Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Suluk Sèh Malaya, Angabèi IV, c. 1900, #1313

Katalog:Suluk Sèh Malaya, Angabèi IV, c. 1900, #1313
Sambung:-

Sêrat Suluk Sèh MalayaJudul berdasarkan pada daftar isi.

1. Dhandhanggula

1. cinarita kang têmbang artati | pan binengkas ingkang sêkarira | rikala ing pangapuse | anglêluri pitutur | kang tinular têpa palupi | lêpiyan kang tinulat | ing tatkalanipun | Jêng Susunan Kalijaga | duk andhugal cinoba dening sang yogi | Kangjêng Sinuhun Benang ||

2. Lokajaya wayah putra siji | apan wontên ing nagari Tuban | kang garwa tinilar bae | kalangkung dhugalipun | saba wana ing siyang ratri | ngupaya gon botohan | rina lawan dalu | para botoh dipun ajak | lamun kalah anèng wana andhêdhêlik | begal ing karyanira ||

3. lamun kalah kêplèk kècèk posing | datan gothang saliring kasukan | rina wêngi pakaryane | kalawan dhahar apyun | sadinane têlas satail | ambedhang bojoning lyan | kanan keringipun | yèn konangan ingkang lanang | ingkang lanang anulya dipun pêjahi | tan etang utang nyawa ||

4. yèn wus kalah gonira amain | ngadhang marga apan ambêbegal | tan trima barange bae | kang darbe pinèt lampus | lamun dalu ngampak mêmaling |

--- 50 ---

kang darbe pinêjahan | donyane kinukup | mangkono salamènira | sabên kalah wau gyanira amain | akêplèk karêmênnya ||

5. dinukanan apan nora mari | pan inguja pan saya andadra | kang rama kaku galihe | sinebratakên sampun | lamun ingsun nora darbèni | anak ingkang badhigal | matia sun tan wruh | luhung nuli pinulunga | anèng donya agawe wirang sakalir | mandhak kèh durakanya ||

6. wus misuwur dhugale nglangkungi | Radèn Lokajaya nagri Tuban | putra sang adipatine | ya ta wus kesah nglangut | datan tolih ing yayah bibi | wus pirang-pirang dina | rahadèn anglangut | pundi tanah gèn bêbegal | pinaranan tan ketang lêt jurang trêbis | têmah kalunta-lunta ||

7. ya ta kojur sang pêkik lumaris | nora mênang malah kang pawitan | têlas tombok sandhangane | sanès anggaranipun | para botoh dipun utangi | têmah kinuya-kuya | ing sagon-gonipun | watara ing tigang dina | tigang wêngi angampah pan nora olih | ambegal datan angsal ||

--- 51 ---

8. apan dhêlik nèng têngah wanadri | lamun ana sujanma kang prapta | binegal mamrih patine | sawiji dina nuju | Jêng Susunan Benang lumaris | ijèn datanpa rowang | nèng têngah wana | Dyan Lokajaya tumingal | lamun ana sujanma ingkang lumaris | abyor pangagêmannya ||

9. pinarpêkan susunan tumuli | gya binegal wau karsanira | wus priksa susunan age | mêdal karamatipun | janma papat gangsal sang yogi | sami ing warnanira | ngêpung sang binagus | ginêbug jungkat Rahadyan | Lokajaya kalêngêr tan bisa osik | èngêt nulya lumajar ||

10. pan mangilèn plajênge sang pêkik | sinabêt jungkat tiba jungkelang | lumayu ginêbug manèh | mangilèn gya ginêbug | mlayu ngalor dipun gitiki | kakune ing tyasira | dheprok sang binagus | sigra têdhak Sunan Benang | Lokajaya èngêt tobatnya dharindhil | anut ing karsanira ||

11. sira têmên wus tobat mring mami | gih sang yogi kula nyuwun gêsang | sakarsa kawula dhèrèk | aja lunga sirèku | pan tunggua têtêkên mami | ywa sira lunga-lunga | yèn tan têka [tê...]

--- 52 ---

[...ka] ingsun | aturnya inggih sandika | jêng susunan anulya kondur lêstari | sang bagus kari gana ||

12. tan nyidrani dhawuhe sang yogi | pan sawarsa nênggih lamènira | tanpa dhahar lawan sare | wus ical prênahipun | thukul kajêng ing ngarsa wuri | kering miwah ing kanan | wus dadya garumbul | oyot-oyot gêgubêdan | Sunan Benang anulya èngêt tumuli | jungkate anèng wana ||

13. pan wus sirna prênahe sang pêkik | sang pandhita anyipta dahana | dèn obong ing wana gêdhe | sapurug-purugipun | saking sangêt dahananèki | Lokajaya tan ginggang | saking prênahipun | sarira gêsêng sadaya | pan wus lami nora dhahar lawan guling | lan kobong angganira ||

14. pinarpêkan wau mring sang yogi | Lokajaya tan wikan samana | katèmpêr ical èngête | Jêng Sunan Benang sampun | nyipta sêga angêt tumuli | ingungkulkên saksana | èngêt sang binagus | nanging tan bisa gulawat | kinèn dhahar sakêpêl nulya binukti | rosa sagêd anyêrat ||

2. AsmaradanaTeks asli: Asmara.

1. jêng sunan ngandika aris |

--- 53 ---

sira jênênga Sèh Mlaya | dene malaya maune | sèh sinihan ing Hyang Suksma | dene sira akêlar | tan dhahar minum sataun | tôndha kalilan katêkan ||

2. puruhita wus alami | tan antuk tuduh wêkasan | mung nglakoni tapa bae | pan anggung kèn atêtapa | dhatêng Sinuhun Benang | kinèn têngga gurda agung | datan kenging kesah-kesah ||

3. anèng satêngah wanadri | dènnya têngga kajêng gurda | sampun sawarsa lamine | nulya kinèn ngaluwat |Kurang satu suku kata: nulya kinèn angaluwat. pinêndhêm têngah wana | sataun nulya kadhudhuk | dhatêng Jêng Sinuhun Benang ||

4. anulya kinèn angalih | pitêkur nèng Kalijaga | mila aran kêkasihe | sawarsa tan kêna nendra | lan datan kêna dhahar | tinilar mring Mêkah sampun | rahadyan datan sêmbrana ||

5. apan wus jangkêp sawarsi | Sèh Malaya tinilikan | pinanggih pitêkur bae | jêng sinuhun angandika | luwara tapanira | jênênga wali sirèku | panutup panatagama ||

6. dèn bêcik gamanirèki | agama panata krama | krama kramating Hyang Manon | yèn sira mranata sarak | sarak iman [i...]

--- 54 ---

[...man] hidayat | hidayat iku Hyang Agung | kang agung nugrahanira ||

7. kanugrahaning Hyang Widi | ambawani kasudibyan | panguwasan apadene | kadigdayan kaprawiran | kabèh rèhing ayuda | tan liyan nugraha luhur | utama ing kautaman ||

8. utamanira ki bayi | dèn awas marang kang murba | kang murba maring dhèwèke | wasesane anèng sira | nanging tan darbe purba | sira kapurba Hyang Agung | agung kanugrahanira ||

9. Sèh Mlaya umatur aris | kalangkung nuwun patigbrapatikbra. | kalingga murda wiyose | amba umatur ing tuwan | anyuwun babar pisan | sajatining Suksma Luhur | kang wasta iman hidayat ||

10. kang mantêp ing panrimèki | ingkang pundi sanyatanya | kula nyuwun samêloke | yèn ngamungna bôngsa swara | amba manut kumandhang | yèn pralena anglir kukus | tanpa kardi ulah sarak ||

11. Sunan Benang ngandikaris | Sèh Malaya bênêr sira | nanging ing pamanggih ingong | ingkang aran panarima | elinga maring kang murba |Lebih satu suku kata: elinga mring kang murba. duk lagya kamulanipun | apa nora kadi mega ||

12. pan kadi hidayat êning | warnane [warna...]

--- 55 ---

[...ne] iman hidayat | ingkang katon sabênêre | Sèh Malaya wruhanira | tan kêna duga-duga | utawa yèn sira dulu | kalawan netra kapala ||

13. ingsun iki lir sirèki | kapengin kang kaya sira | mring hidayat samêloke | hidayat pan durung wikan | nyataning dayatolah | mung warta kang ingsun gugu | jêr iku andikaning hyang ||

14. Sèh Mlaya umatur aris | kawula nyuwun jinatyan | mring hidayat samêloke | ing sipat tanpa aran |Kurang satu suku kata: ing sipat datanpa aran. kang aran tanpa sipat | kawula nyuwun pituduh | anggèn-anggèn kang wêkasan ||

15. Sunan Benang ngandikaris | yèn sira murih wêkasan | matènana rêragane | sinau pêjah sira |Kurang satu suku kata: sinaua pêjah sira. mumpung sira agêsang | anêpia ing wana | aja kongsi kamanungsan ||

16. wus têlas gènnya wêwarti | Jêng Sunan Benang gya jêngkar | saking ing Kalijagane | ngalèr ngetan lampahira | antawis saonjotan | Sèh Malaya atut pungkur | malêbèng ing wanawasa ||

17. apan ngidang lampahnèki | awor lan kidang manjangan | atanapi lamun sare | anênggih tumut anasanganangsang. | kadya turuning kidang | uyang-uyung

--- 56 ---

nora kantun | pan kadi sutaning kidang ||

18. ya ta wus jangkêp sawarsi | Sèh Malaya tinilikan | malah langkung ing janjine | wuwuse Sinuhun Benang | arsa salat mring Mêkah | sakêdhèp netra wus rawuh | bakda salat kondur nulya ||

19. kèndêl satêngah wanadri | amulat ingkang lumajar | kidange asêsuta wong | Sinuhun Benang kèngêtan | yèn ana wali ngidang | Sèh Malaya namanipun | sigra wau pinarpêkan ||

20. Sèh Mlaya lumayu gêndring | palayune nunjang-nunjang | tan ngetang jurang pêpèrèng | pinarpêkan datan kêna | jêjaring lawan kinala |Lebih satu suku kata: jêjaring lan kinala. yèn kênèng kala marucut | narajang jaring pan liwat ||

21. bramantya wau sang yogi | sêsumbar sajroning nala | mêjanani kidang kowe | ing nguni anyêkêl barat | sun dumuk datan alêpat |Lebih satu suku kata: sun dumuk datan lêpat. luwih lêmbut tan marucut | kang agal têka agagal ||

22. yèn luput nyêkêl sirèki | luhung aja dadi janma | wali wadat tanpa gawe | sigra mangsah Sunan Benang | pan sarwi nyipta sêga | tigang kêpêl apan sampun | kinarya durma bêbalang ||

3. Durma

1. sigra mangsah

--- 57 ---

wau Jêng Sinuhun Benang | narajang wana sêpi | ya ta wus pinanggya | kang lagya laku ngidang | lumayu binalang nuli | sêga kêpêlan | pan kênèng gigirnèki ||

2. dadya abêr lampahe Sang Sèh Malaya | anulya pining kalih | kênèng lambungira | dheprok Sang Sèh Malaya | pingningpining. tiga balangnèki | Sang Sèh Malaya | èngêt sigra ngabêkti ||

3. pan andhêku sumungkêm angaras pada | ngandika sang ayogi | hèh jêbèng wruhanta | sipat hidayatolah | pan sira munggaha kaji | marang ing Mêkah | iku marga kang sukci ||

4. angambila banyu hèr janjan ing kadbah | iku banyu kang sukci | angalapa barkah | ing kangjêng nabi duta | Sang Sèh Mlaya angabêkti | mangaras pada | pamit sigra lumaris ||

5. sang pandhita wus lajêng ing lampahira | mring Benang dhukuh sêpi | ya ta kawuwusa | lampahe Sèh Malaya | kang arsa amungguhamunggah. kaji | marang ing Mêkah | lampahe murang margi ||

6. wontên pêksi têtiga samya rêrasan | Sèh Mlaya amiyarsi | brêkutut lan gêmak | katiga platuk bawang | kapriye ragamu benjing | apa

--- 58 ---

ginawa | mulih marang ing akir ||

7. anauri brêkutut ginawa pisan | tininggal kèksi-èksi | nèng donya rewangnya | lara lawan kapenak | tininggal mulih mring akir | pan siya-siya | nyampurnakkên tan bangkit ||

8. pan mangkono pratikêl ingsun ing benjang | sun lôndha kang barêsih | nuli ingsun sikat | sun obong ing dahana | sun galintir wus adadi | samrica nulya | sun untal pasthi sukci ||

9. ingaranan warôngka manjing curiga | sang gêmak anauri | iya karonean | alus anggawa wadhag | mundhak wuwuh kontrang-kantring | mikir si wadhag | aluse durung pasthi ||

10. sampurnane ulihe kadi duk nora | mikir wadhag ngribêti | muwus platuk bawang | padha bênêr sadaya | sabênêr-bênêrirèki | marga wus padha | dadi kêncênging ati ||

11. Sang Hyang Suksma nora akon nora cêgah | sakarêp-karêpnèki | wus padha kaganjar | marang Kang Murbèng Jagat | wêruh padhang hawa sami | sinung kuwasa | darbe nampik amilih ||

12. pan kapriye pamisahe lus lan wadhag | anèng donya puniki | yèn kakumpulêna | bae [ba...]

--- 59 ---

[...e] sirik dadinya | lamun pinisahna nênggih | pan siya-siya | rewang lara prihatin ||

13. dèn prihatin mupung sira maksih gêsang | yèn mati nora bali | pan wus katutupan | iya kang lawang tobat | beda lawan maksih urip | sinung kuwasa | yèn mati wus babarji ||

14. bêcik êndi besuk iku jisimira | musna padha samangkin | ingkang dadi cahya | lan kilang dadi toya | ana ilang benjing-enjing | iku wus lumrah | kaprah dipun tingali ||

15. lawan nyawa yèn mati ngêndi marganya | yèn mêtu saking kuping | yêkti mambu curak | yèn mêtua paningal | pasthi molèr netranèki | yèn mêtu grana | sayêkti mambu upil ||

16. lamun mêtu cangkêm jêmbêr sayêktinya | yèn mêtu saking nginggil | iya kanang nyawa | pasthi bolong kang sirah | lamun sira nganggo rincik | yèn sira awrat | cèwèt ingkang prêmati ||

17. pan ing pati iku akèh wicaranya | êndi kang aran mati | mula-bukanira | kang êsah ywa sêmbrana | dadi siji insan kamil | yèn sira wus sah | nikmatira kêpati ||

18. pangêmore ing têmbaga lawan êmas | winasuh [wina...]

--- 60 ---

[...suh] kang têmbagi | rêsik datan ninja | winor lawan kancana | wus sirna kang wujutwujud (dan di tempat lain). kalih | dadya satunggal | aran sawasasuwasa. murni ||

19. sok anggêra kêmasan sayêkti bisa | gawe suwasa bêcik | yèn kang wicaksana | bisa amisahêna | suwasa pinrih amulih | ing kamulanya | êmas lawan têmbagi ||

20. nora bisa kêmasan rucah misahna | yèn nora janma luwih | ngluwihi sasama | bisa misah ngumpulna | nora samar pati urip | ganthêng ciptanya | salamêt donya akir ||

21. payo padha rasakna ingkang karasa | luput lan bênêr mami | brêkutut lan gêmak | dhêku dènnya noraga | datan bisa amangsuli | nugrahanira | ayun wêruha mami ||

22. sang palatuk bawang alon saurira | janji sira lêstari | manut marang ingwang | kang kêna linakonan | musna pêksi tiga sami | Sang Sèh Malaya | graita iku pêksi ||

23. dene duwe sêsulang kaya mangkana | ingsun iki sujanmi | nora darbe karkat | apa bêcik pêksinya | laju dènira lumaris | Sang Sèh Malaya | lumampah lan prihatin ||

24. nrajang wana munggah gunung mudhun jurang |

--- 61 ---

èrèng-èrèng malipir | jurang kang tinrajang | tan ana baya ketang | wus prapta pinggir pasisir | putêk tyasira | pakewuh marganèki ||

25. pan pangkalan samodra langkung dohira | ngalangut tanpa têpi | pan jêtung kewala | anèng pinggir samodra | wontên ta ingkang winarni | Sang Marbudèngrat | nêdhaki sang kaswasih ||

26. datan antuk tuduh tan uningèng lampah | Sèh Malaya prihatin | arsa wruh hidayat | iya datanpa arah | suksma sinuksma mawingit | tangèh manggiha | yèn tan nugraha yêkti ||

27. ya ta wau sira risang Sèh Malaya | nèng têpining jaladri | sampun pinanggihan | pan kadya wong lêledhang | pêparabnya Nabi Kilir | datanpa sangkan | ngandika Nabi Kilir ||

28. Sèh Malaya ana apa karêpira | ana ing kene iki | apa kang sinêdya | dene môngsa anaa | tan ana busana adi | lan sarwa boga | sakalir sarwa mamring ||

29. lamun ana patra aking kumaleyang | tiba ing ngarsa mami | iku kang sun pangan | yèn ora ana ora | garjitèng tyas duk miyarsi | Sang Sèh Malaya | dene sang wiku sidik ||

--- 62 ---

30. Marbudèngrat ngandikaning mring kang prapta | putu ing kene iki | akèh pôncabaya | yèn ora êtoh pêjah | môngsa têkana ing ngriki | ing kene mapan | sakalir sarwa mamring ||

31. ngagungakên paripêksa ciptanira | nora angeman pati | sabda kaluhuran | kene môngsa anaa | kewran ing tyasnya sang kaswasih |Lebih satu suku kata: kewran ing tyas sang kaswasih. sasaurira | môngsa-borong sang yogi ||

32. dadya alon umatur Sang Sèh Malaya | pun patik anuwun sih | ing sasaurira | apan ta sira uga | arsa wruh hidayat sukci | wêkasaningrat | mêloke kang sayêkti ||

33. anglakoni pituduhe guronira | Sunan Benang sang yogi | tuduh marang sira | kinèn mring nagri Mêkah | pamrihe munggaha kaji | mulane tapa | angèl pratingkah urip ||

34. aja lungan lamun sira dèrèng wikan | aja anganggo ugi | yèn dèrèng wêruha | warnane kang busana | lawan sira aja bukti | yèn durung wêruha |Lebih satu suku kata: yèn durung wruha. rasane kang binukti ||

35. awit wêruh atêtakon tinironan | lawan padhaning janmi |

--- 63 ---

dadi lan tumandang | mangkono ing agêsang | ana jugul saking wukir | arsa tuku mas | mring kêmasan dèn wèhi ||

36. dumèh kuning ingakên kêncana mulya | dadi kuningan nênggih | yèn durung wêruha | prênahe kang sinêmbah | Sèh Malaya duk miyarsi | dhêku noraga | dene sang wiku sidik ||

37. sarwi sila ature nuwun sandika | môngsa-borong sang yogi | amba inggih datan | wruh puruhitèng badan | sasat sato ing wanadri | tan môntra-môntra | waspada badan sukci ||

38. langkung mudha-punggung cinacat ing jagat | kèksi-èksikèsi-èsi. ing bumi | engganing curiga | ulun tanpa warôngka | wacana datanpa sêsiring |Lebih satu suku kata: wacana tanpa sêsiring. ya ta ngandika | manis Jêng Nabi Kilir ||

4. Dhandhanggula

1. lamun sira arsa munggah kaji | marang Mêkah ya ana apa ta | Mêkah patilasan bae | Nabi Brahim karuhun | ingkang iyasa ponthang masjid | miwah tilasing katbahkakbah (dan di tempat lain). | kang kari mung watu | gumantung tanpa canthelan | apa iku kang arsa sira bêktèni | dadya mangran brahala ||

2. kadya pangidhêpaning wong kapir | panêmbahe èsmu ngôngka-ôngka |

--- 64 ---

madhêp marang tapekongetêpekonge. | nadyan wong kaji iku | yèn tan wêruh paraning kaji | katbah pan dudu lêmah | kaya watu dudu | margane tan nganggo lunga | lamun sira arsa wruh ing katbah jati | jati iman hidayat ||

3. babing salat ginupita kriyin | duk mulane salat waktu lima | tinutur mulabukane | êndi dêdalanipun | wong tumêka marang Hyang Widhi | dèn sami ngawruhana | ing kamulanipun | duk durung nèng apa-apa | sadurunge ana bumi lawan langit | iku apa kang ana ||

4. amung kayu kang ana kariyin | ingkang aran Sajaratul Muntaha |Lebih satu suku kata: ingkang aran sajratul muntaha. lan ênur kang ana mangke | kayu ana rumuhun | ênur iku anane kari | Allah môngka ngandika | napdanabda. kun payakun | ana langit lan pratala | saisine ngalam donya dèn pêpaki | saking iku purwanya ||

5. ari-ari apan dadi paksi | lawan dadya buron wana samya | dadi pitik iwèn kabèh | dene dadining usus | dadi sawêr donya puniki | lan dadi iwak toya | saisènirèku | poma sira dèn waspada | yèn kinarya kêkasihira Hyang Widi | dadi ingkang sinêdya ||

--- 65 ---

6. lah ta iku purwanira nguni | pan dadine sakèhing dumadya | ing ngalam donya pêpake | pan saking ing Hyang Agung | urip iku saking Hyang Widhi | pan wêngkon-winêngkonan | ya limput-linimput | lamun sira tan waspada | mring Hyang Suksma sayêkti tan angidèni | sakarsa-karsanira ||

7. lah ta mara Sèh Malaya aglis | umanjinga guwa garbaningwang | kagyat miyarsa wuwuse | dadya matur gumuyu | sarwi guguk umatur aris | dene panduka bajang | kawula gêng luhur | kadugi môngsa cêkapa | saking pundi margane gyan kula manjing | dene buntu kewala ||

8. angandika Kangjêng Nabi Kilir | gêdhe êndi sira lawan jagat | kabèh iki saisine | kalawan samodra | ardi miwah alase sami | tan sêsak lumêbua | guwa garbaningsun | Sèh Malaya duk miyarsa | sêmu ajrih kumêl sandika turnèki | mènglèng Sang Marbudèngrat ||

9. dêdalane talingan ngong kering | Sèh Malaya manjing sigra-sigra | wus praptèng guwa garbane | andulu samodra | tanpa têpi nglangut lumaris | ngliyêp adoh katingal | Nabi Kilir [Ki...]

--- 66 ---

[...lir] nguwuh | hèh apa katon ing sira | dyan umatur pukulun kalangkung têbih | tan wontên katingalan ||

10. awang-awang kang kula tingali | uwung-uwung têbih tan kantênan | ulun saparan-parane | tan mulat lor lan kidul | wetan kulon datan udani | nginggil miwah ing ngandhap | ngarsa lawan pungkur | kawula botên uninga | langkung bingung ngandika Jêng Nabi Kilir | aja maras tyasira ||

11. byar katingal ngadhêp Nabi Kilir | Sèh Malaya jêng nabi kawawang | umancur katon cahyane | nulya wruh ing lor kidul | wetan kulon sampun kaèksi | nginggil miwah ing ngandhap | pan sampun kadulu | lawan andulu baskara | eca tyase miwah sang wiku kaèksi | anèng jagad walikan ||

12. Kangjêng Nabi Kilir wuwusnyaris | ywa lumaku sira andulua | apa katon ing dhèwèke | Sèh Malaya umatur | wontên warni kawan prakawis | katingal ing kawula | sadayane wau | sampun botên katingalan | amung kawan prakawis ingkang kaèksi | irêng bang

--- 67 ---

kuning pêthak ||

13. angandika Kangjêng Nabi Kilir | ingkang dhihin sira anon cahya | gumawang tan wruh arane | pôncamaya ranipun | sajatine tyasira yêkti | pangarêping sarira | têgêse tyas iku | ingaranan muka sipat | kang anuntun marang sipat kang linuwih | sajatine ing sipat ||

14. pan isining jagat wus mêpêki | iya ati kang têlung prakara | pamurunging laku gêdhe | kang bisa misah iku | yêkti bisa amor ing kapti | yèku mungsuhe tapa | ati kang têtêlu | abang irêng miwah jênar | angadhangi cipta karsa kang lêstari | paworing suksma mulya ||

15. lamun ora kawilêt ing katri | yêkti bisa paworing tyas suksma | lêstari ing panunggale | poma dèn awas emut | dirgama kang munggèng ing ati | pangwasaning wêruha | wiji wijènipun | kang irêng luwih prakosa | panggawene aduka sabarang runtik | dadra angômbra-ômbra ||

16. dene iku ati ingkang kuning | angadhangi marang kabêcikan | kang kuning iku gawene | ingkang abang puniku | iya tuduh nêpsu tan bêcik | sakèhe pêpenginan | mêtu saking iku | panastèn panasbaranangpanasbaranan. | ambuntoni [a...]

--- 68 ---

[...mbuntoni] cipta karsa kang lêstari | marang ing kawaspadan ||

17. mungguh iku ati ingkang kuning | pangwasane nanggulang sabarang | cipta kang bêcik dadine | panggawe kang mrih tulus | ati kuning ingkang ngadhangi | mung panggawe ngrêrusak | binanjur jinurung | mung kang putih iku nyata | ati antêng asukci tan ika-iki | mila anggung kasoran ||

18. lamun iya bisa nambadani | marang sêsukêr kang têlung prakara |Lebih satu suku kata: marang sêsukêr têlung prakara. ing kono sida amore | tanpa pituduh iku | ing pamore kawula Gusti | Sèh Mlaya duk miyarsa | sêngkut pamrihipun | sansaya birahènira | saya mantêp marang wêkasaning urip | sampurnaning panunggal ||

19. sirna warna kang patang prakawis | nulya urub siji wolu warna | Sèh Mlaya alon ature | punapa wastanipun | urup siji wolu kang warni | pundi ingkang sanyata | rupa kang satuhu | wontên kadi rêtna muncar | wontên ingkang maya-maya angebati | wontên abra markata ||

20. sang Amarbudèngrat ngandikaris | iya iku sajatining tunggal | saliring rupa têgêse | iya wus anèng sirèku |Lebih satu suku kata: iya wus nèng sirèku. miwah kabèh [ka...]

--- 69 ---

[...bèh] isining bumi | ginambar angganira | lawan jagat agung | jagat cilik tan prabeda | purwa ana lor kidul kulon puniki | wetan lan nginggil ngandhap ||

21. miwah abang irêng kuning putih | iya iku uriping buwana | jagat cilik jagat gêdhe | pan padha isinipun | tinimbangkên nèng sira iki | yèn ilang warnane kang | jagat kabèh suwung | saliring rekang tan ana | kinumpulkên ana rupa kang sawiji | tan kakung tan wanodya ||

22. Kangjêng Nabi Kilir ngandikaris | iku dudu ingkang sira sêdya | kang mumpuni ambêg kabèh | tan kêna sira dulu | tanpa rupa datanpa warni | tan gatra tan satmata | iya tanpa dunung | mung dumunung ingkang awas | ing sasmita anèng jagat wus mêpêki | dèn dumuk datan kêna ||

23. nora kêna iku yèn sira prih | ing kaanan kasap katingal |Kurang satu suku kata: ing kaanan kasap kang katingal. gampang angèl pratikêle | Sang Sèh Malaya matur | kula nyuwun pamêjang malih | inggih kêdah uninga | babar pisanipun | pun patik ngaturkên pêjah | kula nyuwun anggèn-anggèn ingkang pasthi | sampun tuwan kangelan ||

5. Mijil

1. andikanya Kangjêng Nabi Kilir |

--- 70 ---

pralambange kang wong | pan sumurup sawiji-wijine | rahsa suksma kang kinarya wiji | nurbuwat pinasthi | rahsa dadènipun ||

2. sipat jamal iku wujut nênggih | johar cahyaning wong | pan ingakên rahsa sajatine | johar akir wujut kang kêkalih | mati lawan urip | nunggal sadayèku ||

3. johar awal lawan johar akir | mati urip amor | dèn kawawang rina lan wêngine | sêmbah pujènira mring Hyang Widi | ujar wali-wali | kang siji dumunung ||

4. rasul patêmonira sajati | rahsa gêtihnyawor | iku êdat ingkang sanyatane | malaekat samya anêksèni | Mukamad kang urip | gêtihe saèstu ||

5. lamun mati tan ana kang gêtih | atus wus agolong | pan wus ilang awor lan suksmane | suksma ilang wus dadi sawiji | langgêng Maha Sukci | jumbuh tanpa dhapur ||

6. pan ingaran sira ta Hyang Widhi | sapa wong kang wêroh | marang kono pasthi sampurnane | nanging nora kêna wali-wali | luput bênêrnèki | pan saking sirèku ||

7. lamun [la...]

--- 71 ---

[...mun] bênêr tekatnya sayêkti | sampurna kang ing gon | yèn luputa kasasar têmahe | apan kêna ginodha ing eblis | milane dèn titi | sira mupung durung ||

8. sadurunge ana bumi langit | mung sira kang wêroh | ingkang ana kaanannya dhèwèk | mapan awor lawan Hyang Suksma Sajati |Lebih dua suku kata: mapan awor Hyang Suksma Sajati. sirèku sêsulih | sulihing Hyang Agung ||

9. sêmbahira ingkang tanpa tapsir | eling ing Hyang Manon | tan apêgat ing rina wêngine | malaekat samya anêksèni | sira wus pinasthi | gêntine Hyang Agung ||

10. iya Allah arane kang urip | urip iku êroh | ingaranan makripat uripe | iku sadat tunggal uripnèki | sirèku pinasthi | dadya ing Hyang Agung ||

11. urip iku uriping Hyang Widi | lamun sira layon | pan wus dadi tunggale badane | wêruh nora nganggo netra kalih | mirêng tanpa kuping | tanpa lidhah muwus ||

12. lamun nora wruh badanirèki | tan wêruh Hyang Manon | tan kaliru iku kamuksane | marga ta wruh iku badannèki | kang môngka ngêmbani | sira mring Hyang

--- 72 ---

Agung ||

13. sira dinadèkkên ing Hyang Widhi | sipate kinaot | sinung budi sarta ihtiyare | beda lawan kewan kêbo sapi | patine binukti | marang manungsèku ||

14. ênggonira anèng ngarsa wuri | wetan miwah kulon | anèng ngisor lan anèng dhuwure | anglimputi marang manungsèki | miwah anglimputi | sakèhing tumuwuh ||

15. apan cakêt anane Hyang Widhi | cêdhak ora gêpok | adoh nora ana watêsane | ngalimputi ananing Hyang Widhi | satuhu linuwih | sadaya kawêngku ||

16. kawasane anane Hyang Widhi | bisa manjing atos | pan barojol iya ing karêpe | punjul papak anane Hyang Widhi | sakèhing dumadi | kauban sadarum ||

17. nora akon lawan datan mênging | marang karêping wong | ala bêcik saking ing dhèwèke | sêdya ala ala kang pinanggih | yèn wong karêm bêcik | basuki tinêmu ||

18. ala bêcik saka ing sirèki | dudu ing Hyang Manon | yèn manungsa wus matêng tekatetekade (dan di tempat lain). | bisa miwah mung

--- 73 ---

kari sawiji | yèn nora pinasthi | tan katiban pulung ||

19. sira uga gêgêtininggêgêntining. Widhi | wakiling Hyang Manon | mobah mosik sira darma bae | mobah molah iku saka ngêndi | lan ananing êsir | saka sapa iku ||

20. Sèh Malaya sadaya wus tampi | gèn-anggèn jro batos | tan kaliru ing sêsurupane | pan wêkasan dumugining mulih | Sèh Mlaya tan pangling | wulang kang tumimbul ||

6. Maskumambang

1. iya kapir têgêse puniku singgih | datan ana swarga | naraka iku pan sêpi | tan ana panutanira ||

2. kapir iku tan cêdhak Pangeranneki | kapir kupur sirna | kang pasthi Allah sayêkti | pan dattolah iku uga ||

3. kapir iku ananing êroh ilapi | gêsanging Hyang Suksma | tan ana padhanirèki | roh ilapi iku witnya ||

4. dadya êdate ing gêsang roh ilapi | ana rasulolah | ananira imam tokit | witnya saking ing Hyang Suksma ||

5. roh ilapi tunggal ingaranan tokit | iya Maha Mulya | iing. iman kalawan tokit | pan Mukamat iya sira ||

6. ywa pêpeka ngaurip dèn ngati-ati |

--- 74 ---

lan kang Maha Mulya | mulyane badan puniki | ananing donya ngakerat ||

7. surupaning gêsang uriping Hyang Widhi | pan ing aworira | kawula kalawan Gusti | sakarate iku tunggal ||

8. datan ana kêkalih amung satunggil | kang among mring sira | urip kalawan ing pati | tan ana ing bedanira ||

9. kaki sira nêmbah mring Hyang Maha Sukci | iya ingaranan | salat daim iku kaki | puji kang tan kêna pêgat ||

10. duk ing nguni iku kang ingaran urip | urip donyakerat | sastra alip iku kaki | pan unine takokêna ||

11. jabar jère êpèse kalawan tahwin | unine kang sastra | wêruh sampurnanirèki | ing donya lawan akerat ||

12. moring Gusti kawula salat sajati | urip tanpa nyawa | mengku donya lawan ngakir | wasesa purba punika ||

13. roh ilapi astanane para mukmin | sakèhing roh ingkang | ratune roh-roh ilapi | sipat jamal astananya ||

14. sipat jamal elok sajatine ugi | batin panganggonya | makaming rasul sayêkti |

--- 75 ---

êdat langgêng Maha Mulya ||

7. Pocung

1. jisim latip jaratan kang pasthi iku | talatahe mapan | urip kang tan kêna pasthi | maejane kinarya têtêngêrira ||

2. maejane roh iku ingkang satuhu | iya tanpa jasat | tanpa jisim Maha Sukci | iya iku musthikaning Rasulolah ||

3. luwangira sasmita janma di-luhung | sayid ingaranan | johar awal ingkang pêsthi | pan apapan sinasmita ing Pangeran ||

4. papanira sirna sasmita kang wujud | kang kari tan ana | kari padha ing samangkin | têlung dina tan ana kari wujutnya ||

5. têlung dina mati ing donya puniku | urip ing akerat | pitung dina winatawis | duk dadine bapa babu lawan eyang ||

6. pitung dina kèngêtan titipanipun | tokit lan makripat | lan sadat sakaratnèki | sasmitane kang pitung dina puniku ||

7. tinangisan mêtu luh maripatipun | urip nguni tunggal | saking cahya mulih adi | sasmitane janma kang nangis punika ||

8. apan padha kaelangan sadayèku | suksma

--- 76 ---

tilasira | sirna datan ana kari | sadayane catur dasa kang gumantya ||

9. catur dasa sirna sakabèhe iku | Allah lan MukamatMukamad (dan di tempat lain). | kawulane tunggal sami | sasmitanya catur dasa tri prakara ||

10. satus dina tunggal wujut tanpa dhapur | mulih marang cahya | cahyane Mukamat jati | satus dina sampurna sasmitanira ||

11. pan wus kantun ilang karo tunggal wujut | roh kalawan jasat | ilang jaba jronirèki | sèwu dina kabèh titipan tan ana ||

12. mulih kabèh mring kang nitipi puniku | mulih mring duk nora | tan ana wujutirèki | Sèh Malaya tyasira padhang sumrawang ||

13. duk miyarsa mring jêng nabi wuwusipun | kalangkung kacaryan | pangagêm sajroning galih | matur nêmbah lir ron katut ing maruta ||

8. Sinom

1. ananira ing pamolah | sajatine anèng kadhih | ananira nguni apan | dadya kêliring Hyang Widhi | upama ingkang ringgit | tan ngawruhi kêliripun | dene ta wayangira | junun kang sinarawèdi | kang jinabat kang nipas ing jisimira ||

2. sajatine ya Mukamat |

--- 77 ---

kalawan ing Allah jati | Mukamat ing yêktinira | tan ana kari kêkalih | yèn iman kang sajati | Mukamat ing imanipun | dene têgêse uga | kagêntèn ananing Widhi | apan iku jumênênging Rasulolah ||

3. iman mukmin nyata badan | roh ilapi iman mukmin | kang iman maksum punika | kajabane roh ilapi | ganjaraning ngaurip | ya puniku têgêsipun | ingkang antuk panutan | lamun bisa anglumuhi | ing godha rêncananira eblis lanat ||

4. uripira anèng donya | padha lawan kêbo sapi | tanpa karya ing ngagêsang | kaèksi-èksikaèsi-èsi. nèng bumi | lah graitanên sayêkti | wuruk ingsun mring sirèku | raganira ing benjang | tan wurung mulih mring siti | yèn tan wruha patine kasasar-sasar ||

5. têmah kapir patènira | tibane badanirèki | nora wurung dèn jak setan | kêna ginodha ing eblis | kabèh ingkang dumadi | datan liya saka Ingsun | pan sira kawruhana | kang kapir dadinirèki | pan wong kapir tan mulih maring Pangeran ||

6. Pangeran Ingkang WinulyaMinulya (dan di tempat lain). | munggèng sajroning [sajro...]

--- 78 ---

[...ning] kang ati | kapir iku pan kapiran | ing salaminira urip | Pangeran datan mênging | ing sakarêp-karêpipun | kêkalih panutannya | Mukamat ingkang kaèksi | kapir iku angalup lir paksi nila ||

9. Dhandhanggula

1. yèn makatên kula botên mijil | sampun eca nèng ngriki kewala | botên wontên sangsayane | tan niyat mangan turu | botên arip lan botên ngêlih | botên rasa kangelan | botên ngêrês linu | amung nikmat lan mupangat | Nabi Kilir lingira iku tan kêni | yèn nora lan palastra ||

2. sansaya sihira Nabi Kilir | marang sang kaswasih ing panêdha | lah iya dèn awas bae | mring pamurunging laku | aja ana sira karêmi | dèn bênêr dèn waspada | ing panganggêpipun | yèn wus kasikêp ing sira | aja umuk dèn nganggo warah yèn angling | iku rèh piningitan ||

3. nora kêna yèn sira rasani | lan sasama samaning manungsa | yèn tan lawan nugrahane | yèn ana nêdya padu | angrasani rasanan iki | ya têka kalahana | aywa kongsi banjur | aywa ngadèkkên sarira | ywa karakêt marang wisayaning urip | balik sikêpên uga ||

--- 79 ---

4. kawisayan kang marang pêpati | dèn kaèsthi pamanthênging cipta | rupa ingkang sabênêre | sinêngkêr buwanèku | urip nora ana nguripi | datan antara môngsa | iya ananipun | pan wus ana ing sarira | tuhu tunggal dêdalan lawan sirèki | tan kêna pinisahna ||

5. datan wênèh sakanira nguni | tunggal sapakartining buwana | pandulu pamiyarsane | wus ana ing sirèku | pamyarsane suksma sajati | datan kalawan netra | ing pandulonipun | iya nora lawan karna | netranira karnanira kang kinardi | anane anèng sira ||

6. yèn amore wruh kawula Gusti | sarta suksma kang sinêdya ana | iya anèng sira gone | lir wayang salirèku | saking dhalang solahing ringgit | môngka pêpanggung jagat | kêlir alamipun | amolah lamun pinolah | sapolahe kumêdhèp sarta ningali | tumindak lan pangucap ||

7. kang misesa lan kang misesani | tan antara pamoring karsa |Kurang satu suku kata: tan antara pan pamoring karsa. jêr tanpa rupa rupane | pan wus anèng sirèku | pamyarsaning suksma sajati | ingkang ngilo Hyang Suksma | wayangan puniku | kang ana sajroning

--- 80 ---

kaca | iya sira jênênging manungsa jati | rupa sajroning kaca ||

8. luwih gêngnya kalêpasan ugi | lawan jagat agêng kalêpasan | yèn lêmbut luwih lêmbute | salêmbutaning banyu | maksih lêmbut kamuksan ugi | luwih alit kamuksan | saalite têngu | pan maksih alit kamuksan | liring luwih amisesa ing sakalir | liring lêmbut alitnya ||

9. bisa nukmanuksma. ing agal lan alit | kalimputan kabèh kang rumangkang | kang gumrêmêt datan pae | kaluwihan satuhu | luwih gyanya ingkang nampani | tan kêna ngandêlêna | ing warah lan wuruk | dèn sangêt panguswanira | raganira wasuhên dipun arêsik | wruha wangsiting tingkah ||

10. wuruk iku upamane wiji | kang winuruk upamaning kisma | anglir kacang lawan dhêle | sinêbar anèng watu | yèn watune datanpa siti | kodanan kapanasan | yêkti datan thukul | yèn sira wus wicaksana | tingalira sirnakna ananirèki | dadya tingaling suksma ||

11. yèn dadia anggêpira yêkti | yèn angrasa roro maksih was-was | kêna ing rêngu yêktine | yèn wus sawiji kang wujut |Lebih satu suku kata: yèn wus sawiji wujud. sakarêntêgira

--- 81 ---

ing ati | ingkang sinêdya têka | kang kacipta rawuh | wus kawêngku anèng sira | jagat kabèh jêr sira kinarya yêkti | gêgêntining sêsêgah ||

12. yèn wus mudhêng pratikêl puniki | dèn awingit sarta dèn asasap | sasap pamèr panganggone | nanging ing batinipun | ing sakêdhap tan kêna lali | laire sasapana | kawruh patang dhapur | padha gêpên sadayanya | kalimane kang siji iku prêmati | kanggo ing kene kana ||

13. liring mati sajroning ngaurip | urip iku sajroning apêjah | urip bae salawase | kang mati iku napsu | badan lair darma nglakoni | katampan badan nyawa | aworing sawujut | pagene ngrasa matia | Sèh Malaya tyasira padhang nampani | wahyu nugraha prapta ||

14. lir sasôngka katawêng ing riris | praptaning wahyu ngima nir maya | sumilak ilang rêgêde | angling malih nulyarum | Nabi Kilir manis aririh | tan ana aji paran | kabèh wus kawêngku | tan ana ingulatana | kaprawiran kadigdayan wus kawingking | kabèh rèhing ayuda ||

15. sampun têlas [tê...]

--- 82 ---

[...las] wulanging jêng nabi | Sèh Malaya ing tyas datan kewran | wruh namane ing dhèwèke | ardaning swara muluk | tanpa êlar anjajah bangkit | sawêngkon jagat driya | angganya amêngku | mantêp pamardining basa | saengganya sêkar maksih kudhup lami | mangkya mêkar ambabar ||

16. wuwuh warna lan gônda pan amrik | wus kakênan ingkang pônca rêtna | mêdal sing guwa garbane | wus salin alamipun | angulihi alame lami | Nabi Kilir wus musna | mangkana winuwus | tyasira Sang Sèh Malaya | lulus saking gandaning kasturi jati | pêpanasing tyas sirna ||

17. wus lêksana salêkêring bumi | ujar bae wruh patakonira | nir ing wardaya malane | mung panarima ketung | pan wus kadya ngangge sutradi | maya-maya sarira | kabèh wus sarwalus | sinukma-suksma ing êmas | arja sotya-sinotya manik-minanik | wruh paekaning tingkah ||

18. môngka pangemut-emut ing nguni | duk têtiga nèng jro guwa garba | Nabi Kilir pêpèngête | bang kuning irêng iku | pamurunge laku lêstari | amung putih ingkang nyata |Lebih satu suku kata: amung putih kang nyata. sidaning pangangkuh | makame pan wus ginambar |

--- 83 ---

pan kaasta sanalika datan lali | dèn tuhu anggêpira ||

19. apan iku kinarya ling-aling | pambengkase sumungah jubriya | dèn kèsthi siyang dalune | pan kathah dènnya ngrungu | pratingkahe para maharsi | kang samya kaluputan | ing panganggêpipun | pangucaping kawruhira | wus abênêr wêkasan mati tan dadi | kawilêt ing trap-trapan ||

20. ana ingkang mati dadi pêksi | amung milih pencokan kewala | kayu kang asri dulune | sana lan nagasantun | tanjung miwah uwit waringin | têmah nèng pinggir pasar | êngkuk mangkruk-mangkruk | angungkuli wong sapasar | pindha-pindha kamuktèn sapele pinrih | kasasar kabalasar ||

21. ana ingkang anitis paraji | sugih brana garwa miwah arta | ana kang nitis putrane | putra kang arsa mêngku | karêmane sawiji-wiji | samyantuk kaluwihan | ing panitisipun | yèn ta mungguh jênêng ingwang | tur mung mamrih ing awakira pribadi | tan bisa babar pisan ||

22. ana pandhita ingkang ngantêpi | ing kamuksan nênggih karsanira | anjungkung kasutapane | nyana kêna dèn angkuh | tanpa tuduh mung tapanèki | tan mawi puruhita | suwung awang-uwung | mung tumêmên [tumê...]

--- 84 ---

[...mên] ciptanira | durung antuk pratikêl ingkang sayêkti | mung lagi ngayawara ||

23. seje bôngsa kang tunggal pamanggih | bôngsa mati lan pêpati ika | pêpatining bôngsa kabèh | bôngsa mati puniku | ujar pisan tan wali-wali | suka lila mardika | wus sukci puniku | Sèh Malaya sampun suka | donya ngakir ing tyasnya tan wali-wali | murca tan ana Allah ||

24. pan wus mudhêng sajatining pati | Sèh Malaya wus wikan warana | tunggal parêng sampurnane | datan dulu-dinulu | sangkan paran mulya wus wêning | tamat isining jagat | Sèh Malaya sampun | luwaran kang sêdya murba | lulus saking wêdale ati kang sukci | budi alus awijang ||

25. rangu-rangu dènira lumaris | Sèh Malaya mêdal ing dharatan | prapta têngah wana gêdhe | cahyanira umancur | kadya wulan purnamasidhi | jro wana mèlu padhang | ujwalaning sêmu | wrêksa gung samya | ajrih lamun ngungkuli nugraha êning | kasmaran mèlu mulya ||

10. Asmaradana

1. datan kawarna ing margi | lampahe Jêng Sèh Malaya | yèn tinutur rêroncène | sawulan môngsa sampuna | saking kathah lampahnya |

--- 85 ---

milanya datan winuwus | kinarya cêkak kewala ||

2. lajêng dènira lumaris | prapta pulo Upih sigra | apan kèndêl ing lampahe | para sèh kang wus sinihan | marang Hyang Maha Mulya | sadalu winangsit sampun | enjing lajêng lampahira ||

3. sakêdhapsakêdhèp. netra wus prapti | tanah Carêbon nagara | pitung dina nèng ardine | apan lajêng lampahira | wus prapta Pandhanarang | mangkana wau winuwus | lampahe Sang Sèh Malaya ||

4. nahên gantya kang winarni | garwanya Sang Sèh Malaya | kang tinilar ing kakunge | ana ing nagari Tuban | kalangkung kawlasarsa | lagya momong putranipun | anama Jaka Saida ||

5. warnanya kalangkung pêkik | Ki Jaka Saida Tuban | wus diwasa ing wayahe | duk tinilar ramanira | pan umur pitung dina | ing mangkya diwasa sampun | ayuswa sadasa warsa ||

6. matur marang ibunèki | Rahadyan Jaka Saida | tansah atakon ramane | sadina-dina atanya | matur ing ibunira | kang ibu kaku tyasipun |

--- 86 ---

dadya balaka mring putra ||

7. adhuh putraningsun gusti | aywa takon ramanira | sudarmamu buh parane | tinundhung ing eyangira | dosane ngabotohan | begal munggèng ing wana | matèni wong tanpa dosa ||

8. dinukanan ora mari | dèn uja pan saya dadra | eyangira kaku tyase | dadya sangêt bêndonira | supe ing yayah rena | iku purwane tinundhung | dene karyane angampak ||

9. lungane ramanirèki | sira umur pitung dina | kongsi mangke dèrèng rawoh | tan ana ing wartanira | buh sugêng buh sedanya | lamun sira putraningsun | aja tiru ramanira ||

10. kang putra umatur aris | ibu lêrês karsa dika | yèn kula nurut karsane | ing pasthine mèlu ala | nanging ta kajêng kula | arsa sowan ramaningsun | warnane kadi punapa ||

11. ibu kula nyuwun pamit | nusul marang ramaningwang | kang ibu asru tangise | adhuh nyawa putraningwang | lamun sira nusula | dadya tan wêlas maringsun | sira ninggal marang ingwang ||

12. kang putra pan saya

--- 87 ---

runtik | gya mêksa lampahira |Kurang satu suku kata: gya amêksa lampahira. nusul marang ing ramane | lumajar ing lampahira | cinêgatan datan kêna |Lebih satu suku kata: cinêgat datan kêna. êmban inya samya nusul | binuru lumayu mlajar ||

13. êmban inya samya bali | tan angsal ngadhangi marga | biyas lan maras ing tyase | pan enggal atur uninga | marang Dipati Tuban | wus katur sasolahipun | sang dipati langkung duka ||

14. dukanya yayah sinipi | lir nuwêk wong tanpa dosa | wadyagung sinêbar kabèh | kinèn ngupaya kang wayah | ya ta ganti kocapa | ingkang ibu apan nusul | ajrih dinukan ing rama ||

15. wus lama dènnya lumaris | samarga-marga karuna | dhuh Saida putraningong | pun biyang nusul ing sira | kulup lah antènana | lara têmên sikil ingsun | malênthung sakacang-kacang ||

16. ya ta wau wus alami | Ki Jaka anèng ing wana | tan adhahar miwah sare | watara wus tigang wulan | gènira anèng wana | ya ta gênti kang winuwus | kangjêng sinuhun ing Benang ||

17. ing dalu midêr wanadri | mulat [mu...]

--- 88 ---

[...lat] ing wana apadhang | jêng sunan tan eca tyase | nulya age pinarpêkan | praptane têngah wana | jêng sunan ing Benang dulu | pan wontên lare lumampah ||

18. jêng sunan ngandika aris | hèh bayi sira mandhêga | bocah apa sira thole | wêngi-wêngi alumampah | apa ta sêdyanira | Ki Jaka alon umatur | kiyai lampah kawula ||

19. ngulati sudarma mami | kesahe saking nagara | saba wana ing karyane | matèni wong dêdagangan | ambegal sabên dina | kasukan rêmênanipun | maling ngampak darbèking lyan ||

20. duk kesahe rama mami | kula umur pitung dina | ngantos mangke dèrèng panggoh | pan saking dêlap kawula | badhe uningèng bapa | milanya kawula nusul | wartane anèng ing wana ||

21. jêng sunan karasèng galih | dadya alon angandika | hèh bayi nuruta ingong | tutur ingsun marang sira | yèn sira arsa panggya | kalawan ramanirèku | sira angajia sarak ||

22. iku margane kapanggih | kulup lawan ramanira | maranga Bintara age |

--- 89 ---

ramanira wus sinihan | ing Hyang Ingkang Misesa | wus dadi wali panutup | panêtêp panatagama ||

23. wusnya pitutur nulyaglis | pan lajêng ngidêri jagat | Ki Jaka lumampah age | lajêng marang nagri Dêmak | pan arsa ngaji sarak | ing marga datan winuwus | gantya ingkang cinarita ||

24. kang nênêpi dhatêng wukir | ya ta wau Sèh Malaya | anênêdha mring Hyang Manon | sampun angsal tigang côndra | manêkung Pandhanarang | wus dumugi karsanipun | mudhun saking ing ancala ||

25. wus lajêng gènnya lumaris | arsa mampir karsanira | marang wismane Ki Gêdhe | ya ta ingkang kawuwusa | Ki Agêng Pandhanarang | wibawa sugih kalangkung | kèdhêp ing parentahira ||

26. pinarak anèng pandhapi | sineba para punggawa | tan dangu nulya praptane | wau ta Jêng Sèh Malaya | amindha santri kompra | angêmis pakaryanipun | andhodhok nèng palataran ||

27. Ki Gêdhe aglis nauri | iya nora wèwèh ingwang | kang mindha santri wuwuse | kula botên nêdha bôndha | wus bangkit karya êmas | Ki Gêdhe sugal amuwus | langar têmên wuwusira ||

--- 90 ---

28. yèn sira bisa akardi | sira ta môngsa ngêmisa | ki santri anulya age | anyandhak pacul saksana | amacul sagacrokan | lêmah kang kantun ing pacul | mancorong dadya kancana ||

29. Ki Gêdhe jêngêr ningali | apan alon wuwusira | nyata pintêr paman kowe | aku paman warahana | gawe mas kaya sira | kang mindha santri amuwus | gampil wontên kula têdha ||

30. andika akarya masjitmasjid (dan di tempat lain). | kalawan bêdhuge pisan | katabuha ing wancine | pasthine dika katêkan | marang Hyang Maha Mulya | pan angsung kancana agung | Ki Gêdhe alon angucap ||

31. gih kyai kula lampahi | paman napa tutur dika | nging sampun cidra wuwuse | dika pundi wismanira | sun susul marang sira | kang mindha santri amuwus | gih kula apan ing Pajang ||

32. sawusnya amituturi | Sèh Malaya nulya kesah | ya ta lajêng ing lampahe | wau gênti kawuwusa | lampahe garwanira | kapêthuk munggèng wana | kalara-lara karuna ||

33. kang raka ngandika aris | ana apa karsanira | anusul mring raganingong |

--- 91 ---

aparsa panggih maringwang | dene ta nusul sira | kang garwa nulya umatur | adhuh gusti atur kula ||

34. gèn kula kesah puniki | ngupadosi putra tuwan | botên madosi dhèwèke | wus lami dèrèng kapanggya | inggih Jaka Saida | duk tinilar maksih timur | ing mangke sampun diwasa ||

35. mila putra kesah gusti | ngupadosi marang tuwan | wikan samangke puruge | kang raka alon ngandika | uwis sira muliha | ingsun dhewe kang lumaku | angulari putraningwang ||

36. kang garwa umatur aris | kawula ajrih dinukan | yèn mantuka awak ingong | kulajrih yèn pinêjahan | dhatêng rama paduka | prakawis putra sang bagus | sumôngga putra paduka ||

37. wus lajêng dènnya lumaris | ing marga datan winarna | wus prapta Benang dhepoke | wus panggih Jêng Sunan Benang | Sèh Malaya tur sêmbah | Sunan Benang ngandikarum | lah bagea Ki Malaya ||

38. Sèh Malaya angabêkti | sinuhun pangèstu tuwan | ngabêkti kalih garwane | Jêng Sunan Benang ngandika | hèh jêbèng iku sapa |

--- 92 ---

Sèh Malaya nêmbah matur | puniku bojo kawula ||

39. marmanta nusul ing kami | ngupadosi wayah tuwan | mila kapanggih lan ingong | inggih pun Jaka Saida | ngupadosi mring amba | punika ing purwanipun | kawula nuwun sumôngga ||

40. môngsaborong sang ayogi | punika putra andika | kula kesah dugèkake | ngupadosi wayah tuwan | nênggih pun Jaka Saida |Lebih satu suku kata: nênggih Jaka Saida. Sunan Benang ngandikarum | hèh jêbèng sira lerena ||

41. aja sungkawa ing ati | prakara ing lunganira | ki bayi iku ta mangke | Sèh Malaya matur nêmbah | inggih kawula datan | kawasa ing margènipun | langkung dening rungsitira ||

42. Jêng Nabi Kilir wêwarti | gèn kadbah pan dede lêlêmah |Lebih satu suku kata: gèn kadbah pan dede lêmah. ing Mêkah sela têgêse | Nabi Ibrahim kang yasa | amba kinèn wangsula | dhatêng paduka pukulun | kinèn anyuwun pitêdah ||

43. jêng sunan ngandika aris | jêbèng sira wus sinihan | dadi kêkasih Hyang Manon | tuhu susunan ing jagat | yèn sira pinanggiha |

--- 93 ---

jêng nabi luwih pinunjul | kang gadhuh ilmining Allah ||

44. ingsun iki pan kapengin | pinanggiha kaya sira | mring nabi kang luwih kaot | mundur têka abêbakal | sira wus padha lan ingwang |Lebih satu suku kata: sira wus padha ingwang. jumênêng wali panutup | pusakaning waliyolah ||

45. Sèh Malaya angabêkti | sinuhun pangèstu tuwan | nanging amba utamine | sarana pitêdah tuwan | dados tan ngôngka-ôngka | Sunan Benang ngandikarum | wuwusa arum lir kilang ||

11. Dhandhanggula

1. ana ingkang pawarta dumadi | Sèh Malaya iku kawruhana | kang waskitha sampurnane | tan owah calêkipuncêlakipun. | lara pati yêkti kapanggih | tan lana jênêngira | tan wande yèn lampus | aja lali ing dunungan | anèng donya dèn prihatin sira kaki | angwasah pagunêman ||

2. gunêm-gunêmana rasa iki | lamun sira nora atêtanya | ali sastrane bae |Kurang satu suku kata: aliya sastrane bae. sastra ing marganipun | tèki-tèki ingkang amasthi | lah iku tutur ingwang | marang ing sirèku | aja wêdi ing bêbeya | dudu êmas dudu dirham dudu picis | lila [li...]

--- 94 ---

[...la] sotya nglêgawa ||

3. dèn pakeling anèng donya kaki | dèn abisa angenaki sarak | sira anèng donya mangke | bêkjabêgja. kang wus gêguru | gêgulangan enaking ati | kang padha suka wirya | wong têmên ing guru | wêwangunan endah pelag | nora ana cacate têka maligi | sarta sinihan Suksma ||

4. aja lali ing badanirèki | akèh bajang tibaning wêkasan | ywa katungkul sastra bae | yèn durung antuk duduhtuduh. | gêgurua mupung aurip | kang anon têtironan | tan liyan mung dunung | tan wande anêmu rusak | badanira tan wurung pulang mring siti | jêbèng kawikanana ||

5. pan wus pasthi wong mangkono kaki | lamun nora pêtênge tumêka | eblis lanat pangridhune | ana rupa sadulur | ana rupa ibu lan nini | amindha pawong sanak | lan amindha guru | ayun warah ingkang iman | kang sawênèh arupa swarga linuwih | paningaling sakarat ||

6. poma jêbèng lamun sira sakit | iya iku tingale sakarat | durung mulya ing tingale | akèh ingkang kadulu | yèn kapencut [kapencu...]

--- 95 ---

[...t] tingaling pati | paningaling sakarat | ingkang gawa dudu | yèn tingal ingkang sampurna | jroning pati tan ana panggih-pinanggih | mulya kadi duk nora ||

7. poma kaki yèn katêkan sakit | aywa pêgat kaki dhikirira | dèn awas ing rupa dhewe | elinga gamanipun | iya iku bêbaya pati | wêruha ing sakarat | angèling tumuwuh | ywa katungkul ing wong gêsang | nora wurung badannya pulang mring siti | aywa rêmên kadonyan ||

8. karanane wong urip puniki | aywa pêgat aniyata atapa |Lebih satu suku kata: aywa pêgat niyata atapa. dadi loro panyaure | kamuktèn lawan ngèlmu | nora sêpi salah sawiji | kauningan wêkasan | sampun manjing makbul | iman donya ing akerat | pan salamêt kang potang lara prihatin | darajat waliyolah ||

9. utamane ngaurip puniki | sabên dina niyata atapa | aywa pêgat salawase | lan malih sabên dalu | aniyata mêlèk ing wêngi | sabên dina niyata | rialat saumur | darapon sinihan Suksma | lamun turu mung kinarya tômba arip | angona napasira ||

--- 96 ---

10. donya ngakir pan sinung kamuktin | kadya mênang aprang lan wong kopar | yèn mênang lawan nêpsune | puniku laku luhung | ingkang kagêm ing nabi wali | pan sêdhêng ingapura | kalanira bêndu | lamun sêdhêng tan arsaa | lamun mêlèk kinarya sêdhênging arip | utawa luwenira ||

11. iku tapane wong agung luwih | pandhita waliyolah kang nyata | kang wus sampurna tekate | yèn wong bêbakal iku | jiwa raga dipun sakiti | pinrih paworing suksma | lali mangan turu | ayun wruh maring duksina | milanipun jasat iki dèn sakiti | pan agung mati raga ||

12. yèn wus awor tapane binukti | dadya sarira suksma balaka | dadi lawan sasêdyane | ing donya ngakiripun | nora beda klawan samangkin | sêmbah-sinêmbah dhawak | ananira iku | pan aran ingkang sinêmbah | angarani ananing badan pribadi | iya hu iya Allah ||

13. sêmbah pujènira kang wus alim | pan lumaku inggih dadi salat | pan mênêng dadi bêktine | pan nora nganggo waktu | panêmbahe kang sampun wêning | kadya ilining toya | bangawan lumintu | kang

--- 97 ---

wus awas ing panêmbah | manjing wêtuning napas kang dipun kawruhi |Lebih satu suku kata: manjing wêtuning napas dipun kawruhi. puji tan kêna pêgat ||

14. pangandikane Jêng Nabi Kilir | aywa nêmbah lamun durung awas | pan tuwas kangelan bae | sawênèh sasar susur | amangeran marang ing eblis | sêmbahe tawang tuwang | ingkang tanpa wujud | kapaung amènèk wrêksa | panyanane kinira ana ing nginggil | tan wruh yèn kangsrah têmah ||

15. Sèh Malaya nêmbah amintasih | adhuh amba anyuwun pitêdah | ing katbah sami samangke | yèn ngamungna cinatur | bôngsa swara amba tan apti | mèsêm sang prabu wadat | nyandhak astanipun | dhumatêng Sang Sèh Malaya | sêmèng jaja suku jaja netra aris | sakêdhap praptèng Mêkah ||

16. bakda salat jêng Sinuhun Kali | sigra lajêng dhatêng ing Bintara | para wali pêpak kabèh | Sèh Malaya pan sampun | sinamatan kang para wali | mupakat juluk Sunan | Kalijaga mungguh | nulya samya pirêmbagan | karya masjit ing Dêmak pan sampun rakit | saka kirang satunggal ||

17. Jêng Sinuhun Giri ngandikaris |

--- 98 ---

hèh ki jêbèng gawene pan karya | sakaguru bubuhane | Sunan Kalijaga mungguh |Lebih satu suku kata: Sunan Klijaga mungguh. karya saka tatal kinardi | dèn usap kaping tiga | wutuh tatalipun | wus dadya saka saksana | sampun katur dhumatêng Sinuhun Giri | lajêng ingangkat karya ||

18. sampun ngadêg wau ingkang masjit | duk purwane jaman nandhang iman | masjid Dêmak ing ngadêge | satêmah kirang ngidul | ana ingkang ngalorkên malih | lêrêsnya lawan katbah | têmah ngalor ngidul | Sèh Malaya ngadêg sigra | majêng ngidul brêgagah suku kêkalih | astanya kalih pisan ||

19. asta kiwa nyandhak sirah masjit | asta kanan nyandhak behetolahbaetolah. | ginathukkên ing sirahe | Sunan Kali lingirarum |Lebih satu suku kata: Sunan Kali lingnyarum. inggih kônca pan kadipundi | niki punapa sampun | lêrês keblatipun | pra wali umyung saurnya | sampun-sampun alêrês keblatirèki | kalawan katbahtolah ||

20. wusing dadi wau kanang masjit | duk samana jaman nandhang iman | masjit Dêmak pangadêge | pan tunggal warsanipun | lan bêdhahe ing Majapait | taru ing warsanira |

--- 99 ---

wukunya kulawu | duk samana sinangkalan | sirna ilang kartinira ratu singgih |Sengkalan: sirna ilang kartinira ratu (1400 A.J.). gantya kang kawuwusa ||

21. Kyai Gêdhe Pandhanarang lagi | apan arsa amangun bujana | wau Ki Gêdhe karsane | kathah kang sinungan wruh | pra pangagêng dipun aturi | miwah para sudagar | tan ana kang kantun | samana sawiji dina | apan arsa amanggihkên pangantin |Kurang satu suku kata: apan arsa amanggihakên pangantin. tamune agung prapta ||

22. kinurmatan gangsanya angrangin | Sunan Kali samana praptanya | sarwa amoh sandhangane | tan muni gangsanipun | sapraptane pandhapa sêpi | tan ingaturan lênggah | tan ana kang wêruh | kesahira palarasan | sapraptane ngagêm busana miranti | ngungkuli pasamuan ||

23. pinêthukkên gangsanira ngrangin | angarubut kyèhning tamonira | mudhun saking lênggahane | ngaturi sang awiku | angurmati Sinuhun Kali | samana sampun lênggah | munggèng tarub agung | kinurmatan sinugata | Sunan Kali micorèngmicarèng. sajroning galih | lah iki kadang konang ||

24. nadyan bapa biyangne pribadi | kaki nini uwa paman kakang |

--- 100 ---

yèn nora padha sugihe | datan ana kang ngaruh | apadene tuwi-tinuwi | êmpaning raganingwang | mau iya ingsun | sabab dene nora nyandhang | samêngkone ingsun nganggo adi luwih | kabèh suyut maringwang ||

25. yèn sandhangan kang sira ji-aji | dudu wonge kang ingajenan |Kurang satu suku kata: dudu wonge ingkang ingajenan. lah prabotku kabèh kiye | sun lila mring sirèku | ingsun arsa nutuggênnutugkên. kapti | wis padha tutugêna | goniramong kayun | sadaya eram tumingal | lagi tumon janma lila kadi iki | ya ta Ki Pandhanarang ||

26. pan saksana nututi Jêng Kali | Kyai Gêdhe Pandhanarang nulya | tamune tinilar bae | lampahira lêstantun | nasak jurang sumêngkèng wukir | tan ana baya cipta | mung antêping kalbu | sawarsa ing lamènira | Kyai Gêdhe Pandhanarang angulati | mring Sunan Kalijaga ||

27. duk sêmana Ki Gêdhe ngulati | pan kapanggih anèng wanawasa | Kyai Gêdhe age-age | sujut marang sinuhun | ngaturakên kang pati urip | Sunan Kali ngandika | lah jêbèng sirèku | apa mantêp marang ingwang | Kyai Gêdhe aturnya inggih suwawi | ulun kapêjahana ||

--- 101 ---

28. ngaluwata nèng têngah wanadri | aja luwar yèn sun durung têka | sandika wau ature | sawarsa lamènipun | tinilikan mring Jêng Sunan Kali |Lebih satu suku kata: tinilikan Jêng Sunan Kali. kinèn ngalong lampahnya | wus luwar sataun | lajêng ngalih mandêng surya | pan sawarsa laminya nuntên angalih | rata sakèhing lampah ||

29. wus katrima marang ing Hyang Widi | sampun mêdal ing karamatira | dadi lawan sasêdyane | wau kangjêng sinuhun | amanggihi Ki Gêdhe nuli | jêbèng sira muliha | besuk ingsun rawuh | ing dina Rêbo wêkasan | uwis sira mangkata padha samangkin | Sunan Kali ngandika ||

30. wus kaidèn marang sang ayogi | Sunan Kali angandika enggal | elinga marang kang gawe | yèn dadya jalma luhung | unusaning nyawa sakalir | bakalira pan toya | lan angin puniku | gêni bumi angin samya | apan saking ing Hyang Kang Maha Linuwih | iku sadulurira ||

31. sira aja kaya bumi langit | ngandêlakên jêmbar luhurira | sapa kang kuwasa gawe | ywa gingsir jroning kalbu | aja kibir agawe sêrik | mring padha-padhanira | dinukan Hyang Agung | aja [a...]

--- 102 ---

[...ja] dumèh tan katingal | Gusti Allah tan samar ing ênggonnèki | nèng wuri ngarsanira ||

32. anèng kanan miwah anèng kering | anèng ngisor miwah luhurira | nora arah nora ênggon | tan warna tan rupa iku |Lebih satu suku kata: tan warna tan rupèku. pitung bumi lan pitung langit | winêngku sadayanya | agal lawan lêmbut | wêruhe tanpa tuduhan | lamun sira ayun wikan ing Hyang Widi | guwangên kanthènira ||

12. Kinanthi

1. Sunan Kali pamit sampun | anganglang jagat tumuli | kang kari nora sêmbrana | dènnya têtêp anêtêpi | anut sarak Rasulolah | kang kinarya aling-aling ||

2. lah jêbèng apa karêpmu | sira iku dèn timbali | marang ing Dêmak nagara | dutane wus anèng margi | aturamu sêmayaa | samôngsa seba tumuli ||

3. sesuk têkane dutèku | kang sarta amundhi tulis | wus slamêt padha kariya | sun nutugkên laku mami | sêmadi Jêng Sunan Bayat | lorode masjiderèki ||masjidirèki.

4. wancènira bêdhug dalu | malorot kang ponang masjit | datan ana kang uninga | enjinge wus anèng bumi | eram kang sami

--- 103 ---

tumingal | kasaru caraka prapti ||

5. ingulukan salam sampun | asalamu ngalaikumi |Lebih satu suku kata: asalamu ngalekumi. sawusnya anjawab tangan | duta kalih sampun linggih | munggèng kang masjit lorodan | saking pucake kang wukir ||

6. maringakên nawala wus | binuka kang ponang tulis | pèngêt iki layang ingwang | kang jumênêng Dêmak nagri | gêgênti nayakaningrat | mêngkoni sakèh agami ||

7. sandika ing aturipun | seba mring Dêmak nagari | yèn wus kalilan ing Suksma | botên sontên botên enjing | kula sowan mring Bintara | nuwun duka lawan mami ||

8. Kangjêng Sunan Bayat wau | wêwarah tan duwe wadi | yèn iku nora palastra | murwani sarengat nabi | wêkasan bubrah sarengat | suwung kabèh ingkang masjit ||

9. kudu Jumungah ta wau | kangjêng susunan marêngi | nglolos wau kang wasiyat | saking lêluhure nênggih | ngandika sêmu prasaja | sing sapa uwongerèki ||

10. mati saking golok ingsun | pasthi suwarga linuwih | aja sing jalma manungsa | kabèh sakèhing

--- 104 ---

dumadi | mati marga golok ingwang | munggah suwarga linuwih ||

11. nuju ana lalêr mabur | mencok ing golok ngêmasi | lajêng musna saraganya | munggah marang swarga luwih | Sèh Domba prayitnèng nala | nubruk golok angêmasi ||

12. Jêng Sunan Bayat sru ngungun | layon pan kinèn ngrêsiki | samana kinubur pisan | munggèng cakaran kang wukir | Sèh Domba asru nyuwara | anèng kubur rina wêngi ||

13. kapenak têmên wong lampus | kang munggèng suwarga adi | yèn wruha lamun kapenak | nèng donya lawan tan apti | padha busuk wong nèng donya | pan nora gêlêm ngêmasi ||

14. sabên rina wêngi muwus | Jêng Sunan Bayat nêdhaki | kubure gya tinêdhakan | apan jinêjêgan nênggih | sarwi sru dènnya ngandika | wong wis kapenak bok uwis ||

15. cêp mênêng datanpa muwus | praptane ing alam akir | mila wong kêthul tyasira | miwah swara kang tan bêcik | padha angambila sawab | kubure Sèh Dumba nênggih ||

16. antara ing dadosipun | Jêng Sunan Bayat nimbali | garwa putra lan pra wayah | tanapi [tana...]

--- 105 ---

[...pi] sêlir kêkalih | putra kakung anèng ngarsa | kang rama ngandika aris ||

17. wus karia putraningsun | kang padha bêcik akari | Jêng Sunan Bayat wus mapan | narik napas wus ngêmasi | ingkang kantun bilulungan | prasamya mêngku prihatin ||

18. dhatêng gara-garanipun | ardi Jabalkat agonjing | Lawu Mrapi samya swara | gumludhug amêtu gêni | lesus mêsês awor jawah | udan awu banjir warih ||

19. Sunan Bayat sedanipun | nuju dina malêm Kêmis | apan ing wulan Mukaram | kaping limalas kang sasi | taun Alip sinêngkalan | nir molah kartaning bumi ||Sengkalan: nir molah kartaning bumi (Kêmis, 15 Mukaram 1460 A.J.).

13. AsmaradanaTeks asli: Sêmaradana.

1. Jêng Susunan Benang nuli | ngandika wali sadaya | hèh sanak manira kabèh | punika kasihing alam | kang roh Nabi Mukamat | jênênging roh sêmonipun | yèn ta mungguh imanira ||

2. nora beda rohe iki | yèn sêdyamu abêrata | tan beda ing panunggale | kadyaparan karsa dika | matur wali sadaya | botên sanès kang winuwus | sampun antuk sabda tuwan ||

3. pundi kang ingaran nabi | jênênging [jênêng...]

--- 106 ---

[...ing] roh sêmonira | mapan iku kêkasihe | sadèrènge dadi jagat | mapan jênênging tunggal | dinadèkakên rumuhun | kang minôngka kanyatahan ||

4. Pangeran Majagung nuli | amêdhar ing pangawikan | ing karsa manira dhewe | iman tokit lan makripat | tan kocap ing akerat | mung padha samêngko wujut | ing akerat nora ana ||

5. nyatane kawula Gusti | iya kang muji kang nêmbah | ing samêngko lêlakone | ing akerat nora ana | lamun nora anaa | tan wêruh jênênging ngèlmu | nora thukul dadi jalma ||

6. Pangeran Carêbon nuli | amêdhar ing pangawikan | dèn waspada ing mêngkono | sampun ngangge kumalamar | dèn awas ing Pangeran | kadyaparan awasipun | apan nora warna rupa ||

7. nora aran nora warni | tan ana ing wujutira | tanpa môngsa tanpa ênggon | sajatine nora ana | lamun ora anaa | dadi jagatira suwung | nora ana wujutira ||

8. Sèh Gênthong samya mêlingi | amêdhar ing tokidira | kang aran Allah jatine | tan ana liyan [liya...]

--- 107 ---

[...n] kawula | kang dadi kanyatahan | nyata ing kawulanipun | kang minôngka katunggalan ||

9. Jêng Maolana Mahribi | amêdhar ing pangawikan | kang aran Allah jatine | wajibul wujut kang ana | Sèh Lêmah Bang ngandika | ajana kakehan padu | iya ingsun iki Allah ||

10. nyata ingsun kang sajati | jêjuluk Prabu Catingrat | tan ana liyan jatine | ingaran bôngsa Allah |Kurang satu suku kata: ingaranan bôngsa Allah. Maolana Mahrib mojar |Lebih satu suku kata: Molana Mahrib mojar. iki jisim aranipun | Sèh Lêmah Bang angandika ||

11. kawula amêdhar ngèlmi | angraosi katunggalan | dene jisim sadangune | mapan jisim ora ana | dene kang winicara | mapan sajatining ngèlmu | sami amiyak warana ||

12. lan malih sadaya sami | sampun wontên kumalamar | yêkti tan wontên bedane | saliringan punapaa | dene sêdya kawula | ngukuhi jênênging ngèlmu | sakabèhe iku padha ||

13. Sèh Maolana Mahribi | sarwi mèsêm angandika | inggih lêrês ing sêmune | puniku dede wicara | lamun ta kapiyarsa | ing jalma kathah puniku | dene mung dhewe rêrasan ||

14. gih tuwan kula pribadi | ajana [a...]

--- 108 ---

[...jana] lyan miyarsakna | angamungna kula dhewe | ujêr puniku kêkêran | lamun tan kênaa tuwan |Lebih satu suku kata: lamun tan kêna tuwan. amalangi jênêng ingsun | bok sampun kadi mangkana ||

15. pangeran ing Ratu Giri | amêdhar ing pangawikan | pasthine Allah jatine | jêjuluk Prabu Katingal | sampun pônca wicara | tan ana pêpadhanipun | anging Allah ingkang tunggal ||

16. ya ta sakathahing wali | angèstokakên sadaya | mapan sami ing kawruhe | lamun sira Sèh Lêmah Bang | tan kêna pinalangan | cinêgah wali sadarum | tan owah ing tekadira ||

17. ngandika Sèh Siti Abrit | pan wus ing ujar manira | dènnya nututi kapriye | dhêdhasare ingkang amêdhar |Lebih satu suku kata: dhêdhasare ingkang mêdhar. pamêjange maringwang | puniku wuruking guru | botên kenging ingowahan ||

18. amêksa tan kêna gingsir | sinuwalan ing akathah | tan kêna owah tekade | sampun ujar linakonan | pan wus janjining Suksma | ngandika Pangeran Carêbun |Lebih satu suku kata: ngandika Pangran Carêbun. sampuna tuwan mangkana ||

19. puniku ujaring janji |

--- 109 ---

yêkti ginugu ing kathah | nênggih sampun ing ukume | wong ingkang angaku Allah | ngandika Sèh Lêmah Bang | lah mara tuwan dèn gupuh | sampun ngangge kaloreyan ||

20. dhasar kawula labuhi | ngulati pati punapa | pan pati iku parênge | parênging sih kawimbuhan | lan tansah kawisesa | kang têka jatining suwung | ana kadim ana anyar ||

21. ngulati punapa mami | nora ana liyan-liyan | apan apês salawase | nanging Allah ingkang tunggal | iya jisim ya Allah | tokit têgêse puniku | apan tunggal kajatenan ||

22. sakathahing para wali | prasamya mèsêm sadaya | miyarsa ing pamuwuse | kukuh tan kêna ingampah | saya banjur micara | amiyak warananipun | tan anganggo subasita ||

14. Kinanthi

1. yèn nêmbaha sêmbahipun | lamun pujine amuji | pan iya katur ing sapa | yèn katura ing Hyang Widi | dene nora warna rupa | yèn tan katur ing Hyang Widi ||

2. tawang tuwang unènipun | angur aja nêmbah muji | yèn katura [ka...]

--- 110 ---

[...tura] maring Allah | sumantana tan wrin dhiri | kawula botên gêgadhah | apan kapurba ing Gusti ||

3. pan kawisesa sirèku | wruha wiwitaning puji | ya ta kang sêmbah-sinêmbah | puji sapa kang duwèni | puji pan pujining Allah | kawula tan darbe puji ||

4. tan kawasa slamènipun | miwah pagawenirèki | tuwin panggawe sadaya | amung Allah kang darbèni | êndi aran puji êmbah | têgêse sêmbah lan puji ||

5. kanugrahan jatènipun | kang tumiba marang dasih | êndi aran kanugrahan | iya sajatining urip | lan urip-uripe sapa | lamun uriping Hyang Widi ||

6. urip datanpa nyawèku | uripe urip pribadi | uripe tan kêna pêjah | beda lan uriping dasih | uripe kalawan nyawa | kang tibèng kawula iki ||

7. kanugrahaning Hyang Agung | liring kanugrahan urip | iya uriping manungsa | kanugrahaning Hyang Widi | dalile Allah kang murba | dipun padha angawruhi ||

8. êndi urip jatènipun | panglêburan papan tulis | tan ana Gusti kawula | kaya ngapa lamun tunggil |

--- 111 ---

yèn beda di bedanira | pan ora pisah sanyari ||

9. dene salamêting kawruh | têgêse kang iman tokit | pan iku wus nyata tunggal | tunggal kawula lan Gusti | apan jênênging kawula | sajati-jatining sêpi ||

10. tanpa polah tingkahipun | têgêse makripat nênggih | ingkang awas ing Pangeran | têgêse awas kang êndi | kang awas puniku sapa | kawula pan wuta tuli ||

11. bisu lumpuh lawan suwung | kuwasa nora darbèni | katuring puji lan sêmbah | wus ora ngulati malih | katur marang dhèwèkira | ing dhèwèk Allah pribadi ||

12. pan sêmbah-sinêmbah iku | puji-pinuji pribadi | apan kang dadya lantaran | iya kang nêmbah amuji | kanyatahaning datolah | dudu unine pribadi ||

13. mantêp jênêng kawulèku | têgêse ta panrimèki | tanpa wujut tanpa polah | lir sarah munggèng jaladri | amuji lawan anêmbah | dènira pasrah dèn bêcik ||

14. lan narima pasrahipun | dene kawruh tanpa lami | ing Pangeran Kang Winulya | lire kawruh tan ngawruhi | yèn kang narima [nari...]

--- 112 ---

[...ma] dèn trima | nyata yèn sira pribadi ||

15. Mêgatruh

1. saking Kitab Bayan Mani nukilipun | sotya kang kawan prakawis | têgêse ingkang winuwus | sotya puniku pan warih | kang patang prakara kono ||

2. ingkang dhihin banyu badan namanipun | banyu ahmat kaping kalih | banyu urip kaping têlu | kayat kaping catur nênggih | kumpule nèng jisiming wong ||

3. kang gêgawan saking ing Allah lan rasul | anênggih ngawan prakawis | kang saking bapa lan babu | anênggih ngawan prakawis | wus tunggil dadya sagolong ||

4. saking Allah mripat kuping cangkêm irung | dene kang saking jêng nabi | ati limpa pusuh jantung | ingkang saking bapa nênggih | utêg balung sungsum otot ||

5. saking biyung kulit daging gêtih wulu | duk maksih nèng atasangin | nukat gaip namanipun | duk nèng pucuk rambut nênggih | akerat aran kinaot ||

6. duk amblês ing kapala ingaran samut | jêjuluk êroh hyang tulis | sing kêmpêling alam iku | duk anèng ngriku winarni | ingaran cahyadi kaot ||

7. tumuruning êmbun [êmbu...]

--- 113 ---

[...n] anèng betal makmur | cahya nur cahya namèki | prapta ing gêgithok ngriku | iya kang aran tubadil | praptèng ula-ula kono ||

8. kang ingaran sêgara rante puniku | anèng silitkodhok nênggih | sulbi puniku ranipun | praptaning pok kalam nênggih | kang ingaran niyat kono ||

9. prapta têngah nukat namanipun |Kurang dua suku kata: prapta têngah nukat gaip namanipun. anèng pucuk kalam nênggih | ingaran mani puniku | mêtu saking kalam nênggih | marêntul nama dat kaot ||

10. ngangkat tètès nêptu gaip namanipun | tumètèsing kalam nuli | puniku ingaran naptu | lumêre nibani nênggih | ing sagaranakan kono ||

11. ênur royat puniku jêjulukipun | duk kênthêl ungguh namèki | ngangkat bundêr namanipun | Allah jêjulukirèki | kadya mutyara cumlorot ||

12. duk kawungkus puniku ingaran samut | duk netra kapala dadi | ing ngriku jêjuluk rasul | angadêg nama Hyang Widi | wus samya gatra wêwêngkon ||

16. Pocung

1. kang pinocung nênggih wasiyating guru | marang muridira | bismilah rahmanirkim |Kurang satu suku kata: bismilah rahmanirakim. alkamdulilah hirabil ngalamina ||

2. wasatuwasalatu. wasalamu salajêngipunlajêngipun. | ngala [nga...]

--- 114 ---

[...la] sayidina | maolana mokamadin | wa alihi wasabihi atmangina ||ajmangina.

3. asmabaduamabadu. asnapunanapun. sasampunipun | amuji ing Allah | lan amuji ing jêng nabi | rasulolah môngka sami ngawruhana ||

4. ingkang ngèlmu akekat ingkang wus kosus | sajatine ingkang | nampurnakkên ing ngaurip | lire iki ngèlmu ingkang linarangan ||

5. kang sinêrung ing nabi wali mukminun | nguni-uni datan | wontên kang purun nimbangi | saking sangêt wêdining ngèlmi punika ||

6. awitipun iya tinêmbangkên iku | Mas Rôngga Sasmita | nêmpuh byat amêdhar wadi | sarupane pamêjanging guronira ||

7. kang dèn rêmbug ing parimbon sadayèku | samya tinêmbangan | dinadèkakên puniki | pan kinarya pambengkasing tyas mrih arja ||

8. nalika duk kinuncang dening Hyang Agung | pisah donya rencang | anèng sabrang nagri Ngacih | wong kêkalih lan Mas Yakir namanira ||

9. nanging nuju sakit sangêt pamanipun | mila gung sungkawa | tan kêna tinari-tari | duk makirtya Jumungah Rabingulakir ||

10. lèk ping pitu taun Je môngsa kapitu |

--- 115 ---

de sangkalanira | karya gusti pandhitadi |Sengkalan: karya gusti pandhitadi (7 Rabingulakir 1714 A.J., 16 Januari 1788 A.D.). nênggih antuk anukil saking ing kitab ||

11. Akya Ngulunmudin kang saking puniku | tapsir Ngipnu Ngabas | ngèlmu kak kang dèn rasani | kang wus nyata nênggih masalah paesan ||

12. kang dèn ilo lawan kang ngilo punika |Guru lagu seharusnya: 12u, kang dèn ilo lawan kang ngilo puniku. anapon wayangan | anèng ingkang ngilo sami | iya iku tan ana prabedanira ||

13. têgêsipun kang ngilo iki Hyang Agung | anapon sêmunya | kang wêwayangan sayêkti | iya iku ingkang ingaran datolah ||

14. têgêsipun aran sipatolah iku | iya sipatira | pasthine kang dèn arani | apngalolah pan iya panggawenira ||

15. dèn tawajuh poma aywa sak puniku | kulamar ta aja | lan aywa pindho ing kardi | krana wong kang makripate wus sampurna ||

16. lire kang wus têka ing wahatulwahdatul. wujud | sakathahing asya | ing ukumira pan napsi | dene akekate dèn arani asya ||

17. isbatipun nênggih datolah puniku | pasthi awakira | nanging ta dudu sirèki | êndi ana manèh lamun dudu sira ||

18. iya êndi ing kono [ko...]

--- 116 ---

[...no] sanyatanipun | marma kathah wong kang | kasamaran tan wrin jati | sababe kèh keron ing sajroning patinya ||Lebih satu suku kata: sababe kèh keron sajroning patinya.

19. momor sambu keron nora sah pangawruh | ingkang tansah niyat | iya ing wujud kêkalih | yèn maksiha kêkalih durung sampurna ||

20. kawruh iku poma dèn aling ta sagung | anak murid ingwang | poma aja wani-wani | angarani Allah sakathahing asya ||

21. dene lamun dèn arani Allah iku | yèn maksih umiyat | iya ing wujud kêkalih | wong kang kupur puniku mutamad dêhab ||

22. apa tan wruh ing dalile awakipun | yèn ngaining Allah | karana andika nabi | rasulolah lapale waman ngarapa ||

23. lan napsahu wakab ngarapa rabahu | têgêse sing sapa | wêruh ngawake pribadi | môngka têmên-têmên wruh Pangeranira ||

24. lawan malih pangandikaning Hyang Agung | lapal jroning kur'an | lah iki dalile wapi | anpusikum lan apalatubsirunnya ||

25. têgêsipun ing dalêm awakirèku | sadaya awuta | tan ana sira tingali | satuhune awak iku kanyataan ||

--- 117 ---

26. ing Hyang Agung wajah kang sawiji iku | nyata lamun tunggal | lawan wontên lapal malih | saking AsyaAkya. Ngulumudin asalira ||

27. inalaha tangala iya gaibun | lan malih litdara | wal insanu ya gaibi | lire Allah Tangala puniku Suksma ||

28. nadyan mungguh kawulane ya suksmèku | lawan malih lapal | walahu batinu nasi | lawan malih al insanu lahirolah ||

29. wabatinul kakuwalatinul kaku | têgêse Hyang Suksma | nyatane manungsa tuwin | manungsèku mapan lairing Hyang Suksma ||

30. batinipun tan nêdya ing lairipun | sami nyatanira | tan ana bedanirèki | nora pisah ing antaraning atunggal ||

31. ujar iku poma ajana kawêtu | mapan wong akathah | dèn sasab dipun wêrit |Kurang satu suku kata: dèn sasab dipun awêrit. ing pasthine iku nasarakên uga ||

32. jêr wong iku adoh ing pangupayèku | panyanane ana | ing kana ana Hyang Widi | ing panyana ana kene kana ana ||

33. miwah

--- 118 ---

lamun parêka parêgên iku | dèn arani ana | ing kene Pangerannèki | utawane ginalih kene tan ana ||

34. dadi èstu tan mangkono kawruhipun | dêstun ingsun sabab | suwung ngèlmune tan dadi | ing patine anêmbah pangeran setan ||

35. rakya makdum sarat dèn ucapên iku | tur môngsa gêlêma | pan nyata tandhanirèki | wong kang durung duwe guru kasampurnan ||

36. ngèlmonipun dadya sasar kawruhipun | kapir katêmahan | pangandikane ngulami | anadene wong iku kang durung ingkang ||

37. darbe guru kang pasthi pituduhipun | satuhune setan | kang môngka gurunerèkigurunirèki. | dadi anut mangeran marang aksama ||

38. silang sambut sakèh-akèh kang cinatur | pan pijêr kalangan | ing wicaranira pribadi |Lebih satu suku kata: ing wicarane pribadi. ngasak olil saking ngakalih priyôngga ||

39. ngèlmu iku poma anak murid ingsun | dèn agêma padha | simpênên sajroning ati | ywa kawêtu yèn dede prayoganira ||

40. dèn asêrung dèn nganggo warah yèn [yè...]

--- 119 ---

[...n] muwus | karana yèn môngsa | datan akèh manungsèki | mêngko akèh kang katungkul bôngsa swara ||

41. pan katungkul ujaring sastranirèku | ngèlmu kalêpasan | lan katungkul aningali | saranane kandhêg ing ucap-ucapan ||

42. liring ngèlmu sarak karana katungkul | kandhêg ing sarengat | angèl tumêka ing gaip | luwih bênêr pan kina tujonira ||Kurang satu suku kata: luwih bênêr pan kinarya tujonira.

43. kang rahayu mungguh marang ing Hyang Agung | anadene kanang | makripate sampun wasis | angawruhi ing sawarga lan naraka ||

44. inggih amung ngawruhi pribadènipun | sajatine ingkang | Maha Luhur Maha Sukci | nora liya anadene wong kang samya ||

45. kumalungkung iku dadi bodhonipun | jêr ta pawong sanak | kalawan wong pêkir miskin | kang mangkono môngsa dadak ta oleha ||

46. marga ayu nyalamêtakên ing kawruh | mungguh ing makripat | milakèh kang bodho sami | sabab iku angagungkên kang sarengat ||

47. kitab nahwu

--- 120 ---

mantèhkên ing miskalipun | dèn gunggung ginulang | kalimput ing setan tarkip | kamajidun lawan ratasedun ngaral ||

48. lakrabahu jidan jadidun kakipun | lan irib jiyadan | pan iku dadi upêksi | insan ngalap apa ana kaya ingwang ||

49. ingsun wêruh ing rasaning kitab agung | tur ta maksih mêntah | katungkul amuruk ngaji | brahalane dadi dèn gendhong dèn rêmbat ||

50. dèn nyana wus mangkene bae ta iku | agung padha kitab | tur siji durung kakapti | kang mangkono iku tahlid jait pitnah ||

51. ngèlmonipun sirik dadi marganipun | sasar kabalasar | dene ngèlmi kang wus taksis | ingkang nyata nora ana tingal liyan ||

52. anèng suluk miwah anèng kitab rusul | kadya kang angucap | sira urip ana dhingin | ana kèri ana kadim ana anyar ||

53. ana mêtu kalawan ana malêbu | ana dhèwèk lawan | ana kang barêng sayêkti | lawan ana wêkasan lawan pungkasan ||

54. kabèh [ka...]

--- 121 ---

[...bèh] iku iya dadi pujènipun | dene ta awasna | marang ingkang Maha Sukci | êdatolah sipatolah apngal asma ||

55. têgêsipun iya kang awèh puniku | kurup ing paesan | mapan ing ananirèki | angêgungkên ing wujude kidam baka ||

56. pasthi idhup langgêng tan kêna ing lampus | wêruh tan winarah | nyata sadurunge lair | amiyarsa sadurunge ana ngucap ||

57. iya iku ingaranan nguludinu | ngawruhi têgêsnya | ing aranira pribadi | poma dipun bêcik ing panarimanya ||

58. lawan dipun rakit ing panômpa iku | lawan ciptanira | lan tekatira dèn tunggil | tunggil wujud ing wujude iku mêksa ||

59. marmanipun ingaran êsa iku |Kurang satu suku kata: marmanipun ingaran êsa puniku. sabab tan narima | ana wêwayangan kalih | upamane kadi êroh lawan jasat ||

60. kadya durung mati êsa namanipun | nyata anarima | ing wilangan duk ing urip | môngka kêna sakèhing asya ingaran ||

61. sadayèku jumênêng lawan Allahu | de Allah punika |Teks asli: tertulis halaman 112 dan seterusnya.

--- 122 ---

jumênêng Allah pribadi | iya iku sajatine ing sahadat ||

62. dene môngka uwiting urip sadarum | mila jinulukan | nênggih abadan rohkani | pan karana iku nyatane datolah ||

63. êkak iku anapon sajatènipun | iya rasulolah | iya ing wajah sawiji | poma-poma aja êsak malih sira ||

64. ujar iku kang êsak sayêktènipun | kupur kapirolah | dene ingkang para nabi | para wali lan para mukmin sadaya ||

65. inggih lamun anglakoni ujar iku | singga kongsi prapta | ing surahsa kang sajati | iya kaya nora ana bedanira ||

66. lawan rasul pan mangkono ujar iku | iya dadi nyata | tyas têtêp ingkang wus pasthi | ing wujude kawula wujuding Allah ||

67. iya iku manungsa kang nang wus ngubur | ing papan sadaya | lawan sakathahing tulis | lawan ingkang anglêbur urip sadaya ||

68. hèh ta sagung gêng alit nak murid ingsun | padha ngawruhana | kang aran Allah sayêkti | iya iku kang ngucap Allahu akbar ||

69. poma dipun pracaya [pra...]

--- 123 ---

[...caya] ing ujar iku | aja kumalamar | poma aja mindho kardi | krana angèl mungguh yêktine ngagêsang ||

70. rahsa iku kudu dèn pindêng ginilut | mapan nora ana | ingkang angluwihi malih | nênggih saking ngèlmu pituduh punika ||

71. nanging kudu dèn wêrit aja kawêtu | marang ing wong kathah | karana tan angrasani | jisim lair tan angrasani kang rusak ||

72. aja kuwur dèn gênah pangrakitipun | wruha ing pinôngka | rahsa iku goning pati | pati iku gon mulih mring darusalam ||

17. MêgatruhTeks asli: Mêgatroh.

1. wontên malih wasiyating para guru | hèh sagung kang wuri-wuri | poma ajana katungkul | karana iku wong urip | tan wurung tumêkèng layon ||

2. marmanipun dèn tumêmên ulah ngèlmu | wasiyating para wali | lan wulanging guru-guru | dèn tumancêp jroning ati | aja dèn sambi gêguyon ||

3. supayane dadia pangemut-emut | pamêjanging Sunan Giri | Kadhaton ing garwanipun | dadia têpa palupi | mamrih waspadèng pasêmon ||

4. mungguh kang wruh kang mring ngayunan Hyang Agung | saksana [saksa...]

--- 124 ---

[...na] kang rayi ngambil | dhaon ingisenan banyu | nulya katur marang laki | Sinuhun Giri Kadhaton ||

5. ingkang garwa dèn jak mring ênggon kang samun | susunan ngandika aris | nyai sun wruhkên sirèku | rungokna pasêmon iki | mêngkono mungguhing kawroh ||

6. tingalana ing padhange ingkang banyu | ya iku ngibarat Gusti | ing obah-obahe banyu | ngibarate kawulèki | dene iku ingkang dhaon ||

7. kang kinarya wêwadhahing banyu iku | iya ngibarat jasmani | kawruhana obahipun | banyu ing obahe nênggih | ing padhang-padhange kono ||

8. krana padhang ing jro nyataning banyu |Kurang satu suku kata: krana padhang ing jro kanyataning banyu. banyu nyata padhang iki | têgêse paningal iku | tunggal kajatène dening | tampaning sih apadudon ||

9. iku kawruh wus sampurna lan wus kosus | yonyèn. ora mangkono nyai | luput tur sasar wong iku | kang garwa umatur aris | dhuh sinuhun guron ingong ||

10. kadospundi kawula dèrèng anggayuh | timbalan tuwan kang yêkti | maksih pasêmon puniku | ngandika Susunan [Susuna...]

--- 125 ---

[...n] Giri | têgêse nyai iku wong ||

11. kang wus têka ing Islam ingkang satuhu | karana mungguh Hyang Widi | tansah dènnya maksih iku | ya mulane dèn arani | wus tumêka Islaming wong ||

12. iya ingkang aningali ing Hyang Agung | kewala dènnya ningali | lan tingal kapala iku | lah iku jatine nyai | kang rayi umatur alon ||

13. kadyaparan paningal amba pukulun | mripat kapala kang pundi | angandika jêng sinuhun | nyai tan nyandhak sirèki | ing pasêmon kang mangkono ||

14. yèn mangkono majua parêk lan ingsun | saksana lênggah sumandhing | sarwi dhêpèpèl agupuh | mangkana nuli dèn wangsit | hèh nyai yèn arsa wêroh ||

15. bôngsa mripat kapala paningalipun | ya mripatira pribadi | kang bundêr iku sing dulu | ing Allah môngka dèn aglis | dulunên cahya ing kono ||

16. ing cahyane ing paningal iya iku | nyata yèn tunggal kaèksi | dadi nyatane puniku | tan liyan dhèwèkerèki | kang anonton kang tinonton ||

17. jêr Pangeran tanpa netra yèn andulu | lan tanpa

--- 126 ---

swara yèn angling | iya netranira iku | swaranira kang kinardi | ya sira iku Hyang Manon ||

18. ingkang sêmbah kang sinêmbah iya iku | iya puji kang pinuji | ya iku jatining kawruh | kang garwa aglis nungkêmi | ing suku wiku sang katong ||

19. ngandikarum ing garwa nyai sun pemut | poma aja salah tampi | lan aja kongsi kawêtu | iya mring liyanerèki | dèn asêrung kasarombong ||

20. iya iku kawruh ingkang padha ingsun | têlas wijangnya Jêng Giri | wontên malih wêjangipun | nênggih Pangeran Sumêndhi | nalika amêdhar kawroh ||

21. mring kang putra Tasikjati wêjangipun | pratingkahing sikêp iki | kulup bôngsa salat iku | apan iya lungguh iki | sahadat pangucap ingong ||

22. bôngsa puji iku pêpanganan ingsun | bôngsa wujud rasa mami | bôngsa urip atiningsun | têgêse mungguhing pati | iku ratu gêng kinaot ||

23. yèku ratu aran ing sabênêripun | ratu ingkang maha luwih | karana wong urip iku | yèn durung tumêkèng pati | Islame durung gumêcos ||

24. têgêsipun wong ngrasajani ta mungguh | yèn ora waspadèng pikir | kapêndêng madhêp kang saèstu |Lebih satu suku kata: kapêndêng madhêp kang èstu.

--- 127 ---

ing datolah iku maksih | wong iku bingung kemawon ||

25. anggurayang was-uwas panganggêpipun | yèn kawawas nêniwasi | ing wasana tanpa wuwus | ya dadi patine modir | kaya ing patine sato ||

26. iku kulup wruhanta aja kapencut | marang wong akèh sirèki | lawan ngandêlake ngèlmu | sarak iku tan nguwisi | mring wêkasan angathuwos ||

27. têlas Pangran Sumêndhi pamêjangipun | Pangran Juminah winarni | duk miraos têgêsipun | ing sarira lan kang siwi | hèh kulup sira apa wroh ||

28. ing jatine kang aran sarira iku | aturing putra dèrèng wrin | yèn botên paduka tuduh- | akên kang rama lingnyaris | ya kulup ingsun kang tudoh ||

29. marang sira kang aran sarira iku | saka tan owah tan gingsir | kang tan ana wêkasipun | datanpa tuduh lirnèki | dudu jisim kang brêgogok ||

30. dudu ati dudu roh ngakal pan dudu | ya sarira iku kaki | ingkang murba misesèku | ing awal kang lair batin | têgêse pisan mangkono ||

31. ya datolah kang aran sarira iku | dadi kanyataannèki | ing sariranira iku | kanyataan [kanyataa...]

--- 128 ---

[...n] datolahi | iku aran tingal wutoh ||

32. dadi Allah kewala paningal iku | karana ya ing ngaurip | yèn tan wruh sariranipun | môngka wuta praptèng pati | nora kaya kang waspaos ||

33. ing sarira dadi wruh paraning lampus | poma kulup dèn udani | ing sariranira iku | marmane akèh wong tan wrin | ing sarira babe keron ||

34. keronipun ing panggawe kapir kupur | mung iku kang dèn kawruhi | mila antêp iku kulup | aywa kandhêkkandhêg. saraknèki | karone uwis katonton ||

35. manungsa kang kakandêlên sarakipun | angèl tumêka ing gaip | kang putra anêmbah nuwun | ramanta ngandika malih | kulup yèn sira wus wêroh ||

36. ing pratingkah kang kaya mangkono iku | aywa kulinèng nagari | dèn mantêp panarimèku | wus têlas poma dèn titi | wontên malih winiraos ||

37. Jêng Susunan Kalijaga ngandikarum | pawong sanak ingsun sami | tekate wajibul wujud | lire anane kang pasthi | yèn dhèwèk nora mangkono ||

38. salawase pan nora têmu-tinêmu |

--- 129 ---

kalawan ujare sami | lailaha ilolahu | karana kang bumi langit | tan kagawe ing Hyang Manon ||

39. sabab anyar Allah tangala puniku | apan manungsa kang kadim | Allah iku urip ingsun | kalawan êroh sayêkti | manungsa urip tanpa roh ||

40. Allah iku uripe kêna ing lampus | manungsa tan kênèng pati | lamun ana kang amuwus | Allah tan kêna ing pati | manungsa kang kêna layon ||

41. dadi sungsang bolak-balik tampanipun | kaya bêbasan sajroning | matêng atêmahanipun | yèn mungguh ing tekat mami | yèn matêng matêng jaba jro ||

42. lire Allah uripe tan kêna lampus | sanadyan kawulanèki | ya urip tan kêna lampus | yèn mangkono iya dadi | jaba mêntah matêng ing jro ||

43. yèn dèn nyana Allah kewala kang idhup | kawulane angêmasi | dadi ana gèthèk nungsung | sêsatange dèn bongkoki | anglêrêsi toyanya rop ||

44. nadyan wus wruh yèn anggung gawe katungkul |

--- 130 ---

mila ajana akibir | jêr sirèku padha durung | angrasakakên ing pati | apan ingsun iki lumoh ||

45. ngaji sarak takon tarekat babipun | hèh ta pawong sanak mami | yèn arsa têtakon ngèlmu | akekat tarekat nênggih | sawêcane dèn gumêcos ||

46. saratipun wong umanjing marang guru | kudu pasrah jiwa jisim | aja rumôngsa anggadhuh | mapan ingantêp puniki | boya kaya wong wus wêroh ||

47. kang binunton atine marang Hyang Agung | hèh ki luhung kalamun wis | waspada maring Hyang Agung | nuli waspadaa maring | rupane dhewe ywa keron ||

48. ya puniku salat daim namanipun | ingaran puji nêksèni | yèn kinarsakakên iku | dening hyang sayêkti dadi | waliyolah kang kinaot ||

49. lamun ora mangkono mukmin kas iku | dene ta ujaring dhikir | lailaha ilolahu | Mukamad iya kang batin | têtèbèng lair kemawon ||

50. sampun têlas poma-poma dipun emut | ana ta wêwêka mami | ing jatine

--- 131 ---

ujar iku | lamun ana kang tan ngrêti | budinên praptèng mêgatroh ||

51. agunêman marang wong kang tunggal kawruh | liyane aja dèn wruhi | yèn tan sêmbada nyawèku | iku poma wêkas mami | aja ngêbrèh bok kacênthok ||

52. kacênthoke krana gêng-gênging pakewuh | amung sampurnaning pati | marmakèh kang tibèng siku | wus bênêr pangrakitnèki | ing pati têmah maloncong ||

53. pan kaliru dene pakarêmanipun | tan kêlar tibaning pati | keron taksih momor sambu | donya arta anak rabi | kabèh padha dadi mungsoh ||

54. iya iku abote ing wong tumuwuh | ora kêna apakolih | anak rabi bôngsa batur | brana arta myang kêkasih | sajrone mamrih mulywèng gon ||

55. ujar iku gêgulanga mupung durung | yèn wus kasèp nêniwasi | sapa kang bisa têtulung | aja pijêr olah mukti | ing pati ywa kabêsturon ||

56. ing kamuktèn tilar kawibawanipun | sun palaur laku santri | tur nistha tanpa karyèku | nanging ingsun wus udani | pan pamrih ingsun ing batos ||

57. karya sasap panyirêpira [pa...]

--- 132 ---

[...nyirêpira] takabur | dene katara baribin | sun tekatakên satuhu | lamun tan sampurnèng pati | singga jisim kongsi bosok ||

58. tuwin wutuh lamun tan pracaya sirèku |Lebih satu suku kata: tuwin wutuh lamun pracaya sirèku. besuk yèn ingsun ngêmasi | kalamun sira padha wruh | wus kinubur dipun aglis | dhudhukên singga nglêgorong ||

59. tuwin bosok enggal pakakna ing asu | aja kang mangkono malih | nadyan siji wulon ingsun | sampurna tan ana kari | mulih mring sipat Hyang Manon ||

60. ujar iku ajana kang mèlu-mèlu | yèn durung wruh sajatining | puruhita aja ngawur | têmah sasar mati kapir | wong urip yèn tanpa dudoh ||tudoh.

61. ngapirani yèn ngandêlkên sarakipun | yèn tan wruh ing ngèlmu jati | dene babarpisanipun | nora kalêbu ing tulis | larangan agêng kinaot ||

62. wontên malih kojah saking guru-guru | kang wus winêjangkên mami | sun kumpulakên sasuluk | sual masalah dadya tri | têmbang durma pangkur sinom ||

18. Durma

1. kawruhana lamun sira tinakonan | apa têgêse lajim | jawabên dèn enggal |

--- 133 ---

mani pan têgêsira | sêmune punapa lajim | saurana enggal |Lebih satu suku kata: saura enggal. sipat suhut sayêkti ||

2. lajim lawan suhut artine punapa | saurana dèn aglis | kadi urip kita | kang wikan ing priyôngga | kang kawawas ing pribadi | ingkang miyarsa | nora liyan pribadi ||

3. kang akarya nora liyan ing priyôngga | miwah kang aningali | anabda priyôngga | iku lire kang warah | kang langgêng kêkêl pribadi | Kang Maha Mulya | apan iya pribadi ||

4. nênggih ingkang pundi pribadining Allah | saurana dèn aglis | apan sêdya blaka | pundi sêdyaning Allah | sêdya kang langgêng pribadi | Kang Maha Mulya | ingkang murba ing urip ||

5. ingkang nabda ingkang ningali kang liyan | kahananing Hyang Widi | pundi dhèwèk ingwang | anuli saurana | isun dhèwèk ing Hyang Widhi | ingsun punika | têgêse punapi ||Kurang satu suku kata: têgêse sun punapi.

6. saurana iya mantêp têgêsira | kang sêdya Ingsun yêkti | têgêse pan iya | nora akaanan |Kurang satu suku kata: nora ana kaanan. roro myang tingal kêkalih | pan ora nana | iya pangucap kêkalih ||Lebih satu suku kata: iya pangucap kalih.

7. ing têgêse iya Ingsun ingkang sêdya | ya Ingsun kang miyarsi |

--- 134 ---

Ingsun kang tumingal | ya Ingsun kang awikan | ya Ingsun Kang Maha Luwih | Ingsun kang murba | Ingsun Kang Maha Sukci ||

8. Ingsun Ingkang Maha Luhur Maha Mulya | Ingsun kang anjatèni | Ingsun kang nugraha | Ingsun ingkang anabda | ya Ingsun Suksma linuwih | Ingsun kang tunggal | nyata tan bêstu jisim ||

9. iya Ingsun ingkang urip tanpa nyawa | saking tan owah gingsir | Ingsun kang sampurna | kang agung kang misesa | kang elok Ingsun sayêkti | pan Ingsun ingkang | amuji kang pinuji ||

10. Ingsun ingkang tanpa ênggon tanpa arah | Ingsun kang tanpa warni | Ingsun tanpa rupa | Ingsun kang tanpa môngsa | kang tanpa jiyat punapi | tan amusapah | tanpa tuduhan sami ||

11. Ingsun ingkang mantêp ananing Sun dhawak | malih yèn dèn takoni | êndi jatining Hyang | dèn enggal jawabira | jatining Allah kang pêsthi | kahananing Hyang | sêdya ana pribadi ||

12. têgêsipun purba karuhun kang tanpa | wiwitan lan tanpa uwit |Lebih satu suku kata: wiwitan lan tanpa wit. pan inggih punika | kang yêkti jatining

--- 135 ---

Hyang | pundi kahananing wadi | ingkang sanyata | saurana dèn aglis ||

13. angèstokkên ing dhirènira piyambak | liripun tan ngulati | sakabèhe mapan | wus kawêngku dening Hyang | jêr ingsun ratu linuwih | luwih sasama | satunggal tan kêkalih ||

14. yêkti Ingsun kang madhêp ing dhèwèking Hyang | madêk ratu pribadi | ngrat kawêngku ingwang | tan ana mêmadhaa | agunging karaton mami | langgêng tan owah | urip tan kêna pati ||

15. lamun sira tinakon êndi datolah | dèn enggal anauri | apan iya sêdya | sadurunge nèng jagad | lan sawuse jagad dadi | asêdya uga | birai ing pribadi ||

16. nênggih pundi kanang sêdya ing datolah | saurana dèn aglis | iya tanpa molah | iya tanpa wêkasan | ingkang aran Allah pasthi | jawabên enggal | kahananira yêkti ||

17. kang akarsa pundi ing wimbuh ing Allah | saurana tumuli | iya karsanira | kang tan ana towangnya | kang tan ana kirangnèki | lawan kang nora |

--- 136 ---

kêna ing owah gingsir ||

18. lawan malih wontên ingkang patakonan | sampun tunggal ing Widi | enggal saurana | aran lan kang ingaranan |Lebih satu suku kata: aran kang ingaranan. tunggal wus tan wujud kalih | wus nora mamang | lan nora pindho kardi ||

19. dene lamun tinakonan malih sira | saka tigang prakawis | ingkang dhihin uga | tan adoh lan sarira | tan anèng ing sarirèki | ping tri kaslira | saurana dèn aglis ||

20. kang tan adoh ing sarira sahadat |Kurang satu suku kata: kang tan adoh ing sarirèku sahadat. tan anèng slira takbir | kaslira sakarat | kadyaparan lirira | saurana dipun aglis | lire sahadat | amung winong pribadi ||

21. têgêsipun takbir pan sira Pangeran | anêmbah lan amuji | ing pribadènira | têgêse kang sakarat | dene tan êsah ing pati | lan ora mamang | lan malih bokmanawi ||

22. tinakonan masalah tigang prakara | dene ingkang rumiyin | imbar wêwayangan | lan kitab amakutha | latar putih tanpa tulis | wus jangkêp tiga | saurana dèn aglis ||

23. imbar wayangan wus wêruh ing bêbakal | lire kang kaping kalih |

--- 137 ---

kitab amakutha | dene wruh dadènira | latar putih tanpa tulis | lire dene ta | kang iman mulya sukci ||

19. Pangkur

1. sasmitaning kawimbuhan | kawruhana ya pangucapirèki | miwah ing pangrungonipun | tuwin paningalira | nora karna pangucap roro puniku | dadi polah tingkahira | tanna êsak sarta sêrik ||

2. datan tasbèh mung datolah | lan kewala dèn karasa bukti |Kurang satu suku kata: lan kewala dèn karasa abukti. dèn karasa yèn aminum | sêmbayang dèn karasa | dèn karasa datolah inggih puniku | ingsun wus awuru Allah | yèn kita asalat daim ||

3. lawan malih ingaranan | martabate ing kasdu takrul takyin | kasdu nênggih titènipun | mapan karêping niyat | dadi cipta anênggih ing têgêsipun | iku pamêksaning niyat | rêrakitan dadinèki ||

4. lire ingkang takyin nyata | ing cipta dadosipun punapi |Kurang satu suku kata: ing ciptanya dadosipun punapi. kasdu iman têgêsipun | takrul pan tokit têgêsnya |Lebih satu suku kata: takrul tokit têgêsnya. ingkang takyin makripat iku liripun | ingkang iman ta anaa | gumlèthèk yêkti tan sêrik ||

5. sasmitaning rasanira | kang

--- 138 ---

dèn ucap kang angucap Hyang Widi | poma dipun awas emut | norana liyan-liyan | anadene yèn tinakonan sirèku | punapa pangawruhira | ing Allah jawabên aglis ||

6. pangawruh ingsun ing Allah | pan kawimbuhan ing ngèlmune Widi | wontên malih sualipun | mapan ujar sakêcap | lawan laku satindak mênêng puniku | nuli enggal saurana | ujar sakêcap puniki ||

7. iya kang ngucap Hyang Suksma | dene laku satindak sarta Widi | kang aran mênêng gonipun | ingkang wus nora susah | angulati Allah lyan ing dhirènipun | pira martabating tingal | saurana tri prakawis ||

8. nênggih tasnip kang sapisan | kaping kalih puniku insan kamil | kadil kaping tiganipun | tasnip liyêp têgêsnya | insan kamil kang sampurna artènipun | kadil roh ilapi lirnya | utawi sêmuning tasnip ||

9. tingal kang luluh sampurna | iya wahyu iku têgêse nênggih | dadi paningal kang kusus | têgêse wahyu nyata | mila wajib sami dèn êningna [ê...]

--- 139 ---

[...ningna] iku | prabedanirèng paningal | ing nabi wali lan mukmin ||

10. nabi têtêp tingalira | mara mundur tingale wali mukmin | pira martabating laku | jawabên dipun enggal | kadi gêni kang dhihin ping kalihipun | kadi angin têgêsira | sêmune kang kadi gêni ||

11. pinèt panase kewala | têgêsipun puniku mamrih gêlis | panarimanira sampun | kasuwèn dene ta kang | kadi angin pinètakên rinaruruh | têgêse wus nora pisan | susah angulati malih ||

12. pintên martabat sarira | saurana iya tigang prakawis | anadene kang karuhun | kadya tanggal kaping pat | kaping kalih kadya tanggal sanganipun | ping tri lir tanggal patbêlas | dene ta ingkang rumiyin ||

13. kang kadya tanggal kaping pat | iya dene tulis lair myang batin | kang kadya ping sanganipun | têgêse luluh sirna | kaanane ing kaananing Hyang Agung | kang kadya tanggal patbêlas | dene panêdhane sami ||

14. kadya kang andadèkêna | têgêse yèn kadi kang patbêlas ri | wus têka ing watêsipun |

--- 140 ---

têgêse ing kawula | nora takyin dadya guru pasthènipun | nanging dadi guru uga | pan martabat pamanggih ||Kurang satu suku kata: pan martabate pamanggih.

15. jawabên limang prakara | kang rumiyin nênggih glèthèking ati | pan katêpêking laku |Kurang satu suku kata: apan katêpêking laku. pan iya ing pangucap | marmanipun iya dipun kadi laku | ing tekad dene wus tapa | iya kasèrèt ing ati ||

16. lire sipat jamalolah | dene kêtuge tuhu lirnèki |Kurang satu suku kata: dene kêkêtuge tuhu lirnèki. wêdale pangucapipun | nyata yèn nora mamang | nora susah angulati ing Hyang Agung | ya kang ngucap iku Allah | poma aja pindho kardi ||

17. martabate bumi pira | saurana kèhe tigang prakawis | date roh ilapi iku | nênggih ingkang sapisan | kapindhone roh jasadi sadayèku | kaping tiga tanpa prênah | tanpa tuduhan lirnèki ||

18. êndi kang aran Mukamad | kang makiki kalawan kang majaji | saurana dipun gupuh | aran Nabi Mukamad | kang makiki dating roh ilapi iku | dene Mukamad majajwa | yaiku dating jasadi ||

19. makiki lawan majajwa | nora pisah lawan roroning tunggil | nyata yèn [yè...]

--- 141 ---

[...n] ing sira iku | dene ingkang tanpa prênah |Lebih satu suku kata: dene kang tanpa prênah. lawan ingkang tanpa tuduhan puniku | pan kakekade datolah | tan liyan pasthi sirèki ||

20. Sinom

1. martabating kanugrahan | lamun sira dèn takoni | pintên kanugrahan sadat | saurana tri prakawis | nênggih ingkang rumiyin | ngêncêngkên ing imanipun | ping dwi nêguhkên ing tyas | dene ta kang kaping katri | mapan iya nglampahakên anggaota ||

2. pintên nugrahaning salat | lamun sira dèn takoni | dhingin mêgatakên karsa | tinggal cipta kaping kalih | madhêp ingkang kaping tri | pintên kanugrahanipun | takbir môngka dèn enggal | jawabên tigang prakawis | dhingin kawruh wêruh kaping kalihira ||

3. jatining wruh kaping tiga | pintên nugrahaning budi | jawabên tigang prakara | nênggih cipta kang rumiyin | panggraita ping kalih | kang cipta ing têgêsipun | nugrahane roh pira | jawabên tigang prakawis | kang rumiyin urip tan kalawan nyawa ||

4. kaping kalih ananira | tan dèn anakkên liyaning | kaping tri Allah kewala | nora ana kang

--- 142 ---

momori | ing wahdat kang wujudi | pintên kanugrahanipun | nênggih ingkang sakarat | saurana tri prakawis | dhingin madhêp idhêp kaping kalihira ||

5. mantêp ingkang kaping tiga | lan pira kanugrahaning | iman enggal saurana | pan iya tigang prakawis | sokur ingkang kariyin | tawêkal ping kalihipun | sabar kang kaping tiga | lamun tinakonan malih | nugrahaning tokit mapan amung tiga ||

6. nênggih têtêp kang sapisan | wêdi ingkang kaping kalih | wontên malih sualira | pintên ingkang nugrahaning | makripat môngka nuli | saurana dèn agupuh | iya amung satunggal | ana ing ananirèki | nênggih karsa rahsa wisesa priyôngga ||

7. pintên martabat karêman | saurana tri prakawis | para mukmin karêm apngal | karêm sipat para wali | dene kang para nabi | êdat pakarêmanipun | lire karêm datolah | sok anaa asya nênggih | karêm sing sok ana agumalèthèka ||

8. lire karêm apngalolah | sok ana obah osik |Kurang satu suku kata: sok ana obah lan osik. yèn sabit paningalira | nênggih kabuka sayêkti | ing sipat jalal tuwin | jamal kamal [ka...]

--- 143 ---

[...mal] kaharipun | dandananing imanira |Lebih satu suku kata: dandanan imanira. makbul gumlèthèking ati | dadi antuk sampurna yakining gêsang ||

9. pintên martabating nyawa | saurana dipun aglis | nyawa pan amung satunggal | iya amung roh ilapi | marma amung sawiji | têgêse urip puniku | pan iya mung satunggal | tan ana urip kêkalih | ing pasthine amung kahanan satunggal ||

10. lamun sira tinakonan | êndi Allah padha mangkin | dèn enggal pan saurira | sapa ingkang ngucap iki | aja ta sira galih | yèn dudu sira Hyang Agung | sayêkti yèn kaucap | kang ngucap liyan Hyang Widi | nanging kudu wêruha ing panarima ||

11. anapon ing panarima | dèn kadi toya lan siti | lawan dipun kadi udan | miwah dipun kadi wêsi | lan dèn kadi jaladri | kang kadi lêmah lan banyu | dèn rumêsêp têgêsnya | nora pêgat kang rohkani | anadene têgêse kang kadi udan ||

12. dene tan pêgat tingalnya | anapon kang kadi wêsi | sakarsanya amarentah | dèn gawea pangot lading | pêthèl arit lan lading | tan [ta...]

--- 144 ---

[...n] owah ing sipatipun | maksih wêsi kewala | dene kang kadi jaladri | iya iku ing tuduhe ngriku uga ||

13. punika pasthi kang angsal | ing ujar sakêcap tuwin | kang mênêng saênggènira | yèn sampun kadi jaladri | kang wus awas sayêkti | nora owah tingalipun | dulu-dinulu dhawak | tan ana tingal kêkalih | nora ana pangucap loro punika ||

14. dadi salate sampurna | wêruh paraning ngabêkti | wêruh paraning sêmbahyang | bênêre nyata lan sisip | awêruh paraning osik |Lebih satu suku kata: wêruh paraning osik. wruh paraning nêngipun |Kurang satu suku kata: ya wruh paraning nêngipun. wruh paraning pangucap | wruh paraning amiyarsi | wruh paraning ngadêg wruh paraning lênggah ||

15. awêruh paraning nendra | ya wruh paraning tangi |Kurang satu suku kata: ya wêruh paraning tangi. wruh parane amangan |Kurang satu suku kata: ya wruh parane amangan. wruh parane minum warih | wêruh paraning isin | wruh rasa parane uyup | iya wruh parane suka |Lebih satu suku kata: ya wruh parane suka. wruh parane prihatin |Kurang satu suku kata: ya wruh parane prihatin. wruh parane ngalor ngidul ngulon ngetan ||

16. wus wruh paraning mangandhap | wêruh parane manginggil | wêruh parane ing têngah | ya wêruh parane pinggir | wêruh parane urip | wruh parane patènipun | kabèh ingkang gumêlar | kang gumrêmêt [gumrê...]

--- 145 ---

[...mêt] kang kumêlip | nora samar wruh parane sadaya ||Kurang satu suku kata: nora samar wêruh parane sadaya.

17. têlas kang sual maalahmasalah. | poma kang sêdya utami | aywa kakèhan sêmbrana | dèn wêruh parane iki | yèn wus wruh dipun wêrit | dipun sasab aja umyung | aywa sawiyah-wiyah | nganggea warah yèn angling | lawan aja kawêtu wong ahli sarak ||

18. yèn maido têmah kopar | karana rasane iki | nora amicara sarak | amung sajatining ngèlmi | rèntèng-rèntèng karicik | tan ana ingkang kaetung | lan malih ingsun kojah | padha anggitên ing batin | dadi wijang yèn sira wus wicaksana ||

21. Gambuh

1. lah iki kojahipun | wontên caritane wali kutup | saking Jawi nama Sang Sèh Sutabarit | langkung wantêr kekatipun | karamatipun kinaot ||

2. myang warnane abagus | dêdêg pidêksa pan rada ngrangkung | alêlana mring Arab mindha larywalit | sami lan ngumur tri taun | sarywa wêwuda kemawon ||

3. ing praptanira nuju | ari Jumungah pêpak kang para kaum |Lebih dua suku kata: ari Jumngah pêpak kang pra kaum. myang ngulama mrêbot kêtip lawan modin | pêpak para salèh

--- 146 ---

jamhur | nèng Masjidilkaram kono ||

4. myang pandhita gung-agung | miwah maolana amir kaji Rum |Lebih satu suku kata: miwah molana amir kaji Rum. dèrèng kondur gyanira amunggah kaji | ing ari Jumungah kumpul | rarywalit prapta dumrojog ||

5. tanpa larapan kulup | asalamu angalaikum |Kurang satu suku kata: asalamu angalaikumu. ngalaekum salam wau amir kaji | lan para nujum sadarum | nulwanulya. anjawab gumuroh ||

6. yala ya ngalamu |Kurang satu suku kata: ya ngala ya ngalamu. hèh rarywalit lungguha sirèku | lajêng lênggah nèng ngarsane Rum mir kaji | ngandika amir kaji Rum | hèh pra Jumungah sapa wroh ||

7. rare kang darbe sunu | para Jumungah sadaya umatur |Lebih satu suku kata: pra Jumungah sadaya umatur. dhuh pukulun botên wontên kang udani | sudarma rare puniku | tingale ngriki tan tumon ||

8. inggih prayogènipun | tuwan dangu pribadi pukulun | asalipun rare saking tanah pundi | ngandika amir kaji Rum | hèh thole ingsun atakon ||

9. ing êndi pinangkamu | dene têkamu tanpa larapan iku |Lebih dua suku kata: de têka tanpa larapan iku. rare matur ya tuwanku amir kaji | dèrèng purun jarwa ulun | purwane ing praptaning ngong ||

10. amba tanya rumuhun | lawan para Jumungah sadarum | angandika

--- 147 ---

maolana rumingRum mir. kaji | ya thole apa karêpmu | bêcik takona maring ngong ||

11. apa kang adi luhung | apadene masalahing ngèlmu | ingkang êkak miwah ingkang gaip-gaip | raywalitrarywalit (dan di tempat lain). nulya umatur | inggih yèn tuwan wus sagoh ||

12. dene patakon ulun | gaibing Allah lan malihipun | gaibing Mukamad puniku kang pundi | mèsêm ngandika amir Rum | hèh bajang yèn sira takon ||

13. gaibing Allah iku | ya Mukamad de Mukamad iku | ing gaibe pan iya Allah sayêkti | iku yèn sira arsa wruh | rare gumujêng turnyalon ||

14. ya tuwan maolana Rum |Lebih satu suku kata: ya tuwan molana Rum. lawan para Jumungah sadarum | panjawabe Mukamad gaipbinggaibing. Widi | ingakên punapa iku | Mukamad dening Hyang Manon ||

15. mara jarwaa gupuh | têka êndi pinangkamu iku | rare matur ya tuwan mulana kaji | dèrèng purun jarwa ulun | malih amba atêtakon ||

16. ing tuwan sang amir Rum | miwah para Jumungah sadarum | salat Jumungah kang tuwan sêmbah punapi |Lebih satu suku kata: salat Jumngah kang tuwan sêmbah punapi. tuwin salat limang waktu | ulun arsa wruh kang yêktos ||

17. ngêndi kamulanipun |

--- 148 ---

saha para salèh para jamhur | iya thole ingsun salat Jumngah iki | tuwin salat limang waktu | tan lyan anêmbah Hyang Manon ||

18. lamun datan kadyèku | nora êsah puji sêmbahipun | wus mutamat kang muni ing dalil kadis | rarywalit iku duk ngrungu | guguk wêntise dèn êntrog ||

19. sun sidhêp tan kadya iku |Lebih satu suku kata: sun sidhêp tan kadyèku. ya tuwan maolana amir Rum | ing panêmbah tuwan anêmbah Hyang Widi | luwih saking sèwu luput | prasasat nêmbah mring dheyos ||

20. panêmbah tuwan ngawur | siya-siya tan wruh gênahipun | ing asale sêmbah tuwan saking pundi | dhatêng pundi purugipun | pundi ênggène Hyang Manon ||

21. dhêlêg amir kaji Rum | pra Jumungah kabèh ting calinguk | dènnya kaluhuran sabdanira raywalit |Lebih satu suku kata: de kaluhuran sabdanira rarywalit. dangu-dangu mojar Sang Rum | ya thole ingsun tan wêroh ||

22. ênggone ing Hyang Agung | lawan paraning sêmbah sun tan wruh | miwah witing sêmbah ingsun tan udani | môngka rare nulya muwus | ya tuwanku Rum sang katong ||

23. myang para salèh jamhur | pangucape kaya rare timur | anggurayah tan ana ingkang amirip | anêmbah muji Hyang Agung | tuwan jarwakna maring

--- 149 ---

ngong ||

24. kaakên para iku | Allah dene paduka amir Rum | angandika maolanamir Rum kaji | ya kunthing marma sun sêbut | sun mulya-mulya Hyang Manon ||

25. dene agawe ingsun | lan agawe manungsa sadarum | andadèkkên bumi aras bumi langit | miwah ing saisènipun | dinadèkkên ing Hyang Manon ||

26. naraka myang swargèku | awal akir lair batinipun | ora liyan kabèh titahing Hyang Widi | raywalit asru angguguk | hèh gênah apa sang katong ||

27. pangucapira iku | tuwin para salèh para jamhur | pamuwuse tan ana ingkang pramati | mung rèh kang padha katungkul | musthi dhikir lenggak-linggok ||

28. pijêr muji lan rukuk | wus marêm ing sujud sêmbahipun | tangèh lamun tumêkaa marang gaip | pangrasane wus pinunjul | tan wruh yèn tan têkèng ênggon ||

29. nanging sirèku ngawur | angarani tan wrin paranipun | amir matur ya tuwanku rare alit | paduka jarwa rumuhun | jasat tuwan kang sayêktos ||

30. ngandika sang sèh timur | hèh maolana kaji amir Rum | saka êmbuh-êmbuh saka mami |Kurang dua suku kata: saka êmbuh-êmbuh saka asal mami. kabèh kadadeyan durung | kang dadi dhingin pan [pa...]

--- 150 ---

[...n] ingong ||

31. ingkang gaibul guyup | durung dadi ya Allah ya rasul | durung dadi ingsun kang dadi kariyin | kang luwih mulya ya ingsun | saking sakèhing dumados ||

32. mangkana maolana Rum |Lebih satu suku kata: mangkana molana Rum. lawan para Jumungah sadarum | samya sujud ing sukunya sang sèh alit | raywalit malih amuwus | hèh mulana Rum sang katong ||

33. panjawabmu Hyang Agung | sira arani gaipbing rasul | rasul sira arani gaipbing Widi | bocah bae bisa muwus | kaya ujarmu mangkono ||

34. lan sêmbahyangirèku | sira sêmbah-sêmbah ya Hyang Agung | yèn mangkono sira padha maksih kapir | durung têka Islam tuhu | dene tekatmu mangkono ||

35. makaming Allah iku | kaya apa apan wujudipun | lawan kaya apa wujuding Hyang Widi | sira apa wus kapangguh | ana lanang ana wadon ||

36. mangkana maolana Rum |Lebih satu suku kata: mangkana molana Rum. lawan para Jumungah sadarum | samya sujud ing sukune sang sèh alit | raywalit malih amuwus | hèh mulana Rum sang katong ||Bait ini sama dengan bait 32.

37. mojar amir kaji Rum | lawan para Jumungah sadarum | ya sèh alit ulun dahat tan udani | ing sual tuwan puniku | raywalit malih miraos ||

--- 151 ---

38. yèn mangkono amir Rum | aja nêmbah mring Allah sirèku | tan sampurna sira mundhak kupur kapir | andhêku amir kaji Rum | pan sarwi aris têtakon ||

39. hèh tuwanku sèh timur | amba myang para Jumungah yun wruh | sèh ngandika sarywa rupa kaki-kaki | lênggah ing kursi murup |Kurang satu suku kata: lênggah ing kursi kang murup. nèng ngarsane Rum sang katong ||

40. kursi karamatipun | sami gawok ingkang samya dulu | pangagêman sadaya pan sarwa langking | pamuwuse mring amir Rum | hèh amir yèn sira takon ||

41. sajatine ya ingsun | ingkang awal akir iya ingsun | miwah ingkang minu-minunun iya mami |Lebih satu suku kata: miwah ingkang minum-minum iya mami. kang tandhak-tandhak pan ingsun | kang edan iya pan ingong ||

...

--- 152 ---