Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wirawiyata, Padmasusastra, 1898, #148

Katalog:Wirawiyata, Padmasusastra, 1898, #148
Sambung:-

Wirawiyata

1. Sinom

1. wuryanta dènnya manitra | nujwari ing Wrahaspati | Kaliwon tanggal sapisan | sasi Saban wuku Wukir | Ehe sangkalèng warsi | murtyastha amulang sunu |§ = 1788 [Sengkalan: murtyastha amulang sunu (Kêmis Kliwon, 1 Saban 1788 A.J., Kamis, 23 Februari 1860 A.D.)]. sung pariwara darma | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kaping pat ||

2. hèh sagung pra siswaningwang | kang sami dadya prajurit | aja wiyang ing wardaya | rèhning wus sira lakoni | balik dipun nastiti | marang ing kawajibamu |

--- 42 ---

owêlên sariranta | rêksanên luhurmu sami | yèn kuciwa wèh alun alaning raga ||

3. awit sira wus prasêtya | nalika jinunjung linggih | saguh nut anggêring praja | myang pakoning narapati | sinêksèn dèn èstrèni | mring para wira sawêgung | upama sira cidra | nyirnakkên ajining dhiri | têmah nistha wèh wiranging yayah rena ||

4. ywa sira duwe pangira | lamun wong dadi prajurit | karyane abot priyôngga | wruhanta sagung pakarti | kabèh dunya puniki | tan ana prabedanipun | kang dagang nèng lautan | miwah ingkang among tani | sumawana kang suwita ing narendra ||

5. myang kang tapa jroning guwa | kang manusup ing asêpi | lakone padha kewala | awit iku dadi margi | mrih katêkaning kapti | sapangkate pandumipun | nanging sarananira | mantêp têmên lan tabêri | samêktane ingaranan laksitarja ||

6. lawan sira sumurupa | kang kalêbu pangabêkti |

--- 43 ---

nora sêmbahyang kewala | kang dadi parênging Widhi | sakèh panggawe bêcik | kang mantêp suci ing kalbu | uga dadi panêmbah | yèn katrima iku sami | sinung rahmat samurwate badanira ||

7. lamun tan mawa sarana | paran katêkaning kapti | lir bêdhag tanpa wisaya | sayêktinira Hyang Widhi | tan karsa mitulungi | marang wong kang datan laku | nir ngamal myang panêmbah | kumudu dipun turuti | ngêndi ana Gusti rinèh ing kawula ||

8. kang mangkono andupara | lamun jinurung ing kapti | malah nandhang duka cipta | kasiku angrèh Hyang Widhi | marmanta sira sami | aja kasusu panggayuh | manawa durung ngrasa | duwe ngamal kang nglabêti | bêcik sira angona lakuning praja ||

9. dene sira iku agya | antuk kawiryawan mangkin | yêktine katut prabawa | saking lêluhurmu sami | nguni wus potang sakit | dadya ing kapenakipun | tumiba marang sira | marma dèn sukur ing Widhi | tarimanên brêkahe

--- 44 ---

wong tuwanira ||

10. jêr janma kang wus minulya | lir wadhahe lênga wangi | utamane winantonan | gandane saya mênuhi | nadyan ngisenan warih | labêtingtabêting. we maksih arum | kang môngka sudarsana | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kapisan ||

11. duk bêbadhe murwèng yuda | nèng alas limalas warsi | sèwu lara sèwu papa | ngupaya mulyaning dhiri | antuk pitulung Widhi | katutugan karsanipun | mukti sawadyanira | tumêrah dalah samangkin | buyut canggah kasrambah milu wibawa ||

12. iku ta kayêktènira | pralambanging lênga wangi | upamane duk samana | tan antuk pitulung Widhi | praptane zaman iki | tan ana caritanipun | marma dèn èngêt sira | aja ngaku angêngkoki | mung ngrasaa lamun anêmpil wibawa ||

13. mangkana gya winantonan | marang kang jumênêng malih | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Mangkunagara ping kalih | pinèt sraya mring Enggris | amukul [a...]

--- 45 ---

[...mukul] nagri Matarum | sabêdhahe kang praja | ginanjar sèwu kang bumi | dadi têtêp lênggah limang èwu karya ||

14. rambah malih sinaraya | marang Guprêmèn Walandi | mukul prang Dipanagara | sarampunge ing ajurit | ginanjar bumi malih | Sukawati limang atus | lan blônja sabên wulan | môngka ingoning prajurit | patang èwu patang atus wolung dasa ||

15. prapta panjênênganira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara ping tiga | ing drajad pinrih lêstari | mangun arjaning budi | mring guprêmèn tyas sumungku | ginanjar kang bandera | lan mariyêm kalih rakit | iku môngka tandhaning sih pinarcaya ||

16. kapriye yèn sira ngrasa | antuka lawan pribadi | dadi mungkir jênêngira | kacirèn lair myang batin | ginaguywèng sêsami | lupute gonira ngaku | langguk piangkuhira | kasiku marang Hyang Widhi | dadi tuna duwe turun kang mangkana ||

17. lamun yêkti saking sira | pribadi [pri...]

--- 46 ---

[...badi] tandhane êndi | apa wus munjuli sira | marang samaning dumadi | saking ing kramaniti | lawan apa wus misuwur | ing guna prawiranta | kang kanggo marang nagari | baya durung lir lakone luhurira ||

18. pirabara sira bisa | nguruni darajad malih | dadi jangêt kinatigadkinatigan. | majade santosèng wuri | tumurun marang siwi | sukur bisa praptèng putu | milu tômpa kawiryan | yogyane angkahên kaki | ra-orane aja punggêl saking sira ||

19. lamun drajad kalakona | punggêle saking sirèki | dadi sira nganiaya | marang darahmu pribadi | tan kandêl ingkang wuri | dhapur kaputungan laku | salagi têmbe bisa | antuk kang darajad malih | sêsambungan yêkti bêcik kang widada ||

20. upama nora punggêla | jêr nora ngupaya malih | yèn wus punggêl nadyan sira | sêmèdi ing sabên ratri | antuke durung mêsthi | tiwas angêngècèr laku | marma dèn èngêt sira | sajrone

--- 47 ---

lumakwèng kardi | pangrêksamu ing drajad aywa pêpeka ||

21. dene jêjêre wandanta | ing mêngko dadi prajurit | maju baris lawan jaga | tiyori lèsan sêpèksi | iku dudu pakarti | ajar-ajar jênêngipun | wus dadi wajibira | prajurit dipun gêladhi | pêpadhane santri ingajar sêmbahyang ||

22. sinung ukum sawatara | yèn nglirwakkên marang wajib | iku wus lakuning praja | jêjêge kalawan ngadil | sanadyan liyan janmi | duk nèng yayah remanipun | yèn luput rinêngonan | utawa dèn jêmalani | dadi iku winêruhkên tatakrama ||

23. mangkono uga yèn bisa | piturut sarta nglakoni | tamtu dèn opahi uga | wit gawe lêganing ati | akèh tuwin sathithik | minurwat lan karyanipun | tan beda patrapira | prajurit jinunjung linggih | myang ingundur iku adil jênêngira ||

24. yèn tan bisa samêktanya | nora jumênêng prajurit | gawe tuna marang praja |

--- 48 ---

wèh lingsêming narapati | amung sira pribadi | kang dhuwurkên ing piangkuh | mung lagi bisa aba | anggêpmu butuhkên nagri | ywa kabanjur duwe cipta kang mangkana ||

25. wruhanta lêlakonira | sajatine wus angêmping | mring praja miwah narendra | awit durung potang kardi | sira wus dèn paringi | sandhang pangan nora kantu | sinuba kinurmatan | punjul sêsamaning abdi | môngsakala linilan lungguh satata ||

26. apa kang sira upaya | kamulyan anèng nagari | ingajenan mring sêsama | nyawabi mring anak rabi | nadyan para maharsi | ingkang tapa nèng asamun | mong tani lan nangkoda | rinewangan andêrpati | nora liyan kamulyan kang dèn upaya ||

27. upamane raganira | nora dadia prajurit | iya misih mangan sêga | apa dene nginum warih | saking wêtuning bumi | uga kagunganing ratu | lan sira ingayoman | rinêksa kalawan adil | lamun datan rumasa sira duraka ||

--- 49 ---

28. marma dèn sumurup sira | mring sih kamulèning Gusti | benjang yèn tinuduh sira | lumawat ngadoni jurit | yèku karyanta yêkti | pangudangirèng gustimu | kono aja pêpeka | dèn madhêp marang sawiji | nanging cipta sêdyakna malês mring praja ||

29. praptèng papan cumadhanga | ing parantahparentah. senapati | aja abawa priyôngga | dumèh sira bôndha wani | lumangkah mrih ngulabi | kang mangkono saksat mungsuh | gawe guguping rowang | wèh gidhuhing senapati | yèn kasora dadi sira antuk dosa ||

30. lungguhe para prawira | yèn ana madyaning jurit | nora wênang duwe karsa | ragane pama jêmparing | kang musthi senapati | ing sakarsa kang pinanduk | linêpas ywa sarônta | angsahira dèn mranani | marang mungsuh aja keguh ing bêbaya ||

31. dèn kadi Sang Partasuta | Bimanyu kala tinuding | mangrurah kang gêlar cakra | dening Sang Yudhisthiraji | sukaning tyas tan sipi | dupi rinoban ing mungsuh | kèsthi trahing [trah...]

--- 50 ---

[...ing] satriya | wêdi wirang wani pati | yèka môngka tamsiling para prawira ||

32. kono sêdhênge mêdharna | ing kasuran guna sêkti | nyirnakna paningalira | ing tekad ywa walangati | wruhanta senapati | wakiling gusti satuhu | gusti wakiling suksma | kang kinon angudanèni | mring kawula kang sumêdya mrih utama ||

33. padha ingaran utama | ing pakaryan mangun jurit | iku kang luhur priyangga | wus kasêbut kanang sruti | yèn tapaning prajurit | ngasorkên tapaning wiku | wit sumungkuning puja | nèng pucuking gunung Wêsi | sang pandhita nèng pucuking kang aldaka ||

34. ing tekadipun santosa | aja angrasani pati | apan tan winênang sira | gumantung karsaning Widhi | yèn wis tibaning pasthi | nora pilih marganipun | ala mati nèng wisma | bêcik mati kang utami | tur sumbaga dadi ngamale trahira ||

35. wus ana kayêktènira | Sang Partasuta ing nguni | palastra anèng palagyan | lawan lêgawaning pati | wit dènnya anglabuhi |

--- 51 ---

Pandhawa manggiha unggul | puwarantuk nugraha | sira wau Partasiwi | turunipun angratoni tanah Jawa ||

36. lamun durung takdirira | nadyan ana hru sakêthi | yèn tan was-was ing wardaya | sayêkti nora ngênani | amung sajroning jurit | aja sira darbe kayun | ing lair amanuta | ing sakarsa senapati | batinira kumambanga ing wisesa ||

37. ri sêdhêng nèng bayantaka | kalamun ana kang wèri | nungkul wus buwang warastra | nora wênang dèn patèni | binandhang iku wajib | yèn ngantia nêmu lampus | têtêp anganiaya | gawe nisthaning prajurit | nêmu dosa têmah apês ing ayuda ||

38. mangkono priyangganira | yèn kasêlut ing ajurit | aja gugup dèn prayitna | ing tekad dipun pratitis | awit wong murwèng jurit | ana pêpangkatanipun | nistha madya utama | yèn kobêr dipun èngêti | kanisthane wong kasêbut nèng ranangga ||

39. ing

--- 52 ---

papan nora kuciwa | gêgaman samêkta sami | atandhing padha kèhira | tanpa kiwul ing ajurit | tangèh ana pêpati | myang tan ana nandhang tatu | mundur tanpa larasanlarapan. | mung labêt kêkêsing ati | kang mangkono antuk dosa tri prakara ||

40. dhihin marang ing narendra | dènira cidra ing janji | kapindho ngasorkên praja | kang mulyakkên marang dhiri | katri marang Hyang Widhi | ngukuhi gadhuhanipun | kokum pantês linunas | padhane sato wanadri | yèn janmaa pasthi ana tekadira ||

41. madyane para prawira | yèn kasêsêr ing ajurit | dadyannadyan. kèh kêdhike padha | kasor papane kasupit | mundur amrih pakolih | ing pangolah nora gugup | sarana winaweka | kaangkah dènnya mangungkih | yèn sinêrang rikat rinukêt marwasa ||

42. utamanirèng prawira | sanadyan karoban tandhing | tatag tur simpên wiweka | wêngkoning papan tiniling | linanglangan kang

--- 53 ---

wèri | êndi kang suda ing purun | pinaran pinarwasa | winisesa amrih titih | èstu jaya sahaya samya raharja ||

2. Pangkur

1. kapungkur patraping bala | ginantyakkên lungguhing senapati | ingkang sinrahan wadyagung | dening jêng narèswara | kinèn matah saprayoganirèng wadu | kinarya rumêksèng praja | dènira ngupaya janmi ||

2. ywa tinggal pitung prakara | mrih utama adêgirèng prajurit | kang dhihin nalurinipun | tan kêna trahing sudra | kapindhone bumi kalairanipun | kang maksih tunggal sapraja | katri tanpa cacad dhiri ||

3. papat otot balungira | ingkang tigas lima tanpa panyakit | ênêm sawang-sawungipun | pitu kang datan darwa | pakarêman kang mlarati raganipun | marma milih kang mangkana | watêke wantalèng kardi ||

4. sawusing pamilihira | pamintane mring wong sawiji-wiji | pinantês cêkêlanipun | rujuke lan sarira | pangulahe warastra

--- 54 ---

ywa kongsi rikuh | rikate dènnya marwasa | myang panangkis amrih titih ||

5. wong kang sêdhêng dêdêgira | aparigêl tuwin kang andhap alit | akas cukat tandangipun | iku sinung sanjata | watak nora kewran sabarang pakewuh | mudhun jurang munggah arga | aluwês tur miyatani ||

6. wong kang lêncir dêdêgira | kurang tandang aropèk ingkang dhiri | iku cinêkêlan lawung | jangkah dhêpane dawa | watak corok lêlantaran silih panduk | mlumpad jagang pasang ôndha | angunggahi balowarti ||

7. wong sadhepah dêdêgira | kang pawakan otot balung kawijil | mariyêm cêkêlanipun | amolahakên rosa | nadyan kêmbêl kêbladhêr kuwawa junjung | manawa bobrok kang kuda | watêke kêlar gêntèni ||

8. wong gung luhur kang sêmbada | iku pantês karya wadya turanggi | agampang panitihipun | klar nêmbadani kuda | nangkis rosa mêdhang mring pratala gadug | yèn têmpuk padha [pa...]

--- 55 ---

[...dha] turôngga | silih rok amigunani ||

9. dene wong kang môndraguna | kinaryaa margôngsa juru margi | myang rêrakit kuwu-kuwu | kalamun anèng têba | lawan bètèng karêtêg sêsaminipun | kang tan kewran ing pangreka | mêmènèk lan bisa nglangi ||

10. yogyane malih ngumpulna | para tukang kang kanggo mring prajurit | gêrji lawan tukang puntu | karya busana wastra | tukang nyamak mênjait pakaryanipun | parabot kang bôngsa carma | tukang tapêl lawan nyingi ||

11. sayang lan tukang marakas | mirantèni bêkakasing prajurit | pandhe miwah tukang kayu | mranggi lawan kêmasan | ingkang karya gêgamaning aprang pupuh | sadaya dipun samêkta | rèhning rumêksèng prajurit ||

12. liya kang wus kanggwèng wadya | aja sêpi andhungan tikêl kalih | gêgaman saprantinipun | tuwin busana wastra | obat mimis kang cukup dèn anggo nglurug | awit rumêksa ing praja | tan [ta...]

--- 56 ---

[...n] wruh sangkaning bilai ||

13. ri wusing pamintanira | lan piranti kang kanggo nèng prajurit | mangkana pangrêksanipun | dipun titi ing bala | sandhang pangan ing saari aywa kantu | sukêr sakit kinawruhan | dèn bisa ngenaki kapti ||

14. ywa pêgat pamulangira | saniskara wajibirèng prajurit | wêruhna sadurungipun | nistha madya utama | myang pêpacak pacuwan kang wus tinamtu | kang kanggo nèng pra prawira | dununge sawiji-wiji ||