Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Jiljalaha, H. Buning, c. 1920, #438

Katalog:Jiljalaha, H. Buning, c. 1920, #438
Sambung:-

--- [1] ---

Sêrat Jiljalaha

Anggitanipun suwargi Radèn Riya Ranadiningrat, abdi dalêm riya bupati saha piskal, ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat.

Saking pamanggih kula Sêrat Jiljalaha punika maksudipun dhatêng piwulang sae, sarta namung sawantahipun, nanging suraosipun kaangge walikan, têgêsipun sadaya ingkang kacariyos ing sêrat wau anggêpipun sae, nanging sayêktosipun awon, mila kêdah kinosokwangsul. Turut kalihan namaning sêrat: Jiljalaha, bilih dipun walik, jilja, jajil, laha, ala=jajil ala. Lo rak namung sawantah kemawon.

Juru pangimpun Almênak, toko H. Buning, ing Ngayugyakarta.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

1. Dhandhanggula

1. kang sarkara pinurwèng sastra di | awit ingkang asma Sang Pandhita | Jajalanat sang kinaot | kang manggyan anèng gunung | Candhi Sèwu saha ngratoni | sakèhing para setan | tanapi lêlêmbut | samya ulah pangawikan | nadyan janma kang nêdya tanajul ngèlmi | samya sowan sang tapa ||

2. nging wus lami wulange jêng kyai | datan wontên purun ingkang buka | dadya mung sinimpên bae | sabab buku pinundhut | duk ing kuna mring Hyang Ijajil | dadya kang putra wayah | awis ingkang emut | nanging ta jaman ing mangkya | putra wayah kathah ingkang samya eling | manut mring kangjêng eyang ||

3. mangkya wontên wayah kang malêtik | mangun surat buku duk ing kuna | nging sastra jinarwakake | buku ingkang rumuhun | sastra durga basa Ijajil | ananging yèn manuta | pra wayah sadarum | sun duga tan ana bisa | mila mangke tinêmbungkên [tinê...]

--- 4 ---

[...mbungkên] basa Jawi | supadya wigya têrang ||

4. kutika bêrmulai têrtulis | padha ari Slasa tanggal ping pat | bulan Dulkijah taun Je | sêngkalanya yang taun | misih pake basa Ijajil | sengkok nèt kênthi warang | itu jugak turut | misih pake lètêr durga | cuba liat rupanya dhibawah ini | bukan têrlalu eram ||

5. awit pangandika Jêng Kiyai | Jajalanat mring kang putra wayah | adhuh anak putuningong | kang èstri miwah jalu | padha sira pyarsakna kaki | wulange eyangira | poma dèn kêcakup | nanging kang dhingin sun wulang | ingkang priya sarta kang wus antuk singgih | tatane wong nèng praja ||

6. yèn ta nuju sira tômpa dhuwit | saka Lônda banjur lakokêna | potang-potangêna kabèh | mring sakèhing kancamu | nanging aja sabên priyayi | mung kang tunggal wêdana | iku bae cukup | padha têbasên kang bayar | lakokêna nêmbêlasan wis prayogi |

--- 5 ---

sukur yèn olèh dinan ||

7. sarupiyah manak têlung dhuwit | sadinane iku kang utama | nanging aja lena anggèr | jaluka layang pêthuk | pratandhane kang utang sami | lan banjur sêksèkêna | mênyang wêdanamu | lan têpunga karo prentah | ingkang pancèn nyadhong bayar mênyang ngloji | akunên saudara ||

8. gula êtèh iku aja lali | pêndhak bayar bêcik anggawaa | yèn prentahe pancèn nyêrèt | bungah tukokna candu | bobot sigar rèk ora rugi | yèn sira tan mêngkana | mêsthi nora wurung | ing buri kakehan nalar | pês-apêse tarikamu diwêlani | mring priyayi kang utang ||

9. lan aja sok ngêcèh-êcèh dhuwit | ingkang pancèn tan ana pamrihnya | kaya ta nèk ana dhayoh | sabên pyayi disuguh | pêpanganan wedange kopi | iku karêbèn apa | sêtun nyuguh udut | iku yèn wis pancèn kamrat | kêjabane [kêja...]

--- 6 ---

[...bane] dhayoh angêtêri dhuwit | iku patut nyuguha ||

10. lawan aja sok ngênèhi dhuwit | nyang wong mlarat mundhak kêtularan | nadyan ta tanggamu anggèr | kalamun anjêjaluk | lênga tuwin sêga sathithik | ginawe dulang bocah | poma sira putu | wis aja korèwès pisan | iku ingkang dadi jalaran bilai | gombale anênular ||

11. lan yèn ana kancamu nyênyilih | ingkang jênêng rupa sêsandhangan | jarit sapanunggalane | iku poma dèn emut | aja nganti sira wènèhi | iku larangan ingwang | anggêr eblis iku | gèk môngsa diulihêna | têrkadhangan wis ana gone Gowankin | yah mara badhèk iya ||

12. lamun sira arsa buwang dhuwit | bêcik sira mênyanga kamulyan | sangua dhuwit sing akèh | sebaa Sang Hyang Guru | anyuwuna kang widadari | sing bêcik warnanira | yèn sira durung wruh | sêjatine ing kamulyan | prênahira kulon bèntèng [bè...]

--- 7 ---

[...ntèng] cakêt kaki | dene Guru Bathara ||

13. lan Narada kang ngrèh widadari | sayêktine mak cilik pralata | mak citralata nradane | yèn sira wus kêpangguh | lan Hyang Guru Nrada dèn aglis | nyaosana bêbungah | dhuwit limang tangsul | supaya sira jinaga | nuli sira enggal nyuwuna prêmisi | manggon anèng suwarga ||

14. kahyangane ingkang widadari | sakarêpmu kaki pilihana | êndi sing kok duga cècèg | nginêpa sakarêpmu | aja nganggo sumêlang ati | mung sangumu wènêhna | mênyang sobatamu | sèkêt satus aja eman | sabab pêrlunira iku buwang dhuwit | wuda ya lakonana ||

15. apa ana enake ta kaki | wayah bêngi dhasar nganggo udan | adhêm-adhêm nyandhing tlèdhèk | tlèdhèke dhasar ayu | macak barès angayang batin | tapihe lurik abang | kêmbênira gadhung | anglungjiwa cara Sala | mung suwênge pênunggule lagi siji | ananging wis barleyan ||

--- 8 ---

16. angladèni ngiris-iris roti | roti gandum tur nganggo mêrtega | wedange bubuk karo tèh | gulane gula batu | lan tukua candu sêtail | diyane ongting gêlas | bêdudan sinêlut | banjur macak ngombe wedang | pacitane nèk nyêrèt angambung pipi | wis kaya Raja Cina ||

17. iku kaki bêcik sabên bêngi | lakonana dadi wong utama | tan kuciwa gonmu mèrèt | lan aja dhêmên mlaku | anyewaa kreta sing bêcik | lan ngingua jayengan | anaa katêlu | padha jakên nunggang kreta | lan adhèkmu ajakên aplêsir-plêsir | karêbèn padha bungah ||

18. lan yèn nuju dhêmênamu kaki | lunga ditayub mênyang Pacinan | banjur susulên dèn age | kêlamun wis kêpangguh | bêrnantia ngiras ningali | nanging dèn rada cêdhak | bèk adhèkmu wêruh | poma aja lunga-lunga | antènana mêngko nèk adhèkmu nangis | nèk udan ya ngeyupa ||

19. aja mikir sayah adhêm arip | iya

--- 9 ---

iku manjing tapanira | mêngko ganjarane kêncèng | tan nganggo besak-besuk | padha udhu banjur sawêngi | lah mêngko titènana | sabubaring tayub | adhèkmu rak banjur mêdal | ngajak mulih nunggang kreta wong kêkalih | wayah kaya pangantyan ||

20. yèn wis prapta wismanira kaki | poma banjur sarea nèng kamar | wong loro kêmula cindhe | sing digodinggo (dan di tempat lain). sondhèr mau | cindhe kêmbang ambune wangi | ing kono banjurêna | dhangsah sasukakmu | mara kaki rasakêna | wulang ingsun apa bênêr apa sisip | ayak nyamlêng kewala ||

21. sapa wonge kang nora kêpengin | iya iku wong munggah suwarga | nora na suwarga manèh | kêjabane ta besuk | lamun sira tumêkèng pati | tamtu ginanjar swarga | anèng watu lumbung | ika rak katon suwarga | yèn wus antuk pitulunge Hyang Ijajil | byar jlêg katon suwarga ||

22. mung anggêre iki kok lakoni | pêsthèkêna [pêsthèkê...]

--- 10 ---

[...na] suwargamu benjang | têmpuhna yèn kongsi gêcèt | aku kêduga nanggung | mênèk sira misih kuwatir | sêksèkna nyang pradatan | nganggo pratandhaku | lah kaki mara golèka | sakèh guru pandhita utawa santri | kang wani nanggung swarga ||

23. anjajaha nyang pêsantrèn kaki | lan bablasa mênyang Panaraga | wis ora yèn kaya ingong | mulane sira kulup | aja tanggung gonmu nglakoni | sanadyan ta gombala | aja sira keguh | sabab dunya mono apa | ngakerate kang kok pêlêng iku kaki | mukti môngsa akua ||

24. lawan manèh wulang ingsun kaki | pêndhak pasar bêcik anayuba | ana ngomahira dhewe | tlèdhèke dhêmênamu | lan ngundanga para priyayi | ajakên dhahar pista | karêbène guyub | lan caosana bêbungah | myang janèwêr inuman miwah brandhuwin | banjur sira jogèda ||

25. sing ginau ramèn-ramèn kaki | cikbèn akèh pyayi kêtularan |

--- 11 ---

dhêmên ronggèng kaya kowe | iba ganjaranipun | Hyang Ijajil mring sira kaki | trakadhang swarganira | anèng gunung Lawu | bokmanawa lawas-lawas | katarima gonira nyêkêl pulisi | ngandikan mring mancingan ||

26. têrkadhangan sira banjur lali | sirku bae mara badhèk iya | ora eling wiwitane | sun kêmpit kaya manuk | ingsun juju lir wade yêkti | barêng wis nêmu mulya | gèk banjur tan emut | barêng lêkas eling sira | ngundang-undang barêng têka ditambuhi | pijêr nyawang bêdhaya ||

27. hèh ta aja mêngkono sirèki | iku lagi gêguyon kewala | mung wulangku mau anggèr | poma dipun mituhu | aja nganggo eling nak rabi | malah yèn sira mlarat | pêgatên bojomu | dadi wong mantêp ing tekad | mung adhèkmu kawinên sama sêkali | yak ora kêtanggungan ||

28. lamun sira eling anak rabi | dadi durung mantêp tekadira | ming kaya

--- 12 ---

si naya bae | eman têmên bagusmu | duwe watak pating sarêndhil | ana kang wêdi bêngang | bokmênawa buntung | lah ta iku udur apa | kaya dudu satriya trah Majapait | dadak wêdia bêngang ||

29. ana manèh pyayi angarani | jare saru pyayi nyang tledhekan | ya kuwe sangsaya gèsèh | sêtun nèk mênyang pathuk | iku rada saru sêthithik | nanging yèn aku ora | malah saya luhur | sabab bisa sobat Lônda | saradhadhu wuwuh Cina karo Êncik | gèk môngsa jare ala ||

30. malah kaya klana sang narpati | duk kalane kasmaras kumuda | balane bacingah rèngèp | mara rak saya mrabu | lah ta êndi sing ora bêcik | mulane aku rada | sêthithik sok gumun | sing ngarani jare nistha | kuwi priye pêngrasane sing ngarani | aku kok ora duga ||

31. ayake sing wêdi buwang dhuwit | banjur dadi nênacad sawiyah | ngarani saru si thole | rak iku wong durung wruh | dalil [dali...]

--- 13 ---

[...l] eblis dadak maoni | bok aja sumangkehan | sing ditanggung kaum | wis kaki aja kok rasa | unining wong kaya êmbuh-êmbuh kuwi | môngsa nyuwargakêna ||

2. Asmaradana

1. brangtanana kang sayêkti | kabèh wulange si eyang | mêraka tak wulang manèh | laku sing rada pêng-pêngan | kaki sira anggoa | tamtu ganjarane ngumbuk | nanging poma ja kawêntar ||

2. yèn nganti kapyarsèng janmi | dadya badhar lakunira | mulane sing rada mrene | yèn sira arsa wêruha | sajatining sidêkah | dana rasa têgêsipun | dhêmêna bojoning tôngga ||

3. rekane mangkene kaki | yèn tanggamu lagi lunga | trakadhangan lagèk caos | ya kuwi sing kêbênêran | banjur sira sônjaa | api-apia durung wruh | nèk sing lanang ora ana ||

4. banjur takona sing ririh | kakang napa wontên griya | sabab dhèk wingi pun kangsèn | nging wêlinge kalih kula | nèk [nè...]

--- 14 ---

[...k] aku ora ana | dhuwit wènèhna bakyumu | mêkatên raka jandika ||

5. mêngko nèk gêlêm nampani | lah kuwi sing kêbênêran | gampang cêkêlên tangane | nanging aja milih papan | môngsa ngarah bedaa | mathok anggêr pêrlu cukup | wis kalêbu wong utama ||

6. nanging ana sing ngungkuli | yèn sira nuju ngawula | kinasihan mring wong gêdhe | bêcik kathik saratana | karêbèn wuwuh trêsna | bedhangên klangênanipun | pilihên sing kinasihan ||

7. wis tamtu yèn wuwuh asih | sababe wis tunggal rasa | rasa mulya sêjatine | iku sarat kang utama | nanging dipun prayitna | sukêt godhong aja krungu | mundhak badhar lakunira ||

8. sasabana laku santri | nanging aja têmênanan | mung ethok-ethoka bae | sabab yèn nganti konangan | gonira bêbedhangan | tan wurung pabaspagas. gulumu | bêjane sira binônda ||

9. mêsthi sira ditakoki | tan wurung banjur ginlandhang |

--- 15 ---

nyang pajêksan masuk mring rol | tamtu yèn olèh ganjaran | dèn ukum anèng pasar | disapu kaping rongpuluh | jur dibuwi wolung dina ||

10. saluwarmu saka buwi | banjur sira didhêdhabyang | digawa nyang masjid gêdhe | kono gonmu sida macak | didusi anèng blumbang | kungkuma bae sabêdhug | mêngko nèk sira wis mêntas ||

11. rak banjur dibusanani | rambutmu dicukur mrapat | raimu sinungging anèh | arêng ênjêt karo atal | banjur kon nunggang jaran | jaran kepang nganggo lawung | digamêli Kramaleya ||

12. nadyan mêngkonoa kaki | iya bêcik antêpana | kuwi rak ming coba bae | lara wirang lakonana | wis jamaking agêsang | yèn bakal ginanjar luhur | tamtu gêdhe cobanira ||

13. malah yèn satriya luwih | nèk wis mantêp tekadira | bungah tumêkaning layon | bisaa mati babahan | goning bedhang wanudya | dadya sabil patinipun |

--- 16 ---

iya iku wong jlêgêdhag ||

14. ya iku tirunên bêcik | kêndêle wis kaya Lônda | saradhadhu ngloji gêdhe | nèk ngrêbut bojoning tôngga | tan nganggo ngarah-arah | banjur nyongkol bae kêpluk | kowe rak môngsa kalaha ||

15. yak abot têmên wong urip | nèk nêdya nglakoni srengat | kudu kêndêl paitane | nanging yèn tan nglakonana | bakal tan antuk swarga | siniksa drubiksa besuk | mara kaki titènana ||

16. wong kang dhêmên laku santri | dina-dina nêmbah mring Hyang | kae rak gadhangan dheyos | mulane aja sok cêrak | yèn krungu sing sok donga | êndhasmu rak banjur ngêlu | têrkadhang sira kantaka ||

17. yak wis aja dirasani | mundhak krungu sing sok donga | nèk misuh dhak dadi gawe | iya nèk misuh kewala | têrkadhang donga srabat | iya rak kaya dipênthung | nyang sirah olèh kumêmplang ||

18. ya mulane angèl kaki | wong

--- 17 ---

urip nèng dina dunya | gampang angèl pratikêle | mara kaki rasakêna | wong kang dhêmên sêmbahyang | enak êndi karo tayub | nèk aku enak jathilan ||

19. tur ta nganggo tombok dhuwit | nanging kok nyang ati sukak | wong nêtêpi sarengate | dhuwit rak minôngka slawat | buja dadi sidêkah | jakate olèhmu tayub | kabèh pyayi padha rêna ||

20. dalah kabèh kang ningali | lanang wadon padha berag | malah nunut padha jogèd | tayub anèng ngisor gêdhang | lonthene dikon nêmbang | saking kêpengine tayub | tuku cao digo arak ||

21. iku pratandhane kaki | nèk mula laku utama | nyênêngake atining wong | nora kaya wong slawatan | santrine pirang-pirang | dhèk ora ana sing ngingus | anaa ya padha gêla ||

22. kêjabane kônca santri | lah iku môngsa bodhoa | yak wis mêsthi ora cècèg |

--- 18 ---

mulane aja sêmônta | nyang santri digo apa | mundhak sira digêguyu | diarani rada edan ||

23. nanging aja sêrak-sêrik | diwaoni mring wong kathah | nèk wani tabokên kêplog | yèn dikroyog ya ngamuka | mêngkono wong jlêgêdhag | aja dhêmên clurat-clurut | kaya dudu trah Pêndhawa ||

24. lan yèn nuju sira kaki | jêjagongan lan wong kathah | yèn ana sing wani nyêngès | ngajak gêguyon mring sira | ya banjur pisuhana | mênèk wani malês misuh | jur sudukên babar pisan ||

25. karo bok rada sing dhiri | yèn lumaku nèng dêdalan | aja sok nyimpangi uwong | nèk ana sing wani nunjang | tabokên bae kêplag | pêsthi yèn kajèn awakmu | poma kaki lakonana ||

3. Sinom

1. saiki wis salin têmbang | mêngkene bae ya uwis | ora susah nganggo tôndha | badhenên nèk nyata wasis | lan wulangku saiki |

--- 19 ---

rak nyamlêng tur nganggo eclum | nanging rada kuciwa | pun kaki durung nglakoni | ning dhèk biyèn gajêge wis rada bisa ||

2. hèh kaki sing rada cêdhak | nèk ana wong sing miyarsi | aja sing janma manusa | cacing krungu dadi janmi | bok dimrene sathithik | aja nganggo rikah-rikuh | rikuh-rikuh bèk apa | wong arêp nampani wangsit | wangsit rungsit kêsit tur anganggo kêsat ||

3. têrkadhang sira wis bisa | dene wis lawas nèng puri | nanging durung antuk warah | nèk iku jatining ngêsit | yèn sira wis ngawruhi | kasêbut janma linuhung | mêngko aku dak blaka | sing têmênanan ta kaki | satêmêne sira dhêmêna bêdhaya ||

4. nanging aja sok lananga | miliha sing sigit-sigit | satriya kang misih jaka | golèka gogrogan srimpi | tamtu nèk bisa dhithing | tur rupane rabarada. dagusbagus. | wong wis dadi bêdhaya | apêse duwe prak-ati | nanging aja kang misih dadi bêdhaya ||

5. yèn kêtanggor [kêtang...]

--- 20 ---

[...gor] sing bêdhaya | pêthingane para dêlir | môngsa dadak pradulia | nyang kowe malah ngêmprèti | yèn konangan guprêmin | tan wurung pagas gulumu | mulane sing prayitna | satindakmu ngati-ati | sabab iku rak prakara têmênanan ||

6. karo poma wêkas ingwang | yèn wis antuk gonmu milih | poma sing bisa ngawula | ngladèni priyayi sigit | sing mantêp trusing batin | lan sing sarèh aja kau | sira wong lagi magang | mujia aglis antuk sih | sing tumêmên nanging aja tranyak-tranyak ||

7. wong angèle ngudubilah | yèn durung olèh thêk kaki | kudu cumadhong sakarsa | ladènana rina wêngi | karo sing ngati-ati | nèk bisa sing rada lucu | supaya nisihana | mênyang daramu wong sigit | nanging aja kok cara dhêmên si gêbyar ||

8. ora kêna kasar-kasar | mênèk-mênèk ditêmpiling | tur iya tan dadi apa | malah ngêncêngake pikir | nanging kok rada watir | nèk kêbanjur [kê...]

--- 21 ---

[...banjur] lêngguk-lêngguk | kêpriye polahira | nèk kowe banjur mayangi | golèk guna digo nglêjarake karsa ||

9. bêcike banjur sewakna | kreta aturana aglis | nyang toko tuwin Pacinan | rak daramu banjur lilih | lan êndi sing dilirik | barang-barang toko mau | yak wis aja kok anyang | jur tukunên bae ya wis | mundhak rèwèl iya banjur dhuwitana ||

10. aja mikir nganggo rêga | nadyan mundhuta èrloji | sing rêga rongatus sêmat | lah ya tukokêna kaki | anggêr ngomah jèh sugih | aja nganggo etang-etung | môngsa ngarah gombala | anggêre daramu asih | nadyan gombal nèk ana kerate mulya ||

11. he môngsa duwea sira | umur satus taun kaki | rak gèk mulih marang swarga | mumpung sira misih urip | nglakonana tabêri | ngawula wong bagus-bagus | sing bêcik patrapira | dikapak-kapakna kaki | anuruta aja [a...]

--- 22 ---

[...ja] kongsi gawe cuwa ||

12. karo bêcik saradana | guna pangasihan kaki | wis tamtu yèn banjur bablas | gêlis tômpa layang buslit | lakune amung mutih | pitung dina bae rampung | ngèlmune tampanana | mara kaki tak wuruki | sun amatak ajiku si jaran guyang ||

13. têtêgar têngahing pasar | gêgamanira cêmêthi | sada lanang saking swarga | apa kwasaning cêmêthi | sun sabêtakên bumi | sigar trus bumi sap pitu | sun sabêtkên sagara | dadya asat ponang warih | sun sabêtkên ing gunung pan iya sigar ||

14. gunung manèh tan sigara | bok atine jabang bayi | ingsun sabêt sada lanang | wis tamtu nèk banjur mati | nèk ora sida mati | sida edan turut lurung | nèk ora sida edan | awêkasan dadi asih | wêlas-asih bêndara mring awak ingwang ||

15. iku kaki lakonana | sajêrone sira mutih | lan nganggoa udut mênyan | nanging nèk wis sirêp janmi | amalna [ama...]

--- 23 ---

[...lna] aja lali | linggiha bari pitêkur | nèk nganti ora kêna | têmpuhna marang kang nulis | pêsthèkêna bèk môngsa ngarah gagala ||

16. kowe rak banjur jlêgêdhag | malah daramu kang wêdi | sakarêp-karêpmu nguja | ajakên nyang ngêndi-êndi | pangrasa jakên mati | bêndaramu rak ya manut | nanging kowe sing bisa | aja dumèh diwêdèni | sakarsane nèk mêmundhut tukokêna ||

17. lah yèn bêndaramu karsa | aturana rêmên ringgit | ya kuwi sing kêbênêran | dhèrèkêna dipun aglis | lan sangua sing akih | karêbèn bungah daramu | nanging dipun prayitna | nèk ana bujang sing wani | tabokana yèn lawan ya patènana ||

18. nanging tak kira wis ora | yèn wania tak kilani | anggêre sira jlêgêdhag | aja nganti kalah dhuwit | lan aja wêdi-wêdi | anggrasên bae ya katut | nadyan anaa Lônda | aja kowe minggrang-minggring | jakên tabe lan banjur jakên caturan ||

--- 24 ---

19. Landane rak banjur tata | ora gêlêm brigah-brigih | sabab kadhisikan cara | wis kaki sing ngati-ati | yèn ana wong maoni | yak wis bok aja kok rêmbug | yèn kabèh wus linakyan | wulangku sing kincling-kincling | mêngko ingsun wulang ngèlmu cara tuwa ||

4. Mêgatruh

1. karuhane yèn sira sukak ngèlmuku | banjur dhêmêna madati | nèk bisa nyêrèta candu | aja akèh bok sadhuwit | sabên dina aja towong ||

2. lan gawea bêdudan gadhing sing bagus | wêton nagara emudhi | cupak tukua sing bagus | sêlutên salaka putih | rupane lêjêt mêncorong ||

3. ming ciyame tukua marang ciyuhu | sabos rêga slawe rispis | sacêpuke akik wungu | mung rêga rongatus rispis | apyun tukua saglondhong ||

4. lah jajalên nyêrèta nèng têmpat tidhur | sêlirmu kon ngêladèni | sambi ngiris roti gandum | mêrtegane [mêrtega...]

--- 25 ---

[...ne] aja lali | banjur panggangên nèng anglo ||

5. apa ana sing ngungkuli nyêrèt candu | dhasar bêngi nganggo grimis | diyane ongting wis murup | tèhe pun-punan sumandhing | cèrète kumrêngsêng umob ||

6. nyamlêng bangêt pacitane sêmat satus | ukon talèn sèkêt rispis | sakarêp-karêpmu tutug | gonên nyêrèt rina wêngi | ayah rak kaya twapekong ||

7. hèh bêcike nganggoa ngundang kancamu | wong têlu utawa kalih | sing sok padha nyêrèt candu | jakên nyêrèt dadi siji | sabên bêngi aja towong ||

8. nèk wis mêndêm mêngko rak gatêl awakmu | lan rêmbugmu banjur mintir | apa sing padha kok rêmbug | wis tamtu yèn banjur gêlis | ing kono rak kaya kantor ||

9. mikir jagad dhêdharatan tuwin laut | ngisor bumi dhuwur langit | padha kandhas samya guyub | lan lakuning Sang Hyang Rawi | poma aja kongsi coblong ||

5. Pangkur

1. kapungkur

--- 26 ---

wong sêsêretan | lan mikira rusake bèntèng ngloji | tuwin obahing kêprabun | dhawuhe sri narendra | apa uwis kêbênêran apa durung | yèn durung ya waonana | rêmbugên sing bêcik-bêcik ||

2. lawan pranataning jendral | iku iya apa wis kok rujuki | nèk wong têlu durung rujuk | bêcik banjur ngothoka | nèk wis êntèk apyunmu tukua candu | sêtail mênyang ngêpakan | wong têlu rak banjur gilig ||

3. nanging poma wêkas ingwang | ming aja sok nyatur srengating nabi | iku aku ora rêmbug | karo karêbèn apa | angur baya mikira enaking candu | murah laranging ngêpakan | iku aku angrujuki ||

4. lan sambinên mulang jaksa | owahana gone mutus prakawis | iku kabèh bubuhamu | ming prakara kauman | iku kowe nora kêna milu-milu | nèk gêlêm ming waonana | gone andum gone milih ||

5. dene yèn para [pa...]

--- 27 ---

[...ra] nayaka | iku patut kowe ingkang maoni | sabab kuwajibanamu | sing duwe moyok nacad | yèn liyane ingsun duga durung cukup | yèn kowe aku pitaya | karo dhidhis bae ya wis ||

6. mulane wong mangan madat | ora ana wasise wong nimbangi | sabab bisa jaring kukus | lan wruh suruping diyan | bakal kasar bakal alus kabèh wêruh | tur tekade mutêr jagad | rina wêngi tansah mintir ||

7. mara ta kaki rak iya | padèk puna akèh sing wong maoni | ana sing ngarani saru | ana sing jare ala | ana manèh sing rada tipising rêmbug | wêdi mênèk banjur gombal | ana sing jare bêncirih ||

8. lan kêsèt tan doyan karya | ana manèh jarene gêlis mati | sabab dipangan ing kukus | ana manèh sing nacad | awak kuru lambene tur nganggo biru | iku isih kêkurangan | panacade wong kang sêngit ||

9. iku kaki poma-poma | iya [i...]

--- 28 ---

[...ya] aja mikir wong mêmaoni | iku rak wong durung wêruh | mênyang lukit-lukitan | yèn andhene wis wasis kaya awakku | môngsa gèk banjur nacada | sêtun-sêtun ngalêm awig ||

10. mara sing darani ala | jare saru iku baya sing êndi | mulane sok aku gumun | kok bisa timên nacad | klèru bangêt wong jêglêdhag jare saru | wong wis ora kêna lara | prandene jare bêncirih ||

11. malah nèk dhèwèke lara | jaluk tômba mring wong kang amadati | banjur diwènèhi candu | kon ngombe karo wedang | yèn wis ngombe sakal bae bisa guyu | tuwin yèn ana wong sayah | ditambani iya mari ||

12. basa anu nacad gombal | dhasar gombal nanging prasasat sugih | sabab bôndha wis dipusus | anulya winadhahan | anèng cupu manik asthagina kumpul | sadina-dina binakar | têmah dadi mega putih ||

13. besuk nèk anèng ngakerat | mega putih iku rak mêmayungi | bêdudane [bêdu...]

--- 29 ---

[...dane] iku besuk | bakal dadi tunggangan | dene urik dadi cêmêthi ki pamuk | gèk kuwi jarene gombal | pancèn wong dhêmên maoni ||

14. olèhe tan doyan karya | mula nyata wong ora tau glidhig | awit nalare wis cukup | tra usah nganggo glawat | cangkêm bae bisa munggah gunung dhuwur | wong ilate pintêr dhangsah | rak mêngkono wong wis wasis ||

15. lah mara cacadên apa | awak kuru malah kaya janawijahnawi. | môngsa gèk Janaka lêmu | mara rak iya nyata | lambe biru sinawang rak malah sêmu | lah cacadên manèh apa | nèk bab pati iku pasthi ||

16. nora ming wong nyêrèt modar | nadyan nora nyêrèt geneya mati | anom tuwa dene ya dhut | yak mara dadak ora | gèk moyoki ming wong nyêrèt bae lampus | wis kaki aja korasa | mundhak bubrahake pikir ||

17. nanging kaki aja eram | nèk dicacad utawa diwaoni |

--- 30 ---

mênyang sanak sadulurmu | apa manèh wong tuwa | anuturi mring gonmu anyêrèt candu | wis aja kok rèwès pisan | iku sing sok bilaèni ||

18. godha kang katon wong tuwa | ana katon sadulur anak rabi | ana katon dhêmênamu | kabèh padha gêgodha | akon mêdhot gonira anyêrèt candu | iku kaki sing prayitna | sing panggah aja gumingsir ||

19. wong ahli mênyang ing tekad | ora kêna eling mring anak rabi | utawa manut wong sêpuh | iku bangêt larangan | mênèk kowe nganti gugu wong tuwamu | yak mara badhe kêdukan | mring eyangmu Sang Ijajil ||

20. têngêre mênèk kêdukan | rasakêna kowe rak banjur dlinding | ngising gêtih mangsur-mangsur | môngsa mari-maria | kêjabane kowe lantas mitak apyun | tukua candu bot sigar | sêrètên wis tamtu mari ||

21. nèk kok rasa sêlak lara | iya banjur uyupên [uyupê...]

--- 31 ---

[...n] bae gèk wis | sabab jur lêga wêtêngmu | sakal rak banjur bablas | nèk wis mêndêm kowe sasat bisa mabur | wis tan ana kang karasa | lêsu lupa sirna gusis ||

22. kèri sêgêr kuwarasan | lah kêpriye rasakêna ta kaki | apa dhêmên mangsur-mangsur | apa dhêmên sing ora | mênèk kowe dhêmên lara mangsur-mangsur | ya nuruta nyang wong tuwa | karêbène gêlis mati ||

23. yèn kowe tan gêlêm lara | lah manuta srengate Hyang Ijajil | aja nganggo rikuh-rikuh | rikuhmu buwangana | lan aja sok nganggo wêdi mring ramakmu | karo aja wêdi gombal | kok kaya wong adol blênyik ||

24. sok anggêre ana dina | tamtu ana sêga utawa dhuwit | anggêr isih ana dalu | candune iya ana | bok mêngkono wong urip-urip puniku | yak ora kakehan nalar | kok sing nalar ting juwiwig ||

25. dene nora kathok êmas | lan tan nganggo ikêt mariyêm [mari...]

--- 32 ---

[...yêm] ngloji | mêngkono bae nèk aku | ananging wong wis lumrah | yèn wong urip anglakoni budi luhur | akèh têmên wong sing nacad | moyoki tur nganggo sêngit ||

26. mara pama kowe salat | badhèk akèh sanakmu sing ngamini | nanging ora gêlêm mèlu | lah iku ngalêm apa | barêng tayub dipoyoki nanging mèlu | surake ya nora beda | malah nglètèr angungkuli ||

27. sadurunge jogèd nyata | dikon ngibing kipa-kipa kêpati | basane karam lan mêkruh | barêng saya dipêksa | klelat-klèlèt karo nguwêg-uwêg sabuk | jikuk kêthip klèru gobang | jikuk gelo klèru bribil ||

28. banjur milih dhuwit pêcah | olèh nêm wang digo tombok sêtali | banjur ngibing guya-guyu | gêndhinge Kramaleya | jengklak-jengklak arêp lucu nora patut | arêp macak nora bisa | nanging ora uwis-uwis ||

--- 33 ---

29. lah kuwi wong tuwa apa | bok elinga gone nyrêngêni wingi | jarene karam lan mêkruh | gene kuwi kok girang | ya mulane bêcik gugua nyang aku | gèk mêngkono kuwi susah | moyoki dhèknèn nglakoni ||

30. nyêngès nyang wong nyêrèt bangsat | cêlathune kongsi brêbêgi kuping | barêng mara krudhuk-krudhuk | tutur wêtênge lara | barêng nogog malah ngêntèkake candu | jarene ming digo tômba | dene bot sigar ya ênting ||

31. ya wong pancèn mula sukak | nyang srengatku yak wis aja baribin | ana manèh sing sok nyatur | sêngit nyang wong tledhekan | cêlathune nyampahi karo gêguyu | kok kaya kurang wanudya | gene pyayi dhêmên ringgit ||

32. nèk aku kok nora makan | angur baya grumuta para nyai | utawa bojoning batur | trakadhang olèh sanak | sukur bage olèh batur sing lothurkung | ipe [i...]

--- 34 ---

[...pe] utawa nak-sanak | lah kuwi sing têtêp pyayi ||

33. yak uwis aja dêdawa | yèn kêbanjur mundhak kêrasa ngati | athuk salin sing dicatur | karêbèn saya maprah | lawan antuk pitulunge Hyang Ijajul | nanging bêcik salin têmbang | kinanthi bae iya wis ||

6. Kinanthi

1. kabèh wulang ingsun mau | aja na kliwatan siji | sagung putra wayah ingwang | padha nglakonana sami | lan sambinên ngabotohan | ngadu jago tuwin jangkrik ||

2. jago tajèn jago pupuh | sukur yèn dhêmên kêmiri | nomêr siji ngadu gêmak | ngladèni para priyayi | nanging sing kêndêl totohan | aja nganggo wêdi-wêdi ||

3. karêbèn padha digunggung | nyang kancamu para pyayi | kalah mênang mono bêjan | anggêr kêndêl buwang dhuwit | pasthi dialêm jlêgêdhag | rak mêngkono têtêp pyayi ||

4. putuku nèk kowe nglurug | gawaa dhuwit sing

--- 35 ---

akih | aja nganti kalah grêtak | nyang kancamu padha pyayi | yèn sira kok kongsi kalah | bok mati bae ya uwis ||

5. lan bêcike paitamu | gowoa sêmat lan rispis | ukon talèn pêpakana | wadhahana pêthèn cilik | karo srutumu mênila | worna bae karo dhuwit ||

6. lan aja sok kongsi bluwus | nganggoa sing bêcik-bêcik | karo krêtêpmu barleyan | aja kongsi kèri-kèri | lan nganggoa urloji mas | karsète sing nganggo akik ||

7. karêbèn sangsaya bagus | lan nganggoa ali-ali | sêrakit bae barleyan | sing rêga rongatus rispis | nanging aja patèk macak | barès kurès bae ya wis ||

8. iku sarate wong nglurug | dadi kandêl mênyang pikir | bokmanawa kowe kalah | nganti kêkurangan dhuwit | krêtêpmu bae sasela | sulapên rak dadi dhuwit ||

--- 36 ---

9. iku poma wêkas ingsun | sabên dina aja lali | ing ngêndi ana kalangan | bêcik lurugana kaki | dadi wong ginau jêmbar | sugih sobat para pyayi ||

10. kêjabane sira nglurug | ngêdêgna dhewe ya bêcik | dadi nora kêtanggungan | mêngkono lakuning pyayi | dene yèn sira tan mênang | gonmu ngadu-adu kaki ||

11. bêcik nganggoa gêguru | nyang pandhita sing wis wasis | sabab eyangmu kuciwa | durung tau dhêmên main | ming nonton kadi kadohan | dadi durung pati wasis ||

12. kêcil mula tradhak tau | adu-adu sama main | dhari salah orang tua | kok tidhak diajar main | jadhi orang gung-ugungan | lêbih gêtun dhalêm ati ||

13. hèh mulane wayah ingsun | kabèh padha sing têbêri | sebaa marang kalangan | nadyan nora duwe dhuwit | yak ya gadhèk-gadhèkêna | anggonên paitan main ||

14. lan manèhe wêkas ingsun | manawa kasukan pèi | kêrtu [kêr...]

--- 37 ---

[...tu] lima karo kowah | lesehan tanapi bêlit | sêtotêr karo slikuran | sukur bage bisa uwis ||

15. utamane bisa dhadhu | êpo gimêr karo posing | dadi bisa sobat Cina | tan kuciwa gonmu main | kasêbut wong wicaksana | sabarang karya mêpaki ||

16. lan manèh nganggoa ngetung | tingalane para pyayi | sing pancèn nganggo tingalan | sebanana aja lali | ing kono banjur maina | sakarêp-karêpmu kaki ||

17. iku akèh bêgjanipun | ganjaran kang luwih-luwih | sapisan olèh tirakat | sabab mêlèk sabên bêngi | kapindho mêsthi mênangan | sanadyan kalah sathithik ||

18. nanging rak wis sasat untung | andhene kalah sathithik | ngomahmu rak ora blônja | tur baturmu padha mlênthing | kowe dhewe makan enak | mara rak lêbih sêkali ||

19. dene yèn korasa mlênthung | banjurêna gonmu main | têlung dina patang dina |

--- 38 ---

iku ingkang luwih bêcik | bèn akèh olèhmu mênang | banjur gonên rabi ringgit ||

20. mênèk kalah aja wudhu | utanga bae ya uwis | ayah môngsa dikêlaha | sêtun-sêtun ditaboki | mênyang kancamu kêsukan | yak anggêre ngandhut dhuwit ||

7. Pangkur

1. tog-togane wêkas ingwang | lamun sira ginanjar banjur blindhis | nuli sinaua mênthung | ngadhanga nèng dêdalan | nyêbrot ikêt nèk wani kênthèsên kêpluk | iku kaki dhèdhèlana | agonênanggonên. paitan main ||

2. gawanên mênyang Pacinan | gadhèkêna rak enggal olèh dhuwit | nèk mêksa êntèk dhuwitmu | iya golèk-golèka | utang ngutil kalamun ing wayah dalu | poma kaki ya malinga | aja nganggo kôntha-kanthi ||

3. samangsane nganggo rewang | mundhak suda gonmu olèh mêmaling | karo juwarèhi laku | marakake [maraka...]

--- 39 ---

[...ke] konangan | cikbèn apa mundhak nyupêtake laku | babahamu ngisor lawang | gamanmu konang ja lali ||

4. lawan malih wêkas ingwang | sabên dina ja towong gonmu maling | sukur bage wani ngècu | ngajaka para bangsat | jakên ngècu nèng patikèn gonmu ngumpul | sambinên karo sêretan | iku mêsthi padha gilig ||

5. nèk wis matêng rêmbugira | lakonana anêbak lawang kori | nèk wis mêndêm pêsthi cakut | ngècua nyang Pacinan | aja tanggung gonira nglakoni putu | nèk Cinane wani lawan | patènana bae ya wis ||

6. dene nèk nonahe murwat | poma kaki aja kowe praduli | ambungana sakancamu | karêbèn saya berag | iya iku ingkang marakake cakut | nèk sing lanang patènana | aja kêtanggungan kaki ||

7. yèn wis olèh barang-barang | dipun giyak-giyak ana ing margi | surak-surak turut lurung | obore gêbyar-gêbyar |

--- 40 ---

anjlêgêdhag kaya prajurit anglurug | gamane pênthung lan granggang | ting capeplang anèng margi ||

8. gitir minôngka gamêlan | iku ingkang anêsêgake pikir | angrangin suwaranipun | karya gambiraning tyas | nèk kêpêthuk wong tandang granggangên cêprut | lah ta banjur dhèdhèlana | digo wuwuh-wuwuh kuwi ||

9. andhene nganti konangan | dipun cêkêl sira marang pulisi | ming dibuwi lan disapu | dibuwang mênyang sabrang | nèk ming ngono bae aku ora gumun | iku kaki ijih nistha | durung têkan anglakoni ||

8. Mijil

1. poma sira nglakonana kaki | tindak kang kinaot | sun jarwani ingkang luhur dhewe | ing pratingkahing kamuktèn kaki | ingkang ajar wêrit | èsthinên satuhu ||

2. lah sing êbrèh aja nganggo wadi | poma putuningong | tampanana ujar ingsun kiye | aja samar gonira nglakoni | saniskara dadi | langkung gêng pinunjul ||

--- 41 ---

3. yak wong urip nèng dunya puniki | apa kang rinuroh | mung kamulyan tumêkaning ênggèn | pêsthèkêna wulang ingsun kaki | yèn datan sayêkti | têmpuhna ki kaum ||

4. yak mêngkono kang têkan nglakoni | matènana uwong | ingkang datan ana ing dosane | pêsthèkêna yèn tan kolakoni | kang kadya puniki | dadi tuna luput ||

5. dene sira lamun ditakoni | ngakua kemawon | ywa nganggo ling-alingan siranggèr | mundhak kasuwèn gone nglakoni | para agung sami | pêpak asih lulut ||

6. pratandhane lamun padha asih | adhuh putuningong | tamtu sira ngandikan residhèn | dèn jajari Kumpni kanan kering | kang pra agung sami | pêpakan sadarum ||

7. nèk wis môngsa wêktu ditimbali | babo putuningong | nganggo milih dina ingkang sae | nora kêna sok dinaa kaki | kudu nganggo milih | wong wis bôngsa luhur ||

--- 42 ---

8. omahira nganggo dijagani | Kumpêni nak ingong | dèn rêkènirêtèni. sabarang dhahare | ora yèn suwiyah-wiyah kaki | tamtu nampik milih | pêpangananipun ||

9. yèn wis tutug gonira amukti | anèng jroning gêdhong | gya ngandikan sira ring risidhèn | dèn jajari sagunging Kumpêni | pra prajurit Jawi | andhèr ngalun-alun ||

10. lah ing kono gonira amukti | gumêr wong nênonton | kang prajurit usar pêpak andhèr | samya kurmat mring sira wong sigit | atembak apipit | nèng lor ringin kurung ||

11. iya kono gonira wong sigit | amênggêp kaprabon | abusana sarwa seta kabèh | wastra klambi dhêstarira muslim | sumping gajah ngoling | tinon lêngut-lêngut ||

12. apa ana kang ngungkuli kaki | yèn wis praptèng kono | sanagara amung kowe dhewe | ingkang luhur munggah ing suwargi | tanpa kira kaki | kamulyan di luhung ||

--- 43 ---

13. wus palastha surasèng sastra di | ingsun môngsaborong | pan sumôngga mring kang ngungêlake | de ta amba sangêt tunèng budi | amung nêdhak sungging | awon saenipun ||

14. pan sumôngga wulanging Ijajil | mangrèh ing tyas awon | nanging sêmu sinamar sêmune | sêmonira ing pasmon mranani | ika ajar wirit | rèh bôngsa lêlêmbut ||

--- [0] ---

...

--- 9 ---

BABAD MANGIR (WONOBOYO)

Sêrat Babad Bêdhahipun ing Mangir, anyariyosakên Kyai Wanabaya, kapanggih kalihan Radèn Ajêng Pêmbayun, ngantos dumugi pêjahipun wontên ing Mataram, mawi kasêkarakên, rêgi: 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

MENAK

Sêrat Menak, jilid ôngka: 1, 2, 3, 4, 5, 6, sarta 7, mawi kasêkarakên, 1 jilid rêgi 5 rupiyah, prangko ing pos 5 rupiyah 50 sèn.

DAMAR WULAN

Sêrat Damar Wulan, anyariyosakên wiwit jumênêngipun Prabu Kênya ing Majapait, ngantos dumugi Damar Wulan dados ratu pinanggih kalihan Ajar Tunggul Manik, mawi kasêkarakên, rêgi 5 rupiyah, prangko ing pos 5 rupiyah 50 sèn.

RAJA HANGLINGDARMO

Cariyos lêlampahanipun Raja Anglingdarma, ing nagari Malawapati, wiwit kramanipun angsal Dèwi Sêtyawati, sarta panandhangipun cintraka, punapadene anggènipun lêlana, dumugi konduripun dhatêng Malawapati, lajêng magawan, ingkang wayah nama Bambang Gôndakusuma, anggêntosi kaprabonipun, jarwa sêkar macapat, rêgi: 5 rupiyah, prangko ing pos 5 rupiyah 50 sèn.

--- 10 ---

KATURANGGAN BURUNG PÊRKUTUT

Sêrat Katurangganipun Pêksi Prêkutut, saha tangguh miwah jampinipun, kawêwahan prêdikanipun pêksi prênjak ingkang mungêl awon miwah ingkang sae, mawi kasêkarakên, rêgi 50 sèn, prangko ing pos 65 sèn.

KATURANGGAN KUCING

Sêrat Katurangganipun Kucing, saha ngalamat solahing kucing ingkang awon miwah ingkang sae, mawi kasêkarakên, rêgi 50 sèn, prangko ing pos 65 sèn.

KATURANGGAN JAGO ADUAN

Sêrat Katurangganipun Sawung Abênan, ingkang mêsthi mênang utawi kawon, miwah jampi saha pangrimatipun, rêgi 50 sèn, prangko ing pos 65 sèn.

KAWI DOSONOMO JARWO

Sêrat Kawi Dasanama Jarwa, 1 buku f 1.- prangko ing pos 1,15.

BABAD DIPONAGORO

Sêrat Babad Dipanagaran, jilid 1-2 karanganipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara piyambak, nyariyosakên wiwit kèrêmipun dhatêng agami Islam, tuwin dadosing prang agêng ngantos dumuginipun kakendhangakên dhatêng Mênadho.

--- 11 ---

Mawi karêngga ing gambar sakawan iji, 1. Pangeran Dipanagara, 2. Jendral Dhêkok, 3. Kiyai Maja, 4. Basah Sênthot Prawiradirja, awit pakirtyanipun.

Jilid 1 rêgi f 3.- prangko ing pos f 3.25.

Jilid 2 rêgi f 2,50 prangko ing pos f 2,75

BABAD RUPA-RUPA

Sêrat Babad Warni-warni, anyariyosakên sadaya pasanggrahan ing Mangkunagaran, 1 buku rêgi f 0,60 prangko ing pos f 0,75.

KITIRAN MONCOWARNO

Sêrat Kitiran Môncawarni, pêthikan saking pakêm ringgit madya, anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Kasêkarakên dening Radèn Ngabèi Jagakartika, abdi dalêm mantri ngajêng, 1 buku rêgi: f 1,50 prangko ing pos f 1,65.

PAWUKON

Sêrat Pawukon, anêrangakên watêkipun satunggal-tunggaling wuku tigang dasa, dalah sêngkan turunan tuwin pandangonipun ugi kapratelakakên, ingkang wêdalan Samarang mawi samak kandêl 1 buku rêgi: f 1,50 prangko ing pos f 1,65.

WIRIT

Sêrat Wirit, anyariyosakên wêjanganipun wali: 8, mawi gambar dumadosing bayi: 20 iji, 1 buku rêgi f 1,50 prangko ing pos f 1,65.

--- 12 ---

HAJIPAMOSO

Sêrat Aji Pamasa, sêkar macapat, têturutaning sêrat Pustakaraja Purwa panunggilanipun bab satunggal, kawêngku salêbêting Sêrat Mahaparma, babon anggitanipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga dalêm ing nagari Surakarta Adiningrat. Wontên kalih wêlas jilid, sajilidipun rêgi f 0,60 prangko ing pos f 0,75.

BLOEMLEZING

Sêrat Sêkar-Sêkaran, anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta, 1 buku rêgi f 0,60 prangko ing pos f 0,75.

KUMOLO SÊKTI

Sêrat Purwa Lampahan Kumala Sêkti, jarwa sêkar macapat, anyariyosakên nata Pandhawa muksa, Radèn Ôngkawijaya kajumênêngakên Prabu Anom wontên Gajahoya dening ingkang uwa Prabu Ngastina, 1 buku rêgi f 1.- prangko ing pos f 1,15.

PANJI

Anyariyosakên nalika Panji ambêdhah nagari Bali, dumugi kondur dhatêng ing Jênggala, 1 buku rêgi f 2.- prangko ing pos f 2,15.

--- 13 ---

TOPÈNG MAS

BAGIAN 1-2-3-4

Sêrat Cariyos Wêwadosipun Karaton ing Konstantinopêl, Sêtambul-Turki lêlampahan jaman sapunika, sanès dongèng, limrahipun winastan cariyos Topèng Mas, kajawèkakên saking têmbung Malayu dhatêng Radèn Martadarsana, mèdhê rêdhaktur Jawi Kandha ing Surakarta, 1 buku rêgi f 2,15 prangko ing pos f 2,50 dumugi 5 jilid.

CARAKAN JAWA

Layang Carakan, anggitane Ki Padmasusastra, wong mardika kang amarsudi kasusastran Jawa ing Surakarta, 1 buku rêgi f 0,60 prangko ing pos f 0,75.

BROTOYUDO

Sêrat Bratayuda, jarwa sêkar macapat, anyariyosakên wiwit nalika Sri Bathara Krêsna lumampah dhumatêng nagari Ngastina ngantos dumugi jumênêngipun Sang Prabu Dipayana, wontên jilid 1-2, 1 buku rêgi f 3,25 prangko ing pos f 3,50.

NITI MANI

Sêrat Niti Mani, jilid 1-2 amarsitakakên rèh tanduking asmara ingkang sagêd amranani dhatêng raosing wanita têmahan adamêl marêm, saha anggêlarakên kawruh bakaling dumadi kalihan sampurna, karanganipun Radèn Mas Adipati Arya Sugônda, bupati ing Pasuruhan, 1 buku rêgi f 2.- prangko ing pos f 2.25 kalih jilid tamat.

--- 14 ---

RÊRÊPÈN

Sêrat Rêrêpèn, anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, kawêdalakên dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta, 1 buku rêgi: f 0,30 prangko ing pos f 0,45.

MASNGANTÈN

Sêrat Mas Jênthu inggih Mas Ngantèn, karanganipun swargi Radèn Mas Arya Jayadiningrat ingkang kaping: 1, bupati nayaka ing Surakarta, 1 buku rêgi f 1.- prangko ing pos f 1.15.

PUSPITO MONCOWARNO

Sêrat Puspita Môncawarna, tumuwuh saking kadarmanipun piyambak, jilid 1 dumugi 3. 1 jilid rêgi f 1,25 prangko ing pos f 1,40.

SULUK SYÈH ABDUL SALAM

Punika Sêrat Suluk, nama: Sèh Abdul Salam, kidung macapat, nyariyosakên piwulang warni-warni, pêthikan saking kitab, anggitanipun sarjana ing jaman kina, ing mangke kalêrêsakên kasusastranipun sawatawis dening Mas Sastrawiryana, mèdhê rêdhaktur Sêrat Kabar Jawi Kandha, Surakarta, 1 buku rêgi: f 0,75 prangko ing pos f 0,90.

LANGÊNDRIYO

Sêrat Pakêm Môndraswara, lampahan Prabu Menak Jingga Lena, mawi karakit ing jêjêr tuwin adêgipun Langêndriya, kaêcap ingkang kaping: 3, 1 buku rêgi f 1.- prangko ing pos f 1.15.

--- 15 ---

SÊRAT ROMO

Sêrat Rama, anyariyosakên Sri Bathara Rama prang mêngsah lan Prabu Dasamuka ing Ngalêngka ngantos dumugi konduripun Sri Bathara Rama ing nagari Ngayodya, mawi sêkar, 1 buku rêgi f 5,50 prangko ing pos f 6,-

ILMU SPIRITISMÊ

Sêrat Ilmu Sêpiritismê

Cariyosipun tiyang ingkang sampun ajal, saha ingkang sampun abadan alus. Jilid ôngka: 1. Katêdhak ing têmbung Jawi dening tuwan F.L. Wintêr, ing Surakarta, saking sêrat anggitanipun tuwan W. van Blommêsstèin ing Batawi. Satunggal buku rêgi: f 1.- prangko ing pos f 1,10.

SÊRAT TOTOBOSO

Sêrat Tatabasa, anggênahakên unggah-ungguhing têmbung Jawi, ing bab Ngoko, Madya, Krama, Krama Inggil, tuwin Krama Dhusun, anggitanipun Tuwan P. ANT. JANSZ, pandhita ing Margarêja, kaêcap kaping kalih saha mawi kalêrêsakên, 1 buku rêgi: f 2,- prangko ing pos f 2,25.

LAYANG HANGGÊR HING NEDERLAND HINDIA

Layang Anggêre ing Nèdêrlan Indiya, 1. Anggêr Wêwatoning Khukum, 2. Pranatan Bab Kawujudane kang nyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran,

--- 16 ---

3. Pranatan Bab panyêkêling polisi, lan bab laku-lakuning bêbênêran, tuwin bab anjaluk paukumaning wong, 4. Sêtatsêblad 1884, ôngka: 143, anggitan salinane tuwan G.R. LUCARDIE. Asistèn residhèn pansiyun, kasalêsihake manèh sarta kawuwuhi dening Tuwan: L. Th. MAYER, 1 buku rêgi 5 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos 6 rupiyah.

PRONO CITRO

Sêrat Pranacitra, manut babonipun lami, karampingakên dening Tuwan C.F. Winter Sr., ingkang sampun swargi, ing mangke kabangun malih, sarta katiti panggarapipun ing êcap, dening Mas Martasubrata, rêgi: 3 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos 4 rupiyah.

MUHAMMAD

Punika Sêrat Mukhammad, jilidan ingkang kapisan, anyariyosakên wiwit babaripun Kangjêng Rasul, ngantos dumuginipun krama, dhaup kalihan Dèwi Khatijah, putranipun Sultan Walidun, ing nagari Mêkah, jarwa sêkar macapat. Rêgi: 4 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos 5 rupiyah.

DARMOKONDO

Sêrat Darma Kôndha, ingkang nganggit Radèn Tumênggung Danuadiningrat, bupati nayaka jawi, wadana numbak anyar, abdi dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta Adiningrat, mawi kasêkarakên, rêgi: 3 rupiyah, 50 sèn, prangko ing pos 4 rupiyah.

--- 17 ---

GONDO-WÊRDOYO

Sêrat Kôndha ringgit tiyang lampahan Gônda Wardaya, yasanipun suwargi ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping: 5, rêgi prangko ing pos 2 rupiyah 25 sèn.

BARU KALINTING

Sêrat Barukalinthing

Barukalinthing, jarwa sêkar macapat, anyariyosakên dhaubipun Ajar Windusana ing Marbabu akalihan Rêtna Kasmala, putri ing Majapait, satunggal buku rêgi: f 1.- prangko ing pos f 1,10.

BELLETRIE

Layang Belletrie = Têmbung Bêcik, kaimpun saka ing layang kuna-kuna sarta kaurutake dêntaywajanane dening: Ki Padmasusastra, wong mardika kang amarsudi kasusastran Jawa, ing Surakarta, taun 1893. 1 buku rêgi f 1.50 prangko ing pos f 1.65.

PAK BANJIR

Carita ginuritakên, kadamêl dening Tuwan R.F Bastiyan, 1 buku rêgi f 0,50 prangko ing pos f 0.65.

--- 18 ---

SALOKANTORO dan IBÊRIBÊR

Sêrat Carita Ibêr-Ibêr tuwin Uran-Uran, anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Kawêdalakên dening, Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta, 1 buku rêgi f 0,60 prangko ing pos f 0,85.

KARMOYONO

Sêrat Karmayana

Têgêsipun Cipta Padhang utawi Padhanging Cipta, mênggah pikajêngipun, pustaka kinarya sarana pamarsudi pamuntuning ciptamaya, jilid: 2. Kinara dening Triwôngsa, Nata Maharja Arya Sugôndasutama dumunung ing kitha Pasuruhan, purwa pamèting carita rinipta ri eka tèngsu, wulan Bêsar taun Dal, kasadha pranatamôngsa, wuku Wuye tinêngran côndrasangkala, katri mandêng èsthi tunggil, taun Jawi 1823. Satunggal buku rêgi: f 2.- prangko ing pos f 2,10.

--- 19 ---

Buku-buku bahasa Mêlayu

BUKU MASAKAN

Mengunjukkan bagimana bikinnya makanan cara Blanda, makanan cara Jawa, kuwee-kuwee cara Blanda, kuwee-kuwee cara Jawa, manisan, stroop, likeur dan lain-lain minuman, asinan, acar, sosijs besar, decil dan lain-lainnya, semua lebih dari 600 warna, citakan yang ke 11, harga franco di post f 2,60.

Ini buku laku sekali dan ternyata sudah dapet tanda kesaksian dicitak kesebelas kali; maka perempuan-perempuan putranya priyayi dan kokki serta orang yang berumah tangga perlu mempunyai ini buku.

Berguna bagi yang berkuda

BUKU OBAT DAN KATURONGGO KUDA

Yaitu menerangkan cacat atawa baiknya kuda kentara dari bulu atawa tandanya Mathi, atawa unyeng-unyengnya bagaimana ceritanya orang dulu kala harga franco dipost f 1,60.

BUKU OBAT-OBAT

Buat orang tuwa dan anak-anak tinggalanya Nyonya E.van GENT, menunjukkan bagaimana bikinnya obat-obat buwat segala penyakit semua ada 476 warna, citakan yang ka 9, harga franco di post f 2,65.

Siapa yang suka menjadi pengajar kuda (=penegar) musti beli kitab di bawah ini.

--- 20 ---

KITAB HAL ILMU TUGANG ATAU MEMACU KUDA

Aken bikin jinak kuda yang nakal, dan mengajar aken nyirig yang bagus benar, menurut sebagai caranya di Kraton Surakarta. Terkarang oleh tuan F.L.Winter, harga franco di post f 1.10.

BUKU PAWUKON

Turunan dari Kraton Surakarta, tersalin dalem bahasa Melayu. Buku hal menerangkan: 1. kaadaannya wuku; 2. pertelan dari hal wuku, dewa; hari, paringkêlan, padangon, sengkan turunan dan adat atau wateknya serta manpangatnya, yaitu baiknya; 3. Poncosudo mengitung adat atau watek yang baik dan yang tidak baek; 4. Sengkan turunan yang baik dan yang tidak baik; 5. Condronya wuku tiga puluh di itung satu persatu; 6. Bilanganya wuku; 7. Perbilangan dari wuku hari; 8. hal itungannya hari poncosudo; 9. Mengatakan hari 30 dengen malemnya, yang baek dan yang jahat harga f 1.50 franco dipost f 1.75.

PRAKTISCHE INDISCHE TOLK

Karangan Tuan P.PIETERS, yaitu satu buku yang berguna pada orang-orang yang mau belajar sendiri atau yang mau mengajar anak-anak. Bahasa Belanda diterangken dengan bahasa Melayu rendah, dan bahasa jawa ngoko dan kromo, tebel 307 kaca. Harga franco dipost f 2.85.