Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Maduwasita, Padmasusastra, 1918, #30

Katalog:Maduwasita, Padmasusastra, 1918, #30
Sambung:-

Sêrat Maduwasita

--- 0 ---

Pitêdah lêlabuhan nistha madya utama, ingkang kadamêl pêpindhan, utawi dêdongengan: cariyosing sato kewan, utawi cêcukulan, karanganipun Ki Padmasusastra

Tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi

ing Surakarta

Nopèmbêr 1918.

--- 2 ---

kaêcap ing pangêcapan Porstênlandhên Surakarta 1918.

Sêrat Maduwasita

Pitêdah lêlabuhan nistha madya utama, ingkang kadamêl pêpindhan utawi dêdongèngan: cariyosing sato kewan, utawi cêcukulan karanganipun Ki Padmasusastra

Tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta

Nopèmbêr taun 1918.

Kaêcap ing pangêcapan Porstênlandhên

Surakarta 1918.

[cap: Tan Khoen Swie]

--- 3 ---

Orong-orong kalihan manungsa.

a. Manungsa, bok aja bangêt-bangêt unimu kowe orong-orong, tanpa uwis ambrêbêgi kuping, aku ora bêtah ngrungokake, upama nganggo mênêng sadhela kêpriye, apa gêla atimu, uni kang tanpa ênêng, ora ana sing ngowahi,ngopahi. kabungahanmu apa.

b. Orong-orong, kabungahanku: nukak, lêga atiku, saka panasing ati ngubalake urubing panca indriya atiku panas, olèhmu mubra-mubru kêcèh dhuwit, mangsa oraa nyolong: ora.

a. Pancèn si kêparat kowe iku, ngêndi ana wong kêcèh dhuwit, dhuwit-dhuwite dhewe, olèhe golèk-golèk dhewe, kangelan-kangelan dhewe, dipanasi, mari-mari jaba yèn wis dakidak omahmu, cik bèn pèndèng awakmu, sesuk omahmu amêsthi takbungkar, kowe bakal katon mandhêlis, banjur takpithês dakpakakake ing ayam alas, (siti lajêng kaidak-idak, orong-orong: cêp botên mungêl malih).

--- 4 ---

Ngibarat

Punika ngibaratipun tiyang rêmên mungêl-mungêl wontên sêrat kabar, amaoni parentah utawi angawon-awon tiyang, botên kèndêl-kèndêl manawi botên dipun kapokakên kagugat ing parentah.

Adigang, adigung, adiguna

Ingkang mungêl ing Sêrat Wulangrèh kaca 9 larikan 3 kados ing ngandhap punika:

Ana pocapanipun / adiguna adigang adigung / pan adigang: kidang adigung: pan èsthi / adiguna: ula iku / têlu pisan mati sampyoh //

Si kidang umbagipun / angandêlkên kêbat lumpatipun / pan si gajah ngandêlakên gêng ainggil / ula ngandêlakên iku / mandine kalamun nyakot //

Têrangipun ngibarat têtiga wau makatên:

a. Kidang ( = adigang ) watêkipun ngandêlakên kêbat lumpatipun, punika ngibaratipun tiyang rêmên ubad-ubêd, nyambut mrika dipun sukakakên mriki, utawi kosok wangsulipun, utawi tumbas barang jangji nicil, dumugi ubanggi cidra, sarêng dipun têtêr, barang lajêng dipun gantosakên, [ganto...]

--- 5 ---

[...sakên,] yatra salong kacicilakên, tirahanipun kangge kabêtahan, dumuginipun ubanggi: bayar cicilan ingkang kaping kalih: bingung, makatên salajêngipun, wusana manggih tiwas, dening baudipun ubad-ubêd.

b. Gajah ( = adigung ) watêkipun ngandêlakên agêng inggil, punika ngibaratipun tiyang agêng ingkang ngunggul-unggulakên sariranipun rêmên dipun umpak, blaba botên mawi êmpan papan, icaling kasugihan dening kadamêl brèh, dhumawah ing kamlaratan, sarêng lan icaling kautaman, karakêtan ing kanisthan sarta kapêksa kêdah anglampahi, kaduwungipun sampun kasèp.

c. Sawêr ( = adiguna ) watêkipun ngandêlakên mandining upasipun, mênawi nyakot, punika ngibaratipun tiyang ingkang ngunggul-ngunggulakên kasagêdanipun, dening samukawis kasagêdan dipun dalajahi, sarêng dipun nyatakakên malendo, kawruhipun taksih mêntah, dèrèng matêng, botên pajêng dipun sade, wusana dhumawah ing papa.

Asu

Sagawon punika sami-sami kewan anglangkungi sêtyanipun dhatêng ingkang ngingah, jêg praos botên dipun ingoni [i...]

--- 6 ---

[...ngoni] botên purun minggat, tur agêng paidahipun, anjagi griya ing wanci dalu, ngungkuli tiyang kêmit, têngèn sangêt, mênawi wontên tiyang langkung ingkang dèrèng têpang: dipun jugug. Langkung malih mênawi kambah ing durjana, botên namung jugug malah nyandêr kadugi nyakot, ingkang gadhah griya tangi, wilujêng botên siyos kapandungan.

Têtuladan

Antêping sêgawon sêtya tuhunipun manah, rumêksa sarta trisnanipun dhatêng ingkang ngingah, pantês dados têtuladan, ingkang nganggit kêpengin gadhah pambêkan makatên, nanging botên sagêd, ingkang kêcandhak sawêg sêtya tuhuning pangabdi, saanak putunipun sami suwita ing panjênêngan nata, botên gadhah cipta bosên utawi ngalapdho ( = nandhingakên ) ing pangawulan.

Asu a Zie jago

Asu kalihan kucing

Sagawon langkung sangajênging kucing: pabên.

a. Sagawon, kowe kuwi sabên-sabên aku liwat [liwa...]

--- 7 ---

[...t] rada cêdhak kowe, kowe banjur mêrkungkung ngingisngisis. siyung karo anggêrêng, sirmu bae kêpriye, apa aku kokkon wêdi, wêdiku mênyang kowe: mung yèn ana ngarsane bêndara, dening bêndara banjur duka mênyang aku, aku sing dikalahake, andikake lunga, tarkadhang digêbug, ora nganggo dipriksa bênêr luputing prakarane. Balik iki ana ing latar sarta bêndara wis sowan, kowe arêp apa, apa akon anglêthak êndhasmu. Wong padha suwita bok aja mêngkono, sanadyan kowe turu ana ing kasur karo bêndara, aku turu ing blubukan ijèn, kowe wong lagi kêbênêran, nanging èlinga yèn kowe durung bisa ngilangake araning batur, mung lagi katrima bae.

b. Kucing, saiki aku wêdi karo kowe, nèk kokkêrêg, mêngko yèn bêndara wis kondur sarta padha ngadhêp dhahar ana ngarsane, aku mêsthi anggêrêng supaya kowe dipala asu kaya sabêne.

Ngibarat

Punika ngibaratipun tyang suwita ing panjênêngan ratu: kasihan, saparipolahipun ingkang damêl sêriking liyan [li...]

--- 8 ---

[...yan] namung dipun kalumuhi, awit mênawi dipun puruni: wadul, wadulipun inganggêp ing Sang Prabu, punika amêdosi sayêktos.

Ula Zie adigang. lett c.

Ula a. Zie kênthus.

Ula b.

Ula lareangon, zie banyak.

Ulêr, utawi kupu

Ulêr punika gêgrêmêtan kêsèt, manggèn ing gêgodhongan bakaling awakipun, (ulêr cubung manggon ing wit cubung, ulêr jêram inggih manggèn ing wit jêram) godhong ingkang dipun panggèni ngiras dipun têdha ngantos ludhês, angolah ngalih dipun ênjah-ênjah, sampun saèstu sagêd nêlas-nêlasakên godhong. Awaking ulêr lêma aginak-ginuk, dhasar kinajrihan utawi ginilan ing manungsa dening wulunipun anggatêli, gêsangipun prasasat ingêmong ing Pangeran, sanadyan prasasat tanpa sambekala, ewadene gadhah èngêt rumaos dosa [do...]

--- 9 ---

[...sa] ing Pangeran, anggènipun ngrisak godhong botên mawi dugi prayogi, adamêl kêraning wit-witan, tarkadhang kêlajêng pêjah, ciptaning manahipun:

Aku kiye tinitahake urip mungging Pangeran, ingandikakake bêcik, ora ingandikakake ala, yagene aku nglakoni mangkene: nanging ujaring kitab, dosa iku kêna ditobati sarta olèh pangapura, rapale: wajida wajidahu, maknane: ( = têgêse ) sapa têmên-tinêmênan, sanadyana nyuwun malih rupa, salin pakarêman, adhuh nyuwuna bisa mabur pisan iya diparêngake, awit Gusti Allah sipat rahman lan rakim, têgêse murah ing dunya asih ing akirat.

Ulêr lajêng anglampahi tapa brata pêjah salêbêtipun gêsang, acêgah nêdha cêgah tilêm, ambuntêl awakipun kalayan brêbêgan kajêng garing, dipun kêlètakên ing awak kalayan iluning cangkêm, awakipun sakojur kêbuntêl rapêt, botên kalêbêtan hawa saking jawi, botên kêpanasan sarta botên kêjawahan, namung lapisipun ingkang kêtaman, konthal-kanthil wontên ing pang alit, nama: ngênthung, Sarêng dumugi mangsanipun nêtês, awit [a...]

--- 10 ---

[...wit] saking kamirahanipun Pangeran, ical sipating ulêr santun warni malih kupu, mawi êlar bagus warninipun, dados rêrêngganing awak, dhasar laripun mawi corak pating plênik, amara sêmu ngyungyunakên pandulu, sagêd mabur ngambara silum rikat angeram-ngeramakên, kuwawi ambêkta awakipun: dangu, lajêng mabur tan akêsêl, ngupados donyanipun maduning sêkar, ngantos dados paribasan: mabura kaya kupu. Gêsangipun lêstantun wilujêng ngantos dummugi ing pêjah, sirna namaning ulêr satruning jagad, santun nama kupu rêrêngganing jagad.

Pêpindhan

Manungsa nalika taksih nèm, ambêlasar awon kalakuwanipun, botên anèh, dening botên sagêd mêkak hawa napsunipun, sarêng sampun sêpuh punapa inggih taksih dipun lêstantunakên, botên manah dhatêng sae, punapa kawon kalihan tekading grêmêtan ulêr, sagêd mantuni kalakuwanipun awon. Mongka jangjining manungsa ingkang kenging winastan awon punapa sae, dumugi titimangsaning pêjahipun, kala rumiyin sae sapunika awon, winastan awon.

--- 11 ---

Kala rumiyin awon sapunika sae, winastan sae, inggih punika lêlampahanipun Radèn Said = Sunan Kalijaga, ênèmipun lampah ambêlasar, sêpuhipun dados wali panutup, utawi wali kutup.

Alas Zie macan

Naga, Garudha lan Dewa

Ing Sêrat Panitisastra kaca 97/11, wontên cariyosing naga, apawong mitra kalihan dewa, nanging gadhah satru pêksi garudha, mêkatên cariyosipun:

mapan jênênging urip puniki / aja ta nora arsa darbeya / saraya iku têgêse / pawong sanak satuhu / ana uga tinelad kadi / kalanira sang naga / lumayu binuru / dening sang pêksi garudha / duk kêpanggih Bathara Sramba mangkyangling / èh naga mulanira //

sira lumayu kapati-pati / ana apa: sang naga turira / pukulun amba wiyose / binujêng garudha gung / kêdah mangsa mring kula ajrih / dhatêng pêksi garudha / amba nyuwun tulung / pukulun angsung ngagêsang / Sramba angling: lah iya ingsun tulungi / mulêta guluningwang //

ya ta sang naga kumalung aglis /

--- 12 ---

mring jangganira Bathara Sramba / dadya sawit batharane / sang garudha gya rawuh / myat ing naga mangkya wus dadi / sawit ing badan Sramba / langkung ajrihipun / arsa nêmbahana naga / lunga tanpa sêmbah ila-ila dadi / saking luhur sêmbahnya //

Pathining Raos

Mênggah ing agêsang pêrlu gadhah saraya utawi mitra sae, kadhingkala asring sagêd ngêntasakên badan saking kêdhunging kasusahan.

Cêcak Zie tawon dowan.

Rayap

Rayap punika gêgramêt ingkang ngrisakakên griya, dipun krikiti rintên dalu, kathahing rayap ewon, lêksan kêthèn, malah kenging kaumpèmakakên tanpa wicalan, manggèn salêbêting siti salêbêting griya, utawi damêl gumuk manggèn sanjawining griya, ing papringan, utawi ing patêgilan, manungsa botên sagêd ngrisak griyaning rayap salêbêting griya, awit angrisakakên jogan, utawi panggènan sanès-sanèsipun ingkang dipun anggèni rayap. Rayap punika gadhah

--- 13 ---

ratu nama gundhik, warninipun jiblês olan-olan, botên sagêd anggrêmêt saking lêmanipun, wontên salêbêting lêmpung griyanipun saukuring awakipun, bolong ngandhap nginggil, katingaling gundhik, mênawi kapêcah, dipun panci têdha dening balanipun, damêlipun namung nigan, kathahipun tanpa wicalan, punika ingkang murugakên rayap saya ngrêda.

Rayap mênawi sampun sêpuh mêdal laripun, lajêng santun nama laron, sami mêdal saking lèngipun ngumbara silum tanpa sêdya, ingkang andhap binujêng binutuhakên dados têdhaning ayam rêbatan kalihan lare-lare mawi mungêl: êndhèk-èrèk dhuwur kêncur, ingkang nginggil dados têdhaning pêksi tiyang pados laron inggih wontên, mênawi mêdal enjing sarana dipun celung (damêl wokan sacêlaking lèngipun, laron anggrêmêt mêdal dèrèng ngantos mabur kêcêmplung ing wokan, namung kantun angukupi kemawon, mênawi mêdal dalu kapasang dilah wontên têngah tampah, laron murugi dilah kantun nguyêg kemawon pothol laripun), laron kenging kadamêl nêdha, kadadar kalihan tigan raosipun gurih.

--- 14 ---

Ngibarat

Laron dados ngibarating manungsa, tiyang nèm ingkang nuruti hawa napsunipun tansah jibar-jibur anêlasakên barangipun sanak sadhèrèk ingkang dipun ênggèni ngantos dumugi sêpuh dipun kèndêlakên kemawon, dangu-dangu rasa risi awakipun piyambak, kesah saking panggènanipun tanpa sêdya, wontên ing margi manggih papa sangsara, punika ingkang nama adiling Allah.

Utawi dados ngibarataning pandung, bilih taksih winongwong ing Jawata: wilujêng, sarêng sampun kathah sundukanipun kacêpêng tiyang wontên saênggèn-ênggèn, sanadyan ingkang botên nate dipun awoni: inggih dados mêngsah.

Kinang

a. Suruh, aku sing dadi baku araning kinang, ora ana aku, ora ana kinang.

b. Jambe, mangsa, sadurunge tinêmu kowe kêna dikinang, aku wis andhisiki dikinang ing widadari.

c. Gambir, nganggowa suruh, nganggowa jambe, yèn ora nganggo aku (gambir) mangsa bisaa abang.

--- 15 ---

d. Ênjêt, abangmu sêpira yèn ora ana pitulunganku (ênjêt), mangsa enaka dikinang, manungsa ora doyan.

e. Bako, wis aja padha gumêdêr, kabèh-kabèh luput, sing bênêr mung aku (bako), wong nginang tanpa bako, tanpa rasa enak mung kêmba suwe-suwe dadi sêpêt.

Manungsa, mêngko-mêngko: ta, aja padha rêbut bênêr, takkandhani padha rungokna:

Wiwite ana wong nginang, sapisan saka widadari pipitu ing kaendran, pangarêpe aran Dèwi Supraba, kang dimamah mung jambe thok, mulane diarani mucang, têgêse: anjambe ( = mamah jambe ) dening pucang uwiting jambe. Pêrlune mung ginawe ngilangake ambuning abab, sinangkalan, Rudra obah paksa muksa = 269 P.R. I 248-6 v.o.

Nuli Sang Hyang Kamajaya lan Dèwi Ratih: karsa anggantèn warna têlu, jambe gambir lan ênjêt, bisa ngabangake lathi, mulane diarani: nigan saka andon warna têlu mau, sinangkalan: rasa gora kacaksuh = 276 P R. I. 253-4.

--- 16 ---

Nuli manèh Sri Maharaja Kano ( = Kanwa Bathara Wisnu) karsa amuwuhi aduning kinang suruh lan bako, dadi warna lima karo kang dhisik, jambe, gambir lan ênjêt, sinangkalan: Panca Warna Katon Muluk = 345 P.R. II 42-9.

Liding dongèng:

Sampun angunggul-unggulakên utawi ngatingalakên kuwasa badanipun piyambak, sayêktosipun: unggul sarta kuwasaning tiyang, saking tiyang kathah, botên saking badanipun piyambak.

Kênthus kalihan sawêr

a. Sawêr, kowe anuana. apa kapêthuk aku nganggo malêmbung, aku rak ora tau munasika marang kowe, doyanaku kodhok, dudu kênthus.

b. Kênthus, sokur nèk kowe ora doyan awakku, dene olèhku malêmbungake awak jagaruna yèn koksikara, angèl-angèla lêbune awakku mênyang wadhukmu.

Liding dongèng:

Tiyang awon kêlakuwanipun, sanadyan anglampahi

--- 17 ---

pandamêl sae, inggih dipun sigèni ing tiyang.

Kacang

Kacang cina zie pari

Kucing zie asu

Kucing kalihan kuwuk

a. Kucing, O sadulurku kowe kêtêmu ana ing papringan, aku arêp ambêbuwang wêruh marang kowe, geneya kowe umpêtan wêdi ing manungsa, apa dosamu, dene aku iki disihi bangêt, turu awèh awor ana ing kasur.

b. Kuwuk, puluh-puluh kêpriye wong wis garise awakku, malah yèn manungsa wêruh aku, aku dilokake kuwuk, kuwuk: ora, kucing, kucing, dadi aranku kucing, manungsa wis ora nganggêp, dilih aran kuwuk, iku olèhku andhêlik ana ing barongan ori.

a. Sababe apa kowe dicêri-cêri.

b. Êmbuh, ayake mung saka gêthinge bae.

a. Sing makani kowe sapa.

--- 18 ---

b. Ora ana, yèn bêngi aku saba mênyang pomahan malêbu ing gandhok, yèn ana sêga iwak kang disinggahake ana ing kono: takpangan.

a. Nyolong iku arane.

b. Iya sakarêpmu olèhmu ngarani, bot-bote wong ngêlèh nêmah marang laku ala.

a. Yèn ora mranggul sêga iwak: kêpriye.

b. Yèn ana pitik dakdêkêp banjur takgawa mlayu.

a. Iya iku sing marahi kowe disrêtu ing manungsa.

b. Disrêtu iya bèn, mangsa bisa anyêkêl aku: ora.

a. Bok aja mêngkono kêpriye: taksuwunake pangapura marang bêndara, ngèngèra manèh kaya dhèk isih cêmèng kae biyèn.

b. Saiki aku ora bisa awor kowe, wis narima dadi kuwuk bae, amarga wong ngèngèr iku abot, bêcik dadi wong angguran, sakarêp-karêpe dadi, arêpa malang sumirang ora ana sing maoni.

Liding dongèng:

Durjana dipun purih mantun mandung: botên sagêd, sanadyan [sana...]

--- 19 ---

[...dyan] dipun sukanana balonja kathah: botên malik, awit kêdah linampahan sawulan muput, beda kalihan mandung namung linampahan jam-jaman, tur angsal-angsalanipun angungkuli kathahipun balonja sawulan, prakawis bêbaya pêjah, botên kamanah, sanadyan botên kesah-kesah saking ngambèn inggih kenging pêjah.

Kidang Zie adigang Lett. a.

Kutuk kalihan wadêr alit-alit

Wadêr pari, pirêmbagan sami wadêr pari.

Ayo padha ngalih saka ing kêdhung kene: mênyang ing bantaran kana.

Anu apa nganggo ngolah-ngalih, ing kene wis kêbênêran, banyune adhêm kayoman pang ing wit ingas nganti klangsrah ing banyu, banyune ora ngèlèkake awak, akèh êndhêg-êndhêg kang kêna pinangan.

Bênêr: yèn oraa ana amane.

Amane apa, aku kowe isih padha cilik-cilik, klêbuwa ing wisayane wong apèk iwak, iya diculake,aku kowe durung enak dipangan.

--- 20 ---

Bênêr yèn ama saka panggawening uwong: ora, nanging apa kowe lali pituture si biyung, ora olèh dolan karo kutuk, môngka ing kêdhung kene kadhaton kutuk.

Kutuk apa dadak wêruh marang aku, wong gêdheku lagi sadami mene, dhèwèke lamur, sanadyan aku ana ing ngarêpe: iya ora wêruh.

Kandhamu lamur, yêktine malah awas bangêt, ngungkuli bangsaning iwak kabèh, mulane ana paribasaning manungsa: kutuk apilaur, prasajane: kaya kutuk ethok-ethok lamur, supaya ora disigèni olèhe momor sambu karo iwak akèh, nèk ana iwak sing kalimpe, amêsthi disarap kalêbu ing wêtênge, aja manèh sing kaya aku kowe, lima sapuluh diuntal barêng.

Dèrèng dumugi anggènipun rêmbagan kutuk mêthongol saking rong, amitambuh botên sumêrêp dhatêng wadêr sarta anêbihi panggènanipun, wadêr pari lajêng sami anggêblas kesah.

--- 21 ---

Liding dongèng:

Kalakuan awon, sanadyan tinutupan rapêt, sagêd brabas mambêt angèbêki jagad.

Kuwuk Zie kucing.

Kuldi Zie sapi.

Kupu Zie ulêr.

Kêmladhehan kalihan pang jambu

a. Pang jambu, aku ora nyana pisan-pisan yèn kowe ora gêlêm lunga-lunga saka kene, kêlèt ana ing awakku. Wiwit kowe isih dadi têlèk takitik-itik takwèhi pangan saka banyuning awakku nganti angagrakusika (lunglit) kowe ora pisan duwe piwêlas lan panarima mênyang aku.

b. Kêmladhehan, tumitahku urip ajalaran saka kowe, iku wis kudratullah, padha bae karo tumitah ing manungsa saka bapa biyunge. Aku manèh sing sipating [si...]

--- 22 ---

[...pating] kêkayon bisaa awèh panarima marang kowe, cacak sing manungsa akèh sing ora ngèlingi utawa malêsi marang kabêcikaning bapa biyunge.

a. Pang jambu: Yèn sipating uripe ora gêlêm tulung tinulung, mung amburu uripe dhewe, adate sok ora bêcik dadine, êmbuh sajalar-jalarane, titènana bae karo olèhmu jibar-jibur.

Kacariyos saya lami kêmladheyan saya nyrêkakah lajêng asêkar, pêntil, awoh ngêmohi dados têdhaning pêksi alit-alit, trubusing oyodipun kêmladheyan saya kathah anggubêd pang jambu. Pang jambu saya kêra lajêng alum. Wusana pêjah, dangu-dangu garing, kêmladheyan botên nyana pisan-pisan mênawi pang jambu sagêd pêjah piyambak, botên kalihan witipun, kêmladheyan botên angsal têdha, sangêt kêduwungipun anggènipun ngêmos-êmos têdha, botên mawi dugi prayogi awèt-awèta ingkang wingking, nanging kaduwungipun sampun kasèp, wusana alum nututi pêjah, lajêng garing kados pang jambu.

--- 23 ---

Liding dongèng:

Anak ingkang sampun diwasa botên purun pisah kalihan bapa biyungipun sarta taksih dados damêl, pêjahing bapa biyung, awakipun katut pêjah, namung kaot botên tumut dipun pêndhêm.

Pitutur

Elinga yèn pawèhing biyung, ora nyukupi mungguhing awakmu, nganggo diwratakake marang sadulur-sadulurmu, dadi kudu budidaya dhewe.

Kêbo Zie macan.

Kêthèk ên Jaran

Kêthèk ngrêsula kawêdal wontên ngajêng kapal, têmbungipun:

a. kêthèk, yatalah takdire awakku, diingu ing manungsa dicancang cêthikku karo walulang mawa rante cêndhak, ora bisa mrana-mrana, nguyuh ngising ngênggon, ngungkuli wong pranteyan, panganku mung sêga sakêpêl, jagung satugêl, wowohan sing ora enak dipangan ing manungsa, pagaweanku tunggu si mêkothok (jaran)

--- 24 ---

yèn dipèk maling, aku mêre krungu wong kêmit ing pandhapa, malinge lumayu, sawêngi kêcêput aku ora bisa ngliyêp, beda têmên karo sing taktunggu, sawêngi anggamos mangan sukêt, yèn awan mangan komboran, sukêt dicacah diwori dhêdhak, têrkadhang nganggo gabah arang, ora lali yèn bêndara mênyang gêdhogan nyangking gêdhang: salirang, dipakakake kabèh, aku ming disêmpèlake saulêr, pagaweane ora mandra mung yèn bêndara lungan cêdhak-cêdhakan ditunggangi, ulihe cangkême dituruhi, banyu ana ing carak banjur diidêr-idêrake, mèn mari kêsêl, yènta kêsêla, samono bedane wong kabênêran, karo wong kaluputan.

b. Kapal mirêng pangrêsulaning kêthèk: nyauloni, bok aja mêngkono kowe kêthèk, kowe mitraku bêcik kang rumêksa ing kaslamêtanku ing wayah bêngi, aja kongsi dipèk maling, digawa marang pajagalan banjur dibêlèh, iku gêdhe pitulunganmu marang aku, aku rumangsa durung bisa malês, nanging pangrêsulamu aku koksêngguh mangan turu angenak-enak, ora nyambut gawe kang rêkasa, iku luput pangiramu, iya bênêr panggaweanku [pang...]

--- 25 ---

[...gaweanku] ènthèng, wong kowe ora ngrasakake, têmêne abot, aku iki kajibah nanggung kasugêngane bêndara, mindêng pagaweanku rinèh ing panêgar, aja kongsi tumiba ing luput, yèn ngantiya luput, ora dikanggokake olèhku suwita, ngungkuli kasusahanmu, mulane atiku tansah kêtir-kêtir kaworan maras, gorèh sadina-dina, iku apa kêna kokarani kamulyaning urip.

Pasêmon:

Punika pasêmonipun tiyang alit (kêthèk) ingkang mèrèkakên kamulyanipun tiyang agêng (kapal) ingkang ngasta bangbang pangalum-aluming nagari, winastan sakeca, yêktosipun botên.

Dara kalihan drêkuku

a. Dara, kowe mitraku sing taktrêsnani dhewe, bêkurmu agawe sangsême atiku, mèmpêr kaya swarane bêkurku, nanging ora pisan ngèmpêri, bêcik bêkurmu.

b. Drêkuku, aku iki kokumpak: dadi.

a. Ora ngumpak, mung sanyatane bae, adu drêkuku, [drêku...]

--- 26 ---

[...ku,] kowe iku bok kaya aku, aku bungah duwe kônca kowe.

b. Apa sing kokpamèrake, sihing manungsa marang kowe. a. Aku digawèkake omah cilik acèkli (pakupon)(pagupon).

ana sandhuwuring cagak dhuwur, wangun limasan, èmpèr ngarêp disinggêd kanggo paninisan, sinambungan palataran anjang-anjang, ginawe dhedhe ing wayah esuk, yèn srêngenge wis madhangi jagad angilangake lamuk ing awang-awang, aku nuli digêtak karo dikênthongi, aku banjur mabur kalangan mênyang ing langit nganti kêthap-kêthap cat katon cat ora, mung iku kang dadi pagaweanku, manungsa bungah bangêt, yèn wis antara suwe, aku nuli nglayang mudhun ngênêr paguponku, ing kono aku wis dicêpaki pakan sêga wadhang satampah dicarubi katul, ora susah kangelan ngupaya pangan dhewe, wis dipanci-panci mangan ping têlu sadina.

b. La, ya, wong kowe dara Jawa, rumasamu wis kêpenak, uripmu mung karo sêga wadhang, koksêngguh wis ora ana pangan manèh kang ngungkuli. Cêkake kowe kêsèd, [kê...]

--- 27 ---

[...sèd,] ora dhêmên kangelan dhewe kaya aku, mungguhing aku ora mêngkono, dhêmên ora ana sing ngingu, dadi wong mardika golèk pangan dhewe bisa nandhing milih, mungguhing manungsa kowe iku dhêmên dadi abdi dalêm, utawa abdine Kangjêng Guprêmèn, aliyas kêthiplak, mulane kowe tansah mêndhak-mêndhak kaya liwêt, rak iya: ta, nyatane, ora ana priyayi sing sugih, kabèh mlarat, sanadyan sing wis apangkat gêdhe iya ora bisa sugih, beda karo wong banija tanah ngatas angin, utawa sabrang, kasugihane ana kang tanpa wilangan, mukti wibawa kaya ratu, marentah wong ora ambalanja. Sarèhning aku manuk, tinitah urip dening Pangeran, panganku wis pinanci sumêbar ing bumi, aku mung kari mêmilih apa sasênêngku, ora kaya pandumanmu pêpancèning manungsa, sêga wadhang wis mambu, pêrane sarana dicarub karo katul, kokpamèrake marang aku, ora manjing. Karo dene manèh kowe ora ngèlingi panganiayaning manungsa, kowe digêthik digawe lawuh mangan, ora ngêrês-êrêsi ati, wis lumrahe manuk dibêlèh, balik [bali...]

--- 28 ---

[...k] kiyik-kiyikmu kang lagi sumuri-suri: di-tim, ginawe tômba kuwat, kowe iya narima bae, ora duwe prihatin, katungkul olèhmu mangan sêga wadhang sabên esuk, nganti diarani sêprapating manungsa, yènta kowe manungsa. Sarèhning aku lan kowe beda panêmune, bêcik andum slamêt bae. Dene sayogane kok lakoni suwita ing manungsa, golèka sih piwêlase bêndaramu bae manèh, marine anakmu di-tim kanggo pikuwating uripe.

Pasêmon:

Punika pasêmonipun tiyang Jawi anggènipun nandhang papa cintraka.

Drêkuku Zie dara bov.

Dewa Zie naga.

Tawon dowan kalihan cêcak

Cêcak pados mamangsan cêlak kalihan galodhog ingkang dipun ênggèni ing tawon dowan.

a. Tawon, kowe aja cêdhak-cêdhak galodhog,

--- 29 ---

aku dhèk wingi kelangan anakku sitok, amêsthi kowe kang nyolong, lagi taktinggal sadhela, lunga golèk madu.

b. Aku ora nyolong anakmu, dhèk wingi aku ora saba mrene.

a. Yèn dudu kowe: iya kancamu. Cêkake kowe lungaa saka kene.

b. E, e, athik kaya sing duwe Sênèn Kêmis, nundhung wong golèk pangan, apa iki omahmu.

a. Apa kêlakon kowe takantup.

b. Antupên, aku ora wêdi karo dhapurmu. Kêlampahan cêcak dipun êntup, nanging botên kadamêl raos, namung sakit sakêdhap lajêng mantun. Cêcak murugi tala anggondhol gananing tawon satunggal-satunggal lajêng kesah. Tawon giris kambu kesah saking glodhog.

Liding dongèng:

Durjana botên ajrih ing damêl, yèn ingkang gadhah griya tilêm, dene ingkang dipun ajrihi tiyang mêlèk, nanging durjana kècu (cêcak) lêpat ing sêmbur.

--- 30 ---

Tawon tutur Zie jangkrik

Têpak Zie lalêr

Sapi

Lêmbu jalêr èstri rêrasan, têmbungipun:

a. Wong wadon, aku krungu kabar, karsane bêndara, anakmu pêdhèt wadon arêp disinaokake magawe awor karo pêdhèt lanang, supaya ing têmbe yèn wis laki aran sapi wadon, ora beda karo bojone: sapi lanang, aja kaya kang uwis mung dadi sapi pêrêsan bae.

b. Wong lanang, mungguhing aku sapi wadon, mathuk kaya karsane bêndara iku, awit ingatase manungsa panganggêpe mênyang sapi wadon, salawase mung disêpèlèkake bae, beda mênyang sapi lanang iku sing dianggêp pêrlu.

a. Aku iya ngarani bênêr panêmumu mau, nanging ana manèke sathithik bab kumpuling lanang lan wadon, sok ora bêcik dadine, paribasane [pari...]

--- 31 ---

[...basane] ana: gêni sandhingan duk, ora wurung nylomot, rusaking pagêr ayu nêmu cacad gêdhe.

b. Prakara mangkono iku aja kopikir, jaragan sapi Jawa, ajine mung saprapate sapi Bênggala, sing pêrlu iku undhaking aji saka disinaokake, lawas-lawas bokmênawa bisa padha karo sapi Bênggala. Karodene manèh ora mung bangsaku sapi Jawa bae kang ala, sanadyan sapi Bênggala lan liya-liyane iya ana kang ala. Ing layang Sastra Wursita karangane sujana Samaasmara, muni: ora ana umat kang tanpa cacad.

Pasêmon:

Punika pasêmonipun tiyang Jawi anggènipun badhe ngajêngakên bôngsa, anak-anakipun èstri sami badhe dipun sêkolahakên kados caranipun bôngsa Eropah. Ingkang nganggit sampun ngrumiyini putunipun èstri dipun sêkolahakên Walandi, namung dumugi ing pamulangan andhap ngantos tamat, sarta sampun pajêng laki angsal doktêr Jawi, sênêng gêsangipun, sagêd satata kalihan pangagênging nêgari bôngsa Eropah kakung putri, sêmantên indhaking kadarajatipun lare pangajaran.

--- 32 ---

Sapi en kuldi

Ing Sêrat Cariyos Sèwu satunggal dalu jilid I kaca 28 wontên cariyosing lêmbu kalihan kulsi, makatên:

a. Sapi, èh Kuldi, kowe iku bêgja têmên, yèn dak rasak-rasakake mungguhing kasênênganmu, apa dene pagaweanmu, kowe nganggo dirêksa wong siji, kang angguyang, makani lan ngombèni, gawemu kang abot dhewe mung ditugangi ki sudagar, yèn lêlungan cêdhakan, kajaba saka iku kowe nganggur bae. Ingatase panganggêpe wong mênyang aku, sulaya bangêt karo panganggêpe mênyang kowe, kowe bêgja, aku cilaka, barêng karo byar, aku wis dipasangi waluku nyambut gawe ana ing têgalan utawa ing sawah, bubare wis awan, sorene dipasangi waluku manèh bubare sok nganti wêngi, bangêt sayahku, tarkadhang nganti ngêntèkake karosanku, ki juru sawah tansah ana ing buriku karo mêcuti ora lèrèn-lèrèn., saking rosane olèhku anggèrèt waluku, guluku nganti mêlècèt. Yèn wis rampung olèhku nyambut [nya...]

--- 33 ---

[...mbut] gawe, aku dipakani kacang aking, rêgêd kaworan wêdhi, ora nganggo diulapi pisan-pisan, lan dipakani liyane kang ala-ala, sêmono iku durung tutug cilakaku, sawise aku mangan ora enak, wêngine aku turu ora kêpenak, awor karo talethongku, iya iku sababe kawruhana, mulane aku kêpengin kang kaya pêpêsthène awakmu. (Kuldi botên mangsuli wicantên, namung dipun uja kemawon, sarêng sampun dumugi, kuldi mangsuli):

b. Kuldi, kowe iku sapi, yèn dak arani bodho mangsa bisa amangsuli, yêktine bangêt ing cublukmu, gêlêm dirèh ing sakarêp-karêping wong, lan kowe ora anduwèni niyat bêcik, apata kang dadi kauntunganmu, olèhmu nandhang papa cintraka iku, kowe dhewe kang dadi sababe, ilange kasênênganmu, sarta kang agawe kabungahanlan kauntunganing wong kang gawe siya pamalêse mênyang kowe, yènta kawanènmu amadhani karosanmu mangsa kowe digawe kaya mêngkono. yèn kowe arêp dicancang ing tlawah, yagene kowe ora budi, wonge kang arêp nancang

--- 34 ---

kobijig sêru. lan kowe sabab apa ora ngêtokake kanêpsonmu, anggêduk-gêduk sikilmu, yagene dene ora kokpurih wêdine kalawan pambêkosmu. kowe iku tinitah kaparingan nganggo sarat, kang minangka kajèn kêringan ing awakmu, môngka ora nganggo kokpikir, yèn kowe diwènèhi pari utawa sukêt kang ala. mbok sjs kokpsngs, smbusên bae banjur tinggalên, yèn kowe miturut ing rêmbugku iki, amêshi ora lawas seje panganggêpe mênyang kowe, sarta kowe anarima mênyang aku.

Liding dongèng:

Tiyang awon kalakuwanipun sampun kinodrat botên sumêrêp ing kasaenan (kuldi), dipun saeni malês angawoni, rêmên damêl karisakan, utawi pitunanipun tiyang ingkang nyaeni badanipun.

Simbar

Simbar tumèmplèk ana ing wit-witan, urip saka kêbêsing banyu udan kang kandhêg ing kalikaning wit, ana antaraning pang kang misah dêlêg, kandhêging banyu ora sapiraa [sapira...]

--- 35 ---

[...a] suprandene simbar bisa urip sêgêr kaya wit-witan kang tinandur ing lêmah mangan lêmining bumi kang rinabuk, pating srawe pating slawèr nêngsêmake pandulu, riyêl sogolane saya ngrêmbaka, nanging uriping wong ora kaya mêngkono, wiwit bayi dijuju kaya manuk, dikêmpit kaya wade, barêng diwasa akèh sing ora mituhu marang pituture wong atuwane.

Liding dongèng angèngêtakên kalakuwaning tiyang, mênawi manggih sakeca supe dhatêng ingkang suka jalaran.

Simbar kalihan wit-witan agêng

Simbar punika tumèmplèk wontên wit-witan ingkang sampun agêng-agêng, gêsanging simbar ngisêp toyaning wit ingkang dipun tèmplèki wau, dados rêrêngganing wit tiningalan amara sêmu.

a. Wit-witan, olèhmu milu aku ditêtêp, aku ora bosên marang kowe, dening kowe gawe rêrêngganing awakku, mung yèn mangsa kêtiga ngêrak, arah-arahên pangisêpmu banyuning awakku, aja kongsi kalirên bae, awit patimu angilangake ajiku, beda karo uriping kêmladheyan, rusak ngajak-ajak, [ngaja...]

--- 36 ---

[...k-ajak,] mangan tanpa duga-duga, oyode ngrêda mulêt pang, pang mati dhèwèke iya jênat.

b. Simbar, Kakang aku iya ngestokake apa sapiwêkasmu, sanadyan ing mangsa katiga ngêrak ora olèh pangan kang nyukupi ngantiya anggagra kusika (lunglit) pisan, iya taklakoni kalawan sabaring ati, wong aku wêruh dhewe kêkuranganmu pangan, bonggolku isih bisa tumèmplèk ing dêlêge uwitmu narima karo tètèsing êbun bae, ing mangsa labuh kapat aku bakal tuwuh angrêmbaka manèh.

Pêpindhan:

Punika pêpindhanipun tiyang salaki rabi, tiyang alit angsal tariman putranipun tiyang agêng, punika sagêd anginggahakên darajat sarta sagêd amêwahi kajèn kèringan, dening saening panganggêpipun.

Waringin Zie lo.

Wadêr pari zie kutuk.

--- 37 ---

Lo kalihan wringin

Wontên wit lo agêng, thukul satêpining lèpèn, pangipun ngantos kêlangsrah ing toya, botên wontên wit-witan ingkang nyamèni agêng inggilipun, jaha, gêmpol, ingas, klampis sami kayoman, sarta wit lo wau botên sagêd kakirangan têdha dening sabên mangsa rêndhêng katandhêgan lêmining lèpèn bêna, wohipun kados sêmpal-sêmpala, rumaosing wit lo badhe botên sagêd kakirangan têdha ing salami-laminipun, wit lo wau kathukulan wiji waringin, kabur kanginan saking panggènan têbih, wicantênipun wit lo:

a. Mêsakake têmên aku mênyang kowe, dene uripmu angêpèk-êpèk, kowe takpitulungi ngisêpa banyuning awakku, supaya kowe urip kalawan sênêng dening kowe takayomi, nanging kowe aja pisah karo aku ing salawas-lawase, mitulungana yèn ana gawe parigawe, wong aku iki busuk, kowe pintêr, dene kowe iya bakal dakwèhi opahan manèh, bumi sêthithik kang koktancêbi uwitmu (wangsulanipun wringin).

--- 38 ---

b. Iya bangêt panarimaku sih pamulemu marang aku, aku nganti kêntèkan têmbung, ora bisa mangsuli panarima kang nyukupi, kajaba aku mung upata sapancoronging rêmbulan, sagêbyaring srêngenge, olèhku pawong mitra karo kowe aja kongsi owah, sapa sing gawe piala aja nêmu raharja.

Kacariyos lami-lamining dintên, lami-lamining taun, oyoding wit wringin anggubêti witing êlo kados binarayud, suluripun tumancêp ing siti kumpul dados wit, wit lo kêpipit botên sagêd obah, sarining siti tancêping wit: dipun sêsêp sadaya dhatêng wit wringin, wit lo namung angsal sakêdhik kangge sanguning gêsang, angganing lo anggagrakusika (lung lit) badhe budi botên sagêd, sampun karangkus ing oyod-oyodan utawi kados goni tumangsul candhiking baita labuh jangkar, botên sagêd polah ngiwa nêngên, namung kompal-kampul sambat ngaru ara: mentak ampun, nanging botên pinaèlu.

Liding dongèng:

Botên wontên prajangjiyan têtêp, sarta botên wontên [wo...]

--- 38 ---

[...ntên] barang langgêng, mênawi wontêna prajangjiyan têtêp, punika pantês ingajonan sarta kinurmatan ing salami-laminipun.

Landhak

Landhak punika kewan ingkang awulu sakisi-kisi, lincip angrangap pindha borang pinasang, mênawi kadamêl ngabruk ambêbayani, sanadyan botên sagêd adamêl pêpati, nanging sagêd adamêl susah nandhang tatu ajur amoh kados rinampog ing sujèn, gêndhungipun landhak ngantos kawêdal:

Landhak, apa ana titahing Allah, kewan cilik kaya aku, sapa-sapa sing kêpêthuk sumingkir wêdi yèn takkabruk, yèn aku golèk pangan mênyang patêgalan, ora duwe sumêlang pisan-pisan ingaru biru kewan liyane, sanadyan mênyang pakêbonan anggangsir wi gêmbili kimpul, manungsane iya wêdi marang aku, ora wani nyêkêl, sumêlang yèn takkabruk, cêkake aku luput ing bilai saka panggawening satru sêkti. Wuluku adi luhung dadi rêrêngganing awak, tinonton pindha rajêg mawa praba gumilap, bunge

--- 40 ---

nrucuk tundha-tumundha kaya ditata dhuwur cêndhake, pindha gêgubahaning kêmbang gambir, tur kêna ginawe gêgaman pangruwating satru kang gêndhak sikara. Omahku ana sajroning rong jêro dawa amenggak-menggok, ora kêna disogoki ing gantar saka ing jaba, cêkake ora ana kauripan ing dunya kang ngungkuli kauripanku: sênênge, kêna takupamakake aku luput ing pati sadurunge mangsa.

Kacariyos manungsa, tanêmanipun ing patêgilan sarta pakêbonan risak minongsa ing landhak. Sangêt pamuring-muringipun, sabên konangan dipun oyak lumêbêt ing rong, kandhêg pangoyakipun, manungsa lajêng mirantos uwuh angundhung-undhung, kasulêt wontên sangajênging rong ing lêbêt, kukusipun kaangkah malêbêt, supados angèbêki rong landhak kêplêpêgên, botên sagêd ambêgan, enggal lumajêng mêdal, ciptanipun ngajak pêjah sampyuh kalihan manungsa, manungsa sampun prayitna wontên sangajênging rong kalihan ambêkta tugêlan gadêbog landhak katingal mêdal mangkorog badhe ngabruk dipun rumiyini kaantêban gadêbog, cumêprut tumancêp [tuma...]

--- 41 ---

[...ncêp] ing wulu landhak ingkang pindha darêjêg, landhak botên sagêd ebah anggêndhong gadêbog, tanpa polah lajêng dipun pêjahi: gampil kemawon, wulunipun dipun bubuti.

Ngibarat

Punika ngibaratipun tiyang ngunggul-unggulakên badan têmah dados asor, ngêndêl-êndêlakên dêdamêl têmah malendo saking panulak sapele.

Laron Zie rayap.

Lawa, kalihan lêmut.

Lawa pados mêmangsan ing wanci dalu nyambêri lêmut, wontên lêmut satunggal dipun sambêr lêpat lajêng mencok ing kêmulipun tiyang tilêm, kandhêg panyambêripun.

a. Lawa, aja andhêlik mrono sida jidêng klêbu ing wêtêngku.

b. Lêmut, oraa lawa, gêthingmu mênyang aku dene kagila-gila, aku dosa apa mênyang kowê, aku ora gèthèk, ora ciri, ora utang ora sêlang, lan ora tau gêndhak sikara marang kowe, [ko...]

--- 42 ---

[...we,] sabab apa sabên kowe kêtêmu aku, aku kokpalêcit arêp kokuntal malang. Lah mara saiki nyambêra manèh, aku wis mencok ana kêmuling manungsa, yèn arêp jajal-jajal diuntir gulumu dening manungsa: jajalên.

a. Lawa, sae-saemu ngucap lêmut: kowe, dosamu kokgendhong kokindhit dadak takon dosa, iya bênêr kowe ora luput karo aku, nanging karo sing kokencoki kuwi: kêpriye, sabên bêngi kokcolong gêtihe, koksêsêp nganti êmoh-êmoh, kuwi apa iya luput marang kowe, kowe nuli anggrêmêt sumingkir, wêdi nèk pêcah wadhukmu kêtindhihan tangan, saking wis ora bisa mabur. Iku padhane durjana maling mêntas olèh-olèhan, banjur sumingkir andhêlik ing ênggon sêpi karo sênêng-sênêng, mangan enak ora kangelan, mung kangelan sêdhela ngowahi baturing omah, kuciwane yèn konangan ora wurung borot wadhuke, ditumbak marang kang duwe omah. Padhane kowe, yèn ora konangan olèhmu nyakot, wêtêngmu nganti kaya bêdhah-bêdhaha kêbak gêtih, nanging yèn konangan wonge [wong...]

--- 43 ---

[...e] panuju nglilir, ora wurung kowe digêblèg gèpèng awakmu muncrat gêtihmu colongan.

Liding dongèng:

Tiyang awon, botên sumêrêp ing sae, sanadyan dipun saeni, walêsipun inggih angawoni.

Lalêr kalihan têpak

Têpak dipun encoki lalêr sarwi wicantên:

a. Lalêr, lah kowe sing sok gawe pèndènging bisaku, saiki auaku. belakna.

b. Têpak, mangsa bisaa aku nêpak awakmu yèn ora kalawan karêping manungsa.

a. Dosaku apa mênyang kowe, dene aku kokkuya-kuya, sabên mencok katêpak.

b. Kowe ora duwe dosa mênyang aku, balik manungsa apa duwe dosa mênyang kowe, yèn ana manungsa gudhigên, utawa korèngên kokincih, kokpangan nanahe, yèn wonge ora krasa kokencoki, kowe tinggal êndhog dadi sèt gawe cilakaning manungsa.

a. Iku aku mung nêtêpi wajibing urip, miturut kudratku,

--- 44 ---

doyananku nanah sarta ngêndhog ana ing kono.

b. Bênêr kudratmu mêngkono, nanging apa ora ana barang sing kalal kokpangan, kayata: apa-apa bae kang amis kang bacin, utawa kang mambu, bathang sapapadhane: ora kurang, têka wong kang isih urip kokpangarahi, mulane kowe têtêp dadi satruning manungsa, aja ngrêsula yèn taktêpak êndhasmu nganti gèpèng.

Liding dongèng:

Tanpa damêl mêlèhakên kalêpataning satru, ingkang sayogi namung dipun kalumuhi.

Lêmut Zie lawa

Lombok jêmprit en krupuk

a. Jêmprit: aku iki yèn nonton rupamu, taktimbang karo rupaku, rasaning atiku kaya mati-matiya, êmoh urip.

b.Krupuk, geneya kowe têka nalongsa duwe cipta mêngkono, iku wis kudratullah, makluk mung sadarma nglakoni.

a. kêpriye olèhku ora nalongsa, awakmu gêdhe [gê...]

--- 45 ---

[...dhe] dawa abang gumêbyar amarakata, awakku cilik prasasat bundêr padha karo sogok thunthêng, ora mêjaji, sarta tansah ijo bêgja-bêgjane lagi tumlethong wis dipèki ing manungsa, agawe rusaking awakku. Kowe mung tansah pinilala sarta ingaji-aji ing manungsa, akèh rêgamu tur sathithik cacahmu, aku dadi kosok balimu, murah rêgaku tur akèh cacahku.

b. aja mêngkono ta, panêmumu iku luput bangêt, kang ngarani kaya panêmumu iku manungsa kang cèthèk budine, kang jêro: ora mêngkono, amarga kowe dadi kuwating pêdhêsku, tanpa kowe, tanpa pêdhês, mari pinilala lan ora diaji-aji ing manungsa.

Liding dongèng:

Tiyang agêng ingkang botên ngaosi kangelanipun tiyang alit, sirna ajinipun sarta sirna kêkuwatanipun, saminipun paprangan, ratu kèsisan bala.

Pari en kacang cina:

Sami pirêmbagan, mirêng kabar bilih badhe katêragan jawah.

a. Pari, apa kowe ora krungu yèn taun ngarêp iki kang bakal lumaku taun wêdhus, awit tanggale sapisan [sapisa...]

--- 46 ---

[...n] tiba dina tumpak menda, bakal larang udan, apêse kêtiga dawa, ora wurung aku kowe padha nêmu karusakan.

b. Kacang Cina, prakara durung karuwan kokrasakake, bonggan sira, sesa-sesa ana sing kuwasa.

a. Iku jênênge pasrah ing Allah, luput cinatur, wajibing ngaurip mung Istiyar.

b. Kliru surup tampaning atimu, uniku sing kuwasa iku: karêpku manungsa, sing nguwasani aku lan kowe, dudu Gusti Allah, yèn aku kabèh padha katêragan udan, sing mêsthi manungsa angunggahake banyu kali marang bêndungan mili ing kalèn susukan ginawe ngoncori aku lan kowe kabèh, mari kasarakat.

a. Iya yèn ngono, yèn ora: piye.

b. Sababe athik ora mêngkono: apa.

a. Athik takon sabab, sababe sing kuwasa marang kowe kuwi: wong Jawa, dudu Walonda, wong Jawa wis ora duwe kuwasa pisan-pisan bab pamanduming banyu, kabèh-kabèh wis ana Walonda, dadi banyu iku bakal kanggo ngêlêbi tandurane dhewe, têbu, tom sarta

--- 47 ---

bako, kowe ora uman babar pisan.

b. Jare anggêr Jawa banyu iku kagunganing ratu.

a. Iya yèn tanah Guprêmèn, nganggo dipriksa ing priyayi Irigasi, naging yèn tanah kene(Surakarta, Ngayogyakarta) ora, sing kuwasa Walonda sing majêgi bumi, lirune lurah patuh nagara, iku kuwasane wis kaya ratu ora mung prakara banyu lan bumi bae, dalah wonge kawisesa kaya wong tukon, rina wêngi nyambut gawe, yèn rina mênyang sawah, mênyang pagilingan, utawa andandani lurung kabudidayan, yèn bêngi dijagakake jaga tanduran ana ing sawah turu ing gubuk, utawa rondha patrol sarta kêmit ing loji lan ing pabrik, sabên jam ngubêngi capuri, sanadyan wis dicara wong tukon, yèn luput dikrakalake klêbu ing sêpiran kaya durjana maling.

Katrisnan

Punika katrisnanipun tuwan-tuwan kabudidayan ing Vorstênlandên dhatêng tiyang alit bawahipun, bêda sangêt kalihan ingkang sampun kaasta ing Kangjêng Guprêmèn, taksih mana suka, botên jiyadan, mila padhusunanipun kathah ingkang [ing...]

--- 48 ---

[...kang] suwung, botên wontên tiyangipun, ngalih dhatêng kajawèn, utawi ngumbara pados têdha sapurug-purug.

Prênjak akalihan gagak

Prênjak mungêl anggantêr: prênjak-prênjak, dipun sauri gagak mungêl, gaok-gaok, prênjak sêrik manahipun sarwi pitakèn:

a. Prênjak, yagene gagak, aku muni awèh sasmita bêcik, koksauloni kowe muni awèh sasmita ala, ngalup patining manungsa kang duwe omah.

b. Gagak, kowe awèh sasmita apa.

a. Awèh sasmita sing duwe omah arêp katêkan dhayoh adoh.

b. Mung mêngkono, kuwi kokarani bêcik, yèn sasmitaku kokarani ala, nanging satêmêne angèl.

a. Kowe awèh sasmita ala liyane ngalup patining wong, bangkene arêp kokpangan.

b. Upama ora dipêndhêm, disetrakake ana ing alas, iya takpangan, awit doyanaku bathang, nanging iki ora mêngkono, aku awèh wêruh marang

--- 49 ---

manungsa kang nandhang lara, yèn larane rêkasa, awake wis anggônda sawa. Supaya ngati-ati golèka banyu bêning, tômba sing bisa marasake larane.

a. Wis ora kowe awas bisa wêruh wong lara ana sajroning omah mung saka landhêping panggandamu.

b. Prakara maido iku gampang, kêncèngan bae aku ganti maido, wis ora kowe wêruh bakal ana dhayoh têka mung saka landhêping pandêlêngmu: baul, aku ora nyata, kowe goroh.

Liding dongèng:

Tiyang awon ngakên sae, sanadyan sae sayêktos, inggih pinaibên.

Pitik Zie bèbèk.

Pang Jambu Zie kêmladhehan.

Dhokiyik kalihan Dhokerok.

Sipatipun Dhokiyik kalihan Dhokerok: sami, botên wontên bedanipun pisan-pisan, namung kaot agêng alit, Dhokerok mèh tikêl [tikê...]

--- 50 ---

[...l] agêngipun kalihan Dhokiyik, kakajêngan, têtêdhan sarta pasabanipun: sami.

a. Dhokiyik, kowe bok aja saba awor karo aku, mau aku ana ing kana, kowe nunggal ana ing kana, saiki aku ngalih ing kene, kowe milu ngalih nunggal ana ing kene.

b. Dhokerok, E, E, mêngkono unimu, iki bumine sapa lan pangwasane sapa, athik kowe nganggo nglarangi wong saba ana ing kene. Kowe apa ora mêlèk yèn iki bumining manungsa, utawa pangwasaning manungsa, dudu duwèkmu lan dudu pangwasamu.

a. Kowe aja gawe dadakaning padu, wis mêsthi aku wêdi, bênêra kaya sipat aku ya wêdi, ênggonku lungguh awor karo kowe, ora saka ora sudiku: sudi, nanging atiku tansah ngandhat sumêlang nèk koksikara, kaya Dhokerok liya-liyane kae, sok mangan Dhokiyik rewange saba.

b. Nèk aku ora watak kaya mêngkono.

a. Sukur, aku bungah, nanging iya aja cêdhak-cêdhak, wong

--- 51 ---

aku tinitah apês.

b. Unimu iku mung anggrêgêtake ati bae, nyingkang-nyingkang kaya dara.

a. Ora pisan-pisan yèn akuwa duwe anggêp kaya dara, sing dak ênggo anggêp bae apa, wêdiku mênyang ing kowe ora mung lair batin, sanadyan ana ing sajroning pangimpèn iya wêdi.

b. Ora, pancèn saka bautmu clathu bae, satêmêne nyanyampahi marang aku, kowe bongga apa nutut.

a. La, la, la, lidok ujare wong dhaplok, kowe rak arêp misesa aku: ta, jare mau ora tau mangan Dhokiyik, aku iki apa.

Dhokiyik mabur angesahi: dipun palêcit, kêcandhak lajêng dipun têdha: rampung.

Liding dongèng:

Pambêkanipun tiyang agêng dhatêng tiyang alit, taksih kathah ingkang kados pambêkaning Dhokerok dhatêng Dhokiyik, kajawi ngangge patrap sawênang-wênang, inggih taksih karsa mêrês rahing kawula ngantos apuh.

--- 52 ---

Dhokerok Zie Dhokiyik.

Jaran Zie kêthèk.

Jaran a Zie Bèndi

Jago en asu

Ing Sêrat Cariyos Sèwu satunggal dalu, jilid I. Kaca 37 wontên cariyosing sawung kalihan sêgawon, makatên:

Sudagar mau duwe babon sèkêt, jagone siji, dene kang rumêksa pitik iku mau kabèh: mung asu siji. Sasuwene ki sudagar lungguh ana ing lawang kaya kang wis dak tuturake mau, sarta mikir mungguhing pamilihe, nuli ki sudagar andêlêng asune lumayu marani jago kang lagi ngèrèki babon, lan angrungu calathune asu mênyang jago, têmbunge: èh jago, Gusti Allah mêsthi ora parêng yèn kowe dawaa umurmu, sabab apa kowe ora isin, ing sadina iki anglakoni pagawean mêngkono. Jago

--- 53 ---

nolih sarta ladak saure, geneya aku isin, apa aku ora kêna ing dina iki yèn anglakonana pagawean kang kaya adat wis kêlakon, asu mangsuli, sarèhne kowe ora sumurup. Dadi dak tuturi, yèn bêndara susah bangêt, sing wadon duwe panjaluk, dijarwanana ing sasêngkêran sawiji, dene kang sinêngkêr iku yèn dilairna, bêndara amêsthi nêmu pati, môngka ing saiki ora ana kang kaduga mênggak karêpe Nyai Sudagar. Sarèhne Ki Sudagar bangêt trisna mênyang bojo, susah bangêt andêlêng ing bojone nangis ora mênêng-mênêng, mênawa ki sudagar anêmahi ing karusakan, wong saomah padha susah kabèh, mung kowe dhewe ora ngrasakake susahe, pijêr bungah-bungah karo babonmu bae. Jago anyauri pangundhat-undhating asu. Têka mêngkono, geneya, apa bêndara owah pikire, dene bêndara bojone mung siji, ora bisa mungkasi prakara, bojoku sèkêt, mongka kêna dak rèh sakarêp-karêpku, e, lah bok dimarèni susahe, amêsthi nêmu isarate angilangake ing rubeda. Asu nyauri, ingatase [i...]

--- 54 ---

[...ngatase] bêndara: kêpriye pamikirmu. Jago mangsuli, karêpku bêndara lumêbu ing kamar panggonane sing wadon, dikancinga saka ing jêro, nuli anjupuka gigitik kang gêdhe, sing wadon digigitika ping sèwu, aku namtokake yèn sing wadon banjur sumurup ing nalar ora ngudi manèh anjaluk jarwane wadi kang ora kêna dilairake. Ki Sudagar barêng wis sumurup calathuning jago, banjur ngadêg saka ing panggonane, sarta jupuk têkêne kang gêdhe marani bojone kang isih nangis, kamar dikancing saka ing jêro, banjur digigitiki. sing wadon saking ora bêtah larane: anjêrit-jêrit, panjêrite: tiyang jalêr, sampeyan kèndêl anggèn sampeyan gêbagi, kula botên takèn malih-malih.

Liding dongèng:

Tiyang jalêr kawon kalihan tiyang èstri, asring adamêl pituna, dene ingkang mêsthi adamêl kanisthaning badan, ngurupakên barang sae, angsal barang awon.

Jago en bêrkutut Zie bêrkutut.

--- 55 ---

Jago en babon

Sawung kalihan babon pantês dados têtuladaning manungsa, manungsa mênawi gadhah pambêkan kados makatên, kenging sinêbut manungsa utami.

Sawung tansah apapasihan kalihan babonipun (botên pabên mênggahing manungsa) mênawi sami saba, sawung angsal cucukan dipun sukakakên babonipun, kalihan mungêl, cruk, cruk, cruk, babon dhatêng angrêbat cucukan ingkang wontên ing cucuk lajêng dipun têdha utawi botên, sawung lajêng ngèrèki. Mênawi babon mèmèti badhe nigan, sawung lajêng bingung madosakên panggènan, manungsa ingkang gadhah ayam sumêrêp lajêng andamêlakên patarangan, babon lajêng nigan, sawung misah panggènan, sarêng sampun nigan, babon pêtog-pêtog, isthanipun ngundang suka sumêrêp bilih sampun nigan, sawung inggih lajêng tumut pêtog-pêtog, kalihan lumampah murugi, lajêng kêmpal saba malih, botên nate pisah, pisah-pisah mênawi mapan tilêm, enjingipun kumpul malih makatên salajêngipun ngantos dumugi paniganipun angsal gangsal wêlas, utawi kirang langkung sakêdhik,

--- 56 ---

sarêng sampun dumugi paniganipun, babon pamit dhatêng ingkang jalêr badhe ngangrêmi tiganipun, têmbungipun:

a. Babon, wong lanang aku pamit arêp ngangrêmi anakmu (êndhog) kalawan kamurahaning Pangeran, taksêsuwun bisaa dadi kuthuk.

b. Jago, pira lawase olèhmu arêp ngangrêmi anakku.

a. Ora lawas, mung têlung Jumungah anakmu bisa nêtês, nanging pamitku ngladèni kowe ora mung sajrone angrêm, panjalukku nganti dadi kuthuk, kuthuk nganti dadi pitik kumanggang kumêt, anakmu lagi taksapih, aku bali ngladèni mênyang kowe manèh.

b. Lah sajrone aku pisah karo kowe sing ngladèni aku sapa.

a. Rabia karo babon liya, aku ora panas, mungguhing agama Islam, wong lanang wênang wayuh papat, aku manèh sing sipating kewan, oraa wênang winayuh akèh.

Kacariyos wiwit babon sawêg angrêm, botên nêdha botên ngombe, mênawi mudhun saking patarangan kraonkraos. [kra...]

--- 57 ---

[...on] kêsêl kakablak wontên ing latar, dipun cêlaki ing sawung: botên purun, wuluning gulunipun mangkorog kalihan mungêl: kruk-kruk, sarêng sampun kalampahan tigang Jumungah anggènipun ngangrêmi tigan, nêtês dados kuthuk, dipun dhunakên dhatêng ingkang gadhah saking patarangan wontên ing tampah sarta dipun sukani têdhan mênir, sarêng kuthuk sampun gadhah kêkuwatan, lajêng dipun jak cêcèkèr wontên ing pawuhan dipun padosakên gêgrêmêtan alit-alit, mênawi angsal dipun cucuk kalihan ngundang kuthukipun: cruk-cruk-cruk, kuthuk-kuthukipun enggal sami mara ngrêbat kewan alit ingkang wontên ing cucukan. mênawi wontên bêbaya wolung kalangan ngupados kuthuk ingkang kêpêncil badhe kasambêr, babon enggal ambèbèr suwiwinipun dados pandhêlikipun kuthuk, makatên pakartining babon dhatêng kuthukipun ngantos dumugi kumanggang kumêt. sarêng sampun ragi agêng, kamanah sampun sagêd pados têdha piyambak, kuthuk-kuthukipun [ku...]

--- 58 ---

[...thuk-kuthukipun] wiwit kapisah, botên purun dipun wori saba, mênawi ngantos cêlak: dipun pêndèl, pamêndèlipun sumêngit kados mêndèl dhatêng satrunipun, mila kuthuk-kuthukipun sami ajrih nyêlak babonipun. ngêmpal kalihan sadhèrèk-sadhèrèkipun kemawon, babon lajêng laki malih, makatên salajêngipun.

Lêlabuhan:

Mênggah lêlabuhaning babon dhatêng kuthuk-kuthukipun, bab gumantos sarta rumêksane salêbêtipun taksih alit, kosok wangsulipun bab sumêngit sarta têgane sasampunipun agêng, punapa botên pantês sinudarsana ing manungsa.

Jangkrik upa, kalihan tawon tutur

Wontên jangkrik upa dipun gondhol ing tawon tutur, sasambat akèn nguculakênn pangrangkusipun, têmbungipun:

a. Jangkrik Upa, aku uculna tawon pangrangkusmu, aku ora dosa karo kowe, lan aku dudu pakananmu, asil apa aku kokpilara.

b. Tawon Tutur, aja kaliru tampa, kowe ora [o...]

--- 59 ---

[...ra] tak alani, malah arêp takbêciki dadia bangsaku, awit karsaning Pangeran, sanadyan wêtêngku ora sêdhêng kisèn êndhog tawon, aku uga diparingi anak ora saka gana, saka bangsamu, kowe bakal takbuntêl ing lêmpung minangka liruning gana, kalawan taksêsuwun maring Allah malihe rupamu Jangkrik dadiya kaya rupaku tawon, yèn kalawan têmên-têmên panyuwunku sarta sêpi ing sambekala, bisa dadi kaya saciptaku, awit Gusti Allah sipat Rahman lan Rahim, murah ing dunya asih ing ngakerat.

Ngibarat

Punika ngibaratipun lare dipun sukakakên utawi dipun sade ing tiyang sêpuhipun, dhatêng liyan bôngsa, agênging lare supe dhatêng tiyang sêpuhipun, sampun malih ingkang jalaran awon, sanadyan jalaran sae, utawi dipun sakolahakên, kathah ingkang supe dhatêng tiyang sêpuhipun.

Manungsa Zie orong-orong

Manyar Zie gagak.

--- 60 ---

Macan en alas

Ing Sêrat Paniti Sastra kaca 95/9 nyariyosakên sima anggènipun mêmitran kalihan wana: ababakelan (= sulaya) wusana manggih karisakaning kalih-kalihipun, makatên cariyosipun:

wong apawong sanak aja kadi / singa lan alas marma mangkana / rusak karone dadine / singa lan alas iku / lawas-lawas abèncèng pikir / bosên apa wong sanak / bêbangkèlan kayun / sang singa pangucapira / alas iki yènta aja ana mami / ginêmpur ing manungsa //

têka ngrêsula kanggonan mami / mongka sang alas pangucapira / lah iya si macan kiye / yèn aja ana ingsun / kang ngalingi yêkti kaèksi / dening manungsa kathah / pêsthi gêlis lêbur / lampus rinampog manungsa / duk sang singa: aninggal wana angungsi / sadalêm ing jêjurang //

dènnya ngungsi ing jurang asêpi / kauningan ing manungsa kathah / rinujak têmah patine / sawusing alas suwung / tinilar ing sima wus mati / tinor ing janma kathah / kakayone gêmpur / padhang têmah ara-ara / iku lire ala ingalanan sami / wong mitra babangkelan //

--- 61 ---

Pathining raos

Mênggah ing agêsang pêrlu tulung-tinulung.

Macan en kêbo

Sima badhe manggih bêbaya, rêmbagan kalihan maesa, têmbungipun:

a. Macan, Kowe aja cilik atimu kêbo, saiki kowe mari takkêmah-kêmah dagingmu, taksêsêp-sêsêp gêtihmu, dadiya pawong mitraku ing salawas-lawase, kaya prajangjiku biyèn, dhèk aku lagi têka ing kene, nanging saiki aku anjaluk gawemu, anglawana mungsuhku singa barong kang arêp têka, sumêdya ngrêbut alasku pajatèn kang takênggoni iki, aku pitakon mênyang kawanènmu, anglabuhi bumi wutah gêtihmu, arèp dipèk ing mungsuh.

b. Kêbo, kados pundi sima, anggèn kula gadhah kapurunan dhatêng singa barong, tiyang kula punika kewan bodho, botên nate sampeyan ajar papêrangan, namung sampeyan wrati padamêlan kagarok kawalukokakên sabên dintên, sanèsipun ingkang kakarsaakên dados dhahar sampeyan milih sakarsa-karsa, badan kula

--- 62 ---

ngantos anggagra kusika (= lunglit) môngka sapunika sampeyan karibêdan, badhe kadhatêngan mêngsah singa barong, mênggahing kula ngèngèr ing sampeyan, kalihan ngèngèr singa barong, punika sami kemawon, dipun wrati padamêlan, sampun damêl kula, botên nate ngadhuh ngêsês, tarkadhang malah sakeca ngèngèr singa barong, awit salami kula ngèngèr sampeyan, kula dèrèng nate sampeyan sakecakakên manah kula, sapunika kula badhe sampeyan sakecakakên, nanging kêdah labuhpati rumiyin, ingkang purun sintên, badhe sampeyan sakecakakên dèrèng kinantên: siyos labuh pati: mêsthi, môngka ingkang sampun kalampahan, sampeyan jibar-jibur, kula namung tuwuk ningali, botên pisan-pisan sampeyan mêlasi, saking pundi sagêd kula ngandêl ngandika sampeyan.

Sarêng sima dipun wangsuli maesa sêmu ngerang-erang sêrik manahipun, lajêng pakêmpalan, golonging rêmbag, sima badhe sowan dhatêng Suralaya, nyuwun pitulunganing dewa.

--- 63 ---

Liding dongèng:

Têmbung pangipuk dipun lapis ing têmbagi, badhe malicat katingal dhasaripun kajêng awon.

Gundhik Zie rayap

Garudha Zie naga

Glathik

Glathik kangge pasangan salêbêting pikat, tansah mungêl dhak-dhik-dhak-dhik, botên kèndêl-kèndêl, kêmirêng glathik ingkang sawêg mabur, panyananipun dipun undang kancanipun, lajêng mampir niyup mencok lawangan tangkêbaning pikat kalêbêt ing nglêbêt, dipun bagèkakên:

a. Kowe apa padha slamêt nusul aku ana kene.

b. Pandongamu iya slamêt.

a. Lah mara mangana cawisanku bêras pari sapirang-pirang kuwi, nèk wis warêg ngombeya, ing pangombèn wis kêbak banyu.

b. Iya, lah payo barêng nisil pari karo aku.

a. Aku wis warêg, sasuwene aku nisil pari, lagi

--- 64 ---

uwis bae kowe nuli têka.

b. Parine mêntês-mêntês têmên, ora ana sing gabuk, aku wis warêg basa wis takombèni.

a. Yèn cawisanku pangan pawèhing manungsa ora kuciwa lan ora tau kasèp, nanging rumasaku kaya wong kinunjara, awit aku ora bisa mêtu, mêtu-mêtu mêngko sore ditalèni guluku kalawan bolah los minangka kênur banjur diundha dipêksa cumbu mencok ing pangundhan, yèn ora nuruti disêndhal, sanadyan saka bingunge aburku ora bali mênyang pangundhan, iya disêndhal-sêndhal, guluku nganti biru èrêm ngêmu gêtih, lah iki tontonên isih labête.

b. Lah, ya bok lunga bae saiki.

a. Môngsa bisaa lunga saka kene, pikat iki wis direka ing manungsa, ora kêna dicêngkang saka ing jêro.

b. Môngsa.

a. Lah mara jajalên (pêksi glathik sarosa nglubuk badhe oncat saking pikat botên sagêd, têlas manahipun, wicantênipun):

--- 65 ---

b. Kêpriye karêpmu sing kêna taklakoni, aku mung nurut, aja kongsi tumiba ing pati.

a. Pratikêlku kang murih marang kaslamêtan, kowe manut mituruta apa karêping manungsa bae, kaya aku iki, yèn kowe bangun turut, ora dibêlèh malah dikasihi, nanging yèn kowe pugal, amêsthi kêcêmplung ing wajan.

Erang-erang

Tiyang masang pikat = ngapusi pêksi, punika sami kemawon kalihan têmbung: bujuk = ngapusi tiyang. Tiyang jalêr dipun sagahi kapadosakên padamêlan ingkang sakeca kathah bayaranipun, tiyang èstri lamban, dipun sagahi badhe kalakèkakên angsal priyantun kathah blanjanipun, yêktosipun botên makatên, Tiyang jalêr kasade dhatêng tanah sabrang kalêbêtakên dados kuli kontrak, tiyang èstri kasade dhatêng gêrma, kapêksa dados tiyang awon.

Pêpeling

Botên wontên tiyang sêpên pamrih sarta botên wontên pawèh sêpên pangajêng-ajêng.

--- 66 ---

Gajah Zie adigang Lett. b.

Gagak kalihan prênjak Zie prênjak

Gagak kalihan manyar

a. Gagak, kowe iku manuk sing mêrak ati, wulumu balirik kuning, aburmu bisa kêkêjêr ana ing awang-awang, anêngsêmake pandulu. Ora kaya aku, wuluku irêng kaya angus, yèn mabur mung nuju panggonan banjur mencok, ora bisa kêkêjêr kaya kowe.

b. Manyar, iku rak wis kudrate dhewe-dhewe, kowe kapengin kaya aku, aku kapengin kaya kowe.

a. Sing kokapengini apaku.

b. Gagah prakosa, rowa birawamu, bablase aburmu tanpa kuciwa pisan-pisan, agawe miris sarta gêtêring ati, mulane atiku mêlang-mêlang olèhmu anoraga, awit aku iki satêmêne manuk asor, môngka kok unggul-unggulake, mara, ta, pikirên, ngêndhog bae ora lumrah kaya manuk akèh, ana ing susuh sapucuking balarak wit krambil, mêntal-mêntul [mênta...]

--- 67 ---

[...l-mêntul] tanpa lèrèn katêrak ing angin rina wêngi, ajaa wis tau: mumêt sadina-dina.

a. Lah mbok iya ngalih susuh ana ing wit-witan gêdhe, sing sêpi mutawatir, aku sing ngawat-awati tunggu.

b. Bênêr kandhamu iku, sarta bangêt panarimaku, nanging saupama aku ngalih gawe susuh ana ing wit-witan gêdhe, mêngko gèk ana gêndruwone.

a. Gêndruwo iku rupane kaya apa.

b. Rupane irêng kaya kowe, bisa akêkêjêr kaya aku, baya ora ana manyar tumitah ing dunya.

Liding dongèng:

Durjana angêmpakakên têmbung lamis: botên dipun andêl, pangandikanipun sae sampun kaling-kalingan awon kalumut badanipun sakojur.

Bêndi, kalihan kapal rakitan

a. Bêndi, kowe iku yèn lumaku bok aja kêbat-kêbat, wêlasa mênyang aku, panganmu digalih karo bêndara, ora kêkurangan, sabên esuk dikomborake sukêt cacahan karo dhêdhak, ora lali ing pamakanan kêbak sukêt, arêp ngombe ing tlawah kimplah-kimplah [ki...]

--- 68 ---

[...mplah-kimplah] kêbak banyu, tarkadhang bêndara yèn rawuh gêdhogan nyangking gêdhang diparingake kowe, mulane awakmu nganti gimbêlah, tênagamu kaya wong ambungahi.

b. Jaran, Kowe bêrduli apa wong wis dipanci pangan dhewe-dhewe, sanadyan panganku akèh, gaweku iya akèh, anggèrèt kowe sabên dina, kagêm sowan bêndara mênyang karaton, ora lali sore sok kagêm bêsiyar.

a. Bèndi, iya kuwi sing takkêmèrèkake sarta sing takprihatinake, awit panganku mung gêmuk, paringe bêndara sabên wolung dina sapisan, tarkadhang kasuwèn nganti satêngah saci lagi digêmuk, iba panase awakku nalika gumlindhing kagèrèt, kaya murub-muruba angobong cakraning rodha,upama lakumu rindhik, ora nganti mêngkono.

b. Jaran, bênèh karêpmu karo karêpku, karêpmu sasêlot-sêlote, karêpku daya-daya têkaa.

Ing satunggiling dintên bêndaranipun amêng-amêng nitih bèndi, wontên enggok-enggokan margi pratigan: numbuk grobak, racuking grobak anjojoh wêtênging

--- 69 ---

kapal botol mêdal ususipun, pêjah sami sanalika, dene bèndi wilujêng botên kirang satunggal punapa sarta ingkang nitihi.

Ngibarat:

Punika ngibaratipun tiyang kêkalih sami suwita, ingkang satunggal angsal sih, satunggalipun botên, sarta têdhanipun kathah kalihan sakêdhik, ingkang têdhanipun kathah tansah jibar-jibur, wusana dhawah ing bilahi, ingkang sakêdhik ngatos-atos, manggih wilujêng.

Banyak, ula lareangon

Sawêr lareangon saba pados têdha kabujêng ing banyak, lumajêng nalêsêp ing tumpukan banon, sawêr wicantên wontên salêbêting pandhêlikan.

a. Sawêr, oraa banyak, sêngitmu marang bangsaku kaya wong êndhêm-êndhêman kêling, iku dosane apa, yènta kowe kuwi doyana awake patut, awit dadi doyananmu, balik ora, mung kok pilara kok ontang antingake bae, ora uwis-uwis yèn durung tumêkaning pati, iku sing ngeram-eramake têmênan.

--- 70 ---

b. Banyak, kowe eram aku ora, dene kowe takon dosamu, kok gendhong kok indhit, yèn karo aku iya bênêr ora dosa, nanging karo kodhok kêpriye, kodhok mêthongkrong nrima mangan lêmut kok sarap wani, ora kolu kok êlêd-êlêd nganti suwèk cangkêmmu, kodhok kalêbu ing wadhuk, wadhukmu nganti kaya bêdhah-bêdhaha, kuwi kowe apa ora rumasa dosa, aku iki dhapur malêsake.

Liding dongèng:

Durjana pangawak wisa (= sawêr) botên wontên tiyang ingkang rêmên, kajawi bangsanipun, tiyang ingkang botên nate dipun awoni (= banyak) kolu nguntapakên pêjahipun.

Bêrkutut kalihan jago

a. Bêrkutut, alèhmu pêtog iku aja sêru-sêru, ambrêbrêgi kuping, aku lagi manggung dimirêngake bêndara.

b. Jago, kowe kok pêrdulèn, kupingmu risi olèhku pêtog, olèhku pêtog iki ora ambungahi, nyauri pêtoge bojoku [bojo...]

--- 71 ---

[...ku] (babon) awèh wêruh olèhe ngêndhog: slamêt, apa aku ora wajib nyauri sukuring Allah.

a. Aku ora maido, nanging aja sêru-sêru, iku swara ora kapenak rinungu.

b. Sumakehan sing duwe swara bêcik, milu-miluwa kowe sing dikasihi ing bêndara, pakanmu disaji-saji, bêras diwori kacang ijo, ora lali dicanthèli otèk dadi rêrêngganing kurungan ngiras kok pangani, pangombènmu isi banyu kêbak.

a. Lo, kok jêbul mangkono panêmumu, iku ora bêcik, wong dituturi bêcik, aja kok tampani ala. Kowe taktuturi, aku iki nandhang papa cintraka, kêcêkêl ing manungsa kinunjara ing salawas-lawase, ora kumpul karo anak bojoku nganti tumêka ing pati. Beda karo kowe dadi unjaran, kumpul karo bojo-bojomu akèh, anak-anakmu iya akèh, pangêmonge kokpasrahake ing bojo, sanadyan aku pinasthi mangkono iya taktrima bêcik, awit aku dibêciki ing

--- 72 ---

manungsa. sarèhning sing dipurih uniku, mulane aku tansah manggung kaya wong ana sajroning bungah, satêmêne ana sajroning susah.

b. Iya bênêr aku dadi unjaran, nanging kala-kala dadi jaga bêlèhan saanak bojoku, sapa sing disiri ing bêndara: ora luput sida dadi panggang.

Liding pêpindhan:

Sipating manungsa gêsang, agênga alita botên wontên ingkang botên kaslendhangan ing prihatos.

Bayêm

Bayêm sêkul, wicantênan kalihan bayêm êri.

a. Bayêm êri, uripku lan uripmu tinitahake beda, dening panggawening manungsa, kowe urip ana ing lêmah ipukan ginula gula mawa rabuk talethong kang wus dadi lêmah, uripku ana ing krakalan saênggon-ênggon, kêna binasakake bumi karo langit mungguhing kamulyan lan kacilakan. Sanadyan aku wis narima kang dadi pêpancèning takdirku, suprandene durung tutug isih winesesa tanpa dosa ing manungsa pinunggêl pupusku, nganti

--- 73 ---

kêkètès gêtihku putih, manungsa ora duwe wêlas pisan-pisan, kinêla kalêbu ing kuwali.

b. Bayêm Sêkul, kowe aja angrêsula saka panganiayane manungsa, dosamu kokgendhong kokindhit, lagi prêcêt kowe wis wiwit gawe êri angrangap ngêbaki awakmu sakojur, wong ramban nganti kawêkèn ambêdhol awakmu, mulane mung dipunggêl pupusmu kang durung thukul êrine. Bênêr kamulyanku gêdhe, pinilala ing manungsa, urip ana ing ipukaning lêmah gugulan, sarta mawa rabuk, wah, nganggo disirami sabên sore, nanging cêndhak umurku, durung kongsi kêmba: dipatèni dibêdhol dalah uwitku ora mung godhongku kang kinêla dalah uwitku kang isih êmpuk tinugêl-tugêl katut kinêla. Bali kowe mung dipunggêl pupusmu bae, isih bisa pupus manèh, umurmu dawa, nganti ing mangsa katiga ngêrak lagi dipatèni, diobong ing pawuhan.

Liding dongèng:

Tiyang sae pinilala ing nagari (bayêm sêkul) tiyang awon (bayêm êri): botên, namung kakêndêlanipun kenging pinêthik (pupus) dening narapraja.

--- 74 ---

Babon Zie jago

Bèbèk pitik

Ayam wicantênan kalihan kambangan

a. Aku iki arêp takon marang kowe bèbèk, olèhmu ora duwe wêlas marang bêndara, angeram-eramke têmênan, ora kêna kasèp sêthithik panganmu, banjur gumêdêr wèk-wèkan anjaluk pakan, kaya wong arêp kalirên, bêndara gugup, kowe nuli diwèhi pakan, ora lali banjur dingon esuk sore mênyang sawah, golèk kroco utawa kêyong nganti moh-êmoh. Aku iki mung dipanci sêga wadhang sathithik korèdan cêthing sabên esuk, banjur golèk pangan dhewe nganti sadina muput, lèrèn-lèrèn yèn wis ngarêpake turu, beda têmên karo pancène panganmu, dhêdhak katul sapangaron nganggo dicarubi gabah arang, tarkadhang karo sêga, suprandene kowe ora marêm.

b. Kowe kok dadi pêrdulèn marang kabêgjaning wong dhewe-dhewe, iya iku kamurahaning Pangeran marang titahe, [titah...]

--- 75 ---

[...e,] sing drêmba: akèh, sing cicik: sathithik, cucukmu mung sêdhêng upa siji-siji, wis bênêre pêpancènmu mung sêthithik, balik aku kêpriye, cocorku samene gêdhene, yèn pêpancènku mung kaya kowe, baya banjur mati kalirên, karodene manèh bêndara mangsa busuka, aku diwêtokake pêkahku ngêndhog sabên dina, awakku nganti ora bisa lêmu kaya kowe, ora duwe dhadha mênthok.

a. Bisa têmên muni kowe kuwi, aku iki apa ora ngêtokake pêkah ngêndhog kaya kowe, malah banjur takngrêmi nganti dadi kuthuk, beda karo kowe, yèn ngêndhog: kokglèthèkake bae ana ing kandhang, tarkadhang ngênthit (= gêndhog) ana ing sawah, yèn ora konangan marang sing angon: ilang, lan kowe ora bisa ngangrêmi kaya aku nganti têlung Jumungah pasa ana ing patarangan ora mangan saka ora bêtah ngêlèh.

b. Êndhogmu pira, kèh-kèhe mung limalas banjur kokngrêmi, lèrèn pangêndhogmu, balik aku yèn kopèn panganku tanpa lèrèn sabên dina ngêndhog, nganti [nga...]

--- 76 ---

[...nti] pirang-pirang jinah, êndhogku gêdhe-gêdhe ngungkuli êndhogmu mèh tikêl.

a. Iya bênêr, nanging mirasa êndhogku lan kêna ginawe tômba kuwat.

b. Kok anèh kowe kuwi, yèn cilik ala, gêdhe bêcik, kanggo abahan apa êndhogmu.

Isbat

Punika dados isbatipun manungsa, ingkang têdhanipun kathah, ingkang sakêdhik: langkung, dening karsaning Allah, têdha pêpancèning makluk: sêdhêngan, wontênipun kirang langkung saking pandamêlipun piyambak.