| Katalog | : | Prayangkara, Pigeaud, 1953, #1412 |
| Sambung | : | - |
Prayangkara
1. Kinanthi
1. tata trêpsilaning têmbung | tumiba têmbang Kinanthi | kinôntha-kanthaning gita | gatine kang ingupadi | pada panduming budaya | dayaning rèh silakrami ||
2. karêming nala kalamun | lam-lamên ing lama-lami | lumalat mulat sêsama | samining bôngsa marsudi | suda sandeyaning karya |
--- 4 : 64 ---
karasa rosing dumadi ||
3. sinambung sêmbadèng kidung | kumêdah kadi awanti | wantu watêking amudha | padha mindha kawarjadi | juwêt juwèh tan wêweka | wikaning awak pribadi ||
4. beda budine wong punjul | tan paja jêjêling kapti | kapita myating pantaka | pantoging manah mêmanis | manohara ring sêsama | sêmune turida yêkti ||
2. Dhandhanggula
1. pisang jênar gandanira amrik | janma ingkang kajantakèng praja | graitanên sabacute | ingkang tumibèhtumibèng. luput | saranane kang palwa mili |
--- 4 : 65 ---
parikan jênutawa | ywa sira kêtungkul | ing solah kang tanpa karya | mênyan pita ingkang we mijil jasmani | èngêta kawirangan ||
2. nuswa alit tampingan sêrandil | pacêt agung kang sasanèng toya | kang narima satitahe | bêgja cilaka iku | dasih nata ingkang sinêlir | waruju Sri Cêmpala | nistha kawlas ayun | tan pilih paraning marga | jênang sobrah ancur bang jabaning tulis | takdir tan kêna selak ||


