Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Salokatama, Pigeaud, 1953, #1394

Katalog:Salokatama, Pigeaud, 1953, #1394
Sambung:-

Salokatama

1. Mijil

1. wijiling kang pangripta murwani | myat ing rèh salah ton | kang milalu milara ragane | laling wirang kasêrêng ing kapti | nir yitnanta dadi | nistha têmahipun ||

2. labêt saking mudha-damèng budi | digung lumuh kasor | gege môngsa mêdhar kasurane | pamrihira mung ngulab-ulabi | mring sanggya kang aksi |

--- 3 : 80 ---

dèn alêma punjul ||

3. tan wruh lamun akèh kang ngèsêmi | pinrayitnan batos | kang wus asih suda ing rêsêpe | kang durung wruh wus ngrungu pawarti | ingkang sêngit dadi | sokurirèng kalbu ||

4. têmah kengis watêke kang wadi | alune katongton | sapolahe kinlumuhan bae | ora ana kang barès sawiji | wong jail lan juti | iku saminipun ||

5. nadyan mari gung sinônggarunggi | tan ana pitados | wus mangkono manungsa adate | paranbaya dènira balèni | sapisan dumadi | nir piandêlipun ||

6. yèn pasthia tumitah ping kalih |

--- 3 : 81 ---

sakathahing uwong | ora ana kaduwung solahe | lan tan ana ingkang wêdi mati | gampang dènnya budi | tan ana pamupus ||

7. balik ora tinitahkên malih | paran wêkasing don | mung karantan kaduwung batine | gêgêtune sangsaya ngranuhi | yèn nganyuta pati | mimbuhi dosa gung ||

8. wit jisime wong kang nglampus dhiri | tan kêna dèn uwor | lan makame para lêluhure | myang sawiyah makamaning janmi | sinarang sinirik | kang apik lan ayun ||

9. krana wong kang amatèni janmi | wus dosa lwih asor | môngka ana wong kolung ragane |

--- 3 : 82 ---

têtêp lamun druhaka ngungkuli | patinira aji | kewan kêthèk lutung ||

10. pangruwate dosa sawatawis | rèhne wus kalakon | tan lyan amung minta aksamane | mring kang samya sinrikkên ing galih | praptaa pribadi | marang wismanipun ||

11. yèn kaprênah tuwa kalah inggil | ngabêktia gupoh | linairna ing kaluputane | lamun prênah nom nging pangkat inggil | mêngku mawa taklim | krama nut ing têmbung ||

12. yèn kaprênah ênom mênang inggil | dèn rahab pangrêngkoh | kabèh prihên lilih ing rêngune | lamun ana rikuhe ing ati | kamota ing tulis |

--- 3 : 83 ---

lawan têmbung arum ||

13. lan nuwuna apura Hyang Widhi | tobata ing batos | rumôngsaa driyanta salahe | mêmulenên lêluhure sami | kang sira alani | nulak walatipun ||

14. mula abot wit amaksa kapti | mring rèh karahayon | wus mangkono lumrah prabawane | seje lawan pinrih laku juti | dhangan sukèng kapti | iku timbangipun ||

15. lan wus jamak manungsa donyèki | sapa rêna kasor | nadyan ana kapok sayaktine | saking pangkat gêdhe lawan cilik | sugih lawan miskin | andhap miwah luhur ||

16. kayaktène kang pangkat gêng alit |

--- 3 : 84 ---

kang luhur kang asor | sugih miskin kabèh sêsamane | yèn ginunggung sarta dèn condhongi | adoh kang sêsêrik | cêdhak sukanipun ||

17. dunungipun wong kang nglalu budi | ana bêcik awon | bêcikira kang tinuturake | alanipun wus kocap ing nguni | tan lyan jalaraning | cupêt ing panggayuh ||

18. mring kawiryan myang sabarang kapti | nanging tan kalakon | wit tan majad kang kinarêpake | tanpa srana lumuh anuragi | tan arsa minta sih | tamtu tan jinurung ||

19. lamun majad kang sinêdyèng kapti | môngka tan kalakon | aja age kagèt ing driyane |

--- 3 : 85 ---

salah tômpa panglaluning ati | nguring-uring dhiri | nutuh amun-amun ||

20. tampanana sasmitaning Widhi | tanjihna ing batos | umat kabèh iki kêkasihe | yêkti nora bineda sadêmi | dene duwe kapti | têka tan jinurung ||

21. bokmanawa kang sira karêpi | ginawe lêlakon | durung waktu iku ing têgêse | ngadatira saniskarèng kapti | yèn wus kêmba lali | kono sok jinurung ||

22. ngibarate lir duryan nèng uwit | nanging maksih anom | yèn pinènèk angèl pangundhuhe | dupi kêna tan enak binukti | tiwas andêrpati |

--- 3 : 86 ---

wêkasan tan urup ||

23. pakolèhe anyarèhkên kapti | andina ywa towong | anunggoni nèng ngisor uwite | praptèng môngsa jêr runtuh pribadi | gampang dènnya ngambil | tur enak lan tuwuk ||

24. nora beda wong gayuh kamuktin | yèn kasrêng ing batos | sinangkanan nglalu pratingkahe | nguring-uring kang dinolan kardi | sinêngguh tan mikir | marang awakipun ||

25. ngêmpakakên rêrusuhing batin | kêmate linakon | èstu kêna kang kinarêpake | kang mangkono iku wahyu eblis | ngadat tan lêstari | gêng bêncananipun ||

26. kadya durèn kang anom winuni |

--- 3 : 87 ---

padhaning lêlakon | seje lawan kang wantah wêkase | panêdhane saking jro sêmadi | kalanirèng wêngi | ing lair sinamun ||

27. kang minôngka isarat saari | tan mèngèng sapakon | mring kang wajib marentah awake | masrutira têmên lan tabêri | sêsambèn noragi | nyangking têmbung arum ||

28. adhêdhasar rahayuning budi | tan melik kang asor | tansah asih marang sêsamane | luwangira yèn bisa nglakoni | barang kang kinapti | ing samajadipun ||

29. ora luput kang sarta basuki | iku wahyu yêktos | pirabara tumurun bakale |

--- 3 : 88 ---

ra-orane awake pribadi | lakone lêstari | tan sangsarèng kalbu ||

30. lir angganing duryan kang matêng wit | jumbuh ing lêlakon | barang sêja ana jalarane | ora têka yèn amung dèn siri | wit kang Maha Suci | tan adarbe suku ||

31. itih panawunging ruwiyadi | ri Soma katongton | kaping sapta Sapar wimbaning lèk | tabuh astha Dal sangkalèng warsi | dwara trus ing ardi | risang maha prabu ||§ Taun Jawi 1799, taun Walandi 1870, wulan Mèi. [Sengkalan: dwara trus ing ardi risang maha prabu (Sênèn, 7 Sapar 1799 A.J., Senin, 9 Mei 1870 A.D.)].