Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Worosewojo, Mangunwijaya, 1916, #1605

Katalog:Worosewojo, Mangunwijaya, 1916, #1605
Sambung:-

WOROSEWOJO

Anggitanipun Mas Ngabèi Mangunwijaya, kaêcap ingkang kapisan.

Kaêcap saha kawêdalakên dening N.V. ALBERT RUSCHE & Co SOLO 1916.

--- 1 ---

Worosewojo

1. Mijil

1. lwir bramara mrih wijiling sari | kang kawran ing ron-ron | myang ri-ri kang sumêrung amawèh | kewraning sang sadpada dènnya mrih | ngudi amêmardi | maduning kang rum-rum ||

2. yèku pama sarasaning ati | dènnya ngudaraos | duk sêdyarsa sung wasitèng rare | rangu-rangu rêringa ngranuhi | dening tuna budi | pêksarsa mêmuruk ||

3. nanging paran rèh wong tuwa wajib | wèh warah wong anom | dadi kudu mardi sakadare | mring sanggyaning pra sewaya siwi | jalwèstri supadi | marsudyèng pangawruh ||

4. nanging kulup sarèhning samangkin | wus salin lêlagon | lagehane kang kanggo ing akèh | barang kawruh kudu angèngêti | srawunganing janmi | jaman mangkya kulup ||

5. tatacara myang yudanagari | mangkya wus carup wor | nora kêna mrih carane [ca...]

--- 2 ---

[...rane] dhewe | dadi iya kudu sarwa ngêrti | traping tatakrami | wruha pintanipun ||

6. mring lyan bôngsa myang sawôngsa sami | sira dèn waspaos | kudu wruha awor lan misahe | traping subasita dèn nastiti | ywa kongsi kalêmpit | papan êmpanipun ||

7. yèn nèng papan dèn katon rêspati | êmpaning pasêmon | aywa dumèh yèn ing jaman mangke | wus asalin salaganing janmi | karsèng sarjana di | dadia sajuru ||

8. iku sira aywa salah dalih | yèn luhur lan asor | ing samangkya wus sinamèkake | dadi datan ana andhap inggil | yèn mangkono kaki | sirèku kaliru ||

9. iya nadyan ing jaman samangkin | luhur lawan asor | sapa ingkang arsa madhakake | sayêktine ya maksih lêstari | ingkang cilik-cilik | ingkang agung-agung ||

10. mung bedane jaman mêngko kaki | lan kang wus kalakon | duk ing kuna pra luhur karsane | sarwa mênang sarwa anèng nginggil | lan kang dadi cilik | nora pati maklum ||

11. yèn sinuda urmate sathithik | wus masthi anyênthok | kadhang malah kongsi cinamêthèn | kang mangkono kaki ing samangkin |

--- 3 ---

para agung inggil | wus krasa tyasipun ||

12. ingatase mring sasami-sami | sasamaning uwong | tan sayoga mungguhing batine | marmanira pra minulya mangkin | wus katon tan pati | ngêgungkên piangkuh ||

13. malah akèh kang katon wlasasih | maring kang nèng ngisor | nora karsa sakarsa-karsane | sinakarêp anggêr nora kongsi | kaèksi nglingsêmi | wus samya dèn maklum ||

14. jaman kuna kalamun wong cilik | nèng marga kaprêgok | lan wong agung nèng sagon-ênggone | andhodhok prok tangane kêkalih | ngapurancang sarwi | sirahe tumungkul ||

15. wong agunge kalêgan ing galih | ngalêmbanèng batos | iku si wong wêruh mring awake | ya rumasa yèn dhèwèke cilik | katon dènnya wêdi | mring ingsun wong agung ||

16. ing samêngko tan mangkono kaki | pra wadana kliwon | yèn kêpêthuk lawan sor-sorane | anèng marga karsa nyasmitani | supadya ywa kongsi | dhodhok mundhuk-mundhuk ||

17. yèn nèng papan patêmoning janmi | kang kêna sabên wong | parêpatan ngrêmbug saparlune | kawruh-kawruh ingkang maedahi | lan sêdyaning janmi | jaman [ja...]

--- 4 ---

[...man] mêngko kulup ||

18. pra prayagung putraning narpati | myang wadana kliwon | lan wong cilik satata lungguhe | anèng kursi saksat adu wêntis | rumêsêp kaèksi | pasmon sumèh masmu ||

19. mèsêm manis mèt prana mrak-ati | tumrêcêp tinonton | kang mangkono èngêtên jro tyase | ywa kalalèn dènnya dadi cilik | ngrasaa ing ati | nêmu bagya agung ||

20. nugrahèng Hyang dene pra gung inggil | samya karsa among | aywa ngrasa yèn para panggêdhe | jaman mangkya wêdi mring mongwong. cilik | ywa mangkono kaki | tan sayogya iku ||

21. yèn mangkono bakal nora mulih | lan sêdyaning batos | dènirarsa mrih santosa kabèh | kang sinangkan sing rukun rakêt sih | marma kang utami | idhêpe tyas kudu ||

22. ingkang luhur dènnya sutrêsna sih | maring kang nèng ngisor | dipun kadi maring sewayane | ingkang ngandhap dènnya wêdi bêkti | trusing tyas dèn kadi | maring bapa babu ||

23. mangkonèku kang ingangkah kaki | karsaning pra kaot | dènira mrih anunggala kabèh | andhap luhur dadia sawiji | pindha kulit daging | otot balung sungsum ||

24. lamun limang [li...]

--- 5 ---

[...mang] warna wus lêstari | anunggal saraos | tan sulaya salah sawijine | yêkti iya bangkit nglaksanani | sausiking kapti | katêkan sadarum ||

25. dene ingkang môngka osik wisik | yèku pra kinaot | kang nênuntun maring kautamèn | amarsudi mêmardi mêmidih | mrih sadaya dadi | widagdèng pangawruh ||

26. yèn wus sarwa wikan ing pangawrin | sayêgtisayêkti (dan di tempat lain). waspaos | ring pamawas wusananing têmbe | bangkit nimbang tumibaning dhiri | wruh laksanèng urip | kang ala lan ayu ||

27. bêbukaning wibawa utami | sira dèn waspaos | dhingin saking yayah renanta gèr | wite sira dadi sarwa bangkit | saking gurunadi | kang mulang mêmuruk ||

28. kang ngayumi rahayuning urip | yaiku sang katong | têlu iku uwiting kamuktèn | marma sira dèn aidhêp kaki | sira nora kêni | marêngkang mêmêngku ||

29. pangidhêpe maring bapa bibi | bêkti lair batos | bapa biyung gêdhe wilalate | nora kêna cinamah sathithik | lamun kongsi sêrik | karya sangsaramu ||

30. pangidhêpe marang guru kaki | anganggo binobot | pinatuta kalawan pangkate | yèn pangkate ngungkuli [ngung...]

--- 6 ---

[...kuli] sirèki | sira aywa wigih | manêmbah ing suku ||

31. yeyèn. pangkate padha lan sirèki | utawa nak ingong | iya anèng ngisorira anggèr | patrapira dèn kapara taklim | dèn rahab ngrêsêpi | ing sawuwusipun ||

32. pangidhêpe mring sri narapati | wêdi lair batos | lan nêtêpi kang dadi wajibe | aja mingkuh marêngkang sumingkir | sapakon nglakoni | lan sungkêm sumungku ||

33. yèn pangidhêp tri prakarèng ngarsi | kabèh wus linakon | wimbuh awas eling salamine | lan tyas sêtya sayêkti amanggih | rahayu ing wuri | wimbuh wahyèng wahyu ||

2. Gambuh

1. lawan maning nak ingsun | wajib sira arêruba kulup | maring bapa maring guru mring sang aji | de ruba mring bapa biyung | dèn akêrêp atêtinjo ||

2. lawan kêrêp misungsung | samubarang kêkarêmanipun | dèn gumati dèn ngajèni lan rumanti | sêdyakêna jroning kalbu | agênti rumêksa among ||

3. dene rêrubanipun | marang guru mangkene trapipun | dene kêrêp ngatonkên wulangirèki | yèn ana ing ngarsanipun | denedhêmêndèn adhêmên. atêtakon ||

4. salwiring rèh pangawruh |

--- 7 ---

kang winarahakên mring sirèku | takonana katokêna sapangarsi | myang ywa sring ngluhuri wuwus | barang rèh kapara asor ||

5. dene rêrubanipun | mring sang prabu ywa pêdhot pujimu | muga-muga gusti jêng sri narapati | ruhura karatonipun | kuncara ywa na rêregon ||

6. praja têntrêm rahayu | mawèt ayom ngayêmi tumuwuh | wadyanira widadaa wêdi asih | sinihana para ratu | liyan praja rumêksa mong ||

7. mangkya rèh sira kulup | maksih anom ywa pêgat sinau | barang kawruh dèn kudu sarwa mangêrti | dèn tabêri anggêguru | aywa kongsi kabasturon ||

8. karana kang tinêmu | jaman mangkya pae lan ing dangu | duk ing nguni wong ngawula narapati | nora kudu sarwa putus | muhung anggêr srêgêp saos ||

9. lawan manut miturut | loro wani ngunjara ing nêpsu | katri bisa wicara kang mêmalat sih | papat jaga karsèng ratu | lima ya sadarmèng kewoh ||

10. samono bae cukup | karya gayuh wahyaning kang wahyu | nora kudu bisa basa bôngsa asing | kadhang anggêr bisa ngidung | lan bawa swara anggerong ||

--- 8 ---

11. myang cucut kala lucu | bangkit dadi mantri lan panèwu | malah ana kaliwon tan bisa nulis | mung tèkên thok sok kaliru | pêngpêngane mung wirangrong ||

12. prandene tan adangu | antuk pulung jlêg dadi tumênggung | dening labêt sumungkêm sêtya ing gusti | nanging jaman mêngko kulup | durung tamtu kang mangkono ||

13. mulane pangirèngsun | lakon kuna kang kaya ing ngayun | bokmanawa iku kulup wus kawuri | jaman mêngko salin lagu | lagehane kang dèn anggo ||

14. kudu sarwa linangkung | sarwa bisa basa bôngsa luhung | Inggris Prasman Nèdêrlan Dhitslan Ostênrik | samonoa lamun durung | antuk tôndha kang sayêktos ||

15. ahtê dhêploma kursus | durung kêna dèn anggêp linangkung | mulane ta wêkas ingsun wanti-wanti | maring sagung anak putu | dèn prihatin aywa lembon ||

16. dèn ta marsudi kawruh | kang sarêgêp kanthia tuwajuh | ajêg juwêt jaluk wuruk mring pra bangkit | dèn akongsi sarwa putus | lawan antuk tôndha yêktos ||

17. yèn wus mangkono tamtu | nora susah suwita ing ratu | nora susah magang kongsi lungse wanci |

--- 9 ---

yêkti wus mulya uripmu | malah pinilalèng katong ||

18. kaya kang wus kadulu | para dhoktêr miwah para guru | para murit undhagi lan among tani | lagi bae mêtu jêdhul | saking panti pasinaon ||

19. blônja satus rongatus | têlung atus malah limang atus | kang mangkono kaki apa tan kapengin | marma babo sewayèngsun | dèn asrêgêp lan talatos ||

20. dèn amêmpêng sinau | aywa salah wèwèng amalincur | dene karêp madhêp mantêp tan nêtêpi | apa sawulanging guru | cakupên kabèh ing batos ||

21. aja sumêlang lamun | wong tuwanta mlarat tan kacukup | asung beya waragading mèt pangawrin | anggêr sira katon maju | pra panuntun wus mirantos ||

22. elinga wong tuwamu | tanpa sênêng sajroning tumuwuh | iya nadyan priyayi nanging sarèhning | bodho sarwa kurang kawruh | satêmah dadi gêguyon ||

23. dhasar pamêtunipun | mung saipêt cumpèn nora cumpu | yèn dèn anggo nyamaptani jroning urip | awêkasan sarwa kusut | tan ngrêsêpakên tinonton ||

24. satêmah tansah ngadhuh | tyasnya kodhêng barang karya [kar...]

--- 10 ---

[...ya] kidhung | puluh-puluh wus kapèpèt kapalipis | apêse wong sêpên kawruh | urip pisan dadi popok ||

25. mula mung sira kulup | kewala dèn anggugu mituhu | wêwêlinge si bapa kasêbut ngarsi | ngong puji duwe pamêtu | sabên sasi satus kêton ||

26. ing jaman mêngko kulup | nadyan pyayi lan darahing ratu | yèn tan pintêr utawa nora kasait | nora pati dèn paèlu | arang sinaruwe ing wong ||

27. nadyan trah bau dhusun | lamun wasis samubarang kawruh | sugih dhuwit sanggon-ênggon dèn ajèni | dhasar darajade ruhur | keringan sinêmbah ing wong ||

28. ana tuladhanipun | bocah desa anake wong pikul | tur malarat pakaryane mung rêripik | adol sukêt godhong kayu | dadi mukti kêcèh kêton ||

29. mangkene gancaripun | Si Salikin anake Pak Êmpluk | duwe kadang wadon rada ayu dadi | sêliring prayayi cukup | Salikin milu nèng kono ||

30. duk umur pitung taun | dèn parêdi lan ipene mau | linêbokkên sakolah Walônda gratis | cêkake Salikin banjur | dadi

--- 11 ---

dhoktêr nungkangnunggang. montor ||

31. pamêtune mèh sèwu | wibawane wis kaya tumênggung | sapa nyana dhèk cilik busuk basisik | anaking kuli kaluthuk | bisa dadi dara dhoktor ||

32. iku kewala cukup | kinaryaa tuladan panuntun | nora dimèh têrahing cilik pak cêplik | lamun sakolahe putus | mukti kaya sutèng katong ||

Dongèng Bocah Jirih.

3. Sinom

1. duk ing jaman kuna ana | rare jalu luwih jirih | Si Bugêl panêngranira | anuju dina sawiji | wayah jam wolu bêngi | lèking wulan ping sapuluh | Bugêl lagi dolanan | lan rowangira tumuli | amiyarsa sawênèhing rare mojar ||

2. ajak-ajak nonton wayang | maring dhukuh Têgalsari | samana ana cah lima | ingkang padha angrujuki | nênêm lan Bugêl dadi | gunggung kabèh bocah pitu | nora antara mangkat | tan cinatur anèng margi | samana wus têkan [têka...]

--- 12 ---

[...n] gone kang wayangan ||

3. kabèh ajênak tumingal | lakone nyênêngke ati | nganti têkan sirêp janma | tan ana karasa arip | amung rare sawiji | Si Bêgog kang uwis ngantuk | anyêdhaki Daliman | bisik-bisik ngajak mulih | Si Daliman mangsuli iya prayoga ||

4. ananging Si Bugêl ika | ya aywa dèn ajak mulih | tinilapakên kewala | tininggal dhêlik nèng margi | mêngko lamun nututi | ginêtak dimène kagum | samana wus wangsitan | rowangira dèn kêjèpi | wus atômpa yèn Bugêl arsa bineda ||

5. wit kabèh uwis uninga | yèn Si Bugêl luwih jirih | gya mêtu saking sajuga | Si Bugêl nora udani | amung enak ningali | mèpèt ing kothak anyathuk | tan mulat kancanira | samana rowangnya uwis | praptèng jaba sigra mangkat gêgancangan ||

6. dupi wus prapta ing marga | kang parêg garumbul nuli | bocah ênêm padha mapan | malbu ing garumbul dhêlik | kocapa Bugêl dupi | wruh rowange tan kadulu | wus ngira yèn tininggal | mulih tumuli nututi | gêgancangan lan atine tarataban ||

7. lumayu tan tolih wuntat | lawan [lawa...]

--- 13 ---

[...n] nguwuh jêlih-jêlih | rowange nêm kang umpêtan | nèng bêbondhot amiyarsi | swarane Bugêl nuli | ajak-ajak barêng nubruk | lan anggro kaya macan | tantara Si Bugêl prapti | ing marga kang cêdhak goning bêbondhotan ||

8. bocah nêm barêng narajang | nubruk lawan anggro kadi | macan amamrih mêmangsan | Bugêl bangêt kagèt nuli | jêmpling satêngah mati | gya niba ing kisma kantu | bocah nêm duk uninga | Si Bugêl niba ing siti | samya gugup Bugêl sigra ginrayangan ||

9. awake kaku bêngkayang | napase nora lumaris | mung kari kêtêk kewala | bocah nêm padha kuwatir | kewran kuwur kang ati | kêtir-kêtir ting barêkuh | kaduwung tingkahira | samar yèn kabanjur mati | ing wusana Daliman dadi tutuhan ||

10. kongsi suwe antaranya | Si Bugêl nora ngalilir | rare nêm susah tyasira | padha muwus priye iki | yèn Bugêl dadi mati | têmtu padha dèn balênggu | ana ingkang wacana | wong Daliman kang marahi | yèn dèn priksa ya besuk padha prasaja ||

11. yèn Daliman ingkang ngajak | nyêgat Bugêl amêdèni | dimèn Daliman priyôngga |

--- 14 ---

dèn ukum gantung ing benjing | Daliman tan bisa ngling | lêngêr-lêngêr bangêt gêtun | norantara katingal | Si Bugêl bisa ngalisik | napas pulih tangi sarwi gadandapan ||

12. arsa lumayu cinandhak | mring rowange dèn rih-arih | Bugêl sira ywa lumajar | nora nana gêdhah-gêdhih | jatine kang amuni | gêro kaya macan mau | Daliman lawan ingwang | amêdèni mring sirèki | mula mêngko sarèhêna napasira ||

13. Bugêl maksih tarataban | lan durung bisa lumaris | Daliman alon ngrêrêpa | payo Bugêl padha mulih | kalamun sira misih | durung kuwawa lumaku | ingsun gendhong kewala | gêntenan sakônca sami | Bugêl manthuk gya ginendhong mring Daliman ||

14. gêntenan sakancanira | kongsi praptèng wismanèki | Bugêl wus mulih ing wisma | rare nêm suka tan sipi | dene Si Bugêl uwis | apan nora dadi lampus | wusana Si Daliman | kapok tan gêlêm mêdèni | wêdi lamun lir Bugêl lêlakonira ||

Liding dongèng aja sok mêdèni bocah jirih, yèn kaya lêlakone Daliman lan Si Bugêl ora bêcik.

--- 15 ---

Bocah Gila Ulêr.

4. Asmaradana

1. ana rare awêwangi | Si GorètKorèt. lamun tumingal | mring ulêr bangêt gilane | yèn anon ulêr sakala | lumayu sipat karna | guwayane pucêt aclum | atine mar tarataban ||

2. rewange dolan udani | wadine Si Korèt ika | nuju ing wayah têngange | Si Korèt arsa mring têgal | nyunggi karanjang lawan | anyangkêlit aritipun | arsa mèt sukêt kinarya ||

3. makani mesane èstri | kang lagi amanak anyar | duk prapta ing têgalane | mulat rowangira ingkang | samya angon maesa | nuju ngrompol rubung-rubung | samya ambakar wi wana ||

4. Korèt nulya marêpêki | wus amilu karompolan | ana sawijining rare | Si Bêsur panêngranira | wêruh ulêr marambat | nèng wit wi sigra jinupuk | ing tangan karya dolanan ||

5. Si Korèt wêruh anjêrit | malah dèn wêdèkke pisan | dèn nyunyukake awake | Korèt niba karengkangan | mêksa misih dèn oyak | Si Bêsur sigra binacuk | ing arit raine muncrat ||

--- 16 ---

6. mancur-mancur mêtu gêtih | Bêsur anjungkêl ing kisma | tinulungan bocah akèh | Si Korèt jêtung tumingal | gêtuning tyas kaliwat | nanging Bêsur kang tinutuh | linuputkên rare kathah || Karêping dongèng angelingake yèn ana bocah gila apa-apa, aja kowêdèni yèn lali aniwasi kaya lêlakone Si Korèt lan Si Bêsur iku.

Grêma Ora Rukun.

5. Pangkur

1. ana wong aran Pak Wana | tuwaburu lunga bêbujung maring | ing ngalas gêgamanipun | amung bêdhil lantakan | dupi têkan ing têngah ngalas kapêthuk | lan grêma aran Pak Arga | nulya abarêng lumaris ||

2. tantara grêma Pak Wana | wêruh ana kidang lagya gayêmi | nèng soring gayam anjêrum | suka gya pinaranan | mindhik-mindhik saka ing wuri angrundhuk | Pak Arga gya atut wuntat | lumaku ririh tan têbih ||

3. dupi parêk nulya mapan | mêndhak ngincêng kinira wus patitis | sanjata pinêsat sampun | nanging nêmpah tan munya | kang nèng wuri tanggap bêdhile pinlatuk | jumêdhot ngênani êndhas | kidang jola têrus mati ||

--- 17 ---

4. dyan wong roro gurawalan | amarpêki wangkene kidang dupi | parêk Pak Wana amuwus | lah bêgja têmên kakang | dawêk lajêng pinaro kewala rampung | Pak Arga mangsuli sugal | pinaro kapriye iki ||

5. nyamlêng têmên ujarira | enak-enuk arsa jaluk sapalih | bêdhilmu nora pikantuk | mêjên mlêmpêm anêmpah | lamun jaluk saparo sun ora entuk | gawakna mring wismaningwang | ngong opahi êndhas kikil ||

6. Pak Wana kêprepun kakang | sampun mêsthi kula angsal sapalih | amarga kula kang wêruh | andika tan uninga | lamun wontên kidang anggayêmi jêrum | nadyan bêdhil kula nêmpah | pun mêsthi olèh sapalih ||

7. Pak Arga nora maluya | punang kidang sigra pinangkul nuli | lawan wuwusira saru | nora praduli setan | buron alas singa ingkang mênthung ontung | wêruha kidang rong jinah | wong kowe nora matèni ||

8. Pak Wana nora sarônta | wangke kidang rinêbut saking wuri | Pak Arga kongsi mèh ambruk | wangke kidang malêsat | krura mangkrak Pak Arga sigra manubruk | anyikêp maring Pak Wana | rinukêt arsa binanting ||

--- 18 ---

9. Pak Wana panggah atadhah | dadya ulêng gêlut gênti kaguling | ing siti gulung-gumulung | gantya kakah-kakahan | kokot-kèkèt gulêt rukêt ting barêkuh | karone padha rosanya | wus samya wuru alali ||

10. samana ana wong desa | arsa amèt wrêksa ing wana uning | wong roro gulêt agêlut | wus lali tanpa mulat | lawan ana wangke kidang gumaluntung | lan sanjata kalih samya | sumèlèh siti tan têbih ||

11. wong amèt wrêksa angira | karanane samya ulêng alali | dening ana kang rinêbut | yèku wangkening kidang | ciptaning tyas tinimbang padha rinêbut | baya bêcik ingsun gawa | dyan kidang pinangkul nuli ||

12. ginawa lunga wus têbah | kang agêlut maksih gulêt kapati | kalihe wus sayah lêsu | kasok lêsah samana | samya kèndêl saking sangêt sayahipun | kalihe awas tumingal | wangke kidang tan kaèksi ||

13. angira ginawa sima | dyan Pak Wana mênyat lunga rumiyin | ciptaning tyas wus tan parlu | nutukkên têtukaran | tuwas sayah wus tan ana kang rinêbut | baya nêtêpi bêbasan | madu balung tanpa isi ||

--- 19 ---

Liding dongèng sing sapa ora rukun kêkancan, kajaba kapitunan, amasthi sugih satru.

Santri Sumuci-suci.

6. Pocung

1. kang cinatur anyaring agama rasul | ana santri desa | abangêt sumuci-suci | mula karan Iman Têkabur namanya ||

2. dhasar cukup parine nganti rong lumbung | kêbone sakandhang | sugih wêdhus bèbèk pitik | saking bangêt gêmi lan cêthil kaliwat ||

3. marmanipun sinêbut Iman Têkabur | wis sabên caturn |Kurang satu suku kata: wit sabên caturan. mulya-mulyane wong urip | nora kaya wong ingkang salat sêmbayang ||

4. uripipun suci tan rêgêd salugut | linulutan bôndha | dèn wêdèni setan eblis | dening wêruh santri kêkasihing Allah ||

5. patinipun cinadhang suwarga agung | beda wong abangan | iku satruning Hyang Widi | patinira dadi intiping naraka ||

6. marmanipun Ki Santri Iman Têkabur | yèn mring wong abangan | gêthinge kapati-pati | yèn klasane dinêmok laju kinumbah ||

7. yèn kêpêthuk mengo nyimpang tutup irung | lamun kadhayohan | sadurunge kinon linggih |

--- 20 ---

tinakonan apa ta salat sêmbayang ||

8. lamun ngaku tan nglakoni limang wêktu | dyan tinundhung lunga | muwus tan bisa nglakoni | wanuh lawan wong kang tan agama Islam ||

9. lamun ngaku anglakoni limang wêktu | banjur tinakonan | ing sadad kalimah kalih | lan sinoal rukuning agama Islam ||

10. dene lamun bisa jawab kabèh mau | lagi ingacaran | lungguh ing salu tanapi | tinakonan kang dadi parluning karya ||

11. nanging namung bêbasan sinuguh anggur | nora tau pisan | nyugata wedang sacangkir | muwah kinang sakênyèh kewala nora ||

12. wus misuwur watake Iman Têkabur | dènira tan kaprah | lan kumêt cêthil kapati | marmanira tanggane gêthing sadaya ||

13. kabèh nyatur anane Iman Têkabur | malah ana ingkang | angêsotke nyêpatani | wong tan kaprah baya bakal nora lumrah ||

14. tan adangu ing dina sawiji nuju | ing môngsa pêtêngan | wayah jam sawêlas bêngi | Kyai Iman Têkabur sasomahira ||

15. durung turu ngrungu swara gumarubug | lir swarèng dahana | kagèt wong loro tumuli | mêtu wêruh lumbunge kang kabasmaran ||

16. Ki Têkabur [Têka...]

--- 21 ---

[...bur] lan nyaine barêng jumbul | lan bêngok sêsambat | tulung-tulung jêmplang-jêmpling | tan antara gêni marèntèk ing wisma ||

17. bêl amurub mubal katêmpuh ing bayu | Nyai Iman saya | anjêlih gumuling siti | tulung-tulung jêmplang-jêmpling galimpangan ||

18. Ki Têkabur lir têmpaling polahipun | nanging nora bisa | anyirêp urubing gêni | awit amung priyôngga badan sapata ||

19. tangganipun krungu sambat kagèt mêtu | nanging duk tumingal | omah kang murub kabêsmi | wismanira Kiyai Iman jubriya ||

20. datan èstu tangginan tandang têtulung | malah-malah samya | suka ing tyas sokur mati | Ki Têkabur lêbur sabarange kobar ||

21. nganti esuk tanggane tan ana nginguk | wismane Ki Iman | kabèh wus êntèk kabêsmi | dalah rajakayane gêsêng sadaya ||

22. Ki Têkabur lêngêr-lêngêr mungur-mungur | nyaine sansaya | bangêt bingung lir wong baring | wus rumasa yèn dadi kere dadakan ||

Liding dongèng sanadyan dadi santri aja sumuci-suci, lan aja cêthil bangêt-bangêt, mundhak digêthingi ing wong akèh. Wusana anêmu kasusahan ora ana kang sudi têtulung, katêmahan [katêmaha...]

--- 22 ---

[...n] dadi sangsara gêdhe.

7. Mêgatruh

1. kang sun rungu dêdongengan duk ing dangu | ana wong desa sawiji | Ki Lêgawa namanipun | sutane papat kang kalih | jalu ingkang loro wadon ||

2. Ki Lêgawa bangêt kamlaratanipun | ananging budine luwih | dhêmên bangêt atêtulung | marang wong kang nandhang kingkin | muwah kang kasangsayèng don ||

3. tur ta tanpa pamrih lan melik salugut | mangkene ruwiyèng nguni | Ki Lêgawa ambêkipun | sanadyan mêskin kapati | tan tau ngrêsula angloh ||

4. muwah dènnya anggaota bêdhag buruh | nora pati dèn parsudi | namung sakapenakipun | mung anggêr uwis nyukupi | sapira butuhing pawon ||

5. wus narima tan kraya-raya anggayuh | dadining widada sugih | kang dèn èsthi jroning kalbu | mung bisaa mitulungi | mring wong kang nandhang pakewoh ||

6. iya iku kalamun dhèwèke krungu | têtanggane sukêr sakit | enggal dènnya tinjo mriku | tanya karananing sakit | lan wêwarah kang wus klakon ||

7. usadane godhong anu karo

--- 23 ---

anu | dhèwèke banjur ngulati | gêgodhongan kang tinutur | lawan saliyane malih | lan tinamakakên gupoh ||

8. cekat-cèkêt rikat datan mawi rikuh | dènnya ngrêngkuh mirakêti | sinami lan sutanipun | nora mawi wigah-wigih | nora gigu têgêl tanggon ||

9. lamun durung waras tansah sabên esuk | Lêgawa dènnya nuwèni | malah-malah sabên dalu | Ki Lêgawa angêlèki | muji nulya karahayon ||

10. yèn tanggane kasripahan anak putu | tumuli bae niliki | lawan nuli atêtulung | ibut dènnya nambut kardi | kang dadi parluning layon ||

11. lawan mikul anguntapkên praptèng kubur | nganti sarampunge nuli | mulih maring wismanipun | kalawan eklasing ati | winehan salawat êmoh ||

12. lamun ana tanggane nêmu pakewuh | kabancanan banjir gêni | enggal têka atêtulung | lan ngrêksa mamrih basuki | tan arêp pituwasing wong ||

13. lamun wêruh têtanggane eman ewuh | mantu manak atanapi | darbe parlu liyanipun | gêlis têka angrewangi | tata-tata amirantos ||

14. myang rumêksa amurih [a...]

--- 24 ---

[...murih] slamêt rahayu | kongsi têkan wising kardi | Ki Lêgawa lagi mantuk | tan mawi mamrih pakolih | lila lair trusing batos ||

15. kacarita ing sawiji dina nuju | Kiyai Lêgawa lagi | lêgèh lungguh munggwing tanggul | aningali lare mancing | nèng kali amèt ulam loh ||

16. tan adangu bocah kang amancing mau | kaplèsèd kacêmplung kali | galundhêng klêlêp ing kêdhung | kagèt Ki Lêgawa nuli | cancut saking tanggul anjlog ||

17. gêbyur kali lalu salulup ing kêdhung | tantara mêntas tumuli | rare wus katon pinanggul | dyan sinèlèhkên ing gisik | lare wus satêngah layon ||

18. dyan ingupakara sarira ginangsur | sinuntak tirta wus mijil | tantara ngalilir sampun | napasira kêmpis-kêmpis | dyan tangi lungguh bêgogok ||

19. krasa lara marlupa kapala ngêlu | nulya dèn têrakên mulih | ginendhong sampun lumaku | praptèng wismanira nuli | rare dyan sinèlèh salon ||

20. renanira tumingal bangêt anjumbul | sutane rinangkul nuli | lan sêsambat biyung-biyung | dhuh gèr kênong gene iki | de têka mulih ginendhong ||

--- 25 ---

21. sutanira tan bisa mangsuli wuwus | mung tansah gènira nangis | Ki Lêgawa alon muwus | niki wau kula uning | sutanta mancing ulam loh ||

22. botên suwe kêplèsèd kêcêmplung kêdhung | lajêng kula salulupi | sagêd pinanggih rahayu | samangke suwawi adhi | sutanira kula borong ||

23. renanira sakalangkung gêtun ngungun | wusana suka ing kapti | dene sutane rahayu | muwus sangêt trimakasih | mring Ki Lêgawa kang gendhong ||

24. lawan muwus tujune andika wêruh | miwah dhangan mitulungi | dhuh kakang panyiptaningsun | sasat kakang kang sung urip | nambung umuring sutèngong ||

25. lah punapa kang môngka wêwalês ingsun | tarlèn sutaningong mangkin | kula amung darma gadhuh | andika kang darbe siwi | sakarsanta kula borong ||

26. namung kula ing mangke minta sumurup | kakang sintên kang wêwangi | lawan pundi wismanipun | Ki Lêgawa tan mangsuli | mung mèsêm manthuk kemawon ||

27. lajêng kesah kalepat tan mawi muwus | dèn andhêg gèdhèg tan apti | kang darbe wisma sru ngungun | nanging niyat angulati | dununging kang ambêk kaot ||

28. nêngna ingkang sangêt mangungun gêgêtun |

--- 26 ---

ing sawiji dina maning | wayah bangun bambang esuk | Ki Lêgawarsa mring kali | anèng marga kapêthuk wong ||

29. iya iku sudagar sugih jêjuluk | Kiyai Sanaartati | mêntas ing jagong ing dalu | gluyuran tan turut margi | lan blukeran mutah kêcoh ||

30. Ki Lêgawa wus angira yèn wong wuru | mêntas ing jagong ing wêngi | Ki Lêgawa wêlas dulu | anulya dèn êtut wuri | kanthi wêweka ing batos ||

8. Kinanthi

1. tan dangu antaranipun | sang wuru niba ing siti | kadgatèngkadgadèng. tyas Ki Lêgawa | gugup agahan nulungi | rinangkul lungayanira | lan ingupakara ririh ||

2. dyan inginggahkên mring tanggul | sasoring kayu trêngguli | sang wuru wus tan kèngêtan | tinurokkên laju guling | winulat panganggonira | amarabot sarwa adi ||

3. warastra sawitan mungguh | latar putih angarêmit | kulambi lakên sikêpan | abênik suwasa murni | kêrise sêlut iyasan | timange jalebrah adi ||

4. nganggo ali-ali têlu | bandhil lan suwasa pèni | kabèh maripat barleyan | èrloji waltamas bêcik | karsèt rante êmas Jawa | kalamun [ka...]

--- 27 ---

[...lamun] dèn kêrta aji ||

5. rêgane panganggonipun | luwih têlung èwu rispis | Ki Lêgawa ngungun ing tyas | anglocita jroning ati | upama wong iki nora | kawêruhan lawan mami ||

6. nèng kene pribadi turu | tan wurung dèn balèjèdi | ing dursila sabèng marga | wus masthi wuda balindhis | karia amung saruwal | mêmêlas têmên wong iki ||

7. saiki priye akalku | kajaba mung ngong tunggoni | ya nganti satanginira | marma Ki Lêgawa nuli | anunggoni anèng dalan | kongsi prapta ing byar enjing ||

8. malah nganti pukul wolu | kang turu lagi ngalilir | gregah linggih kagyat mulat | nèng tanggul ngisor trêngguli | lan tinunggu ing wong tuwa | sru ngunguning tyas tan sipi ||

9. dangu-dangu mèngêt lamun | nguni jagong duk ing wêngi | wuru gya mulih priyôngga | baya ta ambruk ing margi | wusana alon têtanya | mring wong tuwa kang nunggoni ||

10. paman paran mulanipun | andika lungguh ing ngriki | lan sintên nama andika | pundi ingkang dèn dunungi | dene andika lir têngga | gèn kula tinamtilêm. nèng ngriki ||

11. Ki Lêgawa lon sumaur | walèhing nama lan malih | mratelakkên [mratelakkê...]

--- 28 ---

[...n] wismanira | sumawana sung udani | kamulane dènnya têngga | purwa wusana wus titi ||

12. Ki Sanaartati ngungun | mèngêt lêlakoning latri | ing wusana nglocitèng tyas | katujune awak mami | ana kang wêlas rumêksa | wong ambêk raharja luwih ||

13. upama nora dèn tunggu | mring Kyai Lêgawa iki | dadi apa awak ingwang | mêsthi pinarwasa maring | bajul dharat sabèng marga | panganggo dèn balèjèdi ||

14. sanadyan nora dèn bunuh | wong wis sasat buta mati | kari kapenak kewala | sakarsa-karsa dumugi | wusana alon wacana | dhuh paman Lêgawa mangkin ||

15. kula sakalangkung nuwun | sih marmanta maring mami | sasat kapotangan gêsang | punapa paman ing mangkin | ingkang kula walêsêna | maring andika jawi ||Kurang satu suku kata: maring andika kajawi.

16. amung asih trêsnaningsun | lan wiwit ari puniki | andika têtêpa dadya | bapa kula donya ngakir | tan langkung samangkya paman | andika kula aturi ||

17. ngatêrna mring wismaningsun | awit kula dèrèng pati | saras kadi sabênira | sirah maksih kraos sakit | mumête kaliwat-liwat | andika tuntun wak mami ||

18. Kyai Lêgawa duk ngrungu | wacanèng [waca...]

--- 29 ---

[...nèng] Ki SaartatiSanartati. | lon maluya malat prana | dhuh-dhuh anggèr anak mami | sampun sandeya ing driya | suwawi kula tut wuri ||

19. kongsi sadumuginipun | ing wisma manggya basuki | dene ta pangrêngkuhira | ing kula pinèt sudarmi | sakalangkung bingah kula | nanging sajroning tyas mami ||

20. botên pisan-pisan lamun | anggèn kula anênggani | rumêksa ingkang sarira | adarbe pamrih pakolih | amung nuhoni pipiwulang |Lebih satu suku kata: amung nuhoni piwulang. kang dadi wajibing urip ||

21. dèn adhêmên atêtulung | maring wong kang kawlasasih | myang maring papa sangsara | rêksanên mamrih basuki | nanging ywa darbe pangarah | wangsulaning wuri-wuri ||

22. amung makatên puniku | anggèr ingkang kula èsthi | milanya dupi andika | sagêd amanggih basuki | kula sampun langkung bingah | tan mamrih walêsan wuri ||

23. Ki Sanaartati ngungun | myarsa wangsulan kadyèki | puwara mojar ngrêrêpa | dhuh-adhuh rama kiyai | asangêt panuwun kula | mung têtêpa ngakên siwi ||

24. lah suwawi paman sampun | kula atêrêna mulih | Lêgawa inggih sumôngga | anulya umangkat sami | lumampah alon-alonan | ing marga datan winarni ||

--- 30 ---

25. sampun praptèng wismanipun | Kiyai Sanaartati | dupi têkèng palataran | Ki Lêgawa aningali | gumlaring banjar pomahan | wiyar raras angrêsêpi ||

26. rêregol agêng amunggul | laleyan (pagêpagêr. bata) têpung pasagi | dhêndhêng ponang karang kirna | tinon tumaruna wilis | tarap punang tiris dênta (klapa gadhing) | têpung pucang amangapit ||

27. pinggir pring pêtung tumiyung | ngayom wèh ayêming ati | anulya manjing pandhapa | joglo gêng rinêngga asri | pasrèn asrèn warna-warna | tinata pantês miranti ||

28. nora wus lamun winuwus | Lêgawa nglocitèng kapti | nyata lamun wong kaskaya | katara rakiting panti | miranti sarwa samakta | baya ta sudagar sugih ||

29. dyan Ki Sanartati muwus | paman suwawi ywa wigih | lênggaha sakarsanira | ing salu punapa kursi | kularsa cucul sakêdhap | andika lênggah pandhapi ||

30. Ki Lêgawa alon muwus | lah inggih anggèr prayogi | Ki Artati malbèng wisma | tantara gya mêdal malih | dèrèng kongsi awacana | Ki Lêgawa nulya pamit ||

31. sarwi mênyat mangkat sampun | dèn andhêg datan kadugi | wola-wali dènnya

--- 31 ---

ngundang | Ki Lêgawa tan mangsuli | malah saya rêrikatan | ngungun Ki Sanaartati ||

--- [0] ---

...