Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Tumurunipun Wijining Manungsa, H. Buning, c. 1920, #439

Katalog:Tumurunipun Wijining Manungsa, H. Buning, c. 1920, #439
Sambung:-

--- [1] ---

Sêrat Pêthikan Saking Kitab Ingkang Amratelakakên Bab Tumurunipun Wijining Manungsa.

--- [2] ---

...

--- 3 ---

1. Sinom

1. lir brataning rêksiwara | micara rèh sadu budi | marsudi mrih dipaning tyas | mêmèngêt mring pra taruni | wit jroning jaman mangkin | kèh rubeda sumarawung | yèn limut rasikèng tyas | korup mring rèh karya sisip | têmah sirna talêring titah utama ||

2. karana bedaning janma | lan sato-sato wanardi | tan lyan mung dènira darwa | gêgadhuhan ngakal budi | kang bangkit mahanani | bagya sangsayaning laku | yèn tilar laksitarja | mung anut napsuning ati | sèwu tuna nêmah kadi sato wana ||

3. mêneka riniptèng gita | gatine môngka pêpeling | lingga linggaring laksita | kang kelut nala kalêmpit | pètên yatnaning kapti | lupute ywa kongsi muput | wit sabdaning Hyang Suksma | nadyan kang tumibèng sisip | yèn nalôngsa sayêkti sinung aksama ||

--- 4 ---

4. marma wajib umèngêta | wasitaning pra linuwih | kang wikan kamulanira | wijining manungsa jati | nguni wus darbe janji | prasetya maring Suksma Gung | jrone nèng janaloka | tan ngumbar ardaning kapti | kang tumuwuh panariking pôncadriya ||

5. wruhanta ananing rahsa | nadyan kang kaliwat murni | yèn mung maligi kewala | yêkti tan bangkit nuwuhi | de dumadining wiji | saking paringing Hyang Agung | khakekat insaniyah | mangkana araning wiji | ing têgêse jati-jatining manungsa ||

6. yèku jiwaning sujanma | kang maksih kandhêg nèng margi | durung tutug lakunira | marêk mring Hyang Maha Sukci | maksih nèng ngalam gaip | ri sêdhêng pangayun-ayun | kayuyun mring ngayunan | nanging kapengining kapti | kang mangkana durung pasthi yèn sêmbada ||

7. karana kèh sambekala | sêsandhungan kang ngalangi | nèng kono ing sabên dina | sinung pèngêt mring Hyang Widhi | sabdane kang kawijil | ya alastu birobikum | mangkana wardinira |

--- 5 ---

hèh manungsa kang sajati | ingsun iki apa dudu Gustinira ||

8. nauri jiwanijiwaning. janma | kolubala turirèki | têgêse inggih paduka | Pangeran ulun sajati | nuli samya tinari | dening Hyang Kang Murwèng Tuwuh | apa sumanggup sira | ingsun titahake malih | yèn kaduga janjia pitung prakara ||

9. kapisan yya limut sira | kalimput pijêr umèksi | mring rêrupane kawarna | tan miyat sarira mami | kapindho ayya lali | ngrungu pangandikaningsun | karana kuwur myarsa | mring sabawa lènirèki | kang ngalingi maring pangandikaningwang ||

10. kaping tri dèn mèngêt sira | anggônda sarira mami | yya limut pijêr anguswa | ing gônda liyanirèki | ping pat kudu ngicipi | rasaning sariraningsun | ayya pijêr mirasa | marang saniskarèng bukti | ping limane yya pisan katungkul sira ||

11. ngrasa kapenak lan lara | kongsi limut angalingi | mring kapenaking pangrasa | anunggal [a...]

--- 6 ---

[...nunggal] kaanan mami | ping nêm ayya minihi | rusaking kawulaningsun | ping pitu ayya sira | akarya rêtuning ati | ngoyag-oyag dhampar palênggahan ingwang ||

12. pêpacuh ingsun mring sira | poma lamun sira kongsi | anêrak salah sajuga | pasthi sira sun patrapi | pamidana kang bangkit | amberat têntrêming kalbu | murwat lan gunging dosa | dene yèn sira nêtêpi | nora nêrak marang saliring larangan ||

13. yêkti sun sungi nugraha | saparênging karsa mami | kang mawèh tuwuhing rasa | têntrêming atinirèki | murwate nora siring | kalawan boboting laku | myang kabêcikanira | hèh manungsa kang sajati | apa ingsun iki dudu Gustinira ||

14. umatur jiwaning janma | dhuh tuwan Kang Maha Sukci | tan liyan inggih paduka | Pangeran ulun sajati | Hyang Suksma nabda malih | apa ta sira sumanggup | ngampil titipan ingwang | miwah nuhoni prajanji | yèn tan sanggup sira nora ingsun pêksa ||

--- 7 ---

15. kawarna jiwaning janma | kang sanggêm nulya mangsuli | dhuh tuwan inggih kawula | sandika nuhoni janji | miwah sanggêm nuhoni | mring titipan kang gumadhuh | nanging lamun kawula | lêpat tanapi kalêmpit | mung mêminta tumrahing sih pangaksama ||

16. Pangeran alon ngandika | lamun sira ngawikani | ngaku kaluputanira | iya sun aksama yêkti | nanging yèn sira kumbi | ngilapi luputing laku | miwah yèn nora wikan | silahing laku kang sisip | kang mangkono gumantung nèng karsaningwang ||

17. dene sakèhing titipan | kabèh ingkang sira ampil | ing têmbe sira ulihna | ywa kongsi sira cidrani | yèn sira kumawani | nyidrani titipan ingsun | wus pasthi lamun sira | iya bakal dèn cidrani | umèngêta ing janji aja pêpeka ||

18. hèh jatining kamanungsan | sarèhning sira samangkin | arsa tumurun mring dunya | nanging durung paja warni | kadi gatraning janmi | samêne lagi dumunung |

--- 8 ---

martabat akadiyat | têgêse pangkat sawiji | maksih angèl lakuning marang manungsa ||

19. ing benjang praptaning môngsa | tan wun lakunira bali | ing kene bakal ingaran | martabating insan kamil | yèku pangkating janmi | kang sampurna ananipun | de kang aran sampurna | mung kamanungsanirèki | wus maligi nora mawor saniskara ||

20. rèhning wus sumanggup sira | ingsun titahake malih | angampil titipan ingwang | miwah nuhoni prajanji | mara miliha nuli | ing ngêndi dèn ta dêdunung | margane tan petungan | êndi kang sira dhêmêni | sumawana kang kaconggah nglakonana ||

21. sagung kori tiningalan | dening manungsa sajati | warnane kabèh prayoga | miwah wèh sêngsêming ati | marma kawêkèn sami | pamilihe rangu-rangu | mung jatining manungsa | kang wus nyata ngawikani | nora keron mring don kang nuju raharja ||

22. nanging jatining manungsa | kang samya durung

--- 9 ---

udani | mung keron rasaning cipta | tambuh pamilihing margi | puwara manjing kori | maksih anggung rangu-rangu | jroning kandhêg nèng dwara | Pangeran ngandika aris | pagenea têka kandhêg lakunira ||

23. aywa sumêlang ing driya | sakèhing dwara kang kèksi | kabèh martane mring dunya | lan sira dèn ngawikani | sanggyane kang dumadi | gumêlar nèng bawana gung | yaktine nora nana | kang gumêlêng myang maligi | bêcik ala kabèh-kabèh padha darwa ||

24. miwah darbe gêgantungan | bagya cilaka pribadi | wêwaton pakêming jagad | iku kang têtêp ngadili | matur manungsa jati | dhuh tuwan Kang Maha Agung | Gusti inggih punika | kang dahat ulun ajrihi | datan liya pêpakêming jagad raya ||

25. Pangeran aris ngandika | yèn wong nuhoni prajanji | aywa sumêlang ing cipta | mring pêpakêm kang ngukumi | karana wus pinasthi | tibèng bagya kang pinangguh | de sagunging sangsaya | tumiba kang cidrèng janji |

--- 10 ---

myang tan mulur ngulihkên titipan ingwang ||

26. yèn sira durung waspada | maring pangandika mami | takona mring karnanira | tanapi netranirèki | de gonira sun piji | tumitah nèng bawana gung | gatine mamrih sira | ngadêgna karaton mami | angluhurna dhampar palênggahan ingwang ||

27. tanapi sabisa-bisa | ngaraha pêncaring wiji | mrih wrata ngèbêki jagad | kabèh ngajènana sami | miwah rumêksa maring | dhampar palênggahan ingsun | aywa pisan ngrabasa | mring kawulaningsun sami | wus banjura ywa pijêr kandhêg nèng marga ||

28. tandya jatining manungsa | jinongkongakên umijil | marang jawining wiwara | dwarane tinutup nuli | punang manungsa sajati |Lebih satu suku kata: punang manungsa jati. wus tibèng jawining pintu | ngambah martobat wahdat | yèku kamulaning wiji | kang dumunung mawor rahsaning wong priya ||

29. nèng kono tansah anyipta | miduhung dènnya nanggupi | marang janjining Hyang Suksma | kang kudu dèn laksanani | mèngêt [mè...]

--- 11 ---

[...ngêt] têntrêming nguni | nèng ngayunaning Hyang Agung | môngka arsa bêbakal | ngalih mring alaming janmi | kang umèsi ribêt susah myang sangsara ||

30. nanging kêpengin mirasa | rasaning sukaning kapti | lêlakyan sajroning dunya | têmbe kang arsa pinanggih | marma kodhêng kapati | sotaning tyas rangu-rangu | Pangeran gya ngandika | hèh nutphah manungsa jati | aywa keron kabèh iku tanpa guna ||

31. karanane saniskara | mau kang sira sanggupi | wus têtêp lan ngèlmuningwang | nèng kukum ingsun sajati | tan kêna owah gingsir | myang maju mundur sarambut | nanging aywa sandeya | sakèh kukum ingsun yêkti | mung tumindak amrih bêciking kawula ||

32. apa ta sariraningwang | dudu pangeranirèki | nutphah umatur dhuh tuwan | Pangeran ulun sajati | kodhênging tyas pun patik | kapitèng tyas rangu-rangu | ngrêrantam jroning cipta | paran puwaraning dadi | kang kalakyan ing jasad ulun punika ||

33. makatên [makatê...]

--- 12 ---

[...n] sotaning amba | kang mawèh liwung kapati | Pangeran nulya ngandika | hèh nutphah ananing wuri | kabèh kang sira pikir | pan dudu wajibirèku | iku pikiran ingwang | gumantung nèng karsa mami | tampanana titipan kang maring sira ||

34. dèn bêcik sira rumêksa | poma ywa kongsi kalêmpit | ing têmbe kalamun sira | mangsane ingsun timbali | ulihna marang mami | aywa pisan kumapurun | cidra maring titipan | samôngsa sira nyidrani | sun pidana samurwating luputira ||

2. Pangkur

1. kapungkur sabdaning Suksma | samantara nutphah manungsa jati | sinungan wahyaning naphsu | kang aran mutmainah | cahya seta muncar prabane ngênguwung | wangwang jatining manungsa | rumasa têntrêm kapati ||

2. antuk catur dasa dina | wimbuh wrêda nutphah dènnya dumadi | nèng martabat kang sinêbut | ingaran wakhidiyat | cinarita dupi praptèng masanipun | samana nuli tinêkan | cahya pita anêlahi ||

--- 13 ---

3. Pangeran aris ngandika | tampanana nutphah titipan iki | kang warna kuning ngênguwung | aran naphsu supiyah | rawatana dèn bêcik sira anggadhuh | ing têmbe praptaning masa | yèn sira ingsun timbali ||

4. wajib yèn sira ngulihna | aywa pisan sêdya cidra ing janji | yèn kongsi madayèng wuwus | yèkti ingsun pidana | nora wingwang sapira murwating luput | kèndêl sabdaning Hyang Suksma | antara kawan dasari ||

5. punang nutphah salin warna | lir ludira ngalakah ranirèki | samana nulya dinangu | hèh titah dèn waspada | apa ingsun dudu Pangeranirèku | ngalakah matur dhuh tuwan | Pangeran ulun sajati ||

6. Hyang Suksma malih ngandika | hèh ngalakah poma sira ywa lali | anut mring parentah ingsun | lan sira nglastarèkna | saniskara kang wus dadi karsaningsun | miwah sagung karêpira | nunggala lan karsa sami ||

7. hèh ngalakah dèn prayitna | tampanana titipan kang kaping

--- 14 ---

tri | amarah araning napsu | poma sira dèn bisa | angrigêna tanduke lawan pamêngku | êmongên kanthi wiweka | karana amarah iki ||

8. yêktine bocah andhugal | lamun meda mawèh rêtu kapati | maring singangsananingsun | marmane nêng-nêngana | benjang sira dadi titah kang linuhung | ngratoni ing ngalam jêmbar | aywa pêpeka nglakoni ||

9. pêpakêm kang mrih raharja | tindakêna anut ing karsa mami | sapa kang lirwa ing kalbu | maring parentah ingwang | nadyan silih antuk kamurahan ingsun | nanging mung murah kewala | yêkti tan bangkit antuk sih ||

10. hèh ngalakah wruhanira | ing samêngko sira nèng ngalam jisim | karana warnanirèku | wus aran badan wadhag | têtêpana wajibing jisim sadarum | bakal darbe pêpenginan | mangan nginum lan sarêsmi ||

11. tan beda lakuning khewan | nanging sira ing têmbe sun gadhuhi | ngakal budi kang linuhung | yèku môngka sarana | kang nênarik mring ala [a...]

--- 15 ---

[...la] miwah rahayu | marang bagya lan sangsara | marmane dèn awas eling ||

12. yèku bedaning manungsa | luwih mulya saking sato wanardi | budine bangkit anggayuh | mring bagya lan raharja | bonggan sira upama kongsi kalimput | nêmah milih kang sangsara | ngambah dêdalan kang sisip ||

13. ing têmbe pamanganira | asarana kringêtên sabên ari | tanapi yèn sira nginum | bangkit kasêlak-sêlak | sumawana sira kênèng lara lampus | sapa kang mèngêt rumêksa | dhampar palênggahan mami ||

14. iku nuhoni prasêtya | antuk urip langgêng salami-lami | kosokbalining panêmu | sapa kang nora arsa | angajèni maring singangsananingsun | iku wus pasthi kewala | mati langgêng kang pinanggih ||

15. sapa kang selak maringwang | nora kêna manjing korining langit | mung ngalambra tanpa tuju | anèng akyan sabikah | hèh ngalakah marmane sira ywa limut | ngalakah nuhun [nuhu...]

--- 16 ---

[...n] turira | pratiknya nuhoni janji ||

16. antuk kawan dasa dina | cinarita ngalakah salin warni | kadi daging darbe srandu | yèku kang aran mulgah | duk samana nèng ngalam misal ranipun | têgêse ngalam upama | karana wus gatra janmi ||

17. dinangu maring Hyang Suksma | apa ingsun dudu gustinirèki | punang mulgah lon umatur | dhuh Hyang Maha Kawasa | inggih tuwan jatining Pangeran ulun | Hyang Suksma malih ngandika | hèh mulgah wruhanta mangkin ||

18. sira praptèng ngalam misal | tampanana titipan kang sawiji | aluamah raning napsu | dèn bêcik pangrêksanta | dêduganên kang cundhuk lan nyatanipun | poma dèn mèngêt tyasira | ywa tinggal pangati-ati ||

19. hèh mulgah dèn bungah sira | nora lawas bakal lair tumuli | nèng ngalam jêmbar dêdunung | mangan saliring boga | nginum tirta miwah nendra myang salulut | ngicipi enaking rasa | tanapi sêgêring warih ||

20. nging iya [i...]

--- 17 ---

[...ya] bakal mirasa | saniskara kang pait myang nyêrêti | benjang sira bakal antuk | kapenak sawatara | sumawana têntrêming tyas bisa mangguh | nanging iya bakal wikan | susah myang gorohing ati ||

21. bangkit bagya lan sangsara | ginantungan eling kalawan lali | sapa ingkang nora limut | mring saliring prasêtya | ngong lilani imbal wacana lan ingsun | myang mirasèng saniskara | kang nikmat sampurna jati ||

22. sapa kang limut ing cipta | mring pratignya lan dhawuh ingsun sami | iku benjang kang pinangguh | bingung tan wrin ing prênah | tan wruh marga lan tan wikan kang tinuju | bêgjane kang mèngêt samya | cilakane wong kang lali ||

23. wimbuh catur dasa dina | punang mulgah ngrabda dènnya dumadi | bêbalunge wiwit tuwuh | yèku kang aran ngilam | kang dèn ambah ngalam arwah aranipun | karana wus pinanjingan | uriping roh kang nartani ||

24. nadyan ta durung sampurna | wus kawuryan urip sranduning dhiri |

--- 18 ---

Pangeran nulya andangu | hèh ngilam apa sira | praptèng mangkya maksih eling durung limut | jatining Pangeranira | apa dudu ingsun iki ||

25. ngilam umatur dhuh tuwan | mung paduka gusti ulun sajati | Hyang Suksma nulya sung tuduh | hèh ngilam kawruhana | ing samêne pôncadriyanta wus tuwuh | ing têmbe nèng pangumbaran | wimbuh samêkta mêpêki ||

26. kang ingaran pôncadriya | upamane dwara tanapi margi | dene kang arsa malêbu | roh ayu miwah setan | padha bangkit manjing mring rahsanirèku | kang môngka prasadanira | dhampar palênggahan mami ||

27. manjinge roh kang raharja | mung sawega anut sakarsa mami | nglakoni pakaryaningsun | mrih ayuning kawula | de drubiksa manjinge mung mamrih rêtu | dhampar palênggahan ingwang | ingoyag-oyag kapati ||

28. marma sira dèn prayitna | ingsun patah ngrêksa sanggyaning kori | ywa kongsi kalêbon satru | kang mrih rêtuning

--- 19 ---

dhampar | lamun sira kalenan mêngani pintu | pasthi dadya pamidana | kinêncèng ukumirèki ||

3. Asmaradana

1. kasmaraning tyas nêkani | ngungkih katêntrêmanira | ya iku dadya ukume | kasandhang nèng raganira | hèh ngilam lamun sira | rumêksa lan satyatuhu | maring singangsananingwang ||

2. pasthi sira sun paringi | ganjaran ratuning bêgja | miwah kaliwat mulyane | antuk nikmating pangrasa | kang nora pisan kêna | rinasa mring wong kang durung | andungkap mring rahsanira ||

3. hèh ngilam marma dèn eling | kang dadi darunanira | rêtuning dhêdhampar ingong | yèku kalêbon drubiksa | saking kori lêlima | rasa paningal pangrungu | pangicip lawan panggônda ||

4. yèn kukuh rêksakèng kori | yakti sinangsananingwang | lastari jêjêg adêge | hèh ngilam sira wêruha | jatining pangarcana | iku minôngka panuntun | satyatuhuning pangrêksa ||

5. de kang aran salat daim | yèku kumpule [ku...]

--- 20 ---

[...mpule] panêmbah | limang prakara dununge | rinacut dadi sajuga | rinasuk tan pantara | yèn kongsi pêgat sapangu | wèh wigaring pangarcana ||

6. sapa kang bangkit nglakoni | yêkti yèn kajatènira | parêk nèng byantaraningong | sarwa têntrêm rasaning tyas | sinihan sèsining rat | karana wus nora milu | mèt pamrih lir liyan janma ||

7. kang mangkono kosokbali | lawan kamurkaning janma | kang ngumbar hawa napsune | tangèh têntrêming tyasira | tur anggung mêmungsuhan | lan sagung kang nunggal kayun | mèt pamrih mring saniskara ||

8. hèh ngilam sira samangkin | wusing antuk sêsurupan | maring lêlakon ing têmbe | ingsun mung pasrah kewala | walak-walak nèng sira | pangrêksaning dhampar ingsun | miwah raganta priyangga ||

9. karana yèn sira bangkit | rumaksèng dhêdhampar ingwang | mrih têntrêm jêjêg adêge | yêkti pakolih kaliwat | mring katêntrêmanira | lamun dhampar ingsun rêtu | yêkti

--- 21 ---

ngoyagake sira ||

10. ri wusing antara malih | punang ngilam salin warna | dadya bêbayi dhapure | wusing catur dasa dina | bêbayi pinanjingan | roh sêsanga cacahipun | môngka sariraning Suksma ||

11. wijange sawiji-wiji | roh ilaphi kang sapisan | roh rabbani kapindhone | roh rukhani kaping tiga | roh nurani kaping pat | kalimane rohul khudus | roh rahmani kanêmira ||

12. kapitune roh jasmani | uga ingaran roh khewan | roh nabati kawolune | rewani jangkêpe sanga | iku kabèh minôngka | sariranira Hyang Agung | dènnya molahkên kawula ||

13. nèng sajroning ngalam kabir | amrih tumindaking karsa | kang nora kêna pinopo | wusing bayi pinanjingan | pamoring roh sasanga | bangkit mobah raganipun | saking uripe priyôngga ||

14. Pangeran ngandika malih | hèh jatining kamanungsan | mangkya wus pêrak mangsane | sira maring [ma...]

--- 22 ---

[...ring] ngalam dunya | tan beda patrapira | duk Nabi Adam rumuhun | wijile saking sawarga ||

15. aywa sumêlang ing ati | bakal sih ingsun mring sira | miwah kamurahan ingong | sira sun agêm warana | nèng jroning ngalam dunya | ywa kurang prayitnèng kalbu | angopèni mring titipan ||

16. miwah dènira nglakoni | saliring parentah ingwang | têmbe agung ganjarane | miwah pamidananingwang | iya abot kaliwat | jatining manungsa matur | dhuh gusti inggih sandika ||

17. ulun mung darmi nglampahi | saliring rèh kang kalakyan | nadyan awon miwah sae | atas saking karsa tuwan | kadi kang wus kacêtha | cinitra nèng lohkhil mahphul | nèng ngèlmi kadim cinithak ||

18. Pangeran ngandika aris | hèh jatining kamanungsan | lah wis aja matur manèh | sanggyaning prasêtyanira | kabèh kang wus kawêdhar | pasthi nora bisa wurung | wus têtêp lan ngèlmuningwang ||

19. lah kapriye sira iki | lagi samene

--- 23 ---

kewala | wus arsa lali maringong | yêktine sira wus wikan | yèn cakraning lêlakyan | tan bangkit gingsir sarambut | têtêp mungging bênêrira ||

20. lamun sira tansah eling | tan limut sariraningwang | miwah awakira dhewe | pasthi tan bangkit kataman | susah sêmanging driya | wêwêkas ingsun wus cukup | lah uwis nuli mêtua ||

21. yèku lairing bêbayi | maksih eling wêwentehan | wikan maring Pangerane | marmane agung sêsambat | saking dènnya rumasa | puwarane nora wurung | adoh lan Pangeranira ||

22. Hyang Suksma ngandika aris | lah uwis têka mênênga | aja pijêr sambat bae | lan aja was-was ing driya | jêr kabutuhanira | pasthi sira bakal antuk | sinungan wong tuwanira ||

23. miwah lêlantaran saking | sasaminira tumitah | anèng ngalam dunya kabèh | yèn sira arsa mêminta | mring yayah renanira | ya iku pitayaningsun | kang ngupakara mring sira ||

24. sun gadhuhi [gadhuh...]

--- 24 ---

[...i] rasa asih | miwah trêsna maring sira | marma dèn pracaya bae | kèndêl andikaning Suksma | punang bêbayi nulya | linantih ing bapa biyung | kadi wiyahing sujanma ||

25. ginulang nadhah lan guling | tan towang ing sabên dina | marmanta menggal limute | arang marêk mring Pangeran | lan arang sinung sabda | tan beda wusing tinundhung | Jêng Nabi Adam samana ||

26. kawarna ing sabên ari | saya limut mring Pangeran | miwah maring lêlakone | duk maksih anèng ngayunan | katut limut samoha | dupi rare bangkit wêruh | bedaning têngên lan kiwa ||

27. wus sirna èngêting ati | kongsi tan pisan rumasa | marang sagung kang linakon | ing nguni nalikanira | nèng ngarsaning Pangeran | marma sanggyaning tumuwuh | wiyahe nora pracaya ||

28. yèn nguni wus anindaki | marang saliring lêlakyan | kadi kang winêdhar kabèh | nanging akèh wong binuka | wikan gaibing ngalam | eling mring lêlakonipun | duk maksih [ma...]

--- 25 ---

[...ksih] nèng pangayunan ||

29. wênèh nulya sung pêpeling | mêmêjang liyaning janma | mrih mèngêt mring lêlakone | nanging kang limut ing cipta | nadyan silih winarah | yèn elinge nora tuwuh | mung tulus lali kewala ||

30. miwah tan pracayèng kapti | nanging nadyan mangkonoa | mung aywa maido bae | yèn aran janma kang yogya | nadyan durung pracaya | mung mênêng mirasèng kalbu | nora pisan maidoa ||

31. manawa ing têmbe wuri | binuka maring Pangeran | yêkti yèn kayatnan dhewe | beda lan kang kadhinginan | maido jroning cipta | pasthi yèn salaminipun | tan bangkit antuk pambuka ||

32. miwah tan bangkit udani | marang sariraning Suksma | lah sapira pitunane | baya tan ana pituna | kang samono gêngira | sumawana nora antuk | barkahing ngèlmu makripat ||

Pêthikan saking sêrat kabar wulanan: Waradarma

--- 26 ---

Bab Sêkolahan.

Kautamènipun tiyang badhe anggayuh kapriyantunan, utawi padamêlan, punika kêdah sangu kasagêdan ingkang tuwuh saking pamulangan, kang awit samôngsa kathah kawruhipun ingkang inggil-inggil, pinanggihing pangkat ingkang dhumawah ing badanipun inggih saya inggil, sarta sampun kanyataan bilih basa Walandi punika mênggahing tiyang siti, dados dêdamêlipun ingkang langkung landhêp.

Awit saking kang kasêbut ing nginggil wau, langkung parayogi kula pratelakakên kawontênanipun sêkolahan warni-warni, ingkang kenging linêbêtan tiyang siti, supados kamanah dhatêng lare utawi tiyang sêpuhipun, angrêmbag bab sêkolahan wau pundi ingkang dados panujuning manahipun, utawi ingkang inganggêp sae dhatêng ingkang badhe nglampahi.

Sêkolahan punika kaperang dados kalih golongan.

a. Sêkolahan ingkang kêlimrah, inggih punika sêkolahan ingkang ngêmungakên dados lantaraning pangudi kawruh, ingkang maedahi sumrambah dhatêng kawulaning Allah sadaya, têgêsipun ugi badhe paedah dhatêng gêsangipun, sarta ugi dados lêlantaraning wêdale sandhang têdhanipun, kalawan pigunaning kasagêdan.

Dene sêkolahan wau kabage dados kalih golongan malih, inggih punika kangge bôngsa tiyang siti, lan kangge tiyang bôngsa Eropah, sêkolahan ingkang kangge tiyang bôngsa Eropah wau, ugi kenging dipun lêbêti tiyang siti sawatawis.

b. Sêkolahan kagunan, têgêsipun sêkolahan kang ing wêkasanipun angsal pangkat, utawi padamêlan ingkang sampun katamtokakên ing satunggaling golongan.

--- 27 ---

A. Sêkolahan ingkang kêlimrah.

1. Sêkolahan dhusun.

Sêkolahan dhusun wau gadhahanipun tiyang dhusun piyambak, mila sapintên waragadipun ugi sami dados sêsanggènipun piyambak, ananging Kangjêng Guprêmèn ugi paring pitulungan dhatêng adêgipun, utawi angawat-awati dhatêng kaananipun sêkolahan wau, inggih punika aparing arta pitulungan kangge waragad (subsidie), utawi praboting sinau.

Tujuning sêkolahan dhusun punika supados sajawinipun sêkolahan guprêmèn wontêna tiyang ingkang ngudi kawruh utawi sêsêrêpan ingkang andhap-andhap. Saya paedah malih tumrap lare-lare ing padhusunan ingkang dèrèng wontên sêkolahan guprêmèn.

Lan malih tujuning sêkolahan dhusun punika wau, maedahi ugi kangge tiyang ingkang botên nêdya ngudi kawruh ingkang langkung inggil, inggih punika namung bab maos, nyêrat sarta etang sakêdhik-sakêdhik, botên jangkêp kadosdene ingkang winulangakên wontên ing sêkolahan klas II.

Sêkolahan punika dipun perang dados tigang klas, murid ingkang sampun tamat pasinaonipun saking sêkolahan ngriku, kenging nglajêngakên malêbêt dhatêng sêkolahan guprêmèn klas II, anjujug ing pangkat tiga.

Dene wancining sinau murid-murid ing sêkolahan dhusun punika mawi dipun pranata, murid-murid ingkang sampun agêng wiwit enjing dumugi jam 10, pêrlunipun supados tumuntên sagêda têtulung padamêlan dhatêng

--- 28 ---

tiyang sêpuhipun garap sabin utawi kêbonan, makatên ugi tumrap dhawahing wanci liburan agêng (vacantie) ugi dipun pranata dhawah wontên ing môngsa kathah padamêlan dhusun, kados ta nuju môngsa panèn, wiwit anggarap sabin, tuwin sanès-sanèsipun, supados murid-murid wau sagêd kobêr têtulung nyambutdamêl dhatêng tiyang sêpuhipun.

Murid-murid sêkolahan dhusun punika inggih kêdah ambayar arta sêkolah, ananging sakêdhik sangêt.

Dene sêkolahan punika sakawit namung dipun wontênakên ing pulo Jawi kemawon, nanging ing têmbe ugi badhe kawontênakên ing saindênging tanah Indhiya Walandi.

2. Sêkolahan guprêmèn klas II kangge tiyang siti.

Sêkolahan punika ugi kados sêkolahan dhusun, inggih punika kangge tiyang siti, bedanipun kalihan sêkolahan dhusun namung kaot piwulangipun ragi inggil sakêdhik, sarta ingkang ngwontênakên Kangjêng Guprêmèn piyambak wontên saindênging tanah Indhiya, dumunung wontên ing sabên nagari utawi panggenan ingkang rame, miturut punapa kawontênanipun ing ngriku.

Sêkolahan punika pinerang dados tigang klas, ananging manawi wulanganipun dipun wêwahi, klasipun ugi dipun indhaki, kadadosakên [kadadosa...]

--- 29 ---

[...kên] 4 utawi 5, sadaya murid angsal praboting sinau kalayan lêlahanan.

Lare-lare ingkang botên kenging tinampenan malêbêt sêkolah, inggih punika:

a. Lare ingkang nandhang sêsakit ingkang sagêd nular, utawi sêsakit ingkang mutawatosi, kados ta: ingkang andadosakên gila utawi ngalang-alangi dhatêng murid sanès-sanèsipun.

b. Lare ingkang botên dipun cacar, kêjawi lare ingkang sampun cacarên, utawi bilih ing panggenan lare wau pancèn dèrèng wontên pranatan cacaran ingkang tumindak têtêp.

c. Lare ingkang umuripun kintên-kintên kirang saking 6 taun, utawi langkung saking 17 taun.

Lare ingkang dèrèng nate sêkolah, lêbêtipun botên kenging tinampèn ing sawanci-wanci, ngêmungakên mênawi nuju wiwit ambikak sêkolah sasampunipun liburan agêng (kalimrahanipun sasampuning liburan ing wulan Siyam), ananging tumrap lare ingkang sampun sêkolah, lêbêtipun kenging ing sawanci-wanci.

Sintên ingkang badhe nyêkolahakên anakipun, darbeya panêmbung dhatêng guru pangagênging sêkolahan.

Lare ingkang sampun tamat pasinaonipun, angsal sêrat partisara tôndha tamating sinau, ingkang mawi tôndha astaning presidhèn utawi sèkrêtarisipun kumisi sêkolahan.

Tiyang sêpuhipun murid utawi tiyang ingkang nguwasani lare sêkolah wau, kêdah ambayar arta sêkolah kados kang kasêbut pratelan ing ngandhap punika:

--- 30 ---

Undha-usuking arta bayaran ... arta sêkolah ingkang kêdah kabayar dening satunggaling tiyang ing sabên wulan.

Klas satunggal ... kangge murid satunggal f 0.50 ... kangge murid kalih f 0.75 ... kangge sabên wêwah murid satunggal wêwah f 0.10

Klas kalih ... kangge murid satunggal f 0.25 ... kangge murid kalih f 0.35 ... kangge sabên wêwah murid satunggal wêwah ... f 0.08

Klas tiga ... kangge murid satunggal f 0.10 ... kangge murid kalih f 0.15 ... kangge sabên wêwah murid satunggal wêwah f 0.05

Dene tumrap tiyang ingkang malarat, sampun botên susah ambayar arta sêkolah.

Mênawi tiyang anglêbêtakên sêkolah anakipun wau gadhah pangraos, botên kadugi dhatêng kathahing arta bayaran ingkang tinêtêpakên dening kumisi, kenging gadhah atur dhumatêng residhèn.

Arta bayaran sêkolah kêdah katampèkakên dhatêng guru pangagêngipun sêkolahan ing sabên pungkasaning wulan, kados ingkang sampun tinamtokakên, utawi sadèrèngipun.

Arta sêkolah kêdah dipun bayar sabên wulan, salaminipun namaning murid inggih kêdah kasêrat ing buku, manawi guru pangagênging sêkolahan nampèni prasabên muridipun nêdha mêdal, inggih kêdah dipun pèngêti.

Lare ingkang botên ambayar arta sêkolah salêbêtipun tigang wulan, badhe kawêdalakên dening kumisi saking sêkolahan, sarta sambutaning [sambu...]

--- 31 ---

[...taning] bayaran wau ugi dipun tagih, dene mênawi salêbêting wolung dintên mêksa botên ambayar, murid wau kalêksanan kawêdalakên, sarta tiyang sêpuhipun kêdah angêsahi sambutanipun.

Arta bayaran sêkolah botên katindakakên kalanipun liburan agêng kados ingkang kasêbut nginggil.

3. Sêkolahan Walandi kangge tiyang siti. H.I.S. (Hollandsche-Inlandsche Scholen).

Sêkolahan punika muhung kangge tiyang siti anaking priyantun, tuwin putranipun bôngsa luhur, punapa malih anakipun tiyang kacêkapan, dumunung wontên panggenan ingkang pantês dipun sukani pangajaran ingkang langkung inggil.

Sêkolahan punika, kenging kasamèkakên kalihan sêkolahan Walandi klas II. Tumrap lare èstri wontên pamulangan ngriku dipun wontêni kursus piwulang kagunan wanita, andondomi tuwin angrenda (nuttige handwerken).

Tumrap anaking bôngsa Walandi kengingipun malêbêt sêkolah ngriku, namung bilih ing padunungan ngriku botên wontên sêkolahan Walandi.

Sêkolahan punika kaperang dados pitung klas. Tumrap ing basa Walandi wiwit kawulangakên wontên ing klas 1, wiwit klas 1 dumugi klas 5, kêjawi bilih pinuju mulang basa pribumi sarta basa Malayu, ingkang kangge mulang basa Walandi, dene ing klas 6 lan 7 sarèhning ing ngriku sampun mantun sinau basa pribumi lan basa Malayu, dados sakathahing pangajaran pamulangipun namung ngangge basa Walandi kemawon.

--- 32 ---

Murid botên kenging manggèn wontên satunggal-tunggaling klas langkung saking kalih taun, utawi tigang taun manggèn ing kalih klas ingkang urut-urutan, ananging manawi miturut timbanganing kumisi lare wau pantês anglajêngna sinaunipun sataun malih, dhirèktur van ondêrwis inggih angidèni.

Murid-murid kêdah ambayar arta bayaran sakolah kados ing ngandhap punika.

a. Kangge lare ingkang sapisan, metang saprêsèn saking balônja utawi samêdale tiyang ingkang nanggêl dhatêng piyambakipun, kathah-kathahipun f 6,- sakêdhik-sakêdhikipun f 1,- ing dalêm sawulanipun.

b. Kangge lare ingkang kaping kalih, metang satêngah prêsèn, kathah-kathahipun f 4,- sakêdhik-sakêdhikipun f 0,75.

c. Kangge lare sanès-sanèsipun, saprasêkawan prêsèn, kathah-kathahipun f 2,- sakêdhik-sakêdhikipun f 0,50.

Lare ingkang sakawitipun sakolah wontên ing sêkolahan klas II ugi kenging anglajêngakên wontên ing sêkolahan punika.

Anaking guru kenging dados murid wontên ing sêkolahaning bapakipun kalayan tanpa ambayar.

Murid ingkang sampun tamat pasinaonipun, kenging nglajêngakên sêkolah kados ingkang kasêbut ngandhap punika:

1. Sêkolahan calon priyantun (Opleidingsschool voor Inlandsche Ambtenaren).

2. Sêkolahan kriya (Ambachtschool).

3. Sêkolahan Mulo (Muloschool).

4. Sêkolahan tanêm tuwuh ing Sukabumi (Cultuurschool).

5. Sêkolahan calon guru (Kweekschool voor Onderwijzers).