Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kitab Pirasating Sujalma Miwah Katurangganing Wanita, Van Dorp, 1922, #1160

Katalog:Kitab Pirasating Sujalma Miwah Katurangganing Wanita, Van Dorp, 1922, #1160
Sambung:-

OVER GELAATKUNDE EN DE KENTEEKENEN VAN GOEDE EN KWADE VROUWEN

Kitab Pirasating Sujalma, Miwah Katurangganing Wanita, Kang Awon Miwah ingkang Sae, Mawi Kasêkarakên.

Ing mangke kaêcap malih kawêwahan sarta kadamêl lêrês langkung sae katimbang kalayan ingkang rumiyin.

Kaêcap ing gêdhong pangêcapanipun tuwan-tuwan: G.C.T. van Dhorêp èn Ko, Sêmarang - Surabaya.

1922.

--- [1] ---

Kitab wirasating sujalma, miwah katurangganing wanita, kang awon miwah kang sae, mawi kasêkarakên.

Ing mangke kaêcap malih kawêwahan sarta kadamêl lêrês langkung sae katimbang kalayan ingkang rumiyin.

Kaêcap ing kantoripun tuwan G.C.T. van Dhorêp èn Ko, ing nagari Samarang, taun 1922.

--- [2] ---

...

--- 3 ---

1. AsmaradanaTeks asli: Pupuh Asmaradana.

1. kasmaran Rahadèn Panji | Jayasubrata Ondrêstan | wadana Magêtan duk nèng | praja agung ing Samarang | kinunjara ing suksma | mêthik carita linuhung | saking Tajuslatin sratnya ||

2. kôndha wirasat pinêthik | lawan tinambahan kôndha | mênggah candraning wong wadon | kinarya anglimpur ing tyas | sinawung sinung sêkar | môncapat supadosipun | rahaba ingkang mariksa ||

2. Sinom

1. dene kang kaol Muktamat | katôndha Iman Saphingi | Saphingi Usirtu Misra | lumaku mring nagri Mêsir | kathah sabate ngiring | lêlampah wus kalih dalu | kèndêl ing nagri Rumlah | wontên satêpining margi | ya ta wontên wong bumi mêtu lêledhang ||

2. anom abagus ajênar | Imam Saphingi ningali | dinugèng ngèlmu pirasat | ginraita jroning galih | wong iki langkung pêkik | kuciwa matane biru | iku atine ala | eman warnane apêkik | wong abagus duwea ati raharja ||

3. wong anom ika tumingal | Imam Saphingi nèng margi | kadhêpêk mara tur sêmbah | tuwan kawula aturi | sampun dangu nèng margi | kèndêla ing wisma ulun | langkung [lang...]

--- 4 ---

[...kung] dènnya ngrarêpa | dènira mrih angaturi | adhahara inggih ing wisma kawula ||

4. yèn sampun dhahar sirama | nuntên gagôndaa minging | kawula saos hèr mawar | yèn sampun sarira sami | ayêm tan angrungsangi | sakarsa tuwan lumaju | andhatêngakên karsa | mangkana Imam Saphingi | osiking tyas sampêlah graitanira ||

5. lamun kaya mêngkenea | wong iki atine bêcik | dene pirasate ala | apa cidra ngèlmu mami | dadi wurung sun anggit | ya ngèlmu pirasat iku | lagi antuk satêngah | kitab pirasat sun anggit | yèn cidraa angurbaya sun wurungna ||

6. ngenaki ing tyas pocapan | Imam Saphingi nuruti | nanging jro driya sungkawa | Sayid Amiril Saphingi | sabat samya udani | sungkawane gustinipun | praptaning wismanira | ginêlaran prangwêdani | lapis sapta sri sinêbar kêmbang-kêmbang ||

7. agupuh ithak-ithikan | kang duwe wisma gumati | wus aglar kang sasugatan | ngaturkên sarwi wotsari | wau Imam Saphingi | sangsaya pangungunipun | dene nora kayaa | wong iki atine bêcik | yèn bêcika dene pirasate ala ||

8. lajêng anuruti dhahar | nanging jroning tyas prihatin | wus dhahar ngaturan siram | hèr

--- 5 ---

mawar wus dèn saosi | pênuh sarewangnèki | wus ayêm sariranipun | anulya apamitan | sapraptanira ing jawi | nitih kuda kang darbe wisma tur surat ||

9. ungêling sêrat mangkana | duk wau tuwan ambukti | wontên ing wisma kawula | prabeya kawula ugi | pasugata nênami | pan têlas dinar sapuluh | mangke panuwun amba | angajêng-ajêng pêparing | aparinga tuwan kalih dasa dinar ||

10. mèsêm sungkawane ilang | sakala Imam Saphingi | netra bingar lon ngandika | maring sabate sawiji | wèhana si adhiki | iya dinar patang puluh | manjing iku tikêl pat | nora wurung sida dadi | ênggon ingsun anganggit ngèlmu pirasat ||

11. anulya ungkur-ungkuran | sabat matur urut margi | kang munggèng keringing kuda | umatur saha wotsari | amba matur ring gusti | mila tuwan waunipun | nalika manjing wisma | tuwan kalangkung prihatin | jroning dhahar maksih kalangkung sungkawa ||

12. Imam Saphingi ngandika | mau mila ngong prihatin | duk ginawa maring wisma | wong ika ingsun tingali | atine nora bêcik | pratôndha matane biru | pasthi atine ala | wêkasan têka gumati | mring têtamu dene ta matane ala ||

13. apa iya kakurangan | kitab kang lagi sun anggit |

--- 6 ---

pangrèhing ngèlmu pirasat | milangong suwe prihatin | ngundhat-undhat ing batin | dalil ayat kang dhumawuh | mila ngong nuli bingar | sawuse atômpa tulis | nora cidra lire kang ngèlmu pirasat ||

14. wong ika nyata yèn ala | atine pan ora bêcik | sêsuguh kinarya kêmat | sajatine amrih bathi | sêsuguhe mring mami | lawan ta sabatur ingsun | êntèk sapuluh dinar | balônja sugatanèki | layang ika anagih rong puluh dinar ||

15. wus sayêkti tyase ala | mila sun mari prihatin | dadi nora kakurangan | ing ngèlmu pirasat iki | mila nuli sun wèhi | tikêl ping pat bathinipun | wus pasthi nora cidra | iya manusa puniki | ala bêcik badane anggawa tôndha ||

16. kunêng malih winursita | nênggih pirasat maknawi | wontên wong gêguru anyar | mring sayid Imam Saphingi | saantuke wong kalih | kakang adhi pan anuju | kawêngèn kuda endah | asipêng wontên ing margi | wismèng rôndha anake kêkalih lanang ||

17. sinuguh kurma satalam | dhêdhayoh kang anom nênggih | tan milu amangan kurma | amung kang tuwa kang bukti | ngacaran wanti-wanti | saure inggih andhêku | nanging tan purun mangan | amung kakange [ka...]

--- 7 ---

[...kange] pribadi | kang sêsuguh ngoncati manawa taha ||

18. kakang adhi sami kesah | kang anom kari angintip | ing solahe tamunira | dhayoh kang tuwa lingnya ris | pagene sira adhi | ngêndi ana wong sinuguh | nora ngenaki sarat | kalêbu wong anampik sih | lon sumaur milane kawula kakang ||

19. tan arsa amangan kurma | pan inggih kurma puniki | tuwuh nginggil pajaratan | lawan kakang kaping kalih | ênggèn sipêng puniki | sayêkti amanggih makruh | ingkang adarbe wisma | puniku jadah satunggil | ingkang anèm inggih kadadèning jina ||

20. kang tuwa alon angucap | iku yayi saking ngêndi | sapa kang muruk ing sira | ngèlmu kang ambuka gaib | kang anom anauri | inggih tan liyan gêguru | amung sarêng pun kakang | ing gusti Imam Saphingi | pan pirasat maknawi kula winêjang ||

21. anunggil lawan pun kakang | amung kang pirasat lapli | dene maknawi punika | kula winêjang pribadi | kang tuwa angling malih | sokur ta yayi lah sokur | sira kang olih barkah | ing gusti Imam Saphingi | saking apa sira angarani jadah ||

22. marang kang anduwe wisma | kadange kang anom iki | kang anom lon saurira | katôndha ing solah linggih | yèn wong

--- 8 ---

anom upami | sukêr amanggihi tamu | tan jênak kalicatan | cipta dhayoh glisa mulih | gih puniku yêkti kadadèning jina ||

23. dene kurma kang anôndha | arume tur èsmu amis | tôndha tuwuh pajaratan | wau kang lagi angintip | atasing pamiyarsi | kesah maring kakangipun | tutur pangintipira | lire kang dhêdhayoh kalih | wus tinutur wiwitan praptèng wêkasan ||

24. kakange ngungun kalintang | yèn mêngkono payo adhi | mara maring ibunira | têtanya ingkang sayêkti | karuhane kang ati | saksana samya lumaku | praptaning ibunira | sarêng dènnya têtanya ris | inggih ibu sintên kang ngukir kawula ||

25. lawan pun adhi punika | punapa tunggala wiji | punapa inggih liyaa | kang ibu alon nauri | pagene sira kalih | têtanya mêngkono iku | pan nora nana liya | mung ramanira pribadi | apan ingsun ora tau laku cidra ||

26. kang putra kalih turira | ibu dika eling-eling | kang ibu gupuh lingira | apa lire ujar iki | kang putra matur malih | têtamu punika ibu | saking nagari Ngarab | santrine Imam Saphingi | mêntas samya gêguru ngèlmu pirasat ||

27. kula lan adhi punika | inggih ing salah satunggil | winastan [winasta...]

--- 9 ---

[...n] dadining jina | kang ibu ngungun miyarsi | mêngko ingsun tuturi | duk misihe ramakamu | nalika mara tapa | ing wukir kang katon iki | sabên dalu yèn subuh mantuk mring wisma ||

28. sabên-sabên bakda salat | sun saosi puhan roti | bukane pêndhak byar rina | mêngkana dina sawiji | nuju ing têngah wêngi | ramanira mulih dalu | anuroni maringwang | sawuse anuli bali | saosan roti martegarsa dhinahar ||

29. jro roti isine singgat | nuli têtanya mring mami | pagene saosanira | têka isi singgat iki | gupuh ingong nauri | mênawi ing wau dalu | dika nuroni mapan | dèrèng kula jinabadi | bok punika kang dadi cacad kawula ||

30. dupi mirsa ramanira | tumungkul bangêt prihatin | sarwi maca subkhanallah | salawas-lawas sun iki | nora mulih nuroni | nalika martapèng gunung | iku ingsun kèlingan | ing môngsa ingsun sarêsmi | dhuning rahsa apanas awakku awrat ||

31. kirane padha pandhita | ingkang nyalubuk ing rêsmi | karana têtangganingwang | tan ana wong mahas siji | wong rongpuluh pan luwih | kang nunggal sakrajan iku | tan ana katrocoban | pandhita kalawan murid | miwah dhukuh kabèh tur padha pandhita ||

--- 10 ---

32. mokal yèn wong macapata | kang anamur nyidrèng rêsmi | dene sun tan nêdya jina | yèn mêngkono anak mami | undangên dipun aglis | dhêdhayoh roro puniku | ingsun arsa têtanya | dadining jina kang êndi | apa sira utawi ta arinira ||

33. dhêdhayoh wus ingaturan | prapta ngarsane bunèki | nyai rôndha lon têtanya | hèh anak ingsun kêkalih | ywa dadi tyasirèki | manira têtanya tuhu | iku ta arinira | aranana salah siji | ya kang êndi ingkang dadi saking jina ||

34. dhêdhayoh kang anom mojar | mangke andika sarati | bêbalunge raka dika | kiyai kang sampun lalis | dika kèn mêndhêt kêdhik | anak kêkalih agupuh | mentar maring ngastana | dhudhuk bêbalung wus olih | mung sacêngkang mulih sapraptaning wisma ||

35. katur ing dhêdhayohira | dhayoh kang anom lingnya ris | dika mêdalakên êrah | inggih pun adhi kêkalih | sacêrêt dika kuwik | ing bêling kemawon mêtu | anulya kalih samya | amêdalkên rah sakêdhik | kinèn ngusapakên bêbalunging bapa ||

36. pundi ingkang botên ilang | gêtih nèng bêbalung ngriki | puniku dadining jina | kang sirna ing balung ngriki | pan putrane sayêkti | kang tuwa miwiti gupuh | ingusapan rahira | balunging ramanira

--- 11 ---

glis | kaping tiga pan sirna ping tiga pisan ||

37. kang anom anulya ngusap | ananging gêtihe maksih | pinindho gêtih tan ilang | pining tiga gêtih maksih | gêgubras anggubrasi | marbabak anèng bêbalung | dhayoh kang anom mojar | inggih pun adhi puniki | ingkang anom kang têtêp dadining jina ||

38. pratôndha rah datan ilang | nèng balunge ramanèki | liya ingkang duwe darah | tan antara samya nangis | anak lan ibunèki | samya tobat ing Hyang Agung | Ki Sèh Mukhamad Islam | pangandikanira aris | lah sang nata yèku maknawi pirasat ||

39. cukule karya dêduga | labêt pirasat maknawi | pasange pangunandika | pangandika parimurti | adu manis lêlungid | kredhaningkrodhaning. budi amêngku | ing naya pariwara | mila wajibing narpati | angathika wong rahayu wicaksana ||

40. duk jamhur Saphingi Imam | sirtuilabaldis sami | anèng ing marga kapapag | wong ontan-ontan anglari | tanya Imam Saphingi | yèn angluru ontanipun | Imam Saphingi mojar | ontanira picak siji | lawan wadon matane kang kiwa picak ||

41. lan kakèwèr dhadhung iya | wowotane abot sisih | kang duwe onta graita | wong iki wêruh sayêkti | sigra nèniradènira. [nèni...]

--- 12 ---

[...ra] angling | ya mangkono ontaningsun | Imam Saphingi mojar | ya turutên dalan iki | sigra lajêng wau kang anduwe unta ||

42. nurut marga saonjotan | ontane tan ana kèksi | anulya bali cangkelak | nututi Imam Saphingi | anêmpuhakên kardi | wong ika mau kang wêruh | anguwuh kèn mandhêga | apan sarwi mêmêdèni | anggêgila solahe kadya nêmpuhna ||

43. saksana amênthang laras | Imam Saphingi ngandhêgi | kang duwe unta lingira | sira kang wruh onta mami | baya sira kang ngambil | wruh cirine ontaningsun | Imam Saphingi mojar | ngong nora wêruh sayêkti | wêruh ingsun lawan watara dêduga ||

44. sun arani ontanira | wowotane abot sisih | katara ana ing tapak | tapake jêro sasisih | marmane sun arani | ontamu kêkèwèr dhadhung | ing sukêt lusah-lusah | sun arani picak siji | ingkang kiwa katara ênggone mangan ||

45. sukêt sakiwaning marga | saêlêr tan kalong iki | amung satêngêning marga | pinangan sarwi lumaris | tandhane picak siji | kang kiwa sukête wutuh | tandhane wadon iya | panguyuhwepanguyuhe. kocar-kacir | pan tabête iku dudu uyuh lanang ||

46. gawok ingkang duwe

--- 13 ---

unta | tur sêmbah Imam Saphingi | cangkelak bali angithar | anurut kang marga lami | lajêng Imam Saphingi | Sèh Mukhamad Islam muwus | lêstari dadi wêjang | mring Sultan Ngabdullah Tahir | lah puniku êmpaning ngèlmu pirasat ||

47. kadi ratu arêp karya | punggawa nayaka mantri | nora kêna ge-agea | cawangsawang. sawungên ing warni | ing pirasat kang lapli | kêlawan maknawinipun | ing bobote kawruhan | aywa dumèh yèn sira sih | bok kaliru ing pirasat karo ala ||

48. dadi anggêgawa tiwas | ing praja anglêlingsêmi | angilang-ilang dêrajat | nyênyukêri praptèng batin | wong jail ati kêcil | dursila tan amrih ayu | maja sasama-sama | nênusahkên karyanèki | wong mangkono iku pirasate ala ||

49. Hyang Suksma agawe titah | saranduning badannèki | puniku anggawa tôndha | pamulune sadayèki | miwah netrane kalih | ulat liringe tinêmu | kabèh kang tapaking Hyang | mèt pratôndha watêknèki | nora cidra muktamakmuktamat. sagung pandhita ||

50. karana sagung pandhita | sadaya wus angrêmbagi | bênêre ngèlmu pirasat | wus nyatakakên prasami | miwah andika nabi | ya atlibu khawazukum | kêlawan malih laphal | nginda ihsanil [ihsani...]

--- 14 ---

[...l] wuzuhi | ing têgêse kabèh padha ngulatana ||

51. sagung kawulaning Allah | myang tinitah para ji |Kurang satu suku kata: myang tinitah para aji. ngingu wong myang pawongsanak | kang bêcik wadananèki | apa têgêse bêcik | jêmbar lumah lawan alus | tatam sarta wang malang | tampikên wadana miring | gatêl ati miyar-miyur sring kawuntat ||

3. Pangkur

1. lawan wontên malih laphal | ya albiru khatimuphittawalli | ya umati wal khikmatu | wal ngitannatu lawan | phil wasiti umati ya wal phitnatu | wal maotdati punika | phil kissari ya umati ||

2. liring umat rasulullah | kang abêrkat kalawan kang abêcik | kèhe mring dêdêg kang luhur | luhur ingkang sêmbada | kaprawiran tawicaksanankawicaksanan. rahayu | goning dêdêg ki pidêksa | wong antèr budi bèrbudi ||

3. goning kêmat palacidra | umat Rasul kang dêdêg pèndhèk cilik | miwah kang rada bikukul | iku goning musibat | nadyan alus kulu aspharin mal ngunun | kalamun rambute abang | laknat kasurupan iblis ||

4. phasal kang kaping sangalas | nyatakakên ngèlmu kalih prakawis | iya pirasat puniku | lawan ngèlmu phiyaphat | nama roro jatine tunggal sawujud | kanyataane karana | karo saking gon sawiji ||

5. têgêse [têgê...]

--- 15 ---

[...se] kalih punika | anyaringi ing kukum wus tiniti | tôndha kalakuanipun | pirasat ingkang ala | durung ana bênêr kalakuanipun | ingkang bêcik ing pirasat | durung ana kang anyilib ||

6. yèn sira gêdhe punika | pratandhane elingan barang kardi | sirah kang cilik puniku | tôndha budine cêkak | lawan kirang inggih pamicaranipun | sirah kang sêdhêng punika | tôndha wicaksanèng budi ||

7. lan sinungan pangawikan | rambut akas iku tandhane wani | rambut kang lêmês punika |Guru lagu seharusnya: 8u, rambut kang lêmês puniku. jêrih nora wirangan | rambut sêdhêng têgêse ingkang ambakung | mantêp têtêp barang karya | rahayu tuhu ing jangji ||

8. rambut kang lêmês punika | pratandhane cêkak budine kêdhik | rambut kang irêng puniku | bèrbudi tur raharja | wani kewuh tanggon barang gêlaripun | ênya dhadha êndi dhadha | culika kang dèn singgahi ||

9. labuhan saliring karya | angandhêmi wicara kang kawijil | rambut kang kuning puniku | tôndha budine kurang | amung rada bêrangasan kaduk lêngus | rambut kang irêng kang atap | luwih barang solahnèki ||

10. kang ana wulu walikat | wulu lêmbut pratôndha tuhu jangji | lawan lêpas budinipun | sagung wêwulon ika | kang alêmbut sêlamêt nora têkabur |

--- 16 ---

noraga angecani tyas | yèku dandananing bumi ||

11. lamun simpên ing wiweka | wani kokum anambak lara pati | anyimpangi dir lan lêngus | graita trus ing tekad | kunêng sirah lan wulu gênti cinatur | bathuk alis grana netra | lambe lan karna winarni ||

12. bathuk kang ciyut punika | pratandhane kurang budine kêdhik | bathuk kang jêmbar puniku | bêngis kêbluk sungkanan | bathuk sêdhêng kang nora nana jêngkêrut | iku tandhane mlasarsa | kalahan sabarang kardi ||

13. dene jêngkêrut punika | ingkang mujur ing antaraning alis | tôndha kèh prihatinipun | kêrêng datan sêrônta | lan jêngkêrut iya kang malang ing bathuk | iku tôndha wicaksana | limpad lila kalah wani ||

14. alis kang lêmbut wulunya | iku tôndha rahayu kèh kang asih | tan ana nyanyêngitipun | dene kang lusur ika | tôndha kêbluk doyan mangan anggadêbus | alis kang têpung punika | tôndha bêncana nguthakil ||

15. suka mèt lumuh kelangan | lawan tan wruh ing ala lawan bêcik | alis rada kapêndhuwur | tôndha gêng budinira | nanging rada gumunggung ambêknya agung | alis kang sêdhêng punika | lêpas tyas sampurnèng budi ||

16. kuping kang ciyut punika | tôndha akèh salahe

--- 17 ---

awor drêngki | kuping kang ômba puniku | bodho nanging raharja | kaduk puguh kuping kang sêdhêng puniku | bèrbudi bawalêksana | sapolahe tan nyanyêngit ||

17. utawi netra kang ômba | tôndha kêbluk ala antêpe bêcik | dene netra kang aciyut | jôngla sugih mêmaras | graitane kalêpasên wani kewuh | nanging kakehan mêmaras | netra kang sêdhêng linuwih ||

18. kasampurnan tur agama | wicaksana nuhoni marang jangji | netra kang lêgok puniku | musibat sarta pitnah | andrêngkèni amrih alaning wong iku | netra ngapêndul punika | drêngki jail tur gumakit ||

19. netra lêmbut idêpira | yèn ngalirik ya kariyip-kariyip | tôndha kurang budinipun | tur kurang pamicara | netra ingkang arang-arang kêdhèpipun | iku tandhane sampurna | pamicara ulah niti ||

20. yaiku mata dandanan | dene netra kang sangêt irêngnèki | tôndha kèh wiwekanipun | netra biru punika | liwat ala yèn pêputih mata biru | iku ratuning musibat | pitênah tur bêtah isin ||

21. lêngus drêngki ngamôndakangamandaka (dan di tempat lain). | ratuning durjana linyok duwèni | angga dur ambêknya bêrung | datan angitung tekad | ala-ala kang tinekadakên [ti...]

--- 18 ---

[...nekadakên] iku | lamun netra iku abang | wanine kurang dêdugi ||

22. mata kuning pêputihnya | iku pantês dadi guruning maling | mata lindri liyêp iku | tan ciyut datan ômba | kêdhèp arang atajêm panglirikipun | tôndha mantêp barang karya | bèrbudi tur bèr agami ||

23. patitis ulah wicara | ing wiweka andhap tur nora êdir | alus barang ambêkipun | sêdhih ingajak ala | datan arsa yèn kawênangan têtulung | lêpas maring pangawikan | iku dandananing bumi ||

24. yèn putih ing netra ika | akèh biru yèku pratôndha sarik | musibat wani babêndu | nguwitkên kamôndaka | adhêdhasar drêngki dursila têkabur | angêpak pênggawe cidra | rahayu kang dèn singgahi ||

25. suka sikara niaya | lamun nora pitênah ting gariming | amung netra sêdhêng iku | nindaki kautaman | wiweka yu aluhur darajatipun | pamicara bèr agama | amung bêcik dèn tindaki ||

26. yèn ana sajroning mata | yèn amandêng ana kadya raywalit | nungsang jungkir tutung guyu | tôndha ngumure dawa | lamun netra pêpinggire ting jangkêrut | tandhane nora wirangan | anggung niaya drêngkèni ||

27. mata nai lalêr ika | rada ngunus dêrijilane kalih | pinggir lir gêrêting [gêrê...]

--- 19 ---

[...ting] gulu | iku mata pitênah | mata kuning pêputihe tan kadulu | tunggaling mata niaya | mata abang kadya gêni ||

28. kiyip-kiyip kaêntasan | pasêmone kadi mataning sapi | tôndha kurang budinipun | jinahan panginuman | andaluya mati lan sêmbrananipun | bodho lire kang mêngkana | miwah moh pakarti bêcik ||

29. netra kulawu punika | pratandhane karêp panggawe bêcik | mata nai lalêr iku | ingkang kaliwat ala | mata mêtu yèn mêrêm rada ngapêndul | yèn mêlèk rada jêlalat | yèku tôndha mamak budi ||

30. bêtah anggunggung sarira | ing ambêke kadya wus angênèni | kasusu langkah tan pêcus | tangèh mèt kautaman | lamun netra ting balingkrah idêpipun | kiyip-kiyip yèn amulat | idêpe pating busasik ||

31. yaiku ratuning edan | aja sira sêsandhingan alinggih | sasat nyandhing ula dumung | tan kêna katungkula | wurung nyokot puniku tan wande nyêmbur | ratuning dubilah setan | nora kêna dèn pêdhaki ||

32. gêlar mindêng kamôndaka | katon bêcik yèn wus kalingan salin | anglalêbur padha batur | anggung angrusak sanak | kuthaning blis mung mêngkono gunanipun | tinêrakna ing prakara | nora wurung nêniwasi ||

--- 20 ---

33. mung bandhane kajailan | mring pakewuh tipis atine jêrih | mung mamak wani babêndu | kêmat tur panglinyokan | uwit bodho kumintêr ling-alingipun | anggung angalap sêrama | adol nama dadrêngkèni ||

34. mata kang susun kêdhèpnya | tôndha gêcul ingan sarwi jajêrih | mata rangkêp lirikipun | ngetan angulon kêna | iya iku tôndha lamis parapadu | tan wruh êmpaning duraka | pratingkahe ukum kucing ||

35. ugêring pirasat mata | ing manusa kabèh sariranèki | tôndhawon lan pênêdipun | kêpanggih sarandunya | gantya irung cinatur pirasatipun | yèn irung bangir adawa | pratôndha gagêdhèn budi ||

36. nanging budine bêlasar | irung kandêl ing antara lèngnèki | pratôndha sugih cêlathu | irung jêbèr pucuknya | iya iku tôndha ratuning gadêbus | goning dora panglinyokan | grana gêng mangisor malih ||

37. iku tôndha sih ing sahwat | lamun grana jêmbar lèng-lèngannèki | drêngki tur kêna babêndu | grana sêdhêng punika | pratôndha yèn bêcik barang pakaryèku | kunêng lambe kang winarna | wong lambe ciyut jajêrih ||

38. wong kandêl lambene ika | budi jêro rada mamak sakêdhik | lambe kang sêdhêng puniku | barang [ba...]

--- 21 ---

[...rang] budi sampurna | lambe tipis elingan wêwatakipun | lambe kang biru punika | tôndha linyok barang kardi ||

39. lambe kang rada sêmu bang | nora lawan nginang sêmune abrit | sêdhêng kandêl tipisipun | iku pratôndha phaham | barang karya tôndha ambêke rahayu | kunêng untu kang winarna | yèn arang tur cilik-cilik ||

40. iku gung niyate ala | untu dawa gung-agung angarangi | pratôndha pitnah puniku | untu sêdhêng tur rata | wong bèr akal bênêr barang akalipun | janggut kang lincip punika | kurang budi awor drêngki ||

41. gung luput yèn amicara | janggut kandêl gêdhe iku bêkicik | lawan dhêdhasar têkabur | janggut sêdhêng punika | pratôndha bèrbudi sampurna rahayu | kunêng swara kang kawarna | swara bangêt tôndha wani ||

42. wani sabarang pakarya | wani kewuh anambak lara pati | swara kang kêmèng puniku | lumuh ajrih ing baya | sarta lalèn sabarang pakaryanipun | swara kang sêdhêng punika | tan arsa têkabur êdir ||

43. jêjenggot kang winursita | wulu jenggot kang lêmbut iku aris | aris barang ambêkipun | rahayu solahira | wulu jenggot ngrêmpêl tan ngangge pinatut | iku tôndha wicaksana | sampurna barang pakarti ||

44. jenggot dawa arang-arang | iku [i...]

--- 22 ---

[...ku] tôndha kurang budine kêdhik | jenggot arang-arang lêmbut | iku tôndha bèr akal | wulu jenggot kang sêdhêng nora pinatut | iku watêke sampurna | sampurna barang pakarti ||

45. jenggot mulêt muyêk ika | pratandhane culika barang kardi | rada wani ing babêndu | agung akarya cidra | sapolahe adoh pênggawe rahayu | ngapus-apus barang karya | norajêg tindake malih ||

46. liring bangêt winalêran | mata biru kalawan janggut lincip | wulu jenggot muyêk iku | kalawan bathuk lêngar | nora kêna pinawong sanak puniku | nora wurung gawe ala | sasat nyandhing ula mandi ||

47. tanpa gawe pêrêkana | pasthi wajib ngêdohi ula mandi | muphakat kang para jamhur | muktamat pinelingan | mring sagunging para pandhita gung-agung | wong tinitah kang mêngkana | dadi kadhatoning iblis ||

48. gulu ingkang winursita | gulu cêndhak pratôndha nora bêcik | sarêgêp yèn alaku dur | dene gulu kang dawa | suda ati mamak anyalèwèng kewuh | gulu kandêl doyan mangan | sêmbrana tan wruh ing isin ||

49. gulu kang sêdhêng punika | pratôndha kyèh budine micara ris | bênêr barang tingkahipun | bahu ingkang winarna | bahu wijang sura yèn [yè...]

--- 23 ---

[...n] amanggih kewuh | lan ènthèng budine dhangan | têtulung pakarti bêcik ||

50. bahu ngringkus apratôndha | ngimêl lamun pakarti kang anyilib | kabelan akarya luput | kaluputaning sanak | wong sarewang tatôngga ginawe luput | iku setan apêpanthan | nora kêna dèn bêciki ||

51. dhadha ingkang ginupita | ingkang jêmbar kêbluk amalonthèni | dhadha kang sêdhêng puniku | bèrbudi wicaksana | wêtêng gêdhe tandhane puniku ngêpluk | wêtêng kang sêdhêng pratôndha | patitis barang pakarti ||

52. wêntis kang gêdhe punika | saranane yèn nora nyêmbadani | kêras kurang budinipun | dariji suku asta | lamun cêndhak nguthakil panjang kang lurus | pratôndha lus kang wiweka | bakuh wani ngasmarani ||

4. Asmaradana

1. pawèstri susilèng krami | kang kramanira jatmika | pan sami winarna kabèh | èstri irêng pamulunya | alêmês ingkang rema | kang agêng sariranipun | prayoga kinarya garwa ||

2. utawi kinarya sêlir | miwah kinarya parêkan | koncang lêpasan arane | yèn wontên pawèstri jênar | alit kang pasariran | ingkang lêmês remanipun | agêng ingkang payudara ||

3. tan kêna kinarya rabi | kinarya sêlir tan kêna | rasêksa Durga arane |

--- 24 ---

asring amêjahi priya | wontên pawèstri jênar | lêmês abang remanipun | warata ing pucuk pisan ||

4. payudaranira alit | dhêng-andhêngên kang talingan | tan kêna kinarya bojo | kinarya sêlir tan kêna | panas boros watêknya | yèn wong pêthak ulêsipun | akathah wicaranira ||

5. sarta akas remanèki | nglangkungi èstri utama | andhatêngakên dunya kèh | tur karêp marang agama | antuk rahmating Allah | wontên malih kang cinatur | èstri lonjong wêdananya ||

6. bantat abrit kang rêrai | sarta panjang ingkang jôngga | tan kêna kinarya bojo | pêpêk ala wong punika | sinêlir datan kêna | tan kêna pisan dèn ingu | Durgasari aranira ||

7. wontên malih kang pawèstri | cêmêng lêmês ingkang rema | panjang pasang wadanane | sarwa alit padanira | kanaka lit apanjang | iku pawèstri linuhung | prayoga kinarya garwa ||

8. utawa kinarya sêlir | kinarya gêdhong utama | andhatêngakên dunya kèh | nanging medane wong ika | yèn purik tinggal wisma | yèn tan parêng karsanipun | wontên malih kang kocapa ||

9. katurangganing pawèstri | lêksana satunggal-tunggal | èstri cêmêng pamulune | sarta alit ingkang pada | alit darijinira |

--- 25 ---

ingkang lêmês remanipun | pan iku èstri utama ||

10. kinarya garwa prayogi | sêlir parêkan sêmbada | wontên malih winiraos | pirasate pra wanita | muktamat pra pujôngga | kang sampun prasami alul | kang wêruh rasaning gula ||

5. Dhandhanggula

1. sinarahkên candraning pawèstri | ring wanita kang susilèng krama | myang kang dursila polahe | nênggih ta candranipun | yèn wanita alit acèthi | crêma abang sarira | ijo kang pamulu | pan aran padmanagara | rema atap apanjang asêmu wilis | sêmbada ing lêlewa ||

2. kang mangkana lêksanane adi | angêntèkkên ruming jro sadaya | mumpuni ing rat wignyane | ingkang satêngahipun | pan ajênar sariranèki | rema akas apanjang | sêmu abang pucuk | wanita ingkang mangkana | amung kalêksanane rada acanggih | cêndhala tur tarapas ||

3. kang satêngah wadana nyêrmimih | lambe ngintip sêmune apundhat | ajênar pasarirane | santên sumôngga waru | kang mangkana ponang pawèstri | kêdah yèn ana karya | ing lêksana suwung | nanging pasaja lêlewa | sêtya tuhu ing laki asih tur bêkti | manah kadi sagara ||

4. wontên èstri lêgawa ing budi | tur aprabu ayu tan lêlewa | pasaja [pa...]

--- 26 ---

[...saja] luhur sêmune | jatmika gung aruruh | niskaranya andudut ati | sêmu kirang wêcana | nênggih dyah puniku | lêksananipun utama | barang karya bèrbudi sêtya ing laki | balaba mangun tapa ||

5. kang mangkana lêksanane adi | angêntèkkên rêsmining sasmita | tur akèh solah bawane | sêmbada nuju kayun | ing wong lanang marsitèng ati | nanging yèn dede karsa | canggèh mring wong kakung | dukane tan têkèng nala | ambêkipun parunji doyanan purik | angalap angla-êla ||

6. wus atamat sêkar dhandhanggêndhis | candranipun wanita sadaya | mungguh bawa lêksanane | mangke malih tinutur | surasane sagung pawèstri | kaole pra pujôngga | kang wus sami alul | amukti wibawa rasa | amardika marang dyah sawiji-wiji | laras srinataningkang ||

6. Sinom

1. wontên candraning wanodya | èstri kuning otot wilis | ting cangkênuk sinomira | netrane kang liyêp lindri | pamicaranira ris | wêdanane manis sêmu | madu guntur kang aran | iku têtungguling èstri | yèn katêmu pêsatyan yogya ginarwa ||

2. watêke bêkti ing priya | madèni nastiti mranti | agêmi êbèr tur pradhah | alus jatmika ing budi | tan kuwatir kèh sêlir | nora [no...]

--- 27 ---

[...ra] kèru dening maru | sugih daulat bêgja | wasis karya dhasar asli | asung brôngta maring ingkang samya maca ||

3. wontên malih kang winarna | wanodya cilik rêspati | sumawirat kang wadana | madijo sêmuning kulit | ngrêmpêl sinome dadi | pratôndha nikmating anu | pantês garwa klangênan | dene byada ingkang lêncir | rai kuning bangbang awak sariranya ||

4. rema akas ulat ngadas | yèku gêdhang suluh raning | tamtu yèn sampurnèng rasa | wanodya kang lênjang kuning | sêmu galak ulating | sarta jait netranipun | guntur madu kang aran | gêdhonge rasa sarêsmi | tur sarêgêp iku pantês yèn ginarwa ||

5. wanodya kang bangbang awak | polatanira amanis | sêmu ijo kang wadana | gêdhah seta ran candraning | gêdhe sihnya mring laki | sarta pradhah bujanèku | yoga uga ginarwa | dene èstri lêncir kuning | mada ijo riyu-riyu kang wadana ||

6. ngêmbat lawung ingkang aran | yèn lakune macan ngêlih | yèku ya kêna ginarwa | wignya ulah dugi-dugi | dene yèn ana èstri | janggane kang mada manglung | sikil mrit garêsira | mênjangan kêtawan raning | iku sugih kanikmatan mring wong lanang ||

7. wanodyalit andhap ingkang | wadanane sêmu manis | sumringah

--- 28 ---

polatanira | dêdêg mêjana rêspati | mangkana wantun èstri | nêdhasi marang pakewuh | iku ran mrica pêcah | biyada suku cilik mrit | bahu pundhak kang sêmada-mada mêdhar ||

8. iku ran tuma bisika | wus mratandhani yèn sugih | kanikmatan mring wong priya | pantêse karya pêrmain | kinrama bôngsa plêsir | dene wanodya kang dhuwur | tuntung jait kang netra | rada gandês lamun angling | yèn cinôndra ingaran mandam kanginan ||

9. iku uga kang prayoga | sinobat sinarawèdi | watêke mungkasi karya | primpên asimpên wêwadi | wontên malih pawèstri | lêncir akas ponang rambut | sêmu bang kang wadana | iku aran durgasari | sarêsmine mung sêdhêng lumrah kewala ||

10. èstri kang madya utama | wujude amêrtandhani | sarêntêg pangawak dara | kuninge abêngle keris | netrane ingkang jait | asarèh wijiling têmbung | rema brintik iku ran | wulan dadar dawêg nuning | malih ingkang ran mêndhung jinalatundha ||

11. padmasari alêledhang | iku èstri dhenok kuning | nêlulèk polatanira | dawêg kewala kang rêsmi | èstri alit srira brit | wadanane sêmu biru | angrêmpêl sêsinomnya | ran surya surup iku sring | simpên rasa gawe gita mring wong lanang ||

--- 29 ---

12. kang côndra lintang krainan | èstri irêng-irêng manis | rambut lêmês ngandhan-andhan | riyêp-riyêp polataning | yêkti amêrtandhani | rongèh anggêpe mring kakung | wondene kang utama | wanodya lambungnya alit | ingkang lumêr alus kêkulitanira ||

13. kumêtèp sêmuning muka | rambut atap irêng dadi | iku kang pantês ginarwa | kang aran mênyan cinandhi | gung mirmane mring laki | kang ala boya cinatur | sinigêg uran-uran | dhuh lae lowung puniki | karya rêngêng-rêngêng anglêlipur brônta ||

7. Asmaradana

1. wontên candraning pawèstri | kang susela ing akrama | ingkang jatmika lungguhe | yèn wong irêng ulêsira | alêmês ingkang rema | kang agêng sariranipun | prayoga kinarya garwa ||

2. utawi kinarya sêlir | winastan èstri kancana | wontên malih winiraos | èstri cêmêng kulitira | dêdêge agêng panjang | rada cêndhak sukunipun | pantês yèn kinarya garwa ||

3. utawi kinarya sêlir | miwah kinarya parêkan | kunci kancana wastane | jêlih watêke wong ika | yèn wontên èstri jênar | lêmês remane wong iku | lan agêng prêmbayunira ||

4. tan kêna kinarya rabi | kinarya sêlir tan kêna | rasêksi iku wastane | pantês mêjahi wong

--- 30 ---

lanang | yèn wontên èstri jênar | kang alêmês remanipun | warata ing pucuk pisan ||

5. agêng payudaranèki | dhêng-andhêngên talingannya | tan kenging kinarya bojo | panas boros wong punika | kangge sêlir tan kêna | yèn wong pêthak ulêsipun | akathah wicaranira ||

6. akas remanipun nênggih | punika èstri utama | andhatêngakên dunyakèh | angsal rahmating Pangeran | lan karêm ing agama | èstri malih kang winuwus | kang luncup wadananira ||

7. panjang sukunipun nênggih | sarirane kuru dawa | tan prayoga lêksanane | lamun kinaryaa garwa | sanadyan sinêlira | boros ing lêksananipun | tur anyilibakên tingal ||

8. wontên pawèstri utami | cêmêng alêmês kang kiswa | panjang pasang wadanane | sarira panjang sêmbada | aking ing sukunira | kang mêngkono èstri luhung | prayoga kinarya garwa ||

9. utawi kinarya sêlir | kinarya gêdhong utama | dhatêngakên dunya akèh | nanging wadine wong ika | yèn purik tinggal wisma | yèn kuning pawakanipun | akas rema tur apanjang ||

10. ing pucuk lêmês tur dadi | dhasar aking sukunira | puniku èstri kinaot | abênêr pangucapira | iku wong èstri srêpan | ing candranipun pinunjul |

--- 31 ---

ingaran rêtna kancana ||

11. èstri panjang jangganèki | sêmu abrit kang wadana | punika pêpêg ing awon | awon-awoning wanita | tan kenging ginarwaa | durgasari wastanipun | iku yogya singgahana ||

12. punika winarna malih | pirasat satunggal-tunggal | èstri ingkang anèh dhewe | yèn jamus pawakanira | êma aksaranira | yèn arsa apulang lulut | lathine dipun arasa ||

--- [0] ---

...