Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Gagasan Prakara Tindaking Ngaurip, Kartawibawa, 1921, #1617

Katalog:Gagasan Prakara Tindaking Ngaurip, Kartawibawa, 1921, #1617
Sambung:-

Serie No. 427 ... regi f 0.50

--- 0 ---

Gagasan Prakara TindakingTertutup stiker bertuliskan: BOEKHANDEL,,SOEY" TIMOERAN SOLO. Djoewal Menjak-wangi, Bedak, Eau de Cologne, Balsem, Kina kastoeri, Parem, Serbat, dan Dajmoe-Djawa, Tiong Hoa, enz.

UITGAVE-DOOR BEMIDDELING-VAN-DE COMMISSE VOOR DE VOLKSLETUUR

--- 0 ---

SERAT-SERAT BASA DJAWI

Serat-serat ingkang kaseboet ingandap poenika, sok tijanga kénging toembas datêng kantor Bale-Poestaka ing Weltevreden. Jatra panoembasipoen kakintoena roemijin mawi postwissel. Déné serat-serat ingkang katoembas waoe bade kakintoenaken "dienst" datêng ingkang toembas. Rembours inggih kénging, nanging kedah bajar wragading pangintoen.

Serie A. Buku kangge lare-lare.

Namanipoen ingkang ngarang ... Namaning serat ... Regi

M. Ng. Wirapoestaka ... I. Dongèng mandum iwak ... f 0,95 / Jitnasastra ... II. Dongèngé Njai Padmasusastra ... f 0,95 / M. Sastradiardja ... I. Ketèk lan Koera ... f 0,40 / R. Tjitrawasita ... II. Tri dyatmika ... f 0,40 / Masdan ... I. Dhandhun. II. Gelangadi ... f 0,40 / R. Roeslan Poerwahadiwinata ... I. Oemoekipun Kahana lawan Soemboel ... f 0,60 / M. Sastrapratama ... II. Mulja carita ... f 0,60 / Dawoed ... I. Dongèngipun Sawidak loro ... f 0,75 / M. Hardjasapoetra ... II. Tridaja kawarna. III. Dongènge wong koena ... f 0,75 / Aminkanapi ... IV. Tjeraki ... f 0,75 / R. Soemarja ... V. Dongèng krete ... f 0,75 / Wirjasaksana ... Pangoelir boedi ... f 0,20 / S. Darmawijata ... Pandji laras ... f 0,20 / Sastrawijata ... Langendrija soengkawa ... f 0,20 / M. Sindoepranata ... Sawoer-sari ... f 0,29 / R. Sasrakoesoema ... Dongèng koena ... f 0,21 / M. Sutardja ... Tijang remen main ... f 0,06 / M. Samsirmiardja ... Djaka Djohanis ... f 0,12 / M. Wirjadihardja ... Waris lan Lalis ... f 0,11 / Kêmis ... Pasrèn ... f 0,05 / R. Soeradi Dirdjasoebrata ... Gara-gara ... f 0,12 / R. Sasraprawira ... Bijoeng koewalon ... f 0,06

--- 0 ---

Serie No. 427 ... Rêgi f 0,50

GAGASAN PRAKARA TINDAKING NGAOERIPTertutup stiker bertuliskan: BOEKHANDEL,,SOEY" TIMOERAN SOLO. Djoewal Menjak-wangi, Bedak, Eau de Cologne, Balsem, Kina kastoeri, Parem, Serbat, dan Dajmoe-Djawa, Tiong Hoa, enz.

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. UITG-MIJ PAPYRUS ing Wèltêvrèdên 1921

--- 0 ---

Commisie voor de Volkslectuur. Serie No. 427

Gagasan prakara tindaking ngaurip

anggitane Radèn Kartawibawa ing Tulungagung

Wêdalan Bale Pustaka ing Wèltêphrèdhên 1921

--- V ---

Isine layang iki

Bêbuka ... kaca 1

I. Uripe uwong iku sarana mangan, nanging aja urip mung arêp mangan ... kaca 3

II. Urip iku obah, wong urip kudu nyambutgawe ... kaca 4

III. Wong ora nyambutgawe, ora wajib mangan ... kaca 6

IV. Wong nganggur saêjam sabên dina iku mubadirake saprapatlikuring umure ... kaca 10

V. Panyambutmu gawe dikaya arêp urip salawase ... kaca 11

VI. Aja pisah cathêtan, ênggonên uripmu ... kaca 14

VII. Apa tandhane kowe mêntas urip ing donya. Gawea patilasan utawa tinggalan ... kaca 16

--- VI ---

VIII. Wong urip aja sêpi ing pamrih. Mikira turunmu ... kaca 19

IX. Mundur isin iku witing pangati-ati, aja ela-èlu ... kaca 21

X. Aja isin-isin, isin iku gaweane manusa ... kaca 23

XI. Sapa têmên, nêmu têmên. Aja nganggêp mokale ganthamu ... kaca 25

XII. Dikêndêl ngoyok, duwèke manusa iku: anjaluk undhakan ... kaca 27

XIII. Wêktu ora bisa bali, aja kongsi ana waktu liwat tanpa guna ... kaca 29

XIV. Manusa dhêmên enak lan kapenak, nanging kudu nukoni kangelan ... kaca 32

XV. Aja srêgêp anjaluk ngapura, andhêmana salahmu ... kaca 34

XVI. Lakune donya iku tulak balik, padha-padha ... kaca 36

XVII. Dibisa têpa sarira ... kaca 40

--- VII ---

XVIII. Aja nyuwiyah ... kaca 44

XIX. Wangun buwêng iku kuwat dhewe ... kaca 45

XX. Ora ana dina ala. Ala iku gaweane manusa ... kaca 49

XXI. Jagat lêbur yèn jongkèng timbangane ... kaca 52

XXII. Tata-tataa sadurunge tumandang ... kaca 57

XXIII. Gêlar utawa akal iku mênangan dhewe ... kaca 60

XXIV. Aja madu sênêng ... kaca 63

XXV. Kêncêng iku cêdhak dhewe ... kaca 65

XXVI. Bêgja wong kang nyambutgawe kanthi ati sênêng lan manut pulungane ... kaca 67

XXVII. Mangan enak lan turu kapenak ... kaca 70

XXVIII. Sing bênêr mapakake pêrlu ... kaca 74

XXIX. Kabèh-kabèh purihên bêcike ... kaca 76

XXX. Aja nyêbal saka watoning kodrat ... kaca 79

--- 1 ---

Bêbuka

Kula dede tiyang pintêr, dede tiyang ngèlmi, dede ahli budi, botên marsudi kasusastran. Botên nate maguru, botên jajah ing sêrat waosan. Têdha kula sakêdhik, bêtah kula kathah, têtêpangan kaetang botên gadhah, sêsanjan botên nate. Griya kula ing dhusun, damêl kula têtanèn nanging botên rosa, kalihan mêmulang lare dhusun, nanging dede pancèn guru. Kêmpalan kula rintên dalu: inggih lare murid kula tani, kala-kala kula maos sêrat sambutan, utawi tumbasan piyambak ingkang mirah, sarèhning kula tiyang botên kabandhan, dados botên nate ngraosakên karoyalan, nanging inggih dèrèng nglampahi sangsara nistha. Pramila kula punika tiyang tanggêl, mogol, ênggèn kula têngah-têngah, minggah botên dumugi, mudhun botên purun. Sumêrêp kula ngandhap lan nginggil kula: saking tumonton,

--- 2 ---

dangu-dangu ngyêktosi sawatawis. Sarèhning kula kapopoh anggulawênthah lare tanggêl, lan ugi gadhah anak sadhèrèk taksih sami lare, amila wontên sêsêrêpan kula sakêdhik kalih kêdhik pêndhêtan saking suraosing sêrat ingkang kalêrês kula waos, utawi pêndhêtan saking angsal-angsal kula nonton lampahing tiyang kathah, lajêng kula gagas kados ingkang kula cathêthi ing sêrat punika. Langkung malih sarêng kula maos sêrat Worstelen en Overwinnen anggitanipun Tuwan Orison Swett Marden saya kêncêng manah kula ngêdalakên gagasan wau, saking rumaos kula dados panggugahing kamajêngan. Kajêng kula botên nurun sêrat pundi-pundi, pramila lêpat lêrêsipun sumôngga para maos. Yèn condhong, sukur.

Tulungagung 1918 ... Kartawibawa.

--- 3 ---

I. Uripe uwong iku sarana mangan, nanging aja urip mung arêp mangan.

Sakèh urip iku asal saka wiji, kewan lan manusa saka êndhog. Wiji lan êndhog iku plêmbungan siji, kang bisa tuwuh lan tumangkar dadi akèh, kang krompolan, anggawa wangun masthi. Barang cilik siji bisa dadi akèh iku marga kawuwuhan sari saka jaba, kang lumrah diarani pangan. Sabanjure kewan manusa kang cilik nalika lair, bisa gêdhe jalaran kalêbon pangan. Yèn ora, amasthi ora sida dadi uwong. Gêdhene awak manusa iku duwe pantog, ewasamono ora kêna lèrèn ing pamangane, sabab awak mau kêna ing gêrang, têgêse thèthèl sarta suda perangane. Kang ilang iku kudu ana gajule. Dene awak bisa gêrang, jalaran kasrambahan sarining hawa, kang duwe katiyasan ambêsêm samubarang, digêmpil saka gandhèngane, babjurbanjur. digondhol mêtu. Êmpane

--- 4 ---

sari hawa rumasuk ing awak iku ngêtokake daya kang ora kasêdya ing uwong, kaya ta: lakune gêtih, ambêkan, mêlèk, mikir. Saya manèh yèn wong nêdya ngêtokake daya, iku ambêsêm awak akèh. Kaya ta: ngangkat junjung, lumaku, lan liyane. Dadi murih wutuhing awak, uwong iku kudu mangan.

Ewasamono wong urip aja ngêmungake mangan iku bae. Panganan iku ora sumadhiya ing ngarêpmu, kudu diupaya dhisik sarana ngêtokake daya, kêkuwataning awak lan pikiran. Dadi uwong iku: saking ênggone arêp mangan kudu tumandang apa-apa, aja mung arêp mangane êmoh ngêtokake karkat apa-apa, tata mangkono iku ora ana.

II. Urip iku obah, wong urip kudu nyambutgawe.

Sok wonga ing jaman saiki masthi wêruh êjam. Êjam kang pandome lan rodhane obah, diarani urip, yèn mênêng, diarani mati. Pawon kang kayune mênêng panggah:

--- 5 ---

iya mati, yèn ana urube yaiku obah ngowahake kaananing kayu, diarani urip. Pabrik kang mêsine sarta punggawane padha mênêng, uga ditêmbungake mati. Banyu urip iku yèn ana obahe. Uwong mangkono uga, yèn awake mênêng, iya mati. Yèn isih ana sing obah: isih urip. Dadi têrang bangêt, yèn urip iku obah, obah iku têrsandhaning urip. Intên iku ora mingar-mingêr utawa coplok saka êmbanane, nanging mêksa duwe urip, yaiku yèn gêbyare obah. Bumi, srêngenge lan isèn-isèning jagat iki kabèh urip, marga padha obah. Obahe iku ana kang katara, ana kang ora.

Mungguh uwong iku duwe urip loro, yaiku uriping awake wadhag, lan uriping uwonge utawa gawene. Uriping awak wadhag yaiku: ambêkan, êmpaning pôncadriya, obahe saranduning awak. Uriping uwong utawa gawe, iku kang ana ing padinan diarani nyambutgawe, iku iya alantaran uriping wadhag, [wa...]

--- 6 ---

[...dhag,] nanging kanthi karêp, yaiku mawa pêrlu kang tujune angrêngga jagat, êmbuh dirasakake dhewe, êmbuh karo murakabi ing liyan. Carane saiki, badan wadhag kang ora ngobahake gawe, ora urun-urun rêrêngganing jagat, diarani urip-uripan. Sapa kang arêp aran urip, kudu nyambutgawe. Panyambute gawe uwong iku sarana kangelaning awak kang katon, lan kangelaning utêk, pikiran, yèn bisa lumakua loro pisan, lan kaaraha sumarambah marang liyan sing akèh.

III. Wong ora nyambutgawe, ora wajib mangan

Uwong iku dhêmên urip, sanajan têrkadhang tanpa disêdya. Milih wutuh awake, lan ngrasakake enak lan kapenak, katimbang karo kang ora, sanajan nalika milih iku nglakoni utawa nêmu ora enak lan ora kapenak sawatara tanpa sêngaja, awit wêruh yèn bakal olèh patuwas kang luwih akèh utawa suwe.

--- 7 ---

mungguh kang masthi diarani ora kapenak iku: iya tumandang ing gawe lan nyambutgawe. Diubang-ubênga dikaya apa, wong arêp urip iku mêksa nglakoni tumandang gawe utawa nrajang ora kapenak mau, êmbuh abot êmbuh sathithik. Dene urip iku lastarine saka mangan, anane wong mangan kagawa obahe awak kang banjur gêrang mau, obahe awak iku: gawe, môngka mangan iku iya tanduking gawe. Pancèn urip, obah (gawe) lan mangan iku ora bisa pisah. Môngka uwong masthi mangan, yèn mangkono masthi nyambutgawe (kangelan tumandang gawe).

Sêga kang ana ing ngarêpmu iku apa dadi panganan, yèn ora kosaranani kangelan: dipuluk, dimamah, diulu, lan diêjur dening wadhuk usus. Yèn mangan iku ora kaanggêp sawijining kangelan, mara karag satompo panganên dadi saêndhêgan, salagi ngêntèkake sêga sapiring kang wus cumawis bae: wus ana kangelane, apa manèh yèn andadak nandura pari dhisik, utawa andadak golèk dhuwit dhisik kanggo tuku panganan asarana [asa...]

--- 8 ---

[...rana] adol gamping utawa kayu saka gunung, asarana buruh glidhig, adol layang anggitan, ngalap bathi saka dêdagangan, lan sapanunggalane. Yèn mangkono, uwong kudu duwe pagawean. Dhèk jaman kawitan, rupane pagawean mung sathithik, kaya ta: luru apa-apa kang sarwa kêna dipangan ing alas, ambêburu, golèk iwak. Barêng jaman wus rame kaya saiki, ora karuwan kèhing pagawean, kaya ta: têtanèn, dêdagangan, gêgawean, nênukang, nganggit-anggit, itung-itung, mêmulang. Iku sarana ngêmpakake pikiran lan karosan salah siji, utawa karo pisan.

Wong kang pagaweane nganggo utêk balaka, karo lungguh, utawa ngobahake awak sathithik, akèh kang duwe lêlara ing wêtêng, ing êndhas, ing awak sisih ngisor. Ing kono otote kurang obah, marakake ora enak mangan. Wong nyambutgawe kasar (tani) saranduning awake obah kabèh, gêtihe lumaku santêr, gêrange awake akèh, gêrangane padha mêtu katut karingêt, awake sêgêr waras, pamangane [pamanga...]

--- 9 ---

[...ne] sêngkud enak, akèh, sanajan sing dipangan ora aran panganan enak. Balik wong nganggur, kang ora magawèkake utêk, ora molahake awak, gêtihe ora lumaku santêr, ora kringêtên akèh, môngka awake iya gêrang, gêrangane ora mêtu akèh, dadi ora kudu nglêbokake tambal sulam akèh. Kajaba iku gêrangan kang kari ing jêro awak saya lawas saya ngalumpuk akèh, dadi rêrêgêd, nyênyêndhêti lakuning gêtih lan bayu, dadi jalaraning lêlara, marakake ora enak mangan, utawa ora doyan mangan, wêkasane: mati. Wong kang lara mangkono, yèn mêksa awake: nyambutgawe, têrkadhang waras sanalika tanpa tômba. Yèn mangkono: têtela bangêt uwong kang arêp enak mangan iku kudu kangelan dhisik, wong kang isih doyan mangan, kudu nyambutgawe, balik wong kang kurang nyambutgawe, ora enak mangan, dene wong ora gêlêm nyambutgawe, ora wajib mangan.

--- 10 ---

IV. Wong nganggur saêjam sabên dina iku mubadirake saprapatlikuring umure.

Umur iku kaetung saka sadina. Yèn kowe isih urip ing dina iki, apa masthi durung mati ing dina sesuk. Uwong ora wêruh dina patine, lan uga ora wêruh dawa cêndhaking umure. Nanging mêrtak-mêrtakna, wong umur satus taun iku wus arang bangêt. Lumrahe wong mati umur pitung puluh taun, diarani mati tuwa. Manusa ana ing donya lawase iku masthi kalêbon pangan sabên dina, ananging ora masthi migunakake uripe, têrkadhang malah ngrusak. Sadina ana patlikur jam, saêjam saprapatlikur dina. Nganggur saêjam têgêse nganggur saprapatlikuring umure sadina. Mara itungên lan gunggungên lawase kowe rupa manusa kang ora kanggo nyambutgawe. Wayah jam sapuluh kowe wus turu, jam nênêm esuk lagi tangi, dadi turu wolung jam, utawa sapratêlon dina. Yèn kaetung umur pitung puluh taun, utawa sawidak taun bae, dadi umur sing koênggo turu ana rong puluh taun, iku yèn ora

--- 11 ---

nganggo turu awan. Mulane dicaruk banyu turu salawe taun ing dalêm saumur iku aran sêdhêngan. Môngka yèn kowe mêlèk, ora masthi nyambutgawe, nyêngkane kowe nyambutgawe wolung jam ing dalêm sadina, tur durung masthi ana kadadeane utawa gunane marang donya, dadi gunggung kabèh sapratêlon umur, ropuluhrongpuluh. taun. Umur kang nganggur: patang puluh taun malah luwih. Patang puluh taun masthine kowe ora wajib mangan, coba lakonana yèn wus tutug, banjur mangana sawarêg-warêgmu rong puluh taun. Upama kowe sing anduwèni bumi iki, apa lila dipangan manusa kang nganggure ora kurang rong pratêloning umure. Yèn kowe nyewa sêpur (nunggang), apa gêlêm dilèrènake rong jam, mlaku saêjam. Gajêge yèn sêpur mandhêg limang mênit bae: kowe anggitik rugi ilanging tempo.

V. Panyambutmu gawe dikaya arêp urip salawase.

Iya bênêr ora ana wong kuna kang urip saprene, têgêse: sing wis kalakon, manusa iku kabèh mati. [ma...]

--- 12 ---

[...ti.] Matine iku ana kang isih ênom, ana kang wus tuwa. Kang diarani mati tuwa iku lumrahe mati ing umur pitung puluh taun mandhuwur. Miturut kojahe êmbah-êmbah, umure wong kuna-kuna iku racak luwih dawa tinimbang wong saiki. Malah yèn manut Layang Ambiya, umure uwong sing kawit-kawitan biyèn kongsi pirang-pirang atus taun. Apa wong saiki ora arêp umur dawa mangkono. Kowe rak iya dhêmên urip, ta. Iya bênêr kowe udèn-udèn gêlêm mati, yèn wis têka mangsane. Nanging kowe ora samayan mati karo sapa-sapa, kowe ora wêruh kapan matimu. Anane wong gunêman bakal mati, dene nyipati anggêr uwong masthi mati. Angên-angên bakal mati iku aja koênggo, pati iku barang kang ora kawruhan. Yèn saka mupakatku, ing jaman saiki patut ana wong kang umure ora kurang saka satus taun, aja mung loro têlu bae, malah yèn bisa: sing akèh. Sabab wong saiki iku masthi turune wong kuna, dadi wajib bisa katurunan umur kang dawa, karana manut teorine Tuwan Mèndhèl prakara pranakan [pranaka...]

--- 13 ---

[...n] lan turunan: anak putu iku masthi ana kang nukuli saplak kaya lêluhure kang nurunake, yaiku kaserenan watêke lêluhur. Lah watêk duwe umur dawa iku wus kalawasên ora tumurun, saiki wis mangsane. Yèn daksawang-sawang, manusa kang bakal umur dawa dhewe: iya kowe iku. Mulane yèn nyambutgawe aja taha-taha, aja kuwatir bakal katuwan ênggonmu sinau. Wong dadi priyayi saya lawas saya akèh bayare, yèn wis pènsiyun saka pangkatmu, tumuli nglêbonana karya nagara sijine, uga ngarah pènsiyun tundha-tundha, mulane sajrone cêkêl gawe utawa nambut gawe: irasên sinau kawruh lan kabisan sèjèn sing rupa-rupa kongsi ngêntèk, supaya akèha gamanmu golèk panguripan, kêna koênggo salin-salin. Sabarang gawemu, yèn kotêmêni awit saiki, amasthi ngundhakake kabêgjan kauntungan, apa kang kosêdya bakal tumêka, patuwase ngumbuk-umbuk katêmu ing buri, katêg korasakake, sabab kowe isih adoh ing pati. Aja duwe kêmba dening ngèlingi êndang mati.

--- 14 ---

VI. Aja pisah cathêtan, ênggonên uripmu.

Wong sing maca layang iki, dakpasthèkake wêruh tulis, sabab satêngah lôngka wong anom jaman saiki kang ora tau sêkolah. Mangêrtia, anane wong bisa: saka tau wêruh, banjur nitèni, banjur niru utawa nyoba, ing jaman paramean kaya saiki ora karuan kèhing tontonan, lan rêrungon, ing sadinane solan-salin kang katômpa ing manusa, saking kèhe, wong ora kobêr ngèlingi kabèh. Yèn maido, jajal tirokna unèn-unèn kang korungu ing dina wingi, jajal sêbutna arane lan cacahe palèn kang didhasarake lan kotukoni mau, utawa cacahe lodhong lan piring ing dhasaran warung kang mêntas koinguk. Salugune: wong saiki ora bisa nitèni sakèh kang katon karungu. Utêke durung rampung ênggone anggambar barang-barang kakang. ditômpa, kasêlak ana kang ngreregoni manèh. Môngka ora kurang barang kang pêrlu koelingi, ora kurang kang gôntha-gôntha. Iku yèn ora tumuli kowujudake, bakal nuli kasusulan [kasusula...]

--- 15 ---

[...n] sarta katutupan anggitan liya. Dandanan kowe bisa nulis, bisa anggambar, apa unining èngêtanmu, enggal gambarên ing papan kang kothong, kêna dilêmpit lan dijèrèng manèh ing dina buri. Cêkake: aja pisah layang cathêtan. Ana apa-apa kang rasane anggrênjêl bakal kêna kaanggo, lêbokna ing cathêtan, sanalika anggêr tanganmu kobêr.

Katimbang nganggur, sabên ngaso saka pagaweyan, agawea pèngêtan, barang kang sadina iki koanggêp rèmèh lan wus tumônja ing èngêtan, bokmanawa ing dina buri katêmu pêrlune nanging wus kalalèn. Oraa kanggo ing kowe dhewe, cathêtan iku tamtu ana paedahe ing wong sapungkurmu. Sajrone kowe tumandang gawe kasar, (anggaota), èngêtan iya gawèkna sawatara, aja ngrêbut daya utawa gêtih akèh-akèh saka peranganing awak kang nyambutgawe baku. Dene sangangguring tangan, banjur nulisana anggitanamu, utawa konên nulis kang panuju nganggur. Yèn wong mapan turu, utawa tangi nglilir, sok duwe pikiran apa-apa, kang bakal ditindakake êmbèn buri, [bu...]

--- 16 ---

[...ri,] iku iya cathêtancathêtên. tumuli. Yèn ana ing paran wêruha apa-apa kang kêna dipikir, utawa ngrungu rêmbug mawa isi, prayoga banjur nyathêtana. Yèn dicapake, masthi dadi layang akèh, dolên. Luwih pêrlu manèh cathêtan iku, yèn wong anggarap dhuwit utawa barang kang lunga têka, utawa nglakoni apa-apa kang awêwaton gunêm, marga têmbung kang wus kumêcap ora kêna diundang bali, ora kêna dirungokake sapisan êngkas. Mulane turu: mlaku, lungguh, aja pisah cathêtan.

VII. Apa tandhane kowe mêntas urip ing donya. Gawea patilasan utawa tinggalan.

Saiki kowe urip, sesuk bokmanawa wus mati. Yèn wong wus ora ana, apa kang dadi pratandhane yèn dhèwèke tau dadi isèning donya. Kawujudanmu wus ora katon, swaramu wus ilang kagondhol ing angin. Saungkurmu ora ana wong kang wêruh marang kowe. Kapriye donya ênggone naksèkake

--- 17 ---

yèn têmên kowe tau dumadi, manawa kowe ora duwe tinggalan, ora duwe patilasan. Mulane uwong kang arêp nandhakake uripe: kudu duwe patilasan. Wong kang misuwur pintêr utawa bêcik ing jamane, bakal tanpa lari jênênge manawa ora têtinggal apa-apa. Kasuwure mung saumur utawa loro têlung turunan, yaiku saka warta tumular, banjur dadi dhapur carita tumurun marang anak. Sabên saturunan, carita iku owah, jalaran ana kang kêlalèn, banjur diwuwuhi dhewe sakarêpe dening kang nyaritakake. Ing wêkasan carita kang sapisan, wus ora têmu-tinêmu cocoge karo kang dikojahake. Dirasa-rasa dening wong kang jaman buri ora mèmpêr ana kalakon têmênan, banjur dibuwang ora digugu babar pisan. Êndi bocah saiki pracaya yèn para prajurit kang kacarita ing layang-layang: padha ora pasah ing gaman, bisa mibêr, bisa malih rupa tanpa piranti. Marga layang iku padha kasèp panggawene, yaiku nulisi unining dongengan. Balik yèn lêlakonmu kopèngêti dhewe

--- 18 ---

utawa wong liya kang padha nêksèni, amasthi ora owah unine sing têmênan.

Wong kuna padhaa tinggal rêcane, pirantine lan liya-liya, padha kapêndhêm ing lêmah, mayide dikrèsèk utawa dilinting ing lêmah kongsi ora bisa sirna, saiki padha kêdhudhuk katon wujude ora owah, padha dadi tôndha yakti yèn bênêr biyèn ana. Tulis-tulisan ing watu-watu, ing wêsi têmbaga, sapanunggalane, têkan saiki isih kêna diwaca. Patrape wong kuna nyimpên jênênge iku prayoga ditiru. Iya ora gawe rêca utawa nulisi watu, (yèn bisa: iya bêcik) nanging saiki ana cara kang mayar, iya iku digambar lan ditulis ing kêrtas, gampang dibabarake dadi akèh, uga kêna disimpên lawas. Lêlabuha marang donya, agawea kabêcikan marang wong akèh, ngaraha duwe kapintêran utawa kabisan kang ngungkuli wong akèh sabarakanamu. Yèn lêlakonmu ora kocathêti dhewe, tamtu isih akèh wong kang ambukoni kayamu marang jagat, bukune dibabarake diwaca anggêr uwong,

--- 19 ---

salong sumimpên ing gêdhong-gêdhong layang. Dene barang-barang sing mêtu saka èngêtanamu, yèn ora kawêtu utawa kawêruhan wong liya, prayoga cathêtana, anak putumu kang bakal nêmu lan ngawètake jênêngmu, têgêse: jênêngmu lan gunaning uripmu dieling-eling sarana gambar tulis kang ora bisa owah unine.

VIII. Wong urip aja sêpi ing pamrih. Mikira turunmu.

Sarèhne uwong wis kabacut urip, iya wajib dhêmên uripe, ngrêngga uripe, yaiku ngarah apa kang dadi enak kapenaking awak lan pikiran. Jare kang gumêlar ing jagat iki kasrah ing manusa, manusa wajib nyumurupi kaanane kabèh, lan wajib bisa migunakake kabèh iku marang awake. Yèn wong liya bisa olèh-olèhan saka donya luwih saka kowe, kowe ambudidayaa bisa kaya wong iku, utawa ngungkuli, sabab padha-padha manusa, butuhe uripe

--- 20 ---

amasthi ora kacèk sapira. Aja trima kalah karo pêpadhamu manusa. Yèn si suta nunggang kreta ngrasakake kapenak, mulaapa. kowe krasa lara upama tirua mangkono. Yèn wong liya mangan gula krasa lêgi, apa kowe ngrasakake pait. Saênggon-ênggone, awakmu purih-purihna ngungkuli pêpadhamu manusa. Aja mung awakmu sapa ta bae, anak putu turunmu iya purih-purihna, sabab iku perangane awakmu, (cara padinane: êrohmu) dhewe. Awakmu mung siji, nanging turunmu luwih saka siji. Barang siji wus nyukupi kabutuhanmu, nanging turunmu anjaluk barang akèh, iku wong sing duwe turun kang wajib anggolèkake. Ingatase mêmurihake awak, aja mung mêruhi siji awakmu dhewe lan tumuli mati. Turunmu milu itungên. Kowe nyambutgawe cukup pawitan sèwu rupiyah, nyamlêng kanggo ngingoni awakmu. Nanging anakmu siji-sijine iya bakal pêrlu nganggo pawitan sèwu rupiyah utawa luwih, iku kowe wajib nyadhiyani. Mulane uwong iku kudu nyèlèngi kanggo ninggali turune.

--- 21 ---

sarèhne cacahing uwong mundhak, cacahing pawitan ora kêna panggah, iya kudu mundhak, yèn ora mangkono, turunmu padha kacupêtan sarananing uripe. Kowe wong siji nglakoni rêkasane, nanging turunmu akèh, nêmu kapenake.

IX. Mundur isin iku uwiting pangati-ati, aja ela-èlu.

Lumrahe watêk mundur isin iku diarani ala, nanging aku ngarani bêcik. Wong mundur isin iku tôndha duwe kêkêncênganing karêp. Pancèn manawa isih pisan pindho: nglakoni mundur isin iku abot. Yèn wong duwe kasaguhan marang liyan, iku kudu nêtêpi rêmbuge, sanajan wêruh yèn bakal kapitunan, utawa nandhang sangsara, jangji ora salawase urip utawa tumêka ing pati. Yèn wong wus ngrasakake abote wong nglabuhi gunêm, ing pamburine yèn arêp gunêman utawa duwe karêp apa-apa, masthi dipikir suwe, dilimbang rambah-rambah apa kang bakal tumiba ing awake, lan duwe [du...]

--- 22 ---

[...we] jaga-jaga bokmanawa bakal nêmu ora kapenak, iya iku kang diarani ngati-ati. Tuna sawatara atus rupiyah utawa lara têkane satêngah mati kang banjur bisa waras, iku urup minôngka patukoning pangati-ati kang bakal diênggo sabanjure. Wong anom kudu apaitan mundur isin, yèn arêp salamêt sapolah gunême. Ginaua= sinaua. ujar pisan, aja andilat idu, aja anjabêl rêmbug kang wus kawêtu yèn sadurunge katrucut wus kapikir, jangji ênggone ngantêpi gunêm iku ora bakal nyuthêl lêlakon.

Wong dipituturi wong liya: iya bisa dadi wong ngati-ati, nanging yèn kapêngkok ing pêrlu, sok ora bisa ngrampungi dhewe, isih kudu nolèh wong liya. Piraa yèn kang digugu iku wong waskitha. Nanging lumrahe: sing ditarèni iku wong loro têlu, môngka wus jamake wong akèh iku duwe panêmu sowang-sowang, ana apa-apane ora ngrasakake, mung sadêrma nyawang. Katimbang ngawula marang atine liyan, apa ora luwih prayoga ngawula ati siji atine dhewe sing masthi ora

--- 23 ---

ngloropake raga. Elinga dongènge wong adol kuldi karo anake. Wong ela-èlu iku bakal wurung.

X. Aja isan-isin, isin iku gaweane manusa.

Andêlêng kang tumindak ing jaman saiki, wong Eropah iku sanajan akèh wong êndi bae, rêrangkulan cucup-cucupan karo kang ditrêsnani, nanging wong Jawa isin anglakoni mangkono. Wong kene sing wadon isin yèn kongsi katon cingkloke, wong lanang ora. Sawênèh bôngsa alasan isin manawa konangan ambung-ambungan, nanging lanang wadon wuda blêjêd. Yèn mangkono: isin iku dudu prentahing Gusti Allah, tandhane ing kana-kene ora padha. Seje karo srêngenge, anaa ing êndi-êndi masthi padhang lan panas. Dadi têtêp manawa isin iku anggitane manusa bae, siji-sijine uwong têrkadhang ngingu isin dhewe-dhewe. Apa têgêse isin. Isin iku duwe pangrasa diarani ala dening

--- 24 ---

tôngga kang wêruh ing patrape, ditêpakake panêmune dhewe. Iya yèn panêmumu iku padha karo panêmune tanggamu. Sing koarani ala iku bokmanawa diarani bêcik bangêt dening wong akèh. Dadi têtela isinmu iku kogawe dhewe. Patute kang koisini iku: patrap kang agawe pitunaning liyan, lan dicêla ing wong akèh. Ewasamono ana patrap kang masthi dadi pangalêman, nanging koisini. Sapa ngarani ala marang wong têtulung ing wong kasusahan, sapa ora ngalêm marang wong doyan gawe. Kowe rak iya ngarani bêcik, ta. Nanging sabab apa kowe isin nuntun wong picak kang panuju kasasar. Dupèh kowe diingêtake kancamu sakolah: pêrlu apa isin nyunggi butuhe biyumubiyungmu. saka pasar, yagene isin mikulake pasangane bapakmu mênyang sawah. Kapriye pawadane para anom kang dadi priyayi juru tulis utawa guru, dene isin nyaponi latare utawa nimba ngisèni padusane. Sapa kang prentah priyayi isin pacul-pacul utawa mêcèli kayu. Isin iku anggugoni êloking liyan, dadi ngawula karêpe [karê...]

--- 25 ---

[...pe] wong liwat. Apa kowe trima diarani mêngkono. Yèn trima, mara anutên karêpku sathithik, kowe masthi dakalêm: marènana isin anglakoni barang bêcik.

XI. Sapa têmên, nêmu têmên. Aja nganggêp mokale ganthamu.

Yèn bênêr donya iki dadi duwèke manusa, yagene manusa ora bisa ngêpèk gawene. Yèn dikarêpake têmên-têmên, yaiku disaranani apa kang murih dadi kênane, amasthi kêna. Barang mokal iku ora ana, têmbung mokal iku têmbunge wong jaman buri yèn angarani tunane kêkarêpane wong dhèk jaman kang wus kalakon. Wong saiki ora patut ngarani mokal marang apa-apa kang isih dikarêpake. Wong gunêman mokal utawa lôngka: iku nandhakake trima kalah, nuduhake cupêting nalare. Sapa wonge dhêmên diarani cupêt nalare, cilik atine, utawa rèmèh tekade. Yèn suthik diarani mangkono, iya aja nguripake [ngu...]

--- 26 ---

[...ripake] têmbung mokal. Yèn wong sing wis mati kae ora bisa ngarah, apa masthi wong saiki uga ora bisa, yèn mangkono kowe rak ngêpal jamanmu, ngasorake awakmu dhewe. Andêlênga telêpun, telêgram, kareta api, prau angin kakang. mibêr, rodha angin, portrèt. Iku dhèk jaman kuna sèwu taun saprene, diarani barang mokal, wis ora bae manusa bisa ngambah awang-awang, mokal wong bisa nyimpêni swara, pancèn wong dhèk samana ora duwe rêrasan pisan ana rodha miring kêna ditunggangi, utawa ana wong bisa gawe barang lêgi, bakale: watu. Ewasamono kabèh mau saiki kalakon, malah anjrah dadi barang padinan kanggo anggêr irung. Kowe ngarani mokal wong wêruh lêlêmbute lêlara pès, kolerah, ora bakal wong wêruh gêdhene banyu saplênik. Iku rak ujarmu, marga kowe ora duwe pirantine, kasêpèn ngèlmune. Nanging para marsudi sing duwe karêp têmên-têmên, ora kewran ing barang-barang. Bokmanawa bisa dolan mênyang rêmbulan. Andêlêng larange lêmah kaya mangkene, [mang...]

--- 27 ---

[...kene,] apa kowe ora kapengin duwe lêmah saamba-ambane ing lintang kana. Mulane yèn duwe karêp kang masthi bakal dadi bêcik, aja mundur dening luput sapisan, ambalana manèh. Yèn wong wêdi lara sapanginang dicathut untune, amasthi malah sasèn-sasèn nandhang lara nêmên, olèhe anjaluk waras kurang têmên.

XII. Dikêndêl ngoyok, duwèke manusa iku: anjaluk undhakan.

Aja salah tômpa, aku ora ngajani ngampak ngècu, lan ora ngrojongi wong kang ora duwe panarima. Apa sing wus kocêkêl, tarimanên, sabab narima iku atêgês: nômpa. Mung aja lèrèn-lèrèn pangudimu, yèn durung kêna kabèh apa kang isih kêna kogayuh. Môngka isine jagat iki dicadhangake ing manusa, yèn mangkono ora ana kang mênging kowe ngarah sarupane kang gumêlar ing donya. Yèn anaa: kang gumêlar sajabaning jagat iku uga wajib koarah. Aja pijêr pasrah ing Allah, ngêntèni dhawuh lan pêparinge Allah. [A...]

--- 28 ---

[...llah.] Yèn uwong sambat luwe kambi turon, ora ana Allah thumuk-thumuk nyôngga pincuk isi sêga. Allah mung ngadhaton ing jêrone ragamu, ngosikake karêpmu. Yèn manusa duwe karêp, masthi wus têrang saka dhawuhing Allah, Allah mung pêparing, ora tau mêmênging, ora cupar ora cêthil. Yèn ana karêp, masthi wus disadhiyani paringan, kari nômpa bae, iya kono iku panggunane angèl. Allah ora ngêngèl-êngèl, angèl iku ana ing kowe dhewe, tandhane wong sing bisa: ora ngarani angèl. Kang ngarêpake kabêgjan iku anggêr uwong, sing rikat ngangkat bêrkat, sing kêndho mlongo. Mulane sabarang tindakmu sing rikat, wania andhisiki wong liya, wania oyok. Wong dagang yèn kèri oyok: bobrok. Yèn ana apa-apa kojôngka bakal awèh kauntungan, enggal trajangên. Ambak Allah iku kawasa, iya iku bisa nglêbur (nyirnakake) wong kang dhêmên angrêrêbut, ewadene rêmên bangêt malah loma marang wong kang kêndêl ngoyok. Awit bocah: wong iku

--- 29 ---

sinaua wani, sinaua pracaya marang katiyasanmu dhewe. Bocah cilik manawa ngranggèh apa-apa, jangji ora bakal nyilakani awake, ênêngna bae, karêbèn tuman ngrasa katutugan karêpe. Yèn kira arêp dadi cilakane, bocahe êlihên, dadi wêruh yèn luput karêpe dening awake sing dilungakake.

XIII. Wêktu ora bisa bali, aja kongsi ana waktu liwat tanpa guna.

WaktuWêktu (dan di tempat lain). kang wus liwat sapisan, ora kêna dikon bali, apa kang wus kalakon sajroning wêktu iku, ora bakal têka manèh, ora kêna diowahi. Waktu sadhela iku tugêlane waktu lawas, bêgja cilaka lan pati urip tibane ana ing tugêlan kang sadhela iku, mung sing êndi: manusa ora wêruh. Kasalahan sajrone waktu sapanginang, têrkadhang anggawa bêgja kang awèt, kêna uga anggawa cilaka kang ora salin-salin kabêgjan. Mulane aja ngêlirake wêktu. Kowe diundang wong sakarat arêp diwèhi warisan sayuta rupiyah yèn bisa mênangi [mê...]

--- 30 ---

[...nangi] pasrahe. Mangkatmu mênyang sêpuran dadak sumêne rong mênit, kowe kari sêpur èksêprès, ora bisa nômpa pasrahe wong kang ngundang, warisane wus diliyakake. Prabu Karna mungsuh Arjuna, barêng pamênthange gandhewa, kèri rikat ênggone mantrani gamane, kacèk sapanginang bae pothol gulune. Wong èksamên diwangêni mangsuli patakon, kasuwèn limang mênit bisa wurung tômpa diplomah. Wong duwe utang marang bang yèn kasèp sadina pambayare, ilang rêgane, utawa cèlèngane asuransi. Mulane barang-barang tandangana tumuli.

Saêjam iku perangane umur, êjam rambah dadi taunan. Mulane aja dhêmên nganggur, sanajan mung saêjam ing dalêm sadina. Kowe kapengin bisa cara walônda. Wong pangalake têmbung saêjam olèh sapuluh têmbung sabên dina, sataun olèh têlung èwu têmbung. Kawruhana, têmbung kang digawe pagunêman Walônda padinan iku ora ana sèwu. Wulangan ing pamulangan sakesuk yèn ditulis ana sapuluh rai. Yèn kowe maca, saêjam olèh rong puluh rai bisa mangêrti surasane. Kapriye [Ka...]

--- 31 ---

[...priye] dene kowe ora bisa wulangan kang bakal mêtu ing dina sesuk. Sajrone nganggur saprapat jam, upama nganggit-anggita, olèh sakêbèt, yèn sabên dina mangkono, sataun olèh layang siji kang kandêl, didola amasthi payu akèh. Lah êndi anggitane guru pirang-pirang atus iku.

Dupèh pari umure nêm sasi, wong tani aja talompe nyêbar limang dina, sabab sajrone sapasar adhêm panase hawa wus seje, bisa udan bisa têrang, iku gawe beda suwe enggale thukul, utawa nêtêsing êndhog ama, têrkadhang wijimu thukul, dipapagake ama.

Yèn wong wis wêruh ajine wêktu, ora patut nganggur, apa manèh wong nganggur iku ngadat mêtu pikirane kang ora bênêr, saya akèh nganggure, saya numpa-numpa olèhe gawe kasalahan. AluwuAluwung. maca-macaa layang kang bêcik, sinaua barabarang. kang ana paedahe, dadi sumingkir saka ala, olèh bêcik. Aja nganggur, nyênyambia, digêmi ing wêktu.

--- 32 ---

XIV. Manusa dhêmên enak lan kapenak, nanging kudu nukoni kangelan.

Yèn wong isih dhêmên urip, muriha enak lan kapenak, enake kang kopangan, kapenake kang korungu korasakake. Kapenak iku timbangane kangelan. Satêmêne kapenak lan kangelan utawa ora kapenak iku padha bae, tunggale, kacèke mung ana ing panganggêp, watêse ora ana. Apa turu iku kapenak, coba turua têlung dina tanpa nglilir. Yèn wong ora wêruh kang diarani ora kapenak, êndi margane sumurup ing kapenak. Sing sapa milih kapenak, kudu nglakoni ora kapenak dhisik, nglakoni kangelan.

Sing dakarani kapenak: yaiku wutuhing awak saka mangan cukup nyandhang wutuh, bagas waras awake bisa polah saêntèking kêkuwatane (dayane) lan ngrungu têmbung kang condhong karo karêpe, yaiku pangalêm. Enak, kapenak lan pangalêmbana, iku sok marakake pamrih kang mitunakake wong liya, nanging

--- 33 ---

gêdhe gawene, sabên têlung prakara iku êmbanan pikukuhing donya. Yèn manusa ora kanggonan watêk dhêmên marang iku, nagara iki bubrah, ora ana pranatan, ora ana kamajuan, ora ana wong nekad, ora ana wong marsudi kawruh. Sarèhne saiki jaman kamajuan, amburua têlung prakara iku, utamane sarana laku kang ora sikara ing wong liya. Sarèhne wong dhêmên ngrungu têmbung kapenak (pangalêm) banjur mêtu kêkêndêlane lan tekade, kaya ta: ngunggahi gunung dhuwur kang durung tau diambah manusa, wani mungsuh kang wis misuwur tanpa timbang, ngudi kawruh kang angèl-angèl, nrajang pakewuh kang jare ambêbayani, pêrlune: arêp ngrungu diarani bisa ngênakake barang sing dianggêp ora kêna ginayuh. Wong dhêmên diarani duwe anak pintêr, banjur ora ngetung wragad kanggo nyêkolahake anake. Wong Jawa dhêmên dikurmati pêpadhane, banjur mêmpêng golèk gaman supaya dadia priyayi. Wong dhêmên duwe dhuwit akèh, bisa mangan warêg nyandhang wutuh, banjur dagadagang. layar ngêdêgake pabrik supaya olèha bathi akèh. Wong dhêmên [dhêmê...]

--- 34 ---

[...n] andêlêng anak putune rêja kasampêgan, banjur nyambutgawe bantêr rina wêngi, supaya duwea pamêtu akèh, luwihane sing dipangan: dicèlèngi calon tinggalaning warise. Wong dhêmên lungguh turu kapenak, banjur mêrês karingêt arêp yasa omah bagus isi pranti kang èdi-èdi. Wong dhêmên diarani ayu bagus, padha macak dandan, marakake wong gêgawean panganggo lan rêrêngganing awak. Manusa kêpengin munggah swarga, banjur agawe kabêcikan.

XV. Aja srêgêp anjaluk ngapura, andhêmana salahmu.

Sabarang lakune uwong iku ana gêgantungane dhewe-dhewe, laku bênêr olèh bêcik, laku ala olèh paukuman. Yèn donya iki têtêp kaya iku, saiba majune, saiba bêcike. Nanging ora, sabab kêrêp ana kasalahan diluputake paukuman, iku satêmêne nyimpang saka jêjêg adil. Bocah kang kasalahan patut olèh paukuman. Paukuman iku dudu wêwalêsing kasalahan, [ka...]

--- 35 ---

[...salahan,] nanging sarana kanggo marèkake wong salah, supaya dadia bêcik. Lumrah bae wong salah diatag anjaluk pangapura, yaiku ditêtêpake salah: nanging sêngaja ora ditibani paukuman. Wong salah banjur enggal-enggal anjaluk ngapura, supaya aja katututan ing ukuman. Wong mangkono iku cilik atine, arêp enak êmoh rêkasane. Wong kang rumasa duwe salah, masthi nyuwun ngapura marang Allah. Allah iku watêk lèr-wèh, bisane mung pêparing, marêngake, nêksèni. Wong salah sanajan nyuwuna ngapura, mêksa diparingi apa gêgantungane. Pantês-pantêse wong salah, kudu uga anjaluk ngapura marang kang kapitunan saka kasalahan iku, nanging utamane: pasraha awak marang wong kang kapitunan, anjaluka ukuman, iku tôndha yèn kowe kadunungan ati jêjêg adil. Aja ngrêrêpa muga diluputna ing ukuman. Yèn kowe ngandhang salahmu, têrkadhang ukumane mung sathithik, utawa ora diwèhake pisan, sabab sabarang iku yèn dijaluk, malah digawe larang. Yèn kowe mêksa awakmu anjaluk [a...]

--- 36 ---

[...njaluk] ukuman, ing pamburine banjur dadi wong ngati-ati, wêdi ing salah. Wong kang dhêmên dijaluki ngapura, nyihnani yèn dhèwèke dhêmên diapura, iya iku wong ènthèng têkade, wong wani nglakoni ora bênêr, sabab ngandêlake bisane anjaluk ngapura. Wong dhêmên anjaluk ngapura iku wong ora duwe kapok, wong kang awèh pangapura: prasasat ngajani wong supaya nglakonana kasalahan manèh. Padha-padha olèh ngamal amasthi dipilih sing sarana laku salah olèh ngapura, tinimbang sarana laku bênêr tur kangelan. Mulane têtêp pangapura iku ngajani kasalahan, upama ora ana pangapura, donya iki wis bagus luwih saka saiki.

XVI. Lakune donya iku bolak-balik, padha-padha.

Saiki jaman kêncengan, ati-atinên rêmbugmu sakêcap tindakmu sajakah.sajangkah. Sarupane kakang. katon ing jagat iki kudu timbang, kudu padha. Banyu ora lèrèn-lèrèn obahe: yèn plênikane sajêmbare sagara durung

--- 37 ---

padha dohe saka pusêr bumi. Barang panas amor karo banyu, sing panas suda panase, sing adhêm mundhak angête, kongsi kabèh padha panase. Bumi lintang kang ora kêna dietung iku padha mêmêt midêr dhewe-dhewe, ewasamono ora bênthik, sabab gèndèng-ginèndèng saka adoh saka cêdhak padha kuwate. Yèn ora mangkonoa: bumi iki wus lawas lêbur katatab ing lintang kang luwih gêdhe. Atimu mandhokol manawa dilungguhake ngisor lan dingoko, anjaluk jèjèr lan mangsuli ngoko.

Sarèhne watoning jagat iku: timbang, dadi yèn ana gêncèting timbangan, amasthi anjaluk bali nganti padha, kang nyulayakake timbangan iku dipêksa bali, utawa diwalês. Mulane donya iku walês-winalês bolak-balik. BaraBarang. bali iku: tampèl-tinampèl, utawa mubêng têmugêlang. Apa bumi iki ora mêmêt ing indhêne, marakake rina gêntenan karo wêngi. Apa bumi ora ngidêri srêngenge, nganakake môngsa kang padha ing sabên taun. Sorot padhang kang tumanduk ing sarupane [sa...]

--- 38 ---

[...rupane] barang iku ditampèl bali dening barange, sorot srêngenge saka kiwa yèn katampan ing kaca, balik tampèl manêngên, sorote tiba ing gêdhèg. Yèn wowong. manggon ing pêrnah padhang kang ana ing gêdhèg iku, wêruh gambare srêngenge. Sanyatane: sorot padhang iku ditampèl dening bara-barang,barang-barang. yèn enggoke sorot iku tumanduk ing mata, mata wêruh gambare barang kang nampèl sorot. Nanging ing wayah bêngi ora ana sorot, ora ana padhang kang katampèl, mulane ora ana barang katon. Dalasan tangane dhewe diilo ora katon apa-apa. Swara natab ing tembok iya katampèl bali. Banyu sagara nguwab dadi mega mêndhung, tiba dadi udan, mili bali mênyang sagara. Grênjêting ati iku gêtêre barang kang luwih dening alus, lakune nuju atine wong kang dianggit, gêtêr mau natab, atine wong kang dituju dadi duwe pangrasa, (pangira), gêtêr iku katampèl bali. Yèn wong duwe ati sêngit marang liyan, sanajan oraa kawêtu, sing disêngiti iya karasa atine, [at...]

--- 39 ---

[...ine,] lan uga gênti sêngit, sanajan pasanga ulat manis, têrkadhang dhèwèke iku ora wêruh sababe kang cêtha ênggone duwe rasa sêngit. Yèn kowe duwe ati dhêmên trêsna marang kônca, sanajan rêmbugmu bral-brol, kancamu iya dhêmên ing kowe.

Yèn barang kang kasimpên ing jêro ati mêksa manut waton walês-winalês, kapriye manèh swara kang kaprungon utawa tanduk kang karasa: yèn oraa tômpa balèn lan walês. Wong canthula iya dicanthulani uwong, wong têtulung: yèn kasangsaran banjur olèh pitulung. Wong utang: kudu nyaur, apa manèh wong nêmbung utang iku ing ngarêp masthi kanthi jangji arêp nyaur. Wong nglarani ing sapadha, bakal dilarani. Wong mêmatèni apa bae, masthi bakal nêmu pati, iku aku wani totohan, môngka saiki apa-apa kudu rikat, dadi balène ujarmu lan patrapmu iku iya enggal têka, prakara kang cilik-cilik olèh walês kêncengan, kaya ta: wong tuku masthi ambayar, wong takon diwangsuli, wong angguyokake: diguyu, sapanunggalane. Dene wêwalês kang rupa pati, [pa...]

--- 40 ---

[...ti,] sarèhne prakara gêdhe (barang gêdhe iku sing lumrah ora rikat lakune), ora masthi têka sanalika mangkono, nanging kok wurung: ora. Sagêdhèn-gêdhènane prakara, têkane pati mau ora mlangkah saumur. Iku rasakna. Ati-atinên uripmu.

XVII. Dibisa têpa sarira.

Sarèhne lakuning donya iku bolak-balik walês-winalês, nyingkirana pikiran lan tanduk kang kowe ora arêp wêwalêse, iya iku kang diarani têpa sarira. Cêkake: yèn arêp apa-apa sing bakal tumanduk marang wong liya, naria awakmu dhewe dhisik, gêlêm nômpa apa ora marang panyêngguh utawa rêrasan utawa solahbawa kaya kang dadi karêntêging ati iku. Yèn awakmu dhewe ora arêp, kabèh mau aja kosidakake tumanjane ing awaking liyan. Têkan rasaning ati pisan iya tumuli wurungna (ilangna), sanajanta unining ati iku ora katon ing lair, awit gêtêring atimu kang isih duwe panyêngguh apa-apa marang liyan iku kêna tinampan dening [de...]

--- 41 ---

[...ning] atine si liya iku. Têpa sarira iku laku kang baku dhewe kanggone wong srawungan karo wong liya utawa kewan. Wong bisa nglakoni mangkono, wus aran wong bêcik, wong salamêt, ora bakal nêmu ala saka sapadhaning urip. Laku têpa sarira iku pêncare akèh. Yèn kowe nyangking bêntelan abot, utawa rowa, môngka ana kang anggêntèni, utawa anggawakake, atimu lêga bangêt. Yèn wong tuwamu utawa dhêdhuwuranmu têka nyangking apa-apa, amasthi iya lêga atine yèn kopapagake, banjur kogêntèni gawane. Upama ana dhayoh kosuba-suba kosugata, môngka lunga tanpa pamit nganggo nyênyangking, kowe amasthi calathu mangkene: dibêciki wis ora ana panarimane, andadak nginggat-inggatake. Yèn wong korewangi kangelan sathithik, môngka banjur nundhung-nundhung, iya koarani wong ora duwe panarima. Mulane têpakna awakmu, kabêcikaning liyan sanajan sathithika pisan, wajib kotarima. Aja lali ngêtokake panarimamu marang sapa bae kang wèwèh utawa rêrewang

--- 42 ---

Dalasan wong ngulungake apa-apa utawa wong awèh wêruh: iya masthi kotarima. Poma: panarima iku aja kobatin bae, lairna. Sanajan kang wèwèh iku baturmu. Wong kang nglakoni mangkono, jaman saiki diarani wong wêruh tatakrama alus, durung masthi aran wong nriman.

Yèn kowe mamah panganan, môngka ngriyus karikil, dakpêthèk sanalika iku nêpsu nêmên, kaya anggêcak-gêcaka uwong. nêpsumu kaya yèn kowe nulis dirubung lalêr. Mulane yèn kowe gawe panganan, dirêsik aja kaworan wêdhi, sabab sêsuguhmu utawa dodolanamu kang ngêrês masthi agawe pamuring-muringe uwong.

Kapriye rasane atimu yèn têtakon diênêngake bae. sok wonga iku muring-muring yèn pitakon ing layange ora olèh wangsulan. Kowe dhewe aja ngênêngake wong takon, sanajan lagia nyambutgawe, rak ora kabotan, ta: ngobahake lambe.

Yèn kowe awèh urmat marang wong apangkat, nanging

--- 43 ---

ora diingêtake utawa diwangsuli, kowe ngarani kumalungkung marang wong iku. Kowe nganggura, utawa dadia priyayi kang gêdhe pisan, yèn dikurmati uwong, pêrlokna mangsuli têmbung utawa sasmita nandhakake yèn wus wêruh dikurmati lan anarima. Apa ora prayoga, upama malah andhisikana aruh-aruh, utawa kurmat kang patut, sabab wong gêdhe sarta wong mursid iku wajib luwih andhap asor tinimbang wong lumrah, lan kudu luwih wêruh ing tatakrama tinimbang buruh glidhig. apa manèh wong kang kêpengin diajèni: kudu ngajèni dhisik. sarupane kang cilik-cilik lan rèmèh iku yèn dikawruhi: agawe rênane tôngga têparo, tur ora rêkasa linakonan. Aja suthik ngopèni prakara rèmèh kang dadi tandhane wêruh ing udanagara. Yèn wong nglakoni kang rèmèh bae ora bisa, nglakoni kang abot lan rêkasa manèh bisaa. Mangkono panêmune dhêdhuwuranmu, utawa panêmune sapa-sapa, banjur ora bisa nganggo awakmu.

--- 44 ---

XVIII. Aja nyuwiyah.

Suwiyah iku patrape wong kang rumasa duwe kaluwihan tumrap marang wong liya kang dianggêp sor-sorane, arêp nuduhake yèn ora ering utawa ora pêrlu ngajèni. Wong kang bisa têpa sarira, ora gêlêm kanggonan watêk suwiyah. Suwiyah iku lire rupa-rupa, yaiku suwiyah bab têmbung, suwiyah bab patrap, lan suwiyah bab panganggêp. Ing ngarêp wus ana kang pituduh, yèn lakune donya iku anjaluk padha-padha, mulane aja ngatokake yèn kowe duwe kaci apa-apa. Sanajan wong duwea pangkat kang luwih pisan, ora pêrlu ngatokake luwihe. Wong kang ngatok-ngatokake, awèh tôndha yèn ora kêlar kanggonan kang dikatokake iku, ajine kang têmênan mung sangisore. Yèn pangkat iku sanyata anggon-anggoning awake, sanajan ora dituduhna: wong liya masthi wis wêruh dhewe. Wong suwiyah iku kalêbu wong ngina, yaiku nganggêp asor saka andêlêng wujud. Lumrahing manusa ora bisa andêlêng dayane uwong, wujud kang kokira kêkandhangane [kêka...]

--- 45 ---

[...ndhangane] watêk asor, kêna uga duwe daya linuwih. Satêmêne: isèn-isèning uwong iku katon ana ing wujude wadhag, nanging sing andêlêng kudu bisa, môngka kèhing akèh: ora bisa, mulane wong ngina akèh kang katanggor karo wong duwe kaluwihan.

Sarupa-rupane uwong masthi duwe rêga dhewe-dhewe. Rêgane wong iku kapara undhakna, aja kosuda. Wong suwiyah masthi duwe sêdya ngudhunake rêganing liyan. wong anggorohake uwong iku suwiyah basa utawa têmbung. Nyolong, ngrusak, ngalap-gang (nêmu pèk) iku nyuwiyah barang, ora ngajèni iku nyuwiyah sarana panganggêp.

XIX. Wangun buwêng iku kuwat dhewe.

Buwêng, bundêr, lan gilig iku pathokaning wangun. Barang yèn awangun ora buwêng, tôndha kalah karo daya liya. BaraBarang. bundêr iku didêlênga saka sisih êndi bae: ora ana iringe sing kêna ditêmbungake tipis utawa kandêl, sabab ora duwe lingir, êndi bae titik kang kodumuk, manawa kotarik garise sing nrajang [nra...]

--- 46 ---

[...jang] titik pusêre, masthi nuduhake kandêle, tur ora kungkulan karo kandêl kang kaukur saka titik liyane. Dene yèn koukur urut lumahe, kayadene ngukur balok, amasthi ora tinêmu kandêle, sabab ora jêdhug-jêdhug ing sawijining lingir. Dadi sok koaranana kandêl, kandêle iku ora bakal ana kang mandhinginandhingi. jangji anjupuk saka bundêran siji iku. Yèn ukuran iku koarani tipise, iya ora bakal katêmu timbanganing ukuran kang bakal dadi kandêle bundêran mau. Pancèn kandêl iku sawijining watêk kang pêrlu bangêt. Wong kang kadunungan watêk kandêl, bundêr lan gilig, bisa ngêjibake katutugan sêdyane. Têtuwuhan iku uwite gilig, anaa angin saka sisih ngêndi-êndi, ora bakal anjêpluk, sabab kandêle mubêng. Pring iku gilig, malah bolong ing jêro, kayune mung ana ing jaba bae tur tipis, nanging kuwat bangêt, ora kalah karo kayu buntêt kang padha gêdhene. Nanging manawa wus sigar, pring ilang kêkuwatane. Andêlênga balunging kewan, ing jêro bolong utawa ngrokos [ngro...]

--- 47 ---

[...kos] gombong, nanging gilig, iya kuwat bangêt. Êril sêpur, dlurung krêtêg sapanunggalane iku wêsi tipis, nanging dipasang miring, kêlar diêmoti bobot pirang-pirang èwu dhacin, sabab iring ngisor têkane iring dhuwur kang kapênêt ing bobot, bênggang adoh lan isi, dadi padha bae karo wêsi kang kandêl.

Banyu yèn katètèsake ing blabag: ambèr tipis, marga disêrot marang kayu. Yèn ana ing godhong talês, katon marênthêl bundêr, sabab ora ana daya kang narik palênikane. Banyu rasa kang pating plênik ana ing meja, awangun bundêr kaya gotri. Lênga yèn diuwor banyu: kambang ing dhuwur, marga kapèpèt karo banyune lan hawa. Nanging yèn ana ing jêro alkohol kang padha antêbe: lênga iku awangun bundêran, kaya kuninging êndhog ana ing têngah-têngahing putihe. Bumi, rêmbulan, srêngenge lan lintang-lintang, kabèh kawangun bundêr kêplêng. Lakune lintang-lintang iya manut kalangan bundêr (ana benjone sathithik, dadi bligon).

Lumah bundêr iku dêlêngane cilik, nanging jêmbare ngungkuli [ngungku...]

--- 48 ---

[...li] papan wangun pasagi kang kubênge padha. Wadhah wangun gilig utawa bundêr iku lumahe sathithik, nanging isine akèh, yèn dipadha karo wadhah pasagi kang lumahe iya samono. Dadi bundêr iku ngêmu rasa: sathithik lumahe, akèh isine, ringkês nanging kuwat. Perangane kang moncol mung sathithik.

Tumraping ngaurip, prayoga nganggo ati kang gilig, golong lan mêmêt. Angên-angên manawa digiligake mêlêng dadi siji, ora akèh simpangane, amasthi kuwat panarike marang kang sinêdya. Pikire wong akèh yèn golong dadi siji, amasthi kuwat êmpane, iya iku paedahe wong dikon rukun. Mulane yèn wong duwe sêdya apa-apa, aja mikir liya kang akèh-akèh, sakèhe pôncadriya rekadaya gêlêngna dadi siji, iku ngenggalake dadine kang dikarêpake. Wong sinau yèn ora nyambi mikir mrana-mrana, luwih enggal bisane, dadi akèh olèhe: sathithik waktune. Wong nyambutgawe nênukang, manawa arêp ngarah srabudan bisa gawe bara-bara,barang-barang. ngratani kapintêrane tukang

--- 49 ---

rupa-rupa, ngadat ora ana kang diantêpi, malah ora anggawe apa-apa. Balik manawa ngandêlake kabisane saprakara rong prakara bae, èngêtan lan kaprigêlane saya matêng, gêgaweane saya sampurna bêcike, tumandang sadhela bae olèh kaya akèh. Aja kumudu bisa ngratani sarupaning kawruh lan gawe, mung kanggo pamèr akèhe sing dibisani, nanging miliha siji loro kang cocog karo pulunganamu, kang kowe mangêrti lan gampang nandangi, iku bae pêmpêngan,pêng-pêngan. amasthi luwih murakabi. Pagawean gawe tompo bae yèn dirosani, barkate ngungkuli kapriyayèn kang lènjèh, utawa dagang kang didalajahi bae.

XX. Ora ana dina ala. Ala iku gaweane manusa.

Rina lan wêngi kang dijênêngake: Akad, Sênèn sabanjure iku, kabèh padha bae. Bêcik kabèh: wong ora bisa ngarani, nanging masthi ora ana kang ala. Sing anjênêngake dina iku sapa. Iya manusa, rina utawa wêngi

--- 50 ---

ora nyuwara ngarani jênênge dhewe. Upama ana wong pitu, utawa têlung puluh lima, kang kalairane seje-seje, êndi sing ala. Upama dina Sênèn Wage iku ala, yagene ana wong lair dina Sênèn Wage, lan dadi wong mulya. Yagene ana kauntungan lan kabêgjan ing dina iku. Jare wong sing kalah ngabotohan, dina iku ala, nanging sing mênang: ngarani dina bêcik. Wong kang kalah pêrange ngarani dina apês, nanging yèn ana wong kalah: masthi ana kang mênang. Lah sing mênang iku ngarani dina kabêgjan. Dadi têtela alane dina iku manut siji-sijine uwong, yaiku uwong kang tuna panggayuhe marang sêdyane, lupute iku marga kurang rikat tandange, kurang mêmpêng, kurang karêp, kurang bôndha, kurang bisa utawa kurang pangêrti. Sing salah dudu dinane, nanging uwonge. Saupama Allah agawe sawijining dina ala, sabarang kang tiba ing dina iku amasthi ora kadadean kabèh. Dina kang jare ala kanggone sawijining wong kang apês. Iku pancèn dina bêcik kanggone jagat, sabab nyuda wong kang apês, utawa nyuda wong kang ora dadi rêrêngganing jagat. [ja...]

--- 51 ---

[...gat.] Sanajan tumrape marang si apês iya bêcik, yaiku mêruhake marang kuciwane, utawa (yèn wong iku mati) dadi iku minôngka nyuthêl apêse, aja kadawa-dawa, sabab manawa têrus urip, amasthi kapêsan sabên dina. Sarèhne ora ana dina ala, aja wêdi-wêdi marang jênênge dina, yèn sêdyamu kêncêng, dina ora bisa ngalang-alangi, yèn kosumênèkake sadina, amasthi kadhisikan wong liya. Wong anggolèki dina utawa sangat bêcik iku ora salah, sarta wong iku ora ngarani alaning dina. Karêpe golèk dina bêcik iku mangkene: tibane gawe diancang-ancangi sawatara môngsa kang karuan lawase, uwong bisa ngetung kurang pirang dina, dadi sadurunge tiba dina kang dipasthèkake mau, tutug olèhe tata-tata ubarampèn sing pêrlu-pêrlu kanggo ngrampungi sêdya. Kowe duwea sêdya apa-apa, yèn wis sadhiya sangune, wus kopagêri kang bakal dadi kapitunane, amasthi bae kari bêcike. Bêcike iku kagawa saka pêpaking piranti, ora saka araning dina. Upama ana wong

--- 52 ---

arêp duwe gawe, barêng dipetungi: sadina iku uga tiba dina bêcik, apa iya sida tumandang ing dina mau, yèn durung pranti apa-apa. Sawah kang durung diwaluku apa mêksa ditanduri, dupèh dinane tiba bêcik. Iya ora. Nanging olèhe golèk dina bêcik iku: arêp olèh tempo andhayungake lêmah, nuwakake wiji, lan sadhiya wragading tandur.

XXI. Jagat lêbur yèn jongkèng timbangane.

Sarupaning kaanan masthi duwe timbangan. Gêdhe duwe timbangan cilik, akèh timbangane sathithik, ala ditimbangi bêcik. Timbangan iku masthi ana têngah-têngahe, iku yèn bisa ênggonana. Kaanan loro kang têtimbangan iku ora ana watêse sing têtêp, têngah-têngahe mau ngolah-ngalih manut jaman, manut papan, yaiku manut karêpe wong akèh. Upamane mangkene: ing nagara kang têntrêm kene: wong kang matèni uwong masthi diukum, nanging ing paprangan malah olèh ganjaran. Dhèk cilikane si êmbah wong bisa ura-ura iku

--- 53 ---

diarani wong pintêr dhewe ing sadesa, nanging putune kang bisa ura-ura kaya mangkono: saiki isih bodho dhewe. Duwe dhuwit limang rupiyah iku wus aran sugih tumrape kere ngêmis, nanging tumrape sudagar: isih miskin. Dadi ngarani pintêr, bodho, sugih miskin, apa bêcik iku kudu nganggo diwuwuhi katêrangan kanggo ing jaman êndi. Wong nganthongi limang rupiyah iku sugih, yèn ditimbang karo sapa.

Timbangan iku kudu masthi yèn kosokbali, nanging kosokbali iku kalêbu timbangan. Timbangan ora duwe pungkasan, kosokbali duwe pungkasan. Wetan iku timbangane kulon, nanging wong lumaku ngetan, ing bumi kene muncul ing kulon manèh, sabab bumi iku bundêr. Wetan utawa kulon iku ora duwe pungkasan, sawijining pulo kêna dadi wetan, kêna dadi ana ing kulon, katimbang pulo liyane. Êlor iku timbang karo kidul, lan uga kosokbali, sabab ana jêdhuge, yaiku ing pul incêre bumi. Ora ana papan ing bumi kang kaprênah saêlore [saêlor...]

--- 54 ---

[...e] pul êlor. Mênthung iku kosokbaline dipênthung. Yèn wong dipênthungi bae, pungkasane ora dadi mênthung. Seje karo wong layar mangulon dadi bali mangetan mau.

Wutuhe jagat iki saka timbangan, yèn kaanan ilang timbangane: iya banjur ilang pisan. Yèn wong sadesa padha racak duwe dhuwit limang rupiyah, amasthi ora ana têmbung sugih lan miskin. Yèn daya kang narik rêmbulan kang saka bumi lan saka lintang liyane ora timbang, kira-kira rêmbulan katut marang salah sijine sing narik, dadi ora ana rêmbulan.

Ing ngaurip aja milih kaanan siji bae, kudu nômpa timbangane uga. Wong ora wêruh rasa kapenak, manawa ora wêruh kangelan. Wong siji disèlèh ing pulo sêpi, disangoni dhuwit sakêthi rupiyah, ing kono dhèwèke ora bisa ngaku sugih, sabab ora duwe timbangan wong liya. Macan iku môngsa kewan liyane ing alas. Yèn alase dibabad, kewan mangsane macan iku êntèk, sanajan macane ora dikapak-kapakake: iya milu êntèk, sabab têtimbangane [têti...]

--- 55 ---

[...mbangane] sing mangan karo sing dipangan wis owah. Ana tanduran katêkan ama walang. Walang maune mung sathithik, sarèhne olèh pakan akèh, banjur tumangkar akèh. Walang duwe satru arupa manuk, yèn walange mundhak, manuk iya nimbangi mundhak, sarèhne manuk siji mangan walang akèh, suwe-suwe walange êntèk, nanging manuke mau êntèk, ora panggah mundhak bake,akèh. sabab pakane ilang. Yèn miturut upama iku, sabên ana gêlaring urip ditumpês, amasthi angatutake tumpêse timbangane. Elinga yèn lakune donya iki ubêng-ubêngan manut kalangan bundêr. Upama macan ditumpês, cèlènge ora kalong, masthi branahan, yèn kurang pangan ing alas, banjur nêba ngrusak tanduran, rusaking tanduran, ngilangake pangane uwong, yèn uwong ora gênti mangan utawa numpês ama cèlèng, bakal ora ngalap asiling tanduran. Ilange macan masthi anjaluk timbangan ilange barang liya. Ana wong waras. Kalêbon baktèri, baktèri iku tumangkar mangan gêtih, agawe larane awak, nanging gêtih banjur nimbangi ngêtokake

--- 56 ---

jad kang bisa nawa racune baktèri panyakit. Yèn kèhe wis timbang, awak bisa waras manèh. Yèn durung bisa nimbangi, awak tansah lara, utawa kabacut mati. Nagara yèn katêkan mungsuh, masthi nimbangi ngêtoni wadyabala, sanajan ing ngarêp mau-maune ora sadhiya saradhadhu. Barang dagangan manawa mung ana sathithik môngka akèh kang pêrlu nganggo, rêgane amasthi larang. Nanging yèn ana wong liya milu ngêtoni dagangan mau, ora bisa adol larang kaya sudagar sing kawitan, marga rêgane barang masthi saya mudhun. Samono uga ingêre nagara, ora kêna mung ngopèni prakara siji bae, masthi kudu anjagani têtimbangane. Upama wong sugih arêp ngilangi wong mlarat, sarana diwènèhi dhuwit, amasthi wong kang kêsèd banjur mlêbu dadi kere, supaya uga diwènèhana dhuwit. Manawa kangjêng gupêrmèn angrewangi bôngsa Jawa bae, amasthi ing buri ana mèrine bôngsa liya. Yèn nagara ngundhakake pajêge dagangan kang têka saka sabrang, amasthi dagangan mau sing têka suda, sarta pangêdole dilarangake. Wong bumi kapengin gawe barang dagangan mau, [ma...]

--- 57 ---

[...u,] padha adêg pabrik, barêng barang mundhak, rêgane mudhun, barang sabrang ora wani mêtoni, nanging nagara sabrang mau banjur nimbangi anjaluk pajêg akèh marang dagangan kang têka saka kene. Mulane aja ngiloni barang siji bae.

XXII. Tata-tataa sadurunge tumandang.

Jagat iki ngandhut sipat langgêng, langgêng iku panggah salawase. Ora kok bayi iku bakal panggah bayi bae, utawa jaman iki ora bakal salin. Mangkono iku dudu. Langgêng iku panggahe waton lêlakon ing jagat, panggah ing watêk, dudu panggah ing kaanan. Lah iki upamane. Sawijining barang kang mênêng iku, amasthi panggah mênêng lèrèn (ora obah) salawase, yèn ora ana daya kang ngobahake. Barang kang wis obah, iya bakal têrus obah apa ênêre ing mau, yèn ora ana daya kang nampêg utawa mapag. Angelingana lakune bumi lan lintang-lintang, kang salawase panggah rikate lan dalane. Watu bundêr

--- 58 ---

kang digalundhungake iku tamtu ora mandhêg-mandhêg lan panggah ênêre, upama sasuwene anggalundhung iku ora katampêg ing hawa, utawa ora kosèr karo lêmah. Wong nunggang jaran kang lumayu bantêr, yèn jarane anggiwar, uwonge tiba. Wong yèn arêp nyoloti kalèn ômba utawa pagêr dhuwur, kudu nganggo ancang-ancang lumayu saka kadohan, supaya awake obaha, lan obahe iku kang ngatutake awake nglangkahi palangan mau. Upama tanpa ancang-ancang, jangkahe masthi ora têkan. Watone jagat prakara ancang-ancang iku tumindak ing ngêndi-êndi yèn ana wong arêp anggayuh kabêgjan gêdhe. Wong arêp anggawe omah kudu sadhiya balungan lan bakal liyane. Wong duwe pangarah, kudu sadhiya apa kang dadi têtukone kang diarah, padha bae karo wong têtuku: kudu anggembol dhuwit. Wong arêp rêmbugan pêrlu, kudu anggladhi kang arêp dikojahake, lan anjagani kapriye bakal jawabing patakon utawa cacadan. Guru kang arêp mulang: kudu wus paham ing bab kang arêp diwulangake. Wong arêp èksamên [èksa...]

--- 59 ---

[...mên] kudu sinau bab kang ditakokake ing papriksan. Wong lunga pêrang kudu sangu pangan lan gaman, sarta duwe simpênan gêlar kang bakal diênggo. Wong nganggit layang kudu sadurunge awit nulis wus sumurup apa sing bakal dianggit dadi isining layang. Yèn kowe pracaya bakal olèh patakon kubur, sajroning ngaurip agawea kautaman, dene sarèhning kowe ora wêruh cêpak tangèh ing patimu, mulane anggêr mêlèk masthi ngaraha kautaman. Wong arêp pintêr, kang baku kudu sangu: titèn, sanajan arêpa sabarang, titèn iku kanggo bangêt. Nitèni têgêse: ngawruhi lan angelingi apa kang didêlêng, dirungu, sabanjure, cêkake: kudu bênêr angêmpakake pôncadriya, digiligake dadi siji, diênêrake ing maksud kang diarah, mangkono mau kudu kanthi bêtah lan karêp. Jangji bisa mangkono pangarahe, pangarêp-arêpmu masthi enggal katêkan. Wong kang gunêman kapengin sugih, ora kalakon sugih: manawa bau-sukune ora digawe nyambutgawe, kupinge ora martak-martakake sing marakake kasugihan, mripate [mripa...]

--- 60 ---

[...te] ora ngingêt-ingêtake apa kang payu didol larang, sabanjure. Maksud siji diarah ing ati limang prakara mau, tamtune gampang lan luwih enggal kênane katimbang diarah ing ati siji bae. Mulane kacarita ing wayang, wong kang duwe karêp gêdhe: yèn sidhakêp suku tunggal anutupi babahan hawa sanga, enggal tômpa sasmita olèh kang dikarêpake, amarga awak, ati, pandêlêng, pangrungu, pangrasa, lan puji kabèh bêbarêngan diêmpakake ngarah barang siji. Yèn pangarahe iku disambi ambarang ura-ura, masthi tikêl lawase. Wong sakolah yèn arêp enggal pintêr, kudu srêgêp maca, ngapalake, ngrungokake ênggone nêrangake guru, ngeling-eling lan nyênyathêti. Aja maca karo nganggit gêndhing, utawa etung kasambi andhalang.

XXIII. Gêlar utawa akal iku mênangan dhewe.

Sapa kang durung tau ngrungu dongèng kancil. Kancil iku kewan cilik tur ringkih, nanging akèh akale, kongsi bisa ngêrèh kewan akèh kang gêdhe-gêdhe lan rosa.

--- 61 ---

Baris cilik bisa ngalahake mungsuh akèh lan sangkêp gamane, yèn bisa masang gêlar. Gêlar lan akal iku bisa nutupi kuciwamu, dadi katon bêcik lan luwih, sarta nuntun marang kaslamêtan. Nanging wong arêp pasang gêlar iku ora kêna pisah karo ati candhakan, awas maramarang. butuhing lawanane. Lumrahing manusa iku ora ngopèni prakara rèmèh-rèmèh, nanging malah panyandhakmu marang prakara rèmèh-rèmèh iku kang makolèhake gêlarmu. Wong bodho sawatara yèn bisa candhakan ing tandange lan gunême, bisa kaling-kalingan bodhone, katone ing wong liya: mung pintêr bae. Cacading awak bisa ora katon dening pacakan, kapintêran, karosan lan kadigdayan, tanpa guna yèn ora kanthi gêlar utawa akal. Wong sugih akal iku durung masthi wong goroh. Sabisa-bisa aja nandukake akal kang awêwaton goroh, yèn kakehan goroh: gampang katara, utawa kuwalêsan.

Gêlare wong urip amor wong akèh iku: agawe lêganing ati, gawe rêna. Awas marang kêkarêpane

--- 62 ---

uwong. Sing diarani wêruh ing tatakrama lan udanagara, iku iya wêruh ing pasanging gêlar. Banjur diarani wong bisa ngawula, utawa momong uwong. Upamane: yèn ana wong nômpa kabêgjan, banjur milu-milu bungah sukur. Yèn ana wong kangelan, ambelani susah utawa tumandang rewang-rewang. Yèn dhêdhuwurane panuju ewuh: banjur ladèn-ladèn. Prakara mangkono iku têrkadhang rèmèh bangêt, utawa ora pêrlu direwangi, ewasamono ora kurang priyayi pintêr lan bêcik pagaweane kang ora olèh sihing dhêdhuwuran jalaran kurang opèn mangkono, nganti kalah karo priyayi liya kang satêmêne ora nyandhak ing kapintêran lan majuning pagawean. Sudagar loro adol dagangan padha rupane lan padha rêrêgane, salah siji kalah laris, mung jalaran kalah rècèhing rêmbug utawa patrap rèmèh. Guru padha pintêre, tumanjaning wulangane marang muride masthi ora padha. Sapa arêp unggul, kudu sugih akal, utama yèn sinung kaluwihan liyane.

--- 63 ---

XXIV. Aja madu sênêng.

Rasa isih kêna dipadu, sabab rasane barang iku kahanan gawane barang mau. Kaya ta: uyah iku anggawa rasa asin, cokak anggawa rasa kêcut. Jangji wong ora lara, amêsthi ngarani yèn uyah iku asin, utawa masthi ambedakake rasaning uyah karo rasane cokak, padha bae karo wong liya saka ngêndi-êndi. Yèn ana barang siji, dirasakake wong sawatara, tinêmuning rasa sok ora padha. Upama kecap, sing siji ngarani asin bangêt, wong liyane ngarani sêdhêngan, wong sijine manèh ngarani kurang uyah. Rasane kecap mau masthi ora malih, mung panêmune kang ngrasakake: ora padha, yèn ana padune, sing dipadu dudu rasane barang mau, nanging kèh sathithiking rasa, utawa panganggêpe marang rasa mau, utawa condhong lan orane rasa iku karo ilate kang ngicipi. Dadi têtêp bedane panêmu iku kagawa saka uwong kang madu, dudu saka barang kang duwe rasa. Cêkake, kang dipadu iku sênênge, doyane. Anane wong padha uwong beda ing bab dêdoyanane, [dê...]

--- 64 ---

[...doyanane,] iku jalaran sejening kulinane, lan sejening kawarasane. Ora ana wong loro kang kêmbar kulinane utawa kawarasaning awake. Ora ana waktu loro kang padha, sabab waktu iku pancèn mung siji sarta lakune ora lèrèn ora mundur. Ora ana panggonan loro kang padha lêmahe, angine, garinge utawa panase. Dene waktu, panggonan, kulinan, lan kawarasan mau padha duwe daya kang tumanduk marang pôncadriya, marang ati, marang sênêng utawa dhêmên. Judhêging pikiran: ora ana panêmu padha, siji-sijine uwong ngingu sênêng dhewe-dhewe, kasênêngane iku dianggêp bênêr dhewe. Sarèhne kowe iku masthi nganggêp bênêr marang kasênênganmu dhewe, lan lumuh disalahake, dadi iya aja nyalahake kasênêngane wong liya sing wis diantêpi, aja ganggu-ganggu yèn dhèwèke ora gawe pituna ing liyan, apa manèh yèn kowe ora sumurup tujune utawa karêpe. Mulane aja maoni, aja nacad, aja mêksa ngowahi sênênging liyan. Kang pêrlu bangêt: aja sikara panganggêp utawa

--- 65 ---

agama lan tekade liyan. Sirikan gêdhe: aja maoni utawa nyalahake kapracayaning liyan, sabab kapracayan iku tanpa rupa, manggon ana ing pikiran. Têmbung pracaya têgêse: ora nyumurupi yakin nyata orane, nanging nganggêp bênêr. Wong pracaya ing sadhengaha: ora kêna kojaluki yakine sing dipracayani.

XXV. Kêncêng iku cêdhak dhewe.

Ana anjir loro, yèn sing siji disrapat saka sijine, katêmu aras-arase kêncêng. Garis kêncêng iku bênggangane anjir loro mau, kang cêndhak dhewe, dadi ora ana kang ngungkuli cêndhake, lan mung siji iku ora ana tunggale. Garis liyane siji sing kêncêng iku, yèn diukur masthi luwih dawa, sarta masthi bengkong utawa nyêklèk. Wong lumaku liwat ara-ara saka sisih êlor marang sisih kidul, mèh masthi nrajang têngah kang ana sukête utawa galêngane, sanajan urut pinggir ana ratane, sabab ngarah enggale têka ing kidul, prayogane wong duwe sêdya iya miliha dalan kang cêndhak, [cêndha...]

--- 66 ---

[...k,] aja ngunduri rêkasa. Apa manèh prakara waktu, kudu dipèk cêndhake, aja disrontak-srantèkake, apa karêpmu kang wus matêng, tumuli tandangana, kasêlak katalipan pêrlu liyane, môngka wêktu iku ora kêna diundur. Wong petung butuh tumuli nyandhak apa pêrlune, supaya aja mangan wêktune dhewe utawa wêktune kang diajak petung. Aja kasuwèn mênêng, aja kakehan têmbung yèn pancèn ana têmbung kang cêkak. Wong kang têmbunge cêkak iku lumrahe wong kang têmên, candhakan lan pintêr, cêkake iku ngêmu isi akèh (cêkak aos) lan ora adoh karo karêpe kang disêdya. Anane wong bisa nganggo têmbung cêkak lan patitis masthi wus wêruh katêrangane kang dawa. Wong kang durung akèh kawruhe ing têmbung, (kaya bocah kang awit bisa calathu) yèn ngarani utawa nêmbungake apa-apa amasthi nganggo ukara dawa, marga têmbunge durung ganêp, ora wêruh yèn ukara akèh iku kêna diringkês dadi satêmbung (sing dhèwèke durung tau ngrungu). Ewasamono akèh wong tuwa kang mêmulang marang anak putu utawa murid nganggo pralambang [pra...]

--- 67 ---

[...lambang] nganggo ukara mubang-mubêng tur rasane mêngêng, iku apa saking kèhing pangarahe: apa pancèn ora bisa anjêblosake pituduhe. Kosokbaline: wong kang rêmbugan cablaka sabênêre bae, sok ora dikanggokake pangawulane, yèn priyayi: ora diunggah-unggahake pangkate. Yèn barang sabênêre mangkono ora diarêpi uwong, apa wong akèh iku kapengin ujar lêlamisan lan kerasan balaka.

XXVI. Bêgja wong kang nyambutgawe kanthi ati sênêng lan manut pulungane.

Bocah tunggal sêkolahan, dadine uwong masthi seje-seje, kapintêran utawa kabisane padha, nanging sing marakake kamulyane amasthi beda-beda. Pulunge uwong iku ora padha, dene sababe: bokmanawa saka sangat lan dina kalairane§ Bab XXVI botên nyulayani bab XX. Ing bab XX ingkang dipun wastani dina punika: naminipun Sênèn, Slasa, sapiturutipun. Têmbung Sênèn Wage, Slasa, Jumungah, Paing, punika botên ambêkta awon sae. Têmbung-têmbung wau namung: araning dina. Wangsul ing bab XX. Jalaran êmpane [ê...]

--- 68 ---

[...mpane] daya panarike lintang-lintang sapanunggalane lan kèhing bakal kang dadi glêgêre uwong iku masthi beda. Siji-sijine uwong masthi duwe dhasar kapintêran utawa kabisan, iya iku apa-apa kang dadi kasênêngane, têrkadhang awit bocah wis katara. Yèn wus katêmu apa pulungane, iku prayoga diturutana, dituntuna murih dadine bêcik, sabab iku kang bakal dadi kauntungan lan kamulyane. [kamulya...]

--- 69 ---

[...ne.] Pancèn ana pulungan utawa wêwatêkan kang lumrahe diarani ala, kaya ta: dhêmên tukaran, padon, culika, ambalayang. Iku ora dadi apa, jagat ora wêruh ala, kabèh amasthi bakal ana gawene, mung wong kang nuntuni kudu awas, kudu bisa ngênêrake dalan kang bênêr. Aja dipapas, utawa dipêksa menggok marang dalan liya, sabab wong disimpangake saka pulungane iku panyambutegawe masthi ora sênêng, masthi karo mikir apa kang dadi kasênêngane dhewe, wêkasan ora tumêmên, utawa kêrêp kaliru, utawa ora dadi rêjêki. Kaya ta bocah dhêmên tukaran, yèn dituntun dadi prajurit, mèh kêna kapasthèkake pinunjul, gathèkan sinau sabarang kang dadi rêrêngganing prajurit. Bocah dhasar bisa padon, tuntunên dadi wong micara, bocah cêthil dadi juru gêdhong, bocah lèrwèh dadi dhukun utawa tukang têtulung, mangkono sabanjure. Kamulyane uwong iku ora saka gêdhening blanjane, utawa kèhing pawitane, nanging saka pagawean kang disênêngi. Apa manèh ati sênêng iku ngilangake

--- 70 ---

rasa risi, nambar lara, ngènthèngake rêkasa, andawakake umur, mulane wong kang nêmu kapulungane, mêmpêng panyambutegawe, masthi akèh kayane, dadi mulya.

XXVII. Mangan enak lan turu kapenak.

Prayoga wong kang bisa mangan enak lan turu kapenak, nanging ala bangêt wong kang mangan turu. Pangan karasa enak iku ora saka laranging rêgane, akèhing bumbune, utawa aènging pangolahe, lan kèhe kang lumêbu ing wadhuk. Nanging jalaran ora kurang sarine kang mathuk marang butuhing raga lan kabênêran mêthuk karo luwening wadhuk. Wong duwe luwe marga sari isining awake kalong mêtu dening kangelan anyambutgawe. Sari kang mêtu iku jogana sarana pangan, yaiku kang rupa banyu, bôngsa sarkara (gula), garêm (uyah), lênga, lan kang diarani eiwit ing basa Walônda. Ora mung mêrtega bae kang isi lênga, krambil, kacang sabangsane iya mawa lênga. Eiwit iku panganan bangsane putihing êndhog, kaya ta: daging, kèju. Nanging ora kurang [ku...]

--- 71 ---

[...rang] panganan kang nyêpak lan murah: isi sari mangkono, lan tumrape marang awak iku ora beda, upama: kêdhêle, tempe, kacang, lêmbayung, bayêm, lan wowohan sarta gêgodhongan rupa-rupa. Sari saliyane kang kasêbut iku, yèn katut mung sathithik bae ora dadi apa, yèn akèh ngracun awak. Kajaba mangkono, panganan iku ing sawatara anggawa watêk ala utawa bêcik, mulane aja umpakan mêmangan dupèh bisa tuku bae. Tandhane yèn pangan anggawa watêk mangkene: yèn wong têngah-têngah mangan angriyus karikil, nyêplus lombok, amasthi kudu nêpsu, têrkadhang kongsi sadina. Ngombe arak sabangsane sathithik bae: ngundhakake kawanèn ing rêmbug utawa tukar padu, yèn akèh: têtela bangêt alane. Andêlênga ulate wong ngêmut gambir. Kaya mangkono sari sing dudu butuhing awak, malah ngowah-owahake lakuning gêtih, êmpaning èngêtan, dadi ngowahake têtêkon. Dene sing dadi butuhing raga, jangji ora kaduk, ora liya mung dadi bêcik. Wong mêmangan [mêma...]

--- 72 ---

[...ngan] lêgi gurih amasthi marêm lan ayêm sarta sênêng atine, wong ngombe dhawêt bae sajake: mèsêm, bocah angon nisil kêdhêle masthi aring, guyub, loma.

Turu iku nglèrènake utêk kang sayah kanggo mêmikir sadina, kajaba iku makolèhake marang gêtih, bisaa ora karegon ngêjur pangan ing wadhuk lan nyêrot sari pangan saka usus. Turu lan mangan iku padha pêrlune marang wong urip, nanging ora pêrlu diluwihi saka sacukupe kang nyamlêng. Daya iku ora kêna pisah karo barang (sarira), dadi kêkuwatan (nyawa, urip, gawe) iku kudu nganggo sarana wadhag. Lah pangan iku mutuhake awak wadhag, turu iku mulihake daya. Kapenake wong turu: yèn arip. Turu suwe iku ora muwuhi daya akèh, malah banjur ngêthulake èngêtan, nglarani awak. Dadi mangan turu iku ora agawe kapenak, mulane aja kapengin mangan turu. Yèn ora pracaya, turua têlung dina bae tanpa nglilir. Turu iku têka dhewe, ora kêna diundang, mulane wong yèn durung karasa arip, aja paripêksa

--- 73 ---

turu. Uwong bisa masthi ênggone mapan turu, nanging ora bisa masthi sangate turu, lan ora bisa ngarani sêke turu dhèk mau jam pira, dadi ora wêruh (kaya wong mati), kang mangkono iku mratandhani: turu iku ora liya mung lèrèning pôncadriya. Mara bocah loro konên dhisik-dhisikan turu, sing mênang dhisik: kêna nothok sing kalah. Sapa wani totohan bisa turu ing wayah jam sanga thèng. Turu iku lèrène êlèk, wajibe wong turu: yèn lêbar mêlèk, ora wajib turu sadurunge mêlèk. Mangan lan turu iku seje karo utang-utangan, wong arêp mêlèk nonton wayang limang dina, ora kêna diêmpingi turu dhisik têlung dina, wong arêp pasa pitung dina, sanajan sadurunge iku wis mangan warêg kongsi tikêl pitu, iya mêksa karasa luwe. Kêsêle lumaku sapuluh pos ora kêna dibayar dhisik sarana lungguh rong dina sadurunge mangkat. Lah yèn mangkono têtela, yèn lèrèn iku têka dhewe, sadurunge têka: awèh pratôndha, ora kêna digawe, mulane manusa ora wajib lèrèn, (nganggur, [(ngang...]

--- 74 ---

[...gur,] turu, mangan) yèn durung nglakoni gawe. Aja ngêpluk, aja mangan turu.

XXVIII. Sing bênêr mapakake pêrlu.

Samubarang kang condhong karo kêkarêpaning uwong, utawa pêthuk karo kaananing uwong, diarani butuh lan pêrlu. Kabèh-kabèh duwe butuh, duwe kapêrluan, patut dipurih bêcike, sarana ditomboki barang liya. Nanging ora ana barang tanpa gawe, ora ana maujud ala, kang calon kanggo kalahan ditombokake. Mulane iku, yèn arêp murih bêcike kudu nimbang barang loro, gêdhe êndi gawene, akèh êndi butuhe. Yèn andêlêng lêlakon ing donya, barang kang masthi kacandhak dhisik kanggo timbangan, yaiku: awak dhewe. Uwong wajib ngêbotake awake dhewe, lan andhisikake butuhe dhewe. Yèn wus katêkan butuhe dhewe, banjur mikir anak bojo, banjur batihe. Nuli butuhe tôngga têparo, lagi mudhun marang butuhe bangsane, kang kari dhewe butuhe nagara liya. Sarèhne [Sarèh...]

--- 75 ---

[...ne] lumrah uwong iku andhisikake butuhe dhewe, mulane awakmu opènana dhisik sing prayoga, sabab wong akèh kang ngarêpake gawemu: masthi nitik dhisik marang kopène awakmu. Yèn kowe durung bisa ngopèni awakmu, masthi ora bakal bisa ngopèni kang adoh saka awakmu. Wong kang ambombrong, masthi kêndho gawene. Kang ora ngajèni awake lan bojone, masthi ora bisa ngrêngga wong liya. Iku sababe bôngsa ngêndi-êndi ngaji-aji bangêt marang bojone, lan ngati-ati bangêt marang pacakane. Sarampunging awak lan rayate dhewe, lagi bisa têtulung ing tôngga. Suprandene ana wong dhêmên nulungi wong liya, nanging anak batihe dhewe kacingkrangan, lan padha kadumêlan. Wong mangkono iku kapengin dialêm, lan akèh kang pancèn nyênyadhang wêwalês bêcik tumraping dhiri utawa anak putu. Yèn anak putune dhewe ora ngalêm, apa pêrlune ngarêp-arêp pangalêming liyan. lan aja ngarêp-arêp pitulunging liyan, apa manèh ing jaman larang iki, pasthèkna yèn anggêr uwong masthi mikir awake dhewe dhisik.

--- 76 ---

XXIX. Kabèh-kabèh purihên bêcike.

Bêcik têgêse: manut jaman, manut cara kang dieloni, wong kang ngênggoni kabêcikan, amasthi slamêt, mung sajroning golongane dhewe. Bêcik ing tanah Jawa, têrkadhang saru lan ala tumrape marang Cina Walônda. Lah bêcik sing kêdakêna. diênggo ing ngêndi-êndi iku, kang kapriye. Watone mangkene: yèn kowe bisa mranata apa-apa, kang murih wutuh lan mundhak asiling nagara (donya), murih kapenaking anggêr uwong, iku aran anglakoni kabêcikan kang masthi ditômpa ing sadhengah bôngsa. Êndi bôngsa kang isih ngarani ala marang lakumu mau, kèh-kèhane isih duwe salah dhewe, durung nyandhak marang bêcik kang satêmêne. Jagat iki mêruhi: dadi, wuwuh lan wutuh, lan nyirnakake sabarang kang tanpa guna marang dumadi iku. Yèn wong ngênggoni watêking jagat mangkono, kiraku wis ora bisa aran salah. Wong lara diwarasake, têgêse diwutuhake awake, diarah awèting uripe, supaya isiha tumangkar angisèni donya lan ngêtokake asil [a...]

--- 77 ---

[...sil] akèh. Yèn wong mau wus jêmpo, ora ngêtokake asil nanging malah mangan bae, amasthi mati dhewe ora susah dipatèni. Uwit kang wus ora awoh manèh, uga cêlak patine. Sawuse mati, bathange uwit utawa kewan iku ngrêrêgêdi jagat, mulane banjur ana kang ambosokake sarta nglêbur, nganti dadi jad kang lêmbut utawa sari kang alus, kêna disêrot ing tuwuhan kang ênom, ing wasana aluse bathang-bathang mau nguruni uripe têtuwuhan lan kewan ing jaman pamburine. Têgêse: rêrêgêd kang tanpa guna mau, saiki bali dadi sari kang nguripi lan migunani manèh. Bocah utawa uwong kang nakal, utawa nglakoni kasalahan sapira gêdhene, ora wajib diukum pati dicurês turune. Nanging patut dipatrapi paukuman kangelan nyambutgawe, supaya ngrêrewangi ngêtokake asil, sarta besuk samêtune saka ukuman banjur duwe kabisan lan tuman nyambutgawe kang bênêr, maria ênggone agawe pituna. Sanêpson-nêpsonane uwong, mêksa kudu amurih bêcik lan wutuh. Akèh bae wong nêpsu

--- 78 ---

kang mêmêcah grabah, ngrusak pirantining omah, ambuwangi barang, akon minggat utawa nyabdakake matia sarta aja salamêt marang anake dhewe, iku kliru bangêt, apa ora luwih prayoga wong nêpsu anggawe omah gêdhong, nêpsu nyêkolahake anake dibandhani supaya dadia sudagar sugih, apa rêkasa wong nyabdakake anake dadi wadana utawa adpokad. Poma aja ngajap larane utawa karusakane pêpadhamu urip, malah pujinên supaya maria bodhone dadia pintêr, aja dipicakake: nanging konên sing awas, aja kongkon mati: malah pujinên dawa umure supaya katêka marèni kasalahan lan awèta wêruh ing bênêr. Yèn unimu kang ngajap rusak kosalini puji bênêr mangkono, apa mundhak têmbunge utawa kangelane ngobahake lambe. Yèn kowe dhewe diujari uwong kang lumrahe diarani ora kapenak, iya tampanên bêcike, anggêpên pituduh kang mêruhake salahmu, banjur udinên kapriye bênêre. Yèn kowe sing kanggonan bênêr, apa pêrlune mangsuli nêpsu

--- 79 ---

ngatokake kuwanèn. Balik manawa kowe pancèn salah, apa ora wajib narima marang kang mêruhake salahmu kanthi têmbung kang karasa kêrase lan awèt nancêpe ing èngêtanamu. Cêkake: donya iki adhêpna bêcike, sabarang lêlakon tampanên kalawan sênêng minôngka wêwulang, yèn mangkono: amasthi atimu tansah bungah, marakake adoh saka sangsara, andawakake umur, anggampangake sasêdyamu.

XXX. Aja nyêbal saka watoning kodrat.

Sakèh gumêlar lan dumadi iki kodrat, manusa iya anaking kodrat sarta uripe ing dalêm kodrat, kapriye manèh yèn ora kudua manut watoning kodrat. Kabèh kang kita dêlêng iki têka lan lunga manut waton sawatara, laire manusa wus kari dhewe, wêruh-wêruh jagat wus ana umur pirang-pirang puluh èwu taun, mulane manusa ora pêrlu arêp nyumurupi mula bukane ana dumadi, ora susah nakokake sapa sing anggawe jagat, utawa sing andadèkake Gusti Allah,

--- 80 ---

lan ora wajib takon sababe ana iki utawa iku. Rata-rata umure manusa ora mlangkah satus taun. Salagi arêp digawe nonton kaananing bumi kene bae, umur samono iku isih tangèh sêdhênge. Kira-kira manusa iya bisa nitik kawitane alam dumadi, nanging ênggone nitik iku kudu asarana kawruh anjupuk saka kaanan saiki dhisik, sarta suwene ora kêna kurang limang atus taun. Apa kowe sanggup nêkakake umurmu samono. Yèn ora sanggup, trimaa nômpa apa kang wus cumawis nalika kowe lair. Wong bisa migunakake umure marang awake dhewe lan uwong sagolongane bae: wis arang, mulane ora pêrlu yèn arêpa anggayuh kang ora-ora. Prayoga ngawruhana kaanan ingkang gumêlar iki, upayanên wêwatone sakèh lêlakon, supaya bisa angênut tujune. Ênggonmu ngawruhi sarana anggêgurua, sinaua. Guru kang sajati, iya alam gumêlar iki, tontonên, tamatna, titènana, lan tirunên. Kowe dhewe iku gambare jagat iki,

--- 81 ---

sarining jagat iki racukracak. ambakali awakmu, kabèh waton kang dadi têturutaning lêlakon, iya tumeplok ing kowe: mulane yèn kowe wêruh ing awakmu, lan bisa ngênggo awakmu, prasasat bisa ngêpêl alam. Apa sêsurupanmu, cathêtana, tinggalna marang wong saungkurmu, supaya yèn kowe wus mati: anaa kang ambanjurake sinaumu, dadi turun-turunmu saya adoh pandêlênge, enggal pintêr, marga kari nêksèkake panêmumu, lan muwuhi tutugmu. Mungguh watêke jagat iki salong wus kawruhan manusa, kèhe lagi sawatara, nanging sathithik iku yèn digothak-gathukake: pêncar dadi akèh. Upamane mangkene: watêk ênggon-ênggone jagat iki langgêng, salawase panggah, ora ana kang bisa ngowahi. Kaanan utawa wujud kêna owah, ewasamono isih kapurba ing watêk langgêng iku. Apa kang wis ana, ora bakal ilang, sing ora ana: ora bakal têka anyar. Iya ana rêrupan anyar, nanging iku satêmêne mung thuk-thukane apa-apa sing wis ana lawas, kacèk ora padha [pa...]

--- 82 ---

[...dha] adon-adone karo wujud sing wis ana. Kaya ta: dayane manusa, iku asal saka sorot srêngenge kang kêmpêl karo pathi, yèn wong tumandang gawe, daya iku mêtu arupa pêpanas, pêpanas utawa angête awak dadi kêkuwatan, bisa ngêlih barang abot, dene daya kang digawe bôndha angkat junjung iku banjur anggêblas bali marang awang-awang. Yèn wong ora mangan manèh, ora bisa ambalèkake barang mau ing ênggone lawas. Dene wong nganggur, ngêculake daya marang awang-awang tanpa ngundhaki rêrupan ing bumi. Saupama ana sagara asat, ilang banyune, nanging rêrupan banyu iku ambyar dadi uwab kang mumbul ing tawang. Ing liya panggonan ana udan banyu utawa es, iku malihane uwab mau, dudu banyu anyar saka jabaning jagat. Thukulan utawa bayi anyar, iku dudu tiban saka ngêndi-êndi, nanging kêmpêlane sari-sari lan daya kang malêbu ing awaking babone.

Ora ana ênêng, sabarang rêrupan masthi kaserenan obah, sabab alusing jad iku duwe obah munyêr. Isèn-isèning tawang: kabèh obah. Watu kang ora [o...]

--- 83 ---

[...ra] mingsêd iku kadadean saka mêndhang tanpa wilangan, kabèh padha obah dhewe-dhewe, mung grombolane kang gêdhe iku ora katon obah. Mulane manusa ora patut mênêng, yaiku urip tanpa ngêtokake daya kang migunani. Elinga, ta: urip iku iya obah. Wêsi iku atos, nanging bisa mêlar mimpês, dadi perangane sing lêmbut masthi padha obah dadi rênggang lan rêngkêt.

Ora ana maujud kang tanpa gawe. Ana gawene: iku têgêse ngrewangi utawa mitulungi anane maujud liya rupa, ora ngêmungake kêna dipigunakake ing manusa bae. Ana wong ngarani yèn sawijining barang ora duwe paedah, utawa tanpa guna, iku mung andêlêng butuhe dhewe bae, lan durung wêruh kabutuhane rêrupan liyane, amarga cupêt ênggone nênitèni. Wêruha, ta, ing atase jagat, sabarang kang gumêlar iki padha bae, ora mung arêp ngapenakake manusa blaka. Manusa tinitah pinunjul utawa mênang dhewe, iku rak ujare dhewe, saking èpèhe. [è...]

--- 84 ---

[...pèhe.] Lêlabuhan èpèh aja kopamèrake marang jagat, kênane ênggonên ngayoni pêpadhamu manusa kang èpèh. Sarèhne salir wujud iku ana gawene, dadi yèn ilang maujud siji, masthi bakal anggêgawa ilange maujud liya. Kewan kang koarani ama iku ngrusak tanduran kang arêp koêpèk dhewe, nanging kewan mau dadi panganane kewan liya. Yèn kopikir jêro, apa manusa iku dudu gêdhe-gêdhening ama, pari jagung lan têbu pirang yuta bau: sing ora êntèk kêna ing ama manusa. Sarèhne kowe ngaku pinunjul, mara pamèrna gawemu, aja kalah karo kewan ama cilik-cilik, aja kalah karo êlur kang malik lêmah ngisor dadi ana dhuwur tur êloh. Jêblose ing pitutur: aja ngina, aja nyampahi, aja nyuwiyah, aja ngrèmèhake, aja ngrêrusak.

Barang kang wis obah, arêp anglanggêngake obahe. Yèn karêpmu wus obah arêp tumandang gawe, utawa duwe pangarah marang kabêgjan, iya bacutna, nganti kêna kang koarah, aja keguh dening pangkalan cilik-cilik, [cilik-cili...]

--- 85 ---

[...k,] yèn kowe ngêndhoni karêpmu, iku nyêbal saka watone kodrat. Saupama bumi iki mandhêg samênit bae, amasthi donya iki katêkan bilai gêdhe.

Sarupane barang masthi duwe daya panggèndèng. Mêndhang kang luwih dening lêmbut, iku duwe daya kang anggèndèng marang mêndhang liya. Blêdug iku gèndèng-ginèndèng, banjur kêmpêl dadi lêmah sapringkil, ngalumpuk dadi gunung, gêmbêl dadi bumi. Bumi anggèndèng sakèh kumêlip, nganti ora bisa uwal. Mungguh ora mangkonoa: watu kang diumbulake amasthi bablas mandhuwur, lan mega kang kêmpêl amasthi ora bisa tiba dadi udan. Dene dayane panggèndèng siji-sijining barang iku ora padha rosane. Ana barang kang prasasat ora duwe daya panggèndèng. Atine manusa iku iya barang, sarta gêgendengan karo barang sajabane awak, iya iku kang diarani duwe dhêmên, utawa yèn panggèndènge ora pati rosa: dadi ora pati dhêmên. Ngèlmu alam sawêruhku ora nyêbutake ana barang duwe daya panduwa, dadi yèn mangkono ora ana ati duwe daya panduwa, utawa

--- 86 ---

gêthing marang sawiji-wiji, salawase mung anggèndèng nêmên utawa ora nêmên, yaiku dhêmên bangêt utawa ora bangêt dhêmêne. Yèn miturut waton iku, wajibe uwong iku mung dhêmên marang sapadha-padhane dumadi, ora wajib gêthing, marga gêthing utawa ati anduwa iku ora kalêbu waton watêke jagat. Mulane aja anggêthingi, aja ngewani, aja panastèn.

Bundêr iku wangun kang tuwa dhewe. Tontonan ing langit iku padha obah mubêt ing indhêne, ana kang ngiras lumayu bantêr angidêri sawijining titik (manut buwêngan), ora ana kang lumaku manut ênêr kêncêng mangetan banjur bali mangulon. Banyu, angin, lan siji-sijining jad iku solan-salin rupane runtut manut lakuning jinôntra, yaiku bali marang asale rupa kang kawitan kaya lêkêran ula kang ngêmut buntute. Diawas marang lakuning cakra panggilingan, angguronana wangun bundêr iku. Yèn arêp kuwat sapolahmu. Wong akèh padha gêgolongan, rêmbugmu giligna. Dirukun, rukun iku santosa.

--- 87 ---

Sakèh kaanan kudu padha, timbang, ora kêna gèsèh kang bangêt utawa salawase, iku sing marakake ana waton tulak balik lan walês-winalês. Ing aurip aja ambedak-bedakake nêmên, barang-barang kudu nganggo timbangan, ing ngêndi-êndi kudu ana karêp kang padha yaiku rukun, aja ngaji pumpung sabab bakal ana walikane, lan dibisa têpa sarira. Yèn kowe luwih unggul, aja ngilês kang kalah lan aja panastèn manawa ditututi, yèn kowe kalah: wajib nututi supaya padhaa. Nanging patrapmu aja agawe cilakaning liyan, aja kanthi ngalakake kang kotututi. Ewasamono ing donya masthi ana beda, asor lan unggul nanging mung tumrap ing kabêgjan, iya iku kaanan kang dikapingini ing manusa (dadi yèn mangkono bedane iku mung panêmune manusa dhewe). Aja maoni donya dening ora padha kamulyaning manusa kabèh, malah luhurna, sabab iya bedaning kamulyan lan kabêgjan iku kang marakake ana kamajuan.

Pitutur kabèh iku kalêbu ing cêkakan patang têmbung,

--- 88 ---

unine: idhêp, têtêp, madhêp, mantêp. Sing dikon idhêp têtêp madhêp lan mantêp iku: êmpaning pôncadriya angên-angênmu, tandangmu lan tekadmu, polah solahmu. Kaya ta pandêlênging mata, kudu idhêp, apa kang katon: tumônjaa marang utêk pikiran (aja andêlêng tanpa mêruhi kang dinêlêng). Apa kang kadêlêng, kawruhana sing bênêr salawase, elingana. Yèn kotimbang bêcik: adhêpna, tirunên, ênggonên. Apa kang wus kopilih, antêpana, labuhana, andhêmana, aja mèngèng ela-èlu. Mangkono sabanjure.

Tamat.

Serie B. Boekoe kamajengan sarta panglejar manah toemrap tijang ingkang sampoen ngoemoer.

Namanipoen ingkang ngarang ... Namaning serat ... Regi

M. Moedana ... Lampahan ringgit poerwa ... f 0,50 / R.S. Martaatmadja ... Tjatur toenggil ... f 0,90 / A. Dwidjaatmadja ... Resi Boeddha ... f 0,50 / Dr. F.W. van Haeften ... Sesakit èstri ... f 0,14 / B. Sarwana ... Sandi oekara ... f 0,25 / R.Ng. Kartaasmara ... Pakem padhalangan ringgit poerwa, lampahan rabinipoen R. Soerjatmadja ... f 0,80 / R.Ng. Kartaasmara ... Lelara Influenza ... f 0,25 / R.M.A. Soerjaadikoesoema ... I. Lajang koepija ... f 0,60 / Kamsa ... II. Serat pitakènipoen pak Krama. ... f 0,60 / Reksasoesila ... III. Dajaning arak ... f 0,60 / R.B. Soelardi ... Serat Rijanta ... f 0,55 / H.R.M. Soejoed ... Dhedhasaraning wewatekanipoen manoengsa ... f 1,50 / H.R.M. Soejoed ... Serat Pranatjitra ... f 0,80 / Gamber ... Bares-koeres ... f 0,25 / R. Boedidarma ... Serat tjarijosipoen Sang Praboe Soebrata ... f 0,45 / Sasrasudirdja ... Bale warna ... f 0,35 / J. Kats ... Bab panjegahing minoeman keras ... f 0,80 / Soekir ... Abimanjoe kerem ... f 0,75 / R. Boedidarma ... Darmawirja ... f 0,20 / Djakoeb c.s ... Enoet gendhing slendro ... f 0,50 / M. Nitisastra ... Serat Djajaprana ... f 0,25 / R. Kartawibawa ... Mardi tani ... f 0,65 / Jitnasastra ... Kesah lajaran dhateng poelo Papoewah ... f 0,45 / R.M. Kartadirdja ... Toehoening katresnan ... f 0,20 / R. Siswawinata ... Margining kaoetamen ... f 0,50 / J. Kats lan Tjakradibrata ... Babadipoen Pandhawa ... f 6,-- / M. Natatenaja ... Pangandhar bab ngingah tawon ... f 0,20 / Idajat Mangoendirdja ... Pratikelipoen tijang nenanem wonten ing pakebonan ... f 0,60 / M. Sasrasoedirdja ... Sridjoewita ... f 0,42