Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Radèn Sumarja Gêguru dhatêng Pandhita, Sastradipura, 1905, #1714

Katalog:Radèn Sumarja Gêguru dhatêng Pandhita, Sastradipura, 1905, #1714
Sambung:-

--- 147 ---

Suluk Radèn Sumarja Gêguru Dhatêng Pandhita, Nêgês Masalah Lampahipun Bimasuci.

Mawi karêngga sêkar kinanthi.

BismillahirahmannirrahimDitulis dengan huruf Arab.

1. Kinanthi

1. Radèn Sumarja umatur | kawula asring udani | cariyose kitab Jawa | ingkang nami Dewaruci | punapa inggih isbatan | tuwin ta inggih sayêkti ||

2. yèn ta yêktosa puniku | pagene Sang Hyang Pramèsthi | têka botên amêmalang | sakarsa-karsane dadi | dene duk Rêsi Wisrawa | mêmulang Dèwi Sukèsi ||

3. punika antuk sêsiku |

--- 148 ---

dera Risang Udipati | dosane miyak warana | môngka Risang Bayusiwi | ambuka kang Sastracêtha | Sastrajindra malah luwih ||

4. mèsêm ngandika sang wiku | yèn ta botêna sayêkti | de sampun pinacak kitab | lamun dora ta upami | têmah èwêt raosing tyas | sarèhning kawula laip ||

5. têmah botên sagêd gayuh | anak puniku prakawis | umatur Radèn Sumarja | kawula nuwun aksami | para sawabe ing tuwan | pun patik ingkang nglampahi ||

6. sang tapa ngandika arum | marmane Wisrawa Rêsi | kasiku dening jawata | wani miyak aling-aling | prasasat ngaku bathara | witing jaman purwa nguni ||

7. awit prakara puniku | de Sang Gôndawrakta siwi | bangkite sangking atômpa | wawêjange Dewaruci | buka gaibing Hyang Suksma | wus bageane pribadi ||

8. pêpadhanira ing ênu | nalikane para wali | kang aran Sèh Sitijênar | jaman Dêmak kaping kalih | Pangeran Panggung kang nama | kaping tri kala Mantawis ||

9. Amongraga wastanipun | katri sami kumawani | amiyak wadananing Hyang | angrusakakên agami | sarake Jêng Nabi

--- 149 ---

Duta | Mukhamad ingkang sinêlir ||

10. wong têtiga sami kukum | kenging wiradating aji | Sèh Sitijênar pinêdhang | Pangeran Panggung dèn bêsmi | katiga Sèh Amongraga | kinêlêm laut Tunjungbrit ||

11. kilap sabakdaning kukum | kula tan sagêd andugi | dhêku radèn kalihira | prasami padhang kang galih | caritane sang pandhita | nglêlimput wong lara brangti ||

12. sang dwijawara amuwus | wawi anakmas kêkalih | wêkdal luhur sampun môngsa | sandika risang sinung ngling | minggah langgar laju salat | patrape kadi duk nguni ||

13. tan kawarna bakda sampun | katri ngalih mring pandhapi | ngandika purwa wasana | hèh cantrik wêtokna nuli | ing saana-ananira | wus lingsir sêdhênge bukti ||

14. santri kêkalih abikut | angladosakên sêsaji | apan nutug samya dhahar | rampung ingundurkên sami | sinalinan dhêdhaharan | warna-warna cara ngardi ||

15. Radèn Sumarja umatur | tuwanku sang maharêsi | ulun mugi têdahêna | masalahe Dewaruci | paran amba sagêd nelad | lir brangtane bayu siwi ||

16. sang tapa mèsêm lingnya rum | inggih anakmas wak mami |

--- 150 ---

asagah dèrèng kantênan | yèn mopoa kula sirik | yèn arsa saananira | pun bapa boya gumingsir ||

17. saking pangraosing kalbu | kilap lêpat kilap sisip | borong ingkang sami myarsa | sawontêne cara ngardi | wong pêrang tanpa landhêsan | botên kenging dèn dukani ||

18. kala sang panênggak Pandhu | sêdya arsa angulati | ingkang warih tata darma | môngka sucining dumadi | puruhitèng Dhanyang Druna | ing kono margane olih ||

19. nadyan iku kênèng apus | pra Pandhawa pinrih pati | ananging Sang Bratasena | sêdyaning tyas mung ngulati | sampurnaning dhirinira | nora ngetang baya pati ||

20. makatên si wong gêguru | lamun kadi Bayusiwi | wong pruhitèng jaman mangkya | jêr atine minggrang-minggring | sakirna kang dipun ancas | sayêkti botên pinanggih ||

2. Asmaradana

1. wau ta rahadèn kalih | dahat dènira kasmaran | sang pandhita caritane | iba benjang yèn wus angsal | wawêjang kang sanyata | lagi tutur ala nganggur | gawe grêgête graita ||

2. dhuh anak crita ngong uni | Dewaruci Wêrkudara |

--- 151 ---

mung ginawe isbat bae | ondhèl-ondhèl lan upama | gambare angganira | wit wong patrap olèh ngèlmu | makatên ingkang pinanggya ||

3. nalikane Bayusiwi | minggah wukir Côndramuka | mêjahi danawa loro | punika pralambangira | lamun sirarsa patrap | ditya kalih pêjahipun | dadya Dewa Batharendra ||

4. Sang Hyang Bayu kang sawiji | endra têgêse sarira | angèndêlake badane | bayu sajatine napas | nyingkirêna panggônda | Sang Wêrkudara alaju | manjing jro sumur sigrangga ||

5. amêjahi naga èstri | mêpêt napsu têgêsira | ingkang catur prakarane | Sena kondur mring Ngamarta | pamit ing para kadang | arsa anggêbyur ing laut | raka ri gondhèli samya ||

6. amêksa Sang Bayusiwi | punika upaminira | angicalakên sakèhe | uwas kuwatir sumêlang | Sena manjing samodra | amêjahi naga agung | mangikik Anêmburnawa ||

7. ngibaratipun puniki | nirnakna sagung pangrasa | nulya Sang Sena kapanggoh | Dewaruci paminira | wus aningali sipat- | ing gapura kang umasuk | marang ing

--- 152 ---

jagad walikan ||

8. Wêrkudara manjing kuping | bingung tan uningèng keblat | niku anggèr ngibarate | mèh manjing jagad walikan | nuntên dulu samodra | tanpa têpi angêlangut | yaiku tyasing manungsa ||

9. Wêrkudara Dewaruci | ana ing jagad antara | lawan ngriki botên pae | Sang Bratasena tumingal | cahya gumilang-gilang | pôncamaya wastanipun | punika jantung têgêsnya ||

10. nglimputi sakèhing ati | marma aran muka sipat | pangarsa sarira kabèh | anuntên saliring sipat | ya sipat kang sanyata | dene ta ing papanipun | amanggèn wontên ing cipta ||

11. êmpane anèng pangèsthi | pamiyarsa lan panggônda | pangraos myang miraose | tan samar jatining rupa | nulya Sang Wêrkudara | anon cahya warna mancur | irêng abang kuning pêthak ||

12. punika têgêse budi | nêdahakên napsunira | ingkang kawan prakarane | kang cêmêng manggung angajak | kêsèd ngôngsa karipan | kang abrit pandamêlipun | ngajak panastèn dêduka ||

13. dene ta kang rupa kuning | ngajak sugih pakarêman | para papinginan kabèh | inggih ingkang rupa [ru...]

--- 153 ---

[...pa] pêthak | nuntun mring kautaman | brata dana tuwin maklum | kajèn keringan karênggan ||

14. nuntên Gôndawrakta siwi | ningali urub satunggal | dadya wawolu sorote | irêng abang kuning pêthak | wungu ijo kalawan | abiru tanapi dadu | iku cahyane Pangeran ||

15. malah-malah amimbuhi | dening cahyane pramana | nênggih kang cêmêng rupane | kadi musthikèng pratala | punika ingkang têmah | ing cipta kanisthanipun | dene ta kang warna jingga ||

16. pindha sasotya hèr gêni | nêmahkên dhusthaning cipta | ingkang kuning suwarnane | akadi rêtna dumilah | têdah dorane cipta | kang pêthak ngumala mancur | nêdahkên sêtyaning cipta ||

17. dene kang arupa wilis | kadi manik tejamaya | gih punika nêdahake | dhatêng santosaning cipta | kang biru muyêg kadya | nila pakaja kang dhapur | têdah sabawaning cipta ||

18. ingkang wungu warnanèki | pindha manik pusparaga | môngka sêmbada ciptane | ingkang dadu kadi mirah | anêdahkên yèn owah | gingsiring cipta satuhu | nalikane Bratasena ||

19. inggih aningali malih |

--- 154 ---

wus kadi tawon gumana | mancur mancorong warnane | iku pramanane suksma | mimbuhi kèhing rupa | jagad alit jagad agung | linimput dening pramana ||

20. sang pramana uripnèki | pan sangking uriping rasa | Bratasena anon manèh | kadi pratima mutyara | cahya wêning kawuryan | pramananing rasa iku | kang amurba amisesa ||

21. isine alam sakalir | urip sangking dating asma | Wêrkudara anon manèh | ingaranan sipat êsa | tan kakung tan wanodya | boya arah tanpa dunung | nora kôntha nora warna ||

22. cahyanira anêlahi | gumilang tanpa wayangan | dating asma satuhune | ingkang kuwasa akarya | alam saisinira | ing gêsangira puniku | tan ana kang nguripana ||

23. punika risang prêmati | inggih kang ingaran êsa | manggon urip kita radèn | sumôngga gyanira manah | anakmas mung punika | pun bapa ing kawruhipun | radèn dhêku kalihira ||

24. tan alêga ingkang ati | sadangunira miyarsa | sang pandhita wêwulange | ngandika sang dwijawara | anak sami ngaturan | punapa pun anak sampun | myarsa criyose [cri...]

--- 155 ---

[...yose] Sèh Mlaya ||

25. inggih Kangjêng Sunan Kali | puruhita Sunan Bonang | makatên kaantêpane | kabèh laku têtaunan | wêkasan antuk wêjang | kinèn munggah khaji gupuh | ngalap barkah rasulullah ||

26. sêmana dipun lampahi | boya wêruh marganira | nèng pinggir samodra gêdhe | satêmah antuk hidayat | pêpanggih marbudyèng rat | puniku jumênêngipun | panutupe wali sanga ||

27. puniku dèn irib-irib | tekade wong puruhita | pindha Jêng Susunan Lèpèn | lamun maksih sêmyang-sêmyang | lah sampun linampahan | mung sakêdhik damêlipun | têmah muwuhi duraka ||

28. môngka wus tinumbas awis | dhasar kèh paedahira | yèn tan sumurup raose | eman botên linampahan | wit ngèlmune Pangeran | yêkti prayoga sêdarum | ênggène boya kantênan ||

29. pandhita satriya khaji | sudasudra. dama maksiyatan | samya kadunungan kabèh | marma tan kenging ingina | rèh sami titahing Hyang | wontên dhuwur langkung luhur | ana andhap luwih andhap ||

30. radèn dhêku matur aris |

--- 156 ---

sangking raose tyas ombaamba. | lêbokna ing gêni gêdhe | panjingna têlêng samodra | glundhungna ing jêjurang | yèn sang tapa kang atuduh | pun patik botên suminggah ||

31. sang wiku mèsêm nauri | anak kalih sun tarima | sadaya ing pratignyane | prayogine sinêlanan | supados botên kêmba | pun cantrik kinèn angidung | kang kinon gya ura-ura ||

32. ancur gêdhah munggèng carmin | sêndhang gung ing pawukiran | boya lêga rasaningong | galêpung pulas wadana | kada agung apanjang | môngsa lipura katèngsun | yèn nora nunggal sasana ||

33. sang wiku ngandika malih | hèh mara cantrik sanyata | ura-ura gêntèn-gêntèn | sabisane kuli desa | môngsa dipun cacada | kang kinon umangsah gupuh | rarêpèn asmaradana ||

34. kayu gurda pindha warni | pandhita ing Endrakila | raganingsun kaya priye | terong alit dhêdhompolan | paksi môngsa bayangan | iba susahirèng kalbu | yèn nganti salin sandhangan ||

3. Maskumambang

1. wus kumambang manahe rahadèn kalih | mring sang dwijawara | dahat angroro pangèksi |

--- 157 ---

dene wus antuk wawêngan ||

2. sang pandhita samana wus ananggupi | wèh tuduh kang nyata | ambuka kang gaib-gaib | kapindhone sira radyan ||

3. ciptaning tyas mênawa dipun tampani | dènirarsa magang | marang sang kusumèng wukir | makathik juru pêthetan ||

4. sira Radèn Sumarja umatur aris | amba nuwun têdah | caritane Bayusiwi | ing praptanirèng wêkasan ||

5. paran sanès lawan kadangipun sami | sang pandhita mojar | ing mangke kula jatèni | nalika kari mataya ||

6. pra Pandhawa miwah Prabu Harimurti | tuwin para raja | tanapi sang sori aji | kumpul anèng candhi sêkar ||

7. tan cinatur mehrade Sang Dèwi Kunthi | miwah Darmaputra | DanangjayaDananjaya. lawan malih | Nakula tuwin Sadewa ||

8. Wêrkudara samana kantun pribadi | ingatag Sri Krêsna | umanjinga candhi sari | Sang Sena datan lênggana ||

9. angandika nata Prabu Dwarawati | yayi kayaparan | kari sira lawan mami | aja kadangon riningwang ||

10. kadangira kabèh wus antara sami | nauri Sang Sena | lah iya kakang dèn ririh | ing karsa dipun sarônta ||

11. nora

--- 158 ---

kêna kalamun ing jênêng mami | pinarosèng karsa | kudu nganggo ngati-ati | tiwasa ing cipta tuna ||

12. tanpa gawe iya jênênging aurip | tan wruh kene kana | wusanane nêniwasi | ing dêlahan mindho karya ||

13. seje lawan para kadang ingsun nguni | yèn Si Bratasena | mangkono pakartinèki | adhuh durung paja-paja ||

14. dungkap marang kanyataaning urip |Kurang satu suku kata: dungkap marang kanyataaning aurip. uripe sapisan | arsa ginawe ping kalih | ing satêmah luwih nistha ||

15. lah dulunên kakang ing mêngko sun iki | prapta ing wêkasan | tinata rakiting kapti | kanthi utamaning sêdya ||

4. Kinanthi

1. Bathara Krêsna lingnya rum | adhuh Sena ari mami | sun iki dahat kacaryan | marang ing wuwusirèki | paran bisa anunggala | Bratasena anauri ||

2. kakang iki wus katutup | liring wus prapta ing jangji | kari gayuh kanyataan | iya sira lawan mami | mêngko muhung tingalana | gaibe wus praptèng pati ||

3. lah payo kakang dèn gupuh | marganana ingsun iki | iya kasampurnaningwang | kudu nganggo marga sakit |

--- 159 ---

yêkti panutane napas | lah ta kakang dipun aglis ||

4. bubutên kang wulu puwun | yêkti ingsun ngraos sakit | ing kono margane pêjah | nulya Prabu Harimurti | ambubut wulu Sang Sena | sawiji kang anèng sikil ||

5. wus kabêdhol wulunipun | Bratasena matur aris | dhuh kakang wus dadi marga | dening ingsun kraos sakit | sigra Arya Wêrkudara | pôncanakanira aglis ||

6. kinêthokan kalihipun | ya ta wau duk ningali | sira Sri Bathara Krêsna | kang rayi dinangu ririh | adhuh yayi paran marga | mangkono tingkahirèki ||

7. Bratasena malih matur | dhuh kakang milane iki | sun tinggal kang pôncanaka | manawa angrêregoni | jêr iku dadi busana | karya kasuraning galih ||

8. ing satêmah mangu-mangu | atolih kasêktèn mami | bêbawur êninging cipta | Prabu Krêsna brêbês mili | kang rayi anggung sinawang | Bratasena buwang malih ||

9. gagodhèg wok simbaripun | sadaya wus pinrih rêsik | Sang Sena lamun sinawang | ical sasipating janmi | sasat Suksma ngejawantah | cahya wênês anêlahi ||

10. sumorot teja [te...]

--- 160 ---

[...ja] ngênguwung | mangkana Sri Harimurti | sigra rinangkul rinira | sarwi karuna sang aji | adhuh Sena ariningwang | mangkono tekadirèki ||

11. Wêrkudara lon umatur | dhuh kakang jamaning pati | aja maksih anggêgawa | rarêgêd jisim sakalir | pae lan kang padha pêjah | tanpa sinêja ing galih ||

12. punika sayêkti kuwur | riwut angraoskên sakit | mungguh iki raganingwang | patine sinêdyèng kapti | dadi ing cipta tan samar | ing rèh sasmitaning pati ||

13. samana kang sami ngrungu | Prabu Dipayana Aji | lan Sang Prabu Baladewa | tuwin kang samya nèng ngarsi | lênglêng sru kapitèng driya | têrnyuh ing tyas lir wong ngimpi ||

14. dènira sami andulu | sagunge kang para aji | marang kang sami amuksa | yayah nising sêsotya di | kang luwih pangajinira | rêntah têlênging jêladri ||

15. paran gonira anggayuh | sayêkti tan bisa ngambil | pinupus onêng kalintang | ilange sêsotya luwih | kaya mangkana pamanya | rêntênging wong sanagari ||

16. Bratasena malih muwus | lah kakang iki wus prapti | tandhaning kang kasunyatan | irêng kang katon ing mami | pan iku [i...]

--- 161 ---

[...ku] lagi sapisan | ciptaning kaanan jati ||

17. Bathara Krêsna amuwus | lênglêng angandika aris | paran yayi kang mangkana | Bratasena anauri | kakang iku iya jaman | padha mijil sangking mami ||

18. nanging yèn kang salang surup | kapuguhaning pangèksi | tibèng kono luwih sasar | jêr dudu ingkang kinapti | Sena kèndêl wuwusira | ngêningkên ciptanirèki ||

19. winangkis ing karsanipun | kinumpul ing tyas sawiji | rinacut pacuhanira | rinakit jagadirèki | ngalela nora kalingan | Bathara Krêsna lon angling ||

20. adhuh Sena ariningsun | pagene suwe tan angling | apa yayi anèng sira | Wêrkudara matur aris | kakang iki malih prapta | pratôndha kang kaping kalih ||

21. panarikira tan asru | ing napas nora katawis | kang mulat tanpa graita | jatine wus anêngahi | Bathara Krêsna lon mojar | kang rayi sinapa malih ||

22. ya pagene ariningsun | têka sira kèndêl malih | apa ingkang katingalan | Bratasena anauri | lah iki prapta katingal | uga mèlu angregoni ||

23. yèn ta kapilut kang iku | yêkti sasar kang pinanggih |

--- 162 ---

amêmurung kaadilan | Wêrkudara kèndêl malih | mangarah laraping paran | ing tatrap boya katawis ||

24. luwês pamapasing lampus | waspada dêdalan jati | jatine mring kasampurnan | ya ta Prabu Harimurti | ririh pangandikanira | ki rayi sinapa malih ||

25. ya pagene ariningsun | têka sira kèndêl malih | paran ing kono katingal | angling Gôndawaktrasiwi | lah iki pita katingal | ana prabane nêlahi ||

26. dene iku iya dudu | jatine kaanan mami | yèn kagimirên ing tingal | yêkti dêdunung ing kuning | mungguh kadang-kadangira | kakang mung prapta ing ngriki ||

27. ujar kadung ing pangawruh | kurang sarônta ing budi | iya lamun jênêng ingwang | durung paja-paja ugi | kabèh iku pangrêncana | bêbawuring tyase jati ||

28. Sang Sena kèndêl tan muwus | ing cipta pinusthi malih | angayun-ayun kang nyata | Sri Krêsna graitèng galih | luwih têmên ariningwang | tyase amindha jêladri ||

29. kang rayi sinapa gupuh | paran kèndêl sira yayi | apa maning katingalan | Wêrkudara anauri | ana jagad warna seta | prabawane angluwihi ||

30. parandene [parande...]

--- 163 ---

[...ne] maksih durung | jatine ingkang sun anti | ananging wus parêk uga | kakang mung kari ping kalih | mangu-mangu Prabu Krêsna | lênglêng dènira miyarsi ||

31. Sang Sena malih andulu | lir prabaning ujyalati | sumunu gumilang-gilang | tanpa wayangan sayêkti | sirna mulih katingalan | sinamar jatining warni ||

32. kang kalih iki wus rawuh | jatining panunggal mami | sigra Sang Sena samakta | sidhakêp astanya kalih | nir tôntra tri nèng kawarga | Sang Sena umangkat aglis ||

33. muksanirèng Bayusunu | saantaraning pangèksi | lire mung sakêdhap netra | cahyaning Suksma duk prapti | anêlahi sabuwana | gumilang-gilang linuwih ||

34. ing ngriku antaranipun | amung sagêbyaring thathit | muksyaning Sang Wêrkudara | mor kaananing Hyang Widi | titi kang kari mataya | winangsul sêkar mas kentir ||

5. Maskumambang

1. lah punika anak mas kang dèn ulati | purnane kasedan | pamoring kawula Gusti | gih wrôngka manjing curiga ||

2. ing wêkasan nata Prabu Dwarawati | manjing candhi sêkar | pamuksanira lêstari | dados jangkêping Pandhawa ||

3. Dyan Sumarja Sumarta myang cantrik kalih | nalika miyarsa | caritaning sang miyarsi | lênglêng kapencuting driya ||

--- 164 ---

4. Sang Sumarja mring pandhita matur aris | prakawis punika | sintên kang bangkit angudi | lan pundi margane amba ||

5. nunggil tekad lawan Gôndawaktrasiwi | sang tapa ris mojar | marmanggèr angèl sayêkti | môngka mamrih kautaman ||

6. lamun botên mawi tekad mati ragi | dhuh môngsa angsala | ananging ing môngsa iki | kathah kawruh piyagahan ||

7. dèrèng wikan warnane kang dèn ulati | gone pakaryanya | ancêr-ancêr sing pawarti | wani ngiyas kang kuwasa ||

8. yèn dèn ungsêt têmah bingung pringas-pringis | laranganing kathah | barang-bèrèng botên kenging | jêblèse sarpin-sarpinan ||

9. guru gagah ciptanira krimas-krimis | dadosipun sama | kula ajrih amastani | prakawis ingkang punika ||

10. radèn kalih andhêku umatur aris | adhuh kasinggihan | tan wontên ingkang anisip | têtela lamun kawula ||

11. sangêt laip ing manah botên dumugi | sang tapa ris mojar | niki gèr mèh gagat enjing | suwawi mêdal ing langgar ||

12. kang ingatag kalihe tan nyulayani | bakdaning sêmbahyang | rahadèn kantun nèng masjid | sang pandhita malbèng wisma ||

Tamat lampahipun Bimasuci.

Wallahu a'lam.Ditulis dengan huruf Arab.