Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Panji Jayèngsari, Padmasusastra, 1898, #1350

Katalog:Panji Jayèngsari, Padmasusastra, 1898, #1350
Sambung:-

Sêrat Panji Jayèngsari

Pêthikan piwulangipun Prabu Gêniyara dhatêng ingkang putra-putri kêkalih, karsa Dalêm kasambêtakên dados Wulang Putri.

--- 165 ---

1. Dhandhanggula

1. lênggah made pandhapa sang aji | lawan garwa munggèng ing dhêdhampar | pangantèn èstri kalihe | munggèng ngarsa sang prabu | duk winêling kang putra kalih | winuruk ing masalah | angladèni kakung | Prabu Tarnite ngandika | putraningsun babo dèn angati-ati | abagus lakinira ||

2. sutèng nata prajurit sinêkti | tur kinondhang Sang Prabu Jênggala | amumpuni sarjanane | ing pramudita putus | bijaksana alusing budi | prawira môndraguna | prakosa dibyanung | ratu abêbala kadang | amêpêki pêkik musthikaning bumi | taruna natèng Jawa ||

3. marma babo bêgjanira nini | sinaruwe Sang Prabu Jênggala | pira-pira pamor ipe | ing Jawa goning sêmu | wit sasmita wingiting Jawi | babon ingkang ngupaya | wiweka wèh sadu | mungguh ing panitikrama |

--- 166 ---

wong alaki tadhah sakarsanirèki | padhanên lan Jawata ||

4. nistha madya utama dèn eling | utamane babo wong akrama | Jawata nêksèni kabèh | pan ana kang tiniru | putri adi Manggada nguni | widadari kongkulan | ing suwarganipun | lan sinung cahya nur wendah | Citrawati sinêmbah ing widadari | putri adi Manggada ||

5. garwanira rajèng Maèspati | Sri Maha Prabu Arjunasasra | tinarimèng batharane | dènnya ngugung mring kakung | mila prabu ing Maèspati | katêkan garwa dhomas | saking garwanipun | putri Manggada angajap | sugih maru akèh putri luwih-luwih | yèn ana kinasihan ||

6. mring kang raka Prabu Maèspati | putri Manggada sigra anyandhak | kinadang-kadang yêktine | pinintakakên wuwuh | ing sihira mring raka aji | pan kinarya sor-soran | kang raka anurut | dadya sor-soran sakawan | Citrawati saking panjurungirèki | tinurut [ti...]

--- 167 ---

[...nurut] dening raka ||

7. lêgawèng tyas anrus ing pawèstri | murtining driya putri Manggada | liwat graitaning sarèh | iku yogya tiniru | Citrawati guruning èstri | nini iku utama | suwita ing kakung | tan garantês pasrah jiwa | ragane pan dèn arêp dèn iris-iris | ing raka tan lênggana ||

8. nora beda nini praptèng mangkin | ingkang dadi tuladan utama | putri Manggada anggêpe | suraweyan sang prabu | manthuk-manthuk atudang-tuding | putri kalih gung nêmbah | ing rama sang prabu | poma nini dipun awas | pan wanodya dèn cadhang karsaning laki | dèn bisa nuju karsa ||

9. aja rêngu ing netya dèn aris | angandika Prabu Gêniyara | tan kapirsa andikane | mung solah kang kadulu | hèh ta nini madyaning krami | samôngsa ing sakarsa | tan darbe pakewuh | manut sakarsaning raka | Citrawati waskitha osiking laki | mila lêgawotama ||

10. nisthaning krama

--- 168 ---

suwalèng batin | ing lalirelaire. nadyan lêstaria | ing wuri supêk manahe | ing pangarêpan atur | nora wani mangke ing dhuridhiri. | tyase agarundêlan | megat-megot mugut | ing batin ajape ala | aja ana wong wadon ingkang dèn sihi | amunga sun kewala ||

11. tan kawêtu mung ciptaning batin | nisthaning badan nrus ing wardaya | durjana iku anggêpe | yêkti yèn budhuk mumuk | bumi langit padha nêksèni | lan talutuhing jagad | dosane ngêndhukur | widadari kabèh ewa | ing dêlahan naraka dèn êngis-êngis | ing widadari kathah ||

12. lamun nini sira dèn pasrahi | donya marang laki dèn prayitna | anggêpên rêksanên bae | nadyan wus pasrah iku | aja wani-wani dèn wêdi | dèn karasa rumêksa | bae anggêgadhuh | aja silih rajabrana | nadyan badan aja ngrasa anduwèni | pan kagunganing priya ||

13. lamun ana putri dèn pasrahi | rajabrana pan banjur [ba...]

--- 169 ---

[...njur] dèn angkah | branane wus dèn wèhake | sayêkti duwèk ingsun | iku anggêp wong taiyoli | luwih nisthaning nistha | pakêmatan agung | dudu anggêping akrama | bêbêrandu bêruwun setan kaèksi | dudu sipating janma ||

14. setan kere pan anggawa lading | thèthèl-thèthèl balung wus binuwang | anjêjênêsi wong akèh | bèbète wong anglindur | tanpa dahat gawe pakarti | buru arêp kewala | mring darbèking kakung | sanadyan pêpêgatana | duwèk iki jêr wus dadi duwèk mami | jêr ingsun wus ginarap ||

15. iku budi satus taiyoli | palanyahan murka tur anungsang | nyilakani têtanggane | lakon pitung panguwuh | têtanggane kang dèn tulari | ajana kang sandhingan | wong mangkono iku | yêkti kasrèmpèt cilaka | bonggan gawe asandhing wong kênèng pidhir | rêrêgêd ing sajagad ||

16. dene kurang prabeyanirèki | lah usungên donya [do...]

--- 170 ---

[...nya] ing Makasar | mung aja amurang bae | aja tolih maringsun | anggêgawa rêgêding ati | lamun sira anyipta | yèn atmajèng ratu | dadi gunganing tyasira | wong akrama katon wong atuwanèki | angandêlakên nala ||

17. ingakrama èstri dadi abdi | wus tinitah ing Suksma kawêkas | wus mangkono titikane | karsaning batharagung | pangolahe Hyang Utipati | yèn ana kang anêrak | wong mopo ing tuduh | Bathara Suksma kawêkas | abêbêndu manungsa dèn upatani | dadi wrêjit sakala ||

18. daya sampun dinukan tumuli | dadi manggih apurèng dêlahan | kalamun dèn imbu bae | binukana ing besuk | iku ingkang ambêbayani | tanpa dadi dêlahan | yèn mangkono kontung | poma nini dèn suwita | maring laki yèn sira ginawa benjing | mulih mring lakinira ||

19. sampun têlas pitutur sang aji | ing Tarnite Prabu Gêniyara | mring atmajèstri kalihe |

--- 171 ---

pan prayoga satuhu | yèn tiniru amêsthi bêcik | aja dumèh wong buda | kang duwe pitutur | kaya sang raja ing Cina | pituture sanadyan ta iku kapir | tur majusi kapirnya ||