Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wedhatama, Pigeaud, 1953, #1399

Katalog:Wedhatama, Pigeaud, 1953, #1399
Sambung:-

 

Wedhatama

1. Pangkur

1. mingkar-mingkur ing angkara | akarana karênan mardisiwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung | kang tumrap nèng Tanah Jawa | agama agêming aji ||

2. jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi | môngka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa |

--- 109 ---

yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi ||

3. gugu karsane priyôngga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis ||

4. si pêngung nora nglêgewa | sang sayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angêndhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alongka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||

5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk |

--- 110 ---

sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||

6. uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||

7. kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring atining tatakrama | gon-anggon agama suci ||

8. socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi |

--- 111 ---

lumuh kasor kudu unggul | sumêngah sêsongaran | yèn mangkono kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||

9. kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan rumasuk ing jasad | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok pôncabaya | ubayane balenjani ||

10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruitaa kang patut | lan traping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||

11. iku kaki takokêna |

--- 112 ---

marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kawawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan pasthi nèng janma wrêda | tuwin mudha sudra kaki ||

12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh sêpi hawa | awas roroning atunggil ||

13. tan samar pamoring suksma | sinukmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukane warana | tarlèn saking liyêp layaping aluyut | pindha pêsating supêna | sumusup ing rasa jati ||

--- 113 ---

14. sajatine kang mangkana | wus kakênan nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||

2. Sinom

1. nulada laku utama | tumrap ing wong tanah Jawi | wong agung ing Ngèksigônda | panêmbahan senapati | kapati amarsudi | sudane hawa lan nêpsu | pinêsu tapabrata | tanapi ing siyang ratri | amêmangun karyenak tyasing sêsama ||

2. samangsane pasamuan | mêmangun marta-martani |

--- 114 ---

sinambi ing sabên môngsa | kala-kalaning asêpi | lêlana tèki-tèki | gayuh geyonganing kayun | kayungyun êninging tyas | sanityasa pinrihatin | puguh panggah cêgah dhahar lawan nendra ||

3. sabên mendra saking wisma | lêlana laladan sêpi | ngingsêp sêpuhing sopana | mrih pana pranawèng kapti | tistising tyas marsudi | mardawaning budya tulus | mêsu rèh kasudarman | nèng têpining jalanidhi | sruning brata kataman wahyu dyatmika ||

4. wikan wêngkoning samodra | kèdêran wus dèn idêri | kinêmat kamot ing driya | rinêgêm sagêgêm dadi |

--- 115 ---

dumadya angratoni | nênggih Kangjêng Ratu Kidul | dêdêl gayuh gêgana | umara marak maripih | sor prabawa lan wong agung Ngèksigônda ||

5. dahat dènira aminta | sinupêkêt pangkat kanthi | jroning alam palimunan | ing pasaban sabên sêpi | sumanggêm anyanggêmi | ing karsa kang wus tinamtu | pamrihe mung aminta | supangate tèki-tèki | nora ketang têkên janggut suku jaja ||

6. prajanjine abipraya | saturun-turun ing wuri | mangkono trahing awirya | yèn amasah mêsu budi | dumadya glis dumugi | iya ing sakarsanipun |

--- 116 ---

wong agung Ngèksigônda | nugrahane praptèng mangkin | trah tumêrah darahe padha wibawa ||

7. ambawani tanah Jawa | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tan lyan trahing senapati | pan iku pantês ugi | tinulad labêtanipun | ing sakuwasanira | enake lan jaman mangkin | sayêktine tan bisa ngêplêki kuna ||

8. lowung kalamun tinimbang | aurip tanpa prihatin | nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karêmi | manulad nelad nabi | Nayakèngrat Gusti Rasul | anggung ginawe umbak | sabên seba mampir masjid |

--- 117 ---

ngajap-ajap mujijat tibaning drajat ||

9. anggung anggubêl sarengat | saringane tan dèn wruhi | dalil dalaning ijêmak | kiyase nora mikani | katungkul mungkul sami | bengkrakan mring Masjid Agung | kalamun maca kutbah | lêlagone dhandhanggêndhis | swara arum ngumandhang cengkok palaran ||

10. lamun sira paksa nulad | tuladaning Kangjêng Nabi | o : gèr kadohan panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhne ta sira jawi | sathithik bae wus cukup | aywa guru alêman | nelad kas ngêblêgi pêkih | lamun pêngkuh pangangkah yêkti karahmat ||

11. nanging enak ngupa boga |

--- 118 ---

rèhne ta tinitah langip | apa ta suwitèng nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawaku bae tan ngênting | parandene paripaksa mulang putra ||

12. saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag marang agama | maguru anggêring khaji | sawadine tyas mami | bangêt wêdine ing besuk | pranatan akir jaman | tan tutug kasêlak ngabdi | nora kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||

13. marang ingkang asung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | bubrah kuwur ing tyas ingwang |

--- 119 ---

lir kiyamat sabên ari | bot Allah apa Gusti | tambuh-tambuh solah ingsun | lawas-lawas graita | rèhne ta suta priyayi | yèn muriha dadi kaum têmah nistha ||

14. tuwin kêtib suragama | pan ingsun ora winaris | angurbaya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lampahan anglêluri | aluraning pra lêluhur | kuna-kumunanira | kongsi tumêkèng samangkin | kikisane tan lyan amung ngupa boga ||

15. bonggan kang tan mêrlokêna | mungguh ugêring aurip | uripe lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sêpi |

--- 120 ---

saka wilangan têtêlu | têlas tilasing janma | aji godhong jati aking | têmah papa pêpariman ngulandara ||

16. kang wus waspada ing patrap | mangayut ayat winasis | wasana wosing jiwangga | mêlok tanpa aling-aling | kang ngalingi kalingling | wênganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angêlangut tanpa têpi | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||

17. mangkono janma utama | tuman tumanêm ing sêpi | ing sabên ri kalamôngsa | masaha mêmasuh budi | laire anêtêpi | ing rèh kasatriyanipun | susila anoraga |

--- 121 ---

wignya mèt tyasing sêsami | yèku aran wong barèk berag agama ||

18. ing jaman mêngko pan ora | arahe para taruni | yèn antuk tuduh kang nyata | nora pisan dèn lakoni | banjur jujurkên kapti | kakèkne arsa winuruk | ngandêlkên gurunira | pandhitane praja sidik | tur wus manggon pamucunge mring makripat ||

3. PocungTeks asli: Pucung.

1. ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

2. angkara gung nèng angga anggung gumulung |

--- 122 ---

gêgolonganira | triloka lêkêre kongsi | yèn dèn umbar ambabar dadi rubeda ||

3. beda lamun wus sêngsêm rèh ing asamun | sêmune ngaksama | sêsamane bôngsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martotama ||

4. taman limut durgamèng tyas kang wèh limput | kèrêm ing karamat | karana karoban ing sih | sihing suksma ngrêbdasa ardi gêngira ||

5. yèku patut tinulad-tulad tinurut | sapituduhira | aja kaya jaman mangkin | kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||

6. durung pêcus kasusu kasêlak bêsus |

--- 123 ---

amaknani rapal | kaya sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||

7. kang kadyèku kalêbu wong ngaku-aku | akale alôngka | elok jawane dèn mohi | paksa langkah ngangkah mèt kawruh ing Mêkah ||

8. nora wêruh rosing rasa kang rinuruh | lumêkêting angga | anggêre padha marsudi | kana kene kahanane nora beda ||

9. ugêr lugu dèn ta mrih pralêbdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahya sêkar sri nata ||

10. basa ngèlmu mupakate lan panêmu |

--- 124 ---

pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||

11. lila lamun kelangan nora gêgêtun | trima yèn kataman | saksêrik samèng dumadi | tri lêgawa nalôngsa srah ing bathara ||

12. batharagung ingugêr graning jêjantung | jênêk Hyang Wisesa | sana pasênêtan suci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||

13. nora uwus karême anguwus-uwus | uwose tan ana | mung janjine muring-muring | kaya buta butêng bêtah nganiaya ||

14. sakèh luput ing angga tansah linimput |

--- 125 ---

linimpêt ing sabda | narka tan ana udani | lumuh ala ardane ginawe gada ||

15. durung punjul kasusu kasêlak jujul | kasêsêlan hawa | cupêt kapêpêt tanpa mrih | tangèh nêdya anggambuh mring Hyang Wisesa ||

4. Gambuh

1. samêngko ingsun tutur | sêmbah catur supaya lumuntur | dhihin raga cipta jiwa rasa kaki | ing kono lamun katêmu | tôndha nugrahaning Manon ||

2. sêmbah raga puniku | pakartine wong amagang laku | sêsucine asarana saking warih | kang wus lumrah limang waktu | wantu wataking wêwaton ||

--- 126 ---

3. ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinêrung | lagi iki bôngsa kas ngêtokkên anggit | mintokkên kawignyanipun | sarengate elok-elok ||

4. thithik kaya santri dul | gajêg kaya santri brai kidul | saurute Pacitan pinggir pasisir | ewon wong kang padha gugu | anggêre padha nyalêmong ||

5. kasusu arsa wêruh | cahyaning Hyang kinira yèn karuh | ngarêp-arêp urub arsa dèn kurêbi | tan wêruh yèn urip iku | akale kaliru ênggon ||

6. yèn ta jaman rumuhun | tata titi tumrah tumaruntun | bôngsa srengat tan winor lan laku batin | dadi dora duwe bingung | kang padha nêmbah Hyang Manon ||

--- 127 ---

7. lire sarengat iku | kêna uga ingaranan laku | dhingin ajêg kapindhone atabêri | pakolihe putraningsun | nyênyêgêr badan mrih kaot ||

8. wong sêgêr badanipun | otot daging kulit balung sungsum | tumrah ing rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku | angruwat ruwêding batos ||

9. mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhning asnafun | beda-beda panduk panduming dumadi | sayêktine nora jumbuh | tekad kang padha linakon ||

10. nanging ta paksa tutur | rèhne tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantaraning rèh utami | sing sapa têmên tinêmu | nugraha gêming kaprabon ||

--- 128 ---

11. samêngko sêmbah kalbu | yèn lumintu uga dadi laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis têtêping kawruh | mêruhi marang kang momong ||

12. sucine tanpa banyu | amung nyênyuda ardaning kalbu | pambukane tata titi ngati-ati | atêtêp talatèn atul | tuladan marang waspaos ||

13. mring jatining pandulu | panduking don dêdalan satuhu | lamun lugu lêgutaning rèh maligi | lagehane tumalawung | wênganing alam kinaot ||

14. yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh saniskarèng laku | kalakone saka ênêng êning eling | ilanging rasa tumlawung | kono adiling Hyang Manon ||

--- 129 ---

15. gagare ngunggar kayun | ngayun-ayun mring ayuning kayun | bôngsa anggit yèn ginigit nora dadi | marma dèn awas dèn emut | mring pamurunging lêlakon ||

16. samêngko kang tinutur | sêmbah katri kang sayêkti katur | mring Hyang Suksma suksmanên saari-ari | arahên dipun kacakup | sêmbahing jiwa sutèngong ||

17. sayêkti luwih parlu | ingaranan pêpuntoning laku | kalakuan kang tumrap bangsaning batin | sucine lan awas emut | mring alaming lama amot ||

18. ruktine ngangkah ngukut | ngikêt ngrukêt triloka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad alit | dèn kandêl-kumandêl kulup | mring kêlaping alam kono ||

--- 130 ---

19. kêlême mawi limut | kalamatan jroning alam kanyut | sanyatane iku kanyataan kaki | sajatine yèn tan emut | sayêkti tan bisa amor ||

20. pamète saka luyut | sarwa sarèh saliring panganyut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tarlèn mung pribadinipun | kang katon tinonton kono ||

21. nging aywa salah surup | kono ana sajatine urub | yèku urub pangarêp uriping budi | sumirat-sirat narawung | kadya kartika katonton ||

22. yèku wênganing kalbu | kabuka ta kang wêngku-winêngku | wawêngkone wus kawêngku nèng sirèki | ning sira uga winêngku | mring kang pindha kartika byor ||

--- 131 ---

23. samêngko ingsun tutur | gantya sêmbah ingkang kaping catur | sêmbah rasa karasa wosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung kalawan kasing batos ||

24. kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||

25. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging kalbu | amung kandêl-kumandêl marang ing takdir | iku dèn awas dèn emut | dèn mêmêt yèn arsa momot ||§ Sawênèh ing sêrat-sêratan wontên sambêtanipun Sêrat Wedhatama ungêlipun kados ingkang cumandhak ing sawalik punika.

--- [132] ---

Sambêtanipun Sêrat Wedhatama

26. pamoting ujar iku | kudu santosa ing budi têguh | sarta sabar tawêkal lêgawèng ati | trima lila ambêk sadu | wêruh wêkasing dumados ||Teks asli: nomor 1 dan seterusnya.

27. sabarang tindak tanduk | tumindake lan sakadaripun | dèn ngaksama kasisipaning sêsami | sumimpanga ing laku dur | ardaning budi kang ngrodon ||

28. dadya wruh iya dudu | yèku minôngka pandaming kalbu |

--- 133 ---

ingkang buka ing kijabullah agaib | sêsêngkêran kang sinêrung | dumunung têlênging batos ||

29. rasaning urip iku | krana momor pamoring sawujud | wujudollah sumrambah ngalam sakalir | lir manis kalawan madu | êndi arane ing kono ||

30. êndi manis dimadu | yèn wus bisa nuksmèng pasang sêmu | pasamohan ing ghebing Kang Maha Suci | kasikêp ing tyas kacakup | kasat mata lair batos ||

31. ing batin tan kaliru | kêdhap kilap liniling ing kalbu | kang minôngka colok cêlaking Hyang Widhi | widadaning budi sadu | pandak-panduking liru gon ||

32. gonira mamrih tulus | kalaksitan ing rèh kang rinuruh |

--- 134 ---

gyanira mrih wiwal warananing gaib | paranta lamun tan wêruh | sasmita jatining êndhog ||

33. putih lan kuningipun | lamun arsa titah têka mangsul | dene nora môntra-môntra yèn ing lair | bisaa aliru wujud | kadadiane ing kono ||

34. istingarah tan mêtu | lawan istingarah tan lumêbu | dene ing jro wêkasane dadi jawi | rasakêna kang tuwajuh | aja kongsi kabasturon ||

35. karana yèn kabanjur | kajantaka tumêkèng saumur | tanpa tuwas yèn tiwasa ing dumadi | dadi wong ina tan wêruh | dhèwèke dèn anggêp dhayoh ||

--- 135 ---

5. Kinanthi

1. môngka kanthining tumuwuh | salami mung awas eling | eling lukitaning alam | dadi wiryaning dumadi | supadi niring sangsaya | yèku pangrêksaning urip ||

2. marma dèn tabêri kulup | angulah lantiping ati | rina wêngi dèn anêdya | pandak-panduking pambudi | bengkas kaardaning driya | supadya dadya utami ||

3. pangasahe sêpi samun | aywa êsah ing salami | samôngsa wis kawistara | lêlandhêpe mingis-mingis | pasah wukir rêksa muka | kêkês srabedaning budi ||

4. dene awas têgêsipun |

--- 136 ---

wêruh warananing urip | miwah wisesaning tunggal | kang atungil rina wêngi | kang mukhitan ing sakarsa | gumêlar ngalam sakalir ||

5. aywa sêmbrana ing kalbu | wawasên wuwusirèki | ing kono yêkti karasa | dudu ucape pribadi | marma dèn sambadèng sêdya | wêwêsên praptaning uwis ||

6. sirnakna sêmanging kalbu | dèn waspada ing pangèksi | yèku dalaning kasidan | sinuda saking sathithik | pamothahing napsu hawa | linalantih mamrih titih ||

7. aywa mêmatuh nalutuh | tanpa tuwas tanpa kasil | kasalibuk ing srabeda |

--- 137 ---

marma dipun ngati-ati | urip kèh rêncananira | sambekala dèn kaliling ||

8. upamane wong lumaku | marga gawat dèn liwati | lamun kurang ing pangarah | sayêkti kêrèndhèt ing ri | apêse kêsandhung padhas | babak bundhas anêmahi ||

9. lumrah bae yèn kadyèku | atêtômba yèn wus bucik | duwea kawruh sabodhag | yèn tan nartani ing kapti | dadi kawruhe kinarya | ngupaya kasil lan melik ||

10. mêloke yèn arsa muluk | muluk ujare lir wali | wola-wali nora nyata | anggêpe pandhita luwih | kaluwihane tan ana |

--- 138 ---

kabèh tôndha-tôndha sêpi ||

11. kawruhe mung ana wuwus | wuwuse gumaib-gaib | kasliring thithik tan kêna | mancêrêng alise gathik | apa pandhita antiga | kang mangkono iku kaki ||

12. môngka ta kang aran laku | lakune ngèlmu sajati | tan dahwèn pati openan | tan panastèn ora jail | tan jurungi ing kaardan | amung ênêng mamrih êning ||

13. kaunanging budi luhung | bangkit ajur-ajèr kaki | yèn mangkono bakal cikal | thukul wijining utami | nadyan bênêr kawruhira | yèn ana kang nyulayani ||

14. tur kang nyulayani iku |

--- 139 ---

wus wruh yèn kawruhe nêmpil | nanging laire angalah | katingala angêmori | mung ngenaki tyasing liyan | aywa êsak aywa sêrik ||

15. yèku ilapating wahyu | yèn yuwana ing salami | marga wimbuhing nugraha | saking ghèb Kang Maha Suci | cinancang pucuking cipta | nora ucul-ucul kaki ||

16. mangkono ingkang tinamtu | tômpa nugrahaning Widhi | marma ta kulup dèn bisa | busuki ujaring janmi | pakolèh lair batinnya | iyèku budi prêmati ||

17. pantês tinulad tinurut | lêladane mrih utami | utama kêmbanging mulya |

--- 140 ---

kamulyaning jiwa dhiri | ora ta yèn ngêplêkana | lir lêluhur nguni-uni ||

18. ananging ta kudu-kudu | sakadarira pribadi | aywa tinggal têtuladan | lamun tan mangkono kaki | yêkti tuna ing tumitah | poma kaèstokna kaki ||