Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Margawirya, Jayadiningrat I, 1919, #781

Katalog:Margawirya, Jayadiningrat I, 1919, #781
Sambung:-

Margawirjo

Sêrat Margawirya

Kaêcap ingkang kaping: 3

Anggitanipun swargi Radèn Mas Arya Jayadiningrat I. Nayaka dalêm bupati kaparak kiwa ing nagari Surakarta.

Namung kalugokakên miturut babonipun kemawon.

Kaêcap wontên ing pangêcapanipun tuwan N. V. Mij. t/v. d/z ALBERT RUSCHE & Co, Surakarta, 1919.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Margawirjo

Sêrat Margawirya

Kaêcap ingkang kaping: 3

Anggitanipun swargi Radèn Mas Arya Jayadiningrat I. Nayaka dalêm bupati kaparak kiwa ing nagari Surakarta.

Namung kalugokakên miturut babonipun kemawon.

Kaêcap wontên ing pangêcapanipun tuwan N. V. Mij. t/v. d/z ALBERT RUSCHE & Co, Surakarta, 1919.

--- [0] ---

...

--- 1 ---

Margowirjo

Sêrat Margawirya

1. Dhandhanggula

1. rasa karasa ujaring jalmi | Sura Wukir kaping salawe prah | duk kalakyan makirtyèng rèh | patalaning ngumulun | alin-alin kang wus kalinglin | ring derarsa don praja | nahên lêkasipun | wiwit siji têkèng kathah | nadyan alit tumêkèng gêng luhur singgih | yêkti taki-takia ||

2. jrahning praja pakarti mawarni | raning kriya wêkaning ngulunan | undhagi tukang myang pandhe | tukang prang tukang etung | juru dina nujum myang tani | dagang juru juragan | juru bêksa gambuh | mawarna tanpa wilangan | lah ta rêke pilihên salah sawiji | disêngsêm mantêp nandhang ||

3. aywa kôngsi luput jroning urip | anèng praja rusak papa nistha | badane kang mêsakake | sangsara sajêg umur | tan lyan dadi wong pikul sami | piraa [pi...]

--- 2 ---

[...raa] lamun nulya | cinupêt kang umur | yèn dawa kadawa-dawa | dawêg-dawêg dawêge dadi cêcêdhis | marmane ngur cêndhaka ||

4. tan wun analôngsa sirèng wuri | nyandhang rusak turu tan kapenak | mangan yèn enaka manèh | lungguh prênah tan aub | sanak liwat tan angaruhi | malah api tan wikan | tobat ta ing ngulun | yeka wisaning ngagêsang | gêgêdhene tan liyan patang prakawis | tanpa wirya lan arta ||

5. katri dora wicaraning lathi | papat manungsa watak sungkanan | sato kewan pêpadhane | sayêkti angur asu | pêthêl lamun angiring-iring | têgên rumêksèng dhustha | têngèn lamun dalu | tur tan nganggo udut nginang | wong sungkanan cinêluk nora nauri | dèn awe nora prapta ||

6. urip yèn tiwas badan pribadi | badan liya tan kwasa nulunga | dêstun mung nênutuh bae | pirabara yèn antuk | sihing Gusti kang nutuh prapti | wuwuse acêcala | bênêr pêthèk ingsun | ngong rewangi biyèn mula | yèn si anak mulya kaul ingong dhingin | sapêngadêg kang wastra ||

7. iku lumrah ing môngsa puniki | dhingin ana mantri Jawinata | pamajêgan lungsurane | mantri Gadhing Matarum | sapocote sajêge urip | mung kaul sasabira | sarupaning kaul | yèn kawêlèh dadya priman | wiwit sanggris [sanggri...]

--- 3 ---

[...s] sajampêl suku sêtali | suwang sêtèng tinampan ||

8. marma milih arti dèn patitis | yèn wus sênêng gya suwitanana | supaya glis bisa rêke | dèn sarupa lan guru | ywa gingsir yèn rina dol kardi | wus wiyah ing kawula | ngur êndi nak ingsun | tan mangan apa papriman | ambabruwun awat kaul mêntas sakit | kaya Ki Jawinata ||

9. nora nana praja adol kardi | tan lyan praja tuku pangrèhira | ing karya sajêg jumlêge | poma ywa kabêsturu | angatokna osiking ati | osiking tyas wêdharnya | karya kang kinayun | sang ngaulun andulua | supaya glis jiwanta kulêt tinuding | antuk pratôndha srêdha ||

10. pama surya jênênging narpati | wadyakuswa dhukut anèng wana | kataman surya yêktine | mangkana ing ngumulun | ngulatana sunaring rawi | aywa jênak nèng wisma | pratistha kang ngaub | dadya tan kataman arka | pasewakan padhedhean para mantri | wèh marganing kawruhan ||

11. marmane ta pamagang gyannèki | yogya ngambaha marga ing ngarsa | kya patih sawêwêngkone | nadyan mring carikipun | lamun datan gaduk mring carik | nadyan mring kabayannya | sayêkti iku wruh | parentah lakuning praja | sukur bisa nyêmut gatêl mring kya patih | yèku marga utama ||

12. sadurunge antuk wirya kaki | ywambêk [ywambê...]

--- 4 ---

[...k] nutuh mancèni mring praja | dumèh tan asih dhèwèke | pagene winginipun | sira dadak muruk mring nagri | yêkti kèh kang mangkana | pra pandhita kathung | iku ran wong sukan doyan | lumuh sênêng suthik ala kudu bêcik | muwus tanpa ukara ||

13. yèku pandhita kênèng pêpidhir | tandang ampuh pangupatanira | mring cilaka cosplêng bae | yèn mintakkên kaluhur | raning drajat sajêg tanpolih | wiku kênèng musibat- | ira Kangjêng Rasul | cocot-cucut cacah-rucah | jalma rucah racutên aywa nglabêti | labêta rèh utama ||

14. nistha madyane amagang kaki | nistha wong dhinginakên pasilan | ywa dumèh daya ginape | tandang payu ambadhut | cêcarita alaning sami | sasrama alaning lyan | tan yogya satuhu | yèn sang ulun tulus srêdha | ring karyanta ajêg badhut sari-ari | singlar wahyuning praja ||

15. ing madyane ngrêrakêta kaki | marang para mantri kang kasrambah | têtakon tiron solahe | utamane satuhu | srama guna karya tabêri | pirabara wani prang | utama satuhu | ing kuna Patih Suwônda | duk magange mring Sang Prabu Maèspati | Sang Sri Arjunasasra ||

16. Suwônda maksih Bambang Sumantri | nuwun karya binantokna ing prang | tulung Manggada yudane | kang ngêpung sang aprabu | ing Ngindarba sri

--- 5 ---

narapati | punika kang rinurah | mring Sumantri rampung | ulihe jinunjung patya | ajêjuluk Suwônda rêkyana patih | Risang Arjunasasra ||

17. yèku aran gunasrana sêkti | dhasar wani tabêri ing karya | nging tan ana jaman mangke | mung ana iribipun | duk ing Pajang radyan ngabèi | nuwun karya amanah | Arya Jipang ripu | tinrekah srananing guna | sinumbaran saking sakilèn bênawi | Panangsang gêbyur nglanggang ||

18. wantu siji nèng sajroning warih | jêr tan kadya baya nèng jro toya | budia aglis rusake | mêntasira sing banyu | mung linawan lan turônggèstri | gampang gyannya micondhang | iku srama têlu | mung wani guna lan srana | saundure ginanjar bumi Matawis | majêgan karya dhomas ||

19. dene jaman ing môngsa puniki | amung sabobote badanira | iya mung sapakolihe | dene yèn sira antuk | ing kawiryan sihing narpati | kang bisa matah-matah | ing pakaryanipun | ywa pandhe kinon kêmasan | tukang êmas aywa kinon anênungging | nungging ywa karya grabah ||

20. iku tuduh wong kurang patitis | ngêngêmbangi prentahira camah | cinanthulan sor-sorane | yèn durung wruh satuhu | ngur ngajia têtakon kaki | palakartining kriya | supaya sumurup | dadi tan ngawut yèn prentah |

--- 6 ---

anadene sabarang prentahirèki | sarat mèlu tumandang ||

21. aja mêksa wong sayah ing kardi | aja mêksa wong luwe ing karya | yèn sak cênthula wuwuse | duraka jroning kalbu | lan ywa prentah angolah-ngalih | yèn durung wus ginarap | têtêpna karuhun | utamane mêmuruka | marang kriya kang maksih kurangan pikir | aywa nutuh kewala ||

22. prantènana grenda wungkal warih | lawan karya kikir pangasahan | patar miwah garajine | lan pandhe among sêpuh | bok ana kang gowang myang rimpil | putung melot myang rusak | pandhe kinèn tulung | supaya glis sukarêna | nambut karya sêngkut suka glis tur bêcik | iku rumêksèng kriya ||

23. parlu bisa karya pola yêkti | êmbat-batan lawan lung-êlungan | pucukan kang prênah gone | ywa tinggal jôngka siku | tukang batu polanirèki | gambar tumraping kartas | cacah ukuripun | ywa slaya gêng ukurira | miwah cacah pakakèn dim-dimannèki | pae lan wong sewaka ||

24. yèn sewaka ngayunaning gusti | aywa kolêt basa wêwangsalan | karya ringa tyas liyane | antuk rênguning ngulun | pan wus kocap sajroning Surti | ywa lali basa lambang | balela ngumulun | lambang kinarya wangsalan | kêkêjepan bêbisikan [bêbisika...]

--- 7 ---

[...n] padha ugi | nglilipi pasewakan ||

25. aywa juwêt guyon lawan micik | padha uga lawan basa lambang | prajana kang ngrucahake | sanadyan mung amuwus | gantya takon gantya nakoni | ngantya wusing carita | sasaulunipun | ywa kadyarya Dursasana | tandang takon saulune ambubuti | wuluning cêcangklakan ||

26. ing sewakan aywa ambawani | rêke lurah kang yogya ambawa | kuwawa parentah gêdhe | ing swara aywa umung | swara tan lyan karêngèng saking | kanan kèringta lênggah | nastiti pangrungu | supaya ris kang paprentah | marmanipun sewaka ngrasuka kadi | busana wastra rêtna ||

27. akêkampuh anggêring praja di | apaningsêt adat kang kalampah | calana mangsaning gawe | padhangon watakipun | lurah kônca sawiji-wiji | kuluka kaelingan | sêsumpinga etung | ing bôndha miwah bagean | akulambi lang-lang sabarang prakawis | kang maksih dadya rêmbag ||

28. rêke tatakramaning praja di | sumawita rêsêpa ing madya | suminggah rèh kanisthane | mring kautamanipun | sêngsêma dèn kadrêng pawèstri | lamun ingandêl sira | marang ing sang ulun | poma aywa andaluya | wong ingandêl sayêkti akèh lirnèki | anèng ngandêl mas rêtna ||

29. ana ingandêl wastra artèstri | ana ingandêl [i...]

--- 8 ---

[...ngandêl] marang kawignyan | ana ingandêl kawanèn | miwah mring baya kewuh | myang ingandêl ngrêksèng wadya ji | ngandêl guna santika | akathah liripun | ingandêl mring lapa-lupa | myang ingandêl môngsakala muwah malih | ing wadining ulunan ||

30. yèn ingandêl marang rêtna rukmi | mung pawitan nastiti gêminta | sathithik ana gampange | yèn arta iku amung | ywa gumampang ywa melak-melik | lan paham surupira | wuwuh sudanipun | mangkono kewala dadya | yèn ingandêl pawèstri dèn ngati-ati | tan nyata sring katarka ||

31. sarat aja pisah lawan kanthi | aja lumaksana yèn tan padhang | ywa silih ngungkak swarane | dèn awantêr ing wêktu | aywa kulêt sêmon bêbisik | dadi susuhing setan | utawa yèn samun | yèn kêna sira selaka | anadene yèn ingandêl sarwa wadi | netrantara sing sama ||

32. têtulada ing samanta linggih | cara carêm ing rêmbag tan wikan | sanityasa têtingkahe | yèn kumilat sang ulun | ati budi dèn glis nampani | nging solah lawan nitya | ywa kontra ing sêmu | bok cuwa kang karya kilat | satêmahan sira mari dèn sêtyani | munduran antuk ewa ||

33. têgêse kang ingaranan gêmi | pama rayap marang ratunira | tan awèh kênèng srêngenge |

--- 9 ---

eman manawa kuru | wadyanira samya tur bukti | salamine mangkana | têmah mênthêk mênthu | kang aran nastiti uga | iku sêmut rina wêngi wira-wiri | tansah papag-pinapag ||

34. takon-tinakon sabên pinanggih | sangkan-paranira tinakonan | kaya mangkana esthane | prayoga yèn tiniru | kang ingaran angati-ati | iku yêkti calarat | yèn mencok ing kayu | gurda nadyan sadipôngga | maksih wang-wang dèn êncot-êncot kapati | samar manawa rêbah ||

35. iku kang ingaran ngati-ati | yèku prayogane ponang clarat | yèn manungsa panulade | amawa unggah-ungguh | yèn mênênga nora prayogi | cupêt pangandêlira | yèn tan unggah-ungguh | nging yitna aywa tininggal | tri prakara ingaran gêmi nastiti | ngati-ati lirira ||

36. kang ingaran kumandaka nênggih | pama kidang amindha andaka | manungsa mangkono lire | mêtu saking kadhatun | lêngut-lêngut pinindha kadi | antuk printahing nata | sinambadèng sêmu | anjanggilêng sarta ngucap | yèn punika wontên dhawuhe sang aji | mundhut arta mirunggan ||

37. tur tan nyata karsaning narpati | yèku aran tingkah kumandaka | tur dudu yêktine banthèng | suka mulat wong gugup | aglis antuk arta lan rukmi | iku dudu lêlakyan |

--- 10 ---

èngêta ing kalbu | iku anyurês darajat | marang wahyu akuru angênggik-ênggik | darajate sakarat ||

38. lawan yèn prang aywa angruhuni | acêcikat ing swara pralêbda | tur dudu kwanène dhewe | ngêmpèk grubyuging batur | iku ulun wus ngudanèni | lawan aja anyêgah | marang sihing ulun | mring kônca sasaminira | lawan aywa kumawruh guna sakalir | yèn datan wruh priyôngga ||

39. akèh wong kang pangrungune nêmpil | pangakune goboge rumungwa | dilalah dudu swadine | malah kira-kiraku | pinaido banjur nyuduki | aywa ambêk mangkana | wong dora andarung | druhaka kang lir mangkana | tarung irèn dahwèn panastènta pati | pati tan pitakonan ||

40. nyinggahana ati kêrêng drêngki | dosane angimbu kaluputan | yèku nyênyukêri ngrame | lan aywa karêm minum | sabarang kang marang muroni | lena mring kautaman | myang baya pakewuh | watêke mung dir lan suka | tur ugungan saène sangsaya dadi | wong wuru tanpotama ||

41. marang madya têrkadhang-têrkadhing | mring kanisthan têtêp krêp kalakyan | malah rang wulu ni rase | banyonyor ambanyunyur | kumakèdhêp gumusti-gusti | miwah ambêk kumlurah | yèn saguh kumruwuk | yèku wong edan kêdadak | sayêktine

--- 11 ---

ingkang nganggit doyan awis | kaduwunge kapatya ||

42. aywa anglêluri nginum kaki | mêdhar wadi sêbit tabêrinya | sirna ing kaprawirane | nuwuhkên salah surup | ngatonakên marang kawanin | tan landhung èngêtannya | mung suka kadlurung | bubar saking panayuban | datan kalap lumaksana ing pakardi | yèn tangi saking nendra ||

43. lara kadadak ingkang nêkani | gêrêng-gêrêng lir yaksa kabranan | aniba tangi polahe | mutah mukok rêmpêlu | kapoka wus sambate kanji | yêkti dora kewala | wus adating wuru | marma ywa sêngsêm mangkana | balik rêke dèn têtêp atèki-tèki | tatakramaning praja ||

44. pasewakan yèn ana pan ari | gunêm rêmbug kang sarèh saurnya | angantia pangarsane | yogya ulunanipun | nyauloni umatur dhingin | yèn wus kaprênah sira | dèn trampil umatur | watona lawan anggêran | lawan sastra ing kadis kalawan misil | aywa matur angawag ||

45. ywa tan mêtu kalamun tinari | praptèng wisma mancèni mring kônca | iku tan yogya yêktine | sukane yèn angrungu | bakal ana parentah dadi | kang durung kalaksanan | ki pêngung ambêrung | barang kôndha marang tôngga | pangakune barang parentah kang dadi | rêmbag saking manira ||

46. dipun bisa rêke simpên [si...]

--- 12 ---

[...mpên] wadi | ywa wurukan sira adol abab | kaya ki pêngung ambêke | duk sèwu pitung atus | patang puluh aran Kiyai | Bèi Rôngga Supatra | iku sukanipun | adol omong yèn sinêtyan | mring wong agung miwah marang pra bupati | tuwin mring pra pangeran ||

47. iku lungsuran panèwu nguni | nora wirang nora wêdi maras | gung ngaku juru panginte | tan kêna ngêntut sêru | nulya prapta ngaku tinuding | mring jêng sri naranata | omonge dalurung | yèku rane tam-tam tuman | kadaluya kadaluwarsa kapati | katula dadi watak ||

48. tur wus tan ana ngandêl sawiji | lawan tan olèh kasil sajêgnya | kapara kèh mêlèhake | kadyabur datan mundur | angandhêmi dhêmên bêbisik | iku datan sayogya | lah pitutur ingsun | ngagêsang aja gumunan | sarupane kang kasêbut jroning pali- | ning Jêng Kyai Gêng Sela ||

49. aja mangeran sabarang kawis | têtêpêna tinggal sumakehan | yogya môngka pangerane | yêkti jênênging ratu | kang sinung sih ing narapati | kinwasa kinon bawa | parentah sang ulun | môngka rusuling narendra | iku yogya sira pangeran sayêkti | wong anom ulah praja ||

2. Sinom

1. wong anom ywa kênèng kridha | ing arta lawan pawèstri |

--- 13 ---

kridhane ngrong prasanakan | kang lanang dèn kamulèni | yêktine kang pawèstri | pinrih pundhuh siyang dalu | batin arsa binedhang | iku dadi wisa yêkti | tri candhala pamurunging guna wirya ||

2. dhingin candhala ing arta | kapindho marang pawèstri | ping tri candhalèng pangucap | iku wisa tri prakawis | rêke aywa nglabêti | kadya kang kocap ing dangu | jroning Panitisastra | ana wisa rong prakawis | wong mêmangan tan ajur nèng jroning badan ||

3. pawèstri klaraban uwan | iku kakung tanpa kapti | sayêkti padhane ika | wong tan ajur dènnya bukti | candhalèng arta yêkti | lan ywa soring war-war ngaub | sajus lan ngomandaka | tan yogya sira lakoni | ingkang yogya tan lyan têmên tabêria ||

4. lan dèn gêmi nastitia | dèn wêdi kang ngati-ati | lawan kang bisa ngawula | lan bisa suwita kaki | solah dèn marêk ati | netya lêjar muwus arum | aywa murwa sêmbranan | sêmbranana yèn nampèni | anging mawa dêduka lawan watara ||

5. lan ana patang prakara | kagunganing kang praja di | prajurit lawan pandhita | tri sudagar catur tani | ywa pisah salah siji | prajurit pagêring ratu | tani bujaning praja | sudagar busanèng nagri | sang pandhita wèh rahayuning pamuja ||

6. kapandhitan pujamôntra | kang manggung tapanirèki |

--- 14 ---

mêmulang wadya kang mudha | dene ponang among tani | pangrèhnya nênitèni | ing wiji sawarnanipun | wiji sawiji mawa | mangsane mawa pribadi | ana kapat kalima kanêm kasapta ||

7. wolu sanga kasadasa | dhêstha sadha kasa tuwin | ing karo lawan katiga | ana maning nênitèni | tanggaling lintang piyi | lintang bagor lintang wuluh | lintang waluku miwah | lingsire kang dèn yêktèni | bimasêkti miwah lintang panjêrina ||

8. pangrèhnya para kapila | kang yogya kagêm praja di | pambobot panimbang-nimbang | ing tuna kalawan bathi | ambobot kandêl tipis | cêndhak dawa andhap luhur | bodho kalawan bisa | myang wêdi kalawan wani | apadene pahame mring ngèlmu etang ||

9. sudagar tan yogyanira | yèn dèrèng go ing praja di | pangolah pambêkanira | saene lawan makiklik | yogya aywa nglabêti | dene ta tukang prang pupuh | dèn prastawèng sopana | bêbukaning purba titi | ngruhunana yèn lagya sapanêtêgan ||

10. unggah-ungguh ana gyannya | pratistha tan lyaning wuri | prajurit pamardinira | yayah angrènèng sirèki | panggahên apurèki | manawa ana kang luput | aywa dêrêng dêduka | salah gyannya rêbut pati | mêne-mêne tuturên èngêt trapêna ||

11. myang kulêtana ing gêlar |

--- 15 ---

arda côndra kagapati | myang gêlar bajrapanjara | lan mangkarabyuha malih | byuhamangkara nênggih | supiturang têgêsipun | yèku bajrapanjara | diradamêta sayêkti | kagapati kang gêlar garudha-nglayang ||

12. kang ingaran ardacôndra | wulan tumanggal sayêkti | byuha pangêkêsing gêlar | prit-anêba iku ugi | lan rumêksèng prajurit | ywa kurang mangan lan nginum | samêkta warastranya | wêwekanta kang mumpuni | jroning aprang aywa kasêlan ing meda ||

13. mung lagya pucuk kewala | iku pangolahing jurit | mawarna rèh bayantaka | rêke lamun tan kadugi | amung èngêta maring | urip ywa dadi pêpikul | bagya yèn bêtah nglapa | tan mangan sajêge urip | kang mangkono nging wuwus yêkti dupara ||

14. yogyane urip nèng donya | kang kaprah nyandhang lan bukti | bulèh sato tanpa nyandhang | bulèh wrêksa tanpa bukti | sabên macung samosik | amêsthi mangan anginum | iku dipun kawangwang | yèn paksi kang dèn kawruhi | saananya wohing wrêksa môngka boja ||

15. lalêr ulêr cacing walang | jangkrik kêndhêla tok-iyik | tanpa arti lir manungsa | ana bojane pribadi | ewuhe manungsèki | yêkti gampang dadi wêdhus | mangan datanpa arta | sathithik siksanirèki | nging kang

--- 16 ---

kaprah ala-ala yèn manungsa ||

16. mangkono pêpadhanira | balik sira dadi janmi | ana mung woh sira pangan | sat rasa bujanirèki | kamlaka wana tuwin | kasaya sandura catur | tikta miwah kathuka | sato iwèn tan darbèni | kamla kêcut lawan sêpêt kang karasa ||

17. kasaya asin artinya | sandura rasa mêmanis | pait keratane tikta | kathuka pêdhês ngrasani | tan gampang angupadi | tur maning ana kinayun | busana wastra mulya | kuda curiga lan èstri | ana maning wisma gêng latar kang jêmbar ||

18. miwah janma kang rumêksa | samêktane sandhang bukti | lamun janma tan samêkta | sapa arsa kinèn kaki | angrêksa angrêsiki | ngêndi gampang gone antuk | yèn tan lawan nugraha- | nira jêng sri narapati | mung margane tan liya taki-takia ||

19. karti kang kaya mangkana | yèn jinôngkaa upami | marang pidak padarakan | utawa bêbotoh juti | kang sukêr ing jêjarit | miwah kang sukêr dhêdhuwung | kang padha ikêt sêsak | tan kathokan tan kulambi | tandang bêbêt cupêt ciyut sabuk tangan ||

20. tinêkêm nèng cêthik kiwa | yèn ucul wuda sayêkti | jêr lininting wus tan kêna | mring cingklok nora nasabi | ing dhuwur wudêl kèksi | têrkadhang kondhe kang bêsus | gêlung tali siladan | cundhuk jungkat mung sacuwil |

--- 17 ---

parandene sênggak-sênggak turut marga ||

21. ana kang ngluhuri sabda | gêntholikêm dhas binathil | labête kalbèng wang panas | agandhang saurut margi | yèn kapêthuk pawèstri | gya clêmêdan cocodipun | mangkono kamuktènnya | kayangapa yèn lêstari | tan dadia yèn jangkah mring yogatama ||

22. kakônca kêkancuhira | kang momor margane brindhil | bêbotohan sêsêretan | kaping tri kasêngsêm ringgit | luwange nguni-uni | lir nyuru jênang bêkatul | saking pinggir mantêngah | ingkang asrêp dèn ubêngi | toging ngêndon ngengehan têlas sadaya ||

23. bêbotoh juti mangkana | mèt darbèke kang sudarmi | cinolong lamun tan angsal | mrambat kulawarganèki | warga wus mrayitnani | narajang têtangganipun | saya wuwuh jajahan | wuwuh gêndhing wuwuh wani | wuwuh akal wuwuh kèh kang nunggal karsa ||

24. têmah ngècu begal ngampak | maling nyêbrot nayab ngutil | saking nora bisa nyêgah | botohan lan sêrètnèki | myang blônja maring ringgit | èsême owêl yèn mutung | yêkti iku marganya | poma aywa anglakoni | yèn nglakoni pacangan dadi pranteyan ||

25. tanpa wus yèn cinatura | kang nistha papa kaswasih | yêkti yogya nyingkirana | kang wus kawuwus [kawuwu...]

--- 18 ---

[...s] ing ngarsi | nahan lumakyèng kardi | bisaa sira angukum | ngukumi marang badan | ing badanira pribadi | supayane ywa kênèng ukuming liyan ||

26. kôngsia kokum ing liyan | dadya tiwas nèng praja di | kathung maha nistha mudha | dadya guyoning rarywalit | yèn bisa ambênêri | mring badan tan kôngsi padu | sêdyaa angawula | olèh alêm lair batin | pon-ponane mung aywa kôngsi cinacad ||

27. cacad lamun nula-nula | kêkêmbang bakal tinampik | suwita yogya akarya | insan mring ulunannèki | insan akarya bêcik | tan ketang kwèh ajinipun | wong agung lamun lagya | ana ingkang dèn langêni | datan ketang rupa paksi kayu wilah ||

28. yèn kapanujon ing karsa | wus kocap ing Tekawêrdi | ijo kuning abang-abang | rarywalit bungah tan sipi | dene wong agung kaki | ana ta sêngkêranipun | aywa asring pinadhan | ing kaluhurane kaki | ing laire dèn èmpêr upacaranya ||

29. kwèh warnaning kaluhuran | busana anyar rinakit | aja age ngèmpêr sira | yèn durung dèn kaluluti | dèn yungyun sira ngèksi | nging aywa sira gadêbus | lumaku pinaringan | karana sira wus kaki | sinung wirya lir singa upaminira ||

30. bênêre sira wus bisa | nganggoa sapantêsnèki |

--- 19 ---

marmane aja kasmaran | ing panggunggung ing pamuji | yèn kasmaran sayêkti | padha uga barang cingkluk | tan antuk dene sira | pinacak winilang mantri | pirabara sira abêkti busana ||

31. tan bisa amung uruna | kèh kêdhik sakwasanèki | lan wêkas isun mring sira | amriha tindak lêstari | lulus slamêting abdi | anindakana sakukum | sabarang lamun tansah | ywa sira arsa nindaki | lan sabarang tindak aywa kênèng tarka ||

32. têgêse kang kênèng tarka | kang tumindak tanpa saksi | abot wong kinira-kira | tan gampang kadugèng katri | datan uwus sawarsi | adat luwangira kang wus | têgêse kênèng kira | wong kênèng udanagari | marmanipun mawasa udanagara ||

33. têgêse udanagara | sinuksma ingadu manis | yèku ran udanagara | pama wong mêdal jro puri | sinungan gantèn maring | ing bibi uwa sadulur | iku aywa tinampan | lan têmbe ywa maning-maning | wêkasane kênèng kira karo pisan ||

34. jaba kinira miruda | bedhang kirim gantèn wangi | jrone kinira anjomblang | iku tindak tan prayogi | gampang yèn ana ugi | anêrak mring tindak iku | yèn mandhêg kira-kira | marang badan angrêgêdi | tur alawas tinarka ewuh kinumbah ||

35. kadya mantri [ma...]

--- 20 ---

[...ntri] gêdhong arta | bayar tukon sêdhêng kêmit | jro gêdhong pambayarira | kang liyan liwat ningali | kênèng udanagari | tan wurung arta puniku | ya saking gêdhong ingkang | kinarya bayar sayêkti | tur yêktine sangu epok saking wisma ||

36. arsa binayar ing wisma | bok kêjaman gyannya kêmit | tinarka yèn têtakona | sayêkti tan dadi ati | iku dipun pakeling | saniskara aranipun | kridha tunggale uga | marmanya pakarti bêcik | nênumana yèn tuman ènthèng linakyan ||

37. anadene wong mêmitra | padha kalawan wong ngabdi | siti rêngka toya rêngka | sela rêngka tri prakawis | dèn waspada sayêkti | gusti pae lan sadulur | sadulur lawan bapa | bapa lawan biyung sami | gusti mitra lan krama katri samanya ||

38. toya rêngka darma putra | toya kinarya upami | pinêdhang ping sèwu sajam | sayêkti tan wurung pulih | siti rêngka upami | sujanma maring sadulur | yèn ana basa ala | lir siti ing môngsa katri | yêkti nêla bumi bêlah lan kadang crah ||

39. sajroning nêla mangkana | kisèn klabang kalajêngking | wasana môngsa kalima | antara trancap gêng prapti | kalabang kalajêngking | têla mingkêm rêmak lampus | iku kang dadi setan | sadulur rêngate pulih | tanpa gawe wong ngadoni crahing kadang ||

--- 21 ---

40. pae lawan sela rêngka | bojo mitra kula gusti | sêdhênge asih sinihan | kukuhe kapati-pati | sapa wruh rapêtnèki | atose lan kuwatipun | rêke ewa mangkana | yèn nuju kridha nêkani | sela pêcah sapa saguh mulihêna ||

41. sayêkti siji mring kathah | wit andhap marang ing nginggil | agêng sing alit marganya | wrêksa crah ingkang nastuti | sayêkti saking kêdhik | yèn adat lumrahing kayu | wêkasan marang kathah | tumêka pêdhot nglakoni | marma rêke dèn prayitna tatakrama ||

42. kaya ta kridhaning praja | mring prentah kang ngrèh ngranggoni | santana alingan putra | pangukir pucuking wali | wadung kalang ngalingi | pandhe alinganing palu | carik pucuking kalam | sarati alingan èsthi | ki kabayan balêbês alinganira ||

43. yèn pinarentah ing jaba | ature mêlok jro puri | iku kabèh saniskara | ngabêr-abêr prentah yêkti | karya dhocêng pakarti | nunggal soring warwar ngaub | ngadoni komandakakamandaka. | santana lawan nagari | ngêngêmbangi karya rêtu maring praja ||

44. yèn sira kôngsi mangkana | yêkti binuwang wanadri | Nglêmah Bang alas Lodhaya | anuli binadhog ngeblis | datan kalap samênir | yèn Ngayah alas Pringtutul | pasthi kinrubut setan | Dhadhungawuke gya

--- 22 ---

prapti | nyakot gulu amênthungi sirah muncrat ||

45. karana dèn èngêt sira | wasitaning rèh puniki | kang kocap patang prakara | wanti-wanti wali-wali | wong kêbluk sungkan suthik | goroh doracara wuwus | cidra ora têmênan | pangkat kang têmên tabêri | dhasar têmên elingan marang sabarang ||

46. eling mring kang wus kalakyan | sinau kang durung bangkit | môngka tatal tinulisan | supaya tan kêna lali | tinula nuli-nuli | ing kawignyan-wigyannya sru | cara caritotama | ngulama kang para ahli | pira kèhnya kang nahwu kapil ing lesan ||

47. bulah Pangran Karanggayam | kang ngikêt kakawin Surti | salumahing tanah Jawa | wulang kang tumrap ing Surti | kêna sinêbut nênggih | Wibisana kang kadyèku | wrêdining Wibisana | kawignyan kang angebati | lungguhira pujôngga nagarèng Pajang ||

48. tapane wong nèng jro praja | paseban pratapannèki | sasat wukir guwa-guwa | tapane kalamun ratri | aywa pêgat sêmadi | mêmuja kang murwèng tuwuh | aywa kasêlan meda | langên gêng kang mêmedani | wong kajodhi lan wong sêngsêm ing wanita ||

49. wasitaning kang pustaka | aran Margawirya iki | warahing kang para siswa | kang kasdu myang mangastuti | nadyan tan arsa kaki | mung aywa kinarya patrum | bisike kang manitra |

--- 23 ---

ing Surakarta praja di | akarya truh uluning kaparak kiwa ||

3. Mêgatruh

1. anadene bôndha sarta lawan wuruk | tan kêna pilih sawiji | mungguh pangrèhing tumuwuh | yèn arsa milih sawiji | wurung bêbakal tanpandon ||

2. krana ngapa ing urip wajib mêmuruk | marang anak putu tuwin | kaponakan miwah batur | kudu ngarah ngirih-irih | istha manisan satenong ||

3. kèh warnane ana jae blimbing wuluh | ana ingkang jêruk kingkit | miwah kang katela gantung | kêmbang tongkèng kang kinardi | miwah kaluwa baligo ||

4. iku kabèh padha lêgi rasanipun | sababe dèn rèh ing gêndhis | nging dhasare mêngko muncul | jae pêdhês nanging lêgi | jêruk kingkit lêgi aor ||

5. nadyan kêcut rasane balimbing wuluh | nanging ana krasa manis | tan padha katela gantung | manise tan dèn regoni | padha uga lan baligo ||

6. loro iku jêr dhasare bangun turut | kêmbang tongkèng lêgi wangi | iku lire kang wêwuruk | tumrape lan dhasarnèki | nging dadi sêsuguh dhayoh ||

7. karanane aja kêmba mulang muruk | muruk mring anak pribadi | wulang mring putu sadulur | aja pinêksa sayêkti | mung sakolure kemawon ||

8. jêr wus ana kang wajib jênênging putu | bapakane kang

--- 24 ---

majibi | dene namane sadulur | jêr wus padha nandhang akil | têrkadhang winuruk êmoh ||

9. warah iku kêponakan mitra karuh | yèn karêp yogya nglanggati | mangkono maning yèn tambuh | aja sira aming kalih | tuwas êsak marang panggoh ||

10. nging ywa sêpi lamun jinalukan wuruk | kang kêsdu kang mangastuti | sanadyan wijiling buruh | dèn bêcik wulangirèki | iku dadi ngamal batos ||

11. apan seje namane wirayat batur | iku prentah dhapurnèki | pinêksa yèn maksih ayun | suwita maring sirèki | dèn ngangkah lawan pangangkoh ||

12. aja age amlêksana mring wong luput | yèn sapisan dèn pelingi | lan bungahna ing tyasipun | yèn mêksa narajang maning | wruhna yèn bakal binêndon ||

13. môngka sida nêrajang kongsi ping têlu | plêksananên dipun yêkti | nging ènthèngana kang kukum | supayane dadi mari | yèn maksih mêksa kemawon ||

14. gya tarinên apa mundur apa maju | gonira lumakwèng kardi | yèn mundur nuli kon mundur | yèn maju jinanji maning | mêsthi plêksanane abot ||

15. yêkti pae lawan plêksananing ratu | ratu datan dèn kurangi | marmane padha dèn emut | ngwula lan dèn kawulani | dumèh batur sring tinabok ||

16. dumèh dadi mantri mêmisuh

--- 25 ---

mring batur | tan wruh yèn winalês batin | malah winalês ping satus | tan muni sayêkti wêdi | nanging tan lila ing batos ||

17. aja kulêt mêmoyok samanirèku | moyok nacad têgêsnèki | mancèni tunggale iku | tan bêcik ingkang pinanggih | iku wus jais mangkono ||

18. pira-pira ora tiba ing sirèku | cacade kang dèn poyoki | marmanta tyas dipun sukur | wêdia yèn dèn tulari | bok manggih walêsan batos ||

19. nora wêruh sajake dhewe ngêdhungkrung | yèn ngalêm duwèk pribadi | datan ngumani têtamu | suraweyan astanèki | idune pating salêmprot ||

20. durung lungguh kang tamu kôndha wus gupruk | latar wisma dèn tudingi | pangalême anggadêbus | kongsi dhayoh ngajak linggih | iku ukarane bojot ||

21. yèn mêrdhayoh iku marang ing wismamu | dèn gêlis sira nyuguhi | supayane enggal mantuk | mring badan aja ngtuputingluputi. | kang jamak wong mara dhayoh ||

22. ingancaran supayane kinèn lungguh | yèn dhayoh sasamanèki | wetan kulon gènnya lungguh | yèn lor lurah prênahnèki | dadi sineba kang dhayoh ||

23. sarta pasang tatakrama padha lungguh | wus bagean anakoni | ki wisma marang têtamu | kang dadi praptanirèki | mung kangên [ka...]

--- 26 ---

[...ngên] awating dhayoh ||

24. lamun durung wêca karyane kang tamu | yèn ngucap aja dhingini | kang lêjar netyanirèku | yèn sirung netyanirèki | mung awat kangên kemawon ||

25. wus adate nganti sêlaning pamuwus | lan lêjar netyanirèki | aglis wêca ponang tamu | kang dadi karyane prapti | enake gonira bobot ||

26. dadi enak gènira imbalan wuwus | gênti takon anakoni | mangkono wong among tamu | aminta caritanèki | sakuluring wong cariyos ||

27. lamun tamu iya ana kang jinaluk | yèn sira lêga anuli | asungna ingkang satuhu | aywa aglis saguh kaki | yèn kira durung sayêktos ||

28. watak anom akèh sring angumbar sanggup | ngêngêmbangi doranèki | iku aja dèn sinau | yèn tuman têmêne sêbit | têmah anglunyoni cocot ||

29. jêjagongan aja dhêmên padon wuwus | rêrasana kang pakolih | wong kang padon têgêsipun | rêbut mênang barang kawis | paido gênti maido ||

30. saya sora sinaru têmahan padu | iku pêpadon rannèki | rêbut mênang barang padu | wong rêrasan kang pakolih | luput bênêr yêkti kraos ||

31. ing carita mênênga yèn nora kayun | yèn dhêmên cinathêt batin | aja [a...]

--- 27 ---

[...ja] maido ing kawruh | wêkasan nyupêt pangaksi | tuna lair tuna batos ||

32. pasamuwan dipun amot ingkang emut | yèn ana ngulab-ulabi | sawênèh watak gadêbus | kumawruh sora swarèki | yêktine mung agêgawok ||

33. yèn akôndha pinaido sok anêpsu | iku pra janma ngarani | tinrajang grobag ping pitu | dèn aglis sira nyimpangi | manawa nyêmpalkên cocot ||

34. wong cêclathon gênti takon gênti tutur | saulone angêntèni | watêse caritanipun | tutuga caritanèki | tur sêsêg ingkang cariyos ||

35. dene sira besuk yèn dadi wong sêpuh | yogyane patang prakawis | wong tuwa mring anak putu | supayane dèn ajèni | wong tuwa marang wong anom ||

36. bisubisa. wurwur nyêmbur nandur apitutur | wurwur wèwèh sandhang bukti | kèh kêdhik anggêr mung kolur | bisa nyêmbur mring bêbayi | bok putu sawanên mukok ||

37. bisa nandur yèn awoh kinarya kolur | pitutur wajib sayêkti | tan amung mring anak putu | nadyan mring liyan prayogi | dadi ngamal lair batos ||

38. dene ingkang ingaran saloka pêcuk- | pêcukilan têgêsnèki | alingane pêksi pêcuk | ana parentahing paksi | paksi dharat [dha...]

--- 28 ---

[...rat] samya kinon ||

39. animbali parentah kinèn anglumpuk | si pêcuk abur mring warih | ingsun iki manuk banyu | esuke parentah maning | animbali manuk banyon ||

40. wusnya nglumpuk si pêcuk kari mêngangkruk | mencok wrêksa agêng inggil | ingsun iki manuk dhuwur | mulane tan anèng warih | ingsun nyata awak goroh ||

41. kangjêng nabi parentah mundhut pang kayu | wrêksa ngadêg wus dèn ambil | kayu cukilan turipun | kula dede wrêksa yêkti | dika tingali wak ingong ||

42. napa ngadêg punapa mrambat ragèngsun | dadya tulus tan ingambil | nulya prentah mundhut êlung | lung-lungan sawarnanèki | cukilan arsa pinêcok ||

43. ririh matur kawula inggih dede lung | pratôndha tan sagêd mami | mulêd rumambat mandhuwur | lah dawêg dika tingali | tan darbe êlung sayêktos ||

44. sayêktine sae mliwis lawan pêcuk | yèn mliwis ngamungkên nglangi | tan bisa mencok ing luhur | tan kadya pêcuk kang paksi | dibya slulup bisa mencok ||

45. dene kayu cukilan dhapuring kayu | sumendhe datan mandhiri | yèn pinisah têmah nglumpruk | iku sloka kang winuni | pêcuk mênyukilan yêktos ||

46. yèn manungsa mindha cukilan lan pêcuk | pinrentahan saking jawi |

--- 29 ---

wong ing jro pangakunipun | saking jro ngaku wong jawi | ala lire kang mangkono ||

47. ana sloka antiga ngapit ing watu | iku janma wataknèki | kang asring rêmên wêwadul | lami-lami pan kabêlik | kaanggêp watu si êndhog ||

48. tunggal bênggangakên wong palakramèku | yèn wus antuk aningali | karone maring sirèku | yêkti sêngite kapati | tan enak lir kang mangkono ||

49. marma lamun ana catur kinèn mungkur | cature wong laki-rabi | sapanunggalane iku | ana bapang dèn simpangi | nyimpangana grobag buron ||

50. dene kang ngadoni singat andakèku | dongengan duk lalêr wilis | tuwa wêtêngane jêmbluk | golèk tatu golèk gêtih | mêcah bathang kang wus bosok ||

51. tan andulu miwah ambu nora antuk | wêkasan aduwe pikir | mring si banthèng tutur-tutur | sira arsa dèn alani | iya mring si macan gembong ||

52. lamun sira malah arsa kinalêthuk | sapêdhètmu jalu èstri | jêr kumêcêr mring sirèku | dagingmu lêmu kalimis | madêg krodha banthèng bêkos ||

53. lah ta lalêr tutura si macan gupuh | kon têka ingsun antèni | arsa sikara maringsun | ambêke kaduli-duli | si lorèk pating calerong ||

54. lalêr [la...]

--- 30 ---

[...lêr] mêsat santhiyêng wus prapta pangguh | hèh macan sira bilai | [...] |Kurang satu baris: 8u. [...] |Kurang satu baris: 8i. si banthèng jaba binadhog ||

55. gro lumumpat tuduhna lalêr gonipun | lalêr mencok sirahnèki | sarta tuduh mring gonipun | prapta panggah durung angling | si banthèng kasêlak bêkos ||

56. sinaruduk macan nglumba banthèng nubruk | wiwit. bêndha bibal kaplipis | sirah banthèng gabul pulut | babaking klika lir gêtih | lalêr miyat gugup mencok ||

57. pulut bêndha dinalih utêk kang mêtu | abarêng kalawan gêtih | lalêr mati kênèng pulut | kasusu pangêndhèknèki | tan wruh awake macethot ||

58. panglumbane si macan anguwus-uwus | gêdhe dhuwur tan patitis | si banthèng nauri wuwus | jêr sira amiwiti |Kurang satu suku kata: jêr sira kang amiwiti. sami ngandhar nalar karo ||

59. wêkasane si lalêr kang karya dudu | si lalêr tulus anjênthir | kinosokkên ajur mumur | iku tan kêna kinanthi | ngadoni andaka gembong ||

4. Kinanthi

1. yèn mantri aja mêdhukun | aja watak nênambani | miwah nyatunyatur. japamôntra | amêmêthèk mêmetangi | padhukunan kèh lirira | nyarati dadi priyayi ||

2. nyarati yèn nuju ampuh | môngka yêkti dadi mantri | pagene anak putunya | têka nora dadi mantri | ala nyarati wong liya | bênêre awak pribadi ||

3. karyane [karya...]

--- 31 ---

[...ne] yèn anjêjaluk | mring kang mêntas dèn sarati | yèn tan antuk ngundhamana | ngundhat-undhat nyupatani | mêmrungu marang tangganya | wuwuse tan mêrak ati ||

4. yèn olèh panjalukipun | pêndhak Pon kongkonan maning | sabên kuping tinuturan | yèn iku dadine mantri | yèn aja sun kang ngunggahna | sayêkti tan dadi mantri ||

5. dene dhukun tukang nyêmbur | tukang japa tukang jampi | nisthane yèn ingawadan | dhangane saking sirèki | tan wruh yèn toh dhukun liya | ingkang jinalukan jampi ||

6. wus adate omong dhukun | êndi dhukun kang niliki | tinuturan radi dhangan | tur maksih langgêng kang sakit | ki dhukun mêgêg tyasira | ciptane saking sirèki ||

7. gya parentah ki dhêdhukun | dènira nêdha mêjani | sarta kinèn ambêbuwang | sêsajèn sanggupe wingi | kêkêrêngan nanging mênang | sinuduk ing parungsari ||

8. kula nêdha kêris parung | puniku môngka mêjani | ki wisma matur tan gadhah | inggih dhuwung parungsari | ki dhukun malih lingira | nadyan crita tilamsari ||

9. inggih crita inggih parung | kaote datan katawis | criyos inggih botên gadhah | kang gadhah mung tilam-upih | ki dhukun malih lingira | têgêse kang tilamsari ||

10. tilam-upih tunggilipun | amung [a...]

--- 32 ---

[...mung] kaotipun kêdhik | anggêr dipun wastanana | yèn punika tilamsari | jêr katingal ing supênan | tangkis kiwa tilamsari ||

11. ki wisma mentar mring pungkur | mèt dhuwunge rencangnèki | sinungkên wus tinampanan | tiningalan gya tinarik | dhapure larasêduwa | klêrêsan anak puniki ||

12. angsal êluk inggih parung | sampun anak kula amit | kasêsa têtumbas sarat | sêngadi aglis amulih | iku dhukun nisthanira | dene yèn dhukun pawèstri ||

13. yèn angomong sarwi ngurut | tatale kang dèn rasani | sapa kang ginarap waras | lanang wadon dèn tambani | lêlara jro kawirangan | tinutur nisthanirèki ||

14. slaning lakang sapandhuwur | ginlusur gènnya nambani | iku dhukun dadi cacad | kwirangan ingodhal-adhil | aja tulad kang mangkana | abêcik wong dadi mantri ||

15. jêr wus pangolahing dhukun | sajèn sarat myang mêjani | gêlêm jaluk gêlêm tômpa | sadurunge asung jampi | nambani môngka tan waras | mêjani mêsthi tan mulih ||

16. lan tan ana adatipun | wong gugat sarat mêjani | yèn tan bisa karya waras | yèku kamalan sayêkti | jêr tan kadi tata sabrang | tambane wus dèn rêgani ||

17. waras tan waras wus payu | tambane kalawan malih | yèn waras datan mêminta | sarat miwah ulih-ulih | dadi datan [da...]

--- 33 ---

[...tan] kaamalan | pae lan tataning Jawi ||

18. dene maninge kang dhukun | dhukun alul mêmetangi | ana gêlar sênggrang ngarsa | ana gêlar mêrsajani | ana gêlar akêthikan | wênèh jimat saratnèki ||

19. dawa kalamun winuwus | Ki Agêng Sela malêri | angur sira andhukuna | aja dadi dhukun kaki | prayoga golèk kawignyan | tatakramaning praja di ||

20. piraa lamun pinuju | pêthèk nyata darbèk mulih | yèn nuju tan kabênêran | wus tutug ubayanèki | udure angrêsi manah | netyanira clila-clili ||

21. wus wirang wuwuh tinutuh | duk lakon Sêmar metangi | kang mèt kêbo munggwing wetan | pêrnah lan wismanirèki | kang nyraya aturnya datan | wontên têtiyang sawiji ||

22. bok lampahan kalih dalu | tan wontên ingkang griyani | amung rêdi ngêblak-êblak | ki dhukun lingira aris | maklum dika wong atuwa | bok kalintu sastranèki ||

23. ingucêk blobok mêtu luh | ngucap pan padha ningali | lah anak ujarku apa | prênah kulon sun arani | ing mau prênahe wetan | kulon rika kang malingi ||

24. maksih cinancang ing glugu | kêbo dhungkul kang sawiji | sawiji sungune dhamplak | dèn aglis sira marani | ki nyraya matur punika | maesamba mung satunggil ||

25. tan dhamplak dhungkul lan lamus | bule [bu...]

--- 34 ---

[...le] pêndhêm mung satunggil | lan kilèn kula punika | wana grêng datanpa margi | ki dhukun malih lingira | baya kurang sajènnèki ||

26. biniyak sêsajènipun | miyak jêngèk lidok iki | pacul bodhing ora nana | mulane bawur sastrèki | ki nyaraya saurira | wau wingi tan mundhuti ||

27. ewa punika ki guru | kula têbase pangaji | ki dhukun nganthuki sabda | miyak papan sastra malih | sapisan iki pungkasan | mêsthi prênah lor kang ngambil ||

28. wis rikat muliha gupuh | bok kasêlak dèn dol kaki | ature kang kêmalingan | apuntênipun kiyai | koningana lèr kawula | sayêktosipun jaladri ||

29. ki dhukun anyantak ngabruk | bonggan awismèng wanadri | dilalah kudu tan kaprah | katuju cêngêlirèki | tan pothol tinêkuk macan | mangkono lire metangi ||

30. dene yèn sira wus sêpuh | mêmangan dèn anastiti | wajib uga ngrêksa badan | basa ingaran nastiti | sabarang kang dera pangan | aja sêpi ngeling-eling ||

31. enak lan kapenakipun | mring badan kang makolèhi | lêgane maring padharan | padhange anêningali | lêga sêsêge mring napas | marang otot kulit daging ||

32. sapuluh enak kalamun | mring badan lan makolèhi | ora wurung dadi wisa | wisa marang kulit daging |

--- 35 ---

sanadyan makolèhana | yèn kaduk tan wun nglarani ||

33. jêjodhon panganan iku | mring badan sawiji-wiji | tan kêna môngka pinêksa | wanuhe wong siji-siji | ywa ngandêl têtiron sira | cobanên badan pribadi ||

34. bôngsa jodhon tunggalipun | sêdhêp gigu gila sami | bosên kangên pêpadhanya | kaya rasaning woh ranti | pokak miwah pareayam | kang doyan sêdhêp ngarani ||

35. lumrahe pait satuhu | gila ulêr lintah luwing | ana kang janma tan gila | gigu mangan lintah prêcil | tan gigu lamun wong Cina | bosên kangên padha ugi ||

36. kang sêngit bosên ranipun | kang sênêng kangên rannèki | iku tunggal kasênêngan | tan kêna winor kang janmi | yèku wikaning pangrasa | ing janma sawiji-wiji ||

37. pae lan rasa satuhu | yèn lêgi wus lumrah lêgi | sêdhêp asin lumrah padha | kang ngarani pêdhês asin | yèku rasa lan pangrasa | yèn mungguh maring abukti ||

38. jêjodhon iku ranipun | aja maido wong bukti | kèju puhan lan martega | yèn wong agung pèni-pèni | yèn wong desa lumrah mutah | kawangwang rasane amis ||

39. dèn imbara ping salikur | sayêkti lampu nglayoni | yèn mung mutah awat-awat | iku jodhon tunggalnèki | marmane angrêksa badan | aywa sêpi ngati-ati ||

40. pan [pa...]

--- 36 ---

[...n] tômba jajanmu |Kurang dua suku kata: apan tômba ajêjamu. samakna pangrèhirèki | angur pisan ingkang sarpa | karuhane mrayitnani | bali kwasane mêmangan | tan wruh sangkaning nyakiti ||

41. pae lan wisaning apyun | sabên kaduk bilaèni | adat nyawane tan lana | nging wus padha dèn tekadi | beda yèn sapantêsira | atêgên maring pakarti ||

42. abêtah wungu ing dalu | gumrining kinarya mikir | abêcik apyun cakira | pae lan wuruning awis | dayane mung gumyak-gumyak | yèn wus gêndhêng agêgêndhing ||

43. gêndhèng gandhang anggêgêndhung | gêndhunge datanpa dhong-dhing | sêdhêng-sêdhêng pangrasanya | alane wong minum awis | nging maksih kêna ingalap | lungsurane yèn wus mari ||

44. pinêksa cinêgah tuhu | tan nglarani tan matèni | pae lungsuran anjalang | sudra papa kawlasasih | prakara laba wanita | wus kawangwang nguni-uni ||

45. mring glis rêmak balung sungsum | otot gêtih kulit daging | suda pangrungu paningal | yèn nuju wanita bêcik | yèn katlanjur ronggèng jalang | yèku ingkang bêbayani ||

46. ri tungkap mêtu baruntung | konthol bêdhêl kawêt sêbit | grana ceda netra wuta | kulit busik kuping tuli | apindha wisaning sarpa | sing katêmpuh tanna pilih ||

47. mring wadhuk bêdhahkên kêmpung | punika kang bilaèni | yèn nrajang sungsum [sungsu...]

--- 37 ---

[...m] myang tulang | suku apus cêndhak sisih | mring daging umês naratas | mring dubur dadi ambèi ||

48. yèku panunggilanipun | mêmangan tan ngati-ati | daya-daya mupung ana | dupèh enak sukèng galih | iku lamun cinêgaha | jêr nora nglapa plupani ||

49. nuruti budi dalarung | badane kang kèsi-èsi | pae baksana linawan | yêkti sêbit barang kardi | marmane dipun prayitna | wong tuwa barang binukti ||

50. paene wong anom iku | mêntala barang binukti | yèn lara gampang tinamban | sabab lara trape kalis | lêlara yèn mring wong tuwa | karakêt patrape kêlit ||

51. marmane tômba tan ampuh | kalah kuwating panarik | badan tuwa sarwa gonggang | dadya kèh wismaning sakit | marmane barang pinangan | sarat yitna ngati-ati ||

52. wong anom utamanipun | yèn milua ngati-ati | saya prayogane pisan | saya kalis ing sêsakit | pantêse umure dawa | pae lan kang isi sakit ||

53. kaya ta anginum jêruk | lan warangan pasthi sakit | yèn kaduk asring palastra | mangkana pêpadhanèki | niyat jamu niyat tômba | yèn salah dadi sêsakit ||

54. lêlara yèn wus kapasuk | ing badan nadyan tan sakit | tan krasa yèn isi lara | môngka

--- 38 ---

ana kang binukti | tan jodho lawan kang mangan | iku môngka dadi kanthi ||

55. kanthine lara kang masuk | nuli kambon kang binukti | krodha mangkrak kang lêlara | lir obat kadumuk ngapi | angrusakakên sarira | yèn badan wus isi sakit ||

56. kaya gudhig miwah wudun | korèng canthêng kadhas kudhis | pinanganan kacang miwah | êndhog lawan iwak pitik | kaya ngapa rasanira | apa wuwuh apa mari ||

57. yêkti rasane kang mau | wus lara nging nomaratinora mati. | nahan duk kalêbon kacang | kruma krura bêk salêmbi | kang duwe mala glasaran | kaparêng barêbês mili ||

58. tuwas lara tatu wuwuh | iku istingangkahnèki | nanging ta wallahu alam | mung Allah kang ngudanèni | supkana wa owa ala |subkanahu wa tangala. dasih darma anglakoni ||

59. wus titi tita tinutur | tata têtela linuri | nglêluri kang nora larat | linarut nurat-nurati | nuruti kata tan tama | tumama ènging. siswa siwi ||

Tamat.