Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mas Jênthu Inggih Mas Ngantèn, Jayadiningrat I, 1922, #791

Katalog:Mas Jênthu Inggih Mas Ngantèn, Jayadiningrat I, 1922, #791
Sambung:-

MASNGANTEN

Sêrat Mas Jênthu Inggih Mas Ngantèn

Karanganipun suwargi Radèn Mas Arya Jayadiningrat ingkang kaping: 1, abdi dalêm bupati nayaka kaparak kiwa, mantu dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 4 ing Surakarta.

Kaêcap ingkang kaping kalih

Kawêdalakên dening Radèn Tumênggung Jayadiningrat, abdi dalêm wadana karaton ing Surakarta, kalêrês buyutipun swargi Radèn Mas Arya Jayadiningrat wau.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan N.V. ALBERT RUSCHE & Co, Surakarta, 1922.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

MASNGANTEN

Sêrat Mas Jênthu Inggih Mas Ngantèn

Karanganipun suwargi Radèn Mas Arya Jayadiningrat ingkang kaping 1, abdi dalêm bupati nayaka kaparak kiwa, mantu dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 4 ing Surakarta.

Kawêdalakên dening Radèn Tumênggung Jayadiningrat, abdi dalêm wadana karaton ing Surakarta, kalêrês buyutipun swargi Radèn Mas Arya Jayadiningrat wau.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan N.V. ALBERT RUSCHE & Co, Surakarta, 1922.

--- 1 ---

Mas Ngantèn

1. Dhandhanggula

1. rame dadèkkên unining Alip | Tumpak Kulawu wulan Mukaram | ingkang môngka wasitane | wong anom nèng praja gung | aywa kurang ing tatakrami | sewaka nitipraja | yèn kongang dipun nut | supaya adoh ing nistha | aywa pêgat ing siyang kalawan ratri | têtakon têtirona ||

2. anênacad agêng nistha malih | wong nora wruh tatrap tatakrama | pratingkahing kapriyayèn | sêlak jinunjung lungguh | isin tanya dupi wus singgih | pantêse yèn busana | kampuh sidaluhur | ana ciyute nging cêndhak | samparane kang kiwa nora nasabi | marang kêkempolira ||

3. cincingane tibèng wêntis kering | paningsête renda gêbyar-gêbyar | luwih sing kêpuh koncère | pangasihe anjaprut | calanane cingkrang tur nglinthing | sikêpan cupêt sêsak | baludru wus kluwuk | bênik dinar sakêmlaka | kotang mangkak bênik jôngga mung kêkalih | ginanthèt lawan tampar ||

4. kuluk logro ginanjêl ing suri | tali rambut mèh praptèng unyêngan | tur lawe [la...]

--- 2 ---

[...we] putih pantêse | talining ulês cupu | pratandhane jêmbul mung sisih | kuluke sêsêlangan | nyamate sapasung | curiga pêndhoke dinar | bot sêkati mêndhake ijo garipis | pêsi sinêrêt rema ||

5. rêmbyang-rêmbyang rambute kaèksi | ukiran putih èsmu kèh babak | cara Yugya warangkane | dadak ukiran bêngkuk | gônja abang ganjêle kèksi | dhasar wrôngka bagoran | ginanjêl ing janur | sêmbada lan turangganya | gêng aluhur andhêmane mung sajênthik | ulêse janjan ampal ||

6. gulu panggêl iga-iga kèksi | suri panjang tur nora ginuyang | gubras talethong lêmpènge | sukune kadya kêlut | dhêngkul dhêngklang tracak tan kèksi | buntut barindhil sangar | kèh mêtu rahipun | sinawang saking kadohan | kadi dhawuk megantara ulêsnèki | yêktine tan mangkana ||

7. kang katon dhawuk wulu barindhil | labêt sangar konthole sasêta | kuncung nasabi bungure | sêmbada kambilipun | mêntas tuku sangkêlat abrit | kolèk samaja-maja | wangkonge sasumbul | kadhal pradane wus minggat | gêgayaman kang sasisih kudhup turi | èbège sêsêlingan ||

8. sungging bundhas lulange ngalinthing | kêndho sisih langkunge katingal | siladan talining èbèg | larap sêsak kadulu | kêkapane saking ing wuri | godhège gêgêrangan | cupêt [cupê...]

--- 3 ---

[...t] moncènipun | anaiyèng kêndhalinya | tur mèh nglêpèh mung têtiga gêlangnèki | kinarung tali timba ||

9. kuda ngantuk rinubung ing rêngit | ilu mulur lir kuda mutah rah | turuhe ingkang taiyèng | ilêre mulur-mulur | datan pêgat mèh praptèng siti | lalêr anglèng suluhan | anggamêng kadulu | gabêr gèbèg lagi nora | ki mas dêmang nyandhak wêdhung sinangkêlit | nulya nyengklak turôngga ||

10. ki mas dêmang wus budhal anangkil | ginarêbêg pra dêmang atusan | wimbuh arikuh solahe | lungguhe angêdhungkrung | tangan kalih apus nyêkêli | kang têngên anèng ngandhap | saya wuwuh rikuh | sikute amêngkap-mêngkap | mring kang arung angajak rikat sathithik | anggêbrag turut marga ||

11. kiwa têngên gamêle nyakêti | pucuking kêndharat pêngarungan | tangan sasisih gêgèwèng | godhèg sinurung maju | kongsi mulur guluning wajik | tan môntra yèn rikata | èbèg ting kalêbrug | kapêdhak kiwa têngênnya | ambithèni marang angganing turanggi | kagyat ingkang kapapag ||

12. manggut-manggut wangkong tibèng cêthik | kêkadhale tarung kadya kêprak | nèng dhêngkul apus gulune | sônggawêdhi tan gaduk | labêt sêsak larape jêngking | angising turut marga | tan kobêr lumaku | talethonge garing abang | tur sathithik salong jamurên katawis | ujare lêmu anyar ||

13. nglisik saka lamun dèn cêmêthi |

--- 4 ---

panujune praptèng têngah pasar | dumadak kirig kudane | kêndhaline marucut | kuluk rigol curiga kengis | ganjêle ting salêbar | sônggawêdhi runtuh | gamêle ulêng lan jaran | pêndhok modot gônja mingêr saking pêsi | curigane katingal ||

14. kadi golok katingal sing têbih | sabab wadidange sirna ilang | dadak wuwuh kêbo dhèndhèng | kêmbang kacange pruthul | duk pinêthak kasêlak Kêmis | tan kobêr winarangan | dhêdhak mabul-mabul | rasukan sêsak tan bisa | ngingêr kêris pamayunge anulungi | kalawan tangan kiwa ||

15. kuluk tibèng lincak wus dèn ambil | mring kang dhasar mas dêmang tan arsa | anampani rikuh tyase | bok nglêpèh kang kêndhangsul | têka kukuh gone gêgêgi | mung manglung jangganira | kinon masang kuluk | ni jagal nurut kewala | tangan kiwa kang têngên akuthah gêtih | amèncèng patrapira ||

16. kuwanuhane ngaruh-aruhi | adhuh kakang arsa maring paran | sumêngguh gaip saure | mila yayi kasusu | datan kobêr nèng wisma mami | lagya mantuk sakêdhap | nuntên wontên nusul | upas têtiga sêkawan | angenggalkên tinimbalan ing notaris | yayi damêl kawula ||

17. sayêktine amung anjênêngi | wong galidhig andhudhuk kêstalan | ngaku mring tuwan residhèn | bobat kados satuhu | pratingkahe kusumèng dèsi | yèku janma sêsêngkan | tan wruh nisthanipun |

--- 5 ---

ana nistha malih kocap | wong gumisa paitan dora tan isin | pangrasane wirangan ||

18. mangkas-mangkas ulate katawis | tur gumaib nèng têngah pakehan | amegas-megos lungguhe | anjêgrêg mungut-mungut | ewan atèn yèn nêningali | lamun dulu manungsa | katon sakêtêpu | tan ana wong kabênêran | kang aduwe wisma nyêlak dènnya linggih | lan para pinituwa ||

19. paman uwa kakang nyêlak ngriki | amanggihi pun kakang mas dêmang | wus tata kupêng lungguhe | ana kang gunêm wuku | na môngsa nujum prasami |Kurang satu suku kata: ana môngsa nujum prasami. pandangon padêdewan | ana gigis jagur | ana jabang paringkêlan | taliwangke pôncasuda miwah malih | ringkêl si walataba ||

20. kakang êmas dêmang kadipundi | mênggah wuku paran karsanira | amengo bêkus saure | gunêm punapa niku | ambakipun kula puniki | wuku côndra sangkala | tur sagêd satuhu | nging datan rêmên manira | botên langkung etang wau mung satunggil | lah dika jawab napa ||

21. sami jinawab anganan ngering | datan ana kang pêthuk pêthèknya | iladuni nora kangge | ngungsêt patakonipun | pijêr bêkuh agodhag-gadhig | èdhèg wêntise kiwa | ngêlus-êlus janggut | wuwuse milèngong jarwa | satuhune kula ajrih mring sang aji | dhuh yayi kêdhik edhang ||

22. kula anèh yayi dados janmi | nadyan wuku miwah pôncasuda |

--- 6 ---

gadhahan kula pan sanès | pun adhi mênggah wuku | wiwitipun wuku punapi | kakang wiwit ing Sinta | Dite Paingipun | nuntên Landêp Wage Akat | lah pun kakang ing wuku wiwit punapi | gih yayi wiwit Sinta ||

23. nanging wiwit Sinta Gara Kasih | Rêbonipun tampining pangluwar | kang takon katon èsême | ki tamu têka rikuh | wau mula kula tuturi | yèn seje lan wong kathah | Ki Wisma angrapu | inggih kakang kula nular | ing ngèlminta kula badhe atêtèki | malar dados wasiyat ||

24. wiyosanipun kakang punapi | dintên wulan taun pawindonnya | agancang malês têtakèn | wangsul dika puniku | punapa ta klairannèki | dina taun windunya | kula nuju wuku | ing dina Pon Môndhasiya | Tungle Aryang Kunthara ing taun Alip | sangkala sirah tiga ||

25. tanpa tênggak lah kakang punapi | kula adhi ing wuku jujudan | môngsa gaga kathah garèng | anuju ringkêl satru | kèdhêp marang sasami-sami | nuju gêlis dangunya | ambyah taunipun | marêngi windu prakosa | apan sami ing dintên Anggara Kasih | dewane Sang Hyang Wênang ||

26. windu prakosa watêke nênggih | datan kasor samining manungsa | taun ambyah ungsum kabèh | sabarang samya ungsum | Sang Hyang Wênang awas ing wangsit | wêruh durung winarah | ing sangkalanipun | nglêrêsi sirah sawêlas | tênggak satus wêtêng kalih atus [a...]

--- 7 ---

[...tus] siki- | lipun mung kalih dasa ||

27. sarêng sumyak kang miyarsa sami | kenthol nêpsu mundur palarasan | iku kanisthan rupane | kasusu dir lan lêngus | sungkan tanya prasane isin | wêkasan nunjang-nunjang | nisthane angumbruk | marmane bêcik kang bisa | takon tiron panggawe lumrah pinardi | wong anom ywa sungkanan ||

2. Sinom

1. ana pratingkah satunggal | kanisthan kang cèkli-cèkli | nisthane dadi sinoman | wong duwe gawe pan lagi | wong kang nêdhêng birai | sandhangan tênaga wuwus | nêrèthèk anyênyêlang | kang pinrih tigang prakawis | arêkasa nyênyêlang lêt sangang dina ||

2. kapengin kèdhêp paprentah | lan panèn ulam pawèstri | lan têlêse jangganira | sayêkti ingkang pinurih | sawuse dèn pasrahi | dandanan patehan gêndul | wus wiwit atênaga | kaya lodok mlêbu mijil | nora liya rêmbuge gawe prayoga ||

3. akêsêl tyase Ki Wisma | tan kobêr mungkur jinawil | kula anyuwun parentah | mênggah patrapipun larih | ing mangke kadipundi | karsa sampeyan anayub | Ki Wisma têka pugal | nora noyab-nayub mami | yèn botêna kaping pintên mantu paman ||

4. rumiyin rayi andika | ing pagandhekan miyarsi | prayogine tinimbalan | Ki Wisma rada mêthithil | nora ngundangi mami | têka mênênga sirèku | nulya paring [pa...]

--- 8 ---

[...ring] panganan | tambuh solahe pakarti | wiwit muni gamêlan wayahe asar ||

5. Mas Ngantèn ngrasuk busana | meretane wus malirit | kêmbangan sungsun sadasa | kaya kluwung obar-abir | cêcundhuk asasumping | agêgombyok sêkar dhuwung | pêpilis paras imba | kêlambine sungsun katri | karang mêlok sakêcèr munggèng ing sirah ||

6. akêkêndhit usap tangan | akalung gendhong anyangking | tinalèkkên anèng sirah | esthane lara jêjiling | srêbèt sisih arloji | gêbyar-gêbyar arcisipun | ngadêg leyangan saka | nèng gêdhong patehan cincing | saparane kang duwe wisma winulat ||

7. kang siji kêpala wedang | kaprênah nak-sanaknèki | pantês umur kawan dasa | mêthekal jênthu tur burik | sabuke watês cêthik | brewa-brewo tanpa dhuwung | ikête modang anyar | akêndho watêsing alis | tanpa klambi cincing saruwale mêmplak ||

8. mung kalung srêbèt satunggal | ngalor ngidul murang-muring | pantêse lami tan nendra | labête abêtah pèi | gèsèh lan ingkang rayi | Mas Ngantèn wau yèn dulu | marang kang duwe wisma | mung nolih anêningali | têka-têka jingklak tumragal nglumpati jodhang ||Lebih dua suku kata: têka jingklak tumragal nglumpati jodhang.

9. nanging tan ana parentah | salah surupe pribadi | sarira eman nganggura | duk sêdhêng pra tamu prapti | ting klêthêg ting kurincing | gagap-gugup tandangipun | dèn enggal ingkang prapta | kakang [ka...]

--- 9 ---

[...kang] mas radèn ngabèi | sira tan wruh karsanane kakang êmas ||

10. wus pêpak larih gya mêdal | Mas Ngantèn dadya pangirit | ulat ringas manang-manang | cumawis èsêmirèki | nanging tan dèn aruhi | saya sora swaranipun | têka tawa minuman | saanane dèn jarwani | punapanggur janèwêr lawan madherah ||

11. kang tinawan nora gita | sêmune tan anginumi | andhosok tênaganira | tinampan cinêcêp kêdhik | wus inguyup pribadi | ngarsane kursi anganyur | wus larih nuli wedang | Mas Prawira Jênthu prapti | saking wuri ngêmpus bisik mring Ki Wisma ||

12. wusing bisik miyak-miyak | undure mlerok ing rayi | sadangunira mangkana | Mas Ngantèn kewran ing pamrih | karsa angombe wêdi | sangête wêwalêripun | kapengine kalintang | wêkasan duwèni pamrih | angon ulat ngundha gêlas solahira ||

13. mêdhit tur nyêngit Ki Wisma | arsa tan nginum kapengin | durung wanci anginuma | kudu mêtu anglarihi | yèn prênah ambênêri | adoh lan Ki Wisma nuju | wanuh kaprênah tuwa | kinêbêkan anglarihi | gêlas anggur pinèrès jênèwêrira ||

14. kang sinungan datan arsa | kakèhên dènnya ngisèni | dhuh botên kangmas punika | wilujênge ingkang rayi | badhe pangantèn inggih | sarat cinêcêpa sampun | yèn taksih rayi dika | kawula ingkang nadhahi | rada rêngu nging mêksih pinêksa-pêksa ||

--- 10 ---

15. ki tamu gêlas cinandhak | wus kinèn nguyup pribadi | wuwuse adhuh kakang mas | kang rayi dipun pêjahi | inggih kula labuhi | yèn sampeyan ingkang angsung | sukèng tyas nginum sigra | angliyêng gramèhe prapti | lah gantène kakang êmas prènèkêna ||

16. sasore tan kobêr nginang | tan awèh ingkang angampil | angranggèh anyangkrak-nyangkrak | ki dhayoh têka nglungani | sêne sêngadinèki | prandene arsa tut pungkur | kancane pra sinoman | ana kang tuwa ing pikir | ginondhelan Mas Ngantèn suwawi mêdal ||

17. sampun wanci tata meja | raka andika wus cawis | taplak pandêlar wus mêdal | Mas Ngantèn anulya mijil | enggal anyandhak dhingklik | sukune meja wus kosung | tandange agropyakan | ambênyonyor ngrêspatèni | apan pasang bèsi agêng wadhah ulam ||

18. Mas Jênthu kang mangsah pasang | arikat cakut ngêntasi | lagya mundur maring jodhang | Mas Ngantèn têka ngowahi | wêwadhah dèn ingsêri | tan ana ingkang pinuju | gantya mundur mring latar | kang raka prapta nithili | ngusap dhadha dalah dhayohe uninga ||

19. sadangunira mangkana | kongsi wanci pukul kalih | pijêr owah-ingowahan | Mas Ngantèn sansaya wani | gone aminum awis | saya gumêdêr nèng pungkur | têlèdhèke ginawa | mring inuman ngambil kursi | nora kalap tandange [tandang...]

--- 11 ---

[...e] saya lênggutan ||

20. Ki Wisma wus nyana ing tyas | nututi mêdal mring jawi | krêtêp dhuwung ingambilan | angrawus ngujar-ujari | wus pinocot ing wêngi | nora nganggo besuk-besuk | niba api kantaka | êndême nora kapati | pasang lilin gya wisuh awiwit dhahar ||

21. Mas Jênthu ingkang tumanggah | mobat-mabit nganan ngering | ana dhayoh kang watara | kumaruk nèng meja bukti | wurune sawatawis | tumrampil pangirusipun | pamandume kakehan | dlêmok cung dhayohe sisih | nora uman jangane pinèt priyôngga ||

22. tandange agaropyakan | iruse asring nyiprati | anyandhak lading tumandang | angiris mêcahkên piring | tan nêdya anawani | adangu ngiris tan antuk | kasusu sêlak arsa | cinuwol tangan kêkalih | klambinira akuthah duduhing ulam ||

23. sabên-sabên tinawanan | panjupuke tan ngumani | kongsi ngumbruk ngarsanira | anggung nguncali mring wuri | bature anampani | sarwi bèbèr kacunipun | sêmune tômpa warah | pambuntêle tata ririh | sigra nyandhak iwak sabèsine pisan ||

3. Mijil

1. mijilakên sêmur banyak bèsi | têka reyang-reyong | linorodkên marang ing bature | tumaragal bature nampani | nèng ngandhaping kursi | bèsi glis jinaluk ||

2. ewuh tyase duduh dèn uyupi | tênagane kêthoh | sêmur [sê...]

--- 12 ---

[...mur] banyak binuntêl kacune | duduh rêmbês têka kocar-kacir | dinulu rêspati | nging bandaranipun ||

3. sakêdhap-kêdhap ngajak kundhisi | anggung thothok-thothok | angêcuri gêlas tan rinèwès | pan angadêg gêlase tinanting | ngisèni pribadi | pribadi anginum ||

4. gêluyuran tan kandhêg jupuki | tandange bênyonyor | ingkang sandhing sangêt ing rikuhe | ana maning anèng meja bukti | nging rada priyayi | tan dhahar tan nginum ||

5. amung main sendhok porok lading | wowohan binacok | anèng ambêng anggung dèn cèh-êcèh | cinukit-cukit dèn iris-iris | lamun dèn tawani | mung mêrêm andhêluk ||

6. lan tangane jêbèbèh anampik | gèdhèg nora jupok | anggung kothekan lading cukite | ngampil kinang idune ngacuwis | sidhakêp kang kering | kang têngên asusur ||

7. isthane sapa wruh rèhirèki | tau mangan awor | lawan residhèn nèng meja gêdhe | tau pista sapasar kaping tri | manggung datan bukti | amung main susur ||

8. anggung imbal wacana mring wuri | jakikik gêguyon | kèh warnane kang umbag solahe | ana maning sinoman sawiji | amêndhêti kursi | kuwanuhanipun ||

9. kuwanuhane tan kêna nolih | trêngginas sumaos | mundhut punapa kangmas karsane | adhawuha marang ingkang rayi | kawula ngladosi | sayêktine iku ||

10. nora [no...]

--- 13 ---

[...ra] jaluk nora kêdhih-kêdhih | mung nolèh thok klothok | têka cumlathok nampani êtèh | punapa tèh punapa branduwin | kita mung ngenaki | jalukêna anggur ||

11. kaku tyase si calak abali | nanging ngalih ênggon | bônda tangan ngadoh ing adêge | yèku wadine arêp pribadi | dhayoh wruhing wadi | suwene tan wangsul ||

12. ana warnane sinoman malih | gawene amojok | sabên nampani angundurake | ingkang lumrah-lumrah uga nuli | marang gêdhong piring | piring glis tinumpuk ||

13. iku bagus bisa adol piring | solah kang mêngkono | ana wênèh nglorodkên putrane | ing priyayi piring bêcik-bêcik | wong nonton kinêthik | kinèn ngambil mêtu ||

14. tumrangginas pamundhute ririh | kulmake angoso | pan mulane gonmu nèng wedang tèh | kang mangisor baturing priyayi | wus mênênga dhingin | ngong ngaturi anggur ||

15. yèku lambane tindake pamrih | yêkti tan padudon | kèh solahe ing wong duwe pamrèh | wus bubaran tutug kang abukti | wus tata alinggih | tan adangu mantuk ||

16. kang ngabèi angenaki tami | para anom-anom | kang sinoman kinèn nayub kabèh | wus tinata mejane pribadi | anèng gêdhong cangkir | kang kalêngêr wau ||

17. tan sinambat wus tangi culingkrik | angambul gêguyon |

--- 14 ---

wusnya tutug rusak kêmejane | ngalih pandhapa nayub ing ratri | bêksa ganti-ganti | ana mungup-mungup ||

18. ana priyayi nonton nèng jawi | nylamur nanging nyano | anèng saka ampingan amèncèng | karang mêlok gombyok dhuwung kèksi | kalamun linirik | marang Ki Mas Jênthu ||

19. anglungani sarwi ngêlih kêris | mrih sêlute katon | saya suka kang nayub solahe | kang kumlebat sampun wangsul malih | dhumèpèl saka ing | ngèmpèr jroning tarub ||

20. ana kang gita asru ngaruhi | lo ki lurah nonton | dupi ngrungu lungane anglèwèr | saya rindhik lungane tan têbih | nora suwe bali | maju ênggonipun ||

21. wus andhèpèl anèng batur kêndhit | anèng saka goco | ingkang duwe lurah gya dhumèpèl | mring Mas Jênthu punika ningali | radèn lurah mami | katurana purun ||

22. aywa gumampang iku priyayi | yèn mung nêdya nonton | têka sira ênêngêna bae | mênèk dudu karsaningsun wêdi | adatipun inggih | dados karsanipun ||

23. pinêksa-pêksèng kathah nuruti | nanging rada ngoso | ya wis cènèngên malêbu mrene | klerehane aglis amarani | kagyat api-api | nglayang arsa mêtu ||

24. wus cinandhak astane tinarik | panarike alon | awak nglayang tumindak sukune | wus nguculkên astane kang narik | pênglayange maksih |

--- 15 ---

tindak saya maju ||

25. wus linarihan pisan ping kalih | sinambramèng kêplok | datan mawi ingatag jogète | kang duwe wisma têka nglungani | gêdhonge kinunci | wus tininggal turu ||

26. sakèh katon kinèn anglarihi | mundhut anggur gêdhong | dupi minêp aririh baline | mung sinamur sênggak dèn ramèni | niyaga wruh wadi | saya èsmu ngantuk ||

27. anggur têlas luwihan branduwin | nèng gêndul cinambor | mung punika kang linarihake | sinêngkakkên gêlas dèn kêbaki | kodal wurunèki | radèn ngrangkul ngambung ||

28. gya Gus Ngantèn nginjên anèng jawi | tansah gablog-gablog | dhadha pupune cinablèk-cablèk | pangungune kaduwung sakêthi | têmpuhing pakarti | kêtrucut barundhul ||

29. wong sadonya nora nana mirib | cuwane tyas ingong | sangang dina gon ingsun narèthèk | besuk apa paman mantu maning | besuk tan timbangi | kang anganggo sêlut ||

30. ingkang bêksa gègrèk minta larih | branduwin wus êntong | mung dèn jogi kang botol wedang tèh | saya tulèn wedang tèh kang isi | niyaga ngladosi | mung kari kang ngantuk ||

31. gamêlane kari bonang siji | kêndhang kêthuk kênong | sinulaman kang sinoman akèh | gôngsa umyang kang ngêploki gusis | lilin kari siji | jogète asêngkut ||

32. katuju bubar ringgit kapesing | lumayu mring kêbon |

--- 16 ---

dhêradhasan ki radèn undure | nora nolih nora sêkul pamit | sujana matitis | nging ala kang têrus ||

4. Mêgatruh

1. ana manèh nisthane wong amêmantu | ana ta sudagar cilik | sawatara sugihipun | kapengin tata priyayi | ana mitrane winanoh ||

2. kabênêran jajar wajidan ing ngayun | asugih mitra priyayi | rewange rêmbugan mantu | alah adhi kadipundi | gon kula arsa mêmanton ||

3. inggih kakang yèn andhahar kula matur | tan kadi tata priyayi | kang raka alon amuwus | dèrèng dhèngêr kula adhi | tata pyayi kang sayêktos ||

4. uwitipun kapengin cêlak priyantun | mas wajidan anaguhi | kakang sampun tumut-tumut | yèn kakang sampun ngrojongi | sabarang dipun pitados ||

5. kang ngladosi miwah dandosan kang nyambut | ngamungna kula pribadi | ki sudagar têka nurut | mas wajidan nulya pamit | wus mubêng dènnya wêwartos ||

6. ngajak-ajak pawongmitra dènnya nyambut | dèn êbang alungguh kursi | ana dèn êbang anayub | mitrane têka dalidir | wus pêpak barang pirantos ||

7. panyilihe tan bobot lan wismanipun | utawi suruhannèki | tan tarenan ingkang mantu | atutur barang wus olih | gamêlan salendresalendro. pelog ||

8. wusnya panggih lan sudagar ingkang mantu | sakarsanira pribadi | sarta

--- 17 ---

para mitranipun | gènira badhe ngladosi | tan suwe gong reyang-reyong ||

9. adhi taksih kirang kalih wêlas dalu | gamêlan dipun usungi | sintên kang ngrêksa ing dalu | lan panggenane ing pundi | wisma sêsêk abên cocor ||

10. sampun susah kakang ingkang ngrêksèng dalu | akathah kang rayi-rayi | mila enggal kula usung | watêke Jumadilakir | akathah ingkang mêmanton ||

11. yèn tan uman sangsara ing têmahipun | kang raka têka jurungi | alêrês ing raosipun | môngsa boronga pun adhi | gih kakang pun walangatos ||

12. kula takèn adhi ingkang usung-usung | lah punika tiyang pundi | inggih kakang tiyang buruh | nuntên sampeyan paringi | kêdhik amung kawan kêtos ||

13. ni juragan duk miyarsa jêpluk-jêpluk | kakunge têka gêrêngi | bêkakas wus kinalumpuk | gamêlan wus dèn rucati | katumpuk sajroning gêdhong ||

14. nanging kakang prayogine mangke dalu | bok ayu ing sawatawis | sawawrate damêl sêkul | rayi andika kang prapti | sami kula jak ngrêksa gong ||

15. supadose abêtah mêlèk ing dalu | sampun kêdah opak-apik | mung wedang kalawan sêkul | bilih wontên sawatawis | panganan kang awon-awon ||

16. bage sèwu bilih wontên ciu-ciu | sanadyan badhèg prayogi | minôngka panggugah ngantuk |

--- 18 ---

sadhèrèk kang nuju arip | ki pêngung têka rumojong ||

17. lagi wayah mahrip dhayoh wus barubul | akathah tur pyayi-pyayi | Ki Wisma susah arikuh | mas wajidan ngancarani | lah suwawi sami lunggoh ||

18. têka rada malênggong sêsambatipun | wajidan wruh sêmunèki | Ki Wisma pinardi sampun | têtamu punika yêkti | wangsane radèn kaliwon ||

19. jêr punika amrih rukun mring sadulur | yèn kakang sagêd nywitani | sakeca sabarang laku | Ki Wisma pati bêntusi | dalu-dalu kinèn ngopor ||

20. kang pêpitu santanane dèn tumênggung | puniku kang nunggil kapti | mila kakang dalu rawuh | jêr sarêju lawan mami | saya gugup dènnya caos ||

21. mas wajidan wus bêbisik tuku krêtu | kakang klangênane pèi | wus akèn ing dalu-dalu | kurang rewang kang lumaris | tanggane dèn obyog-obyog ||

22. nora suwe wus têka kang tuku krêtu | kêmpal sami lêkas pèi | bêbisik akon baratu | mas wajidan klêsik-klêsik | Ki Wisma têka kumropyok ||

23. dhasar kêrêp sinogok anginum ciu | umbage rada kaèksi | tan rêringa ing pamuwus | marang kang duwe pakarti | sayêkti kêthèk saranggon ||

24. ana ngucap ki juragan duk karuhun | anyruwea ingkang rayi | gajêg kakang inggih sampun | Ki Pêngung têka nanduki | yèn kali taksih mangisor ||

25. lamun [lamu...]

--- 19 ---

[...n] mili punapa winêling bagus | kados kacuwan ing kapti | gampil kakang benjing pungkur | yèn lujêng lampah puniki | mêtua ta kakang mloto ||

26. yayi êmas kenthol ngantèn bagus-bagus | wangsula ing benjing-enjing | saure sami asaguh | mas wajidan amrayogi | pênêt klênengan lon-lonan ||

27. inggih pênêt pun adhi bêktaa janggrung | mas wajidan tan prayogi | bêbècèr bôndha puniku | apênêt ngamungna ringgit | ing griya sampun wontên gong ||

28. wus tinurut tan dangu niyaga brubul | Ki Wisma têtanya ririh | tiyang punapa puniku | punika niyaga sami | kakang kula jarwa yêktos ||

29. radèn lutnan bêbisik ing wingi dalu | arsa têtilik ing mami | kula murina ing kalbu | tinarka juragan kripik | tilik datan arsa lunggoh ||

30. radèn lutnan sadhèrèke dyan tumênggung | malah-malah kula dugi | kang raka ingkang angutus | jêr kula sampun kapyarsi | yèn kakang kula kang bombong ||

31. ya ta enggar sumringah Si Kaki Pêngung | lah Rubiyah dèn abêcik | sarupane saosamu | iki margane amukti | kang arsa pinarak mêngko ||

32. kakang kula pribadi ingkang amêthuk | sayêkti adhi prayogi | trangginas mangkya amêthuk | satuhune durung janji | dinadak tur ginagobyog ||

33. radèn lutnan nuwun ngapuntên satuhu | wontên kang kajat kapengin | sadhèrèk [sa...]

--- 20 ---

[...dhèrèk] kula satuhu | darbe kajat angaturi | mring paduka ajrih ewoh ||

34. tur punika kapencut kalangkung-langkung | amantu kajat ngaturi | mring radèn lutnan anayub | suwawi rahadèn prapti | tur karyane misih adoh ||

35. nindakana sapunika yèn tinayub | ing pundi paman wismèki | dhasar radèn ahli nayub | kang liningan sukèng galih | ing Butuh sabrangan Bêton ||

36. awon nganggur padhang bulan klênthang-klênthung | dawêg paman sapuniki | wus mangkat prapta ing Butuh | kinèn sumêne nèng jawi | kula mundhut pêthuk obor ||

37. krênggos-krênggos mas wajidan akèn mêthuk | kakang obor dipun gipih | linyok atur kula wau | kula pêthuk mèh kasilip | dika nabuh Kêbogiro ||

38. ting têronjol para tamu kusung-kusung | kônca mêngko sida dadi | gone rêmbug padha nayub | ting kalècêm ting kulikik | ngambil kursi masang colok ||

39. Nyai Wisma malengos asalang gumun | kapriye padone iki | durung jagongan anayub | ki sudagar manthêlêngi | wruh apa sira wong wadon ||

40. mas wajidan lir lodok malêbu mêtu | tan liya karya prayogi | Ki Wisma têka anurut | prayogine kakang bêcik | utusana nyang brang kulon ||

41. radèn lutnan jênèwêr karsananipun | dèrèng nate tumbas adhi | salamine [sa...]

--- 21 ---

[...lamine] anèng Butuh | sampun susah kang lumaris | pun gindhês kang sampun wêroh ||

42. pan tinurut sakopi dènira tuku | tan dangu anulya prapti | ambêkta kawan plès mantuk | Ki Wisma suka ningali | dene sakawan sêkêton ||

43. jinarwanan ingkang tigang plès anyambut | anjêngêr duk amiyarsi | mas wajidan wruh ing sêmu | lah kakang brêkating latri | rumêksa kula sayêktos ||

44. ya ta lêjar ki juragan manahipun | kakang inggih sawêtawis | niyaga winehan apyun | sampun kêmba angladosi | Ki Wisma têka rumojong ||

45. wusnya nginum wedang sarta lajêng kêmpyung | Ki Wisma tan bisa osik | pinarantèn ngalor ngidul | mas wajidan bisik-bisik | ing radèn lutnan wus kinon ||

46. nglarihana mring Ki Wisma wus tinurut | paman slamête putrèki | bakal pangantène iku | ki juragan sukèng galih | prapta ing ngarsa ngêdhongkrong ||

47. wus nginuman wanti-wanti kaping têlu | agiron netra turungi | ambêk nora etang-etung | bêngawan yèn taksih mili | toyane mili mangisor ||

48. sampun cuwa dhatêng pun paman satuhu | mas wajidan abêbisik | adate radèn puniku | yèn bêksa tan dèn tomboki | radi lingsêm èsmu kapok ||

49. atrangginas Ki Wisma angranggèh rajut | sinêbar ing têngah lampit | ing watara amung suku | pantêse ringgit [ringgi...]

--- 22 ---

[...t] winangsit | jinanji tan antuk tombok ||

50. mas wajidan kang duwèni tombokipun | wus ambêksa ganti-ganti | atutug panayubipun | wus dhahar bubaran sami | pan Si Pêngung kari mlongo ||

51. tan winarna ing dalu enjing winuwus | duk pangantèn arsa panggih | pra priyayi tan arawuh | kapiran kang iring-iring | kang saguh kabèh gêdobrol ||

52. pra sudagar sêmune kêmèrèn mutung | têmah mangkat ting karênthil | mas wajidan pijêr wuru | sawiyah tunggangannèki | wus mangkat nging reyah-reyoh ||

53. sapraptane ing ningkah sawontênipun | pra sudagar samya bukti | sinambi aginêm rêmbug | Ki Wisma sangêt maripih | mring têtôngga pinrih rawoh ||

54. anggrubyuga pangantèn pangarakipun | sabiyantu saguhnèki | wus bubar sore gya rawuh | ting kêrompyong ting kurincing | ting galêbyar ting calorot ||

55. watak wantu yèn sudagar lamun mantu | sarwa êmas sarwa kêling | wus mangkat pangantènipun | sarwa mubyar busana sri | pêngantène nunggang bêlo ||

56. mèh kapiran turôngga tan ana ngingu | puniku napas barindhil | rada rêngkik rada kuru | ing brang wetan nambutnèki | Kyai Kapêdhak ing Bêton ||

57. dupi prapta panambangan sami dulu | arantap suruhannèki | prasamya nyêluk pêrau | akathah tur pyayi-pyayi | para sudagar duk ano ||anon.

--- 23 ---

58. gêla tyase kasoran tanaganipun | pawartane wau enjing | wus nora nana kang rawuh | têmahan mêksa dalidir | cêngkelak samya ambolos ||

59. wus anabrang pêngantène mring parau | winotan dhayoh kang kari | mangilèn panabrangipun | tan môntra angiring-iring | ingkang grêbêg akakrompol ||

60. pra priyayi gumrudug pating palangkruk | ing kursi mangan pribadi | pamundhutane asêlur | ana ngatag gêndhing-gêndhing | ana maoni kêndhang gong ||

61. yèku ta duk sêsambène durung rawuh | tan dangu pangantèn prapti | ki tamu wus padha wuru | nora pati amarduli | gêndhing muni Kêbogiro ||

62. gêndhing pranti akurmat pêngantèn rawuh | anggêpira para tami | kancane ingkang anjaluk | ringgit tinarik manginggil | samya jèngklèk pancak githok ||

63. pêngantène kapiran duk apêpangguh | mung para batur lan èstri | kang ngupakara duk pangguh | datan kêna dèn sayuti | panayube para dhayoh ||

64. dhêdhayohe para sudagar akatur | tan uman linggih ing kursi | samya pamit kêdah mantuk | Ki Wisma dèrèng kêpanggih | ana nganti ana bolos ||

65. wusnya nayub adhahar anulya mantuk | pangantèn tan dèn tiliki | mas wajidan tansah wuru | ki sudagar ngungun sipi | sumbangan tan ana rawoh ||

66. kang tinonjok sakèhe

--- 24 ---

wong adol umuk | mas wajidan kang mrayogi | wus êntèk kêbo sapuluh | sabên bêngi akèh prapti | sumbangan tan ana katon ||

67. sinaosan bèbèke anyarwa nyatus | kajaba kang kêbo sapi | parandene nora cukup | kinurasa duwèknèki | dalah darbèke kang wadon ||

68. mas wajidan katutugan pamrihipun | suka sagung mitranèki | sabubare ponang tamu | mitrane kang cêlak nglikik | ki sudagar têka joto ||

69. ana ingkang linorodakên ing ngayun | tinata ing bangku jawi | para sinoman kang nayub | ki sudagar wurung bukti | pijêr ngladèni mring dhayoh ||

70. arsa milu mring sinoman bukti nayub | rumôngsa tamu tur isin | jajan nora nana warung | sawisma pating kulikik | kang wadon gumrêmêng misoh ||

71. tan kawuwus ing dalu warnanên esuk | mas wajidan kinèn sami | angantukkên prabotipun | gamêlan panjang myang piring | kakang tingale awèt nom ||

72. bok sêmêne sadalu ing kalih dalu | kawula anyuwawèni | pèh botên têka tinurut | botên kudu amrayogi | dene jêbule mangkono ||

73. sakèh sumbul dulur-dulur tan ajêbul | ting karêthap srêbèt putih | ting sêladhang jodhang jajug | panjang-punjung tutup saji | sampile pating gêreyong ||

74. nora reyal [reya...]

--- 25 ---

[...l] nora jampêl nora suku | kapoka wus awak mami | jinirêt wong nora urus | akèh kenthol-kenthol aji | angiwa agung anjoto ||

75. iku uga cacade wong amêmantu | dudu carane pribadi | yèn ngindhung carane ngindhung | priyayi cara priyayi | dadi anganggo paguron ||

76. wong mêmantu nora kêna nganggo guru | mung guru bôngsa priyayi | sring akèh mlaku tinurut | wong kudu suka pribadi | nora têpa susahing wong ||

77. aja kaya kawruhe Si Kaki Pêngung | sudagar cara priyayi | yêkti ngalor klawan ngidul | dudu carane pribadi | ngamungna kang wis kalakon ||

5. Pocung

1. wontên pocung pangindhung pinurwèng kidung | pamikire desa | adoh elok lan priyayi | nora wanuh tan carêm cara parentah ||

2. iku tanggung dudu desa dudu dhukuh | arsa jêjagongan | wismane rompok tur alit | papan jêmbar wismèng têngah pasuruhan ||

3. pan puniku wong ngindhung turun-tumurun | kaki buyut canggah | udhêg-udhêg gantung canthing | kaki grêpak umbul-umbul candhi rêbah ||

4. durung tau suwita ing sajêgipun | salong kalampahan | kalêbu arang galidhig | mung ing mangke Ki Cityarsa jêjagongan ||

5. wismanipun korine pan têpak sundhul | binutul kang wetan | mring ngèmpèr pawonirèki | pan sininggêt saparo kandhanging [ka...]

--- 26 ---

[...ndhanging] ayam ||

6. sênthongipun binêdhah kilèn gènipun | ingkang jinagongan | pambajêng jalu putrèki | biyung maratuwa minôngka pandhega ||

7. ninèkipun maratuwa ngiras dhukun | ngiras juru padang | juru pasar ngrêratêngi | ana siji tanggane lanang nonoman ||

8. ragi gambuh lungsuran jajar tangpuluh | kang dadi sinoman | awasta pun TêbutêkiKêbutêki. | tur sinoman ngiras tukang godhog wedang ||

9. bêbêt kluyu tur cupêt ikête wulung | apan mung sasigar | sabuk cotha tanpa kêris | rasukane pan gêblêg lorodan upas ||

10. ambènipun sadhêpa luwih sasikut | wus puput jro ngomah | wontên têksih tunggak êri | pratandhane pan kêrêp nyandhung wong liwat ||

11. jromahipun labête ngurugan awu | wingi mêntas jawah | payone tinambal upih | ting karêlap pindha sulam sirap domba ||

12. galaripun sinambêt klikaning randhu | nanging sinasaban | lampit bamban modhal-madhil | ginêlaran klasa pacar sêsêlingan ||

13. sênthongipun kori tan kêna tinutup | mung satêngah dhadha | keringnya tlawongan kêris | sunggingira kunir apu kang kinarya ||

14. ting galêbyur pêcahan kaca ingancur | sarwi ginombyokan | cindhe gêdhog warni-warni | warna-warna serehan cindhe pacinan ||

15. gêdhègipun pan sinungan ing mandêpun |

--- 27 ---

clumpring ginapitan | sinungging lisah sakêdhik | wilah wulung pan ginapit untu walang ||

16. kepangipun pojok bêdhah sêdhêng asu | tinambal kukusan | pan binêdhèl lan ginapit | gapitipun kinarya lungsuran ancak ||

17. ana mancung malang mujur korinipun | mlumah sinundukan | kêkalih iku kinardi | dêdokokan klobot nipah miwah sata ||

18. pojokipun ana sosog kering kidul | kadya patarangan | uga patarangan pitik | pan puniku dokokane maratuwa ||

19. ana wusu pagilingan miwah kapuk | pusuh lan buntêlan | kang kinarya buntêl upih | anak gêblèg pindi agêl kêkuwêlan ||

20. kajangipun ana nylêmpit jarik wulung | buntêl kacang kara | sumêlap pating karêndhil | apan wiji labuh marèng kang jinagan ||

21. upêt mancung tinunggil sêmprot ginantung | praptane katiga | myang andhungan timba upih | miwah tampar lêkêran sumlap ing suwan ||

22. ana pacul nèng nglongan sandhing lan asu | tenggok abrag-abrag | êmpon-êmpon popok mori | gêgênderan sajèn puput sapu gêrang ||

23. jarik wulung buntêlan nora ginantung | wayah bakda ngisa | dhêdhayohe salong prapti | para tôngga kewala rukunanira ||

24. siji kaum cara upas prabotipun | siji tukang [tu...]

--- 28 ---

[...kang] nyithak | kalih bakul ulam sapi | tiga tukang mèmèt nawu ing suwakan ||

25. gangsal buruh ngalap opah dhudhuk sumur | nênêm ngalap opah | mogog glugu uwit kambil | kapitune bêburuh ngumbah wêdêlan ||

26. wusnya lungguh pra tamu nèng ngambèn kêmput | diyan kalih sêsak | mung siji sinumêt kalih | calupake katela gantung sinigar ||

27. sisihipun kang kinarya dilah gantung | margi mring padangan | wus tata dènira linggih | Kyai Wisma amit ngadêg maring lawang ||

28. ngranggèh mancung têmbako klobot ginayuh | nguncalkên mring têngah | ngambèn pra tamu kang linggih | suka tyase pra tamu kang lêlênggahan ||

29. samya bêsut ing klobot pra tamu wau | Ki Wisma mèt mênyan | ngranggèh jromah pipi kori | antuk mênyan ginêrus gamane gobang ||

30. sawusipun sinaosakên ing ngayun | suka kang lênggahan | pra tamu samya ngowahi | mring rokoke sinèlèhan uwur mênyan ||

31. kyai tamu ting klêmpor prasamya udut | sinambi ginêman | anyatur uwi gêmbili | ana wênèh pan eca gènira nigan ||

32. sawusipun Ki Wisma anulya mêtu | mring kêbon suruhan | mèt suruh lawan êroning | pisang sapapah kinarya buntêl sêdhah ||

33. epokipun lungsuran bongekan jamu | jinêbol [jinêbo...]

--- 29 ---

[...l] ing têngah | pinggir papon miwah gambir | têmbakone winadhahan slêpèn pandhan ||

34. gya jinupuk marang nglongan epokipun | kacuwilan kluwak | karya papon wadhah gamping | wusnya nginang Kêbotêki lagya prapta ||

35. wedang bubuk ing kêndhil kalawan siwur | tenggok lambarannya | labêt lambe kêndhil guwing | kang kinarya lêladèn marang ngayunan ||

36. aglis wangsul ngêjogi patehanipun | lambarane dhulang | binengkok nistha pasagi | gènnya nyilang mring wong bango adol wedang ||

37. cangkiripun môncawarna ulêsipun | ana gowang-gowang | sawênèh mangkok kinardi | mêksih kurang narèthèk nyilih mring tôngga ||

38. nuju antuk mangkok agêng tuwung watu | gènira ngupaya | seje desa rada têbih | wusnya dhatêng winèhkên mring Kêbotêkya ||

39. sigra nambut Kêbotêki kêndhil lowung | wus katur mring têngah | Kêbotêki mèlu linggih | nanging sêsak mung mèngkrèng bokonge kiwa ||

40. arsa mèlu ngombe wedang cangkiripun | pan uwus cukupan | nyidhuk cangkir dèn damoni | durung ngombe ambène anulya jêplak ||

41. wedang mawut bêlabar nèng ambènipun | Kêbotêki jola | kêsokan pèk-èpèknèki | para tamu kèh muwus kinèn têtômba ||

42. kyai kaum enggal dènira anyatu | kyai tukang [tu...]

--- 30 ---

[...kang] nyithak | ênggone nguwèhi jampi | roning nôngka binakar dadi usada ||

43. kyai bakul ulam sapi gone usul | pan enggal waluya | gajihing ulam prayogi | kyai tukang mogog glugu apan jawab ||

44. saenipun têtômba blarak tinunu | pinèt awunira | tinambakkên pasthi mari | tukang nawu suwakan dènira kojah ||

45. lah ta bagus Kêbotêki ingsun tutur | bêcik tambakêna | apèka yuyu sawiji | pan gêcakên anuli kaborèhêna ||

46. kyai tukang ngalap opah dhudhuk sumur | gonira sung tômba | sayêktine nuli mari | dèn popoka balêthok têlês prayoga ||

47. tan winuwus wuwusên kang anèng salu | wus samya lênggahan | tata prasamya abukti | sêsaosanira kang adarbe wisma ||

48. sêga wuluh janganira bobor kangkung | pan saampasira | sambêl trasi lombok jêmprit | ulamipun dhêle lalap timun watang ||

49. sawusipun tutug gènira akêmbul | Kêbotêki ngangkat | bodhag lèmpèr panjang siti | pra tamunya ana udut sogok waja ||

50. wusnya udut pagunêman kawruhipun | anggunêm tanduran | wênèh gunêm kêbo sapi | ana tela lawan timun watang kara ||

51. kang rinêmbug masalah gonira nandur | ênggonira tônja | binarêng mangsanirèki | sadangunya [sa...]

--- 31 ---

[...dangunya] pan wus wanci bêdhug enjang ||

52. ya ta wau pra tamu pamitan mantuk | bubaran sadaya | asuka slamêtirèki | ring tanaya kang lagi puput pusêrnya ||

53. muga sinung kanugrahan ing Hyang Agung | dawaa ngumurnya | kalisa sabarang sakit | cinêpakna sandhang lan rêjêkinira ||

54. Kyai Citra kalangkung suka ing kalbu | muga istijapa | dongane sadhèrèk sami | anakira sun wèhi jênêng Si Karna ||

55. iku wajib uwong cilik padha niru | lakune Kang Citra | ênggone aduwe kardi | sawawrate asampe pangindhung desa ||

56. wong jagongan nganggoa sacaranipun | desa cara desa | priyayi cara priyayi | datan kêna silih-sinilih tindaknya ||

57. nadyan kêna tiniru yêkti tan mlayu | lamun sugih arta | yêkti bisa ngirib-irib | anging datan pantês ana tanah desa ||

58. mulanipun para cilik dipun emut | aywa salah cipta | gone maca layang iki | dèn prayitna aja kongsi tibèng nistha ||

59. milanipun kabèh nistha dipun catur | kinarya wêwacan | cinôndra citranirèki | kang supaya aja kongsi nêmu nistha ||

60. titi tamat kabèh ing surasanipun | kang makirtyèng surat | tru uluning parak kering | Dyan Mas Riya Jayadiningrat kapisan ||

61. palasthaning panurate gènnya nurun | marêngi tumapak | Manis gathitastha enjing | Watugunung kaping

--- 32 ---

wolu likur Sawal ||

62. nuju taun Ehe ing Sancaya windu | sangkalaning warsa | srira nêmbah ngèsthi aji |Sengkalan: srira nêmbah ngèsthi aji (28 Sawal 1828 A.J., 11 Maret 1899 A.D.). titi tamat winastan Sêrat Mas Ngantyan ||

Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]