Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Lungguhipun Sipat Kalih Dasa Wontên Ing Badan, Sastradipura, 1905, #1716

Katalog:Lungguhipun Sipat Kalih Dasa Wontên Ing Badan, Sastradipura, 1905, #1716
Sambung:-

--- 168 ---

Punika Lungguhipun Sipat Kalih Dasa Wontên Ing Badan, Wajib Samya Angawruhana Ingkang Lêrês.

BismillahirahmanirrahimDitulis dengan huruf Arab.

Sipat rongpuluh ... Têgêse ... Kamokhalane ... Lungguhe

1 Wujud ... Mêsthi anane AllahDitulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain).

... Mokal ora ana ... Ing awak

2 Kidam ... Wajib dhingin Allah ... Mokal kadhinginan Adam ... Ing jasmani kulit

3 Baka ... Wajib langgêng Allah ... Mokal owaha ... Ing daging

4 Mukhalafatulilkawadisi ... Wajib seje Allah iku ... Mokal yèn padhaa lan kang anyar ... Ing otot

--- 169 ---

Sipat rongpuluh ... Têgêse ... Kamokalane ... Lungguhe

5 Walkiyamu binafsihi ... Wajib jumênêng dhewe Allah iku ... Mokal jumênênga ing liyane ... Ing gêtih.

6 Wahdaniyat ... Wajib sahadate saapngale Allah ... Mokal loro date sipate ... Ing balung

7 Kodrat ... Kuwasa Allah iku ora klawan prabot ... Mokal yèn apêsa. ...

8 Iradat ... Karsane Allah ora klawan nafsu ... Mokal kuranga. ... Ing karêp.

9 Ngèlmu ... Mirsa Allah ora klawan budi ... Mokal tuli. ... Ing angên-angên.

10 Kayat ... Urip Allah tanpa roh. ... Mokal matia. ... Ing sidi.

11 Samak ... Miyarsa Allah tanpa karna. ... Mokal tuli. ... Ing limpa.

12 Basar ... Mirsani Allah tanpa netra. ... Mokal yèn wuta. ... Ing pusuh.

13 Khalam ... Ngandika Allah tanpa lesan. ... Mokal yèn bisu. ... Ing sanubari.

14 Kodiran ... Kuwasa Allah iku ... Mokal apêsa. ... Ing kêtêg.

15 Muridan ... Karsa Allah ora klawan nafsu. ... Mokal kuranga. ... Ing ginjêl.

16 Ngaliman ... Mirsa Allah iku tanpa budi. ... Mokal budia. ... Ing karêp.

17 Khayat ... Urip Allah tanpa roh. ... Mokal matia. ... Ing gêtih putih.

18 Samian ... Miyarsa Allah tanpa karna. ... Mokal tulia. ... Ing gêtih kuning.

19 Basiran ... Mirsani Allah tanpa netra. ... Mokal yèn wuta. ... Ing gêtih ijo.

20 Mutakaliman ... Ngandika Allah tanpa lathi. ... Mokal bisua. ... Ing kalam.

--- 170 ---

Wau sifat kalih dasa karingkês dados sêkawan sifat, ing ngandhap punika, katranganipun

1. Sifat nafsiyah, 1 Wujud ... 1

2. Sifat salbiyah, 1 Kidam, 2 Baka, 3 Mokhalafatulilkhawadisi, 4 Wakiyamubinafsihi, 5 Wahdaniyat ... 5

3. Sifat maani, 1 Kodrat, 2 Iradat, 3 Ngèlmu, 4 Kayat, 5 Samak, 6 Basar, 7 Kalam ... 7

Gunggung ... 13

--- 171 ---

Gunggung ing ngajêng ... 13

4. Sifat maknawiyah, 1 Kadiran, 2 Muridan, 3 Ngaliman, 4 Kayan, 5 Samian, 6 Basiran, 7 Mutakaliman ... ... 7

Gunggung jangkêp ... 20

Kabagi malih karingkês dados kalih

1. Istigna = 1 Wujud, 2 Kidam, 3 Baka, 4 Mukalawatulilkawadisi, 5 Wakiyamubinafsihi, 6 Samak, 7 Basar, 8 Kalam, 9 Samian, 10 Basiran, 11 Mutakaliman ... 11

2. Istikar = 1 Kodrat, 2 Iradat, 3 Ngèlmu, 4 Kadiran, 6 Muridan, 7 Ngaliman, 8 Kayat, 9 Wahdaniyat ... 9

Gunggung jangkêp ... 20

--- 172 ---

Karingkês malih dados satunggal, dumunung dhatêng lapal Allah, yèn mêndhêt limrahing ngakathah, dados kalimah kalih, inggih punika lapal la ilaha ilallah.Ditulis dengan huruf Arab.

Tamat.

Punika Slawat Adadama.

Allohumma, solli wasalim ala, sayidina, maolana, mukhamadin, adadama, biilmila, salatan, daimatan, Allah Allah, idawami, mullilahi.

[Grafik]

Kangjêng Sultan Dêmak sapisan, inggih Radèn Patah, putranipun Prabu Brawijaya, ratu ing Majapait, jumênêng nata ing Dêmak Bintara, mungkasi agami

--- 173 ---

Buda, kang rama kaaturi dhèrèk agami Islam, sarak sarengatipun Kangjêng Nabi Mukhamad,Ditulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain).

botên karsa, ingga dados prang, bêdhahipun Majapait, Prabu Brawijaya lajêng mihrad, trus salajêngipun tiyang tanah Jawi sami dhèrèk manut agami Islam, sarak jêng rasulullah. Waktu punika kathah para wali ing tanah Jawi, pêpangkataning para wali, lajêng kapranata dhatêng kangjêng susuhunan ing Ngampèldênta, kados ing ngandhap punika, pratelaning satunggal-tunggaling wali:

1. Wali ngajêng, 9: sami kapanci lênggah siti ... 1000 jung

2. Wali bêkêl, 9: sami kapanci lênggah siti ... 500 jung

3. Wali wingking, 9: sami kapanci lênggah siti ... 100 jung

1. Naminipun Wali Ngajêng.

1. Jêng Sunan Ngampèldênta, 2. Raja Pandhita ing Garêsik, 3. Susunan Majagung, 4. Sunan Gunungjati, 5. Sunan Ngundung, 6. Sunan Girigajah, 7 Sunan Waliyulloh, 8 Sunan Sèh Sampugêran, 9. Sunan Pandhanarang.

--- 174 ---

2. Namining Wali Bêkêl.

1. Panêmbahan Tuwan Sarip, 2. Maolana Bantên, 3. Pangeran Maolana Mahribi, 4. Pangeran Sapanjang, 5. Pangeran Sitijênar, 6. Pangeran Atasangin, 7. Pangeran Panggung, 8 Pangeran Tumampêl, 9. Pangeran Narakrama.

3. Namining Wali Wingking.

1. Sèh Samsu Tarip, 2. Sèh Sabil, 3. Sèh Ajêng Duta, 4 Sèh Gontor, 5. Sèh Iman Sampurna, 6. Sèh Imam Purwali, 7. Sèh Saramodin, 8. Sèh Kyai Gêng Grintik, 9. Kyai Agêng Wanapala (gunggung: 27 wali).

Para wali: kala Sultan Dêmak kaping 2 Pangeran Sabranglèr, kados dening kang kasêbut ing ngandhap punika, kados ta:

Wali Ngajêng 8.

1. Sunan Gunungjati, 2. Sunan Bonang, 3. Sunan Drajat, 4. Sunan Giri Kadhaton, 5. Sunan Padusan, 6. Sunan Kalinyamat, 7. Sunan Muryapada, 8. Sunan Kudus.

--- 175 ---

Wali Bêkêl 8.

1. Pangeran Kaji, Kalipah Ngusman, 2. Pangeran Kalipah Surata, 3. Pangeran Yahyana, 4. Pangeran Traknyana, 5. Pangeran Manyura, 6. Pangeran Pagêndhingan, 7. Pangeran Batuputih, 8. Pangeran Katigan.

Wali Wingking 8.

1. Sèh Mukhamat Sapingi, 2. Kyai Gêtas Pandhawa, 3. Kyai Agêng Sampang, lajêng dados pangulu, 4 ..., 5 ..., 6 ..., 7 ..., 8 ... .

Panjênênganipun Sultan Dêmak kaping 3: Pangeran Tranggana, para wali maksih lêstantun kados ing ngajêng.

__________

Punika donga bilih kathah sêsakit.

Giling-giling, sira suminggaha, sira sumingkira, ana sahadat, tanpa sahadu,

--- 176 ---

ana dat, date Allah, ora ana kawula lara, yèn ora Kangjêng Nabi Mukhamad kang paring lara, ora ana kawula mati, yèn ora Gusti Kang Maha Suci kang nimbali.

Yèn wontên sêsakit agêng, utawi gagêblug, punika donga kawacaa sabên dalu, sarta siyang insaallah Gusti Kang Agung paring slamêt.

__________

Punika bilih wontên tiyang sakit badhe tirah

1. Dina Ngahat: mangetan waras, ngidul awèt lara, ngulon mati, ngalor waras, yèn lalungan ngalor bêcik, ngetan slamêt.

2. Dina Sênèn: ngalor waras, ngetan awèt lara, ngidul mati. Manawa lalungan: ngetan bêcik, ngidul susah, ngulon slamêt, ngalor slamêt uga.

3. Dina Slasa: ngidul ala, ngulon waras, ngalor slamêt, ngetan mati. Yèn lalungan: ngetan susah, ngidul ala, ngulon bêcik, ngalor slamêt.

4. Dina Rêbo: ngetan awèt lara, ngidul waras, ngulon mati, ngalor olèh tômba. Yèn lalungan: ngetan bêcik, ngidul bêcik, ngulon kangelan, ngalor slamêt.

--- 177 ---

5. Dina Kêmis: ngetan mati, ngidul olèh tômba, ngulon ala, ngalor waras. Yèn lalungan: ngetan ala, ngidul bêcik, ngulon slamêt.

6. Dina Jumungah: ngetan mati, ngidul ala, ngulon olèh tômba, ngalor slamêt. Yèn lalungan: ngetan susah, ngulon bêcik, ngalor slamêt.

7. Dina Sêptu: ngetan waras, ngidul ala, ngulon mati, ngalor bêcik. Yèn lalungan: ngetan slamêt, ngidul bêcik, ngulon ala, ngalor slamêt.

Itungan kang mangkono iku, aja lali kudu ngamèk sangat nabi, angkate murih lêstari, lan aja kongsi nrajang naga dina, utawa taliwangke, yèn nrajang naga dina utawa taliwangke iku dadi susah, poma. Tamat, Wallahu a'lam.Ditulis dengan huruf Arab.

__________

Ing ngandhap punika, kang dipun wastani sadhèrèk sakawan, kang botên karawatan, botên katingal, kalima pancêr, kang gadhah sadhèrèk, punika mêndhêt sangking buku Pustakaraja Purwa, ôngka 3 tilaranipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawasita,Rônggawarsita (dan di tempat lain).

pujôngga dalêm ing karaton Surakarta.

--- 178 ---

Sadhèrèk kang mêdal sangking marga ina 4, kang botên mêdal sangking marga ina 2, inggih punika mêdal saking dhadha, kados ing ngandhap punika:

1 Ratu jalu, 2 Ratu èstri, punika lair mêdal saking dhadha wêdalipun, ing nalika ibu wawrat sêpuh, kagungan panggalih anyakiti, punika maring sarira, kumêsaring panggalih, angêdalakên ratu jalu klayan ratu èstri, lair sangking jaja, sarêng anguwatakên bayi, wontên kang mêdal rumiyin sangking marga ina.

1 Kawêstanan kawah, dados adhine ratu jalu, rupine putih, lajêng ngêdalakên jabang bayi sangking marga ina, wujud manungsa, nuntên kasundhulan wêdaling ari-ari, dados sadhèrèk nèm kalihan bayi, rupine kuning, tumuntên kasundhulan wêdaling rah, dados sadhèrèk nèm kalihan bayi, rupine abrit, sarêng pupak pusêr dados sadhèrèk nèm kalihan bayi, rupine cêmêng, jangkêp 4, kawah, bingbing, êrah, pusêr, kajawi punika sadhèrèk ingkang dipun wastani kadang mêdal sarêng sadintên, inggih punika pêpantaranipun jabang bayi, kang lair sarêng sadintên, pramila sadaya manungsa kêdah èngêt awas, sampun [sa...]

--- 179 ---

[...mpun]

kêndhat anyambata para sadhèrèk wau, sabên dhahar, ngombe, lênggah, lumampah, nyambut damêl, utawi wontên damêl kang pêrlu: sampun supe, kasêbata: sami ingajak dhahar, sapanunggilanipun. Namung yèn sare, kasambata kinèn baurêksa kemawon, sampun ngantos kasambat kaajak sare, dene panyambatipun kaciptaa ing dalêm batos makatên: marmati, kakang kawah, adhi ari-ari, gêtih, pusêr. Kadang ingsun papat, lima pancêr, kadang ingsun kang ora katon, lan kang ora karawatan, sarta kadang ingsun kang mêtu sôngka ing marga ina, miwah kadang ingsun kang ora mêtu sôngka marga ina, sarta kadang ingsun kang mêtu barêng padha sadina kabèh, bapanta: ana ing ngarêp, ibunta: ana ing buri, ayo padha dhahar, atawa ayo padha ngombe, sapanunggalane liya-liya kang kadhahar, utawa kang kagarap, kasambata makatên wau. Amung yèn sare kapamitana, makatên têmbungipun: ingsun arsa turu, baurêksanên sariraningsun, saraja darbèk ingsun, kang ana ing wawêngkon ingsun kabèh, dene yèn wontên damêl, utawi anggarap sadaya pandamêlan, sami dipun sambata, angrencangi (makatên), padha rewang-rewangana ingsun, katêkana ing sakarsaningsun. Manawi bucal sasukêr, kasambata [ka...]

--- 180 ---

[...sambata]

kinèn anyampurnakakên, sasukêripun dadosa suci, nirmala: wêkasanipun ing têmbe manawi dumugi ing jangji, sadhèrèk sadaya wau prayogi karuwat, supados sampun ngantos andadosakên pangarubiru ing dêlahan, pangruwatipun kaciptaa, ing dalêm batos makatên: ingsun angruwat, kadang ingsun papat, kalima pancêr, kang dumunung ana ing badan ingsun dhewe, marmati, kakang kawah, adhi ari-ari, gêtih, pusêr, sakèhe kadang ingsun, kang ora katon, lan kang ora karawatan, utawa kadang ingsun kang mêtu sôngka ing marga ina, lan kang ora mêtu sôngka ing marga ina, sarta kadang ingsun kang mêtu barêng padha sadina, kabèh padha sampurnaa, nirmala waluya ing kaanan jati, dening kawasaningsun. Tamat bab sadhèrèk 4.

Punika sangking piwulangipun: Ratu Jalu, dhatêng Prabu Basupati, ing nagari: Wiratha. Yèn sagêd kapurih mêmule dhatêng wau sadhèrèk 4, kalima pancêr, yèn botên sagêd inggih botên usah, kang pêrlu namung nyambat wau punika, ngandhap punika sidhêkahe, mamulenipun sadhèrèk ingkang botên mêdal saking marga ina, sêkul golong pêcêl ayam, jangan mênir, ulam sato, ulam pêksi, ulam loh,

--- 181 ---

janganan, mawi sêkar campur bawur, pisang agung, sêdhah ayu, lisah wangi, lisah sundhul langit, sarta juruh tuwin santên, winadhahan dados satunggal, kanthi tape, opak angin, tindhihipun timah, sataksawe.

Mamulenipun sadhèrèk ingkang mêdal sangking marga ina, sêkul golong 5, winadhahan takir ponthang, ulam-ulamanipun, ulam sagantên, ulam rawa, ulam bênawi, ulam lèpèn, mawi gantal kalih supit, dados sawungkus, katumpangakên ing takir ponthang, ing saponthangipun anyawungkus, sêkar cêpaka gangsal jodho, ing saponthangipun katumpangan sajodho, têtindhihe timah sataksawe kaping 5: katumpangakên ing ponthang piyambak-piyambak, sami anyalawe sowang.

Mamulenipun sadhèrèk ingkang mêdal sarêng sadintên, liwêt kêtan, kakêpangakên dalah kêndhilipun, kanthi sêkul golong, jangan mênir, pêcêl ayam, sêkul minggah, inggih punika kang kaêdang wosing pantun slamêt, mawi sêkar cêpaka, sêkar kênanga, tindhihipun timah sataksawe, sadaya wau ingkang ngêpang para cantrik, sami asêsanti piyambak-piyambak (makatên), hong mangarca, nama syaha sang hyang hayu-hayu, hayu, hayu, surak hayu, [ha...]

--- 182 ---

[...yu,]

yèn sring dipun mêmule, kasambat, sayêktos amitulungi, rumêksa rintên dalu, nanging pêrlu inggih anggènipun nyambat wau. Tamat piwulangipun Ratu Jalu.

Ing ngandhap punika, basane panggugahing roh, yèn anduwèni karêp, pinuju dina klairane, kagugaha sawêngi kaping: 7, iki wacane:

Sang ari-ari abang cahyaning ati, sang ari-ari ijo cahyaning ampêru, sang ari-ari irêng cahyaning limpa, sang ari-ari kuning cahyaning pusuh, sang ari-ari putih cahyaning jantung, sira sun jaluki kasêktènira, sawêngi iki aku dadèkna: "anu" poma dèn dadi. Yèn dadi tutura, yèn ora dadi ya tutura, sêca dora makdum sarpin, tômba ora satu bôngsa, rewang-rewangana ingsun, yèn rina ana ing cahya, yèn bêngi ana ing gigir. Tamat panggugah roh. Yèn anglakoni gugah roh kudu adus kramas kang rêsik, sasuci, iki lah wacane, adus. Niyat ingsun adus, banyuku manik dumilah, sinarawèdi, wadhahe jêmbangan gêdhah, angêdusi sanakku papat, kalima badan, kanêm bumi, kapitu najising atiku. Tamat aduse panggugah roh.

Yèn têmên-têmên tinêkan kajate.

--- 183 ---

Rampungipun panyêrat, ing dintên Sêtu Wage tanggal 21 Jumadilakir, Dal hejrah nabi 1319 warsa Jawi 1831, tanggal Walandi kaping 5 Oktobêr 1901. Kang nyêrat pêkir ing kampung Ngantru Sela, nama Mas Sastradipura.

__________

--- 184 ---

Nomêr ... Rekapisilasi, katrangan bab cariyos punapa: ... ing kaca

1. ... Pandhita Mustakim, mulang kang garwa nama Dèwi Sujinah. ... 7

2. ... Dèwi Sulasikin, ing Pawah, bantah kalihan Prabu Baratmadya. ... 21

3. ... Dèwi Sulasikin, ing Pawah, bantah kalihan Sèh Madal. ... 29

4. ... Purwaduksina, mulang kang garwa nama: Dèwi Sarirasa. ... 58

5. ... Gatholoco bantah kalihan guru tiga. ... 76

6. ... Radèn Sumarja, puruhita dhatêng pandhita, bab lampahipun Bimasuci, saengga dumugi mekradipun Bimasuci. ... 147

7. ... Rêpèn, ura-ura, momong bayi monthah dalu. ... 165

8. ... Bab sipat kalih dasa saha ringkêsipun. ... 168

9. ... Bab para wali-wali tanah Jawi. ... 172

10. ... Donga manawi wontên sêsakit agêng utawi gagêblug, miwah tiyang sakit badhe tirah. ... 175-176

11. ... Anggênahakên sadhèrèk 4 kalima pancêr, mêndhêt sangking buku Pustakaraja Purwa, tilaranipun Radèn Rônggawasita, pujôngga ing Surakarta. ... 177

12. ... Sangking piwulangipun Ratu Jalu dhatêng Prabu Basupati, ing nagari Wiratha. ... 180

13. ... Basane panggugahing roh. ... 182