Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bantah Kêkalih, Kramaprawira, 1872, #1515

Katalog:Bantah Kêkalih, Kramaprawira, 1872, #1515
Sambung:-

Sêrat Bantah Kêkalih

Kadamêl sarta kang ngibaratakên dening Mas Ngabèi Kramaprawira ing Madiun.

Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan G. C. T. pan Dhorêp èn Ko ing nagari Samarang, taun: 1872.

--- [0] ---

...

--- [1] ---

Sêrat Bantah Kêkalih

Kadamêl sarta kang ngibaratakên dening Mas Ngabèi Kramaprawira ing Madiun.

Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan G. C. T. pan Dhorêp èn Ko ing nagari Samarang, taun: 1872.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

Bantah kang sapisan.

Dhasar: ajar.

1. DhandhanggulaTeks asli: Sarkara.

1. wontên jêjaka kalih anunggil | yayah rena pun Basir kang tuwa | kang anom Nasir têngrane | nging yayah renanya wus | praptèng ajal duk kala maksih | alatirèng sudarma | jaka dwi ingugung | dening yayah kang krêtyasa | duk samana Basir Nasir maksih alit | ing mangke wus diwasa ||

2. apanuju ing sajuga ari | sira Basir lan Nasir umanggya | ing bapa tatinggalane | juga pustaka sêpuh | gya ingalap mring jaka kalih | binuka tinupiksa | surat ungêlipun | dhasar akalawan ajar | sutaningwang budinên dèn kongsi prapti | iku ugêring gêsang ||

3. wusnya nuksmèng tulis jêjaka dwi | dahat ngungun ing driya kamantyan | ascaryanira ing batos | wusana Basir muwus | mring arinya hèh yayi Nasir | wasiyating sudarma | mring sira lan ingsun | pasêmon kalih prakara | datan liyan mung sira kalawan mami | kang wajib nampanana ||

4. pan ing mêngko mungguh sira adhi |

--- 4 ---

ajar dhasar êndi kang sirarsa | ing pikukuh pahalane | pangagnyaning tumuwuh | inganakkên dumunyèng bumi | kang dadi panêmunta | Nasir alon muwus | kakang mênggah ing kawula | mêsthi ajar kuwat datanpa sêsiring | nglangkungi saking dhasar ||

5. sira Basir amangsuli angling | iku yayi dahat sêlayanya | lan pun kakang panêmune | mungguh panyiptaningsun | mêsthi dhasar kuwat ngluwihi | luwih saka ing ajar | wus mêsthi kadyèku | paran mungguh panêmunta | dene ajar sira rani angluwihi | kuwat saka ing dhasar ||

6. Nasir mojar ing sanetya aris | èstu kakang botên pindho karya | wus kanyatan samêloke | manusaning Hyang Agung | kang kasôngga dening pratiwi | kasongan ing akasa | kang layak pinunjul | munjuli saking jinisnya | mêsthi botên sêpên ing panggulang niti | witing prapta ing sêdya ||

7. Basir angling kasigihankasinggihan. adhi | pangucapmu tan ana salaya | nanging wêkasane rèmèh | durung bijaksèng kawruh | ing panggayuh sampurna têbih | lagi ujar kerasan | uwun budi punjul | mungguh pamanggih kadyèka | yèn kang jamak ruhuring kawruh sajati | dhasar wus tanpa timbang ||

8. dadya [da...]

--- 5 ---

[...dya] ugêr-ugêring dumadi | iya iku kodrating Pangeran | Allah iku luwih dhewe | yèn uwis angêcam kun | sapa bisa adhi ngowahi | yèku rupaning dhasar | yèn sira nora wruh | nora susah musawarat | yèn wus dhasar pinêsthi punjul sêsami | ajar tansah kawuntat ||

9. lamun ajar adhi sira rani | luwih kuwat iya saka dhasar | apa Allah wêkasane | datan kuwasa punjul | amumpuni liring dumadi | sêpi tan pisan ana | ran takdirollahu | môngka gantunganing gêsang | gunging urip mung sumendhe dening pêsthi | ing papêsthènaning Hyang ||

10. Nasir tandya amangsuli angling | ing pandugi kula tan mangkana | uripe manusa kiye | ginantungan pangawruh | dadya asor kakang mênawi | sumendhe gêsangira | lamun dèrèng putus | ing ajar tekad kang nyata | kanyatane wignya ugêring dumadi | paran sumendhe ing Hyang ||

11. lêrês ingkang ingaranan pêsthi | ulun uga tan samar ing cipta | tan lyan Allahu Suksmanon | kang murba misesèng nrus | purwa madya wusana titi | nanging ran pêsthi lirnya | manusa wrinipun | èstu sawusnya kalakyan | sadèrèngnya sintên kang

--- 6 ---

wignya mikani | dêstun pangira-ira ||

12. bôngsa kira awis kang patitis | lamun datan matêng punang ajar | nadyan matênga ajare | prandene sêling surup | jaman kina kang para wêgig | manrus pangawikannya | tan lyan purwanipun | mituhu puruhitanya | Maha Suci nyandhingi budi tabêri | dhatêng gunging manusa ||

13. kinon manjangakên tindak bêcik | saking pundi manusa wikannya | yèn tan ing ajar purwane | lôngka gunging tumuwuh | yèn tan lawan panggulang aris | wignya liring sasmita | myang darajatipun | èstu lawan cipta daya | kabèh iku saking ajar kang suwawi | Basir mangsuli nabda ||

14. luwih bênêr pangucapmu adhi | nanging ajar ngibarat wasesa | dhasar kang môngka purbane | paran wasesa iku | yèn tan ana purbane adhi | apa kang winasesa | dadya awang-uwung | witing wasesa gumêlar | mêsthi purba ingkang maujud kariyin | mulane kuwat dhasar ||

15. Nasir angling yèn wus masesani | yakti sampun sumandhing purbanya | milyajar langkung kuwate | mokal wong tansah nyingkur | ajar prapta sinêdyèng kapti | prapta saking punapa | ing karya tan jujur | kang wus limrah para wignya | para drajat prêlu pinrêdi ingudi |

--- 7 ---

mêrsudi ajar-ajar ||

16. pundi ingkang paksa angugêmi | marang dhasar kang layak gêsangnya | sabarang kang cihna ing rèh | gêng alit andhap ruhur | manusa kang gumlar nèng bumi | yèn tan kalawan ajar | nadyan praptèng kayun | tansah kurang sing mêsthinya | sira Basir mangsuli wacana aris | adhi datan mangkana ||

17. pirsakêna lêpiyan ing nguni | Mas Karèbèt ing Tingkir sutanya | Kyai Gêdhe ing Pêngginge | duk seda ramanipun | pinutra mring Ni Rôndha Tingkir | karyanya matun gaga | tan môntra debyanung | anèng pagagan kapirsan | Kangjêng Sunan Kalijaga sabdanya ris | kinèn suwitèng nata ||

18. wit Mas Krèbèt gadhangan nrêpati | gya linakyan sawêkcaning sunan | apan ta ing wusanane | Mas Karèbèt kalakun | dadya nata mêngku rat Jawi | ngadhaton anèng Pajang | yèku rupanipun | dhasar kuwat tan kênowah | sapa ngira Jaka Tingkir bakal aji | duk karya nèng pagagan ||

19. Nasir mèsêm awacana aris | kasigihan kakang rèh punika | nanging paduka wiyose | wêkasanipun luput | Mas Karèbèt Jaka ing Tingkir | lêrês dhasare nata | nanging purwanipun | datan nilar saking ajar |

--- 8 ---

warnènipun Ki Jaka suwitèng aji | miwah apuruhita ||

20. dhatêng sela winangsit ing ngèlmi | wusnya carêm surasaning rasa | linakyan ing sapangrèhe | dadya ajar kang prêlu | misesani purbanya nguni | ewadene cintraka | duk kala tinundhung | saking pasuwitanira | awit saking nuruti panasing galih | saksat anglirkên ajar ||

21. yèn sampuna inggal dèn ulig mring | Kyagêng Butuh Banyubiru Ngêrang | linakyan sapituduhe | paran wêkasanipun | lêrês sampun pinêsthi-pêsthi | pininta ing Suksmana | gaip sintên kang wruh | Jêng Suhunan Kalijaga | duk amêkca punika atas sadrêmi | mêsthi dhèwèk ngupaya ||

22. ajar ingkang prapta anêmahi | punika kang dadya ugêr gêsang | upami datan linakon | sapangrèhnya sang wiku | môngsa dadak dadia aji | kajawi ratu gaga | ing pamanggih ulun | sanadyan katrimèng puja | duk anêpi manusa sagêdnya muji | ing ajar purwanira ||

23. ya ta Basir sêndhu dènira ngling | sira iku Nasir liwat sasar | pantês rêratuning bodho | mung tatakrama wutuh | nalar jaban sira kawruhi | ing jro lêlêgêdannya | jatining tumuwuh | tan sira prêduli [prê...]

--- 9 ---

[...duli] pisan | kêbanjure yèn sira tansah ngugêmi | mring ajar têmah papa ||

24. kawistara ing sucipta sêpi | uwun budi dening makluking Hyang | sira Nasir lon wuwuse | dhuh kakang milanipun | ulun dahat tansah ngugêmi | mring ajar pawrêdinya | aywa ngantya uwun | budi ruhur ing sucipta | saking èngêt makluke Kang Maha Suci | ginêlar yayah rena ||

25. nging paduka tansah klintu tampi | sakamantyan ngêkahi mring dhasar | tan sande rèmèh parane | Basir sugal amuwus | apa sira Nasir tan uning | caritane Jêng Sultan | Ibrahim rinuhur | nabi kêkasihing Suksma | kang pêputra mring kangjêng nabi wong kapir | dene jêng nabi ora ||

26. iku tan lyan mêrga wus pinêsthi | ing loh kalam saking karsaning Hyang | yaiku dhasar rupane | sapa kang ngajar muruk | dene têka dadi linuwih | Nasir mangsuli mojar | paduka kalintu | andalih nabi tan ana | ngajar muruk sajatine anglangkungi | dènira minta ajar ||

27. sadèrèngnya kanyatan jêng nabi | kawruhira surasaning gêsang | antyasu ing pamintane | mamrih ajar pituduh | dhatêng Allah Kang Maha Suci | pundi Pangeran ingkang | wajib pinaèstu |

--- 10 ---

malah lintang lan rêmbulan | dipun nyana punika Kang Maha Suci | dupi pinêlêng ewah ||

28. dadya uning rika kangjêng nabi | yèn punika dede Gusti Allah | nulyana parmèng Hyang Manon | sasmita narbuka nrus | kajatine Kang Maha Suci | Pangran wajib sinêmbah | jêng nabi sumurup | punika warninya ajar | nabiyollah lantaran Allah pribadi | kita manusaning Hyang ||

29. sampun èstu manusaning Widi | dadya cêguk tuli mamak wuta | yèn suwita ing dhasare | môngsa bisaa punjul | Allah paring wragading urip | pangraos mosik cipta | panggônda pandulu | pamiarsapamiyarsa (dan di tempat lain). myang kadayan | tangan suku samya andarbèni kardi | nuntun ugêring gêsang ||

30. yèn tan lawan ginulang patitis | kurang ajar alane manusa | sinêbut kadi mangkono | tanpa ngraos tumuwuh | tangèh putus prêluning urip | Basir asru bramatya | pinojar kadyèku | sêndhu ing pangucapira | hèh si bayi têtêp sira mêskin budi | ruhuring kawruh tansah ||

2. Durma

1. kumalungkung prasaksat maido sira | kodrating Hyang Kang Luwih | angumbar bêbasa | iba bênduning [bê...]

--- 11 ---

[...nduning] Suksma | sira lumaku patitis | ugêring gêsang | ajar sira ugêmi ||

2. bodho têmên manusa kang kaya sira | wangkot ingajak bêcik | tinuntun raharja | têka amurang krama | pêngrasamu anguwisi | sira suwita | mring ajarmu diênting ||

3. bôngsa cipta pamyarsa paningal gônda | sakyèhning kang nèng dhiri | iku karsaning Hyang | kabèh prabot prayoga | ora susah ajar-ijir | sok uga datan | kepyan mring Maha Suci ||

4. mêsthi prapta apa kang sinêdyèng driya | yèn tan mêngkono dadi | Allah nora murah | nora adil miarsa | miarsa lawan udani | saosiking tyas | sagung ingkang kumêlip ||

5. kang mêngkono iku sarta ingsun awang | dhasare awak mami | artine anawang | umyat tuhu tan kepyan | sêmut rèjêkinerêjêkine (dan di tempat lain). cilik | yèn nampanana | panganing gajah mêsthi ||

6. durung tômpa mati kabrêkan ing boja | yèn wus mêngkono mêsthi | jumênêng satitah | wêkasan dadi mulya | kêbanjure angluwihi | sêmut rijkinya | sèwu panganing èsthi ||

7. apan sèwu isih nganggo pêpetungan | yèn urip kita iki | angluhurkên dhasar | kajatining [ka...]

--- 12 ---

[...jatining] manusa | tan bêbakal iku mêsthi | kabèh kapurba | kita ingkang darbèni ||

8. êntèkêna kabèh ajar ngalam donya | yèn nyingkur dhasar mêsthi | têmah bingung kumpra | kakehan sêdyaning tyas | kabotan ajare ngèlmi | kawignyan kathah | kapiran kang dèn ungsi ||

9. lah kapriye ing samêngko Nasir sira | apa èstu ngukuhi | mring kalulutira | ajar gadhangan niwar | Nasir duk pinojar wêngis | sêndhu wuwusnya | hèh kakang têmên mami ||

10. nora sotah panêmu kang kaya sira | mêsthi ajar tan gingsir | sun imankên nyata | iku marga kang mulya | bênêr Allah Maha Suci | sipate murah | miarsa ngudanèni ||

11. murah manèh marang ingkang minurahan | pinyarsa dèn tingali | mring kang tiningalan | êndi ta marganira | tan lyan saka ajar titis | pan wus kaojat | Allah Kang Maha Suci ||

12. pira-pira anggêlarkên wajib wênang | istiyar krana budi | wong lara têtômba | bukti sêka ing rapalapa. | turu usadaning arip | sênênging manah | pinanci ingupadi ||

13. nadyan nora lumakuwèng suku wanda | pikir wajib lumaris | ana prapta ora | yèn prapta luwih bêgja | yèn tan prapta tan [ta...]

--- 13 ---

[...n] pikir wajib lumaris | ana prapta ora | yèn prapta luwih bêgja | yèn tan prapta tan bahyani | iku sujanma | matêng ajare luwih ||

14. nora kaya wong kang akalulut dhasar | tan wruh jajahing ngèlmi | dieling manusa | duk lair marang donya | tansah wuda tan wruh ngisin | sudarma rena | nutupi ngurat bayi ||

15. saking timur ginulang sinasab wastra | miwah sinung rèjêki | dadya duk wus ngakal | tan kêna pisah sinjang | mêsthi amangan rèjêki | iku rupanya | ajar santosa luwih ||

16. sira Basir netrandik jaja lir ngobar | suraweyan dènnya ngling | hèh-hèh Nasir sira | nyata ènyêng kaliwat | sandhang pangan sira rani | ajar purwanya | iku panêmu gêmbring ||

17. bôngsa janma anyandhang kalawan mangan | dudu ajar kang kardi | wit wus lumrahira | manusa nyandhang mangan | iku aran dhasar ugi | mulane ingran | dhasar dene amêsthi ||

18. janma urip mêsthine nyandhang lan mangan | rèjèki kang nguwati | sandhang lir paesan | dene ana kang ninggal | sandhang pangan dipun tampik | iku kajaba | wêwilanganing misil ||

19. lamun èstu ajar luwih saka dhasar | cobanên dhasar wêsi | dadèkêna êmas | ingsun arsa uninga | rupane ajar kang luwih | baya dingantya | êntèk gêndhingmu [gê...]

--- 14 ---

[...ndhingmu] mêsthi ||

20. môngsa dadak si wêsi dadia êmas | kalamun sira bakit | kawruh kang kadyèka | iba murahe êmas | mendah pambêkmu lir bêlis | saya bêlasar | lali lamun wong urip ||

21. Nasir mojar sarywanudingi mring raka | bodho têmên wong iki | mêsthi ingsun bisa | wêsi sun dadèkkên mas | iku gampang angluwihi | wêsi sun karya | parabot ingkang mêsthi ||

22. kang ginêlar lumrahing manusa pada | bôndha srêgêp tabêri | yèn wus dadi nulya | ingsun dol mawa arga | jinising sawiji-wiji | pêpajêngannya | wêsi arupa picis ||

23. yèn wus dadi picis sakarsèngwang dadya | êmas prapta pribadi | yèku pahalanya | kalulut ingsun ajar | môngsa kayaa si gêmbring | ngawula dhasar | têtêp datanpa budi ||

24. karya kidhung sumuci nora antêpan | kêbanjure ngalikik | tan wruh keblat kuwat | ngawaki nora bisa | yèn kongkon datan patitis | barang linakyan | ewuh dènnya nyangkani ||

25. sira Basir ngadêg sing palinggihira | sarwi amojar wêngis | Si Nasir wus tita | kalurung murang marga | wicarane tangèh kêni | rinungu kathah | ngambyang-ambyang tan yêkti ||

--- 15 ---

26. lingnya Nasir êmbuh ingkang ngambyang-ambyang | êmbuh ingkang tan yêkti | Basir sigra nêntak | setan sira minggata | aywa manggung abaribin | ngêmungna ingwang | nuhoni dhasar mami ||

27. pan ing têmbe padha dipun yêktènana | ananging sira bêlis | ywa parêk lan ingwang | yèn sira nora minggat | tan wurung kambonan dening | ing astaningwang | Nasir ngadêg sarywandik ||

28. iki si wong tuwa tan wêruh ing tata | mara tibakna aglis | tanganta maringwang | môngsa dadak manira | ulap pamalês nangani | dene yèn sira | wus tan sudi mring mami ||

29. ingsun mêsthi lunga tan sotah mor sira | nanging ywa briga-brigi | dene antêp ingwang | ngantia têkèng lena | mêsthi ajar sun ugêmi | tan sudi kaya | sira bodho mêkasi ||

30. mêne ingkang brêwala tukar wicara | ya ta kawarna nênggih | Kyai Darmayasa | pamanira dwi jaka | antyasu krêdyat miarsi | ing sraba sora | pindha mama Hyang bêlik ||

31. rika gupuh Kyai Darmayasa tandya | prapta ring don brêdondi | duk uning kang tansah | brêdondi pulunannya | Darmayasa manabda ris | dhuh sutaningwang | mênênga anak mami ||

32. ingsun prapta lungguha aja

--- 16 ---

brêwala | Basir Nasir duk uning | pamanira prapta | dwi jaka lênggah tata | mangraup suku sang kalih | Ki Darmayasa | angrangkul suta gênti ||

33. sarwi alon têtanya purwaning dadya | brêwala abrêdondi | ngantyambal ping tiga | Ki Darma dènnya tanya | jaka dwi tan bangkit angling | dening matyanta | labêtirèng brêdondi ||

34. wusnya sarèh sira Basir aris mojar | sarwi nyinungkên tulis | tilar ing sudarma | purwa madya wasana | katur ing paman angênting | saniskaranya | dènira abrêdondi ||

35. Kyai Darmayasa rum wijiling sabda | mèsêm sanetya aris | adhuh sutaningwang | êliding kang bêbasan | dwi prakara iki kaki | dhasar lan ajar | tinggalaning sudarmi ||

36. yêkti atas padha ing pahalanira | pakuwatane sami | sami prêlunira | tan kêna salah juga | pinilih ingijir-ijir | mungguhing gêsang | mêsthi kudu ngranggoni ||

37. kalih pisan wit dhasar minôngka wadhah | ajar kang môngka isi | dadi kang wêwadhah | yèn tanpa isi tansah | ora pisan mêkolèhi | datanpa guna | kang wadhah tanpa isi ||

38. lamun isi tan ana wêwadhahira | tan wurung kocar-kacir | malah têmah sirna | mulane anak [a...]

--- 17 ---

[...nak] ingwang | poma padha dipun eling | kêbanjurira | pasêmon kalih iki ||

39. kang ran dhasar iku wujuding renanta | dene ajar sudarmi | mulane ta padha | wajib angêgungêna | ing wong tuwanira kalih | dieling sira | inganakkên nèng bumi ||

Bantah kang kaping kalih, arti: arta.

3. Sinom

1. janma dwi kang winursita | trahing Krêtiyasa sami | juga ran Sabda Prayatna | kalih ran Sabda Praniti | kalihira pêpanti | nunggil sajuganing dhusun | tan têbih antaranya | wismaning janma kêkalih | dahat rukun kalihnyambêk mêmitrarja ||

2. samya wêkêl tyas wisuda | kalih kadarmannya sami | barkat kang pangupajiwa | kewala cêkap binukti | nanging ta nora sugih | muhung cêkap uripipun | tansah dadya pêpindapêpindha (dan di tempat lain). | rahayu tulusing ati | lamun sêla janma dwi ing pakaryanya ||

3. tansah asanjan-sinanjan |

--- 18 ---

kamantyan rukêt pawong sih | sih-sinyan anunggil manah | mangkana sajuga ari | wêktu sêla ing kardi | Sabda Praniti prapta wus | wismèng Sabda Prayatna | samya sukanira kalih | wusnya tata lênggah rêsêp arêrasan ||

4. ing saparêngirèng karsa | rujuk tan salayèng kapti | janma dwi tan mawi taha | barès sawantahing budi | condhong langkung tabêri | apirêmbug laku jujur | miwah untunge karya | dènnya mrih ngupaya bukti | tan antara wedang nyênyamikan mêdal ||

5. lir ngadat prasabênira | Sabda Prayatna lingnya ris | ngujubkên pasugatannya | junun kêkalihnya bukti | sinambi dènnya bukti | sêlaning pangomongipun | saniskaranya tansah | dadya sêsuguning ati | tan prabeda gênti-gênti kojahira ||

6. kaarsan sapangkat-pangkat | myang dènnyarsa anglampahi | karya kang durung linakyan | binudi pinikir-pikir | wusnya têpung tyas sidi | ngalih-ngalih kang ginayuh | ing mangke kang rinêmbag | Sabda Prayatna nglangkungi | ngalêm marang sujanma kang wignya limpad ||

7. miwah lêlêpiyanira | para wignya para bakit | karya tilasing nagara | sangkaya linuri-luri | Sabda

--- 19 ---

Praniti tampi | kang kadyèka wantya têpung | samangkana wuwusnya | kasigihan anglangkungi | nanging wignya kakang kawon dening bôndha ||

8. pan awon nganggur kewala | Sabda Praniti dènnya ngling | nyual mring Sabda Prayatna | tan wruh yèn dadya brêdondi | mangkana dènira ngling | kakang wontên sualipun | arti kalawan arta | punika kuwat kang pundi | alon mojar Sabda Prayatna mangkana ||

9. adhi yèn mênggah pun kakang | wus saèstu kuwat arti | punapa tan makatêna | mênggah andika kang pundi | Sabda Praniti angling | kakang sêlaya lan ingsun | mênggah ing kula arta | yêkti kuwat anglangkungi | datan wontên kang nyundhul saking punika ||

10. mangsuli Sabda Prayatna | dika adhi langkung sisip | amastani kuwat arta | dahat kalintu pamanggih | yèn kita sinung arti | èstu tan kirang katèngsun | arta prapta priyôngga | tan kewuhan ing pangukih | barang karya yèn tanpa arti tan dadya ||

11. balik wong kang sinung arta | kalamun datanpa arti | lama-lama dadya sirna | bêgjane kang sugih arti | kalamun janma arti | tanpa sirna ananipun | bilih dèrèng pralaya | sanadyan tumêkèng lalis |

--- 20 ---

dèrèng kêna arti ingaranan sirna ||

12. duk ing gêsang tan petungan | têngkaring arti mradini | linuri-luri ing wuntat | saya limrah ing sabumi | mèsêm Sabda Praniti | sarta lon pamuwusipun | kakang kalangkung lêpat | amastani kuwat arti | bôngsa arti tan lyan mêdal saking arta ||

13. kalamun janma wus arta | artinya dhatêng pribadi | sanadyan bodho kalintang | arta kang dhatêngkên arti | tanpa wilangan prapti | kang sung arti ringan cakut | labête mamrih arta | datan tuku dèn tawèni | langkung mirah arti dènnya asung rêga ||

14. tansah dadya kêkumpulan | sadhengah prapta ga warti | bêburuh aneka-neka | prasaksat wus tanpa aji | pramila kuwat luwih | arta ing pahalanipun | punapa kang sinêdya | sabarang niscaya dadi | bôngsa arti yèn tan arta dadi nglômpra ||

15. wignyane angôngka-ôngka | tan prapta sêdyaning kapti | awit tan tinunggu arta | tan kandêl barang pangukih | dadya janma kang arti | tinawan ing uripipun | marang janma kang arta | wus limrah manusa bumi | kuwatira ing gêsang pan saking arta ||

16. mila lêpat panyiptanta | arti [ar...]

--- 21 ---

[...ti] datan kêna ênting | punika dahat sêlaya | lêpiyan kang kula panggih | janma kang sugih arti | dadya bodho wêkasipun | kalamun tanpa arta | yêkti tan arus linuri | nanging arta punika kang datan sirna ||

17. malah tumêkèng pralena | tan lyan arta kang nguwati | manusa layak pinuja | arta ingkang anuntuni | yêkti tan saking arti | kang mradinkên tingkah lulus | têngkaring dibya kuwat | saking arta wus amêsthi | nadyan praja risak yèn datanpa arta ||

18. Sabda Prayatna lon mojar | adhi lêpat ing pandugi | arta tan nguwatkên praja | nanging arti kang nguwati | têntrêming kang nagari | yèku dening laku jujur | ratu wadya prameya | samya uning tindak bêcik | ing ran bêcik saking arti purwanira ||

19. milane sagung manusa | anitèni ala bêcik | ingartèkkên purwanira | kalamun wus dadya bêcik | kukuh araning urip | kuwat debya ananipun | arta tansah kawuntat | malah dumadya wêwêri | ambancana tur datan sande tinawan ||

20. Sabda Praniti wor gumya | dêlingnya anocok ati | hèh kakang langkung sêlaya | kuwat dibyaning sujanmi | têmên tan [ta...]

--- 22 ---

[...n] saking arti | saking arta lêrêsipun | miwah kuwating praja | èstu tan lyan saking picis | mongkal arti langkung kuwat saking arta ||

21. artèkna dikaya apa | sagung manusa ing bumi | wêkasan yèn tanpa arta | môngsa ta dadia bêcik | jujur saking punapi | lêlampahaning tumuwuh | kalamun tanpa arta | èstu niyate tan sidi | yêkti dodra angajak mring kadursilan ||

22. mendah rêntênging nagara | lamun tan tinunggu dhuwit | sintên ingkang ngèstokêna | sabarang rèhipun nagri | pramila rêbat luwih | rêbat drajat rêbat ruhur | rêbat arti wignya wra | tan lyan kêpengin mring dhuwit | langkung nistha wong urip yèn tanpa arta ||

23. dadya arti pantês nêmbah | sumujud marang ing dhuwit | arta tan dadya bancana | malah pinuji kyèh janmi | nadyan kang para inggil | yèn gombal ngrêpa kalangkung | sêdyarsa ngêlun jagad | wong arti yèn tanpa dhuwit | kandhêg cipta nanging nyatane tan ana ||

24. sumaur Sabda Prayatna | sartowah dènnya palinggih | malengos sêndhu wuwusnya | mangkana dènira angling | adhi Sabda Praniti | langkung sasar kawruhipun | kukuh anyipta

--- 23 ---

arta | luwih kuwat saking arti | jêr durung wruh sajatine ing agêsang ||

25. Sabda Praniti sru mojar | kira kajatining urip | datan sanès saking arta | kabèh-kabèh tan lyan dhuwit | nadyan nyantri mriyayi | dhuwit kang dadya pikukuh | sêdene tani dagang | katiwar yèn tanpa dhuwit | mila arti yêkti kèlês dening arta ||

26. mangsuli Sabda Prayatna | pan sarwi netranirandik | pyarsakna dipun pratela | adhi lêpiyan ing nguni | duk jaman ratu nabi | kang mêngku ing rat sawêgung | rêbut prang ngadu yasa | kang dadya winihing jurit | datan liyan mung mamrih arti kang nyata ||

27. lire arti kang sanyata | apranata laku bêcik | anjujurkên truning tindak | ingajak rahaywèng urip | tan ana kang ngrasani | dhuwitên kadi sirèku | yèn arti wus kadhadha | arta sumaos pribadi | tan rêkasa tur tan ana kang mêmalang ||

28. binorong sakarsa-karsa | marang sagung para arti | wong sêpele lamun arta | ingran luwih saking arti | wiwite ana dhuwit | saka apa ananipun | sapa ingkang sung aran | aran arta aran dhuwit | datan liyan saking arti ananira ||

29. milane [mila...]

--- 24 ---

[...ne] janma samangkya | sagunge manusa urip | lumrah arti dèn upaya | datan ngetang marang dhuwit | sinrahkên mring wong arti | iku sarywandhêku-dhêku | minta-minta wêwarah | sudarmanira nglabêti | masrahakên ing suta don puruhita ||

30. Sabda Praniti wuwusnya | ujare arti ngluwihi | pahalanya saking arta | wasana dènnya ngupadi | arti amawa picis | iku apa aranipun | dadi têtêp yèn arta | dahat kuwat saking arti | wit ngupaya arti jalaran mawarta ||

31. sapa kang arsa kangelan | lamun tan dèn sungi dhuwit | dadya arti kaparentah | anèng sangisoring dhuwit | nadyan pra ratu nabi | ing jaman karuhun-ruhun | rêbut prang ngadu yasa | kuwate prang saka dhuwit | rêbut arti ya dhuwit kang ingupadya ||

32. bênêr sri nabi narendra | kewala tan rêmên dhuwit | nanging ta môngsa darbea | bala lamun tan dhinuwit | mulane wani mati | lumrah punggawa sêdarum | warêg dana kêkucah | dana kucah iku dhuwit | pangkat ruhur tan lyan iku dadi arta ||

33. nalar ingkang ora-ora | angucap jaman duk dhisik | arti andadèkkên arta | bisa asung aran [ara...]

--- 25 ---

[...n] dhuwit | yèku mung kumaluwih | jaman dhisik sapa kang wruh | nyatane jaman mangkya | yèn tanpa dhuwit mêringis | ati ngucir tipis barang sêdyaning tyas ||

34. sanadyan andika kakang | kalamun datanpa dhuwit | punapa kang dika sêdya | ngrêtia dika ya bêlis | môngsa dadak kapanggih | kabèh kaniyatan luput | êndi arti rupanya | kang paksa lumuwih-luwih | yèn tan arta mung mandhêg rêmbug kewala ||

4. Pangkur

1. Sabda Prayatna sru mojar | sarwi umyat marang Sabda Praniti | èsmunya katara bêndu | mangkana wuwusira | dika adhi ing mangke kanyina èstu | têtela bodho kalintang | katara dening pamanggih ||

2. dahat rèmèh soring budya | panyiptanta kaprentah marang dhuwit | lali karuhuranipun | tinitah dening Allah | gunging urip kinon manjangakên tuwuh | tumuwuh lawan darajat | dadya layak ingran janmi ||

3. padhane sayêkti padha | kabèh uwong iku ingaran janmi | nanging ana bedanipun | jêjuluk pangkat-pangkat | andhap ruhur iku tan lyan purwanipun | saking arti wijilira | arti kajatining urip ||

4. urip kajatining [kaja...]

--- 26 ---

[...tining] suksma | nora kinon kaprentah marang dhuwit | tan lyan kinon mamrih tutur | tutur arti kang nyata | yèn wus arti linakon sapangrèhipun | iku titikaning drajat | dumadya pêthetan bumi ||

5. piniji-piji ing nata | turun têdhak manusa amrih arti | tan kasurang uripipun | mila dalah samangkya | ulul amri lamun arsa marang wadu | misudha karya punggawa | amêsthi tinitik-titik ||

6. ing nguni lêpiyanira | pra rêruhur kabèh samya cinangking | myang pribadi labêtipun | miwah arti kawruhnya | yèn wus bêcik lagya ginalih ing ratu | sinudha sapangkat-pangkat | dadya punggawèng nrêpati ||

7. mara sira rasakêna | apa ana urip ingkang ngluwihi | dadya punggawaning ratu | tan wun wruh ingêring rat | tur lwih aji dening samaning tumuwuh | kandêl ing sawicaranya | iku ta manusa arti ||

8. lah adhi dene sang nata | duk misudha yêkti datan ngulari | manusa pangawak karung | dhuwitên kaya setan | yèn mamriha yêkti tan kurang saèstu | sudagar kang sugih arta | dene tan dadya bupati ||

9. lan malih titiking gêsang | dene nora tinitik saka dhuwit | duk saking rêruhuripun | pira

--- 27 ---

kèhe artanya | nora liwat muhung krêtiyasanipun | krêtiyasa dudu arta | iku sayêktine arti ||

10. dêlêngên ingkang pratela | duk ing wêktu ngabyantara nrêpati | sasasapa. ingkang kapêngayun | tan lyan para punggawa | dene nora arta ingkang kapêngayun | gowoa arta sêkranjang | mung bakal rinayah glidhik ||

11. iku ngibarat pratela | pantêsira ki bayi anitèni | sira mastani maringsun | yèn ingsun tanpa arta | bakal luput apa ing panêdyaningsun | iku pratôndha wong mamak | lamun ingsun arsa dhuwit ||

12. amêsthi aglis tumêka | awit saka pangrèh pakarti mami | nging arta kapanggih pungkur | arti kang kapangarsa | dadya têtêp arti luwih ananipun | tinimbang saka ing arta | apa tan bênêr ki bayi ||

13. Sabda Praniti sru nabda | dahat sugal apan sarwi nudingi | maju ing palinggihipun | manthêlêng netranira | nora bênêr nora bênêr panêmumu | kabèh saujarmu dora | tan susah ingsun mangsuli ||

14. ingsun uga wruh pêpinda | rungokêna kupingmu kang dumêling | dhasar ana nyatanipun | saiki isih ana | lah dêlêngên [dêlêngê...]

--- 28 ---

[...n] Gombal Jaya ananipun | iku manusa tan arta | darbèkira muhung arti ||

15. artine lir bêdhah jagat | sasikile tansah bangkit nênulis | prandene têka kalurung | iya dhèk dina kapan | Gombal Jaya agênêp kanti rong kesuk | mêtu saka ing kunjaran | dosane mung bêdhog pitik ||

16. wali-wali bêdhog ayam | bêbêcike tansah ngapus-apusi | karya surat dora palsu | misuwur ati kumpra | iku arti tanpa arta ananipun | tur trahing manusa lumrah | dhèwèke dadi gêgingsir ||

17. uwis kaping pira-pira | winisudha dinadèkkên priyayi | dene tan kandhêg kalurung | tur cakêp pakaryannya | nging sarèhning tanpa arta wêkasipun | dumadia doracara | karyanya ngapus-apusi ||

18. bujuk-bujuk adol nama | mamrih arta coba duwea dhuwit | tan kaya mêngkono èstu | karane lama-lama | saya lacut ingusir saparanipun | kinisar dening nagara | mulane têtêp yèn arti ||

19. pantês sumujud mring arta | lah kapriye apa tan bênêr mami | sanadyan ta sira besuk | pantês klêbu tumbasan | lamun dhuwit [dhuwi...]

--- 29 ---

[...t] siranggêp katêmu pungkur | Sabda Prayatna anêntak | apan sarwi anudingi ||

20. sira gêmblung liwat sasar | kang koucap Si Gombal Jaya baring | iku tan arti ranipun | Sabda Praniti nyêngap | apa-apa gonmu angarani iku | abêngis Sabda Prayatna | ya iku janma gêgêmbring ||

21. lamun Si Gombal artia | môngsa dadak nyênyêkrok mêmadati | mêne ingkang brêwala dur | ya ta Kyai Trabelas | arsa marang ingêpakan kang tinuju | lamun ana pajêngannya | sêdyarsa gadhèkkên klambi ||

22. darbèke mung klambi juga | mori wulung kêmrombang ingkang wanci | nanging kapêtêk ing butuh | dupi prapta ing marga | pan karungu swara arame kêmrusuk | wismanya Sabda Prayatna | Ki Trabelas gupuh mampir ||

23. sapraptanya Ki Trabelas | gupuh Sabda Praniti sora angling | marna-marna karanipun | dènnya tukar micara | Ki Trabelas kêras dènira amuwus | Sabda Prayatna kang lêpat | dadi bodho amêkasi ||

24. mêsthi kuwat artanira | kadar pira kuwate punang arti | sadhengah janma tumuwuh | kabèh samya sinungan | dening arti nanging arta arang èstu | mulane [mu...]

--- 30 ---

[...lane] klambi sajuga | arsa sun lêbokkên lanji ||

25. labêt ingsun tanpa arta | lamun arti têtela aku sugih | niyaga dhalang sun baud | Sabda Prayatna nêntak | gêmblung baring ingsun tan nêdya ngrêmpêlu | kêpaèlu ujarira | jêr sira nyêkrok madati ||

26. arti-artine wong buyan | gêdhèn têmên sira sinungan arti | Trabelas mênêng tan sêgu | ngucap-ngucap sinêngap | saya kathah janma kang nglayad kêmruwuk | sawênèh ana kang misah | wênèh ana babênêri ||

27. ana sawiji sujanma | Kyai Dhokèr Mêjusi tukang grêjik | praptane akusung-kusung | ngadêg sarwi têtanya | wus jinarwan marang kônca baturipun | kang samya prapta ngalayad | Kyai Dhokèr ngucap wanti ||

28. hèh Sabda Praniti salah | mêsthi têtêp arta kalindhih arti | sabab ana têgêsipun | bôngsa arta kêmata | bôngsa arti iku ati têgêsipun | liring kêmata kêtara | agampang lamun cinari ||

29. barêng ati pikir lirnya | sapa ingkang wignya jajagi pikir | Sabda Praniti nabda sru | sira wong kêna laknat | aja bribin angregoni bantah ingsun | sira bêlis ngaku bisa |

--- 31 ---

karyamu mung adol grêjik ||

30. ya ta kang tukar wicara | saya dodra malah sêling mangrêti | gêntya gêbrag-gêbrag salu | sumbar-sinumbar wantya | padha wani kandhas ing pêrdata ruhur | sampuna jinaga kathah | tekadnya wus ambêk pati ||

31. sirna dènnya sih-sinihan | janma kalih dènnyambêk mêmitra nir | kaburu panasing kayun | tan ana nyipta ngalah | malah merang kawyat dening janma agung | saya cukul bramatyanya | wus ilang sabaring ati ||

32. wiwit enjang ngantya sêrap | tanpa wêkas dènira abrêdondi | wong kang nglayad saya wuwuh | kêbak dadya saomah | yèn pinisah ngêsah malah sêling surup | ya ta ingkang wuwusa |Kurang satu suku kata: ya ta ingkang kawuwusa. desa ngriku wontên janmi ||

33. awasta Kyai Widagda | pan tinênga-tênga dipun lêluri | marang sagung anak putu | misuwur jroning desa | malah nyahak marang desa liyanipun | tulusing klakuan wignya | dhasar têtêp ing ubanggi ||

34. Ki Widagda prapta sigra | angêlayad marang ingkang brêdondi | sapraptanya samya gupuh | ewah saking ing prênah | Sabda Yatna Praniti mudhun sing salu | samya brabak kalihira | labêt sangêting brêdondi ||

35. Ki Widagda aris [a...]

--- 32 ---

[...ris] nabda | atêtanya purwanira kang dadi | brêdondi brêwala udur | wong roro rêbut ngarsa | dènnya marna kang dadya bêbukanipun | sêmune arêbut mênang | tan ana purun kalindhih ||

36. dupi sampun apratela | aris nabda Widagda sukèng ati | sarwi gumuyu angguguk | babo karo sutèngwang | pyarsakêna kang pratela ujar ingsun | Sabda Praniti Prayatna | andhêku sumaur inggih ||

37. mangkana dènira mojar | Ki Widagda anak ingsun wong kalih | êlide bêbasan iku | arti kalawan arta | ingkang tansah sira wicara kêmrusuk | yaiku yêktine padha | mungguh kang ingaran arti ||

38. iku ngibarate priya | arta iku ngibarate pawèstri | êndi ta kang datan prêlu | èstri kalawan priya | gunging urip alakirabi kang prêlu | kalamun tan palakrama | dadi cacad raning urip ||

39. tan ana kang luwih mulya | luwih drajat kadi wong palakrami | wiwit kita ananipun | tan lyan saking mangkana | mila priya lawan èstri kudu kumpul | yèn pisah dadi tan mulya | nadyan purwane ing nguni ||

40. wijining manusa pada | Nabi Adam tan liyan mawa èstri | aran Khawa [Kha...]

--- 33 ---

[...wa] garwanipun | duk nabi kenging duka | pinisahkên Adam Khawa unggyanipun | kalihnya dahat nalôngsa | siyang ratri tansah nangis ||

41. dupi wus antara lama | ingapura dening Hyang Maha Suci | Adam Khawa bangkit kumpul | dwi sukur-sukur ing Hyang | karane ta nak ingsun dipadha emut | têmokna kang rong prakara | iku ugêre wong urip ||

42. yèku arti lawan arta | lamun uwun saksat kambah bilai | uwis kaki sutaningsun | Praniti myang Prayatna | salamana babo kaki anak ingsun | padha alal bahalala | dènira sêling mangrêti ||

43. Sabda Praniti Prayatna | dahat nuwun langkung panujèng ati | wong roro pan samya ujung | marang Kyai Widagda | wusnya ngujung sêsalaman kalihipun | gêntya aminta aksama | suka sagung kang ningali ||

Tamat

--- 34 ---

Ing tokonipun tuwan-tuwan G. C. T. van Dhorêp èn Ko ing Samawis. Tiyang sagêd pikantuk tumbas sêrat-sêrat Jawi, pratelanipun kados ing ngandhap punika.

1. Punika sêrat waosan cariyosipun tatkala pasamunganpasamuan. agêng ing nagari Batawi, mawi sêkar macêpatan,macapatan. kang nganggit ordhênas ing Surakarta. Rêgi 3 rupiyah, prangko ing pos 3 rupiyah 50 sèn.

2. Sêrat Kôndha Ringgit Tiyang Lampahan Gôndawrêdaya, yasanipun swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping 5, nglêluri yasanipun ingkang iyang canggah swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping 1. Rêgi 3 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos 3 rupiyah 75 sèn.

3. Punika kagungan dalêm Sêrat Pasindhèn. Rêgi 1 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos 1 rupiyah 75 sèn.

4. Sêrat Endrajaya, yasanipun Radèn Panji Astranagara, wadana undhakan. Rêgi 3 rupiyah, prangko ing pos 3 rupiyah 50 sèn.

5. Punika sêrat waosan, pêthikan saking anggêr nagari, bab kuwajibanipun para lurah dhusun, mawi sêkar macapat, supados dhangana kang sami maos para lurah dhusun wau, wagêda èngêt punapa wajibipun, ingkang kasêbut anggêr wau sadaya. Rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

6. Pawicantênan ing tiyang Jawi kêkalih, bab prakawis siyam. Rêgi 20 sèn.

7. Bab Ilmu Nyawah, rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

8. Carita ginuritakên kadamêl dening tuwan R.F. Bastian. Rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

--- 35 ---

9. Sêrat Tugu, anyariyosakên lampahipun Kaki Bandhang, sak putranipun sakawan, ngantos dumugi jumênêngipun pandhita ing nagari Sarungbrana. Rêgi 1 rupiyah 25 sèn, prangko ing pos 1 rupiyah 50 sèn.

10. Punika Isi Pêpêthikan, piwulang prayogi. Rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

11. Bêbukaning Kawruh Itung. Rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

12. Sêrat Pananggalan, ingkang kaping 19, kangge ing taun Wêlandi 1872, ingkang ngarang tuwan Kohèn Sêtiwar. Rêgi 65 sèn, prangko ing pos 75 sèn.

13. Caranganipun Sêrat Pananggalan, kangge ing salaminipun, ingkang nganggit tuwan Kohèn Sêtiwar. Rêgi 65 sèn, prangko ing pos 75 sèn.

14. Punika Sêrat Katurangganipun Kucing, saha ngalamat solahing kucing kang awon miwah kang sae, mawi kasêkarakên. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 60 sèn.

15. Punika Sêrat Katurangganipun Pêksi Prêkutut, saha tangguh miwah jampènipun, kanthi tambahan prêdikanipun pêksi prênjak, mungêl ingkang awon miwah ingkang sae, mawi kasêkarakên. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 60 sèn.

16. Kitab Wirasating Sujalma, miwah katurangganing wanita, kang awon miwah kang sae, mawi kasêkarakên. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 60 sèn.

17. Punika Sêrat Prêlambangipun Satunggal-tunggaling Nagari ing Tanah Jawi, mawi kasêkarakên. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 60 sèn.

--- 36 ---

18. Sêrat Kancil, awit kancil kalairakên ngantos dumugi pêjahipun wontên ing nagari Mêsir, mawi kasêkarakên. Rêgi 3 rupiyah, prangko ing pos 3 rupiyah 50 sèn.

19. Sêrat Menak Purwa Kôndha, awit Patih Jèndhi nonjok sêrat Wong Agung Kuparman, ngantos dumugi prangipun ing nagari Ngambar Kustup, mawi kasêkarakên. Rêgi 4 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos 5 rupiyah.

20. Sêrat amratelakakên rekanipun anyoga, angêthèl tuwin adamêl sinjang sêkaran, mawi katêrangakên bumbu-bumbunipun, anggitan saking Surakarta. Rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 10 sèn.

21. Punika sêrat katurangganipun kuda, saha jampènipun. Kawêwahan pêrsapa wêwalêripun para lêluhur jêng susuhunan ing jaman kina, mawi kasêkarakên. Rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

22. Sêrat katurangganipun sawung jago abênan, kang mêsthi mênang utawi kawon, miwah jampi saha pangrimatipun. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 60 sèn.