Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

I. Layang Kupiya; II. Sêrat Pitakènipun Pak Krama; III. Dayaning Arak, Surya Adikusuma/Kamsa/Rêksasusila, 1920, #534

Katalog:I. Layang Kupiya; II. Sêrat Pitakènipun Pak Krama; III. Dayaning Arak, Surya Adikusuma/Kamsa/Rêksasusila, 1920, #534
Sambung:-

Serie No.396 ... Regi f 0.60

--- 0 ---

I. Lajang Koepija.

Anggitanipoen R.M.H. SOERJAADIKOESOEMA.

II. Serat pitakènipoen Pak Krama

Anggitanipoen KAMSA

III. Dajaning arak.

Anggitanipoen REKSASOESILA

Kaetjap ing Indonesische Drukkerij ing Weltevreden 1920.

--- 0 ---

Rêgi f 0,60

Serie No. 396

wêdalan Balepustaka

ing Wèltêprèdhên 1920.

--- 0 ---

I. Layang Kupiya

Anggitanipun Radèn Mas Arya Surya Adikusuma.

II. Sêrat pitakènipun pak Krama

Anggitanipun Kamsa

III. Dayaning arak

Anggitanipun Rêksasusila

--- 1 ---

Isinipun sêrat punika

I. Layang Kupiya ... kaca 1

II. Sêrat pitakènipun pak Krama ... kaca 23

III. Dayaning arak ... kaca 42

I. Mulabukanipun tiyang doyan arak ... kaca 49

II. Wiwitipun tiyang ngombe kathah ... kaca 50

III. Sampun kathah pangombenipun ... kaca 53

IV. Ngombe tandhingan ... kaca 54

V. Raja-raja ingkang tuwuh saking arak ... kaca 55

VI. Labêting arak ingkang dumugi dhatêng kanisthan ... kaca 56

VII. Sêsakit ingkang tuwuh saking arak ... kaca 58

VIII. Kakêndêlanipun tiyang mêndêm ... kaca 59

IX. Sarunipun tiyang mêndêm ... kaca 62

X. Tiyang nadhah arak ... kaca 62

XI. Rekanipun murih sudaning tiyang ngombe arak ... kaca 64

XII. Sami-sami aksara: minum punika awon piyambak ... kaca 66

XIII. Adatipun tiyang ing dhusun Bêlah manawi badhe gadhah damêl ... kaca 67

XIV. Adatipun tiyang Bêlah manawi jagong sinêgah arak ... kaca 68

XV. Adatipun tiyang parêdèn manawi gadhah damêl ... kaca 69

XVI. Priyantun alit ingkang gadhah damêl ... kaca 71

XVII. Priyantun agêng ingkang kagungan damêl ... kaca 72

--- 2 ---

I. Layang Kupiya

Nyaritakake mantri dhistrik ing Purwadadi, Aphdhèling Magêtan, nyêkêl benggoling kècu aran Nayauda.

Anggitane Radèn Mas Arya Surya Adikusuma.

Wadana pènsiyun ing Sumarata

--- 3 ---

Bêbuka

Sayêkti wis padha ngawruhi, sagung manungsa ora bisa gawe papêsthèn kang bakal tinêmu ing awake. Budi akale manungsa ora bisa nulak marang papêsthèn kang bakal tinêmu. Mangkono uga iya akèh wong kang tômpa kabêgjan miwah kasusahan kang marga saka panggawene dhewe.

Bêbasan kang kasêbut ing dhuwur iku, kanyataan ana lêlakone mantri dhistrik Purwadadi, nalika taun 1873 kaya ing ngisor iki.

Dununge.

Ing sadurunge taun 1869, paresidhenan Madiun kaperang dadi pitung kabupatèn. 1. Madiun, 2. Ngawi, 3. Magêtan, 4. Panaraga, 5. Pacitan, 6. Kabupatèn Sumarata, milu aphdhèling Panaraga. 7. Kabupatèn Purwadadi, milu aphdhèling Magêtan.

Kabupatèn Purwadadi ambawahake rong dhistrik, 1. dhistrik Purwadadi, priyayine wadana manggon sacêdhake pabrik, kanthi mantri dhistrik loro, panggonane omah nunggal padha cêdhak kawêdanan. 2. dhistrik Kênitèn, manggon ing desa Têbon, kanthi mantri dhistrik loro, panggonane omah padha cêdhak ing kawêdanan.

Ing nalika sasi Oktobêr taun 1869, Kangjêng Bupati Madiun seda, Kangjêng Bupati Purwadadi kapindhah ing Madiun, ing kabupatèn Purwadadi [Purwa...]

--- 4 ---

[...dadi] ora diadêgi bupati, bawahe rong dhistrik kaêrèhake ing Kabupatèn Magêtan. Saka karsane nagara, wadana dhistrik Purwadadi kadhawuhan ngalih, manggon ing tilas dalêm kabupatèn, lan mantri dhistrik siji kang milu ngalih, kaparêng manggon omah ana saprapate tilas alun-alun, kang sisih lor wetan. Kari mantri dhistrik siji kang isih omah ana sacêdhake pabrik. Kang dadi carita ing ngisor iki, mantri dhistrik kang manggon ing tilas alun-alun.

Lêlakone

Kacarita ing desa Kuwon dhistrik Purwadadi, milu dadi bawahe mantri dhistrik kang manggon cêdhak pabrik, ana sawijining wong aran Sêtradôngsa, tilas kêpala desa Kuwon, kalêbu misuwur sugih. Panuju sawijining wêngi malêm Jumuwah, katêkan durjana kècu. Anake lanang Sêtradôngsa, aran Sêtralêgêna, kang anggêntèni dadi kapala desa, omah cêdhak bapakne, angrungu têkane durjana kècu, enggal tandang amêthukake, sumêdya amrih mundure durjana, wasana kêna dibêdhil ing durjana anêmahi pati. Sêtradôngsa dicêkêl ing durjana tanpa suwala, awit wus tuwa, apa sapangrèhe durjana miturut bae. Durjana kècu banjur padha lumêbu ing omahe Sêtradôngsa, anjupuki barang-barang sakatêmune kang padha amajaji, anuli bubar. Sêtradôngsa diuculake ana sajabaning desa.

Ing wêktu bêngi iku rame unining titir, nanging para tandang ora ana kang nututi marang durjana, awit kapalane ora ana.

Desa Kuwon iku dohe saka dhistrik pitung pal, marma têkane wadana ing omahe Sêtradôngsa, wus gagat bangun raina, bubare

--- 5 ---

kècu wus antara suwe. Wadana banjur aniti pariksa cacahe barang kang ginawa durnaja,durjana. katêksir rêga limang atus rupiyah. Nuli aniti pariksa kuwandane Sêtralêgêna, tatu pok pupune kang kiwa, labêt kêna bêdhil.

Lacake durjana palayune ngalor ngulon. Wadana amarentahi mantri kang darbe bawah, anglacaka ngalor ngulon, nindakna gledhah-gledhah ing desa-desa kang sakira dadi palerenane durjana. Mantri kang manggon ing tilasing alun-alun kapatah gledhah ing desa: Taji, Bothok, lan Kênthangan, prênah sakidul kulon Kuwon. Anane wadana parentah gledhah ing desa têlu iku, awit wis ngrungu warta yèn sakabèhe durjana sakulon desa Kuwon sapangalor, nunggal dadi sagolongan padha têpining alas.

Kocapa mantri, ing batin darbe sêdya ora miturut parentahe wadana. Sasuwene tumindak ing desa Taji, anduwèni pikir yèn anggone kangelan bakal tanpa gawe, sabab lacake durjana wis têtela ngalor ngulon. Sarupaning wong wus padha ngrungu titire. Antaraning bubaring durjana lan bakal têkane ing panggonan galedhah, wus luwih nêm jam suwene, sayêktine yèn wong ing desa kono kang anglakoni ngècu, masthi wus miranti, ora gêlêm angrumati bukti ana sajroning omahe. Sawuse mantri anduwèni cipta mangkono, sarta rampung anggone gledhah ing desa Taji, banjur mulih, ora bali marang Kuwon, lan ora sêdya ambantu marang kancane mantri kang nurut lacake durjana.

Barêng mantri ana ngomah, ing wayah jam lima sore wêruh Jagarêsa lumaku sangarêping omahe (Jagarêsa iku opas dhistrik), ditakoni [ditako...]

--- 6 ---

[...ni] marang mantri: apa lurah wadana wis kondur. Jagarêsa mangsuli durung, mandar mau jam têlu awan kangjêng tuwan asistèn residhèn. Kangjêng Bupati Magêtan, lagi rawuh ing desa Kuwon, barêng mantri ngrungu, angrasa bangêt lupute, pinatah gawe ora nglêksanani, wasana ngenak-enak ana ngomah. Arêp nusul bali mênyang ing Kuwon manèh wêdi mênèk kapêrgok, wêkasan katon lupute. Marma sawêngi mantri mêmpên bae ana ngomah, klawan mikir apa kang bakal digawe nambak lupute.

Esuke dina Sêtu panuju rêpotan dhistrik, mantri darbe panggraita kang dianggo nambak kaluputan, banjur darbe atur marang wadana, manawa dadi kaparênge, mantri disuwun pamit, lunga ngupaya katrangan kadurjanan kang kasêbut. Wadana barêng nampèni ature mantri, saking rubêde awit nêmbe ana kadurjanan kècu, marmane ature mantri banjur dituruti. Enggal gawe layang lapur ing nagara, nyuwunake pamit mantri mau, pêrlu dikon ngupaya katrangan.

Saundure saka dhistrik, mantri ana ngomah tansah prihatin. Anggagas kapriye lêkase yèn wis tômpa idin. Awit ingatase catur pangupayane katrangan cotho. Upama nganthi wong sing wis kulina, amasthi nganggo wragad. Môngka kaanane wragad sêpi. Sajatine anggone darbe atur marang wadana mau, mung ungas bae, marma pikire saya rubêt. Sigêg.

Anane mantri bangêt sumêlang, awit dhèwèke wis tau nampani paukuman rès, marga kaluputan, yèn saiki konangan kaluputane manèh, amasthi andadèkake nisthaning jênênge. Iku nyatane manungsa anêmu kasusahan saka panggawene dhewe, yêktine saka kurang nalar, cupêt ing pambudi, kagawa saka kêsèd, sungkanan, wêtuning [wêtu...]

--- 7 ---

[...ning] karêpe mung satêmune bae, ora dipikir kadadeane, labêt saka bodho. Kang dèn ajap-ajap bisaa tômpa enak lan kapenak, suka lan wibawa, ora digagapi apa margane tômpa.

Candhake lêlakon.

Saking bêbêging pikire mantri, wayah sore mlaku-mlaku ana ing ratan sangarêping omahe, pêksane ngupaya wênganing pambudi, ing kono katêmu karo pak Têrgadhe bôngsa Cina. Pak Têrgadhe mau ambalêjog pitakone, yèn mantri arêp anggolèki katrangan prakara kècu, luwih bêcik mênyang Bojanagara, ngiras mêthuk bojone. Saka Bojanagara banjur ngupaya katrangan, anganthia wong kana kang wis kulina. Awit ing Bojanagara akèh wong kang wis kulina ngupaya katrangan bab durjana kècu. Mantri amangsuli, iya ana uga bêcike mênyang Bojanagara dhisik, kaya rêmbuge pak Têr iku.

Pak Têrgadhe ambalakakake karêpe, yèn mantri amêthuk bojone mênyang Bojanagara, ulihe mantri: pak Têr anututake bature, iya mung nunut barêngan lumaku bae. Bature pak Têr iku pêrlu dikon marani barang saka Bojanagara. Yèn lakune bisa slamêt, pak Têr saguh mènèhi pituwas satus rupiyah.

Sanadyan pak Têr ora walèh barang apa kang diparani, nanging mantri wis duwe pangira yèn barang mau wujude apyun, katitik saka kasaguhane, ing sanalika mantri darbe melik, jalaran anggone arêp lunga ngupaya katrangan kasêpèn wragad. Mantri banjur saguh anut rêmbuge pak Têr, nanging pituwase dijaluk dhisik. Yèn kalêksanan apa kang dikarêpake, [dikarê...]

--- 8 ---

[...pake,] pak Têr bisa slamêt, wragad iya ora bali. Dene yèn ora bisa kalakon, ing besuk mantri iya ambalèkake. Ngrungu rêmbuge mantri mangkono iku, pak Têr dhangan bangêt, banjur mulih, ora suwe bali. Ana ing ratan kono pak Têr anampakake dhuwit kêrtas têlung lêmbar, kang siji sèkêt rupiyah, kang rong lêmbar nyalawe rupiyah. Sawuse dhuwit kêrtas katampanan, banjur ungkur-ungkuran padha mulih.

Mantri ora ngira pisan-pisan bisa olèh pitulungan dhuwit samono kèhe, awit anggone badhamèn karo pak Têr, mung bêbasan: guyon parikêna. Sadurunge tômpa, ora pisan-pisan duwe pangarêp-arêp. Sigêg.

Iku nyatane kabêgjaning manungsa ora mêsthi saka panggawene dhewe, têtêp manungsa ora bisa gawe papêsthèn kang bakal tinêmu ing awake.

Banjure carita

Sawuse mantri tômpa dhuwit, banjur salin cipta. Karêpe: esuk arêp anyuwun pamit ngupaya katrangan, nanging sêdyane arêp mêthuk bojone dhisik. Wasana barêng jam sawêlas bêngi, malêm dina Akad, mantri isih linggih ana ing omah ngarêp, ngrungu sabawaning wong nunggang jaran, liwat sangarêping omahe mantri, parane ngênêr marang kawêdanan, sanalika mantri wus anarka manawa ana katrangan prakara kadurjanan ing ngarêp. Mantri enggal dandan. Ora suwe ana utusane wadana, pêrlu nimbali mantri ing dhistrik. Mantri banjur seba.

Satêkane ing dhistrik, wadana awèh wêruh marang mantri: miturut ature [atur...]

--- 9 ---

[...e] jagabaya dhukuh Kasanga, ampeyane desa Kêdhungputri Dhuwur, dhistrik Purwadadi, dina Sêtu esuk jagabaya mau mara dhayoh marang omahe wong aran Sutamêja ing desa Kêdhungputri Dhuwur, satêkane ing kono, tan sarônta Sutamêja banjur nêpsu, anguman-uman marang jagabaya Kasanga, kinira masthi ngupaya katrangan bab kècu. Jagabaya mangsuli yèn ora pisan-pisan ngupaya katrangan bab iku, mandar ngrungu bae durung. Têkane iku pêrlu ngupaya katrangan kancane kelangan kêbo. Sutamêja banjur calathu: sukur yèn mangkono. Sarta kôndha yèn dhèwèke mêntas ngècu, nganti ana rajapati. Dene kang dadi benggole kècu, Si Mêrtadikrama ing desa Sêmèn. Liyane iya ana manèh, nanging ora dipratelakake. Jagabaya Kasanga dikon ngêntèni mangan miturut, sabubare mangan, jagabaya Kasanga mulih, banjur mênyang desa Karas, anjujug ing omahe jagabaya, nyêmantakake katrangan kang wis kasêbut. Arêp sapirêmbug karo kamituwane Kasanga bangêt sompok. Rêmbuge jagabaya Karas, bêcik awèh wêruh marang bêkêl desa Jungke, supaya anglarapna marang dhistrik, awit mantri dhistrik kang darbe bawah, isih tugur ana ing desa Widadarèn, angupaya katrangan. Iku anane kalakon: bêkêl desa Jungke, jagabaya Karas, jagabaya Kasanga lan kêpala angon Karas,§ Manut adat carane wong-wong tani ing paresidhenan Madiun, rajakayane wong sadesan iku pangêngone kapôntha-pôntha. Sabên rajakaya sapôntha, kudu ana wonge tuwa siji utawa loro kang ngulat-ulatake supaya aja kongsi kacolong ing durjana. Wong kang ngulatak. padha seba ing dhistrik.

Wadana parentah marang mantri, sarèhne ana katrangan mangkono, prayoga [pra...]

--- 10 ---

[...yoga] ditindakake. Mantri kang tumindak anyêkêl Sutamêja ing Kêdhungputri, dene panyêkêle Mêrtadikrama, wadana mung kirim layang marang dhistrik Sêprèh anyuwun kacêkêle. Mantri matur sandika.

Mantri anggone duwe cipta arêp mêthuk bojone wis lali, mung pêrlu amburu bisaa olèh nama bêcik, enggal mulih angambili jarane. Bêkêl Jungke dikon mangkat dhisik, supaya marentahi bêkêl desa Karas Wetan, Karas Kulon, lan bêkêl desa Gêrih, sadhiya milu lakune mantri sarta padha mirantia wong pulisi anggawa gêgaman. Bêkêl Jungke enggal mangkat, jarane diplayokake.

Saungkure bêkêl Jungke, mantri banjur mangkat, diiringake wong nunggang jaran loro, yaiku jagabaya Karas lan jagabaya dhukuh Kasanga. Wong kang dharat siji, yaiku kapala angon Karas, aran Kriyadipa. Samana wayah jam siji bêngi malêm Akad. Kira-kira wayah jam loro bêngi, têkan ing desa KêrasKaras (dan di tempat lain). Wetan. Parentahe mantri marang bêkêl kang kasêbut, katara diêmên-êmênake, awit satêkane mantri ana ing desa têlu, yaiku Kêras Wetan, Kêras Kulon, lan Gêrih, bêkêl-bêkêl wis padha mêthuk miranti sapulisine, watara ana wong têlung puluh luwih, môngka antaraning pisahe bêkêl Jungke karo mantri mung sajam, sarta wus wayah lingsir wêngi.

Mantri sakancane pulisi anjujug ing omahe kamituwane dhukuh Kasanga, wus wayah jam têlu bêngi. Dhukuh Kasanga dohe saka desa Kêdhungputri mung satêngah pal, nanging kêlêtan alas pajatèn. Mantri banjur kongkonan ngundang bêkênbêkêl. Kêdhungputri Dhuwur, kongkonane nganggo diwêling, yèn bêkêl katêmu dhewe, banjur diajaka mangkat sanalika, aja angajak rowang. Yèn ana kang wêruh, padha diajaka kabèh, aja ana [a...]

--- 11 ---

[...na] kang kari. Mantri angundang manèh wong aran Jasêtama, tilas kamituwa dhukuh Kasanga, awit iku misuwur kêndêl sarta wulêd kulite.

Ing wayah jam lima esuk bêkêl Kêdhungputri têka, mantri banjur takon: Kira-kira wong aran Sutamêja iku wani mogok apa mlaku, yèn lumayu cêgatane ing ngêndi. Bekel mangsuli yèn kira-kira Sutamêja lumayu, dene cêgatane ana sawetaning kali, pinggir alas sawetaning dhukuh. Dalan mênyang omahe Sutamêja saka kulon. Mantri banjur marentah marang bêkêl têlu sakancane, ambarisi sawetaning desa, yèn ana wong lumayu ora gêlêm diandhêg, kêna diwasesa. Dene kang dikanthi mêtu kulon: bêkêl Kêdhungputri Dhuwur, bêkêl Jungke, Jasêtama, kamituwa Kasanga, jagabaya Karas, lan kapala angon Karas.

Kira-kira wayah jam nêm esuk, mantri sakancane nênêm têka ing ngarêp omahe Sutamêja, katon lawange wus mênga, bok Sutamêja katon ana sawetan omah, ditakoni bêkêl: bojomu apa ana ngomah, wangsulane: ontên. Sarèhne wis padha wêruh pêrlune nyêkêl Sutamêja, dadi tanpa diprentahi manèh, bêkêl Kêdhungputri, bêkêl Jungke, Jasêtama, kamituwa Kasanga, lan jagabaya Karas, padha mlêbu ing omah. Mantri isih ana ing jaba, durung milu mlêbu. Durung suwe lêbune wong kang kasêbut mau, mantri ngrungu swara bêngok-bêngok ana sajroning omah, têmbunge: Nayauda, dara, wontên ngriki. Nganti rambah ping pindho, lan katara swara mau sêmu gugup.

Mantri barêng ngrungu swara bêngok-bêngok mangkono, bangêt kagèt. Wuwuh-wuwuh kagète barêng nolèh ing buri, kancane mung kari siji, yaiku [ya...]

--- 12 ---

[...iku] Kriyadipa kapala angon Karas, kanthine kang diandêlake wis ana ing jêro omah wasana bêngok-bêngok, surasane anjaluk bantu, awit rumasa ora kaconggah. Sigêg.

Nyêlani carita lêlakone Nayauda anane agawe miris. Ing nalika taun 1872, Nayauda ambegal Cina Maspati, kacêkêle dening pulisi sarana dikacubung. Barêng ana ing bui Magêtan, anuju sawijining wêngi, kira-kira jam sanga bêngi, sêpir ngrungu swaraning lawang kamar bui kaya didhodhog ing barang kang gêdhe. Sêpir takon ora disauri, mandar saya sêru swarane. Paresan kang ana ing jaba tutur marang sêpir, yèn Nayauda rêrasan nêdya ambobol sarana mêcah lawang. Barêng ana swara lawang didhodhog, nelakake kandhane paresan mau kapara nyata.

Sêpir mau banjur angunci lawang gêdhe jaba, upas bui diparentahi nabuh jam goyang. Sêpir mêngkang ruji jandhela wêsi, satêkane ing jaba lumayu mênyang kabupatèn, matur ing kangjêng bupati sarta kangjêng tuwan asistèn residhèn. Sanalika gêntha ing kantor lan ing kabupatèn padha ditabuh goyang, bêdhug ing masjid tinabuh têtêg, gundhala katabuh titir, pratôndha ana bancana gêdhe. Kangjêng tuwan asistèn residhèn, kangjêng bupati, sarta para priyayi ing Magêtan, miwah kapala desa, tuwin pulisi-pulisi, padha samapta gêgaman angêpung bui.

Sarawuhe kangjêng tuwan asistèn residhèn sarta kangjêng bupati, pasakitan wis padha mêtu ana palataran sajroning bui, andhodhogi lawang gêdhe kang wêkasan, sarwi surak-surak, dibêngoki sinung wruh ing jaba wus dibarisi tumbak ligan, samôngsa mêtu mêsthi tiwas, ewadene ora dipaèlu. Suwe-suwe lawange pêcah, pasakitan kira-kira

--- 13 ---

sèkêt barêng mêtu narajang tumbak, kalakon akèh kang padha kataton. Dene kang mati sakal pasakitan lima, liyane padha tatu kêna dicêkêl sanalika, mung Nayauda kang ilang. Marma wus misuwur Nayauda iku digdaya, rosa, wani, atos kulite. Samêngko katêmu ana ênggone Sutamêja, amasthi dadi panunggalane kampak ing omahe Sêtradôngsa.

Kacatur têkane Nayauda ana ing omahe Sutamêja, kira-kira barêng karo têkane mantri ana ing dhukuh Kêsanga.Kasanga. Nayauda iku omahe ing desa Ginuk, bawah dhistrik Jagaraga, dohe saka Kêdhungputri ana nêm pal, dalane turut alas. Kira-kira anggone mênyang omahe Sutamêja iku arêp ngungsi, awit mantri kang duwe bawah kêkampakan isih tugur ana ing desa Widadarèn, karo desa Ginuk mung sapal dohe, esuke masthi gledhah ing desa Ginuk.

Banjure lêlakon.

Wuwuh manèh tuwase mantri, barêng mingak-minguk ora ana bêbantu kang katon. Marmaning Allah sajroning kuwur pikire, mantri sinung eling nalika nampani buslit dadi mantri dhistrik, Kangjêng Tuwan Residhèn Nurdhik aparing pitungkas. Poma-poma mantri aja nglakoni kaluputan kaya mantri dhistrik kang digêntèni, dene kaluputane mantri kang digêntèni: dipatah anyêkêl wong, ora bisa kapikut, dadi katarka ora wani.

Sawuse mantri duwe eling dhawuh pitungkase kangjêng tuwan residhèn, mêtu kawanène enggal angunus kêrise, awit wis ngira Nayauda ora kêna dicêkêl urip, barêng mantri katon ngunus kêris, Kriyadipa enggal maju sarwi matur: kula, dara, ingkang mêthukakên Nayauda. [Nayau...]

--- 14 ---

[...da.] Ajune Kriyadipa kêbarêngan wêtune Nayauda saka ngomah, Kriyadipa namakake towoke. Saking trampiling tandange Nayauda, towok kêna dicêkêl godhine, banjur disêndhal. Kriyadipa katut sarta dibacok mothik, kêna sadhuwuring lêngên kang kiwa. Kriyadipa enggal nyêndhal towoke, dadi rêbutan sêndhal-sinêndhal.

Mantri barêng andulu wujude Nayauda, rumasa karoban tandhing. Wujude Nayauda, yèn ta wayang kadi patih Udawa, dêdêg dhuwur jajag, pawakan singsêt gilig. Môngka wujuding awake mantri cilik tur ringkih. Ewasêmono mantri anduwèni wirang yèn ta atinggala gêlanggang, cacak kapala angon desa tur dudu bênêre, wani angêtohake nyawane, uwis anandhang tatu, mêksa isih wani tanggon.

Mantri enggal mingêr ngiwa, anyuduk Nayauda kang lagi rêbutan towok, diarah lambung kang têngên. Rikate Nayauda endha, panyuduke mantri luput, tiba sangarêping dhadha. Mantri kêna dibacok pilingane kang kiwa, tudhung lan ikête rantas, naratas sirah sadhuwure kuping kiwa tumêka ing pipi. Mantri kontal nganti têlung jangkah sarta lêngêr-lêngêr, awit ora nyana yèn ta nganti luput panyuduke, apamanèh sumaput dening tatu.

Sabênggange mantri karo Nayauda, Kriyadipa anamakake towoke, nanging ora têdhas, ewadene mêksa isih dipugêr. Anane ora têdhas, sabab kêna pênêr kathoke kipêr isih anyar, môngka towoke Kriyadipa ora landhêp.

Barêng mantri wus eling, wêruh yèn anandhang tatu, banjur ambêk pati, wus ora wêdi andulu landhêping gêgaman, mung cipta arsa malês ing mungsuhe, enggal amarani. Nayauda barêng wêruh mantri anyêdhaki, [anyêdha...]

--- 15 ---

[...ki,] towoke Kriyadipa dijorogake, Kriyadipa ambruk. Nayauda namakake mothike, pambacoke muwung marang mantri. Ananging mantri prayitna, tangan kang kiwa kanggo nampani tibaning mothik, kang têngên anamakake kêrise. Nayauda endha sarwi nguculake mothike, nanging enggal anarik kêris, arêp-arêpan karo mantri, gênti suduk-sinuduk, tangkis-tinangkis. Nayauda ngrasa kalaran banjur lumayu. Mantri anututi, durung adoh mantri tiba karungkêb, amarga kêsrimpêt ing wironing bêbêde jêbol. Nayauda bali. Mantri tangine kêsompok, dening têkane Nayauda, dadi ora bisa angoncati. Nanging wêruh yèn kêrise Nayauda wis bêngkung, dadi ora uwas manèh, malah bisa namakake kêrise pênêr sasêlaning sabuk lan kathok satêngêne pusêr. Nayauda kataman ing kêris, anjola banjur ambruk mangkurêp andhêpani lêmah, nuli mati. Kira-kira baline Nayauda wus satêngah lali, awit nalika disuduk kang wêkasan wus ora duwe solah. Dadi anggone bali iku wus ambanyaki, jalaran ing dhadha wus tatu têlu dening kêris, nanging mung bucêk-bucêk bae.

Mantri klambine kulitan sangisore cangklakan kiwa ana kang bêdhah têlu, nanging rangkêpane kipêr wutuh. Mantri banjur ngundang bêkêl têlu kang baris ing wetan kali, sasuwene mantri campuh karo Nayauda, wong kang padha baris iku ora ngrungu, awit ora ana kang nyuwara, satêkaning panggonane Nayauda kang wis ambruk, bêkêl Gêrih diprentahi dening mantri, supaya ambêdhila tangane Nayauda kang nyêkêli kêris, aja nganti agawe sumêlang. Nanging bêkêl Gêrih ora nglêksanani, tangane Nayauda mung dicuthik nganggo pucuking bêdhil bae, têtela wus mati, kêris [kê...]

--- 16 ---

[...ris] kang dicêkêl kêna dijupuk. Bêkêl Kêras Wetan diprentahi lapur ing dhistrik, angaturana priksa apa kaanane. Kang diprentahi enggal mangkat, nanging ora wêruh yèn mantri anandhang tatu, awit tatune dikrukubi usap tangan dadi ora katon.

Sapungkure bêkêl Karas, mantri amarani Sutamêja kang isih digujêr dening bêkêl Kêdhungputri, Jasêtama lan kamituwa Kasanga. Sutamêja mêksa tansah budi. Mantri têkane isih ngliga kêris, parentah nguculake Sutamêja, yèn ora nurut mêsthi mati. Sutamêja barêng diuculake banjur andhodhok. Nalika iku ora ana kang miranti tampar, mantri enggal anguculi sabuke, dianggo ambodaambônda. Sutamêja, digawa mêtu saka ngomah. Jagabaya Karas têka anggawa suwêng êmas sapasang, katêmu runtuh saka kandhutane Nayauda, yaiku nalika lumayu. Jagabaya Karas ora pangling yèn suwêng sapasang iku darbeke bok Sêtradôngsa kang katut ginawa kècu.

Mantri barêng ngawruhi kaanane yèn wis nyata Sutamêja lan Nayauda iku kang padha ngècu ing omahe Sêtradôngsa, bangêt bungahe, dene ora nyana pisan-pisan yèn bisa anêtêpi kasaguhane ngupaya katrangan bab kècu. Wasana bisa kalêksanan akanthi ditohi wutah gêtihe. Saking kèhe gêtih kang mêtu tansah mancur-mancur ora mampêt-mampêt, mantri banjur ambruk, digotong mênyang omahe mantri pulisi kang ana ing desa Kêdhungputri kono. Mantri nulis telegram konjuk Kangjêng Bupati Bojanagara. Sajrone nulis mantri sumaput rambah ping têlu. Klambi lan jarite kabèh wis kuthah gêtih, nganti disilihi jarit dening bok mantri pulisi, pêrlu kanggo salin.

Antara têlung jam suwene, wadana Purwadadi têka sarwi ambandhangake

--- 17 ---

jarane, awit sumêlang dene wong durung karuwan prakarane, têka kacêkêl mati. Wuwuh bantêr manèh barêng ngrungu kandhane Tapura bêkêl dhongkol Gênêng, nêrangake kang mati Nayauda, mantri tatu bangêt. Satêkane ing panggonane mantri, wasana angrangkul sarwi anangis. Sanalika mantri isih kuwat ngadêg nyaritakake solah tingkah anggone nandhang tatu lan anggone wus marjaya marang Nayauda.

Wadana sawuse ngrungu caritane mantri, banjur kumisi mayide Nayauda, sajroning sabuke katêmu manèh pêndhok mas loro, lan dinar mas pitu. ing omahe Sutamêja katêmu ali-ali sêr mas mung siji. Sawuse têrang pamriksane kabèh kang pêrlu dikawruhi, banjur parentah marang bêkêl Kêdhungputri, sadhiya uwong kang anggawa mulih mantri, dipikul ana ing paturone mantri pulisi.

Têkane ing omahe mantri, wis jam papat sore, ditangisi dening batur-bature lanang wadon. Nanging mantri isih bisa tangi dhewe sarta calathu mangkene: aja ana kuwatir, aku ora mati, sêdhiyaa wedang kanggo sibin. Awake mantri wus kuthah gêtih kabèh, gêtih kang mêtu saka tatu durung bisa mampêt. Barêng disibini, mantri banjur klêngêr, enggal digawa mênyang paturon. Barêng wis eling, Babah Can Bing Yang yaiku pak Têrgadhe, mènèhi jamu minôngka kakuwatan.

Ing wayah jam rolas bêngi, tuwan dhoktêr lagi têka, tatune mantri dikumbah banjur disoki tômba, iku bisa mampêt wêtuning gêtih, banjur didondomi. Sawuse dipirantèni kabèh, tuwan dhoktêr mulih. Ora suwe mantri klêngêr manèh, klêngêre kang wêkasan iku, kira-kira kagawa saka balining gêtih kang arêp mêtu. Sabanjure mantri wis ora sumaput manèh.

--- 18 ---

Esuke kangjêng tuwan asistèn residhèn sakalihan kangjêng bupati ing Magêtan, rawuh ing omahe mantri, andangu marang bêkêl Jungke, apa kaanane kang padha dilakoni karo mantri, wus diaturake sawantahe, ora nganggo dikurangi utawa diwuwuhi, sarta anêrangake kaantêpane Kriyadipa kêpala angon Karas kang anandhang tatu.

Sawise nampèni atur kaananing lêlakone mantri, lan lêlakone Kriyadipa, kangjêng tuwan asistèn residhèn sarêmbug karo kangjêng bupati, Kriyadipa kaganjar sawah sabau salawase urip, ora diiri ing gawe, sumurup dadi pènsiyun. Sawuse andhawuhake ganjaran marang Kriyadipa, kangjêng tuwan asistèn residhèn lan kangjêng bupati padha malêbêt ing omahe mantri. Nanging ing wêktu iku mantri durung bisa tangi, mung saka sumêlang. Sarta kangjêng tuwan sakalihan kangjêng bupati padha andhawuhake, mantri ora kêparêng mêksa ing awake. Kangjêng tuwan sakalihan kangjêng bupati prêlu aparing tarima kasih marang mantri, ênggone wus kayêktèn sumungkême marang nagara, nganti angêtohake wutahing gêtihe. Mantri didhawuhi aja kuwatir, ing buri masthi bakal anampani pituwas kang urup lawan kasêtyane. Sawise ngandika, kangjêng tuwan asistèn residhèn sakalihan kangjêng bupati banjur kondur.

Sapêngkêre kangjêng tuwan asistèn residhèn sarta kangjêng bupati, mantri anggagas lêlakone, tinêmune ing pamikir, bisane olèh pangalêmbana dadi nama bêcik, anyirnakake kaluputan kang uwis, iku têtêp saka pitulungane wong loro. Siji Kriyadipa kapala angon Karas, awit iku kang nênangi kuwanène mantri, nanggulang marang Nayauda. Upama Kriyadipa ora wani ngêtohake awake, anglancangi mantri amêthukake Nayauda, nganti nandhang tatu ora oncat, [o...]

--- 19 ---

[...ncat,] durung têmtu mantri wani tanggon, awit wujude dudu tandhing, lan wus kawêntar kaprawirane Nayauda. Barêng mantri andulu kaantêpane Kriyadipa kang wus kasêbut, iku tuwuh gagasane, eling marang dhawuhe kangjêng tuwan residhèn, sarta eling yèn kinawulakake ing kangjêng gupêrmèn, piniji dadi priyayi mantri, isin bangêt yèn ta kalaha tekade karo Kriyadipa kapala angon desa.

Dene wong sijine kang dianggêp mitulungi marang mantri, yaiku Nayauda, jalaran sapisan: Nayauda katêmu ana ing kono, kang babar pisan ora dikira-kira. Kapindho: Nayauda wus agawe tatu marang mantri, dadi amurungake marang sêdyane mantri arêp anglakoni panggawe nistha, tur nrajang wêwalêring nagara. Kaping têlu: sawise, mantri tatu, Kriyadipa ambruk, saupama Nayauda oncat, amasthi ora bisa kacêkêl, awit mantri lan Kriyadipa amasthi ora bisa nututi, sapisan dhasar wus padha anandhang tatu, kapindho masthi palayune rikat Nayauda, awit Nayauda durung kabranan lan wus ahli laku durjana, masthi palayune rikat. Wasana pêpungkasane panêmu, mantri bangêt sukur marang Allah, awit lêlakon kabèh iku, manungsa ora kawasa. Bênêr luput ala bêcik, dadi marganing sangsara lan uga dadi marganing bêgja, masthi saking Allah, manungsa mung darma anglakoni.

Candhake.

Antara patang puluh dina, tatune mantri wus waluya, ana têtêpungane mantri awèh wêruh, yèn mantri diprustèl dadi wadana, saka pitulungane Kangjêng Tuwan Asistèn Residhèn dhê Phoghêl, kalawan mupakate Kangjêng Bupati Magêtan, daya-daya sagêda kalêksanan aparing ganjaran marang

--- 20 ---

mantri kang wus kacrita. Unine prustèl anyuwunake pènsiyun, Ondêr Kolèntur Magêtan. Wadana dhistrik Panaraga disuwunake anggêntèni. Wadana dhistrik Jagaraga disuwunake ngalih mênyang Panaraga. Mantri disuwunake dadi wadana dhistrik Jagaraga.

Prustèl wus konjuk ing Batawi, ananging dibalèkake, awit pangkat priyayi ondêr kolèntur arêp disalini onphangêr. Dadi ora bisa kalêksanan karsane aparing ganjaran marang mantri. Malah antara sawatara sasi, Kangjêng Tuwan Asistèn Residhèn dhê Phoghêl ngalih saka apdhèling Magêtan, jumênêng asistèn residhèn ing apdhèling Malang, paresidhenan Pasuruan.

Kacarita wiwit ing taun 1874, ana pranatan anyar, pangkat priyayi mantri dhistrik disalini pangkat: asistèn wadana ôngka I lan ôngka II. Mantri kang kacrita didadèkake asistèn wadana ôngka I ing ondêr dhistrik Manisrêja, dhistrik Purwadadi, apdhèling Magêtan. Tômpa balônja satus rupiyah sêsasi, diparingi kanthi opas loro.

Ing wêkasane taun 1874, ana priyayi wadana kang tinggal donya, saka panggalihe parentah gêdhe, sarèhne para mantri dhistrik durung ganêp sataun olèhe nampani pangkat anyar, lan mundhak balanjane, dadi kang diprustèl anggêntèni dadi wadana, priyayi apangkat jaksa. Barêng prustèl konjuk ing Batawi, dibalèkake kanthi mundhut katrangan, sarta ngèngêtake: ing nalika taun 1873, durung ana lowongan wadana, wus angaturake prustèl, nyuwunake pènsiyun marang Ondêr Kolèntur Magêtan, jalarane wus tuwa, sarta pêrlu bisaa angganjar ngunggahake pangkate mantri dhistrik, kang wus katon kasêtyane, prustèl iku ora bisa kalakon.

--- 21 ---

Ing samêngko ana lowongan wadana, yèn ora ana sababe, apa ora luwih bêcik priyayi kang wus diprustèl dhisik iku disuwunake, minôngka ganjaran kasêtyane.

Lêlakon kang kasêbut iku, nelakake yèn kangjêng gupêrmèn titi sarta adil, sadurunge ana katêtêpan, para dhêdhuwurane Asistèn Wadana Manisrêja, kaya ta: lurahe wadana, kangjêng tuwan kontrolir, kangjêng bupati, padha paring priksa, yèn ing watara dina manèh asistèn wadana Manisrêja masthi dadi wadana. Sarta padha aparing dhawuh, sajrone durung ana katêtêpan, supaya angati-atia, aja nganti nêmu sabab kang kurang prayoga.

Tutuge lêlakon, prustèl ing nalika taun 1873, dilakokake manèh, jalaran pangkat priyayi ondêr kolèntur isih têtêp. Dikanthèni katrangan: pêrlu milih priyayi kang wis katon kakêndêlane disèlèh ing dhistrik Jagaraga, jalaran wong-wong ing kono akèh kang isih cêkak pikire. Sajrone sasi Mèi, taun 1875, ana katêtêpan buslit saka ing Batawi, mantri kang wus dadi asistèn wadana Manisrêja, diangkat dadi wadana dhistrik Jagaraga, apdhèling Ngawi, paresidhenan Madiun. Tômpa balônja rong atus rupiyah sêsasi.

Lah iku kupiyane wong kang sêtya mantêp labuh nagara, mêsthi kadunungan ing cipta, ora miris andulu gêdhening bêbaya kang bakal tumêka, ora maras miyat mingid-mingid lan landhêping braja, ora ulap wêruh prigêl lan trampiling mungsuh, ora ewuh miyak têngahing pakewuh, ora uwas sanadyan wus kataman ing gêgaman, ora rêkasa nanting mungsuh kang abot sinôngga, ora kewran nandhingi kridhaning lawan, têmahan kuwagang ngêmbari [ngêmbar...]

--- 22 ---

[...i] mungsuhe kang dudu timbange, bisa anyirnakake bancana kang agawe rubeda. Ing têmbe mêsthi tômpa ganjarane, timbang karo aboting gawe lan gêdhening lêlabuhane.

Titi.

--- 23 ---

II. Sêrat Pitakènipun Pak Krama

Anyariyosakên ginêmanipun Pak Krama kalihan Radèn Mantri, angrêmbag bab kawontênanipun tiyang Jawi ing wêkdal sapunika. Dumugi taun 1917

Ingkang Ngarang pun Kamsa ing BayalaliHal. 24 berupa lembaran kosong.

--- 25 ---

Anuju dintên Minggu, Radèn Mantri botên malêbêt nyambut damêl, ing nalika punika dipun sanjani kancanipun watawis sadasa. Radèn Mantri wau gadhah rewang jalêr namanipun Krama. Awit saking pakèning bandaranipun, sabên wontên tamu, Pak Krama wau kapurih ngadhêp. Pêrlunipun manawi Radèn Mantri badhe printah punapa-punapa, sampun ngantos ngundang kalihan ambêngok. Sadangunipun para tamu sami lêlinggihan, sami omong-omongan, sarta bêbanyolan. Botên dangu kasaru mêdaling wedang saubarampenipun, kaladosakên Pak Krama. Sarêng anggènipun lados Pak Krama sampun rampung, lajêng ngadhêp para tamu. Wasana anggènipun paginêman para priyantun wau, dumugi ngrêmbag bab: bodho, kêsèd, botên rukun, boros, botên sumêrêp rêgining yatra, botên sumêrêp rêgining wanci, sêmbrana, botên langgêng sêtyanipun, cidra ing jangji, lan sanès-sanèsipun, sadaya punika tumrapipun dhatêng tiyang Jawi.

Pak Krama sanadyan sajêgipun gêsang botên nate angrêmbag bab punika, ewadene manahipun ing wêkdal wau, kados badhe mabên-mabênana, dene têka tiyang ingkang dipun awonakên namung tiyang Jawi. Nanging sarèhne ajrih, dados namung tansah kajuwêtan kalihan amandêng ngênêr kêdaling lesanipun para tamu wau.

Sarêng jam 12 siyang, para tamu sami bidhal mantuk, Pak Krama lajêng nyingkirakên cangkiripun. Sarêng sampun rampung, Pak Krama lajêng ngadhêp bandaranipun malih, sabab Radèn Mantri lajêng têrus linggih ing èmpèr, kalihan maos koran (sêrat kabar). Sarèhning manahipun Pak Krama wau notol sangêt, badhe mabêni bab punika wau, mila sapunika lajêng purun matur dhatêng bandaranipun. Radèn Mantri sadangunipun maos, sarêng [sa...]

--- 26 ---

[...rêng] pun Krama matur, lajêng kèndêl, koran kasèlèhakên, linggihipun lajêng ngajêngakên dhatêng prênahing linggihipun Pak Krama. Pitakènipun Pak Krama makatên:

Nuwun dara, para priyantun wau kados sami angandika nacad dhatêng tiyang Jawi, sakathahing cacad kapangandikakakên sadaya, punika kadospundi tandhanipun. Kados ta: kalawau wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi bodho. Punapa inggih tiyang Jawi sadaya bodho. Môngka saking panggagas kula, kathah sangêt tiyang Jawi ingkang pintêr, tandhanipun wontên ingkang dados bupati, patih, wadana, kolèktur, tuwin sapanunggilanipun.

R. M.: Krama, apa kowe sêrik, manawa wong Jawa diarani bodho.

K.: Saèstunipun inggih makatên, dara. Tiyang kathah sami pating jênggarang dados priyantun makatên, têka dipun wastani bodho, punapa kalampahan tiyang bodho sagêd dados priyantun.

R. M.: Iya, Krama, pancèn ora gampang wong bodho dadi priyayi, manawa ora katiban daru kang gêdhene sakrambil tabon. Pangrasamu iku bênêr bangêt, yèn wong Jawa dadi priyayi iku pintêr, nanging iku yèn tinimbang karo kowe. Awit lagi sêkolahmu wae ora tutug. Saiki wêruha, mulane wong Jawa padha diunèkake bodho karo bôngsa liya (utamane Walônda), awit wong Jawa, ora ana sing kapintêrane angungkuli bôngsa Walônda. Sakpintêr-pintêre bôngsa Jawa, isih kungkulan karo wong Walônda. [Wa...]

--- 27 ---

[...lônda.] Iya prakara apa wae. Kaya ta: wong Walônda wis bisa gawe sêpur, wong Jawa durung bisa. Wong Walônda pintêr dagang, wong Jawa pijêr bobrok. Isih akèh tunggale.

Wong Walônda ora mung kêpengin dadi priyayi, malah akèh bôngsa Walônda kang wêton saka sêkolahan luhur, nanging ora melik dadi priyayi, mung melik dimisuwurake pintêr wae, saranane: ngatokake gêgaweane barang rupa-rupa, kang anèh-anèh, utawa kapintêran bab ngarang-ngarang kawruh, lan pitutur rupa-rupa, kang gêdhe paedahe.

K.: Inggih makatêna punika, dara, manawi tiyang Jawi dipun sêbut bodho, kula pancèn botên lêga. Sanadyan bôngsa Jawi wau dèrèng sagêd damêl sêpur, dèrèng sagêd dagang, lan sapanunggalanipun, punapa botên wontên tiyang Jawi ingkang sagêd niru. Lan punapa anggêr Walandi mêsthi sagêd damêl sêpur, utawi sagêd dagang wau.

R. M.: Ana, Krama, sing bisa niru iya akèh. Mung bae ora bisa nganggit dhewe, iku anane disêbut bodho. Walônda iya akèh sing ora bisa gawe.

K.: Kadospundi, tiyang sagêd niru, têka dipun wastani bodho. Bodho makatên rak ingkang botên sagêd nganggit lan botên sagêd niru. Dados botên mangêrtos barang-barang. Manawi anggèn kula amastani: dèrèng tinarbuka.

R. M.: Iya, pancène. Nanging bôngsa Walônda pada ngarani bodho. Mung saiki, saka pamikirku anane wong Jawa diunèkake [diunè...]

--- 28 ---

[...kake] bodho, jalaran ditimbang karo Walônda, akèh sing pintêr Walônda. Dene kowe duwe ati sêrik, iku takbênêrake. Nanging aja sêrik nuli ngamuk. Sêrikmu kudu banjur duwe pangangkah angungkuli utawa nututi kapintêrane bôngsa Walônda. Nanging takpal môngsa bisa nututi bôngsa Walônda, manawa kowe isih dhêmên anglakoni prakara kang ora tinêmu ing nalar têgêse: yèn kowe arêp bisa laku dagang, arêp bisa gawe sêpur, arêp wêruh kahanan kang bakal têka, lan sapanunggalane, iku aja mung kodoli (saranani) ngutugi kayu, watu, kuburan, lan liya-liyane bae, nanging kudu dadia anthèke wong dagang, dimèn ngêrti laku-lakune. Dadia anthèke tuwan masinis, dimèn ngêrti cara-carane. Lan sapanunggalane. Sukur gêlêm nekat akal-akal dhewe, ora susah maguru. Iku manawa lumuh diarani bodho. Awit wus kawistara anane bôngsa Walônda ngarani bodho, jalaran wong Jawa ora duwe akalan dhewe, bisane mung niru balaka.

K.: Punapa bôngsa Walandi punika kala rumiyin botên niru.

R. M.: Iya niru, nanging sawise bisa niru, banjur bisa amuwuhi, utawa ambêcikake, apadene ngowahi kang ora prayoga. Awit bôngsa Walônda akèh kang dhêmên bangêt angudi utawa têtakon, sakabèhe prakara kang angèl. Nanging manawa kang dipikir (diudi) mau ora katêmu nalare ing sanalika, ora gêlêm banjur têtakonan marang kayu watu sarana dikutugi, kajaba tansah dibacutake dikongsi katêmu (bisa), saranane mung ditabêrèni bae.

--- 29 ---

K.: Punapa tiyang Jawi punika kêsèd sadaya. Gene tiyang tani punika manawi mangkat macul dhatêng sabin, kathah ingkang taksih pêtêng (jam satêngah nêm enjing). Punapa punika botên srêgêp (pêthêl).

R. M.: Nyata mangkono Krama wong tani pancèn akèh kang mangkat magawe wayah jam satêngah nêm esuk. Nanging karêpe sing dirêmbug mau, ora mung ditrapake wong tani, olèhe mangkat magawe esuk mau. Têgêse: tabêri ing gawe, kaya ta: angudi undhaking kawruh. Yèn wong tani, iya ngudi kawruh têtanèn, kang bisa marahi kamêton. Aja mung anggêre wis dipaculi, dilukoni bae, mangkono sapanunggalane. Mulane Walônda ngarani kêsèd, awit wong Jawa sing tabêri, tinimbang sing kêsèd, isih akèh sing kêsèd. Dadi sing tabêri, nuli digêbyah wae diunèkake kêsèd. Tandhane yaiku mau, manawa kajudhêgan pikirane saka sawijining prakara, masthi pada ditakokake marang kayu watu, kang sajêge dititahake ora bisa gunêman. Yèn ora mangkono, iya ora ditutugake pagaweane mau.

Cêkake anggêre tong Jawa isih padha mangkono, iya isih disêbut: bodho, lan kêsèd. Wong Walônda dhasar pintêr, tabêri lan rukun, apa kang sinêdya padha katêkan. Arêp gawe sêpur, bisa. Gawe motor, bisa. Gawe motor mabur, kalakon bisa. Kabèh mau kudu nganggo pawitan pintêr, tabêri, rukun.

--- 30 ---

K.: Mèmpêr kemawon, bôngsa Walônda sagêd damêl sêpur, baita, lan sapanunggalanipun, tiyang kajawi pintêr, piyambakipun sami sugih-sugih.

R. M.: Apa pangiramu wong Jawa padha mlarat kabèh, Krama. Mara kowe mênyanga pasar Gêdhe (Ngayoja) utawa Kauman (Sala) kabarna utawa dêlêngên gêlare, kapriye. Kae padha sugih kabèh. Liya nagara uga katara, wong sing sugih karo sing mlarat. Ora susah anggolèki wong sugih, anggêre wong Jawa padha rukun, masthi bisa nganakake sêpur, prau, pabrik, lan sapanunggalane. Apa kokira mung wong siji, sing duwe prau, sêpur, pabrik barang iku. O, kaliru balêjèt, Krama. Iku sing duwe wong akèh. Yèn kowe kapengin mangêrti, wong mlarat bisa milu duwe sêpur, mara macaa buku: Pambukaning Nalar, anggitane: Radèn Suradi (Dirja Subrata) ing Paron. Ing kono ana kang ngrêmbug prakara iku. Gêdhe bangêt, Krama, paedahe wong rukun.

K.: Lah, kalawau ugi wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi botên rukun. Gene tiyang Jawi sampun sami gadhah pakêmpalan warni-warni. Inggih lêrês botên anggêr tiyang purun kêmpal, nanging pangintên kula inggih kathah bôngsa Walandi ingkang botên purun kêmpalan.

R. M.: Iya, Krama, wong Jawa iya wis akèh pakumpulane, kaya ta: Budi Utama, Sarekat Islam, Mardika Mulya, Pralenan, lan liya-liyane. Nanging sing akèh-akèh pakumpulan mau gêlis patine. Mulane padha diarani karo

--- 31 ---

wong kang wis tinarbuka atine, uriping pakumpulane bôngsa Jawa, kayadene uriping obor blarak, karêpe: nalika lagi wiwit, wah, anggêgirisi, kaya bisa êndang anjunjung drajate wong Jawa. Jêbul barêng rada suwe, saya ludhês, dadi awu tanpa daya panas. Beda karo bôngsa Walônda. Gawe pakumpalan adate sok didhis 29 tahun. Mangkono mau kêrêp bisa têkan, ora mati.

Wong Jawa iya ngêrti têgêse rukun, nanging ora bisa nganggo. Dene sing bisa bangêt nganggo (rukun) sawêruhku mung Cina ing tanah Jawa kene. Malah ing Tjaja Hindia. No 1 taun 1 Radèn Surya Gunawan, anyaritakake rukune wong Cina ing tanah Jawa, mangkene: Para dagang Cina, awit saking rukune, wis tau ambekot dagang Amerika. Sanadyan para dagang ing Amerika iku nyambut gawe bêbarêngan karo paprentahan ing nagarane, ewadene akèh sudagar gêdhe, lan akèh pabrik-pabrik ing kana, padha kapitunan mayuta-yuta rupiyah, nganti para dagang ing kana padha anjaluk badhami.

Nalika kumpulan dagang ing Amsêtêrdham, dibekot karo Cina ing tanah Jawa kang dikêmudhèni karo Cina ing Samarang, nganti awèh kapitunan marang wong Cina mau, manawa ora kêliru ± 52.000 rupiyah, sabab manawa prakara iku ditêrusake, anggone dagang masthi bakal kapitunan luwih akèh manèh.

K. Lah kadospundi, tiyang Jawi sagêdipun rukun.

--- 32 ---

R. M.: Pitakonmu iku, manawa manut wêwarahe Radèn Surya Gunawan, mangkene:

Ing tanah Jawa iki, jiwane watara 30 yuta. Mungguh jiwa 30 yuta mau, têmbunge kaperang dadi têlu, yaiku: Jawa, Sundha, lan Madura: aarèhning isine nagara mau diperang dadi têlu manut têmbunge, mulane karosane bangsaku uga kaperang dadi têlu. Môngka salawase ora wanuh, saka padhadene ora mangêrti têmbunge. Rèhning ora wanuh, dadi ora ngeman. Malah padha cêla-cinêla. Saupama tanah Jawa iki wonge wis padha ngêrti têmbung têlung warna mau, (saranane kudu padha ngudi), kira-kira bisa rukun. Awit wong kang wus mangêrti têmbung Madura, mêsthi duwe trêsna marang wong Madura, mangkono uga wong Sundha kang wis bisa têmbung Jawa. Sabanjure andêlênga Tjaja Hindia No 1. taun1.

Wêwarah ing dhuwur mau, kajaba wis dicoba karo Radèn Surya Gunawan dhewe, aku uga suwêruh paedahe wong sinau têmbunge liya bôngsa, yaiku bisa wêruh kawruhe bôngsa kang disinau têmbunge, wong kang disinau têmbunge mau rumasa ana rêgane (ajine), wusana angêngatokake dhêmêne (sênênge).

Ana kayadene pasêmon, yèn digagas, yaiku: lêlakone sêmut, mara dêlokên, yèn pinuju anggotong gangsir mati, utawa liya-liyane kang didoyani. Sapira gêdhening sêmut, lan sapira gêdhene gangsir, kowe wis masthi bisa nimbang. Lan bisa nitèni (ngarani), kapriye kahanane. Apa kuwat yèn ngangkat ijèn.

--- 33 ---

K.: Inggih dara. Pancèn kadosdene pasêmon tumraping agêsang. Panggagas kula makatên: aja manèh sing manungsa, lagi sing kewan duwe ati rukun.

R. M.: Iya, Krama, pancèn mangkono. Mulane yèn kowe sêrik, wong Jawa diunèkake ora rukun, môngka wis ana pasêmon lan wus kongêrtèni paedahe, apadene wis dakwènèhi wêwarah margane rukun prayogane udinên kongsi kalakon rukun, supaya aja pijêr dadi pocapan.

K.: Inggih, nuwun, dara, badhe kula udi. Lah, kalawau wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi punika boros. Kadospundi têka sagêd amastani boros.

R. M.: Amarga ora bisa mêcah pamêtune, wusana kongsi nyandhang utang, kang panyaure nêkuk nikêli. Samôngsa gêlêm gêmi, kêgêmèn. Rak sok ana, ta, wong sugih, olèhe nyandhang gantung kêpoh.

K.: Ingkang nama sagêd mêcah pamêdal punika kadospundi, dara.

R. M.: Mara rungokna: kowe pamêtumu têlung ringgit ing sêsasi. Manawa sêsasi digawe ajêg 30 dina, sadina pamêtumu 3 ringgit = 750 sèn, dipara 30 = 25 sèn, manawa kowe kongsi mêtokake luwih saka samono, wis boros arane. Bêcike kurangana. Môngka batihmu mung loro saomah. Butuhmu bêras sadina pira.

K.: Namung samanci kobokan, dara, rêginipun 10 sèn.

R. M.: Lah iku, manawa kowe tuku bêras kanggo ing sêsasi pisan [pi...]

--- 34 ---

[...san] rêga 10 sèn x 30 = 300 sèn, sing masthi. Môngka wong têtuku iku yèn akèh, sok olèh murah. Lah lawuhmu apa, sadina-dinane.

K.: Têrkadhang ulam, nanging ingkang mêsthi gêrèh.

R. M.: Upama sadina nganggo gêrèh 5 sèn, sêsasi nganggo 5 sèn x 30 = 150 sèn. Manawa kapengin mangan iwak, iya digawe sapasar sêpisan, nyudhaa patukon gêrèh. 30 dina = 5 dina x 6 upama iwake rêga 1 kêthip, iya 1 kêthip x 6 = 6 kêthip. Rokok sadina kudu udut ping 12, iku bae wis kêrêp, aja dhêmên anglêpis, mundhak biru lambemu.

K.: Rokok namung 10 sadintên.

R. M.: Sadina mung 10 rêga 2 sèn, dadi sêsasi 2 sèn x 30 = 60 sèn. Êrèke sabungkus = 20 sèn. Mara coba dietung:

Bêras 1 dina 10 sèn. 30 dina 10 sèn x 30 = 300 sèn.

Lawuh 1 dina 5 sèn. 24 dina 5 sèn x 24 = 120 sèn.

Iwak 1 pasar 10 sèn. 6 pasar 10 sèn x 6 = 60 sèn.

Rokok 1 dina 2 sèn. 30 dina 2 sèn x 30 = 60 sèn.

Rèk 30 dina = 20 sèn.

Lênga patra 1 dina 2 1/2 sèn. 30 dina 2 1/2 sèn x 30 = 75 sèn.

Gunggung 635 sèn.

--- 35 ---

750 sèn - 635 sèn = 115 sèn. Turahan 115 sèn iku kocèlèngi utama, orane iya ditanjakake apa-apa sing disênêngi.

Manawa uripmu kotata mangkono, uripmu masthi kapenan,kapenak. manganmu ajêg, ora bisa nyandhang utang. Sukur turahan mau kopawitake ing bojomu. Wiwite ya mung pawitan sathithik bae, nanging arahên pêndhak sasi wuwuhana. Yèn olèhe bakulan bojomu saya mulur, konên mêpaki dagangane, aja kongsi ambalèkake wong kang takon butuhe.

K.: Inggih, dara, prayogi. Badhe kula lampahi. Para Walandi punapa inggih makatên, dara, pangejrahipun.

R. M.: Iya, Krama, para Walônda uga mangkono pamangane, ditimbang karo pamêtune.

K.: E, mila sagêd amastani: tiyang Jawi boros, nanging punapa anggêr Walandi masthi gêmi, dara.

R. M.: Iya ana, Krama, sing boros. Nanging racake akèh sing gêmi. Ora ana wong sing tanpa cacad. Mung sing kabangêtên iya bangsaku iki. Arang sing gêlêm amêcah pamêtune. Mara gagasên: Ing Sala ora kurang-kurang panglinting rokok, kang sadinane duwe pamêtu 25 sèn. Rèhning dhèwèke boros, têrkadhang sadina sok tombok 5 sèn, dadi pamangane sadina 30 sèn. Munguh sing mangkono mau saka durung mangêrti petung, lan durung tinarbuka atine. Isih

--- 36 ---

padha dhêmên guru alêman. Angatogake karolayan, mula uripe tansah rêkasa.

Ewadene ana panglinting rokok sing bisa nyait, Krama, yaiku panglinting rokok ing Kudus. Dhèwèke padha niyat nyambut gawe, sadina kongsi bisa olèh buruhan 50 sèn. Sanadyan panglinting ing Kudus mau uga kalêbu padha ora mangêrti ing petung kaya panglinting ing Sala, nanging padha racak gêlêm anggêmèni pamêtune. Kang mangkono iku kapriye, panêmumu, Krama. Padha tukang nglinting rokok, mung panggone wae ing Kudus, karo ing Sala, têka ing Kudus gêmi, ing Sala boros.

K.: Saking pamanggih kula, mila tiyang Kudus sami gêmi-gêmi, awit tiyang ngrika racak sami lampah dagang. Sarêng Sala, kathah para abdining priyantun agêng utawi para bandara, ingkang sami royal sakarsa-karsa, punika ingkang anggêgèndèng dhatêng kaborosan.

R. M.: Iya krama, panêmuku uga mangkono. Mula yèn kowe nêdya ambêcikake uripmu, gêmènana mêtumu, kaya kandhaku mau.

K.: Kalawau, wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi botên sumêrêp rêgining arta. Punika kadospundi. Môngka lare alit kemawon sampun sami sumêrêp, manawi 1 sèn punika sami kalihan 2 bribil. 1 benggol sami kalihan 5 bribil, utawi 2 1/2 sèn, têka dipun wastani botên sumêrêp rêgining yatra.

--- 37 ---

R. M.: Krama, aja kliru tômpa. Mungguh kang diarani ora wêruh rêganing dhuwit, iku mangkene: kowe pamêtumu ing sêsasi 7.50 rupiyah. Dhuwit samono mau mung koêntèkake koanggo nuruti kasênênganmu dhepe,dhewe. kaya ta kanggo main, kanggo têtuku barang kang sathithik paedahe, kang larang rêgane. Milalah ora mangan. Apa iya kowe bêtah ora mangan kongsi sasèn-sasèn, masthi ora bêtah, arêp nêmpur, dhuwit wis êntèk. Apa ora kalakon utang. Lah apa kêna diarani kapenak uripmu. Wong kêpenak uripe iya iku wong sugih. Yaiku wong kang wêruh rêganing dhuwit. Mula eling-elingên karêpe têmbung mau, supaya kalêksanan sêdyamu.

K.: Inggih, nuwun, dara. Para Walandi punapa sadaya sumêrêp ing rêgining yatra. Gene administratir ing Logêdhe (Klathèn) punika, pabrikipun ngantos kadhindhal ing sanès, jalaran kawon anggènipun angluruk balapan.

R. M.: Iya akèh, Walônda kang ora wêruh rêganing dhuwit. Nanging yèn tinimbang karo wong Jawa, wis akèh sing mangêrti Walônda. Mara coba, tiling-tilingna, bangsamu Jawa iki rak isih akèh sing durung wêruh rêganing dhuwit. Sabab apa, saka ora gêlêm sinau mênyang pamulangan. Seje karo bôngsa Walônda, racak padha sêkolah. Lan wong tuwane padha ambantu ing gurune, prakara lêbune anake, lan liya-liyane, babagan sêkolahan, bêbudène wong sing wis tau sêkolah iku luwih alus tinimbang kang ora tau.

--- 38 ---

K.: Kalawau ugi wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi punika botên sumêrêp rêgining wanci. Punika pikajêngipun kadospundi. Punapa wontên wanci dipun sade.

K. M.R. M. Satêmêne angguyokake, Krama, yèn pênêmumu mangkono. Karêpe mangkene: Wong Jawa iku akèh kang dhêmên nganggur, jalaran saka kêsède. Bêcik apa, ta, wong nganggur. Wong nganggur iku rak diêngon karo pulisi.Yèn kapinujon cilakaning awake, sok kadakwa. Wong didakwa mono, adate sok ditahan ana ing kapulisèn. Malah ora ngêmungake pulisi bae kang andakwa, sanadyan tôngga têparo uga sok andakwa. samono mau manawa kang dhêmên nganggur iku wong mlarat. Iya ana wong mlaku ing gawe kêna ing dakwa, nanging rak iya lôngka. Mula panjênêngane radèn tumênggung ing Klathên (Martanagara), dhèk isih jumênêng kaliwon pulisi ana ing Bayalali, jare anglarangi wong nganggur. Manawa ana wong durung wayahe nganggur, yaiku: jam 7 nganti jam 5 sore, wis ura-ura ana ing omah, yèn kawuningan, sok banjur kadangu, apa sababe wayahe wong nyambut gawe têka nganggur karo ura-ura. Manawa wong kang didangu mau matur botên gadhah padamêlan, banjur diparingi sêsurupan satêrang-têrange, prakara alane wong nganggur, kaya ing dhuwur mau. Nalika samana, wong-wong ing Bayalali padha tumandang ing gawe kabèh.

Kajaba sok dadi paraning dakwan, alane wong nganggur iku saru dinulu, sabab ora ngênggoni kalumrahan. Rasane

--- 39 ---

mênyang awak abot, amarga otote padha kêndho kêrêp lêlaranên, adate dhêmên kalekaran, têrkadhang kabacut turu. Môngka wong kakehan turu iku, jare ora bêcik, beda karo wong kang turune diatur. Mungguh turu kang nganggo aturan iku marakake dawa umure.

Kajaba sing wis, alane wong nganggur, sok dhêmên nôngga. Mungguh sing cêpak, wong dhêmên nôngga iku sok dhêmên nyênyatur. Mêngko samôngsa kang dicatur krungu, banjur padu. Apa kowe dhêmên mangkono (nganggur).

K.: Botên, dara. Awon punapa tiyang nyambut damêl.

R. M.: Iya sukur, mulane manawa kowe kapengin bagas kawarasan, dawa umurmu, sugih, luput ing pandakwa, lan sapanunggalane, iya nyambuta gawe.

Bôngsa Walônda duwe paribasan: wêktu iku dhuwit, dadi wong sing ora wêruh wêktu (ora dhêmên nyambut gawe), masthi ora olèh dhuwit, yèn wong sing wêruh ing wêktu (gêlêm nyambut gawe), masthi bakatbakal. tômpa dhuwit saka pêpayoning pagaweane mau. Upama kowe: Gêgawean apa ta apa. Nuli kodol, rak bakal tômpa dhuwit, yèn aku: iya ngarang-ngarang kawruh, utawa pitutur, dakaturake marang Kommissi Voor de Volkslêktur, yèn dikarsakake aku olèh ganjaran. Mulane manawa wong Jawa diunèkake: ora wêruh rêganing wayah, komrinani, iya dibisa nglakoni kandhaku mau, sukur kowe gêlêm anjuwèhi marang bangsamu kang padha nganggur.

--- 40 ---

K.: Kala wau wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi punika sêmbrana. kadospundi punika. Gene bôngsa Walandi punika kok inggih rêmên sêmbrana. Tandhanipun, nalika kula ningali kewan ing kêbon raja Sala punika wontên Walandi: sêmbrana, purun ngogrok-ogrok sima.

R. M.: O, ora mangkono, Krama. Karêpe, sêmbrana tumraping nyambut gawe. Upamane mangkene: kowe dadi mandhor, nungoni wong macul ing sawah. Saka prentahing lurahmu, sabên jam 7 esuk, kowe kudu wis têkan ing sawah, kang digarap mau. Wusana kowe jam satêngah wolu lagi thêmplèng-kêthêmplèng. Lah iya iku kang diarani sêmbrana. Mungguh sing mangkono mau upama konangan ing lurahmu, apa ora tômpa srêngên. Awit kowe wis kapitunan wêktu ½ jam, sajroning ½ jam nalika ora kotunggoni, apa sing macul tumandang, rak ora. Iya yèn lurahmu mung srêngên, lah yèn kongsi dicopot, apa ora kojur.

K.: Punapa anggêr Walandi sami tumêmên.

R. M.: Ana sing sêmbrana, nanging rèhning Walônda iku dhêmên marang wêktu, dadi sanadyan sêmbrana, katone sajak ora.

K.: Merang wêktu kadospundi, dara.

R. M.: Mangkene: upama Walônda cêkêl gawe, tapake nyambut gawe jam satêngah wolu esuk, iku sok diperang mangkene: jam satêngah nêm kudu wis tangi. Jam 6 esuk kudu sarapan. [sara...]

--- 41 ---

[...pan.] Jam 7 kudu mangkat. Munguh sing nêtêpake aturan mangkono mau iya awake dhewe. Mulane yèn kowe ora lêga diunèkake sêmbrana, bêcik meranga wêktu. Yèn anggarap pagaweanmu sing maton. Kaya ta: yèn ngangsu esuk jam satêngah nêm, iya jam satêngah nêm têmênan. Ngangsu sore jam 3, iya jam 3 têmênan. Nyapu esuk jam 6, iya jam 6 têmênan. Dadi yèn bêndaramu adus, wis wêruh kolah kêbak. Mêtu ing latar, wis rêsik, mêsthi andadèkake sênêng. Tur kowe kari anjaga bokmanawa diutas-utus, bisa nyambi nanjakake rêganing wêktu mau. Yèn ora komatonake, iku sêmbrana, arane.

K.: Kalawau wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi botên langgêng sêtyanipun, punika kadospundi.

R. M.: Sêtya = tumêmên = têmên. Karêpe: wong Jawa kang padha dipracaya nyêkêl dagangan, padha gêlêm (wani) nganggo dhuwit pêpayone. Utawa sapêpadhane.

K.: Kados tiyang ingkang ngantos purun makatên punika rak nama kenging aral. Tiyang kenging aral wau babaganipun warni-warni, dados kenging ugi ingkang cêpênganipun arta, ngantos purun mêndhêt rêrêksanipun. Walandia manawi sawêg kenging aral, punapa andak botên wontên ingkang purun makatên. Manawi tiyang Jawi limrah, anggènipun ngantos purun ngêlong rêrêksanipun, jalaran balanjanipun sakêdhik.

R. M.: Iya, Krama. Nanging yèn pancène rak aja mangkono,

--- 42 ---

kêkurangan balônja mono kêna nyuwun. Kêna aral kanggo jalaran, tênèh tansah kalêbu ing bêkungkung. Nanging kudu adola (mamèrna) kasêtyane, supaya sing ngêrèh wêlasa. Kêna aral utawa ora, iku sabênêre saka dijarak dhewe. yèn bisa mêcah (ambage) pamêtune, kathik bisa kêna ing aral, iya lagi bêjane.

K.: Kadospundi pambagenipun, dara.

R. M.: Iya kaya pambagening pangan mau.

K.: Kenging punapa, têka dados lajêng tiyang Jawi kagêbyah botên langgêng sêtyanipun.

R. M.: Iya, awit sing padha nglakoni mangkono mau wong Jawa.

K.: Kalawau ugi wontên ingkang ngandika: tiyang Jawi punika, cidra ing janji. Punika kadospundi.

R. M.: Pancèn iya mangkono. Apa kowe durung wêruh wong utang. Yèn lagi nêmbung têmbunge kapriye.

K.: Sampun, dara. Manawi sawêg nêmbung, têmbungipun ngasih-asih, mawi nyêthakakên kanggenipun, punapadene matêsi anggènipun mangsulakên benjing anu.

R. M.: Tibaning êndon kapriye, apa iya nyèplêsi (nêtêpi), sing dadi kandhane.

K.: Ingkang kathah inggih botên, dara.

R. M.: Lah yaiku kang diarani cidra ing jangji.

K.: Kadospundi, sadaya prakawis ingkang awon, têka dipun dhawahakên ing tiyang Jawi. Punapa tiyang Jawi punika awon sadaya.

--- 43 ---

R. M.: Krama, sing bêcik iya akèh. Dene manawa kowe ora lêga, dierang-erang sing kaya mangkono iku mau, bêcike kowe aja nglakoni prakara kang wus dadi cacadan mau, supaya wong Jawa enggal katon bêcike, wêkasan akèh (ana) ajine.

Tamat.Hal. 44 berupa lembaran kosong.

--- 45 ---

III. Dayaning arak

Anggitanipun Rêksa Susila

Mantri guru ing Paklinthingan.Hal. 46 berupa lembaran kosong.

--- 47 ---

Bêbuka.

Sadaya ombèn-ombèn ingkang sagêd angewahakên dating tiyang sanajan namung kaombe sakêdhik, punika tiyang Jawi amastani arak.

Dene namaning ombèn-ombèn ingkang kangge ing sapunika, panikapunika. sanès têmbung Jawi, kados ta: jênèwêr, brèndhi, ciu, yociu, konyak tuwin sanès-sanèsipun.

Ombèn-ombèn wau dayanipun kiyat sangêt. Sintên ingkang ngombe ombèn-ombèn wau, sanajan pintêra kados propesor, santosaa kados rasêksa, sarta luhura kados punapa, manawi kaduk ing pangombenipun, amasthi ewah datipun. Mila kula badhe cobi-cobi nyariyosakên mênggah agêngaagênge. daya kakiyatanipun, supados para mudha ingkang sami karêm dhatêng ombèn-ombèn wau sagêda anyênyuda ing sawatawis, wêkasan lajêng mantuni babar pisan. Ingkang dèrèng doyan sampun angicipi.

Paklinthingan, 18 Marêt 1918.

RêksasusilaHal. 48 berupa lembaran kosong.

--- 49 ---

I. Mulabukanipun tiyang doyan arak.

Wiwit jaman kina mila, malah ing jaman purwa pisan, sampun wontên caranipun tiyang ngombe arak, tandhanipun ing sêrat babadipun Pandhawa wêdalan Commisie voor de Volkslectuur, Serie No. 283. Wontên kasêbut, para Pandhawa kasingkirakên dhatêng waranata, supados kaêndêman wontên ing pasanggrahan Jatugraha, manawi sampun kalampahan mêndêm, badhe kapêjahan. Mila inggih mèmpêr kemawon samangke kathaha ingkang sami doyan tuwin nadhah waragang, sabab ingkang sapisan ingkang sade sangsaya kathah, ingkang mêmencut ugi sangsaya kathah malih. Ingkang kaping kalih ingkang sami karêm ngombe arak, dèrèng sumêrêp mênggahing kadadosanipun.

Saking kathahipun ingkang sami doyan, dados asring kalampahan sami kêmpalan mawi ombèn-ombèn. Ing nalika punika tiyang ingkang dèrèng nate ngombe arak lajêng sami angyêktosi, bilih ingkang sami ngombe punika sami ical isinipun, sarta wêwah kakêndêlanipun. Pangraosipun patrap ingkang makatên wau amêwahi brêgas, mila lajêng nyobi angicipi arak. Wiwitipun namung sagêlas, sabab dèrèng ngraosakên ecanipun, malah namung karaos pait kemawon wontên ing cangkêm, nanging sarèhning kathah ingkang sami doyan, punapa malih ngadat ingkang sami ngombe wau sok sagêd damêl gumujêngan ingkang ngrêsêpakên manah, dados ingkang sampun ngicipi sagêlas wau lajêng nyobi ngicipi sagêlas malih, lajêng kalih, tumuntên tiga sarta sakawan gêlas.

Tiyang dhusun ingkang dèrèng nate tumbas arak piyambak, punika pangombenipun namung ing pasamuwan kemawon, tur namung sakêdhik, namung

--- 50 ---

sagêlas kalih gêlas, nanging sampun wiwit ngocèh, sabab arak ingkang kangge kêmpalan ing dhusun punika ngadat kaêmoran toya sata, utawi kum-kuman jêbug, pêrlunipun supados mandos, dados irit, namung mêdal arak sakêdhik, tamunipun sampun sami wuru sadaya. Môngka ing salêrêsipun manawi namung sagêlas kalih gêlas kemawon, arak ingkang kados makatên punika dèrèng paja-paja sagêd angewahakên dat, nanging inggih mêksa rewa-rewa kaduk ing pangombe, awit pangraosipun tiyang mêndêm punika brêgas, botên sumêrêp manawi punika sagêd anjalari pasulayan.

Manawi tiyang sampun asring angicipi arak kalih tigang gêlas, ing salajêngipun sagêd ngraosakên bilih arak punika adamêl sakecaning badan, sabab raosipun ing badan angêt, ototipun katingal pating prêngkênêng, sarta badanipun karaos bagas kasarasan, mila lajêng kakulinakakên sabên badhe nêdha, ngombe arak rumiyin kalih tigang gêlas, supados ecaa anggènipun nêdha, sanajan panêdhanipun tanpa lawuh. Wêwah-wêwah manawi kathah lawuhipun. Sambatipun: mara dakngombe, murih enake ênggonku mangan, awit ora ana lawuhe. dene manawi kathah ulamipun: mara dakngombe, mupung akèh lawuhe, supaya saya enak pamanganku.

II. Wiwitipun tiyang ngombe kathah.

Manawi tiyang sampun wiwit doyan arak sarta sampun ngraosakên eca, lajêng wiwit nyuruhi mitra karuhipun, pêrlu namung dipun ajak nêdha kalihan ngombe kemawon, sabab pamanggihipun manawi ngombe [ngo...]

--- 51 ---

[...mbe] piyambakan kirang ecanipun tinimbang kalihan mawi kônca kalih utawi tiga. Ing nalika ngombe sami cocog-cocogan mênggah raosing arak kasambi gujêngan. Dayaning arak sangsaya ngrêda, ngantos pangombenipun langkung saking takêr, lajêng angatingalakên daya kakiyatanipun. Sanalika ingkang sami ngombe lajêng sami rumaos bêgja, dene badanipun kasarasan, ngantos rumaos sagênsagêd. mangupa boga kalayan gampil, malah saking pangraosipun, sanadyan pamêdalipun katêdhaa langkung saking êkat, botên badhe sagêt têlas, môngka limrahipun tiyang kakêmpalan mangun suka punika mawa ngawontênakên pasugatan kathah sarwa miraos langkung saking têdha padintênanipun piyambak.

Têtêdhan ingkang eca-eca ingkang kangge enjingipun malah lajêng kapurih ngêdalakên. Manawi ingkang èstri wicantên: pakne, wong pindhang kari samene, môngka si thole durung ngrasakake bok iya aja dijaluk. Ingkang jalêr lajêng mangsuli mawi têmbung sêrêng: ora pêrduli, ayo tokna, aja gawe wirang marang wong lanang kowe. Kowe wong wadon wêruh apa, kabèh tanggunganaku, saiki êntèk, sesuk anggolèk. Ingkang èstri mirêng têmbung sêrêng makatên inggih lajêng ajrih, wêkasan sawontênipun inggih lajêng kawêdalakên sadaya.

Manawi enjingipun botên gadhah punapa-punapa, sarta sampun botên gadhah arta, ingkang èstri lajêng kapurih nyambut-nyambut. Manawi botên pikantuk, lajêng dipun paibên sarta dipun srêngêni ngantos sami pabên. Têmbungipun ingkang jalêr: wong wadon ora ana enjohe, bisane mung gawe wirang wong lanang bae. Bênêre wong utang wis ora olèh, apa anggadhèk-anggadhèkake apa kapriye. Ingkang èstri têmtu lajêng mangsuli, sabab pamaibênipun sangêt tur kanthi muring-muring. [muring-mu...]

--- 52 ---

[...ring.] Limrahipun wangsulanipun makatên: aku wong wadon kon kapriye, utang-utang iya uwis, dikon anggadhèkake apa, wong wis ora ana barang kang kari ing omah, apa kon adol awak.

Têtêmbungan makatên wau ngadat sok dados pabên agêng-agêngan, ngantos ingkang èstri dipun taboki.

Sanès dintên malih lajêng gêntos dipun suruhi ing mitranipun. Mênggah lampah-lampahipun inggih cocog kalihan kala wau punika. Makatên salajêngipun ngantos kathah tatêpanganipun ingkang sami nunggil kajêng. Saya kathah kancanipun, saya kathah pangombenipun. Ing ngriku arak sampun wiwit nandukakên daya kêkiyatanipun. Mila inggih botên lôngka manawi lajêng wontên ingkang mêminihi sami pabên, sabab ingatasipun tiyang kathah makatên, têmtu wontên salah satunggil ingkang sanès pamanggih, ingkang anjalari sêling sêrêp, wêkasan sami diya-diniya. Nanging sakêdhap malih pabênipun sampun kèndêl, sabab pangombenipun taksih dèrèng kaduk tur kathah ingkang ngèngêtakên.

Sasampunipun rampung ôndrawina, lajêng sami mantuk ing griyanipun piyambak-piyambak. Sawênèh wontên ingkang anglajêngakên kêkajênganipun, salong wontên ingkang ngamuk dhatêng bojo, anak utawi rencangipun.

Sêdya ingkang tuwuh saking arak punika, limrahipun namung tuwuh dadak-dadakan kemawon, inggih punika sêdya dhatêng pawèstri ingkang sampun dados pamanahan. Utawi dhatêng pawèstri ingkang katingal, botên angèngêti punapa siyang punapa dalu, punapa pawèstri punika gadhah laki punapa botên.

--- 53 ---

III. Sampun kathah pangombenipun.

Tiyang ingkang sampun sagêd kathah pangombenipun, punika langkung bingah manawi dipun suruhi mitranipun, kasukan nayub, dhatêngipun rumiyin piyambak, macak barès ngayang batin.

Ingkang sampun dados kalimrahan, para tamu sami kasêgah wedang sapacitanipun rumiyin. Sarampungipun lajêng mêdal ombèn-ombenan. Sarta lajêng sayuk sami ngombe. Manawi pangombenipun sawêg sagêlas kalih gêlas kemawon, para neneman sampun rame swaranipun, wêwah-wêwah manawi mirêng swaraning pradôngga angrêrangin, binarung swaraning waranggana ingkang pindha suling angênganyut manah. Sanalika botên sami junun anggènipun sami linggih, sakêdhap mangetan, sakêdhap malih mangilèn sarwi acancut sinjang kados badhe ngibing-ngibinga, boyok tuwin tanganipun katingal pating krêdut sêmu ngajak bêksa. Pangombenipun saya santêr, ngantos sagêd anuwuhakên pangraos botên gadhah sambutan, botên gadhah kasusahan tuwin sanès-sanèsipun, sanajan ta sambutanipun bêbasan: arang wulu kucing, sarta matumpa-tumpa kasusahanipun.

Manawi pangombenipun sampun kathah, nanging têksih èngêt ing luhur andhap, punika manawi kapurih bêksa rumiyin, ingkang kathah sami mopo, môngka ing batos sangêt pangajêng-ajêngipun tumuntêna kadhawahan ing êdhong, nanging botên kenging atilar cara, kêdah kaurut manut ênèm sêpuhipun utawi luhur andhaping pangkatipun.

Urut-urutan punika asring dados wêwinihing pabên, awit undha-usuking pangkat punika kathah ingkang botên sumêrêp, wontên ingkang mastani: pangkatku luwih dhuwur tinimbang si anu, utawi: sanajan pangkatku [pangka...]

--- 54 ---

[...tku] cilik, nanging aku luwih tuwa, ora mêsthine aku dikèrèkake, padha kaulêman, padha nyumbang.

Ingkang nuju bêksa kataman ing têmbung makatên, sanalika jaja bang mawinga-winga, kumêjot padoning lathi, sampur kabucal bêr, sarwi angacungi bithi. Wêkasan dados pabên.

IV. Ngombe tandhingan

Ing pakêmpalan nayub, utawi pakêmpalan punapa kemawon, sok ugi mawi pasugatan ombèn-ombèn, asring kemawon para pangombe ajak-ajak thing (abên gêlas), pamurihipun ingkang kapisan supados tumuntên rame, kaping kalih minôngka pratôndha bilih condhong manahipun, kaping tiga ngatingalakên bêrgasipun. Tandhanipun manawi ing pasamuwan kêkirangan sugatan arak, punika sok lajêng sêpên. Wontên ugi ing cêcariyosan. Nanging namung sakêdhap lajêng kèndêl, langkung-langkung para mudha sami sidhêm pêrmanêm tanpa sabawa, bêbasan: rame wong andondomi.

Dene manawi pasugatanipun arak anyêkapi, tigang gêlas kemawon tumrap satunggiling tiyang nèm, sampun wiwit rame, wontên ingkang gêgujêngan, wontên ingkang poyok-pinoyok, wontên ingkang miyak wados, wontên ingkang ngajak kiyat-kiyatan ngombe. Danguning dangu, pangombenipun saya kathah, pamirêngan sampun botên patos gênah, paningal sampun bawur, isin sampun ical, boyokipun wiwit wiraga tangan pating jêrpiping, sirah gela-gelo, ewasamantên manawi dipun pitakèni: apa kowe mêndêm, punika wangsulanipun masthi: aku ora mabuk, ayo ngombe manèh sagêlas padha sagêgêlas.sagêlas. [sagê...]

--- 55 ---

[...gêlas.] Manawi dipun turuti panêdhanipun, môngka sayêktosipun sampun botên kiyat, lajêng pados akal murih andadosakên nêpsunipun. Punika gampil sangêt, awit panci niyat pados dhadhakan, mila inggih sok lajêng gêlut, nanging sintên ingkang mênang, botên wontên, sabab ing pasamuwan kathah tiyang, punika ingkang sami misah, mila ingkang dipun erang-erang dèrèng marêm bilih dèrèng nyakiti utawi malês wirang dhatêng mêngsahipun, kadhang-kadhang sok lajêng ambêsmi griyaning mêngsahipun, utawi mandungi, utawi misakit saksayahipun.

Ingatasipun tiyang diya-diniya, manawi sami tandhingipun, sagêd ngawontênakên raja-raja, ingkang mijil saking dayaning arak saking pasamuwan.

V. Raja-raja ingkang tuwuh saking arak.

Ing nginggil sampun kula cariyosakên, bilih pangombe ing pasamuwan punika sami tandhingan. Manawi sampun rampungan, sok lajêng sami èngêt dhatêng pawèstri sanès, langkung-langkung para mudha ingkang sami nêdhêng birai, sanajan sampun gadhah anak bojo, sarta sampun kalêbêt wêwicalaning sêpuh janji taksih kadunungan kiyat kemawon inggih makatên. Limrahipun, kesahipun saking pasamuwan sarana ambolos, awit ciptanipun mangke manawi sampun kalêksanan, lajêng wangsul malih dhatêng pasamuwan. Dene ingkang kacipta botên sanès namung badhe pinanggih sobatipun, utawi badhe cobi-cobi sasobatan kalihan satunggiling pawèstri ingkang dados pamanahan. Lêpatipun inggih dhatêng sadhengah ingkang pinanggih, janji katingal patut, botên mawi manah gadhah bojo punapa botên. Manawi tiyangipun èstri punika [pu...]

--- 56 ---

[...nika] bangsaning palanyahan, inggih lajêng rindhik kirik ginitik, malah nêdahakên panggenan ingkang kintên-kintên botên sagêd kasumêrêpan ingkang jalêr (lakinipun).

Pandamêl makatên punika sanajan rêmpita kados punapa têmtu badhe kapirêng ingkang jalêr. Satêmah botên prayogi kadadosanipun.

Tumrap tiyang mabuk, wiweka punika mèh botên kangge, sabab panganggêpipun botên kirang kakiyatanipun, botên kirang kakêndêlanipun, botên kirang kapintêranipun, mila tiyang mêndêm ingkang gadhah lêkas makatên, manawi kapranggulan ingkang jalêr lajêng kasêgah kancing kori utawi alu ingkang sagêd anjalari ing pêjahipun. Dene manawi lêpat, ingkang kasêgah inggih lajêng mangsulakên sasêgahipun malah mawi sarêman, punika inggih anjalari tiwasing lakinipun.

Punika lo, dayaning arak, kêkiyatanipun ngudubillahi. Mila para mudha ingkang sami doyan ngombe, kula aturi ngêngirangi, manawi dèrèng doyan, sampun ngicipi, sabab manawi sampun ngicipi sapisan, lajêng badhe ngaping kalih, ngaping tiga sarta salajêngipun.

VI. Labêting arak ingkang dumugi dhatêng kanisthan.

Para mudha ingkang karêm dhatêng arak, punika botên sanès wusananipun, kajawi namung lajêng ngunggar-unggar kanêpsonipun dhatêng pawèstri. Ingkang langkung gampil kalêksanananipun punika namung dhatêng talèdhèk. Tlèdhèk punika paplêsiranipun botên namung mangangge sae kemawon, nanging ugi sok rêmên nêdha eca, sarta sami purun nyêrèt, anggènipun sami makatên punika sayêktosipun sabab saking gampilipun angsal arta ingkang kapara langkung saking nama cêkap. Tlèdhèk [Tlè...]

--- 57 ---

[...dhèk] ingkang sagêd tampi arta kathah makatên, warninipun masthi endah, nèm sarta sagêd, mila para angkarèng budi kathah sami dados sobatipun. Ingatasipun tiyang jalêr, ênèm bagus sarta sugih, kapengin ing pawèstri ingkang tansah rinêngga ing busana, dhasar endah ing warni tur pintêr, têmtu têlas manahipun. Wêkasan botên èngêt ajining donyanipun. Punapa ingkang dados panêdhaning kalulutipun têmtu dipun turuti. Punapa sababipun makatên. Punika gampil, manawi ingkang jalêr botên nuruti panêdhaning kêkasihipun, tamtu lajêng tinilar pados bedhang enggal ingkang sagêd anglêgani panêdhanipun, mila botên lôngka manawi dipun ajak nyêrèt inggih manut. Kadospundi badhe kadadosanipun para neneman ingkang purun nyêrèt, punika kula sampun sami sumêrêp piyambak, wêwah-wêwah para neneman ing jaman samangke. Sampun malih ingkang bangsaning tiyang pangajaran, sanajan lare dhusun kluthuk, ugêr sakolah kemawon inggih sumêrêp badhe kadadosanipun tiyang nyêrèt, sabab sampun dipun dongèngi dening gurunipun utawi saking maos sêrat-sêrat, dene kadadosanipun inggih punika: nistha, papa utawi dados tiyang awon. Dados sampun têtela bilih dayaning arak punika sagêd anuwuhakên sangsara mawarni-warni, mila prayogi sami kasingkirana, insa Allah wilujêng ingkang pinanggih.

Kangjêng gupêrmèn sampun andhawuhakên, bilih tiyang ingkang karêm ing arak, botên pantês kaabdèkakên. Para tuwan-tuwan tanah sarta pangagênging pabrik-pabrik ugi makatên undhangipun dhatêng para karerehanipun.

--- 58 ---

VII. Sêsakit ingkang tuwuh saking arak.

Kula sampun kêrêp nyipati, tiyang ingkang karêm arak punika, manawi badhe mêndêm karaos ngêlu sirahipun, saya dangu saya sangêt. Sarèhne pangombenipun ajêgan, dados ngêlunipun inggih ajêgan, lami-lami tiyang makatên wau dados lalèn. DedeDene. ngêlu lan lalèn punika sami nama sêsakit utak. Tiyang wuru dawa mripatipun katingal abrit, awasipun têmtu suda. Dene manawi ingkang doyan ngombe punika sampun têngah tuwuh (umur kawan dasa minggah) wêtêngipun ingkang karaos sakit, mulês utawi pêrih. Jampinipun punapa. Inggih mawi arak malih, lajêng saras, jalaran badan mila dèrèng kathah sudaning kakiyatanipun. Dangu-dangu jampi arak botên maedahi, gêntos mawi apu, kaêmoran toya jêram pêcêl, kangge wêdhak utawi kaombe sakêdhik. Mênggahing tiyang dhusun sami ngangge momoran godhong pare utawi dhadhap. Majêng-majêng jampi ingkang kasêbut wau botên tumama, lajêng ambêbucal umbêl utawi êrah. Lah sapunika celenganing sêsakitipun sampun mèh kêbak, enggal lami têmtu badhe kabobok kangge sapêrlunipun.

Wontên malih sêsakit ingkang tuwuh saking arak, inggih punika edan, botên namung kasanggi piyambak, kadhang-kadhang anak putunipun inggih sok kataman ing panyakit wau, mêmêlas sangêt. Anak putu ingkang tanpa dosa.

Anakipun tiyang wuru dawa sanajan badanipun sarasa kados punapa, pamanggihipun sok kados pamanggihipun tiyang mêndêm.

Napasipun tiyang doyan arak punika saya sêpuh saya cêkak, mila [mi...]

--- 59 ---

[...la] manawi pangombenipun arak radi kaduk, sok lajêng mênggèh-mênggèh, têrkadhang wontên ingkang sok kalajêng pêjah.

VIII. Kakêndêlanipun tiyang mêndêm.

Mênggah kakêndêlanipun tiyang mêndêm punika saèstu anglangkungi. Kula asring sumêrêp tiyang mêndêm numpak kapal utawi dhokar, kapalipun asring dipun labrag sasayahipun, sanajan plajêngipun sampun lonjong botor.

Bêbaya punapa ingkang badhe pinanggih ing wingking, botên dipudipun. praduli. Makatên ugi manawi têtulung griya kabêsmèn utawi lare kèli, kêndêlipun saya dipun tingalakên dhatêng tiyang kathah ingkang sami tandang. Ingkang kathah mila sok wilujêng, nanging ugi wontên ingkang bilai piyambak.

Nalika kula ningali tiyang kêmpalan ngombe arak, kalêrês wontên griya kabêsmèn, para wuru sami agahan cukat ing tandangipun, ngêdalakên barang, ambêdhah pagêr sarta wontên satunggil ingkang mènèk ing payon. Sarèhning latu dadosipun saking nglêbêt, tiyang ingkang mènèk punika sampun dipun pênging dening tiyang kathah, nanging mêksa badhe ngatingalakên kakêndêlanipun, sarêng wontên ing payon, rangkèn ingkang dipun ênciki punika lajêng anjêblos. Prajurit ingkang linangkung punika sanalika amblês mangandhap, nanging botên sagêd lajêng mangandhap, jalaran tanganipun kacangkol ing rangkèn ingkang dèrèng murub, kados punapa jêlih panggêroning para tandang sarêng ningali wontên tiyang ingkang cilaka punika, rekadaya botên kirang kangge ngêntas tiyang wau, nanging tanpa guna, awit tiyang kathah sampun botên sagêd nyakêt saking bêntèripun, wêkasan kalajêng gêsêng dados arêng. Dene tiyang mêndêm ingkang angambah toya, kathah ingkang dados tinja urang. Mila saking pamanggih kula, kakêndêlanipun [ka...]

--- 60 ---

[...kêndêlanipun] tiyang mêndêm punika saèmpêr kakêndêlaning lare ingkang tanpa dugi prayogi. Punapa punika nama kêndêl. Saking pamanggih kula kok botên, sabab namung kabujêng saking agênging manah dipun tingali tiyang kathah.

Nalika wontên ing pasamuwan, môngka kaduk ing pangombenipun, punika gampil sangêt nêpsunipun, botên kenging kasoran basa sakêdhik. Samôngsa wontên ingkang nyobi, nêpsunipun yayah sinipi, kados badhe nguntal-nguntala, mênggah sampuna wontên pangadilan, sanalika têmtu sagêd lajêng anêlasi.

Ing ngandhap punika kula badhe nyariyosakên satunggiling tiyang ingkang tiwas sabab kaduk ngombe arak.

Anuju ing satunggiling dintên, ing pacinan wontên pakêmpalan agêng mawi nayuban. Kados punapa ramenipun tiyang ingkang sami mangun suka botên susah kula aturakên, para maos sampun têmtu wuninga piyambak, salah satunggiling tamu katingal kalangkung suka, ngantos ngatingalakên solah bawa ingkang dede-dede, sampun tamtu kemawon, botên sadaya rêmên dhatêng piyambakipun, malah wontên satunggal ingkang nyaru. Kocapa ingkang kataman ing têmbung saru, sanalika lajêng nêpsu kalangkung, sarta lajêng anêdahakên kakêndêlan tuwin kakiyatanipun, mangkok wadhah jangan ingkang wontên ing ngajêngipun, enggal kacandhak, kacakot kamamah-mamah, ajur dados sawalang-walang. Ingkang nyaru ningali kadigdayanipun ingkang kasaru, isinipun kalangkung-langkung. Sanalika ing sêmu kados pados rekadaya, sarêng sampun manggih lajêng nyat madal pasilan, pantêsipun badhe mantuk mêndhêt dêdamêl. Sadumugining griya, kori pinanggih kêkancing saking ing lêbêt, mila lajêng kadhodhog purun, ingkang têngga griya kalêrês pamanipun, punika kala samantên kapatos [kapa...]

--- 61 ---

[...tos] tilêm, sangêt kagètipun mirêng tiyang andhodhog kori sapurun-purun. Kori nuntên kaêngakakên kalayan muring-muring, ingkang nêdha kori lajêng lumêbêt ing sênthong, mêdalipun ambêkta dhuwung ligan, kados badhe kangge mrajaya mêngsahipun wau. Pamanipun tansah gumrêmêng kemawon, dhuwung ligan lajêng katamakakên ing gurunging pamanipun, ngantos 11 sèntimètêr lêbêtipun. Ingkang kasuduk ambêngok, badhe lumajêng sampun botên sagêd, jalaran sakit, mila lajêng ngrangkul saka, botên dangu dhawah andhêpani siti, lajêng pêjah. Jêriting tiyang binarung swaraning kênthongan adamêl gêtêr otêring kitha. Para tandang sami ambêkta dêdamêl, sawênèh ambêkta pacul tuwin lodhong, ngintên bilih wontên bêbaya latu. Para rundha tuwin pulisi sami murugi pinangkaning titir, wusana sarêng dumugi ing panggenan, sumêrêp bilih ingkang andamêl gègèr-gègèr punika prakawis rajapêjah. Para pulisi tuwin para tandang sami kèndêl sajawining griya, manah-manah kèndêling para pulisi punika limrah, sabab badhe majêng murih prayogining lampah, sampun ngantos pêpeka. Sarêng ingkang dosa wau sumêrêp dhatênging pulisi, lajêng murugi sarwi asumbar-sumbar, wicantênipun: pulisi, kula tiyang jalêr alit mila, kula ingkang mêjahi layon mawi dhuwung, malah dhuwung kula têksih tumancêb ing guluning layon, sumôngga kula sampeyan pikut sarta sampeyan ukum gantung. Sarêng pulisi mirêng swara makatên punika, lajêng tanpa sumêlang nyakêti dêdosan, sarta lajêng mikut kabêkta ing pakunjaran, enggalipun prakawis kapriksa saking pangadilan, pasakitan tampi paukuman ing samurwatipun.

Punika lo kupiyanipun tiyang ngombe arak. Mila kula pitados sangêt bilih dangu-dangu tiyang sade arak badhe kirang kauntunganipun, jalaran [ja...]

--- 62 ---

[...laran] para mudha badhe suda utawi botên ngombe arak babar pisan.

IX. Sarunipun tiyang mêndêm.

Sampun pintên-pintên katranganipun, bilih tiyang mêndêm punika ical wirangipun. Mila manawi sampun botên kiyat, lajêng kabêkta mantuk dening mitranipun. Ing samargi-margi omongipun botên kèndêl-kèndêl sarta botên kantên-kantênan, wêwah-wêwah manawi kapêthuk kalihan tiyang èstri ingkang nèm sarta sae, punika saruning omongipun, ngudubillahi. Sinjangipun kêthatharan, rasukanipun kuthah utah-utahan utawi sami suwèk, udhêngipun madhul-madhul, rambutipun dhawul-dhawul, lare-lare sami nginthil mirêngakên omongipun ingkang sok lucu, tuwin ningali solah tingkahipun tiyang mêndêm wau. Manawi dipun sauloni, saya sangêt anggènipun anglairakên têmbung ingkang anggumujêngakên. Wontên ugi ingkang dipun gagujêng lajêng nêpsu, nanging namung sawatawis.

Tiyang mêndêm ingkang makatên wau saya dangu saya sangêt karaosipun, wêkasan lajêng ambruk saênggèn-ênggèn, wontên ingkang dhawah ing galêngan sabin utawi sumampir ing tanggul-tanggul pinggir margi, gêrêng-gêrêng sarta luntak-luntak, nanging sampun botên èngêt punapa-punapa, wêkasan tilêm ing ngriku. Lare-lare ingkang ningali salong wontên ingkang anggodha, murih ingkang mabuk wau nêpsu, sabab sanajan ngudaga, pamanggihing lare môngsa nyandhaka palajêngipun. Sumôngga para mudha kagaliha, punapa tiyang wau botên kaanggêp tiyang gêmblung, punapa botên nistha tiyang sêpuh kangge dolanan ing lare.

X. Tiyang nadhah arak.

Manawi tiyang sampun kulina ngombe arak piyambakan, punika lajêng matuh. [ma...]

--- 63 ---

[...tuh.] Limrahipun anggènipun ngombe manawi badhe nêdha. Ciptanipun: dakngombe supaya bisa enak anggonku mangan. Salêrêsipun mila inggih makatên, samantên punika manawi pangombenipun namung sagêlas utawi kalih gêlas kemawon, manawi langkung saking samantên malah botên doyan nêdha.

Dene manawi tiyang ingkang matuh punika nuju gadhah ulam ingkang eca, lajêng wicantên makatên: ana iwak enak, dakngombe supaya wuwuh-wuwuh enake anggonku mangan. Upami nuju botên gadhah arak, panêdhanipun kasumênèkakên, ngêntosi sapikantuking arak. Bab ingkang makatên punika andadosakên wêwahing matuhipun. Manawi sampun matuh saèstu môngka sadintên botên dipun ombèni, lajêng katagihan kados tiyang nyêrèt, badan lungkrah, kasarasaning angga sirna, botên gadhah kakiyatan babar pisan, sadaya padamêlan namung katingal angèl sarta awrat kemawon.

Kadospundi manawi lajêng pikantuk arak, punika lajêng katingal bêgèr. Sawêg ngombe sagêlas kemawon badan sampun karaos sêgêr, otot katingal pating prangkênêng sarta cahyanipun abrit anêmbagi, pangraosipun kados sagêd-sagêda ambêdhol rêdi. Botên dangu karaos luwe lajêng dipun ladosi nêdha dening semahipun. Panêdhanipun sêngkud mamenginakên, sanajan lawuhipun namung jangan sambêl thok. Kosokwangsulipun, sanajan ladosanipun ingkang èstri sae kados punapa, manawi sêpên arak, inggih muring-muring. Tiyang ingkang makatên punika nama nadhah arak.

Manawi nadhahipun sangêt, môngka kawontênanipun kalangkung musakat, manawi katagihan, ical kaprawiranipun, purun papriman dhatêng mitra

--- 64 ---

karuhipun parlu kangge tumbas arak, tiyang nêdha punika namung sapisan kaping kalih, nanging manawi kakêrêpên, sanajan mitraa darma pisan inggih lajêng bosên, wusananipun sami pasulayan sabab saking tatêmbungan ingkang botên sakeca kapirêngakên. Upami mitranipun wicantên makatên: kowe iku wong ora gablêg, ambok aja ngombe, ngisin-isini sing waras, aku andêlêng bae rumasa isin, sing nglakoni kok andablêg mangkono. Nya, iki sakêthip, nanging aja têka rene manèh, yèn kowe wani têka sapisan manèh anjêjaluk mangkono, aja sambat kaningaya, mêsthi dakwêwirang luwih ingkang uwis-uwis. Makatên labêtipun tiyang matuh ngombe, mila kula badhe cobi-cobi anggancarakên rekanipun supados para anèm sagêda nyênyuda ing pakarêmanipun ngombe arak, murih sampun ngantos matuh.

XI. Rekanipun murih sudaning tiyang ngombe arak.

1. Kangjêng guprêmèn sampun paring dhawuh, bilih para priyantun ingkang kaabdèkakên botên kaparêng ngombe ngantos kaduk utawi nadhah.

2. Prabeyaning kapal ingkang ambêkta ombèn-ombèn, kaindhakna tikêl sadasa utawi kalih dasa, murih rêgining arak ugi mindhak awis makatên.

3. Para pakêmpalan sampun nampi warga ingkang doyan ngombe.

4. Kangjêng guprêmèn angawisana tiyang simpên arak langkung saking salitêr.

5. Pajêgipun tiyang sade arak, ugi kêdah kaindhakakên.

6. Paukumanipun tiyang damêl arak kawêwahana ingkang langkung awrat.

7. Tiyang ingkang sagêd nyêpêng tiyang damêl arak, kaganjara ingkang agêng.

8. Angawisana tiyang sade arak eceran.

--- 65 ---

Bab ingkang kaping sapisan sarta kaping wolu, èngêt kula sampun kalampahan, nanging botên patosa lumampah kêncêng, sabab têksih kathah abdinipun kangjêng gupêrmèn ingkang sami doyan ngombe.

Indhaking rêginipun arak punika adamêl kauntunganipun ingkang sade, sarta ingkang sagêd tumbas namung tiyang sugih-sugih kemawon. Tiyang sugih punika botên kathah, dados kônca ngombe inggih botên kathah, wêkasan sami kèndêl piyambak.

Sawênèhing tiyang sami suka pamrayogi, supados arak kaawisan lumêbêt ing sanagari-nagarinipun, punika pamanggih kula adamêl kapitunanipun pabrik ingkang agêng-agêng sarta kathah cacahipun. Kangjêng gupêrmèn inggih kapitunan prabeyan ingkang botên sakêdhik gunggungipun, nanging manawi kainggahakên prabeya sarta rêginipun, malah kosokwangsulipun.

Sawênèhing dhoktêr sami amastani, bilih ombèn-ombèn makatên punika sagêd damêl cêndhaking umur, punika pun wuru dawa botên praduli, sabab pamanggihipun pêjah gêsang punika Gusti Allah ingkang kagungan, rak botên tumut punapa-punapa.

Pêrang donya punika saksinipun, bilih indhaking rêginipun ombèn-ombèn adamêl sudanipun tiyang ngombe. Sadèrèngipun wontên pêrang, sampun malih ing kitha, botêna kathah tiyang dados gotongan labêt saking arak, sanajan ing dhusun-dhusun ugi kathah ingkang sami dipun gotong, rêgining arak ing wêkdal punika botên namung nama mindhak kemawon, malah tikêl têkuk, mila tiyang mabuk sapunika awis-awis sangêt.

--- 66 ---

XII. Sami-sami aksara: Ma, minum punika awon piyambak.

Ing nginggil sampun kula cariyosakên, bilih tiyang mêndêm punika sagêd nuwuhakên: Ma. Nênêm sanèsipun, sabab anggènipun anglampahi kanthi botên èngêt, dene manawi èngêt, sadaya lêlampahanipun punika mila dipun têmaha, sanajan awon badhe kadadosanipun. Manawi lêrês makatên, lajêng nama tiyang punapa, sabab sampun dipun sumêrêpi bilih latu punika bêntèr sarta sagêd mêjahi têka anjarag lumêbêt ing tumangan, punapa jaman buda, punapa jaman kadewan, punapa cara tiyang Bali. sanajan Balia inggih Bali jaman kina, sanès Bali jaman samangke. Mila kula pitados sangêt bilih tiyang mabuk badhe ical saking sakêdhik. Wêwah-wêwah sarêng pamulangan sangsaya kathah, para mudha sami ngêrtos saking cariyosing gurunipun, utawi saking anggènipun angyêktosi piyambak.

Punapa ombèn-ombèn ingkang makatên punika badhe sagêd ical babar pisan. Saking pangintên kula botên sagêd, sarta kula inggih botên angajêng-ajêng icalipun, pangajêng-ajêng kula namung sagêda kirang kemawon. Punapa sababipun dene botên sagêd ical babar pisan, punika kathah katranganipun, kados ta: para luhur sarta para tuwan-tuwan kathah ingkang taksih sami ngunjuk. Kaping kalih, pabrik arak rekanipun wêwah-wêwah kemawon kangge mêmencut tiyang ingkang doyan ngombe. Kaping tiga, kangge anggampilakên wêdaling pamicara, samantên punika manawi namung kaombe sagêlas utawi kalih gêlas. Nanging awis ingkang sagêd ngombe namung sakêdhik makatên, ingkang limrah inggih saya andadra, mila prayoginipun anêtêpana ujaring piwulang darmawasita: [dar...]

--- 67 ---

[...mawasita:] luwih bêcik kaduwung mênêng tinimbang karo kaduwung marga saka kawêtu basane kang andadèkake ora bêcik.

XIII. Adatipun tiyang ing dhusun Bêlah manawi badhe gadhah damêl.

Tiyang badhe gadhah damêl punika adat apêsipun kirang sawulan, sampun wiwit dandos-dandos, inggih punika dandosi griya, tuwin panganggening lare ingkang badhe dipun wilujêngi, punapadene ngawontênakên calon pasugatan. Nanging tumrap tiyang ing Bêlah ingkang kamanah rumiyin namung arak sarta panganggening lare kemawon, sabab kathah-kathahing tiyang ingkang dipun ulêmi manawi botên mêndêm sok lajêng sami angraosi awon. Têmbungipun: wong duwe gawe ora enjoh tuku ciu bae, thik nganggo ulêm-ulêm wong barang.

Mila tiyang Bêlah punika bilih badhe gadhah damêl ingkang dipun prihatosakên inggih namung arak punika. Sambatipun: wong Bêlah iku yèn duwe gawe kêna diarani pawitane ming tutus, janji ora kurang arake, wis ora bakal digunêm ing uwong. Pawitan tutus punika têgêsipun, namung nangsuli pagêr-pagêripun ingkang sami bodhol (risak).

Jaman tigang dasa taun kapêngkêr, sadiyanipun arak manawi badhe gadhah damêl tiyang Bêlah, botên kirang saking gangsal jun, punika kalêbêt tiyang ingkang cêkapan, dene manawi tiyang sugih sadiyanipun ngantos sadasa utawi gangsal wêlas jun.

Tôngga têpalihipun tiyang ingkang badhe gadhah damêl, manawi mirêng kirang pintên dintên badhe dhawahing damêl, sampun wiwit ngêpêng anggènipun nyambut damêl murih [mu...]

--- 68 ---

[...rih] sagêdipun pikantuk arta langkung saking ingkang dipun têdha, parlu kangge nyumbang dhatêng tangganipun wau, makatên ugi manawi ingkang badhe gadhah damêl wau kalêbêt tiyang cêkapan, ingkang têmtu sagêd tumbas arak, dene manawi botên makatên, inggih malah namung kosokwangsulipun kemawon, inggih punika anggènipun sami nyambut damêl saecanipun kemawon. Raosanipun: wayah, nyambut gawe ngêpêng kanggo apa, kaya mangkene bae iya wis bisa cukup kanggo nyumbang tôngga kang bakal ora nyuguh ciu.

Para têtamu manawi sampun sami mêndêm, oncor-oncoran panyumbangipun, wontên ingkang sarupiyah, saringgit utawi kalih ringgit, dene manawi botên mêndêm, kathah-kathahipun satangsul, makatên kulinanipun tiyang ing dhusun Bêlah utawi padhusunan sacêlakipun.

XIV. Adatipun tiyang Bêlah manawi jagong sinêgah arak.

Tamu ingkang sami dhatêng punika kalênggahakên ing lampit lajuran kiwa têngên ing gang ingkang têngah. Tamu ingkang gadhah pangkat, tiyang sugih utawi tiyang sêpuh kalênggahakên ing ngandhap talang sacêlaking griya agêng. Talang punika dumunung gathuking griya agêng kalihan pandhapi utawi tarub. Tamu ingkang neneman ugi wontên ing gang têngah punika, nanging kapara têngah saking talang. Ing ngriku panggenanipun sami tayuban.

Sadangunipun lalinggihan, punika sami kèndêl kemawon asêmu lingsêm, tanganipun kiwa têngên gêntos-gêntos nyêpêngi janggut, mripatipun lirak-lirik ningali tiyang ingkang ngladosi sêmu apitakèn punapa ingkang badhe kaladosakên. Manawi sumêrêp bilih ingkang kaladosakên [kaladosakê...]

--- 69 ---

[...n] namung wedang thok, lajêng ngunjal ambêkan, lênggahipun botên jênjêm sarta manawi sampun dipun ladosi nêdha, tumuntên sami pamit mantuk. Manawi sampun têtela billih badhe kaladosan arak, sêmunipun sami bingah sumringah, kathah gujêng sarta omongipun. Manawi arak sampun mêdal, lajêng sami miwiti ngombe, kalih tigang gêlas alit kemawon sampun sami gerongan ambarungi swaraning pradôngga. Botên antawis dangu lajêng mungêl gêndhing ayak-ayakan, sampur utawi sondhèr lumarap dhatêng tamu ingkang pantês anjogèd rumiyin. Kados punapa swaranipun ingkang dèrèng anjogèd punika botên susah kula aturakên, sabab ingkang kathah lajêng sami anglajêngakên pangombenipun, ngantos kathah ingkang sok botên sagêd nêdha utawi anjogèd, lajêng mantuk ing griyanipun piyambak-piyambak, sarwi gêntoyongan tuwin luntak-luntak. Wicantênipun: iki jênênge wong duwe gawe, buwuha sapira-pira ora ilang.

Manawi sagêd dumugi ing griyanipun, lajêng wicantên dhatêng ingkang èstri, bilih ing têmbe piyambakipun gadhah damêl, tamunipun kêdah sami wuru sadaya, manawi botên makatên, aluwung wilujêngan kemawon.

XV. Adatipun tiyang parêdèn manawi gadhah damêl.

Ing pundi panggenan ingkang tiyangipun ngare sami karêm ngombe arak, tiyangipun parêdèn inggih sami purun ngombe arak, nanging botên sapintêna, mila manawi gadhah damêl, botên namung ngêpêng dhatêng ombèn-ombèn kemawon. Ingkang kaparlokakên: uwos pantun utawi jagung, lajêng ulamipun. Manawi tiyang sugih ulamipun maesa utawi lêmbu sarta menda. Dene manawi tiyang ingkang limrah kemawon,

--- 70 ---

ulamipun lêmbu utawi ayam. Ulam sagantên ugi wontên, nanging sampun wujud gèsèk, mênggah panêmbramanipun dhatêng têtamu manut sagêd lan botênipun ingkang nambrama dados nama limrah. Sasampunipun tamu kaacaran, pasugatan wedang kaladosakên, tumuntên sêkul salawuhipun. Manawi sampun rampung lajêng dipun têdhani sumbang. Pisumbangipun ugi botên têmtu kathahipun, lajêng dipun tantun punapa badhe mantuk punapa badhe lajêng kasukan. Inggih punika nayub utawi cêki. Manawi badhe nayuban, lajêng kaladosan ombèn-ombèn. Manawi sumêdya cêki lajêng kapapanakên, dene manawi badhe mantuk, lajêng dipun sukani brêkatan, sêkul sarta ulamipun sawungkus, ulamipun sapringkil utawi kalih pringkil, srundèng botên kantun. Anggènipun nyukani ulam sapringkilan makatên punika pancènipun supados sampun tuna anggènipun gadhah damêl, malah ingkang kaangkah mugi agênga bathinipun. Tiyang nonton ingkang badhe tumbas brêkatan inggih kenging, limrahipun ingkang sabuntêl rêgi satangsul.

Arta pasumbang utawi pêpajênganing brêkatan, dipun lêbêtakên ing lodhong dêling ingkang dipun kunci sarta dipun jagi dening Guni. Guni punika tiyang sêpuh ingkang matrapakên japa môntra pangorègan murih kathah tamunipun. Panggenanipun wontên sawingkinging tèdhèng sawingking tamu, sajènipun têtêdhan warni-warni, tike, gantèn sarta dilah lisah kalapa tuwin mênyan.

Sabibaring damêl, ngantosa pêndhak dintên, lodhong dèrèng kenging kaetang pikantukipun, awit Kyai Guni ingkang angawisi, manawi ingkang sami rencang (sinoman) sampun sami bibar sadaya, lodhong wau sawêg kenging kabikak, lajêng kaetang sarêng-sarêng kalihan Kyai Guni, manawi [ma...]

--- 71 ---

[...nawi] pikantuk kathah, Kyai Guni sangêt bingahipun, sabab badhe kathah pandumanipun, nanging manawi namung sakêdhik, lajêng anglêpatakên ingkang gadhah damêl, wicantênipun sabab saking kirang sajèn, kirang lisah, kirang tike, tuwin warni-warni kemawon ingkang dados sabab, mila sanajan ingkang gadhah damêl tansah garunêngan, ewasamantên mêksa nyukani panduman pantês kathahipun.

Limrahipun sabibaring damêl, kathah para bakul ingkang dhatêng nagih, sabab sadhiyan sasêgah wau mèh sadaya anggènipun nyambut, sêmadosipun bayar bibar damêl, dados arta pasumbang wau kalamôngsa inggih sok langkung, sok kirang utawi trêp-trêpan kemawon, limrahipun kirang, sabab saking kathahing panganggenipun ingkang kêdah linampahan. Punapa ta sababipun, dene pasumbang sagêd kirang utawi panganggenipun kêdah kathah. Tumrap bôngsa Jawi kados botên kakilapan, inggih punika jalaran dhatêngipun para tamu sami ambêkta bala, anak, semah, sadhèrèk tuwin sanès-sanèsipun, ingkang angrencangi angladosi ugi makatên.

XVI. Priyantun alit ingkang gadhah damêl.

Bedanipun priyantun alit-alitan kalihan tiyang dhusun manawi gadhah damêl, kathah, inggih punika: botên mawi Guni, botên mawi brêkatan, botên mawi tèdhèng, sarta lênggahipun botên wontên ing ngandhap, sami kursèn sadaya, meja kênapipun sami katata sae, sarta ingkang agêng manahipun, mawi rêrênggan janur kuning tuwin ron-ronan ingkang asri tiningalan. Sadiyanipun mèh sami kemawon, namung prasajanipun amratandhani bilih lêladosanipun wau sampun karêmbag rumiyin.

--- 72 ---

Pasumbangipun ingkang kathah awarni barang, kados ta: sinjang, udhêng sarta badhe rasukan, ugi wontên ingkang nyumbang arta, nanging panyumbangipun langkung rumiyin utawi sasampunipun lêbar damêl. Arta ingkang kasumbangakên sarêng damêl punika, manawi damêlipun mawi pasamuwan tayuban, sintên ingkang badhe ambêksa, kêdah maringi arta kawadhahan talam ingkang kaaturakên dening talèdhèk sarêng kalihan sampur.

Ulêm-ulêmanipun sami kancanipun priyantun, sanak sadhèrèk sarta mitra karuhipun, dhatênging ulêm-ulêman sami ambêkta rencang. Ingkang èstri ambêkta anak tuwin rencangipun. Kônca sinoman, sanèsipun gadhah pangangkah mêndhêt ulam-ulam badhe kabêkta mantuk, ugi kathah panêdhanipun panduman. Mila sabibaring damêl, priyantun ingkang gadhah damêl wau asring kabêslah dening Arab utawi Cina. Sabab priyantun alit punika ingkang kathah balanjanipun botên anyêkapi, môngka limrahipun sami prawira, lumuh kantun brêgas kalihan sajajaripun, mila sanajan anggangsal wêlasan inggih dipun têmah, môngka anggangsal wêlasi punika awrat sangêt, dados botên kiyat ambayar. Wusana lajêng gantos tôndha tangan, bibit kalihan anakan kadadosakên bibit sadaya. Ingkang têmtu anakanipun samangke langkung agêng tinimbang ingkang sampun, sabab bibitipun dados langkung agêng tinimbang ingkang rumiyin. Makatên salajêngipun ngantos griya pakawisanipun têlas sadaya.

VXII. Priyantun agêng ingkang kagungan damêl.

Mênggah patrapipun priyantun agêng kagungan damêl punika sami kemawon kados priyantun alit, bedanipun namung inggih agêng alit,

--- 73 ---

pasumbangipun inggih makatên, saya agêng pangkatipun, saya agêng malih pasumbangipun. Priyantun alit ingkang cêkap kasumbang mawi sarung pangaos sarupiyah, punika botên pantês yèn nyumbanga namung samantên dhatêng priyantun agêng. Pantêsipun inggih ingkang pangaos gangsal rupiyah minggah. Lêrês priyantun agêng wau botên badhe duka, nanging ingkang nyumbang botên sakeca piyambak, utawi isin, mila kathah priyagung ingkang sok paring dhawuh, supados ingkang sami sowan sampun sami ambêkta pasumbang. Rekanipun priyantun alit, lajêng sami urun-urunan arta, pakangsalipun lajêng katumbasakên barang salaka utawi jêne ingkang prayogi, tumuntên kaaturakên minôngka tôndha kaasihanipun priyantun alit ing priyantun agêng wau, ngadat priyantunipun agêng sok lajêng botên sagêd ngandika malih, kapêksa kêdah nampèni pisungsungipun para priyantun alit-alit wau. Ingkang makatên punika kados limrahing sadhengah bôngsa dene manawi pisungsung wau saking priyantun agêng dhatêng priyantun agêng malih, punika malah langkung gampil panolakipun. Mila manawi wontên ingkang cariyos bilih priyantun agêng wau mundhuti pasumbang awarni anu-anu, punika têksih pakèwêd anggèn kula manah, sabab kathah-kathahing manungsa, satunggal kalih inggih sok wontên melikipun ingkang makatên, nanging botên kathah. Dene murka punika bêbahaning ngagêsang, dados nama mundhut-mundhut makatên, dèrèng têmtu.

Pisungsungipun para tuwan-tuwan punapadene pangagêng bôngsa sabrang, botên wênang katolak, sabab badhe andadosakên kalingsêmanipun, satêmah adamêl rêngganging pamitran, wêkasan adamêl unduring kamajêngan. Môngka sasat bôngsa sabrang sadaya ingkang nênuntun kita ing jaman kamajêngan. [kama...]

--- 74 ---

[...jêngan.] Upami ngantosa rênggang pamitranipun, punapa botên sami kalihan murid kecalan guru. Kados punapa badhe kadadosanipun, ingkang têmtu lajêng amindhang urang, mundur wirang majêng botên kuwagang.