Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sabda Utama, Natarata, 1927, #746

Katalog:Sabda Utama, Natarata, 1927, #746
Sambung:-

Sêrat Sabda Utama

Amarsita ingkang kabasakakên: rahsa luhung = maol kayat = banyu urip = tirta kamandhanu = lata maosada = Hyang Pramana

Karanganipun suwargi sang misuwur: R.P. Natarata, inggih Sasrawijaya, ing Pakualaman, priyantun ingkang angêmatakên dhatêng ngèlmi kasampurnan, saha gurunipun para ingkang ambudi dhatêng kasunyatan.

2e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM"

SOLO 1927

--- [2] ---

Sêrat Sabda Utama

Amarsita ingkang kabasakakên: rahsa luhung = maol kayat = banyu urip = tirta kamandhanu = lata maosada = Hyang Pramana.

Karanganipun suwargi sang misuwur: R.P. Natarata, inggih Sasrawijaya, ing Pakualaman, priyantun ingkang angêmatakên dhatêng ngèlmi kasampurnan, saha gurunipun para ingkang ambudi dhatêng kasunyatan.

2e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM"

SOLO 1927

--- [3] ---

1. Pangkur

1. mungkur ing rèh kasusilan | sruning sêdya dènira hyun ngêngirib | lêkasing sarjana kang wus | sampat saliring basa | sawasitèng srat kawi kawi kawêngku | tan kewran mamrih ukara | mamardu mardawèng gêndhing ||

2. mèt mêmanis manuhara | arsayèng tyasira kang murwèng tulis | tan pisan lêbdèng pangawruh | têka hyun tumulada | sarjana kang putus pangolahing têmbung | upama lintang sumêdya | mêmindha pratônggapati ||

3. kêpati alunjak-lunjak | cebol nêdyanggayuh lintang upami | nanging tumuwuh ing kalbu | rasa cipta mangkana | kaya-kaya tan yogya lamun linantur | prayogane kapintêran | ginayuh saka sathithik ||

4. sanadyan para bijaksa | kang wus kontap konus ing uni-uni | pintêr wit saka balilu | sabên dina mèt warah | lawas-lawas kabuka wênganing kalbu | nimpuna ing saniskara | karan sarjana linuwih ||

5. nihan kang pinurwèng gita |

--- 4 ---

ing parasdya kinarya mardi siwi | rare ingkang mudha punggung | tan wrin ing suba sita | murang ing rèh susilarjaning tumuwuh | tuwuha grahitaning tyas | tumular sudarsanadi ||

6. mangkana bêbukanira | kawruhana anggèr tataning urip | manungsa wênang anggayuh | kamulyaning jiwangga | nanging nora gampang kèh isaratipun | gêgêlêngane kewala | yèku sarjananing budi ||

7. nanging sarèhne tan gampang | yèn kêlantur tan kêlakon tumuli | mulane yèn mungguh ingsun | prayoga linakonan | ingkang nora kongsi rêkasa ing kalbu | yèn têmên-têmên ing sêdya | pasthi Allah nyêmbadani ||

8. ywa kanthi pangôngsa-ôngsa | bêbasane manut marang ijajil | jatining ijajil iku | budi angkara murka | mungkir marang sarak sarengating Rasul | rusuh tan wrin batal karam | karêm mring panggawe juti ||

9. beda lan budi widagda | datan pisan tumuwuh kang tan yukti | mung ayêm santosa hayu | mêmayu kayumanan | nora mokal wênang inganggêp satuhu | pakoning budi widagda | atas dhawuhing Hyang Widhi ||

10. ananging sakaronira | nora liya darbèkira pribadi | ala yogya bênêr luput | saka tyasmu priyôngga | kawruh iku dadi kanthining budyayu | nyirêp budyangkara murka | nyêgah karêp kang tan yukti ||

11. sun kosok bali kewala | yèn wong kang wus [wu...]

--- 5 ---

[...s] kanut ardaning budi | angimpun sakèhing kawruh | wêruh ing ala yogya | nanging dadi kanthining budi tan ayu | nyirnakkên budi raharja | ngajak mring panggawe juti ||

12. bênêr kyai guruningwang | jare jroning dhiri manungsa iki | ênggon sampurnaning wujud | ana gusti kawula | kadim kudus ala bêcik bênêr luput | suwarga lawan naraka | kabèh kawêngku ing dhiri ||

13. sun tuturi sawatara | dimèn dadi dêdalaning pambudi | pikirên daliling usul | surasane mangkana | sapa kang wruh kaananing angganipun | yèn sipat kawadis rusak | yêkti wruh marang Hyang Widhi ||

14. kadim langgêng ananira | luwih wajib ngawruhana bab iki | wruhanta manungsa iku | têtela saka Ngadam | kang wus pirang kêthi pirang yuta taun | yèku kang ingaran Ngadam | makdum ajali abadi ||

15. iku basaning wong Arab | têmbung Jawa ingaran sunya ruri | suwung wangwung têgêsipun | tan wiwit tan wêkasan | parandene manungsa bisa maujud | kadadean saka apa | lan sapa iku kang kardi ||

16. sarta lan piranti apa | dene bisa dadi sarwa miranti | sinung budaya linuhung | mangka dening tumitah | sun jarwani kulup sakuwasaningsun | yèn sira sinung caksana | pasthi yèn bisa nampani ||

17. saksine tyasmu priyôngga | nalikane sira duk maksih bayi | tumitah ing jaman [jama...]

--- 6 ---

[...n] suwung | tôndha tan wruh sabarang | dupi dungkap umur sawatara taun | tan wikan kamulanira | wus nêmu gumlaring bumi ||

18. wikan saliring kaanan | angarani sèsining bumi langit | nêmu badanmu sakojur | karanane mangkana | darbe prabot môngka pangupayèng kawruh | yèku pôncadriyanira | kadayanira linuwih ||

19. paningal tuwin pamyarsa | myang panggônda pangucap darbe pamrih | ngawruhi kang durung wêruh | ngalap kawruhing liyan | katampan ing netra karna grana tutuk | umanjing mring tyas pranawa | dadya angên-angên budi ||

20. tan katara pisan-pisan | lamun kisèn kawruh saka sathithik | sabên dina tansah wuwuh | wêwarah saka ing lyan | yêkti datan kêni mungkira wong iku | sangkaning kawignyanira | saka sapadhaning urip ||

21. wit dayaning pôncadriya | netra karna tutuk granèku dadi | pacangkraman rahsa luhung | ing kawruh Arab karan | maol kayat banyu urip têgêsipun | wujud wêning maya-maya | lir bun kasuluh ing rawi ||

22. mijil saking sulur wrêksa | aran wrêksa sajratul makripati | têgêse têlênging kawruh | yèn ing jaman kabudan | maol kayat karan tirta kamandhanu | dene sajratul makripat | yèku lata maosadi ||

23. kasêbut ing sastra wedha | duk ing jaman kadewatan ing nguni | tirta marta kamandhanu | myang

--- 7 ---

lata maosada | iku dadya panguripaning tumuwuh | karoneku jatinira | tunggal kaanan sawiji ||

24. dene aran maosada | iku têmbung kawi warnine kaki | maha luwih têgêsipun | kaprah têmbung usada | lire tômba sapamulasaranipun | kang mamrih sirnaning roga | yèku kang aran usadi ||

25. wênang kiniyas mangkana | kang nartani kadayaning usadi | wong lara upamanipun | nadyan dèn tambanana | lamun maosada tirta kamandhanu | wus datan karsa cangkrama | pasthi yèn datanpa kardi ||

26. wasitaning Niti Sastra | duk ing jaman kartayoga ing nguni | inganggêp Pangran satuhu | kasêbut Hyang Pramana | iya iku kang murba misesèng tuwuh | dene pasênêtanira | ana ing kêkulung ati ||

27. nanging kang wus sah mupakat | panggonaning pramana witing urip | ing utêk sajatinipun | ananing pôncadriya | manjing mijil ing napas kêtêking jantung | mratani sranduning angga | wit saking utêk sakalir ||

28. satêngah kaol pandhita | nuduhakên ing bab kang ngajak guling | ngajak urip ngajak maut | yèku Sang Hyang Pramana | iya maol kayat lir kang wus kasêbut | murba wisesa jiwangga | êmbananing sukma jati ||

29. dene dat ingkang sanyata | nora adoh lan kaananing dhiri | têtêping sipat rong puluh | anglimputi sajagad | angganingsun lir mina [mi...]

--- 8 ---

[...na] upaminipun | anèng sajroning samodra | kalimputan dening warih ||

30. kang dhihin tanpa wiwitan | tan wêkasan tan kêna owah gingsir | tan ana misiling wujud | jumênêng tanpa krana | wujud tunggal sawiji kaananipun | dat sipat asma apngalnya | nora kêna dèn parinci ||

31. kang luwih saking kuwasa | kuwasane nora nganggo piranti | kang karsa tanpa rinêmbug | pasthi kalakonira | kang mikani sakrêntêking dhadhanipun | tan kalawan budi akal | tan nganggo dèn eling-eling ||

32. kang urip salawasira | tanpa nyawa mung uripe pribadi | luwih pamiyarsanipun | nora kalawan karna | tan kalawan netra ing pandulunipun | tanpa tutuk yèn ngandika | ngagêm kalamnya pribadi ||

33. sipating Hyang kalih dasa | nênêm ingkang tangaluk ing dumadi | muradin têmbung tangaluk | yèku pamrihing sipat | mamrih marang ing prakara liyan iku | sawuse jumênêng ing dat | kaananira pribadi ||

34. kaya ta kodrat kuwasa | tangaluke mamrih anguwasani | dene iradat karsèku | ngarsakkên pamrihira | ngèlmu kawruh angawruhi pamrihipun | samak basar kalam uga | kadi kang wus dèn jarwani ||

35. dene sipat khayu nora | darbe pamrih marang sawiji-wiji | kajarwa ing kitab iku | kang nêtêpkên kaanan | panunggaling sipating Allah rong puluh | kagêlêng

--- 9 ---

dadya sajuga | kang ngêsahakên sakalir ||

36. rong puluh riningkês dadya | catur sipat dhihin napsiah kaki | mungguhing kakekatipun | tingkah kang têtêp ing dat | nora krana pinakrana ananipun | nora sangkan nora paran | têtêp langgêng ngenal yakin ||

37. karone sipat salbiyah | tan lyan saking sipating dat sajati | tuduhing kakekat kusus | iku jatining tingkah | kang nganyarkên anulak sakèhing wujud | kang nyênyawuh amêmadha | ing dat kang pêrsipat kadim ||

38. mangani katêlunira | kakekate ingkang aran mangani | sakabèhing sipat iku | ingkang jumênêng ing dat | nora owah nut salanggênging datipun | nora krana pinakrana | nora kasatmatèng lair ||

39. kapatira maknawiyah | yèku sipat kang glèthèk pêthèl kèksi | kusus ing kakekatipun | tingkah kang têtêp ing dat | lawan krana pinakrana nyatanipun | têtêp nut salanggênging dat | nora kêna owah gingsir ||

40. yèn durung mangrêti sira | sarèhêna ing tyas sira ywa kongsi | kasêrêng ing pambudimu | dhihin angawruhana | kukum ngakal wajib wênang mokal iku | gêdhe ing paedahira | dadi dêdamaring budi ||

41. dene jarwane mangkana | dhihin ingkang ingaran wujud wajib | iku kang sah ing akalmu | nora sah ngadamira | lamun ana [a...]

--- 10 ---

[...na] wujud sah inganggêp wujud | uga sah inganggêp ngadam | yèku aran wujud jais ||

42. basa jais wujud wênang | dene ingkang dèn arani mustakil | mokal yèn wardining têmbung | lamun ana kaanan | kang nora sah ing akal inganggêp wujud | môngka sah inganggêp ngadam | yaiku wujud mustakil ||

43. ana manèh kawruhana | uga dadi prabot pamardi budi | sakèhing carita iku | kabage tri prakara | dhihin kalam dalalah kapindho kulup | ingaranan kalam kabar | kalam ngibarat kaping tri ||

44. têgêse kalam dalalah | iku sabda pituduhing Hyang Widhi | lumantar saking pra Rusul | ingsun cêkak kewala | carita kang wajib inganggêp satuhu | tan kurang pasaksènira | karasa mungguh ing ati ||

45. kapindho kang aran kabar | carita kang kêna inganggêp yêkti | lan inganggêp gorohipun | ingkang kaping tri ana | caritane ing kuna wong bisa mabur | yèku kang aran ngibarat | mokal yèn anaa yêkti ||

46. dene yèn ana carita | nyêbal saka têlung prakara iki | nglêngkara arane kulup | wêkas-wêkasanira | marma wajib wong urip marsudi kawruh | supaya ngên-angênira | jumênêng guru sajati ||

47. putus ing duga prayoga | bangkit mardi badanira pribadi | dene badan dèn umèstu | marang budi widagda | wus sun [su...]

--- 11 ---

[...n] jèrèng kasêbut ing dhuwur mau | pakoning budi widagda | atas dhawuhing Hyang Widhi ||

48. wis kulup warsitaningwang | mungguhing tyasira upama wiji | mung pangupakaranipun | ywa kongsi kêkurangan | kadhang bisa tuwuh awoh nuli ngundhuh | pinangan enak rasanya | mangkono wong mardi budi ||

49. hèh ta para siswa mudha | kang sumêdya mamrih sarjanèng budi | yogya sapakolèhipun | mamardia wardaya | lah wêngakna pintu dêdalaning kawruh | lire angên-angênira | tunggalna ing netra karni ||

50. ing grana myang tutukira | ana rupa rêrupan dèn kaèksi | ana swara dèn karungu | gônda-gônda kagônda | ing sad rasa dèn wrin manis paitipun | impunên jroning wardaya | kumbahên ing tirta wêning ||

51. yèku tyasmu kang nirmala | lêbokêna ing wadhah cupu manik | asthagina têgêsipun | eling tan kêna klepyan | singgahêna prasada kamoting kalbu | dèn kukuh pangancingira | yèku santosaning budi ||

52. palastha wuryaning gita | pinèngêtan duk kalanya tinulis | ping tri wêlas sasi Mulud | pawukon nuju bala | môngsa kasa lambangnya langkir lumaku | côndrasangkalaning warsa | sirna tri wisaning dhiri ||Sengkalan: sirna tri wisaning dhiri (13 Mulud 1830 A.J., 11 Juli 1900 A.D.).

--- [0] ---

Tirta kamandhanu = lata maosada

53. kasêbut ing sastra wedha | duk ing jaman kadewatan ing nguni | tirta marta kamandhanu | myang lata maosada | iku dadya panguripaning tumuwuh | karonèku jatinira | tunggal kaanan sawiji ||

54. dene aran maosada | iku têmbung kawi wardine kaki | maha luwih têgêsipun | kaprah têmbung usada | lire tômba sapamulasaranipun | kang mamrih sirnaning roga | yèku kang aran usadi ||

55. wênang kiniyas mangkana | kang nartani kadayaning usadi | wong lara upamanipun | nadyan dèn tambanana | lamun maosada tirta kamandhanu | wus datan karsa cangkrama | pasthi yèn datanpa kardi ||