujil ing Maospait | amêng-amênganira | Nata Majalangu |

--- 311 ---

têlas sandining aksara | Wujil matur têlas ing sang awigusti | anuwun pangandika ||

3. saha ngucap ing pada nungkêmi | dalamakan ing Sang Aji Wênang | pêjah gêsang katur mangke | amba nêdha winuruk | sastra Arab pambuka warti | wêkasane aladrang | agung among kayun | sabên dina rêrakêtan | malah bosên Ki Wujil anglêladosi | gawe alan-alanan ||

4. ya pangeran ing sang aji gusti | jarwaning isi aksara Arab | tunggal pangiwa lan nênge | tan wontên bedanipun | dene misih anata gêndhing | misih ucap-ucapan |

--- 312 ---

karone puniku | datanpolih agung mendra | tilar trêsna kang kari ing Maospait | datan antuk usada ||

5. marmanya lunga ngikis ing wêngi | angulati sampurnaning gêsang | sêjatine lampah rêke | sang pandhita sung dunung | angulati wêkasing urip | wêkasing Jatiwênang | wêkase lor kidul | surupe radetya wulan | wulan netra lawan suruping kapatin | wêkase ana ora ||

6. sang rahtu wahdat lingira ris |Kurang satu suku kata: sang ratu wahdat lingira aris. hèh ta Wujil aywa ta mangkana | kadya lingirèku mangke | dènnya anuwun bêndu | sêjatine sira nênagih |

--- 313 ---

saking gêng pakaryanya | pan samya kalêbu | pandhitanira wong dunya | lamun adol warta tuku warti |Kurang dua suku kata: lamun adol pawarta tuku pawarti. angur aja wahdata ||

7. ingkang adol warta tuku warti | kumingsun kayaa wêruha |Kurang satu suku kata: kumingsun kaya-kaya wêruha. iku ing andhe-andhene | arupa kadi kuntul | lir atapa têngahing warih | mênêng tan kêna obah | ambêkipun têrus | api-apinya mèt môngsa | lir têtêlu putihe putih ing jawi | ing jro pan ana rêkta ||

8. suruping arka gumanthènggumantèng. wêngi | pan pun Wujil pan anuntun wraksa | badhiyangan nèng dagane | pasonyane sang wiku | ujung têpi ingkang jaladri | kang adhukuh ing Benang | anèng wana

--- 314 ---

samun | agalayang tanna pala | lir kang boga ombak sumawur kaèksi | parang grong kaliwungan ||

9. sang ratu wahdat lingira ris |Kurang satu suku kata: sang ratu wahdat lingira aris. sira Wujil parêka dèn enggal | sarta angasta kucire | sarwi dèn êlus-êlus | tinibanan sih kang jati |Kurang satu suku kata: tinibanan sih kang sajati. hèh Wujil rungokêna | ing sasmitaningsun | lamun sira kalêbua | ing naraka ingsun dhewe kang nglêboni | aja kang kaya sira ||

10. sigra pun Wujil pan asung bêkti | matur sira ing sang adiningrat | sakalangkung panuwune | sampun rêke pukulun | lêhêng sesa tuwan pun Wujil | manjinga ing naraka | pun Wujil sawêgung | pan sami wruh kaelangan | guru setan tan ana salayèng kapti |

--- 315 ---

kapti saeka praya ||

11. pèngêt ingsun sira Ki Wawujil | dene sira iya anèng dunya | aja sumbrang nèng ing gawe | kawruhane dèn èstu | raganira yèn dede jati | kajatin dudu sira | ingkang sampun wêruh | sêjatine kang sarira | môngka sasat waspadanira Hyang Widhi | iku marga utama ||

12. utamane Wujil ing ngaurip | kawruhana sajatine salat | sêmbah sarta pamujine | jatine salat iku | dudu ngisa pan dudu mahrip | sêmbayang aranira | wênang Wujil iku | lamun aranana salat | pan minôngka sasêkare salat daim | winastan tatakrama ||

13. êndi kang aran salat sêjati | aja nêmbah yèn tan katingalan |

--- 316 ---

têmahe asor kulane | yèn sira nora wêruh | kang sinêmbah ing dunya iki | lir pendah nulup gagak | wulune dèn sawur | manuke môngsa kênaa | awêkasan amangeran Adam sarpin | sêmbahe siya-siya ||

14. lawan êndi ingaranan puji | sapa muji wêngi lan raina | yèn ora sarta tuduhe | tan sampurna ing laku | yèn silarsa waskithèng puji | dèn nyata ing sarira | pan ing wêtonipun | kang atuduh ananing hyang | pan ing wêgtu ing napas yogya ngawruhi | suksma catur prakara ||

15. catur prakara kang anèng sirèki |Lebih satu suku kata: catur prakara kang nèng sirèki. bumi gêni angin lawan toya | sêmana duk panampêle |

--- 317 ---

sipate iku catur | jalal kahar kamal lan kamil | gatra pan sipating Hyang | wawolu gungipun | panjinge punang sarira | manjing mêtu yèn manjing di prênahnèki | yèn mêtu di parannya ||

16. tuwa anom kang anasir budi | pan lakune ikune iku kawruhana |Lebih tiga suku kata: pan lakune iku kawruhana. yèn atuwa di anome | yèn anoma puniku | êndi gone tuwane iki | lan anasir pawaka | kuwat apêsipun | lamun kuwat di apêsnya | lamun apês di kuwat apêsirèki | aja tan katupiksa ||

17. miwah ta kang anasir angin |Kurang satu suku kata: miwah ta ingkang anasir angin. pan lakune iku kawruhana | ana kalawan orane | lamun ana puniku |

--- 318 ---

êndi gone ora puniki | ingkang anasir toya | pêjah gêsangipun | lamun urip di patinya | lamun mati di gone patinirèkiuripirèki. | sasar yèn ora wruha ||

18. kawruhana têtalining urip | ingkang aningali sariranya | kang tan apêgat pujine | êndi pinangkanipun | kang amuji lan kang pinuji | aywa tan nora wruha | marmane wong agung | padha angruruh sarira | dipun nyata ing uripira pribadi | uripira nèng dunya ||

19. dipun wikan ing urip sêjati | lir kurungan raganya sadaya | bêcik kang wruh ing manuke | rusak yèn sira tan wruh | hèh Wujil salahirèki |Kurang satu suku kata: hèh ta Wujil salahirèki. iku môngsa dadia | yèn sira datan wruh | bêcikana kang sarira | awismaa ing ênggon ikang

--- 319 ---

asêpi | aywa kacakrabawa ||

20. aja adoh angulati kawi | kawi iku pan nyatèng sarira | punang rat wus ana kene | kang minôngka pandulu | krêsna jati sarira iki | siyang dalu tan owah | pandulunirèku | punapa rêke pracina | kang nyatèng sarira nyatane ya iki | saking sipat pakaryan ||

21. mapan rusak kajatène Wujil | dadine kalawan karsanira | kang tan rusak dèn wruh mangke | sampurnaning pandulu | kang tan rusak anane iki | minôngka tuduhing Hyang | kang wruh iya iku | môngka sêmbah pujinira | môngka uwis kang wus wruh ujarirèki | asimpên kanugrahan ||

22. sayogyane hèh sira Ki Wujil |

--- 320 ---

dènnya nga ing sarira |Kurang tiga suku kata:. yêkti ngayaa têmahe | rêraganira iku | lamun Wujil dèn lêlarisi | ingkang nyatèng sarira | salahe tan bêsur | amêmurang raganira | ingkang dadi tingale katimanèki | kang dèn liring netyanya ||

23. kawruhana sarira puniki | iya iku nyata ing Pangeran | tanapi yèn ta dadine | wadi sariranipun | ana malih kang ayêktèni | samya ngruruh sarira | sêbdane tanpa sung | amucuk saking sukarta | tanpa sunga kaliru ing pêrnahnèki | iku ingaran lampah ||

24. tan wus nyata ananing Hyang Widhi | iya iku kasuciyaning Hyang | ana ngaku kang wruh mangke | lêksananya tanpa sung | raga sastra tan dèn gugoni |

--- 321 ---

alalis ingsun brôngta | kang sampun yêkti wruh | anèng karni punang raga | paningale dèn tawang raina wêngi | tanpa sung gunggung raga ||

25. iku polanira Ki Wawujil | dèn bisa sira ametani raga |Lebih satu suku kata: dèn bisa sira metani raga. aja mung angrungu bae | dèn sayêkti ing laku | ayun sarta lawan pangliking | yèn karone wus nyata | pan ing wêtonipun | tan ana pakewuhira | iku sira sayêktine sami-sami | wênèh kang dèrèng wikan ||

26. kadhodhokan dènira ningali | karone rêke tan katingal |Kurang satu suku kata: karone rêke tan katingalan. bawera ing prênahe |Kurang satu suku kata: bawera anèng prênahe. jatine sipatipun | mapan warta ingkang udani | yèn ora angênggona | pêgat tingalipun | tingal jati kang sampurna |

--- 322 ---

aningali nakirah yêkti dumêling | kang sêjatine rupa ||

27. mapan bedanira Ki Wawujil | dene kalindhih salahe ika | bedane tan sing purwane | Wujil sampun tan emut | lamun agung tutup tan Wujil | tan ana kawusannya | siyang dalunipun | dèn rasani wong akathah | kitabipun upama brakutut muni | asring dèn gawe pikat ||

28. dèn wruh suruping mênêng lan muni | yèn tan wruha iku tan sampurna | sampun ta pêksi ênênge | yèn muni aywa umung | lir kukila kanigara jrit | puniku saminira | tan wruh têgêsipun | ing ujar kang ginêdhongan | sira Wujil aja sira bisa angling |

--- 323 ---

lingira kang utama ||

29. êndi rupane kang mêlèk wêngi | aywa kongsi ômba tingalira | karo iku tanpa gawe | yèn ora tan tinutup | ing paningapaningal. kang sampun gaib | paran margane wruha | ing sariranipun | pangrungunipun punika | ing asale sampun apan iku muni | tanpa sung yèn mênênga ||

30. ora mênêng ora muni Wujil | hèh ta Wujil atakona sira | kang atèki-tèki kabèh | sêmbah puji dèn wêruh | sêmbah akèh warnane Wujil | lingira sang utama | wong amuji iku | sanalika gung sawabnya | padha lawan asêmbayang satus warsi | yèn wus wruh pirantinya ||

31. kang sampun wruh

--- 324 ---

ing pirantinèki | sêmbah pujine tanpa pêgatan | mapan tan ana wêktune | wong agung yèn amuwus | padha lawan sawidak warsi | pan sampun amardika | sampurna wong iku | ing wêktu tan kabêndana | kang bêndana solahe anèng jro masjit | apindha manuk ika ||

32. nora kêna pinaido Wujil | wuwusing naya pan kadi ningrat | Wujil atakona mangke | ana muji ing dalu | ing raina gung sawapnèki | yèn kênaa tatanya | ing sêsaminipun | mapan lawan rolas warsa | yogya wênang pun Wujil atèki-tèki | sampun ta kêpanggiha ||

33. ana

--- 325 ---

rêke nênggih pangabêkti | sanalika gung sawabe ika | yèn wikan iku duduhe | padha lan rolas taun | ingaranan tapakur nênggih | yèn mênêng di prênahnya | takokêna iku | sapa kang atuduh ika | ungguh turun ing napas mênêng lan muni | iku dipun waspada ||

34. hèh ta Wujil mênênga sirèki | ingkang luwih rêke wong sêmbayang | dene norana wêktune | sampurna ta wong iku | rêragane norana kèri | têkèng wulu syuh sirna | satuhune laku | pagurokêna dèn nyata | ing wong ingkang sampun tumêkèng ing jati | iku lampah utama ||

35. aja nêmbah hèh sira Ki Wujil |

--- 326 ---

lamun ora katon kang sinêmbah | sêmbah puji tanpa gawe | pan kang sinêmbah iku | anèng ngarsa wahyu dumêling | anane pan minôngka | anane Hyang Agung | aywa sira kasamaran | hèh ta Wujil ika wruh dipun patitis | dimèn gambuh ing nala ||

20. Pocung

1. môngka pemut limuting nala kalimput | kewran ing wêwêran | tan wrin sasmitèng rahsadi | dimèn sampat samaptaning siptamaya ||

2. lamun kabul kalabon lêbdaning kalbu | bêbuka cinitra | samaning purnamasidhi | Ramlan Alip tata trusthèng sabda nata ||Sengkalan: tata trusthèng sabda nata (15 Ramlan 1795 AJ, 21 Januari 1867 AD).

3. purwanipun mêdhar wasitaning guru | marang muridira |

--- 327 ---

bismillah rahmanirakim | allakamdulilahi rabil ngalamina ||Lebih satu suku kata: alkamdulilahi rabil ngalamina.

4. assalatu walamu salajêngipun | ngala sayiddina | wa molana Muhkamaddin | wala ihi wa sahbihi ajmangina ||

5. amma bakdu anapon sasampunipun | amuji ing Allah | lan amuji kangjêng nabi | rasulullah môngka sami kawruhana ||

6. rahsèng ngèlmu kakekat ingkang wus kusus | sajatining kanang | nampurnakkên ing ngaurip | iku lire ngèlmu ingkang linarangan ||

7. kang sinêrung ing nabi wali mukminun | nguni-uni datan | wontên kang purun nêmbangi | saking dahat [daha...]

--- 328 ---

[...t] wadining ngèlmu punika ||

8. awitipun rinumpakèng sêkar pucung | dyan Rônggawarsita | nêmpuh byat amêdhar wadi | sarupane pamêjange gurunira ||

9. kang dèn êbuk ing parimbon sadayèku | samya tinêmbangan | kinarya suluking ngèlmi | pan minôngka pambengkasing tyas ardaya ||

10. nalika duk kinuncang dening Hyang Agung | pisah dunya rowang | anèng sabrang nagri Ngacih | wong kêkalih lan mas Yakir prênah paman ||

11. nanging nuju lara rumab pamanipun | minggu sungkawèng tyas | tan kêna tinari-tari | duk makirtya Jumungah Rabingulawal ||

--- 329 ---

12. lèk ping pitu taun Je môngsa kapitu | côndra sangkalanya | naya suci pandhita ji |Sengkalan: naya suci pandhita ji (Jumungah, 7 Rabingulawal 1746 A.J.), sic. seharusnya: Sênèn, 7 Rabingulawal 1746 A.J., Senin, 4 Januari 1819 A.D. purwakaning ngèlmu nukil saking kitab ||

13. ahya ngulumudin pan saking anurun | tabsir Ibnu Ngabas | ngèlmu kak kang dèn rahsani | tasising ros masalah kiyas paesan ||

14. kang dèn ilo lawan kang ngilo puniku | jatine wayangan | anane kang ngilo pasthi | iya iku tan ana prabedanira ||

15. têgêsipun kang ngilo iku Hyang Agung | anapon wayangan | jatine kang ngilo pasthi | iya iku kang ingaranan datulah ||

16. malihipun [malihi...]

--- 330 ---

[...pun] aran sipatulah iku | iya sipatira | pasthine kang dèn rahsani | apngalullah pan iya panggawenira ||

17. dèn tuwajuh poma aja sak sirèku | aja kumalamar | lawan aja pindho kardi | krana wong kang makripate wus sampurna ||

18. lire kang wus prapta ing wadahul wujud | sakathahing asya | pan iku kukume napi | dene kakekating napi iku asya ||

19. isbatipun nênggih datullah puniku | pasthi awakira | nanging ta dudu sirèki | êndi ana manèh lamun dudu sira ||

20. iya ngêndi ing ênggone nyatanipun | marma akèh wong kang |

--- 331 ---

kasamaran tan wrin jati | sabab keron akèh-akèhing pawarta ||

21. wowor sambu karana sahing pangawruh | iku tan umiyat | iya ing wujud kêkalih | yèn maksiha kêkalih durung sampurna ||

22. kawruhipun hèh ge ling-eling ta sagung | anak murid ingwang | poma aja wani-wani | angarani Allah sakathahing asya ||

23. dene lamun dèn arani Allah iku | yèn maksih umiyat | iya ing wujud kêkalih | yêkti kupur wong iku patang madahat ||

24. apan kawruh ing dalile awakipun | yèn ngaenalana | karana

--- 332 ---

andika nabi | rasullullah rapale paman ngarapa ||

25. lan napsahu pakat ngarapa rabahu | têgêse sing sapa | wruh ing awake pribadi | môngka têmên-têmên wruh Pangeranira ||

26. yêktinipun pangandikaning Hyang Agung | lapal jroning Kuran | muni ing dalile napi | alhusikum lawan palatub siruna ||

27. têgêsipun ing dalêm awakirèku | sadaya apa ta | tan ana sira tingali | sajatine awak iku kanyataan ||

28. ing Hyang Agung kang wajah sawiji iku | nyata lamun tunggal | lawan wontên lapal malih | saking ahya ngulumudin nukilira ||

--- 333 ---

29. innal kahu tangalahi ya naibun | lan malih lidira | wal insanu ya gaibi | lire Allah tangala iku pan Suksma ||

30. nadyan mungguh kawulane ya suksmèku | ana malih rapal | ngallahu baitunangsi | lawan malih wal insanu rahilulah ||

31. wal batinul kakku wal lairul kakku | têgêse Hyang Suksma | batine manungsa yêkti | tuwin manungsèku laire Hyang Suksma ||

32. batinipun nyata nadyan lairipun | sami nyatanira | tan ana bedane ugi | nora pisah ing antaraning panunggal ||

33. ujar iku poma ajana kawêtu |

--- 334 ---

maring wong akathah | dèn asasab kang awingit | ing pasthine iku nasarakên uga ||

34. jêr wong iku kadohan upayanipun | panyanane uga | ing kana ana Hyang Widhi | utawa dèn nyana kene tan ana ||Kurang satu suku kata: utawa dèn nyana kene datan ana.

35. miwah lamun parêka parêkên iku | dèn arani ana | ing kene Pangerannèki | utawa kana dinalih tan ana ||Kurang satu suku kata: utawa kana dinalih datan ana.

36. dadi bêstu kang mangkono kawruhipun | lire wurung sabab | suwung ngèlmune tan dadi | ing dadine nêmbah mangran maring setan ||

37. ngèstu makdum sarpin dèn ucapna iku | tur môngsa gêlêma | jêr ana [a...]

--- 335 ---

[...na] tandhane yêkti | wong kang durung darbe guru kang sampurna ||

38. tuduhipun dadi sasar ingkang ngèlmu | kapir atêmahan | pangandikaning ngulami | sarupane wong kang wurung tumêkèng kak ||

39. durung guru kang pasthi pituduhipun | satuhune setan | kang minôngka gurunèki | dadya manut amangeran ring atnyana ||

40. sêlang sambut akèh-akèh kang cinatur | pan pijêr kalingan | ing wicarane pribadi | ngalam dalil saking yakale priyôngga ||

41. ngèlmu iku poma anak putuningsun | dèn agêmi padha | simpênên [simpênê...]

--- 336 ---

[...n] sajroning ati | aja mêtu dènyèn. dudu prayoganira ||

42. dèn asêrung nganggoa parah yèn muwus | karana ing môngsa | mêngko akèh manungsèki | kang katungkul ing ngèlmu rasa myang swara ||

43. lan katungkul ing ujaring sastranipun | ngèlmu kalêpasan | lan katungkul aningali | sarirane kandhêg ing ucap-ucapan ||

44. pijêr ngèlmu sarak dèn pêndêng ginilut | anglakoni salat | sujut rukuk anyinggahi | karam mêkruh dèn sêngguh anguwisana ||

45. nora wêruh kang mêngkono sirik agung | bitngah

--- 337 ---

panasaran | panêluhan jail jidin | dene ingkang ngukuhi jaring aksara ||

46. tan kadyèku kang wus anggraitèng kawruh | ing wêrdining iman | tokit makripat sayêkti | nora kandhêg ing ngèlmu ucap-ucapan ||

47. lire ngèlmu sarak karana katungkul | kandhêg ing sarengat | angèl tumêkaning gaib | ingkang luwih bênêr yèn kinatujonan ||

48. kang rahayu mungguh maring ing Hyang Agung | anadene wong kang | makripate sampun wasis | tan ngawruhi ing swarga lawan naraka ||

49. apan amung ngawruhi pribadinipun | sajatine [sajati...]

--- 338 ---

[...ne] ingkang | Maha Luhur Maha Suci | nora liyan anadene wong kang samya ||

50. kumalungkung iku dadi bodhonipun | jêr tan pawong sanak | kalawan wong pêkir miskin | kang mangkono môngsa dadaka olèha ||

51. marga ayu kang nalamêtakên iku | mungguh ing makripat | marma kèh kang bodho sami | sabab ngagungakên ing ngèlmu sarengat ||

52. kitab nahwu saratman tèk nikmatipun | dèn gunggung dèn kudang | kalimput ing setan tartib | kamajetun lan tarab bajehun ngasran ||

53. sarat bagu jedan jaedun karimun |

--- 339 ---

lan ilram jaedan | pan iku dadi upêksi | ingsun ralim apa ana kaya ingwang ||

54. ingsun wêruh ing rahsane kitab agung | tur ta misih mêntah | katungkul amuruk ngaji | brahalane dadi dèn gendhong dèn rêmbat ||

55. dèn nyana wus iya kang mêngkono iku | anggung maca kitab | tur siji durung kaèsthi | wong mangkono iku taklit jail pitênah ||Lebih satu suku kata: wong mangkono iku taklit jail pitnah.

56. ngèlmunipun dadi sirik marganipun | sasar kabêlasar | dene ngèlmu kang wus kak sis | ingkang nyata nora nana tiral liyan ||

57. dhèwèkipun [dhèwèki...]

--- 340 ---

[...pun] iya iku dudu iku | nanging iku uga | utawi sakèhing ricik | lan sakèhe ibarate wus kapanggya ||

58. anèng suluk lawan anèng kitab usul | kadya kang angucap | sira urip ana dhingin | ana kari ana kadim ana anyar ||

59. ana mêtu kalawan ana lumêbu | ana dhèwèk miwah | ana kang barêng sayêkti | tuwin ana wiwitan ana wêkasan ||

60. kabèh iku iya dadi pujinipun | dènira maspadak- | akên ing Hyang Maha Suci | ing datolah sipat asma abngallullah ||

61. têgêsipun

--- 341 ---

pan iya kang awèh iku | rupa pêpaesan | mapan ing ananirèki | angagungkên ing wujuding kadim baka ||

62. pasthi idhup langgêng datan kênèng lampus | wêruh tan winarah | nyata sadurunging lair | amiyarsa ing sadurunge angucap ||

63. iya iku kang aran ngulumuddinu | ngawruhi lirira | ing ananira pribadi | poma dipun bêcik panarimanira ||

64. lawan dipun bêcik ing rahsanirèku | lawan ciptanira | myang tekadira dèn tunggil | tunggal wujud ing wujude iku êsa ||

65. marmanipun ingaranan êsa [ê...]

--- 342 ---

[...sa] iku | sabab tan narima | ing wêwilangan kêkalih | upamane kadi êroh lawan jasat ||

66. lagya durung mati êsa namanipun | nyata anarima | ing wêwilangan duk urip | môngka kêna sakèhing asya ingaran ||

67. sadayèku jumênêng lawan Alahu | de Alah punika | jumênêng lawan pribadi | iya iku sajatine ing sahadat ||

68. lan satuhune iman tokit lan makrup | lan kaking sarengat | lawan sajatine takbir | lan kaking roh ilapi abadan rahman ||

69. dene iku môngka witing urip agung | mila jinulukan |

--- 343 ---

nênggih abadan rahmani | pan karana iku nyata i datolah ||

70. êdat iku anapon sêjatinipun | iya rasulullah | mapan ing wajah sawiji | poma-poma aja êsak malih sira ||

71. ujar iku kang êsak sayêkti kupur | tur kapir ing Allah | dene ingkang para nabi | para wali lan para mukmin sadaya ||

72. nênggih lamun anglakoni ujar iku | sira kongsi prapta | ing surahsa kang sêjati | iya kaya nora nana bedanira ||

73. lawan rasul pan mangkono ujar iku | iya dadi nyata | tyas têtêp ingkang wus prapti |

--- 344 ---

ing wujuding kawula kalawan Allah ||

74. iya iku manungsa kang uwus nglêbur | ing papan sadaya | lawan sakathahing tulis | lawan ingkang anglêbur urip sadaya ||

75. hèh ta sagung gung alit nak putuningsun | padha kawruhana | kang aran Alah sayêkti | iya iku kang ngucap Alahu akbar ||

76. poma dipun pracaya ing ujar iku | aja kumalamar | lawan aja pindho kardi | krana angèl têmên mungguh ing ngagêsang ||

77. rahsa iku kudu dèn pêndêng dèn gilut | mapan nora nana | ingkang angluwihi malih | iya saking ing ngèlmu tuduh punika ||

--- 345 ---

78. nanging kudu dèn wêrit aja kawêtu | ywa dadi rêrasan | karana tan angrasani | jisim lair tan angrasani kang rusak ||

79. ujar iku tan ana malih lyanipun | poma kukuhana | aja owah aja gingsir | aja obah aja mamang aja êsak ||

80. aja kuwur dèn gênah pangrakitipun | wruha ling pinôngka | rahsèku ênggoning pati | pati iku goning mulih darussalam ||

21. Mêgatruh

1. wontên malih wasiyating para guru | mring sagung kang wuri-wuri | poma ajana katungkul | karana wong ing ngaurip | tan wurung praptèng mêgat [mêga...]

--- 346 ---

[...t] roh ||

2. marmanipun dèn tumêmên ulah ngèlmu | wasiyating para wali | lan wulanging guru-guru | dèn tumancêp jroning ati | aja dèn sambi gêguyon ||

3. supayane dadia pangemut-emut | pamêjange Sunan Giri | Kadhaton mring garwanipun | dadia têpa palupi | amrih waspadèng pasêmon ||

4. aturipun kang garwa he jêng sinuhun | amba kapenging kapati | angsala barkah pukulun | masalahing wong ngaurip | kawruh kang maring Hyang Manon ||

5. ingkang raka aris pangandikanipun | lah nyai ngambila aglis | salêmbar kang

--- 347 ---

godhong lumbu | nulya isènana warih | ing kono goning patêmon ||

6. iya kawruh kang mungguh maring Hyang Agung | saksana kang garwa ngambil | ron lumbu ingisèn banyu | nulya katur maring laki | Sinuhun Giri Kadhaton ||

7. ingkang garwa dèn ajak mring gon kang samun | jêng sinuhun ngandika ris | nyai sun wruhkên sirèku | dulunên pasêmon iki | mangkene mungguh ing kawroh ||

8. waspadakna ing padhang-padhanging banyu | yaiku ngibarat gusti | de obah-obah kang banyu | ngibarating kawulèki | dene iku ingkang dhaon ||

9. kang kinarya

--- 348 ---

wêwadhahing banyu iku | iya ngibarat jasmani | kawruhana obahipun | ing banyu iku obahing | kang padhang-padhang ing kono ||

10. krana padhang iku pan nyataning banyu | banyu nyata wadhah iki | têgêse paningal iku | tunggal kajatène dening | tampaning sih apadudon ||

11. iku kawruh kang sampurna kang wus kusus | yèn ora mangkono nyai | luput tur sasar wong iku | kang garwa umatur aris | dhuh sinuhun guruningong ||

12. kadyaparan kawula dèrèng anggayuh | timbalan tuwan sayêkti | mêksih pasêmon puniku | ngandika Jêng Sunan Giri |

--- 349 ---

têgêse nyai ingkang wong ||

13. iya ingkang aningali ing Hyang Agung | kewala dènnya ningali | lan mata kapala iku | lah iku nyatane nyai | kang garwa malih turnya lon ||

14. kadyaparan paningal amba pukulun | mata kapala kang pundi | kang raka ngandika arum | nyai tan nyandhak sirèki | ing pasêmon kang mangkono ||

15. yèn mangkono majua dèn parêk ingsun | saksana lênggah sumandhing | sarwi andhêpèpèl bukuh | mangkana nuli winisik | lah nyai sira tan wêroh ||

16. basa mata kêpala paningal iku | ya matanira pribadi | kang bundêr iku kang dulu |

--- 350 ---

ing Alah môngka dèn aglis | dulunên cahya ing kono ||

17. ya cahyane ing paningalira iku | nyata yèn tunggal pangaksi | dadi kanyataanipun | tan liya dhèwèkirèki | kang anonton kang tinonton ||

18. jêr Pangeran tanpa netra yèn andulu | lan tanpa swara yèn angling | ya paningalira iku | swaranira kang kinardi | ya sira iku Hyang Manon ||

19. dadi ingkang nêmbah kang sinêmbah iku | ya kang muji kang pinuji | lah iku jatining kawruh | kang garwa aglis nungkêmi | ing suku sang wiku katong ||

20. ngandika rum mring garwa nyai sun pemut | poma aja salah tampi | lan aja [a...]

--- 351 ---

[...ja] kongsi katungkul | ing marang liyanirèki | dèn asêrung dèn sêrombong ||

21. iya iku kawruh kang padha lan ingsun | têlas wêjang Sunan Giri | wontên malih wêjangipun | nênggih Pangeran Sumêndhi | nalika amêdhar kawroh ||

22. mring kang putra Tasisjati wêjangipun | pratingkahing ulah ngèlmi | kulup dhasar salat iku | pan iya lêluguhlêlungguh. mami | sahadat pangucap ingong ||

23. basa puji iku pêpanganan ingsun | têgêse mungguh ing pati | basa urip patiningsun | basa wujud rahsa mami | iku ratu gêng kinaot ||

24. yèku aran ratu ing sabênêripun |

--- 352 ---

ratu ingkang maha luwih | karana wong urip iku | yèn durung tumêkèng pati | Islame durung gumacos ||

25. têlas Pangran Sumêndhi wawêjangipun | Pangran Juminah winarni | duk miraos têgêsipun | ing sarira lan kang siwi | ya kulup apa sira wroh ||

26. ing jatine kang aran sarira iku | aturing putra tan uning | yèn botên paduka tuduh- | akên kang rama lingnya ris | kulup ingsun kang atudoh ||

27. maring sira têgêse sarira iku | Suksma kang tan owah gingsir | kang tan ana wêkasipun | tanpa tuduhan lirnèki |

--- 353 ---

dudu jisim kang bêrgogok ||

28. dudu ati dudu rohkani pan dudu | ya sarira iku kaki | kang amurba misesèku | ing awak kang lair iki | têgêse pisan mêngkono ||

29. ya datolah kang aran sarira iku | dadi kanyataan yêkti | môngka tingalana sagung | kanyataan datolahi | yèku aran tingal wutoh ||

30. dadi Alah kewala paningalipun | karana ing wong ngaurip | yèn tan wruh sariranipun | môngka wuta praptèng pati | nora kaya kang waspaos ||

31. ing sarira dadi wruh paraning lampus | poma kulup dèn udani |

--- 354 ---

ing sariranira iku | marmane akèh tan ana wrin |Lebih satu suku kata: marmane akèh tanna wrin. ing sarira pijêr keron ||

32. keronipun ing panggawe kawir kuwur | mung iku kang dèn kawruhi | marma antêpira iku | aja kasarakên ugi | karana uwis katongton ||

33. pan manungsa kêkandêlên sarakipun | angèl tumêkaning gaib | kang putra nêmbah umatur | kang rama ngandika malih | kulup yèn sira wus wêroh ||

34. ing pratingkah kang kaya mêngkono iku | aywa kulinèng nagari | yèn mantêp panarimèku | wus êntèk poma dèn titi | wontên malih winiraos ||

--- 355 ---

35. Sunan Kalijaga pangandikanipun | pawong sanak ingsun sami | tekate wajibul wujud | lire ananing kang pasthi | yèn ingsun ora mêngkono ||

36. kang sun tobatakên raina lan dalu | yèn ngucapa ujar iki | lailaha ilalahu | karana kang bumi langit | tan ginawe ing Hyang Manon ||

37. sabab anyar Alah tangala puniku | apan manungsa kang kadim | Allah iku uripipun | kalawan êroh sayêkti | manungsa urip tanpa roh ||

38. Alah iku uripe kêna ing lampus | manungsa

--- 356 ---

tan kênèng pati | lan mulana kang amuwus | Alah tan kêna ing pati | manungsa kang kênèng layon ||

39. dadi sungsang kabalik pangucapipun | kaya bêbasan sajroning | matêng ana mêntahipun | dene mungguh tekat mami | yèn matêng matêng jaba jro ||

40. lwiring Allah yèn urip tan kênèng lampus | sanadyan kawulanèki | ya urip tan kênèng lampus | yèn mêngkono iya dadi | jaba mêntah matêng ing jro ||

41. yèn dèn nyana Alah tangala kang idhup | manungsane angêmasi | dadi ana gèthèk nungsung | sasatange dèn [dè...]

--- 357 ---

[...n] bongkoki | anujoni tirta êrob ||

42. ngaji sarak tanya tarekat babipun | hèh ta pawong sanak mami | yèn arsa têtakon ngèlmu | kakekat makripat nênggih | sawêcane kang gumacos ||

43. saratipun manjing wau gurunipun | arêp pasrah jiwa dhiri | aja rumôngsa anggadhuh | gêtihe satètès nênggih | aturna ing guru kono ||

44. hèh Ki Luhung Salawe aja katungkul | mapan ingantêp puniki | boya kaya ingkang wêruh | ing Alah dadi tan sirik | aja kaya wong kang bodho ||

45. kang binunton atine

--- 358 ---

marang Hyang Agung | hèh Ki Luhung kalamun wis | waspada maring Hyang Agung | nuli waspadaa maring | rupa dhewe aywa keron ||

46. iya iku salat daim têgêsipun | ingaran puji nêksèni | yèn kinarsakakên iku | dening Hyang sayêkti dadi | waliyullah tur kinaot ||

47. lamun ora mangkono mukmin kasiku | dening ta ujaring dhikir | lailaha ilalahu | makdumma kalawan batin | têtèbèng lair kimawon ||

48. Kyai Luhung Salawe alon umatur | jêng suhunan [suhuna...]

--- 359 ---

[...n] kadospundi | mênggah babar pisanipun | ngandika Jêng Sunan Kali | hèh Ki Luhung dèn waspaos ||

49. ing makripat mungguh kasampurnanipun | aywa maksih aningali | sirik yèn maksih andulu | durung sampurna sayêkti | lire sirik maksih roro ||

50. misih ngetung ing wisesaning Hyang Agung | kandhêk mêmilang wosnèki | lêwih tan sampurna iku | Ki Luhung Slawe turnya ris | dhuh sinuhun guruningong ||

51. kadyaparan salamête kang satuhu | kang botên mikalih kardi | angandika jêng sinuhun | hèh Ki Luhung

--- 360 ---

prahsa tunggil | yèn misih kaya mêngkono ||

52. durung prapta marang takdire puniku | dene têgêsipun tokit | pan rahsa purba puniku | nênggih rahsane pribadi | rahsa pêkênira kono ||

53. matur malih Ki Luhung gangsal rongpuluh | ulun pirsakna babarji | kadyaparan tunggilipun | kawula kalawan gusti | Sèh Malaya ngandika lon ||

54. hèh Ki Luhung Sêlawe kawula iku | parêk-parêke lan gusti | têbih irêng-irêng iku | ing netra lan putihnèki | lan maksih têbih kang otot ||

55. ulu iring kalawan [kalawa...]

--- 361 ---

[...n] daging ing gulu | dene parêke babarji | mungguh datolah lan makluk | ya pêkênira pribadi | tan marang nyata Hyang Manon ||

56. ngibarate lir sotya lan sênênipun | hèh Ki Luhung prahsa tunggil | puniku pasthining kawruh | nyata kang ngucap puniki | ingkang dèn ucap Hyang Manon ||

57. gih puniku pamanggih pangawruh ingsun | Ki Luhung umatur aris | dhatêng manira anuwun | ngandika Jêng Sunan Kali | sampun samar dèn pitados ||

58. sampun têlas poma dèn samyèmut |Kurang dua suku kata: sampun têlas poma-poma dèn samyèmut. ajana pêpeka sami | ing jatine ujar iku |

--- 362 ---

lan mulana kang tan ngrêti | budinên dèn kongsi wêroh ||

59. agunêma marang wong wus tunggal kawruh | liyane aywa dèn wruhi | yèn tan sabadan nyawèku | poma-poma wêkas mami | aja gêbrèh bok kacêthok ||kacênthok.

60. kacênthoke krana gêng-gênge pakewuh | amung sampurnaning pati | marma kèh kang tiba luput | wus bênêr pangrakitnèki | ing pati têmah maleyot ||

61. maleyote dening pakarêmanipun | tan kêlar tibaning pati | keron misih wowor sambu | munya arta anak rabi | kabèh padha dadi mungsoh ||

62. lah ta iku pakewuhe wong tumuwuh |

--- 363 ---

nora kêna kamitolih | anak rabi bapa babu | brana arta pèni-pèni | jroning sakaratil maot ||

63. ujar iku gêgulangên mupung durung | yèn wus kasèp nêniwasi | sapa kang bisa têtulung | aja pijêr olah mukti | ing pati ywa kabêsturon ||

64. nadyan wus wruh yèn anggung gawe katungkul | marmane ajana kibir | jêr sira durung ana wruh | rasane mungguh ing pati | mula ingsun iki lumoh ||

65. pakarêman sun tilar tan ana kantun | lakuningsun dhingin-dhingin | kang nistha tanpa karyèku | têmahan nêlaya budi | tanpa pedah yèn rinaos ||

66. wusananya lir kawahyon [kawahyo...]

--- 364 ---

[...n] ciptaningsun | darbe panggraita êning | pan ing lair sêdyanipun | angantêpi cara abdi | mung pamrih ingsun ing batos ||

67. karya sasap panyirêping tyas têkabur | dene mungguh tekat mami | sun tobatakên satuhu | lamun tan sampurnèng pati | sengga jisim kongsi bosok ||

68. tuwin wutuh sapa kang maido kupur | yèn mêksa tan pracayèki | nyatakna kapatèn ingsun | yèn wus kinubur dèn aglis | dhudhukên sengga nglagorong ||

69. tuwin bosok angur pakakna ing asu | yèn durung wruh sajatining | puruhitaa ywa ngawur | têmah samar pati kapir |

--- 365 ---

wong urip yèn tanpa tudoh ||

70. ngapirani yèn ngamungna saratipun | yèn tan darbe ngèlmu jati | dene babar pisanipun | nora dèn lêbokkên tulis | larangan agêng kinaot ||

71. wontên malih kojah saking guru-guru | kang wus winêjangkên mami | sun kumpulkên dadya suluk | padha anggitên ing galih | dadya tarbukaning kawroh ||

22. Kinanthi

1. kinanthi panduking dunung | kang kinudang para wali | mukmin kas para ngulama | myang wicaksana bèrbudi | kabudayaning paningal | kang pinêlêng lênging galih ||

2. katongtona ing pangèstu | ring sakaratil maoti | ing

--- 366 ---

pangrèh aja sulaya | jamaning ngaurip iki | yèn prapta jaman kamuksan | kang aputus dèn patitis ||

3. dèn awas wasananipun | yèn ing mangkana linuwih | têgêse luwih tan ana | iya ingkang mêmadhani | iku nora magêpokan | tan ana ingkang nyêlaki ||

4. nanging waspada kalangkung | saobahing rat kaliling | yêkti nora kasamaran | mangkono lire sayêkti | Alah iku tanpa rupa | nora abang nora kuning ||

5. nora irêng nora wungu | nora dadu nora putih | tan mancorong tan mancurat | tan mancorong kadi sasi | tan [ta...]

--- 367 ---

[...n] cumlorot kadi lintang | tan gumêbyar lir hyang rawi ||

6. lan nora mambu Hyang Agung | nora sêdhêp nora wangi | mis bacin maning iyoa | ingkang pênguk ingkang têngik | wus nora gêpoki pisan | angambar mênuhi bumi ||

7. lan Alah nora angrungu | sèwu mokal lamun tuli | kang kumrincing kang kumrampyang | kang jumêbrèt kang gumêrit | kang gumludhuk kang gumlodhak | yèku wus nora ngamboni ||

8. nanging kabèh wus kawêngku | jro langit jabaning langit | unèn-unèning sajagad | tan kêkilapan sayêkti | lan Alah puniku nora | ana rasa kang ngrasani ||

9. têgêse kang rasa kêcut |

--- 368 ---

nora lêgi nora gurih | nora adhêm nora panas | nora pêdhês nora asin | sêpêt gêtir pait nora | nanging mupangat sayêkti ||

10. tan lara nora angêlu | nora enak nora sêdhih | nora bungah nora susah | sirna saliring dumadi | yèku wujuding Hyang Suksma | sipatolah kang mumpuni ||

11. kang nora kêna dinumuk | kang tan kêna dèn rasani | tan kêna dèn ambu miwah | nora kêna dèn tingali | mung dumuk-dinumuk iya | sarta kodrate pribadi ||

12. lan ambu-ingambu iku | rasa-rinasa pribadi | rungu-rinungu priyôngga | tingal-tiningal pribadi |

--- 369 ---

yaiku kang ingaranan | datolah ingkang kakiki ||

13. ing kono gone pakewuh | ewuhe wong olah ngèlmi | bok tumpangso salah tômpa | bote ingkang nêniwasi | tan wurung rinèwèng setan | dèn dhêdhabyang dèn gêbugi ||

14. jênênge ngèlmu puniku | lungguhe kawan prakawis | kang dhingin iku sarengat | tarekat kang kaping kalih | kakekat kaping tiganya | makripat ping pat lirèki ||

15. lire siji-sijinipun | ing pangrèh kang dèn lêgêti | sarengat ingkang ginulang | têgêse sarengat nênggih | tatakramaning ngagêsang | kang dèn lingling dèn kawruhi ||

--- 370 ---

16. kang dèn eman badanipun | dèn rêksa dèn gumatèni | amawas sariranira | walês-winalês ngaurip | saur-sinaur tan gothang | lara-linaran sayêkti ||

17. mêngkono saurutipun | wong sarengat pamrihnèki | dene wong ahli tarekat | amawas wêkasing ati | têgêse kang pinangeran | mituhu karêping ati ||

18. mêndêng pamêndênging kalbu | saosiking tyas kaèksi | dene kang ahli kakekat | êroh kang dipun idhêpi | dèn eling-eling winawas | wêkas-wêkasing dumadi ||

19. aja pijêr adêdunung | dumunung jamaning

--- 371 ---

urip | urip anèng ngalam dunya | tan wurung yèn bakal mulih | mulih marang kalanggêngan | ginulang pangrèhirèki ||

20. kaping pate kang winuwus | wêkasing rèh kang pinurih | kang para ahli makripat | sinarapat dèn sirêpi | sirêp sagung rêrêsêpan | sinêsêp wusana sêpi ||

21. rasa rinasan ginêlung | ginulang-gulang ywa pangling | kapilêng lênglênging tingal | katingal ing siyang latri | eling lukitaning alam | dadi satruning dumadi ||

22. yèn dinadaka bok dudu | marma sagung ingkang sami | ulah ngèlmu kalêpasan | wajib samya ngati-ati | kapat pisan [pi...]

--- 372 ---

[...san] dèn waspada | lakuning rèh siji-siji ||

23. akèh angèl têmah luput | kadhang gampang bilaèni | saking kurang kaprayitnan | wiweka kang dèn kawruhi | beda kang wus kanugrahan | kang sinêbut para wali ||

24. kapat pisan wus kacakup | malah siji nora gêmpil | mangsah angangsah makripat | mèmpêr wahyuning pra nabi | kang kinonang-konang sira | kang wus tan kêna sinisip ||

23. Gambuh

1. kojah ingkang ginambuh | wontên caritaning wali kudup | saking Jawi nama Sang Sèh Sutabari | langkung wantêr tekadipun | tur karamate kinaot ||

--- 373 ---

2. myang warnanira bagus | wêwêg pidêksa asêmu ngrangkung | alêlana mring Ngarab pindha raryalit | sami lan ngumur tri taun | sarwi wêwuda kimawon ||

3. myang pandhita gung-agung | miwah Amir Molana Kaji Rum | dèrèng kondur saking dènnya munggah kaji | ing ari Jumungah kumpul | raryalit prapta dumrojog ||

4. tanpa larapan uluk | salam salamu ngalaekum |Kurang satu suku kata: salam asalamu ngalaekum. ya tuwanku Mulana Rum Amir Kaji | lan para jumah sadarum | nulya tan jawat gumuroh ||

5. ya ngaleka salamu | hèh raryalit lungguha sirèku | nulya lênggah ing ngarsane Amir Kaji | ngandika Risang Amir Rum | hèh para jungahjumngah (dan di tempat lain). sapa

--- 374 ---

wroh ||

6. rare kang darbe sunu | para jungah sadaya umatur | dhuh pukulun datan wontên kang udani | sudarmèng rare puniku | ing Ngarap ngriki tan tumon ||

7. inggih prayoginipun | tuwan dangu pribadi puniku | asalipun pun rare saking ing pundi | ngandika Amir Kaji Rum | hèh walatwala. ingsun têtakon ||

8. ing ngêndi pinangkamu | dene tanpa larapan praptamu | rare matur ya tuwanku Amir Kaji | dèrèng purun jarwa ulun | ing purwane praptaningong ||

9. amba tanya rumuhun | ing tuwan mrih jumah sadarum |Kurang satu suku kata: ing tuwan mrih jumungah sadarum. angandika Molana Rum Amir Kaji | ya walahwala. apa karêpmu | bêcik takona maring ngong ||

10. apa kang

--- 375 ---

adi luhung | apadene masalahing ngèlmu | ingkang ngêkak miwah ingkang gaib-gaib | raryalit alon umatur | gampil yèn tuwan wus sagoh ||

11. dene têtakèn ulun | gaibing Allah lan malihipun | gaibing Mukamat puniku kang pundi | mèsêm ngandika Amir Rum | hèh thole yèn sira takon ||

12. gaibing Alah iku | pan Muhkamad de Muhkamad iku | pan gaibe pan Alah ingkang sayêkti | iku yèn sirarsa wêruh | sarwi gumujêng turnya lon ||

13. ya Tuwan Molana Rum | miwah para jumungah sadarum | pan jawabe Mukamat gaibing Widhi | kaakên punapa [pu...]

--- 376 ---

[...napa] iku | Muhkamad dening Hyang Manon ||

14. punapadene lamun | Alah winastan gaibing rasul | Alah iku kaakên napa mring nabi | ya thole ingsun tan ngrungu | kaya ujarmu mêngkono ||

15. mara jarwaa gupuh | têka ngêndi pinangkanirèku | rare matur ya tuwanku Amir Kaji | dèrèng purun jarwa ulun | ulun malih atêtakon ||

16. ing Tuwan Sang Amir Rum | miwah para jumungah sadarum | salat Jungah kang tuwan sêmbah punapi | tuwin salat limang wêktu | kularsa wêruh sayêktos ||

17. ngandika Molana Rum | saha para salèh para jamhur | iya thole [tho...]

--- 377 ---

[...le] sun salat Jumungah iki | tuwin salat limang wêktu | tan liya nêmbah Hyang Manon ||

18. lamun nora kadyèki |Seharusnya guru lagu: 7u, lamun nora kadyèku. nora êsah sêmbah pujinipun | wus Mukamat kang muni ing dalil kadis | raryalit ika duk ngrungu | sarwi wêntise dèn êntrog ||

19. sun idhêp tan kadyèku | ya tuwanku Molana Kaji Rum | ing panêmbah tuwan anêmbah Hyang Widhi | luwih saking sèwu luput | prasasat nêmbah dhêdheyos ||

20. panêmbah tuwan ngawur | siya-siya tan wrin jatinipun | tingaling kang sêmbah tuwan saking pundi | dhatêng pundi purugipun | pundi ênggène Hyang Manon ||

21. dhêlêg Amir [A...]

--- 378 ---

[...mir] Kaji Rum | para jungah kabèh ting palinguk | dènnya kaluhuran sabda lan raryalit | dangu-dangu mojar arum | ya thole ingsun tan wêroh ||

22. ing ênggone Hyang Agung | lan araning sêmbah iya tan wruh | miwah witing sêmbah iya tan udani | môngka rare ika muwus | ya tuwanku Rum Sang Katong ||

23. myang para salèh jamhur | pamuwuse kadya rare timur | anggêrayang tan ana ingkang gêpoki | anêmbah muji Hyang Agung | tuwan jawakna maring ngong ||

24. kaakên napa iku | Alah dening paduka Amir Rum | angandika Molana Rum Amir Kaji | ya thole marma sun sêbut | sun mulya-mulya [mu...]

--- 379 ---

[...lya-mulya] Hyang Manon ||

25. dene gawe maringsun | lan akarya manungsa sadarum | andadèkkên bale ngaras bumi langit | miwah ing saisinipun | dinadèkkên ing Hyang Manon ||

26. myang swarga narakèku | awal akir lair batinipun | nora liyan kabèh titahing Hyang Widhi | ralyalitraryalit. sugal amuwus | ah gênah apa Sang Katong ||

27. pangucapira iku | tuwin para salèh para jamhur | pamuwuse tan ana ingkang prêmati | morèk pijêr akatungkul | padha dhikir legog lohok ||

28. pijêr sujut lan rukuk | uwus marêm sêmbah pujinipun |

--- 380 ---

tangèh lamun praptaa ingkang ginaib | pangrasane wus pinunjul | tan ana graitèng kawroh ||

29. hèh Molana Kaji Rum | miwah para jungah para jamhur | rare alit kewala pasthi udani | kang kaya ujarmu iku | yèn kabèh titah Hyang Manon ||

30. nanging sirèku ngawur | angarani tan wruh aranipun | Amir matur ya tuwanku rare alit | paduka jarwa rumuhun | asal tuwan kang sayêktos ||

31. angandika Sèh Samsu | Tabarit hèh Molana Kaji Rum | saking êmbuh saking tambuh prapta mami | saking kadadean durung | dadi pan ingsun wus dados ||

--- 381 ---

32. ingkang gaibul uyup | durung dadi ya Alah ya rasul | durung dadi pan ingsun dadi rumiyin | kang luwih mulya pan ingsun | saking sakèhing dumados ||

33. mangkana Molana Rum | lawan para jumungah sadarum | sami nêmbah ing suku sang rare alit | raryalit malih amuwus | hèh Molana Rum Sang Katong ||

34. panjawabmu Hyang Agung | sira arani gaib sadarum | rasul sira arani gaibing Widhi | raryalit pan bisa muwus | kaya ujarmu mangkono ||

35. lan sêmbayangmu iku | kang sira sêmbah nêmbah Hyang Agung | yèn mangkono sira misih padha

--- 382 ---

kapir | durung Islam kang satuhu | dene tekatmu mêngkono ||

36. sira apa padha wruh | makaming Allah lan wujudipun | lawan kaya apa rupane Hyang Widhi | sira apa wus kapangguh | apa lanang apa wadon ||

37. matur Amir Kaji Rum | miwah para jumungah sadarum | ya duk timur kawula dèrèng udani | ing sual tuwan puniku | raryalit malih miraos ||

38. yèn mangkonoa hèh Rum | aja nêmbah ing Allah sirèku | tan sampurna sira mundhak kupur kapir | andhêku Amir Kaji Rum | pan sarwi aris turnya lon ||

39. ya tuwanku [tuwa...]

--- 383 ---

[...nku] Sèh Timur | inggih sintên paduka pukulun | sèh ngandika sarwi rupa kaki-kaki | lênggah ing kursi mas murup | nèng ngarsane Rum Sang Katong ||

40. kursi karamatipun | sami gawok kang miyat sadarum | panganggone sadaya wus sarwa langking | pamuwuse mring Amir Rum | hèh Amir yèn sira tan wroh ||

41. sajatine ya ingsun | ingkang lanang wadon iya ingsun | miwah ingkang minum minuman ya mami | kang tandhak-tandhak ya ingsun | tan edan ngedankên ingong ||

42. kang tambuh-tambuh ingsun | ingkang gaib kang suyut ya ingsun | ingkang rasa kang rumôngsa iya mami |

--- 384 ---

kang nêmbah sinêmbah ingsun | kang puji pinuji ingong ||

43. ingkang nikmat ya ingsun | ... |Kurang satu baris ke-2: 10u. ingkang lair ingkang batin iya mami | kang ngrasani iya ingsun | kang rinasan iya ingong ||

44. ingkang wêdi ya ingsun | ingkang wani tan liyan ya ingsun | ingkang kadim sayêktine iya mami | kang manikêm iya ingsun | kang dadi awak pan ingong ||

45. kang anom tuwa ingsun | ingkang lanang ingkang wadon ingsun | iya ingsun ingkang sugih ingkang miskin | ingkang ratu iya ingsun | kang dadi bala ya ingong ||

46. ingkang akèh ya ingsun | ingkang

--- 385 ---

sathithik pan iya ingsun | ingkang jodhon ingkang sêlèn iya mami | ingkang lumaku ya ingsun | ingkang mandhêg iya ingong ||

47. ingkang gumuruh ingsun | ingkang mênêng sayêkti ya ingsun | ngandhap nginggil kanan kering iya mami | wuri ngarsa iya ingsun | kang lor wetan kidul kulon ||

48. nora liyan ya ingsun | kang loh kalam nukat gaib ingsun | kang dat sipat apngal pan ya mami |Kurang dua suku kata: kang dat sipat apêngal pan iya mami. kang wujut ngèlmu nur suhut | sajatine iya ingong ||

49. kang bumi gêni banyu | miwah angin angin iya ingsun | ingkang sabar ingkang kêras iya mami | ingkang alim iya ingsun |

--- 386 ---

ingkang kêrêng iya ingong ||

50. ingkang dhihin ya ingsun | ingkang kari tan liyan ya ingsun | kang sarengat kang tarekat iya mami | kakekat makripat ingsun | kang iman tokit ya ingong ||

51. ingkang Alah ya ingsun | ingkang Mukamat pan iya ingsun | pan gaibing Mukamat pan iya mami | gaibing Alah ya ingsun | kang gêdhe cilik ya ingong ||

52. ingkang anak ya ingsun | ingkang nganakakên iya ingsun | kang kêkadang kang alola iya mami | ya ingsun kang kalèk makluk | kang alip lampahing ingong ||

53. kang min kang ake

--- 387 ---

ingsun | kang min akir kang dat iya ingsun | ingkang dunya kang akerat iya mami | kang swarga naraka ingsun | ya ingsun kang jaba jêro ||

54. hèh Mulana Kaji Rum | miwah para jumungah sadarum | ingsun pemut aywa pêpeka ngaurip | mokal yèn sira nora wruh | ngaurip têmahan layon ||

55. ing kono gon pakewuh | luwih ewuh kèh wong salang-surup | ngèlmu sarak dèn arani anguwisi | malah panasaran agung | yèn tan darbe ngèlmu jatos ||

56. aja pijêr kumlungkung | iku dadi dêdalaning kumprung | pêngung bingung êmbuh-êmbuh kang dèn rukti | kitab Kuran ngundhung-undhung |

--- 388 ---

kodhêng brahala ginendhong ||

57. kadhangan wong kadhadhung | ing drubiksa dèn ajaka lurung | mring pêpèrèng pêri pinindha apsari | sarwi siniwèng dhêdhuwur | jinagan dening gandarwo ||

58. pangrasane swarga gung | tan uninga yèn kalbèng bêkukung | kang mêngkono tanggung-tanggung dadya janmi | ya angur dadia lutung | patine tanpa karaos ||

59. tanpa pratikêl iku | sirnane iya datanpa tutur | dadi jalma yèn tan wruh tananjultarki | datan wurung katalikung | hèh eling-eling Rum Sang Katong ||Lebih satu suku kata: hèh ling-eling Rum Sang Katong.

60. ya ta Risang Amir Rum | saha para salèh para jamhur | duk miyarsa ring sabda risang siniwi |

--- 389 ---

samya nêmbah ngraub suku | sarwi ngrarêpa turnya lon ||

61. ya tuwanku Sèh Sêpuh | mugyangsala sapangat pukulun | lan pêparab tuwan kularsa udani | alon ngandika Sèh Pikun | hèh Mulana Rum Sang Katong ||

62. lan jumungah sadarum | nora ta sira wêruha ingsun | aran ingsun iya Sang Sèh Sutabarid | sawusnya ngandika uluk | gya amusna saking ênggon ||

63. gaib sakursinipun | nulya sinuhuransinauran. salamipun | pan gumuruh sarwi andongong prasami | jêtung gêtun asru ngungun | joto-joto ting palênggong ||

64. angunggo-unggo

--- 390 ---

sagung | agêng alit samya ting palinguk | ngungak-ungak mangu mangungune dening | praptane lan kesahipun | nora nana ingkang wêroh ||

65. kang kari sangêt mangu | angkên wêwayangan wuyung |Kurang dua suku kata: angkèn wêwayangan wayang-wuyung. mangu-mangu langkung saking poyang-paying | kayungyun sangêt kilayu | yèn kagrayang tan anggayoh ||

66. ing kayumananipun | kaya-kaya kaleyanga wahyu | wèh wirayat yayah maniyup yang-yanging | kêkayangan mrih rahayu | kayun ngupaya Hyang Manon ||

67. dadya samyayêg guyub | sadaya nêdya puruhitèku | ngèlmu ingkang nampurnakkên ing ngaurip | ana ngetan [ngeta...]

--- 391 ---

[...n] ngalor ngidul | sawênèh ana angulon ||

68. titi kikayatipun | wali mulya poma-poma sagung | anak putu rasakna lêpiyan niki | sengga dedèn. kongsi sumurup | mring tekat ingkang mêngkono ||

69. nanging aja angawur | gêgurua mupung ana umur | yèn dèn ajab ing tulis bae tan kêni | lamun durung anggêguru | gurayang nora gumacos ||

70. dadya ahli tasawub | ahli usul miwah ahli suluk | lamun durung ahli puruhita ngungkih | yêkti têmah sasar-susur | wantêre angas kemawon ||

71. jêr iki antêpipun |

--- 392 ---

pangrakite parabot pangracut | iku nora kalêbu sajroning tulis | amung cumanthèl ing guru | sawab larangan kinaot ||

72. tamat pamitranipun | ari Soma ing lèk kaping pitu | ing Jumadiawal warsanipun Alip | Isakanya kang lumaku | wujud nabi murwèng katong ||Sengkalan: wujud nabi murwèng katong (Senin, 7 Jumadilawal 1111 Isaka).

73. yèka ta kang manurun | rare mudha cumanthaka bangun | amanêdhak rawiyadi kang ginaib | nênggih wirayating suluk | jaman Dêmak winarnèng don ||

74. lawan caritanipun | wali mulya kang sampun linuhung | kang pêparab nênggih Sang Sèh Sutabarid |

--- 393 ---

lêlana kalantur-lantur | praptèng Arab kacariyos ||

75. samya bantahan ngèlmu | ingkang angèl arang kang anêmu | ing pasêmon sasmitaning ngèlmu jati | tangèh wikan kang anurun | rahsaning ngèlmu kinaot ||

76. amung dènnya kayungyun | caritanya ing jaman karuhun | mokal wruha kang gaib kang wêrit-wêrit | wêwêrane ing pangawruh | darma anurun kimawon ||