Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wulang Putra, Padmasusastra, 1898, #1344

Katalog:Wulang Putra, Padmasusastra, 1898, #1344
Sambung:-

Wulang Putra

1. Kinanthi

1. kinanthi pinurwèng kidung | sri narendra kang mandhiri | Surakarta kaping sanga | puwara widagdèng kawi | wasising gêndhing wus kondhang | mumpuni kidung palupi ||

2. mêmalat waluyanikung | mangripta kidung sêsingir | ngulari lêjaring driya | driyarda asêmu wingit | mangun wudharing duhkita | tumutur karsaning Widhi ||

3. wêdharing nala mangapus | puspitanirèng utami | tumanêming driya aywa | kabanjur rudah ing kapti | tinaliti nuladhèng tyas | tyasing sujanma utami ||

4. utamanirèng pamêngku | wêwêngkoning praja luwih | wahyaning wêktu kawuryan | waluya sining prajadi | sumingkir kala dursila | lêlayaran mèt kang sêpi ||

5. pinapas sagung ru-biru | rêrusuh gêlahing nagri | nagri yêm mangayêm-ayêm | mêmayu waluyèng dasih | datansah [da...]

--- 59 ---

[...tansah] pangudining tyas | tata têntrêming nagari ||

6. rumaras raras rum-arum | rum-arumira pinurih | rumakêta pawongmitra | mêmitran samaning janmi | sapraja ywana bêncorah | rahayuning kang pinurih ||

7. tumutur utamanipun | mring putra wayahing wuri | ruwiya ingkang utama | linuria aywa lali | lêlabêt antuk nugraha | padhanging tyas narambahi ||

8. mring bumi tulus tinandur | kadarmanirèng wadyalit | lumaksana tan rêkasa | satitah narimèng ati | miturut tanpa lêleda | widadanirèng prajadi ||

9. andina-dina tumimbun | purbaning kahanan jati | tuhu adining tyas tama | mêmardi murtining ati | têtumanên dimèn tuman | kataman sarêjuning sih ||

10. sih sinihaning sawêgung | gung kinudang sapraja | dining kanang sru kaonang | onang jananung sajawi | wirotama trahing tapa | turta sinihan dewadi ||

11. darajat winantu-antu | tan kêndhat saengga riris |

--- 60 ---

riris sêdhêng môngsa astha | isthaning jagad ngèsthèni | musthikanira kaistha | waskitha musthikèng bumi ||

12. bumi gung anggung jumurung | mring Sang Mulkiningrat Jawi | winantu anggung kagungan | marang Hyang Kang Murbèng Dhiri | rarasing kang karasikan | sanityasa sakayuning ||

13. kayumanan ing sakayun | mêmayu isining bumi | mardawa darunanira | rêringane wus rinukti | tan pêpeka lumaksana | pinardi dimèn lêstari ||

14. lêstarining osikipun | manungsa kang sinung eling | marang utamaning tindak | ing buwana aywa nisthip | panggusthinirèng kasidan | sidaning dadi ngadadi ||

15. dadia jayèng jayanung | wênanga mêngku mumpuni | mring nuswa Jawa widada | darsanèng praja utami | mulus lulusa utama | sêdyane ingkang marsudi ||

16. dumadi dadi tumuwuh | wuwuhing kawruh mratani | mring wêwêngkon sang sinewa | wêwaton ruwiya Nabi | kita Kangjêng Rasulollah | insaallah mitulungi ||

--- 61 ---

17. mring umat kang sêdya anut | agama ingkang utami | mêmudhar ruwêding driya | ywa sulaya kang patitis | tinimbanga ingkang têrang | aywa age dèn lakoni ||

18. nastitine barang kawruh | wruhna mring janma mumpuni | mintaa tuduh ing sastra | sastra ingkang ngêmu wadi | dadakane kinawruhan | nistha madya myang utami ||

19. utamanira wong iku | sabarang karêpirèki | dèn ririh pangarahira | sayêktine dadi olih | nora luwih nora kurang | sêdyanta malah mêpêki ||

20. paeka lamun kêsusu | sabarang karêpirèki | tan katêkan têmah susah | sumawana tan antuk sih | ing rama ibu kapiran | dhuh mulane wong taruni ||

21. nyingkirana saru siku | mênawa dadi prayogi | mituruta karsanira | kadang wrêdha kang sung peling | eling-elingên ywa ilang | lêlangên wulang utami ||

22. mêmanuha janma luhung | dimène anênulari | mring sira ambêk utama | tumurun [tumu...]

--- 62 ---

[...run] wahyune jati | jumbuh lan karsaning Suksma | suksmanên aywa nalisir ||

23. sirira lan osikipun | ya rabil rahmanirakim | kang mulya-mulyaning tindak | tindaking tanajul tarki | kakikine ywa kagiwang | dèn gawang ywana ngalingi ||

24. ling-alinge karya linglung | lêng lêng nglimputi têlênging | Locana lan jrênihira | rapêt tan rênggang sanyari | jêr ijajil datan têbah | manggon nèng kalbu tan mijil ||

25. anjajal tan pêgat bujuk | marang ati kang tan yukti | talatèn tan kêmba-kêmba | lamun durung dèn turuti | talikanên dèn têtela | laraping pangrusak budi ||

26. budiman kang nora keguh | ginubah mring ratu eblis | sayêkti iku nugraha | ilahil ngalihil ngalim | ya kalbu mukmin betullah | amanggon tan owah gingsir ||

27. jêr sir ruhu winihipun | sirolah ingkang nampani | dadi sining jagad raya | gumêlar wus amêpêki | apa kang winalang-driya | kawula mung anglakoni || [|...]

--- 63 ---

[...|]

28. lêlakone dèn kaitung | aja mutung anèng kêlir | lir ringgit durung raina | ki dhalang nis nora pamit | balenconge ngalad-alad | nyalad mahaput kang kêlir ||

29. parabote mawut-mawut | kang darbe wisma sumingkir | kapiran dhalang yaganya | amung kari sêpa-sêpi | tan ana tinujwèng karsa | dhêdhayohe samya bali ||

30. mangkono upamanipun | pralambange wong aurip | rapêta ngadu pucukan | pucuking netra jro jawi | winawas saha ywa was-was | denanda andadar dhiri ||

31. wus lami pamardinipun | kang nganggit sayah kêpati | panurate sabên dina | sêlane pêrluning nagri | sanadyan dinugèkêna | nêdha têmbangipun salin ||

32. Rêspati Pon ping salikur | Mukharam wukune ringgit | Jimawalal ing môngsa astha |Lebih satu suku kata: Jimawal ing môngsa astha. windu Adi kang lumaris | sangkalanira rinipta | tata muluk ngèsthi aji ||§ = 1805 [Sengkalan: tata muluk ngèsthi aji (Kamis Pon, 21 Mukharam 1805 A.J., Kamis, 17 Pebruari 1876 A.D.)].

2. Dhandhanggula

1. pan pinardi wuwuhing [wuwuh...]

--- 64 ---

[...ing] panganggit | mring nak rabi tutuging ruwiya | supaya têmbe wurine | tumrapa dadi tutur | marang ahli kang nêdya eling | ngeling-eling wêwulang | amung lowung-lowung | kinarya anyandhêt driya | driya arda kang tan wrin tata utami | yèku môngka pusara ||

2. saranane wong nêdya utami | awal akir kadi datan mêdal | saking wulang sudarmane | sampat lamun ginilut | lêlabuhan utama nisthip | mring patraping suwita | myang dadi wong aguagung. | ing driya ywa gung kagungan | dèn pratitis dhuh babo olah prajaji | dèn ayêm santosèng tyas ||

3. tyas tan keguh mêmanising èstri | mring ature wadya kang tan lonya | yogya winawas yêktine | ywa sorah dipun samun | amèt daya ywa ngatarani | dèn wani atinira | ing netya aywaru | sirung lêngus wacanarda | tan jasmikajatmika. ing polèh nora prayogi | dèn manis ulatira ||

4. lan dèn nêdya tapa sapakolih |

--- 65 ---

nanging aja nèng pucuk aldaka | sêpi nora antuk gawe | tanpa rowang mung ngantuk | layap-layap impène bêcik | nging yêktine tan kêna | iya antukipun | kacakrabawa ing cipta | kang cinipta sayêktine ming katoni | anèng jroning supêna ||

5. nora kaya wong tapa nèng nagri | wruh ing tatakrama parikama | tan kidhung solahbawane | tur lêkêt mring sang prabu | ratu yêkti badaling Widhi | kuwasa ambagea | mring kawulanipun | mung mituruta sakarsa | sang sinewa kang nulis iki nglakoni | mangkya gumantya nata ||

6. tur ta akèh kang ngalang-alangi | suprandene mêksa katurutan | saking têmêne atine | tan keguh pinrih rusuh | mung nuhoni rèhing sudarmi | ing mêngko tan sulaya | pangudang ramèbu | dhuh mulane wêkas ingwang | dèn miturut ing yayah rena ywa wani | wak dhewe wus kalakyan ||

7. yèn mungguha surya kang anulis | waktu

--- 66 ---

ngasar lêkêt lan surupnya | wus adoh marang bangune | dhuh pirangbara ingsun | lamun misih lawas nunggoni | mring anak putuningwang | iya awèt idhup | araling umat tan kêna | tinamtokna yèn ana karsaning Widhi | sayêkti tan suminggah ||

8. lamun misih awas kuwat eling | bokmanawa awèt anèng dunya | angêmuli nak putune | yaiku bêgjanipun | yèn kalakon kajatirèki | sun muji amêmuja | ing siyang myamyang. dalu | sanadyan prapta ing lina | kang sinêdya tinggala labêt utami | mring praja kawistara ||

9. luwih rungsit-rungsiting pakarti | kang tinitah amêngku buwana | wêngi tanpa antuk sare | yèn nadhah mangu-mangu | jroning bukti akèh pinikir | lapuran nistha madya | utama winêngku | pamêngkune môncawarna | kyèhning bôngsa sumawana minta bumi | bumi kèh paekanya ||

10. paekaning lyan dipun udani | dêdimène ywa suwalèng karsa | sasanane dimèn [di...]

--- 67 ---

[...mèn] olèh | ywa tuna kawruhipun | marang pae-paening jinis | watake kinawruhan | supadi ywa kidhung | pakumpulan warna-warna | dèn patitis pangucap winor mêmanis | nging aywa kênèng kêmat ||

11. têgêse kêmat dhuh anak mami | sarupane kang enak pinangan | lan netra anyênêngake | anggèndèng jumarunuh | amêmanuh kang makewuhi | ing madya lan wusana | utamaning kawruh | wruha pakewuhing jaman | dhuh nak ingsun kang gumantya narapati | titinên dimèn tata ||

12. tarlèn namung ywa kênèng mêmanis | manising kang saniskarèng bôngsa | lyan manise kang aduwe | duwèni buwana | tansah langgêng tan owah gingsir | mung iku kang pinintan | sakayuning manus | manungsa poma dèn awas | mring sasmita kang samar aywa tan uning | ningêna aywa corah ||

Kroon - prins

13. dhuh nak ingsun kang gumantya aji | aywa karêm ing

--- 68 ---

arta busana | nanging aywa nyêpênake | mring arta busanèku | pêrlu dadi saranèng nagri | nistha lamun tan ana | utama yèn agung | asugih bala branarta | tur ta bisa mêminta ganjaran maring | wadya kang sêtyèng karya ||

14. yèn sinewa dèn awas ningali | marang wadya apa karyanira | aywa dhompo pamintane | mring karya wajibipun | tuwin wadya ciptane rungsit | tan barès sêdya lawan | parentahirèku | wong agung aywa kuciwa | agal alus mring karêpe wadya mamrih | durcara tan prasaja ||

15. wus winawas ing jaman samangkin | akèh wong mangarti basaning lyan | kapiran basane dhewe | jamake wong mèt kawruh | dèn salêsih wajibirèki | dèn manggon tekadira | ywa was-was ing kalbu | iku lagi ngupayaa | kawruh liyan dadia busanèng nagri | ywa malbu kalbunira ||

16. kabudayan dayane pinurih | amimbuhi budi kang santosa | tinimbang [ti...]

--- 69 ---

[...nimbang] mrih utamane | tinata kang tartamtu | marang wadya kang olah bumi | budyarja dadya tôndha | utamaning laku | kang ngasta praja tan nendra | anastiti mring wajibira tan gingsir | arum wijiling sabda ||

3. Mijil

1. wuryaning piwulang ingsun kaki | kang wus winiraos | ingkang tumrap sarkara kanthine | nora saking luwihing pangèksi | mung karêksa wajib | pitutur nak putu ||

2. nora kurang pituturing nabi | lawan para katong | kang wus kocap kitab Jawarabe | nging kumudu manira wuwuhi | minôngka wulang mring | atining nak putu ||

3. mung dumunung pra ahli pribadi | boya mardi ingong | mring umating liyan sakarêpe | pae lawan pitutur jêng nabi | sayêkti linuri | mring janma sawêgung ||

4. gunggungne wong urip puniki |Kurang satu suku kata: gunggungane wong urip puniki. aywa karêm goroh | sapa wonge dinoran sukane | nadyan silih jasade pribadi | lamun nyulanyani | lawan karêpipun ||

--- 70 ---

5. kaya kolu-kolua gêbugi | mring awake mak bok | apadene wong liya yêktine | yèn dinoran sayêktine runtik | unggahira malih | sanadyan Hyang Agung ||

6. nora sarju dinoran ing sami | tandhane mangkono | lamun janma têmên pamintane | nging tinimbang lan pangkatirèki | sayêkti Hyang Widhi | miturut sakayun ||

7. dununging timbangira Hyang Widhi | wujude mangkono | kadi lêmut minta ganjarane | kanang gajah sayêkti tan nolih | wit angganirèki | tan kuwawa nyangkul ||

8. lamun sira trahing nayakadi | aywa karêm babo | sabèng wana mênèk dadi kêthèk | prayogane suwitèng narpati | dèn têmên nastiti | iku adatipun ||

9. wahyu iku nora anibani | manungsa kang adoh | marang ingkang sinêngitan lire | yêkti tiba mring kang dèn sênêngi | mulane wong ngabdi | minta asihipun ||

--- 71 ---

10. nora dupèh putrane pribadi | lamun kabêsturon | nora anut rèhing sudarmane | tan prayoga wêkasaning wuri | pae kang antuk sih | lêstari sakayun ||

11. pan wus akèh tuladhane kaki | atmajaning katong | kang tan antuk brêkahe bapakne | tan prayoga dadining kadadin | dhuh mulane kaki | ngabêktiyèng ratu ||

12. nadyan dudu ratune pribadi | urmat mring sasang. katong | supayantuk brêkahing wahyune | ratu iku musthikaning bumi | bumi kadarbèni | ya rabil rahmanu ||

13. nênulara brêkahing narpati | kamuktèn praptèng don | tumuntura mring anak putune | ywa kalimput kasukan tan eling | dhuh dhuh anak mami | dèn nêdya rahayu ||

14. wus lumrahe manusa puniki | ana kang antuk don | wênèh tansah kacuwan karsane | iku pasthi lupute pribadi | tan awas mangingling | kalamangsanipun ||

15. môngsa udan mèh suruping rawi |

--- 72 ---

têka lêlungan don | pasthi bae kêlocut awakteawake. | pêpadhane wong kêsèt tan nangkil | awake bêsisik | lambene abiru ||

16. pasthi bae tinarka madati | mangkono dating wong | janma karêm botohan yêktine | lamun kalah tinarka mêmalih | yèn kitab sinandhing | tinarka makêdum ||

17. nanging yêkti solahing sujanmi | katondhe katonton | ingkang têmên lan goroh atine | pinèt saking pirasat jro manik | nanging pilih-pilih | kang uninga iku ||

18. jaba kang wus binuka ing ghaib | waskitha mring raos | sarta eling marang caritane | iya Iman Sapingi ing nguni | nanging luwih rêpit | pakartining gambuh ||

4. Gambuh

1. kajaba kang wus wêruh | marang ngèlmu pirasat wong iku | sapatêmon tan samar karêp sing janmi | katôndha nèng badanipun | barang karêpe wus jumboh ||

2. jomblah pakartinipun | Iman Sapingi pirasat iku |

--- 73 ---

wus tinata nèng kitab kinarya pêsthi | tur kaidèn Kangjêng Rasul | lawan sakabate manggon ||

3. nanging ta pêthèk iku | maksih kuwasa Hyang Mahaluhur | upamane wong raine burik cêkrik | pasthi ala rupanipun | nanging atine tan goroh ||

4. sababe manungsèku | bisa ngliling mring sariranipun | yèn rumasa alane bisa ngowahi | pae lawan khewan iku | lamun cirine wus awon ||

5. tan bisa owah iku | sabab tanpa angên-angênipun | yèn manungsa pinunjul titahing Widhi | bokmênawa bisa nglêbur | alane pating calerong ||

6. dhuh anak putuningsun | dèn angliling mring wayanganipun | wadakane pinrih sirna saking dhiri | bokmênawa bêgjanipun | sirna lan brêkahing Katong ||

7. tarit-tinariktarik-tinarik. iku | bêgjaning wong lan brêkahing ratu | nora pae kawula kalawan gusti | sayêkti limput-linimput | jasate bènging Hyang Manon ||

--- 74 ---

8. Hyang Manon kang amêngku | marang uriping manungsa tuhu | ingkang padhang anglimput pêtêng sayêkti | panas ngilangkên dhêmipun | mangkono martabating wong ||

9. akèh lamun cinatur | parabote wong marsudi kawruh | mula akèh kang kandhêg wêgah nglakoni | naliti mring kawruh putus | saking kêsète wong anom ||

5. Sinom

1. wus watake wong taruna | kêras budi kurang titi | mung karêm ubyang-ubyungan | sayah nora antuk misil | barang kang dèn karêmi | mirungga ginawe pêrlu | anêbih mring wong tuwa | wêdi lamun dèn srêngêni | wus rumasa lamun durung nuting karsa ||

2. karsane ibu myang rama | winulang utamèng dhiri | wus adate wong taruna | pangrasane dèn srêngêni | bungah yèn dèn turuti | polahe kang nora patut | nanging ta ana uga | wong anom kang mituruti | wêwulange rama ibu lumaksana ||

Ibrahim

3. angkang. mangkono arang-arang | takdir [ta...]

--- 75 ---

[...kdir] dadi manungsadi | lir carita zaman kina | iya Jêng Nabi Ibrahim | lawan putranirèki | Ismangil kang bangun turut | mring bapa pinrih lina | tan suminggah anglakoni | aja ingkang pinurih dadi utama ||

4. sapa ingkang sugih bêgja | linuwih mung Nabi Brahim | lan putra Ismangil Iskak | jêr miturut ing Hyang Widhi | nurunkên para aji | kongsi zaman akir besuk | ing Ngajam lan ing Ngarab | lan sakèhing para alim | sami mijil saking Ismail lan Iskak ||

Browidjojo

5. lir jamaning Majalêngka | Brawijaya kang mungkasi | pantês kinarya ruwiya | patraping bapa lan siwi | Rahadèn Patah nami | kang ginadhang madêg ratu | tur sêdya mrih utama | rumasuk agama sukci | kumawawa amardi marang kang rama ||

6. dadi kaliru ing patrap | wong tuwane pinarêdi | sang nata tan sarju ing tyas | têmah

--- 76 ---

amekrad tan wigih | nging sêmune sang aji | sêrik marang putranipun | kalakon tan widada | dera madêg narapati | nora kaya lêlakon Bondhan Kajawan ||

7. timur winor lan wong desa | kinèn tapa anglakoni | lêga galihe sang nata | antuk sihing awal akir | miturut ing sang aji | bêgja katibanan wahyu | lumuntur datan kêndhat | nugrahane amimbuhi | dadi tômpa kamuktène tanah Jawa ||

8. praptèng mêngko nora tinggal | trahing Tarub kang antuk sih | amêngku rat tanah Jawa | tumêngkar ngêbêki bumi | sapa kang anuhoni | wong tapa nut tuduhipun | bapa tur naradipa | prayoga lamun linuri | misih akèh tuladan nistha utama ||

Brotoseno

9. tuladane puruhita | mring guru zaman kariyin | kadi Arya Bratasena | mantêp anglabuhi pati | tur ta nora sayêkti | pituduhe gurunipun | mamrih sirnane [sirna...]

--- 77 ---

[...ne] Sena | malbèng têlênging jaladri | nora mati malah antuk sihing dewa ||

Singoprono

10. yèn wong tapa tur dêdana | bôndha bau lawan bukibukti. | angenaki atining lyan | misusungmisungsung. mring sri bupati | katrima donganèki | Singaprana aranipun | dêmang desa ing Sima | wusanane jaman mangkin | nurunakên narendra ing Surakarta ||

P.B. VIII

11. iba-iba trahing nata | yèn lêlabuhane bêcik | utawa bèrbudi sabar | pasthi wahyune sumandhing | lir sang mulki astha ji | ngantuk anêmu praja | nging abot lakunira | cêgah wanita jêkining | yèn kang nurat mentak ampun botên bisa ||

12. mung mukti lan panjang yuswa | katularana kang nulis | padhanging driya trus netra | wasis ing sabarang kardi | pantês yèn busanadi | dinulur sakajatipun | tumutura mring wayah | amung ingkang saprakawis | kang mangripta [ma...]

--- 78 ---

[...ngripta] nyuwun pamit sugih garwa ||

13. rambah wajibing taruna | lêkêta sujana wêgig | mintasih sang bijaksana | lumunturing kawruh luwih | kang pêrlu dèn kawruhi | prayogane tindak-tanduk | myang tatakramèng praja | pae-paening nagari | lan patrape prayogane pawongmitra ||

14. pamitran sakèhing bôngsa | prayogane dèn kawruhi | lair batine dèn kêna | tinitiha dèn patitis | tumraping kawruh sami | ywa dhompo pamintanipun | wijange kinawruhan | tumraping angga pinardi | dadine kanggoning kawruh ywa bêncorah ||

15. rahayune kang pininta | pinujia ing sêsami | kyèhning jana kang kulina | rêrukunan tanna nyêngkring | kakênaning sakapti | katandukan marbuk arum | rum-arume angambar | angambar sarjuning ati | tinitenan mring jana pramuditaya ||

16. yayah rume puspitabra | angambar ngêbêki bumi | karênan nanduki grana- | ning manungsa [manung...]

--- 79 ---

[...sa] kang jurungi | mring pra mudha kang darmi | ing kawruh ingkang linuhung | kinudang-kudang dadya | busananirèng prajadi | kanugrahaning praja tulus raharja ||

6. Pocung

1. aja ancung yèn suwita mring wong agung | lawan kancanira | lamun sira antuk singgih | dèn abisa ngenaki atining kônca ||

Sosrodiningrat

2. pan ing nguni ana panakawanipun | narendra kaping pat | arane Bagus Sêmail | kinasihan marang kangjêng sri pamasa ||

3. pan utama labuhane Mail wau | antuk sihing nata | dadi jayèng astra upsir | sinung aran Rahadyan Jayèngmarjaya ||

4. saya nêmên prayoganing tindak-tanduk | wimbuh sihing nata | kinulawisudha malih | apan dadya nayaka têngên kapararak ||Lebih satu suku kata: apan dadya nayaka têngên kaparak.

5. sinung aran Sasrawijaya Tumênggung | saya wruhing karya | mumpuni rumêksèng nagri | nuju ana pêpatih kênèng rêncana ||

6. Mangkupraja [Mang...]

--- 80 ---

[...kupraja] araning patih dibyanung | sêkti môndraguna | prakosa tur têguh wani | ing sawiji dina Dyan Sasrawijaya ||

7. kinèn nyêkêl mring patih kang ambêk purun | sandika tumandang | ki patih tan bisa osik | saking bisa nandukkên sabdaning nata ||

8. tur ta iku bapakne dhewe tan gigu | marma sri narendra | ascaryèng tyas wimbuh asih | pan ing wuri gumanti rêkyana patya ||

9. patang puluh taun dadya patih agung | kaonang ing jana | Sasradiningrat Dipati | amumpuni pangrèhing praja wiryawan ||

10. praptèng lina nèng Magiri kuburipun | iku wong abêgja | saking labuhane bêcik | marma pantês tinulad para taruna ||

Soro

11. paribasan wong labêt têmên tinêmu | aran Kyai Sara | ing Manggaran dhukuh Pinggir | ring narmada lêlakoni Kyai Sara ||

12. lagya adus sang nata jêngkar mangidul | marang [ma...]

--- 81 ---

[...rang] Pranaraga | Ki Sara amitulungi | anabrangkên sang nata kalawan putra ||

13. pan ing mangkya Ki Sara turune ngumpul | lawan sri narendra | antuk nugraha nulungi | dadya Arya Mataram Adikusuma ||

Mangun onêng

14. aja kadi Mangun Onêng Ki Tumênggung | nyidrani sang nata | kawênangan Mangkubumi | pan dhinêplok daginge binadhokbinadhog. sona ||

15. lan padhane mantri lungguhe le tuku | adate tan lawas | rong turunan nuli ênting | bali mulih dadi bujang mikul salang ||

16. lamun sira nèng wisma dhuh wong abagus | nyambia pakarya- | nira ingkang makolèhi | dimèn jênak atinira anèng wisma ||

17. anênandur ingkang ana asilipun | tambah Rasullollah | wohing palakirna dadi | ingkang môngka nifkah ing garwa lan putra ||

Panji klantung

18. iku dadi nayakèngrat Kangjêng Rasul | maksih sumajia | nglakoni [nglako...]

--- 82 ---

[...ni] wajibing dhiri | Panji Klanthung baè pijêr sasêratan ||

19. lah kêpriye kalakone karêpipun | yèn ana lowongan | pyayi srêgêpe kêpati | panêdhane pan nuli ginêtèkêna ||ginatèkêna.

20. yèn tan antuk nuli bali manèh mlincur | sarwi nguman-uman | tan antuk dene wak mami | dadi sanak panjaluke tan sinungan ||

21. pasthi gila wahyu iku yèn andulu | labuhan mangkana | wahyune lumayu ngênthir | asêdyaa tabêri sarêgêp seba ||

22. lawan kudu bisa basa sastra têlu | Jawa Arab Lônda | kinarya sangune ngabdi | dadi nora kidhung lamun ana karsa ||

23. jêr ing mêngko kang akanggo têlu iku | pae jaman kuna | wong tapa kang dèn ulati | nadyan bodho sayêkti yèn pinilala ||

Gimbal

24. kaya bagus gimbal [gimba...]

--- 83 ---

[...l] lakune lumaku | tangèh yèn kanggonan | ngèlmu lalirlair. lawan batin | suprandene padha kayungyun tut wuntat ||

7. Pangkur

1. padha ngungkurna kanisthan | bokmênawa bêgjane anêkani | adhuh babo wong abagus | prau kandhêg samodra (labuh) | parang jaja ing wanodya aranipun (susu) | kalamun sira suwita | labuhana praptèng pati ||

2. suku jungkung (wêlah) layar kaga (swiwi) | dèn parigêl solahira sumiwi | bayêm arda (latêng) kursi agung (rêsban) | dèn antêng nèng paseban | aja mulih lamun durung wayahipun | dèn nêdya suwitèng nata | aja kêsèd anèng panti ||

3. kalesa kentaring toya (sarah) | jobin citra wijil Eropah nagri (marmêr) | dèn mêrak ati ing têmbung | sumarah ing sakarsa | marang gusti suling kukila kang muluk (sawangan) | arka kang munggèng wadana (tingal) | sawangên tingaling gusti ||

4. braja pangapit jajaran (panurung) | mlinjo wana (tangkil) dhuh babo

--- 84 ---

wong asigit | yèn tan ana pêrlunipun | ywa wurung nangkil sira | tapas arèn (duk) pangundang mring anak kakung (thole) | aywa lêleda yèn dandan | dèn rikat ingkang jêkining ||

5. wanita kang durung krama (prawan) | wrêksa rêkta bumbu soganing kain (tingi) | kalamun tangi wong bagus | aywa kawanên sira | krêtêg bata (buh) ala nganggur bêcik subuh | mina pinèt jroning bara (ngirup) | ywan nendra surup tan yukti ||

6. dhuh kulup angur salata | sukur ing Hyang gonira sinung urip | nanging yèn ana têngadur | kang timbang pêrlunira | tinggal salat aja was atinirèku | sabab pêrlune asalat | sirnaa was-wasing ati ||

Joyo Kartiko en Suto joyo

7. ingsumingsun. balèni carita | lêlabuhan tumêmên ing narpati | nguni ana dêmang dhusun | Gyanti Jayakartika | lan ing Taji aran Sutajaya cucuk | labêt têmên lawan tapa | mêmuji brêkah narpati ||

8. Sutajaya [Sutaja...]

--- 85 ---

[...ya] wus widada | darbe turun wanodyayu linuwih | ginarwa marang sang prabu | Pakubwana ping tiga | apêputra kaping pat kang madêg ratu | ing mangkya nurunkên marang | kusuma Surakartaji ||

9. gantya Ki Jayakartika | darbe turun wanudyayu linuwih | ginarwa marang sang prabu | mijil Pakubuwana | kaping wolu pan ing mangke buyutipun | saking ibu sang sudibya | narendra Surakartadi ||

10. dhuh nak putu sir manira | sung tuladha utamaning dumadi | sapa kang sêdya karungu | lumêbu driyanira | tur linakon sakuwasanira bagus | manawa Hyang Mahamulya | sih marma marang sirèki ||

11. poma-poma têrah ingwang | aja sêdya sira umadêg aji | mung nyuwuna barkahipun | lêluhur para nata | sabab ratu yèn sinêdya dadi luput | amung sang atmakul kusna | kang minta adêge aji ||

12. balik angaub-auba | êndi ingkang pinilih Mangkubumi | lamun sira darbe sunu | ayu

--- 86 ---

ing warnanira | pêpujinên dadia timbanganipun | sayêkti nora druhaka | kumambanga ing Hyang Widhi ||

8. Maskumambang

1. lir giyota nèng narmada wong aurip | tirta purbaning Hyang | kang môngka êroh kêmudhi | isine cipta lan ripla ||ripta.

2. mudhik milir baita lakunirèki | juragane ngiras | iya kang nyêkêl kêmudhi | bêbakule durung têka ||

3. marang palwa lêlakone tuna bathi | kalamun cilaka | praune kèrêm nèng kali | barange katut ing toya ||

4. kang kêmudhi lungane tan ana uning | jêr iku opahan | wêdi lamun dèn srêngêni | marang kang darbèni barang ||

5. lah pikirên dhewe anak putu mami | sapa kuwajiban | andarbèni donya iki | dèn rêpit nanging cupana ||

6. yèn kêtêmu dununge we tata darmi | sayêkti nugraha | nanging ta angèl kêpati | yèn tan awas ing sasmita ||

7. sasmitane sang wiku tanggaping ati- | nira kang

--- 87 ---

waskitha | lêlèjême sang asung sih | sayêkti minulyèng jagad ||

8. wis samono bae sêdhêng mêmucuki | yèn tumrapa dhalang | yoga lêlakone salin | kang pantês wulang taruna ||

9. sêmuning nom nômpaa wulang utami | kang kanggo nèng praja | lumrahing jamanirèki | aywa luwih lawan kurang ||

10. pasêmone kuda curigèstri tulis | jarwane mangkana | kuda dèn kuwat tarampil | curiga landhêping cipta ||

11. wanitadi dèn bisa ngenaki ati | tur manising sabda | karya kayungyuning laki | sastra parigêling basa ||

12. basa nistha madya utama ngawruhi | myang basa lyanira | bisa anyampuri angling | yèku dununging kang sastra ||

13. sukur lamun sira bisa angawruhi | sastra jroning badan | yoga minta tuduh maring | ngulama pratamèng sastra ||

14. amintaa dununging têpakur kaki | lan tarèk sakawan | martabat sapta nawèki |

--- 88 ---

lawan sampurnaning salat ||

15. aja pijêr salat kaya bocah cilik | tartipe rinasa | kusuking takbir ywa lali | ekrame mênawa kêna ||

16. wajah lawan ihtiwal ayat nusuli | mung dadi kêkêmbang | ala nganjir kaya biting | iku kaki kawruhana ||

17. barjamangah kutbah sarapal mukminin | ayate mangkana | yapatlup raban sawaki | wardining rapal mangkana ||

18. hèh manungsa ngupayaa pangran tahin | kang murba ing sira | kang êsa amung sasiki | yèn liyèku pan cilaka ||

19. dadi dudu Pangeran Kang Murbèng Jati | jatining manungsa | samar sinamuning eblis | poma kulup dèn waskitha ||

20. barang tindak ing tandukipun mumpuni | kalawan rasèhna | manungsa kang ahli budi | ing kawruh durmaning jaman ||

9. Durma

1. aywa age ngubungi karsa tan yogya | saringên dipun wêning | pituturing jaman | kuna manungsa tapa | dèn têmên sira mêmundhi | brêkahing bapa | nabi ratu myang wali ||

--- 89 ---

2. aywa lali lêbokna ing driyanira | supaya amimbuhi | ing driya santosa | mring kawruhing Hyang Suksma | kang gumêlar dèn kaliling | lêlabêtira | nistha madya utami ||

Ilmu

3. lamun sira dhêmên anabuh gamêlan | ywa pijêr ngêlak-ngêlik | sêmuning pradôngga | sayêkti kawruhana | jêr iku yasaning wali | amêsthi ana | sêmune kang piningit ||

4. barang katon karungu sayêkti kêna | pinèt upamanèki | lamun dhêmên sira | ngingumi nèng panepang | nyamlêng lan panêmu mami | pasêmonira | kawula lawan Gusti ||

5. yèn lêledhang mring kêbon angundhuh kêmbang | aja pijêr sêsumping | pikirên kang lata | kêmbang lan uwohira | nalikane durung mijil | nèng ngêndi gonnya | prayoga dèn kawruhi ||

6. lawan woh kang ênome kêcut kalintang | tuwa lêgi kêpati | lêgine kang têka | sinimpên anèng apa |

--- 90 ---

ula sawa luwih bêcik | ing citranira | sapa ingkang anyungging ||

7. lawan pandam pinatèn urube sirna | gênine mênyang êndi | lintang yèn raina | sêsinglon anèng apa | bayi nèng garbaning bibi | apa ta gêsang | apa yaktine mati ||

8. yèn kang swara karungu nampêk ing karna | kapriye trapirèki | apa ingkang swara | lumêbu jroning karna | apa pangrungu marani | lah êcupana | iku cangkriman mami ||

9. pan wus lumrah wong ngucap jalu wanita | mangkono dènirangling | ya môngsa watira | kalamun awak ingwang | misih pinaringan maring | Hyang Maha Mulya | priye dunungirèki ||

Kusumodilogo

10. pan ing nguni kang nulis wus minta jarwa | mring wakne kang mumpuni | Kusumadilaga | Sang Wiku Tejamaya | tansah sinôngga ing krami | praptèng pralina | wakne durung muruki ||

Senopati

11. môngka pêrlu pangrunguningsun duk kuna | agême

--- 91 ---

Senapati | Ngalaga Mataram | ngèlmu kanggo ngayuda | arêp nendra mêntas guling | yêkti kawangwang | ywa pêgat angulati ||

10. Mêgatruh

1. aywa limut mêmundhi pituturipun | Panêmbahan Senapati | Ngalaga natèng Matarum | kanugrahane dumêling | lêlabêt utamaning don ||

2. aprayoga lamun nglêluria iku | wêwulang Jêng Senapati | Layangsruti aranipun | sangang puluh pada naming | surasa utamaning wong ||

3. lamun bisa nampani wulang sang prabu | sayêkti dadi utami | sabab ing nguni sri mulku | sabarang wus dèn lakoni | wulange tan ana linyok ||

4. dhasar ratu lêlanang nuswa Jawanung | yèku pantês linaluri | nambahana bêgjanipun | mring anak putu ing wuri | brêkahe tumrap ing mangko ||

Sulthan Agung

5. yèn sri nata ing Mataram [Mata...]

--- 92 ---

[...ram] Sultan Agung | tan kêna tiniru yêkti | mapan iku wali ratu | mujijate mratandhani | mintaa brêkah kemawon ||

6. sabab wali tur umadêg ratu agung | ya iku Hyang Maha Sukci | wus ngèdhèng dadi sang prabu | lir Jêng Rasullollah nguni | wus kalilan tunggal ênggon ||

Kalidjogo

7. upamane wong anelad labêtipun | duk anome Sunan Kali- | jaga blunthahe kalangkung | tuwa-tuwa dadi wali | iku nugrahaning Manon ||

Kusumodilogo

8. yèn tirua polahe ala kêbanjur | yêkti tan bisa marèni | malah cêndhak umuripun | marga konangan le maling | jasade kinrocok nguwong ||

9. lawan akèh murid ing Tejamayèku | tan anêdya anuhoni | marang wulange sang wiku | tur wasis waskithèng wangsit | muride tan ana linyok ||

--- 93 ---

10. karêmane sang wiku ingkang katêlu | iku padha dèn lêluri | main madon madat minum | jamak wong gêguru murih | ngèlmune ingkang sumrowong ||

11. wus mangkono adate wong anom iku | mung kang gampang dèn lakoni | nanging ta wusananipun | awak rusak ati sêdhih | kawruhe pêtêng tur crobo ||

P.B. IV

12. hèh mulane nguni bênêr wulangipun | kaping pat sri narapati | lamun sira anggêguru | ngulama kang nora melik | ya marang pawèwèhing wong ||

Abdulkahar Ngrumeng

13. pan ing nguni ana ngulama pinunjul | Ngabdulkahar abêbisik | sarèh titis lamun muruk | tur mring kitab amumpuni | bisa nawang karêping wong ||

14. lamun ana wong minta kawruh kang luhung | nora banjur dèn turuti | binobot sakuwatipun | upamane desa cilik | tan kuwat kanggonan [kang...]

--- 94 ---

[...gonan] katong ||

15. padha uga wong munggah mring panggung luhur | banjur jinujuging nginggil | nora ngambah dalanipun | pasthi bingunge kapati | tan bisa bali mangisor ||

16. jamaking wong mituturi mring nak putu | dêdalan sinungkên dhisik | aja banjur pucuk gunung | sabab pakewuh ing margi | margane alas tur bondhot ||

17. kang lumaku ngawruhi pakewuhipun | sababe wong wis winangsit | panggonane kang jinujug | yaiku guru utami | kasmaran pan nora linyok ||

11. Asmaradana

1. karasèng tyas lamun eling | wêwulange guruningwang | Ngabdulkahar wisma Ngruwèng | alim talatèn yèn mulang | kuwat umure dawa | nora sah ngibadahipun | suprandene sugih garwa ||

2. lan bisa sajarah ngèlmi | wiwit Kangjêng Rasullollah | tumêrah mring ingsun mangke | dadi wruh wite kang mulang | tan mamak èsmu tama | mijil saking Kangjêng Rasul | mring putra praptèng

--- 95 ---

manira ||

3. iku pantês linaluri | wulang kawruhe têtela | dadi tan kowar uruse | karo nalikane arsa | mulih mring Rahmatollah | wus pitutur mring nak putu | iku wong waskithèng tindak ||

4. panuwune kang anulis | muga ta katularana | lêlabuhan kang mangkono | marmaning Hyang wus katôndha | eling umure dawa | kuwat misih darbe sunu | nyata uripe sumrambah ||

5. tata pawulange titi | sarengat nuli tarekat | kakekat makripat jèngglèh | dadi tan kajabariyah | têmbunge wong sarengat | tartip têgêsira urut | urute martabatira ||

6. têgêse martabat yêkti | ngawruhana gawanira | saking bapa lan biyunge | lan saking paringing Suksma | yèku kudu pratela | pêrlu dadi prabotipun | ngupaya ngèlmu utama ||

7. akèh ngèlmune Hyang Widhi | mangkono ibaratira | banyu jaladri lir mangsèn |

--- 96 ---

kayu dènnya dadya kalam | godhong karêtasira | ngèlmuning Hyang misih agung | kurang papan mangsi kalam ||

8. lawan akèh kawruhnèki | donga kang kanggo têtulak | ing praja myang desa rêke | kabul sèpine katrima | nanging praptèng samangkya | muride tan ana tiru | mung brêkahe misih ngambar ||

Djedig

9. aja kaya Bagus Jêdhig | kèh janma samya kagiwang | miturut saparentahe | lamun pinintanan wulang | ngèlmune kang utama | môngsa-bodho sauripun | suprandene pinilala ||

10. iya pantês yèn wong cilik | tan bisa nimbang manungsa | dalah pyayi ngêtutake | wong wadone kèh jinamah | kawênangan nagara | binuwang mring sabrang-sêbrung | wus sirna kuwasanira ||

Satrijan

11. lan ana wong wahdat nguni | ing Matesih wijilira | Bagus Satriyan jênênge |

--- 97 ---

ya akèh kayungyun padha | yèn pinintanan brêkah | saure dhuh anak putu | kula niki botên bisa ||

12. nanging pantês dèn urmati | jêr wahdat umure dawa | manawa kabul dongane | lan ngibadah sabên dina | solahira prayoga | mung lakune wahdat iku | carike nora kaduga ||

13. pae minta tuduh maring | mas pangulu tapsir mudha | trahing wirya wruhing raos | ing kitab campure lawan | ihtidiyating praja | tinurutan kawruhipun | jêr wahyune wus katingal ||

14. prayoga nak putu mami | padha urmat mring wong tuwa | jêr iku akèh taune | sukur yèn kawruhe kathah | utama pinintaa | nadyan sudra têrahipun | patutên ywa siya-siya ||

Surio broto

15. wong anom bêcik nyêdhaki | manungsa kang sugih kojah | lir Paman Suryabratane | ingsun iki kang kulina | akèh wulang maringwang |

--- 98 ---

bok anake dhewe iku | yêkti kulina manira ||

16. elingan sabarang wêling | wêwulange wong atuwa | padha tinuturkên kabèh | dadi padhang tyas manira | pinajar kwèhning wulang | eman-eman paman iku | têka age-age tinggal ||

17. wus sampat dènira nganggit | pamintane garwa putra | pitutur amirit dongèng | Anggara Kasih ping tiga | Dhukut Sapar kaastha | Jimawal Adi kang windu | yaksa sirna murtining rat ||§ = 1805 [Sengkalan: yaksa sirna murtining rat (Sêlasa Kliwon, 3 Sapar 1805 A.J., Selasa, 29 Pebruari 1876 A.D.)].