Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Menak Cina, Padmasusastra, 1898, #1349

Katalog:Menak Cina, Padmasusastra, 1898, #1349
Sambung:-

Sêrat Menak Cina

Pêthikan Piwulangipun Sang Prabu ing Cina dhatêng ingkang Putra Dèwi Adaninggar, mawi kaparingan purwaka, karsa Dalêm kasambêtakên dados Wulang Putri.

--- 158 ---

1. Mijil

1. kang tinulis ing sêrat puniki | atêmbang pamiyos | wulang saking pan si bapak kiye | marang sira putraningsun putri | tingkahing akrami | angladèni kakung ||

2. nora gampang babo wong akrami | luwih saking abot | kudu wêruh ing tata titine | miwah sacara-caraning laki | pan watake ugi | dèn awas dèn emut ||

3. yèn pawèstri tan kêna bawani | tumindak sapakon | nadyan sira iku putra natèng | nora kêna ngandêlkên sirèki | yèn putra narpati | têmah dadi luput ||

4. pituture Ratu Cina iki | apan luwih abot | pamuruke marang atmajane | Dèwi Adaninggar duk ngunggahi | mring sang jayèng murti | angkate winuruk ||

5. wêwêkase bangêt wanti-wanti | mring putra tane wadon |Lebih satu suku kata: mring putrane wadon. nanging Adaninggar tan [ta...]

--- 159 ---

[...n] angangge | mulane ta patine tan bêcik | pituture iki | Prabu Cina luhung ||

6. dene sira nini sun tuturi | prakara kang abot | rong prakara gêdhening panggawe | ingkang dhingin parentah narpati | kapindhone krami | padha abotipun ||

7. yèn tiwasa wênang bilaèni | panganggo kang loro | padha lawan anggêguru lire | mêruhkên mring salamêting pati | ratu lawan laki | padha abotipun ||

8. wadya iki pan kaking narpati | wadon kaking bojo | pan kuwasa barang pratikêle | aniyasat miwah anatrapi | sapratingkahnèki | luput wênang ukum ||

9. sapolahe yèn wong amrih bêcik | dèn amrih karaos | pon-ponane kapoka iing. têmbe | nora kêna anak lawan rabi | luput ngapurèki | tan wande anêmpuh ||

10. amung bala wênang ngapurèki | polahe kang awon | beda anak lawan rabi

--- 160 ---

kase | pan mangkono nini wong akrami | apaitana eling |Lebih satu suku kata: pawitana eling. amriamrih. asmarèngkung ||

2. Asmaradana

1. pratikêle wong akrami | dudu brana dudu rupa | amung ati paitane | luput pisan kêna pisan | yèn gampang luwih gampang | yèn angèl-angèl kalangkung | tan kêna tinambak arta ||

2. tan kêna tinambak warni | ugêrira wong akrama | amung eling paitane | eling kawisesèng priya | tan kêna tininggala | kurang titi kurang emut | iku luput ngômbra-ômbra ||

3. wong lali rèhing akrami | wong kurang titi ngagêsang | wus wênang ingaran pêdhot | titi iku katêmênan | tumancêp anèng manah | lamun ilang têmênipun | ilang namaning akrama ||

4. iku wajib kang rinukti | apan jênênging wanodya | amung eling dandanane | lamun karèh ing wong lanang | eling maring parentah | nastiti wus duwèkipun | yèn ilang titine liwar ||

5. pêdhot [pêdho...]

--- 161 ---

[...t] liwaring pawèstri | tan ngamungkên wong ajina | ya kang ilang nastitine | wong pêdhot dhêrodhot bêdhat | kêndhali kang dèn mamah | pratandhane nora emut | wong lali paitan manah ||

6. lan buwang ugêring urip | lali lamun kawisesa | ing priya jênênging wadon | nandhang dosa rong prakara | dhingin dosa ing priya | kaping kalih dosanipun | marang Allahutangala ||

7. dosa lair dosa batin | ati ugêring manungsa | yèn tan pinanthêng ciptane | iku atine binubrah | tan wande karusakan | owahing ati tan emut | pan ati ratuning badan ||

8. badan iki apan darmi | nglakoni osiking manah | yèn ati ilang elinge | ilang namaning manungsa | yèn manungsane ilang | amung rusak kang tinêmu | tangèh manggiha raharja ||

9. iku wong durjana batin | uripe nora rumasa | kalamun anitahake | ênggone nora karêksa |

--- 162 ---

ugêre wong agêsang | têka kudu sasar-susur | wong lali kaisèn setan ||

10. nora eling yèn wong urip | ugêr-ugêraning manah | wong mungkir marang uripe | nora ngêndhalèni manah | anjarag kudu rusak | kasusu kagêdhèn angkuh | kêna ginodha ing setan ||

11. pan wus panggawening eblis | ngajak lali ngajak rusak | setane jogèd ngalètèr | yèn ana wong lêngus lanas | payu dènnya dodolan | angajak nora rahayu | ngowahkên panthênging driya ||

12. wong nora wruh maring sisip | yèku pakartining setan | kasusu luwih gumêdhe | tan wruh yèn padha tumitah | iku wong tanpa tekad | pan wus watêking wong lêngus | amawang ugêring tekad ||

13. iku nini dèn nastiti | lamun sira tinampanan | marang sang jayèng palugon | garwane loro punika | putri saking Karsinah | ingkang siji putri kanjun | aja sira [si...]

--- 163 ---

[...ra] duwe cipta ||

14. maruningsun loro iki | nadyan padha anak raja | ujêr gêdhe ramaningong | lawan sugih Ratu Cina | Parangakik Karsinah | rangkêpa karatonipun | misih gêdhe Ratu Cina ||

15. budi kang mangkono nini | buwangên aja kanggonan | mung nganggoa andhap-asor | karya rahayuning badan | dèn kapara mêmêlas | budi ingkang dhingin iku | wong ladak anêmu rusak ||

16. dèn bisa sira nusupi | tan kêna ginawe ala | yèn kalakon andhap-asor | yèn marumu duwe ala | yêkti nora tumêka | andhap-asorira iku | kang rumêksa badanira ||

17. lamun sira lêngus nini | miwah yèn anganggo lanas | dadi nini sira dhewe | kang rusak sariranira | marumu loro ika | sun watara jayèng satru | dadya tyase karo pisan ||