Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kabutuhan, Pujaarja, 1925, #1614

Katalog:Kabutuhan, Pujaarja, 1925, #1614
Sambung:-

Serie K. No ... KABOETOEHAN ... Harga f 0, 50

--- 0 ---

Sêrat Kabutuhan

Mratelakakên pratikêling lampah ingkang amrih kasampêtan, minôngka mustikaning wêwarah ingkang damêl marêming manah

Karanganipun Radèn Pujaarja Ing Surakarta Kala taun Walandi 1922 Utawi taun Jawi Jimawal sinangkalan guna karya ngèsthi jiwaSengkalan: guna karya ngèsthi jiwa (1853 A.J., 1922/23 A.D.).

(1853)

2e Druk Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Ghun Swi, ing Kêdhiri.1925

BOEKHANDEL "SOEY" TIMOERAN SOLO. Djoewal Menjak-wangi, Bedak, Eau de Cologne, Balsem, Kina kastoeri, Parem, Serbat, dan Djamoe-Djawa, Tiong Hoa, enz.

--- 0 ---

BOEKHANDEL TAN KHOEN SWIE, - KEDIRI

Madoe Wasito Gusti ... f 1,25 f 0,125

Manik Hardjonirmolo G ... f 0,80 f 0,075

Mardi Tomo G ... f 1,25 f 0,10

Madoe Boso deel I f2-deel II f 1 25 G ... f 3,25 f 0,325

Madoeroso (hingkang sinandi) G ... f 1,75 f 0,15

Ngelmi Pangroetjat G ... f 0,60 f 0,075

Nitik Kraton P.B.IX X,G ... f 0,50 f 0,075

Niti Sroeti T ... f 1,- f 0,10

Ngelmoe Panoedjoeman G ... f 0,50 f 0,075

Noekilan (Kaweroeh sasadji) G ... f 0,50 f 0,05

Niti Prono R Ng. Josodipoero T ... f 0,40 f 0,05

Ngelmi Pangasihan G ... f 0,60 f 0,075

Oesoeloedin Kaweroeh G ... f 0,80 f 0,075

Pepali Nabi Khong Hoe Tjoe ... f 2,50 f 0,25

Patkoel Karib G ... f 0,15 f 0,05

Pramono Sidi Soeloek G ... f 1,- f 0,10

Panggardjito samak kandel G ... f 0,80 f 0,075

Prabangkoro G ... f 3,- f 0,15

Pandam Prono G ... f 1,50 f 0,12

Poenopo hingkang bade kito goelang G ... f 0,80 f 0,075

Paniti Bojo T ... f 0,80 f 0,075

Panitisastro G ... f 0,80 f 0,075

Pastikomojo G ... f 0,60 f 0,075

Prasido Djati T ... f 1,25 f 0,125

Poerwo Kanti T.G ... f 1,75 f 0,155

Pastiko Warna T.G ... f 1,50 f 0,10

Pati Tjentini T ... f 3,50 f 0,175

Poestoko Rantjang (Patakmodin) T ... f 1,25 f 0,10

Pamboekaning Tjipto G ... f 2,- f 0,15

Primbon adoe djago G ... f 0,50 f 0,05

Pitoetoer Djati T ... f 0,80 f 0,075

Poerwokarono G ... f ... f ...

Pedjah poeniko saladjengipoen kados poendi? ... f 2,25 f 0,20

Rangsang Toeban G ... f 1,25 f 0,125

Rekasane Batin G ... f 1,- f 0,10

Rerepen ... f 0,30 f 0,05

Satoenggiling Hoetoesan G ... f 0,40 f 0,10

Sendon Langen Soeworo T G ... f 0,50 f 0,05

Skandho Karmo G ... f 1,50 f 0,10

Seh Siti Djenar T ... f 0,60 f 0,05

Soponolojo T ... f 0,75 f 0,05

Sibosito G ... f 1,- f 0,075

Soearaningasepi G ... f 1,50 f 0,10

Tanda: G. Gantjaran, T. Tembang dan T G. Tembang, Gantjaran.

--- 0 ---

Sêrat Kabutuhan

Mratelakakên pratikêling lampah ingkang amrih kasampêtan, minôngka mustikaning wêwarah ingkang damêl marêming manah

Karanganipun Radèn Pujaarja Ing Surakarta Kala taun Walandi 1922 Utawi taun Jawi Jimawal sinangkalan guna karya ngèsthi jiwa (1853)

2e Druk Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Dhun Swi, ing Kêdhiri. 1925

BOEKHANDEL "SOEY" TIMOERAN SOLO. Djoewal Menjak-wangi, Bedak, Eau de Cologne, Balsem, Kina kastoeri, Parem, Serbat, dan Djamoe-Djawa, Tiong Hoa, enz.

--- 0 ---

Isinipun sêrat punika:

1. Tiyang sakit bubuhbutuh. saras.

2. Tiyang mlarat butuh dipun wèwèhi.

3. Tiyang angguran butuh pandamêlan.

4. Lare alit butuh dolan sarta dolanan.

5. Dhalang, badhut, tlèdhèk, tuwin sawarnining bêbarangan butuh katanggap.

6. Tiyang kêkesahan butuh margi ingkang gampil.

7. Tiyang agêng panggaotanipun butuh bausuku.

8. Tiyang kenging prakawis butuh mênang pabênipun, sarta oncat saking paukuman.

9. Juragan butuh gadhah bakul.

10. Bakul butuh gadhah juragan.

11. Sudagar butuh pajêng daganganipun kalayan bathi.

12. Nagari butuh tata têntrêm.

13. Tiyang siti butuh kauja sarta kasakajêng.

14. Tiyang magang butuh dados priyantun.

15. Tiyang dados priyantun butuh minggah pangkat.

16. Priyantun agêng butuh lêstari mêngku pangkat.

17. Bôngsa luhur butuh lulus mukti wibawa.

--- 0 ---

18. Ratu butuh dipun suyuti para kawulanipun.

19. Tiyang sugih butuh sênêng.

20. Tiyang pintêr butuh ginêga ginêmipun, sarta pinitados ing liyan.

21. Tiyang sêpuh butuh dipun sungkêmi.

22. Tiyang nalôngsa butuh katrimah ing Pangeran.

23. Pandhita butuh tapa brata, sarta kabul pandonganipun.

24. Tiyang gadhah damêl butuh sugih tamu sarta angsal pasumbang§ kajawi ingkang nampik pasumbang.

25. Botoh butuh kasukan.

26. Tiyang ngêdêgakên ngabotohan butuh cucuk.

27. Tiyang busuk mèh botên gadhah kabutuhan.

28. Sato kewan butuh angsal têdha sarta sanggama, punapadene misakit bilih kaaru-biru sêdyanipun.

29. Têtuwuhan butuh kaupakara, gampila tumangkaripun.

--- 0 ---

Bêbuka

Nuwun, saking pamanah kula, ing donya pêrlu sangêt wontên Sêrat Kabutuhan punika, amargi kangge ngebahakên raosing manah, ingkang tumrap dhatêng kabutuhan. Kajawi sadangunipun pancèn dèrèng wontên sêrat ingkang suraosipun mratelakakên sakathahing kabutuhan. Minôngka panuntuning lampah ingkang andadosakên marêming manah, inggih punika amrih kasampêtan ingkang dados kabutuhaning agêsang. Awit sakathahing agêsang tamgutamtu. gadhah kabutuhan, namung tiyang satunggal ingkang kenging winastan mèh botên gadhah kabutuhan, kapratelakakên wontên ing sêrat punika. Wusana amung samantên atur kula kalayan urmat.

Juru ngarang

--- 1 ---

Babaripun Sêrat Kabutuhan

Tiyang sangalam donya punika botên wontên ingkang botên gadhah kabutuhan, dados nelakakên taksih sami kêkirangan, dene kabutuhanipun inggih beda-beda utawi botên sami, amrih têrangipun prayogi kaandhar kados ing ngandhap punika.

1. Tiyang sakit butuh saras, kalampahanipun saras sarana budidaya jampi ingkang ngantos angsal, nanging kêdah nêtêpi punapa sarananipun tiyang jêjampi, wondene têtêpipun nglampahi pranatan wanci punapa, sarta kaping pintên tumindaking jêjampi, tuwin nyirik punapa ingkang dados awisanipun. Kados ta tiyang sakit mripat, botên kenging mêlèk ngantos dalu sangêt. Sakit padharan botên kenging nêdha pêcêl, rujak, lotis, sasaminipun. Manawi tlatos kanthi pangatos-atos saèstu saras. Anjawi sampun tinakdir botên saras. Punika lajêng santun lampah, tekadipun namung pasrah kanthi nyuwun pangapura ing Pangeran.

2. Tiyang mlarat butuh dipun wèwèhi, kalampahanipun manawi ambangun turut dhatêng pangrèhipun tiyang sugih ingkang ambêk wêlas asih. [a...]

--- 2 ---

[...sih.] Nanging kadospundi anggènipun ambangun turut, bilih kapurih anglampahi pratingkah saru, utawi nglampahi prakawis ingkang ambêbayani, punapa inggih kêdah ambangun turut.

Inggih botên, pangrèh ingkang murih saru utawi damêl kamlaratanipun tiyang mlarat, têgêsipun: damêl kasangsaran, punika pangrèh ingkang botên kanthi wêlas asih, sanadyan puruna wèwèh nanging ngangkah pakolèh, prasasat botên wèwèh ingkang amrih wilujêng, punika malah dados wisanipun tiyang mlarat, dados pangrèh ingkang tanpa pangowêl, punika botên pantês dipun turut, tiyang mlarat wosipun butuh tiyang ingkang ambêk wêlas asih, nanging kêdah mawi sarana sagêd anglampahi ngasih-asih.

3. Tiyang angguran, sanadyan malincura, kapêksa butuh dhatêng pandamêlan, awit wêdaling têdha botên liya saking uruping pandamêlan, tiyang mlincur manawi luwe botên wande badhe pulintiran, tiyang angguran kalampahanipun tumandang ing damêl, kêdah dhêdhasar sade damêl dhatêng tiyang ingkang mêngku panggaotan, sadamêl-damêlipun sarta sawêdal-wêdalipun kêdah dipun lampahi, botên susah milih pandamêlan sarta nimbang kathah sakêdhiking pamêdal, ing ngriku mangke pandamêlanipun tamtu kangge, botên [botê...]

--- 3 ---

[...n] badhe lêstari dados tiyang angguran, nanging manawi tiyang angguran mawi ngingkrik-ingkrik watakipun kangelan sangêt angsalipun pandamêlan, wêkasan botên gadhah kaskaya, punapa botên badhe luwe, inggih manawi kuwawi brata, bilih botên kuwawi rak badhe saya rèmèh ajinipun, pema-pema tiyang angguran, saratipun mugi sampun ngantos ngetang bau suku rumiyin, mangke badhe angsal petang ingkang langkung murwat, makatên punika sampun dados janjinipun, antuk-antukaning raos, sintên ingkang kraos inggih rumaos, sintên ingkang labêt inggih nabêt.

4. Lare alit butuh dolan utawi dolanan, punika kêdah dipun turuti sarta dipun sadhiyani, dados sagêd bingah, supados ragi kenging kaêrèh, sarta kapardi sawatawis, nanging sampun kauja dolan ngantos ambiyêng, kêdah mawi watêsaning wanci, awit manawi tanpa ngaso, dhatêng badan lare lajêng anjêginggis, jêr kajêngipun lare namung waton kalampahan sarta kalêgan. Botên mawi pamikir, ingkang amrih wilujêng. Dados kabutuhanipun kêdah dipun prayogi dhatêng ingkang momong, supados sampun andrawasi.

--- 4 ---

5. Dhalang, badhud, tlèdhèk tuwin sawarnining bêbarangan butuh dipun tanggap. Larisipun manawi nyênêngakên manah sarta anggumujêngakên. Awit punika kalêbêt dados lêlangênipun tiyang kathah, punapadene dados praboting kabingahan. Sumrambah dumugi para luhur, malah dados pasamuwaning praja.

6. Tiyang kêkesahan butuh margi ingkang gampil kaambah, utawi dipun wêdali. Botên ngangkah daya-daya dumugi ing panggenan, kêdah sarèh pamilihipun margi ingkang prayogi. Sanadyan ragi dangu utawi têbih sawatawis, inggih kêdah dipun lampahi kalayan sarèhing manah, dados botên nama anyêrung lampah. Dangu-dangu dumugi panggenan ingkang sinêdya. Mila tiyang ingkang sumêdya kêkesahan mawi dipun wijèni niyat, mêlêng lênging kajêng kanthi wilujêng.

7. Tiyang ingkang agêng panggaotanipun butuh bau suku. Mênggah kasêmbadanipun kêdah rukun kalihan tiyang siti, kanthi gadhah kajêng sumêdya nyukani margining kasugihan, punapadene damêl tôndha yêkti murwating pamêdal, pandamêlan ingkang kêdah dipun bausukoni. Tindak ingkang makatên wau andadosakên [andadosakê...]

--- 5 ---

[...n] kamajênganipun para tiyang siti, sami ngudi panggêsangan dhatêng ingkang mêngku panggaotan agêng.

8. Tiyang kenging prakawis butuh mênang pabênipun, sarta oncat saking paukuman. Kalampahanipun kêdah ngrêtos dhatêng anggêr. Tuwin apal dhatêng pranataning nagari, langkung malih bilih sumêrêp dhatêng wiji wontênipun prakawis. Tiyang ingkang kenging prakawis prasasat sirna sumêlangipun. Dene bilih dèrèng ngrêtos dhatêng ulahing prakawis, kêdah gadhah saraya tiyang ingkang labda dhatêng pangadilan.

9. Juragan butuh gadhah bakul, kalampahanipun kêdah ngandhapi dagangan ingkang rêgi miring sarta kenginga kangge ular-ular ngagêngakên panggaotanipun.

Makatên wau kêdah mawi têmbung malih, supados bakul wau botên susah sumêlang, sadangunipun tumbas dagangan dhatêng juragan katanggêl pajêngipun, manawi ngantos botên pajêng, juragan kadugi numbas gêntos, rêgi miturut kados nalika panumbasipun sakawit, têgêsipun bakul wau sawarni katuntun dados sudagar agêng.

--- 6 ---

10. Bakul butuh gadhah juragan. Kalampahanipun kêdah sagêd majêngakên daganganipun juragan, sokur purun numbas kêncèng, punika damêl sênêngipun juragan. Dangu-dangu bakul wau kenging ngalap nyaur. Manawi tansah têtêp pangalap nyauripun tamtu dipun êndêl dagangan pangaos atusan dumugi ewon. Saking sampun sami kandêl-kumandêlipun, potang ingkang ewon sampun botên mawi katagih, panyauripun dipun sakajêng, supados sagêd kobèt anggènipun ngagêngakên lampahing panggaotan.

11. Sudagar butuh pajêng daganganipun ingkang kalayan angsal kauntungan, kalampahanipun kêdah sadhiya dagangan warni-warni ingkang kangge kabutuhanipun tiyang kathah, pintên banggi pêpak. Dagangan ingkang kêdah kasade sadintên-dintên, ingkang kuwawi katandho wulanan utawi taunan, sasampunipun sadhiya dagangan warni-warni lajêng damêl wara-wara ingkang nelakakên saening dagangan wau, dados margining panggêsangan, supados kamirêng sadhengah tiyang.

12. Parentah nagari butuh tata têntrêm, ingkang tamtu nuntuni sarta

--- 7 ---

paring pola dhatêng para karerehanipun ingkang sami pinardi tata têntrêm, ngantos para karerehan utawi wêwêngkon, sami mangrêtos lêrês, botên ngantos linguk têtakèn, tata kuwi kapriye, têntrêm kuwi kapriye, sarta pakolèhe kapriye. Parentah nagari kêdah maringi pola tuwin tuladha supados kasêmbadan punapa ingkang dipun karsakakên.

13. Tiyang siti butuh kauja sarta kasakajêng, dhatêng ingkang mêngku utawi ngêrèhakên, kalampahanipun kêdah miturut ing pangrèh sarta anglampahi pranatan ingkang botên andadosakên rêkaosing agêsang. Manawi ingkang mêngku tuwin ingkang kawêngku sampun timbang mawi kuwawi anglampahi, tamtu lajêng kauja, janji botên ngrisak wêwênangipun ingkang mêngku. Dados ingkang mêngku kêdah angsal pangaji-aji sarta pakurmatan, makatên ugi ingkang kawêngku inggih kêdah kaêmong sarta kaowêl. Supados lêstantun têtêp-tinêtêpan. Botên andadosakên rêkaosing panggêsangan.

14. Tiyang magang butuh dados priyantun, punika kêdah miturut pangrèhing pangagêng tumrap pamagangan, sarta kêdah sagêd angladosi [a...]

--- 8 ---

[...ngladosi] dhatêng para pangagêngipun wontên tundha pintên, sadaya kêdah dipun sumêrêpi watak-watakipun, punapadene kêdah sagêd nyilahakên. Manawi ngladosi pangagêng ngrika makatên, manawi ngladosi pangagêng ngriki santun makatên, ngantos sadaya asih trêsna saengga sami botên kacuwan. Makatên ugi anggènipun ngêpuli dhatêng para kônca ngangkah samia lulut kados sadhèrèk tunggil wêlat.

15. Tiyang dados priyantun butuh minggah pangkat, sarananipun kêdah botên mingkuh dhatêng pandamêlan, sanadyan awrata sapintên, saratipun botên kenging sêsambat adhuh ngêsês, malah nelakna sakathahing pandamêlan ingkang dipun lampahi kalayan rumaganging damêl punika taksih kènthèngên, ambêk ingkang makatên wau dipun rangkêpi panuwun ing batos, kanthi santosaning tekad, punika dados pandhangiring darajat, awit angèngêti ingkang nyanggi pandamêlan awrat sarta rungsit, punika dede sêsanggènipun tiyang ingkang alit darajatipun.

16. Priyantun agêng butuh lêstari mêngku pangkat, punika kêdah ngagêngakên kaèngêtan, mênggah ingkang dipun èngêti jêjêripun warni tiga.

--- 9 ---

Sapisan, èngêt rumêksa jujuring paprentahan, ingkang nêtêpi wêwatoning pranatan praja, supados botên nyimpang saking lêrês.

Kaping kalih, èngêt rumêksa wilujêngipun karerehan, utawi para kônca ingkang sami rumagang ing damêl, kapardi runtut tumindakipun sapangandhap, sampun ngantos paprentahan ngandhap sulaya kalihan paprentahan nginggil. Supados botên wontên swara ingkang ngêrês-êrêsi kamirêngakên.

Kaping tiga, èngêt rumêksa nampèni dhawuh saking nginggil, kalayan nastiti, sarta angèstokakên kanthi santosaning manah, nêdya labêt angrungkêbi praja, sumungkêm ing pasuwitan, supados turun-tumurunipun sami kagêm ing sang prabu.

17. Bôngsa luhur butuh lulus mukti wibawa. Punika kêdah anglênggahi kaluhuranipun, ngangkah supados samubarang tindak angungkuli sangandhapipun. Makatên wau ingkang nyantosakakên dados pangayomanipun ingkang ngandhap. Mila botên kenging pisan-pisan bôngsa luhur nindakakên kanisthan, awit sampun kalêbêt ing piwulang, nistha risak têmahipun, dene manawi sumêdya nglêmpakakên barana, dastundêstun (dan di tempat lain). namung tumindak madya. Awit tindak madya ugi sampun kalêbêt ing piwulang. Madya kêmbanging [kêmbang...]

--- 10 ---

[...ing] utama. Utama kêmbanging mulya. Kalêmpaking barana wau andadosakên kasantosan, bôngsa luhur sampun priksa bilih tuwuhing karosan pêrlu kangge mikuwati sakathahing karingkihan.

18. Ratu butuh dipun suyuti, kasêmbadanipun kêdah ngêrobi samubarang, paring kamirahan, paring sandhang têdha, paring piwulang, paring pangapura, paring margi, ingkang andadosakên bombonging manah, cêkakipun paring pangayoman dhatêng tiyang alit. Utawi sadaya ingkang kawêngku.

19. Tiyang sugih butuh sênêng, kalampahanipun sênêng, samôngsa sugih rencang ingkang sami miturut, têmah kathah ingkang ngladosi. Awit sênêng punika botên cêkap dipun ijèni (kêdah wontên rencangipun), anjawi lare ingkang taksih alit, tuwin kenging katêtêpakên ing pundi panggenanipun, sarta wanci punapa mangsanipun. Manawi tiyang sugih purun ngêbèrakên kasugihanipun, tamtu kasampêtan ingkang dados kabutuhanipun sênêng, awit sampun kalêbêt ing bêbasan: rênaning manah kêdah kasarah. Utamaning suka kanthi bôndha.

--- 11 ---

20. Tiyang pintêr butuh ginêga ginêmipun, sarta pinitados ing liyan. Kalampahanipun manawi sagêd ngêmpakakên basa ingkang nênarik dhatêng sakecaning manah, sarta sagêd nandukakên pratingkah ingkang botên damêl sumêlang, inggih punika ingkang nelakakên cihnaning kasêtyan. Manawi pancèn têmên suci kalakuanipun, botên gadhah kamelikan tumrap samubarang ingkang dèrèng sah. Sampun malih sanak sadhèrèkipun piyambak botêna pitados, sanadyan tôngga têpalih tuwin tiyang sanès inggih sami pitados. Langkung malih bilih kasêtyanipun saya andados, têgêsipun: botên katempelan doracara samêndhang, dalah dhatêng sato kewan mêksa têmên, botên purun gêndhak sikara, punapadene masangi kala sarta mikat. Ngantos para sato katingal lulut kados kancanipun piyambak, tiyang sêtya wau kalampahan dados panuntun kautamèn, têgêsipun: dados utusaning Pangeran.

21. Tiyang sêpuh butuh dipun sungkêmi dening anak putu, pintên banggi tôngga têpalih tuwin pawong mitra sami sumungkêm sadaya, kasêmbadanipun kêdah anglênggahi kasêpuhanipun. Botên [Botê...]

--- 12 ---

[...n] watak ngaru-biru, sêndhon, saron, sikon, waon, nêpson, punapadene dahwèn, tuwin salah opèn, malah sumarah botên ngêndhak utawi namung rumojong saking sêdyaning liyan. Dene manawi sêdya wau botên patos dipun condhongi dastun namung suka pèngêt, sarta anyorahakên badhe kadadosanipun. Mêndhêt wêwaton adat ingkang sampun kalampahan, nanging botên pisan-pisan mênggak damêl kakêncênganipun piyambak supados linampahan ing liyan, namung suka margi utawi pratikêl ingkang andadosakên runtut sarta sakecaning tindak.

22. Tiyang nalôngsa butuh angsal pangapura sarta katrimah ing Pangeran, amargi sampun rumaos bilih agêng dosanipun, dene sampun pêpêt botên angsal pangaji-aji, tuwin pitulungan saking sasamining manungsa. Sanadyan angsala pitulungan inggih sampun kinintên bilih botên sagêd nyêkapi ingkang dados kabutuhanipun. Punapadene ambirat ingkang dados prihatosipun. Mila lajêng nalôngsa siyang dalu tobat maring Pangeran, supados angsala wêwêngan margi ingkang anjalari luwaripun saking prihatos.

--- 13 ---

23. Pandhita butuh tapa brata, kasêmbadanipun kêdah botên mayangmalang. tumolèh ing sêdya, liripun: botên kandhêg saking gêbyaring rajabrana, miraosing têdha, adining busana, tuwin rêrêngganing pakurmatan. Punapadene kamuktèning donya, sadaya wau namung saking pakartining manungsa, môngka bantêring tapa brata punika nuwuhakên prabawa ingkang saking gaibing Pangeran. Manungsa ingkang sampun katarimah panuwuning batos kasinungan sarwa linangkung, bêbasan: punjul ing apapak, mrojol ing akêrêp, inggih punika ingkang nelakakên cihnaning kinaot.

24. Tiyang gadhah damêl butuh sugih tamu, sarta angsal pambantu, kalampahanipun kêdah sagêd nyênêngakên manahipun para tamu ingkang sami dipun dhatêngakên. Agêng alita, anèm sêpuha, jalêr èstria, sampun ngantos kacuwan utawi manggih gêla tumraping pajagongan, dumugi para paladèn utawi para sinoman, sami kasrambah amanggih sukarêna. Ingkang gadhah damêl sampun ngantos ambujêng sênêngipun piyambak, ngangkaha sênêngipun ingkang sami dumugi ing ngriku kalayan pantês, inggih punika anggapyaki, ngrêsêpi, ngrahapi. Tanduk ingkang makatên [maka...]

--- 14 ---

[...tên] wau andadosakên kathahipun tamu ingkang sami kapirênan sarta jênak lêlênggahan.

25. Botoh butuh kasukan. Kasêmbadanipun kêdah ngubyungi dhatêng karoyalan. Têgêsipun: gêdhèn-gêdhèn cara raja. Anggunggung sarta ngagêngakên manahing liyan, punapadene ngunggar-unggar kaprawiraning sarawungan, mêmengin kamelikan ingkang mêdal saking anggènipun baut ulah kasukan, supados nulari dhatêng para punggung ingkang kenging manising têmbung lêlamisan. Ing ngriku badhe anggambirakakên manahipun ingkang sami kapandukan ing pangonggrong.

26. Tiyang ngêdêgakên ngabotohan butuh angsal cucuk. Kalampahanipun kêdah nyuwun palilah dhatêng parentah ingkang wajib sarana ambayar prabea. Bilih sampun angsal idi kêdah sadhiya papan ingkang sakeca, kangge ngaso, kangge adus, kangge ambêbucal, sapiturutipun, punapadene nyadhiyani sêsadean kangge têdha, sarta nyadhiyani bratu. Cêkakipun ngangkah ingkang sami kasukan sampun ngantos kacuwan ing manah. Supados gadhah panganggêp arta cucuk punika dede barang-barang, jêr sampun dipun ladosi ngantos kalêgan.

--- 15 ---

27. Tiyang busuk mèh botên gadhah kabutuhan. Amargi pangraosipun taksih kêthul sangêt, botên gadhah lêlewa, botên wêweka, botên prayitna, tuwin botên micara. Butuhipun prasasat sami kalihan sato, namung nêdha, tilêm tuwin sanggama.

28. Sato kewan butuh angsal têdha ngaso tuwin sanggama. Dene ingkang ingah-ingahan, kasampêtanipun gumantung wontên saking tiyang ingkang ngingah, bilih ingkang ngingah botên gumatos utawi botên gadhah kèngêtan, sato wau kalampahan pêjah kalirên utawi sakit.

29. Têtuwuhan butuh kaupakara gampila tumangkaripun, punika pancèn cocog kalihan raosing kaanan, tôndha yêktinipun manawi opèn, uwitipun subur, godhongipun ijêm lêdhung-lêdhung, upamia tiyang katingal sumringah bagas kawarasan. Makatên malih saupami botên wontên pêrlunipun, saèstu botên tumitah, punapadene têtuwuhan ingkang wontên pigunanipun, butuh kêdah kaupakara, manawi kauwakakên,kaewakakên. manungsa ingkang kapitunan.

--- 16 ---

Sasampunipun ngandharakên prakawis kabutuhan ingkang limrah, ing mangke ngrêmbag prakawis kabutuhanipun manungsa ingkang botên patos kapatitisakên, inggih punika maligi ingkang dados kabutuhaning badan. Sanadyan badan punika sampun gadhah kabutuhan utawi watak piyambak, kados ta: 1. kapengin bagas, 2. molah, 3. nêdha, 4. sanggama, 5. ngaso. Ewadene pikêkahing pêpenginan wau dumunung wontên ing kêkajêngan. Awit sadaya wau kasêmbadanipun saking pakartining manah, sapintên bagasing badan, anggènipun kêdah andhatêngi pêpenginan, bilih manah botên gadhah kajêng inggih botên kalampahan. Samantên malih sapintên kêncênging kajêng bilih badan botên kuwagang, ugi botên sagêd kalampahan, mila larasing badan kalihan manah kêdah kacundhukakên ingkang ngantos runtut, manawi salenca saèstu botên sakeca. Môngka sakathahing manungsa sami ngangkah eca tuwin sakeca. Dene runtuting badan kalihan manah punika prakawis ingkang rungsit sangêt, ing ngriku ratu-ratuning pakèwêd tuwin ribêd, jalaran kawontênanipun badan kalihan manah punika gadhah karewelan ingkang agêng sangêt kalih prakawis.

I. Rèwèling badan, inggih punika loba murka. Têgêsipun [Têgêsi...]

--- 17 ---

[...pun] samubarang kêdah sarwa kathah, kados ta:

1. sarasa bagasipun. 2. tumandang sayahipun. 3. nêdha satuwukipun. 4. sanggama samarêmipun. 5. ngaso sakatogipun.} (rasukan sutra, timang jalebrah, dede butuhing badan)

II. Rèwèling manah, inggih punika angkara murka. Têgêsipun: samubarang kêkajêngan kêdah sarwa sangêt, kados ta:

1. luhur sangêt. 2. kuwasa sangêt. 3. kèringan sangêt. 4. sugih sangêt. 5. bingah sangêt. 6. sagêd sangêt. 7. sae sangêt. 8. dipun suyuti tiyang kathah sangêt.} butuhing manah

Môngka loba murka tuwin angkara murka wau botên mêsthi sagêd kasêmbadan, dados manawi nitik kawontênanipun prakawis punika manungsa tansah nandhang sisah, jampinipun kajawi namung panarimah, mila panrimahing manah winastan: drajat ingkang langkung dening mulya.

--- 18 ---

Wondene ngangkah panrimahing manah punika kêdah ngagêngakên kaèngêtan, mênggah ingkang dipun èngêti jêjêripun dumunung wontên ing kasaenan, kados ta:

1. Èngêt apêsing manungsa, botên sagêd nêtêpakên sawiji-wiji. Mila mugi sampun kumawawa.

2. Èngêt ewah gingsiring jaman, sagêd ngrisakakên adat, mila mugi sampun nênamtokakên.

3. Èngêt sêsarêngan gêsang kalihan tiyang kathah, sadaya sami ngangkah sênêng, dados kêdah mandum sênêng. Mila mugi sampun andhèwèki.

4. Èngêt sakathahing barang ingkang gumêlar punika calon risak. Mila mugi sampun mangeran donya.

5. Èngêt tamtu wontên barang ingkang langgêng, inggih punika kawontênanipun ngèlmi sajati, mugi kaangkaha.

Lah barang langgêng punika ingkang kêdah kaudi, awit punika ingkang baku dados kabutuhaning manungsa, jêr manungsa botên wande badhe ngalami pêjah dumunung wontên ing jaman kalanggêngan, mila bab punika pêrlu kaancas. Mênggah rekaning pangancas, botên liya dipun pinangkani, damêl kautamèn saking [sa...]

--- 19 ---

[...king] ngalam donya supados manungsa sagêd nampèni kautamèn wontên ing ngakir. Têmah dumunung wontên ing kalanggêngan, wusana amung samantên tamatipun sêrat Kabutuhan punika. Titi

Pariwara

Mêntas ambabar sêrat Warni-warni kêkaranganipun para sarjana ingkang sampun misuwur kawignyanipun, sagêd migunani ingatasing agêsang jaman samangke, awit samangke sampun wancinipun ngudi kasampurnaning kawignyan. Nama sêrat:

Endra Bangsawan, cariyosipun tiyang tanah Mlayu ing jaman kina, wontên ing paprangan sakalangkung rame, tuwin wontên lêluconipun ingkang nêngsêmakên manah. Rêgi f…fr f…

Boja Busana, gancaran, amratelakakên amrih gampiling pangupayanipun sandhang têdha ingkang tundonipun dados pamberating kasusahan. Rêgi f 0,50 fr f 0,075

Babad Mukamad, mawi sêkar, wiwit nalika kangjêng nabi tampi ayating Pangeran, tuwin panggêlaring agami Islam. Rêgi f 0,50 fr f…

--- 20 ---

Jampi Susah, mawi sêkar, sadayaning kasusahan sagêd sirna dening pitêdahing sêrat punika, ingkang tundonipun manggih kasênêngan gêsang kita. Rêgi f 0,75 fr f 0,10.

Kapracayan, gancaran, amratelakakên sêsulanging kawruh kapracayan, prakawis ingkang gaib-gaib, liripun pracaya wontênipun Pangeran, malaekat tuwin setan. Rêgi f..fr f…

Kawruh Pangungsêd, gancaran, angungsêd sadayaning kawruh gaib tuwin ingkang samar-samar, sagêda cêtha wela-wela. Rêgi f 0,75 fr f 0,075

Menak Prabu Rara, mawi sêkar.

Ngèlmi Pangasihan, gancaran, patrap pamintaning sih dhatêng sadhengahing manungsa, dalah sarapalipun. Rêgi f 0,80 fr f 0,075

Ngèlmi Pangrucat, gancaran, kawruh ngèlmi bêbundhêlan gaib, kangge jimataning para sarjana ing jaman kina, samangke kagêlarakên. Rêgi f 0,60 fr f 0,75

Panggarjita, minôngka piwulang utawi saloka, ingkang suraosipun mathuk kalihan kawontênaning jaman, sagêd cundhuk lair batosipun. Rêgi f 3,-fr f 0,15.

--- 21 ---

Purwa Karana, gancaran, isi kawruh inggil-inggil, manawi linampahan sagêd nyirnakakên sakathahing dosa, gêsangipun sagêd manggih kasênêngan. Rêgi f…fr f…

Rêrêpèn, mawi sêkar, kenging kangge sinauning para mudha ingkang rêmên nyêkarakên mawi wangsalan. Rêgi f 0,30 fr f 0,075

Siswa Sogata, gancaran, pitakèning murid dhatêng guru, tumrap sadayaning kasusahan ingkang rungsid-rungsid punapa malih ingkang kasab. Rêgi f 1,25 fr f 0,125

Sangu Gêsang, gancaran, kenging kangge gêgaraning tiyang gêsang dumugining jaman kasidan, sintên ingkang ngèstokakên suraosing sêrat punika sagêd manggih kamulyan gêsangipun. Rêgi f 0,60 fr f 0,10.

Wangsalan, angronce sakathahing sêkar-sêkar, karuntutakên dhong dhingipun, êngês tuwin raos, kênyamipun anêngsêmakên manah. Rêgi f 0,50 fr f 0,075

Warna Prana, gancaran, minôngka sêsuluhing sarawungan, kenging kinarya têtondhe awon saening tindak, kagêlar môngka têtimbangan. Rêgi f…fr f…

--- 0 ---

Boekhandel TAN KHOEN SWIE,- Kediri

Ada terbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

Asmoroloyo T ... f 0,75 f 0,075

Babad Cheribon T G ... f 2,- f 0,15

Babad Rasoel G ... f 0,60 f 0,075

Babad Kediri G ... f 1,50 f 0,10

Babad Gianti (Babad Soerokarto) 1 sampei 5 à ... f 2,- f 0,15

Babad Toeban G ... f 0,75 f 0,075

Boekoe Sembahjang G ... f 1,- f 0,075

Bimo Boengkoes T ... f 0,80 f 0,075

Bagawat Gita G ... f 1,75 f 0,15

Bahoewarno ... f 2,50 f 0,20

Boekoe Ngedja Arab Djawa G ... f ... f ...

Djatimoerti kahanan djati G ... f 1,50 f 0,125

Djitabsoro G ... f 1,- f 0,075

Dewo Roetji mawi werdi T G ... f 1,- f 0,075

Djiwandono T ... f 1,75 f 0,15

Djoko Lodang (R. Ng. Ronggowarsito) T ... f 0,20 f 0,05

Darmosabdo T ... f 1,- f 0,075

Djampi Soesah T ... f 0,75 f 0,075

Gatoel Lotjo T ... f 1,50 f 0,125

Galoego saloesoer sarie T ... f 0,75 f 0,10

Hari Woro G ... f 1,50 f 0,15

Hidajat Djati (wirit) G ... f 1,25 f 0,125

Inl. Gem. Ordonnantie G ... f 0,75 f 0,075

Ilodoeni G ... f 0,50 f 0,075

Jatnomojo Ngelmi G ... f 0,50 f 0,05

Krido Graito G ... f 3,50 f 0,30

Kridosastro T G ... f 0,30 f 0,05

Kridohatmoko T ... f 1,25 f 0,10

Kijaji Kebo Kenongo T ... f 1,75 f 0,125

Ka'koel Islam T G ... f 1,75 f 0,20

Kidoengan T ... f 0,75 f 0,075

Kotjo Wirangi G ... f 1,- f 0,075

Kolotido T ... f 0,25 f 0,05

Kaweroeh Mantig G ... f 1,25 f 0,10

Kaweroeh Kasoekman G ... f 2,25 f 0,175

Kaweroeh Theosofie G ... f 2,- f 0,15

Kondo Bumi G ... f 1,- f 0,10

Kabar Kiamat T ... f 1,50 f 0,15

Kaweroeh Pangoengsed G ... f 0,75 f 0,075

Lambangprodjo (Djojobojo) T ... f 1,- f 0,10

Mo: Saptobojo T ... f 0,50 f 0,075

Tanda: G. Gantjaran, T. Tembang dan T G. Tembang, Gantjaran.

--- 0 ---

BOEKHANDEL TAN KHOEN SWIE,-KEDIRI.

Sastrodjendro Hajoeningrat G ... f 0,80 f 0,075

Sangoe gesang G ... f 0,60 f 0,075

Siswo Soegoto G ... f 1,25 f 0,125

Sasmito Rahardjo T ... f 0,60 f 0,075

Siti Rokanah T ... f 1,75 f 0,10

Soro sedio T ... f 1,50 f 0,10

Senorodro Begawan T ... f 1,50 f 0,125

Tjondrorini T ... f 1,50 f 0,125

Tjondrosengkolo T ... f 0,30 f 0,05

Tjipto Goegah T ... f 0,30 f 0,05

Warno Prono G ... f 0,40 f 0,05

Wedo sanjoto G ... f ... f ...

Warnosastro (Ki Padmosoesastro) G ... f 2,50 f 0,175

Wedorogo T ... f 0,75 f 0,075

Wedojatmoko T ... f 0,30 f 0,05

Wedo satijo T ... f 0,30 f 0,05

Widio kirono (Darmo sonjo) G ... f 0,75 f 0,075

Wedo Poerwoko T ... f 1,25 f 0,10

Wedohagomo G ... f 1,25 f 0,10

Wedotomo T ... f 0,60 f 0,075

Wedohasmoro G ... f 0,50 f 0,05

Wedonararjo T ... f 0,50 f 0,05

Wiso djiwo G ... f 0,30 f 0,05

Woro Karmo G ... f 1,- f 0,10

Warni 7 Djedjer bade doemadosing Manoeso G ... f 2,25 f 0,15

KITAB BAHASA MELAJOE HOEROEF OLANDA:

A.B.C. Djawa Melajoe ... f 1,- f 0,10

Kitab Djati Moerti ... f 1,50 f 0,10

Hauw King ... f 0,80 f 0,075

Ilmoe Tjian Lie Gan ... f ... f ...

Ling Djiat Panas Dingin ... f 0,06 f 0,05

Nona Marie deel 1 sampe 4 ... f 3,20 f 0,275

Sjair ilmoe sedjati ... f 0,80 f 0,05

Sjair soesa dan senang ... f 0,80 f 0,05

Sjair pertjintaan ... f 0,40 f 0,05

Toedjoeh tjerita ... f 0,60 f 0,05

Semadhi ke I di boeboehi gambar ... f 1,50 f 0,10

Semadhi ke II di boeboehi gambar ... f 2,- f 0,10

Tay Hak ... f 0,50 f 0,075

Tiong Jong ... f 0,60 f 0,05

Tjiptaan Tiap tiap Pagi ... f 0,60 f 0,075

Bagawat Gita ... f 1,50 f 0,125

Wetboek van Strafrecht baroe ... f 4,- f 0,15

Beroelang-oelang dilahirken ... f 1,- f 0,10

Soeara Soeksma ... f 1,- f 0,10

Kitab Wisikan Wali 10 ... a 1,25 f 0,10

Tanda: G. Gantjaran, T. Tembang dan T G. Tembang, Gantjaran.