Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Purwaduksina Mulang Kang Garwa Dèwi Sarirasa, Sastradipura, 1905, #1712

Katalog:Purwaduksina Mulang Kang Garwa Dèwi Sarirasa, Sastradipura, 1905, #1712
Sambung:-

--- 58 ---

Purwaduksina Mulang Kang Garwa Dèwi Sarirasa

Mawi kasêkarakên ing ngandhap punika:

BismillahirahmanirrahimDitulis dengan huruf Arab.

1. Dhandhanggula

1. Purwaduksina angandika aris |Lebih satu suku kata: Purwaduksina ngandika aris. pan amurwa kang ngèlmu sanyata | apitutur ing garwane | Dèwi Sarirasa iku |Lebih satu suku kata: Dèwi Srirasa iku. garwanira dipun tuturi | pratingkahe ngagêsang | poma aja tungkul | dèn waspada sira nimas | ing batine pacuwan tingal kang silip | têmahan dadi bahya ||

2. lamun sira yayi tan ngawruhi | sayêktine

--- 59 ---

ing têmbe kêsasar | marga akèh rêncanane | yèn sira sampun wêruh | sajatine sarira iki | sasat wêruh Pangeran | iku jatinipun | aja ta kang kaya sira | lamun ora kêna rêncananing eblis | dene Jêng Nabi Adam ||

3. parandene nèng jroning swarga di | apan kagodha mring eblis lanat | prandene wus limpat kuwe | aja manèh sirèku | dhuh mas yayi nora akêni | dene dèrèng wuninga | jatine pangawruh | prayuga atêtakona | ariningsun nyatane tingal kang urip | iku pagurokêna ||

4. ingkang garwa sigra matur aris | lah ta inggih pangandika tuwan | mugi tulusa gêng sihe | sangking bodho wak ingsun | sapa sintên ingkang madhangi | yèn botên paduka tuwan |Lebih satu suku kata: yèn ta botên paduka. tuduh marga ayu | Purwaduksina ngandika | pirangbara yèn ana sihe Hyang Widi | têtulung marang sira ||

5. iya iku yayi dipun eling | aja nyata sira kang mangkana | iku riya-riya bae | miwah yèn anggêguru | takokêna ujar puniki | ingkang wolung prakara | dèn têtela iku | wiwit mas kawine Allah | lan Mukhamad ping kalih aras [a...]

--- 60 ---

[...ras] lan kursi | poma yayi takokna ||

6. kaping tiga mas kawine wêngi | lan raina ping sêkawanira | lintang lawan ngèlmu mangke | kaping limane iku | mas kawine jalu lan èstri | iku yayi takokna | kaping nême iku | mas kawine wulan ika | lan srêngenge bumi lan langit puniki | iku dèn takokêna ||

7. kaping wolu mas kawine swargi | lan naraka poma yayi wruha | dèn têtela ing lungguhe | apan akèh katungkul | ujar iku tan dèn kawruhi | yayi pagurokna |Kurang satu suku kata: yayi pagurokêna. ing sapungkur ingsun | kang garwa aris turira | inggih tuwan sangking sihira kyai |Kurang satu suku kata: inggih tuwan sangking sihira kiyai. nuwun kawula nêdha ||

8. kadospundi padhang awak mami | kang ingaran mas kawine Allah | lawan Mukhamat jatine | lintang lan ngèlmu iku | miwah aras kêlawan kursi | kawula padhangana | sangking kula tungkul | andika wêjang kawula | inggih ingkang mas kawin rina lan wêngi | tuwan pratelakêna ||

9. Purwaduksina ngandika aris | ariningsun wong ayu utama | mas kawin akèh têgêse | lawan Mukhamad iku | patêmone nurolah yayi | kêlawan uripira | tunggal rasanipun | mas kawin aras [a...]

--- 61 ---

[...ras] punika | lawan kursi patêmone rasa jati | lawan cahya Mukhamad ||

10. anadene mas kawine èstri | lawan jalu patêmone jasat | kalawan nyawa jatine | iman tunggalipun |Kurang satu suku kata: iman tunggalanipun. yayi dene mas kawinnèki | aras lan kursi ika | patêmone sungsum | pan tunggale nur bayunya | lawan balung kumpule rasa puniki | iku pamêjang ingwang ||

11. anadene kang lintang anênggih | mas kawine lan ngèlmu punika | aras muajar jatine | patêmone puniku | ciptanira iku ta yayi | nèng sanubari nyata | osiknya satuhu | mas kawine bumi ika | lawan langit patêmone utêk nênggih | lawan sirullah ika ||

12. anadene mas kawine wêngi | lan raina patêmone netra | paputih lawan irênge | rukyat iku ranipun | patêmone kawula Gusti | iku campuring rasa | ing mangsane iku | mas kawine kang nèng swarga | lan nêraka patêmone napsu yayi | kalawan budinira ||

13. lan tunggale angawruhi dhiri | ing anane bêcik lawan ala | sangking ing kono wêdale | yèn wus nyata ing ngriku | pêrbedane pan tunggal nênggih | kaya ta

--- 62 ---

wali ika | mênèk sira ngrungu | garwane aris atanya | kadospundi patunggale dadi siji | rêrasan kang mangkana ||

14. Purwaduksina ngandika aris | pan tunggale ing wujud punika | ing kono tunggal tingale | sakèhe kang maujud | iku yayi kawula Gusti | poma waspadakêna | Gusti wuwus ingsun | kang garwa aris aturnya | kadospundi wontên wong têtakon malih | pitakènnya mangkana ||

15. kang aran nimas kadospundi |Kurang satu suku kata: ingkang aran nimas kadospundi. nyatanira iman tokit ika | makripat paran têgêse | padhangêna wak ingsun | tatelane sawiji-wiji | kawula dèrèng wikan | padhangna tiningsun | Purwaduksina ngandika | pan mangkene pamanggih ingsun sayêkti | nora ngulati Allah ||

16. iya urip Allah kang sayêkti | ingaranan yayi tokit ika | idhêpe iku jatine | nora karana ujud | kang angucap puniku singgih | kang winastanan Allah | tan loro tatêlu | iya arane sarira | tokit iku tingale rasa sajati | jatine yèn kaana ||kaanan.

17. anadene gusti mirah mami | sajatine Suksma urip ika |

--- 63 ---

kang Suksma nyata awake | sayêkti tan kadulu | raga iki upama yayi | sarah munggèng lautan | lumiriging alun | satindak lawan nugraha | iya iku kang aran manungsa jati | jatine kang sampurna ||

18. yayi dene kang dèrèng udani | wêdi mulat têtèbèng punika | marga akèh durakane | aran têtèbèng iku | pakumpulan sakèhing ricik | wali-wali punika | para nabi iku | miwah kang mukmin sêdaya | garwanira umatur arum amanis | tuwan nuwun kawula ||

19. ingkang garwa umatur wotsari | wontên malih sujanma têtanya | nabi pundi sayêktine | jarumana tiningsun | kadipundi ingkang sajati | miwah ujar sakêcap | wêjangên wak ingsun | yèn mênêng tanpa upama | wah Pangeran nyatanira mung sawiji | miwah tingal sakêdhap ||

20. ing satindak kawula puniki | sarta mangan sakêpêl punika | nginum sacêgokan mangke | mugi wêjangên ingsun | lawan nyandhang sasuwir nênggih | kawula dèrèng wikan | padhangna tiningsun | Purwaduksina ngandika | ariningsun wong ayu juwita mami | pilih kang kaya sira ||

21. anadene jarumaning [ja...]

--- 64 ---

[...rumaning] ati | kawruhana sampurnane iya | jênênge ati thêlênge | ujar sakêcap iku | apan êdat wastane yayi | laku ingkang satindak | panarima iku | tingal sakêdhap punika | marang krama têgêse anginum warih | nyatane maring iman ||

22. têgêse sira mangan iku yayi |Lebih satu suku kata: têgêsira mangan iku yayi. pan sakêpêl pêparinge Allah | nyandhang sasuwir jatine | pujinira puniku | dèn kawangwang sajroning ati | iku jatining gêsang | tan uninga iku | angrasaa padha-padha | iku yayi iya angrasa wus suci | dene sampun makripat ||

23. nora ana yayi amalnèki | amung siji amalira dhawak | ing sausikira dhewe | garwanira umatur | wêcanane arum amanis | inggih kawula nêdha | sangking sih pukulun | paduka mêjang kawula | praptèng dunya dumugining têmbe akir | ulun tulusa arja ||

2. Asmaradana

1. kawula pitakèn malih | kadospundi wong alara | alam punapa anane | kawula dèrèng wuninga | mugi ajarumana | mamrih padhanga tyas ulun | duk lagi polah Pangeran ||

2. alam punapa wastèki |

--- 65 ---

miwah duk cêngêng punika | alam punapa wastane | kawula dèrèng wuninga | mugi dèn jarwanana | Purwaduksina amuwus | dhuh yayi musthikèng tilam asmara ||Lebih tiga suku kata: dhuh yayi musthikèng tilam.

3. papujaningsun wong kuning | gurune èstri sajagad | yèn lagi ngrasa larane | iku yayi alam topan | dèn eling marang Hyang Suksma |Lebih satu suku kata: dèn eling mring Hyang Suksma. de polah Pangeran iku | yayi aran alam tobat ||

4. winastan gaibolahi | cêngêng lagi ingaranan | alam kabir iku mangke | kang jagad langgêng duk baka | umatur ingkang garwa | sintên tuwan ingkang rawuh | kang sami tilik kaanan ||

5. sintên kang dhatêng rumiyin | telane satunggal-tunggal | lah tuwan padhangna ingong | Purwaduksina ngandika | Jabrail ingkang têka | abang cahyane puniku | dèn awas pawasira ||Kurang satu suku kata: dèn awas pamawasira.

6. ping kalih cahya Mikail | ijo warnane mêrkilat | ping tiga Israpil mangke | putih cahyane sanyata | sangking netra wêdalnya | abang pipi wêdalipun | kang ijo sangking têngênnya ||

7. ping pate yayi Ngijrail | cahyane kuning punika | mêdal sangking bathuk mangke | iku kang wus pasthi tingal | têkaa tri prakara | yèn tan ana siji iku |

--- 66 ---

sayêkti lara kewala ||

8. durung praptèng môngsa pati | yèn wuninga ta punika | dèn awas sira nah anggèr | Ngijrail kang darbe tingal | têmon Nabi Mukhamad | iku parêk ajalipun | wus andungkap ingkang lawang ||

9. sêgara panya kang nami | sawuse ngancik punika | nulya mancal sira anggèr | iya sêgara istikar | sampun liwat kang nyawa | anulya yayi pan munjuk | ing sêgara langkah ika ||

10. andungkap sêgara malih | anèng sêgara istigna | sampun liwat nyawa mangke | duk ngambah sêgara kiyam | ing kono nulya liwat | sêgara rante puniku | nulya liwat ingkang nyawa ||

11. wus andungkap aras kursi | miwah dhindhing jalal ika | andulu sira ing kono | katingal kalih prakara | tingalan kahit ika | alam wus mênga puniku | anulya malih katingal ||

12. ing ngriku kandhêga malih | tumingal sêgara cahya | kalintang dene wêninge | umatur aris ingkang garwa |Lebih satu suku kata: umatur aris kang garwa. kadospundi têgêsnya | sêgara panya puniku | tuduhna awak kawula ||

13. sêgara iptikar nênggih | mugi tuwan jarwanana | inggih sawiji-wijine | Pangeran guru kawula |

--- 67 ---

Purwaduksina ngucap | dhuh mirah gusti riningsun | wong ayu pêpujaningwang ||

14. sayêkti gurune èstri | wajib ingsun tuduhêna | sêgara panya têgêse | yaiku wawêngkonira | de sêgara punika | iptikar pan têgêsipun | yaiku jajêngkonira ||

15. sêgara istigna yayi | wêwudêlira sanyata | dhuh mirah papujaningong | sêgara panya punika | yaiku sikutira | sêgara rante riningsun | têgêse pan ususira ||

16. yèn sira durung udani | arane mirah riningwang | sêgara cahya nah anggèr | sanubari kang sanyata | dene sêgara kiyam | yayi dhadhanira iku | dene ta sêgara cahya ||

17. iya netranira yêkti | jangkêp papitu sêgara | kang tumrap sarira kabèh | nyatane kang anèng raga | umatur ingkang garwa | wontên tiyang takèn ulun | dhindhing jalal khakekatnya ||

18. kalawan kang aran kursi | lan lohkalam têgêsira | lah tuwan padhangna ingong | kawula pan dèrèng wikan | Pangeran guru amba | lan gunung Tursina iku | miwah têtimbanganira ||

19. lan wot siratal mustakim | mugi tuwan tuduhêna | lungguhe punika mangke | Purwaduksina ngandika | aran aras [a...]

--- 68 ---

[...ras] kursika | lawan buwang aras iku | buwangira ingaranan ||

20. ilatira dhuh mas yayi | têgêse uwot siratal | dene timbangan lungguhe | iya bau keri kanan | dene aran lohkalam | iku yayi têgêsipun | lathinira kang sanyata ||

21. gunung Tursina ta yayi | pan irung iku têgêsnya | dèn gawa kumpule kabèh | ing gulu gènnya sênêtan | nyawa iku kang gawa | lawan paningalirèku | wus andungkap anèng lawang ||

22. nyawa anèng alam kiyami |Lebih satu suku kata: nyawa nèng alam kiyami. alam kiyam bathuk ika | alam kahit iku githok | ing kono andhêge nyawa | duk aningali cahya | cahyane Mukhamad rasul | iku alam ingkang mulya ||

23. sawuse nèng kono yayi | nulya ana utusaning Hyang |Lebih satu suku kata: nulyana utusaning Hyang. malaekat salsahil mangke |Lebih satu suku kata: malekat salsahil mangke. awèh nyawa ta punika | anèng langit parannya | dèn awas para riningsun | ing kono amanggih rupa ||

24. cahya lir purnama sidi | sirna kaananing Suksma | kang garwa nulya pitakèn | kadospundi langit ika | salsahil nyatanira | Purwaduksina lon muwus | anadene langit [la...]

--- 69 ---

[...ngit] ika ||

25. ya cêthakira puniki | kang bumi nyata riningwang | iya sangisor ilate | malaekat salsahil ika |Lebih satu suku kata: malekat salsahil ika. yayi kêkawahira | dene aruman puniku | iku ari-arinira ||

26. kirun wanakirun yayi | sajatine bungkusira | iku kawruhana anggèr | kang rayi malih atanya | adhuh kyai guru amba |Lebih satu suku kata: dhuh kyai guru amba. mugi jarwanana ulun | kang pinanggih jroning pêjah ||

27. Purwaduksina nauri | kang pinanggih jro sêkarat | pasthi rupanira dhewe | lamun sampun arsa pêjah | nunggil dadi satunggal | surat kang rupa puniku | unine muji ing Allah ||

28. yayi iku mukhamati | tuladanira Pangeran | ujar iku wadi anggèr | iku jênênge sêkarat | ujar kang linarangan | mulane janma kang luhung | ajrih lamun narbukaa ||

29. marga iku ari mami | ujar iku linarangan | lamun jodhèr kêkêrane | lir ngadu pucuk ri ika | sisipa tibèng jurang | kang garwa alon umatur | inggih nuwun guru amba ||

30. kawula atakèn malih | kados ta nyawa punika | kadospundi ing têgêse | kang aran nyawa punika | kawula

--- 70 ---

dèrèng wikan | ing satunggal-tunggalipun | nyawa kathah ingkang kocap ||

31. mugi jarwanana mami | Purwaduksina ngandika | adhuh ariningsun anggèr | yayi ingkang aran nyawa | iku limang prakara | ingaranan yayi iku | ênur sajuga arannya ||

32. dene ingkang kaping kalih | kang êroh mangke punika | akal ing kaping tigane | sêkawane Allah ika | kaping limane alam | sajatine nyawa iku | yèn sira durung wuninga ||

33. têgêse kang nur puniki | amadhangi ing kaanan | têgêse roh iku mangke | iya yayi uripira | têgêse kalam ika | pangandikane Hyang Agung | sayêktine budinira ||

34. kang Allah jênêngerèki | wus jangkêp lalima ika | puniku tuduh sun anggèr | anggitên jroning wardaya | dhuh mirah pujaningwang | sawênèh ana kang muwus | nora wikan maring nyawa ||

35. kang garwa umatur aris | inggih kawula narima | duk gaib napa wastane | nyawa lagi nèng wêwadhah | dhuh tuwan jatènana | Purwaduksina lingnya rum | yayi duk gaibe ika ||

36. sampune tunggalan iki | naptu gaib iku iya | nalika [nali...]

--- 71 ---

[...ka] kumpul cahyane | tunggal êning aran tunggal | taksih kumpule nyawa | aran alam padhang iku | nyawa gêgantungan ika ||

37. sèjèn lapal iku jati | tunggalipun ta punika | kawruhana sira anggèr | iya yayi uluhiyah | puniku tunggalira | kang lintang johar puniku | iku nyawa sajatinya ||

38. gêlaring jagad puniki | nyawa kang duwe paesan | nyawa Allah sajatine | ya Mukhamad kalih ika | jatine nyawanira | iya yayi tunggalipun | aja akèh tungkulira ||

39. ujar iku yayi tunggil | mulane akèh kang aran | dene kiyas iku mangke | pinatuk lawan pandhita | mila akèh rêrasan | kang bodho kagetan iku | ujar iku kang wus nyata ||

40. sampurnane jasat iki | datan ana wêwangênan | nora bêstu suwung mangke | sampun manjing kupur-kopar | iku jatining gêsang | kalamun nora puniku | jatining manungsa ika ||

41. kang roh mandhêg tingal sêpi | dene wus abadan Allah | kang garwa nungkêm padane | guruningsun donya kerat | andika sih mring amba | pan sampun nyata [nya...]

--- 72 ---

[...ta] ing ngriku | tuduhe satunggal-tunggal ||

42. kaya priye iku yayi | antêpe pangawruhira | ingkang garwa lon ature | kawula pan dèrèng wikan | padhangna ing tyas ingwang | Purwaduksina amuwus | ya yayi papujaningwang ||

43. têgêse mangkene yayi | pan wus ilang tingalira | nêpsune wus lêbur kabèh | pangucapira wus sirna | liwang-liwung dadinya | ing swarga tan krasan iku | krana tan arsa panggiha ||

3. Dhandhanggula

1. adhuh yayi kawruhana malih | ing pasthine Gusti lan kawula | yèn padudon tanpa gawe | sayêktine riningsun | datan kêna ingaran tunggil | ya Gusti ya kawula | ya dasih ya ulun | adhuh yayi mirah ingwang | lamun pisah sayêktine tanpa dadi | yèn tunggal siya-siya ||

2. kadya ngangsu pikulane warih | angupaya gêni ariningwang | de wus dêdamaran mangke | kodhok ngêmut lèngipun | rôngka manjing nèng curiganèki |Lebih satu suku kata: rôngka manjing curiganèki. baita mot sagara | tapak kontul mabur | kuda ngêrap ing pandêngan | kang pêmbarêp adhine wuragil yayi | lawan tambining pucang ||

3. wontên siti pinêndhêm ing bumi | lawan banyu

--- 73 ---

dèn êndhêm ing toya | lawan srêngenge pinepe | kang dahana tinunu | pêrcekanên iku ta yayi | pan kabèh iku cipta | ciptane wong luhung | ana gusti angawula | ana dasih kinawulan dening gusti | iku sira dèn awas ||

4. kabèh iku dèn graitanên yayi |Lebih satu suku kata: kabèh iku graitanên yayi. sasmitane ujar kang mangkana | wetan kulon wusanane | lan wêkasane lor kidul |Lebih satu suku kata: lan wêkase lor kidul. sarta yayi susuhing angin | luhur lawan ing ngandhap | ing wêkasanipun | sasmita aja angarang | takokêna pandhita ingkang linuwih | kang wus sampurnèng tingal ||

5. miwah irêng mangke kang aputih | ing wiwitan yayi lan wêkasan | iku kawruhana anggèr | kang dasih lan sang ulun | miwah Gusti kawula nênggih | kang kulon lan kang wetan | lor kalawan kidul | lan katon ingkang katingal | iya poma gurokêna kang sayêkti | yèn sira durung awas ||

6. lawan yayi têtakona malih | mring pandhita kang wus waskithèng tyas | kang anom pambarêp mangke | adhine ragil iku | lan wêlanjar durung alaki | lawan yayi alila | sajroning aturu | pêrawan tansah ing priya | lawan [la...]

--- 74 ---

[...wan] rôndha durung apêputra iki | lan wêkasaning sinjang ||

7. lan jatine lanang lawan èstri | sarta yayi Gusti lan kawula | dhalang kêlawan wayange | yèn sira durung wêruh | poma iku takokna yayi | aja sira diguna | ewuh ujar iku | kathah janma tibèng sasar | salah tômpa ragane dinalih jati | mulane tibèng sasar ||

8. lawan sira têtakona yayi | sajatine Gusti kang ngawula | kang Gusti kawula anggèr | tunggale loro iku | lan karone tunggale singgih | iku dèn kawruhana | sidane pangawruh | lawan sampurnaning tunggal | poma iku yayi gurokna sayêkti | sampurnane panêmbah ||

9. sarta manèh kawruhana yayi | patêmone Gusti lan kawula | dhalang kêlawan wayange | ewuh ujar puniku | datan kêna sinambi-sambi | lamun datan ngèstokna | sira manggih suwung | ujare kang wus waskitha | nyawa iku pêpanggihan karon-ron sih | wêkasane panrima ||

10. upamane gusti mirah mami | kadya janma nèng jroning paprêman | paranbaya patêmone | pamuji èstri jalu | nora kêna dhingini liring | têmahan kênèng

--- 75 ---

cidra | loji têmahipun | pilih-pilih kang tumêka | bokmênawa iku winastanan jati | asor jênênge priya ||

11. wong lanang apa jayane èstri | maksih nganggo kang dudu dinuga | apan têka wêkasane | pangantèn wis sawindu | durung kêna ujungan liring | katungkul sandhang pangan | yèn atangi turu | polahe kêkanthèn asta | nanging dèrèng acarêm salaki rabi | tansah pulang asmara ||

Tamat, Purwaduksina mulang kang garwa Dèwi Sarirasa.