Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Piwulang Bêcik, Padmasusastra, 1911, #40

Katalog:Piwulang Bêcik, Padmasusastra, 1911, #40
Sambung:-

--- [0] ---

Prijs franco per post f ___

Verk baar bij het Depot van Leermiddelen te Weltevreden tegen bezending yan een postwissel tot genoemd bedrag,

Piwulang Bêcik

Karangane ki Padmasusastra ing Surakarta

Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan H. A. Benyamin, Sêmarang, 1911.

--- [1] ---

LEVENSWIJSHEID

DOOR KI PADMASOESASTRA

TE SOERAKARTA

Semarang-Drukkerij on Boekhandel H. A. Benjamins, Semarang, 1911.

--- [2] ---

Boekoe2 ingkang kaseboet ing ngandhap poenika kénging toembas dhatêng: Depot van leermiddelen ing Batawi, franco ing post, dene manawi kintoen arta roemijin ngangge postwissel.

F. W. Winter. Tembang Djawa nganggo moesik (in herdruk) ... / Serat mitraning among tani I-XI ... f 0,10 - f 0,40 / Tjandra Negara. Tjarios Radèn Mas Arja Poerwa Lelana I ... f 0,70 / Tjandra Negara. Tjarios Radèn Mas Arja Poerwa Lelana II ... f 0,66 / Poensen. Ontjèn-ontjèn I Hollandsch karakter ... f 0,06 / Poensen. Ontjèn-ontjèn II Hollandsch karakter ... f / Poensen. Ontjèn-ontjèn III Hollandsch karakter ... f 0,10 / Angga Baja. Tjariosipoen Sèh Ngabdoerahman kalian Ngabdoerahim ... f 1,10 / Dr. W. Palmer van den Broek. Serat kantjil (tembang) ... f 0,94 / Martawiata. Lajang bab pratikelé ngingoe kebo (ter perse) ... f / Dari hal sakit koléra (aksara Djawa) ... f 0,09 / Wawatjan piwoelang panoelak penjakit koléra (ter perse) ... f / Ng. Wira-Poestaka. Tata tjara (in herdruk) ... f / Mas Merta Koesoema. Panggawéné goela ... f 0,07 / Merta-Atmadja. Serat waosan bab pamisajanipoen oelam lèpèn saha pirantosipoen ... f 0,16 / Bab patrapé wong nandoer tembako ing sawah tanah ngaré ... f 0,04 / R. Ng. Djajapoespita. Serat Mahabharata (ter perse) ... f / R. Ng. Soera di Poera. Serat dongèng awarni-warni ... f 0,83 / M. Ng. Wira-Poestaka. Serat Kantjil (tanpa tembang) ... f 0,56 / R. M. Soerja-pranata. Serat Sotya-rinontjé ... f 0,37 / Koempoel, alias Mangkoeatmadja. Serat Wédda Trikara Waloeja ... f 0,10 / D. F. van der Pant. Serat Doetjara ardja ... f 0,09 / Sastrawirja. Lajang watjan bab kawadjibaning moerid ... f / R. Prawira-Winarsa, alias R.M. Soekardi. Serat Goegon-Toehon ... f / M. Poedja Ardja. Dongèng tjariosipoen Tiang-sepoeh (bab ngèlmu iladoeni) ... f 0,12 / Darmawiata. Tjampoer-bawoer ... f 0,09 / M. Poedja-ardja. Serat tjarios ingkang kasawaban ing nama ... f 0,07 / Sastra-tama. Tri djaka soewala (ter perse) ... / R. Prawira-winarsa. Tjarios pandoeng (ter perse) ... / Ki Padma-soesastra (ter perse) ... / M. Wangsa di ardja. Lajang ngèlmoe alam warna2 (ter perse) ... / R. Prawira-winarsa. Serat Lagoe botjah2 (ter perse) ...

--- [3] ---

Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur No. 34.

Piwulang Bêcik

karangane Ki Padmasusastra ing Surakarta

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H.A. Benyamin

ing nagari Sêmarang

ing taun 1911

--- [4] ---

...

--- [5] ---

Piwulang Bêcik

uni

Uni ala lan uni bêcik padha angobahake uwang, yagene kowe dhêmên adol uni ala kang sathithik rêgane, tinimbang karo uni bêcik kang akèh rêgane.

anak

Ratu-ratuning ala iku anak nyatur alaning bapa, utawa biyung, ngalêm awake dhewe. Ewadene jêmbar-jêmbaring jagad: ana: sapa ...

êndêm

Wuru dawa iku nglalèkake marang pagawean pêrlu, pakolèhe mung mêdèni bocah dolan. Mari mêndêm: kari bathi limprêg-limprêg.

êndhog

Wong dhêmên njagakake êndhoge si blorok (pitulunganing liyan) arang nêtêse, apa ora prayoga njagakake kaskayane dhewe.

utama

Kautaman aja kosêdyakake, thukule saka wong liya kanthi wragad akèh.

--- 6 ---

istiyar

Istiyar karo takdir kukuh êndi, iku pitakone wong bodho. Apa ana wong urip tanpa istiyar, sarta istiyare babarêngan lan tibaning takdire, aja ngrêmbug manèh prakara iku, mundhak rame. Gusti Allah nitahake urip mung didhawuhi istiyar, supaya slamêting uripe. Sanadyan wrêjit cacing uripe iya kanthi istiyar. Gusti Allah nganakake watu mung didhawuhi mênêng, cukup ora nganggo istiyar. zie elok.

Allah

Dingandêl marang pitulunging Allah, amarga pitulunganmu marang awakmu dhewe ora kêna diandêl.

elok

Aja sok gumun ndêlêng kaelokan kang nêmbe kosumurupi, awit yèn kowe wis wêruh sabab-sababe: rèmèh bae. Gusti Allah nitahake makluk, ora karsa kanthi kaelokan, mung barès-barèsan bae, dadining manungsa kalawan cumbana, mulane ora digumuni ing manungsa, kajaba mung sapisan kanthi kaelokan iya iku dadine eyang Kangjêng Nabi Adam: ngalang.

--- 7 ---

alêm

Wong ngalêm marang awake dhewe, iku prasasat wisa mandi, ananging apa ana wong ora golèk alêm. Sarèhning ana têmbung golèk, dadi ana katrangan: entuk utawa ora, yèn entuk, sapa kang kudu ngalêm, yèn ora, apa awake dhewe kang dadi susulihe têmbung: ora.

alêm a

Pangalêm utawa: panacad marang ing liyan, uni karo pisan iku ora kêna diandêl. Dene kang kêna diandêl: unine wong mênêng, sabên muni iya têmên. Liding catur bêcik wong mênêng tinimbang wong juwèh.

eman

Ngeman: luput ora ngeman: iya luput, kêpriye têgêse: mangkene: aja eman manganggo sarwa anyar yèn nuju ngadêgi gawe utawa ana ing pasamuwan. Aja dupèh wis misuwur sugih gêlêm manganggo sarwa lungsêt. Iku dêgsura arane. Nanging dingeman manganggo sarwa anyar kang ora nuju pameran, iku wong dumuwe têgêse.

abot

Aja wêgah nglakoni pagawean abot, awit [awi...]

--- 8 ---

[...t] yèn kolakoni kalawan sabaring ati, suwe-suwe saya ènthèng, wasana nganti tanpa bobot: rampung.

angèl

Ora ana wong kangelan tanpa pituwas, êmbuh lawas enggale: mêsthi. Bonggan sira dhêmên nganggur, liding sanepa: aja kêsèd.

cacad zie alêm a

catur

Dicatur ala ing wong dening gone nglakoni kabêcikan. Iku mung dadi kêmbang borèh ing raga bae, gawe tambahing arume gandane, mula aja korasakake.

catur a

Nyatur iku gawe pitunane wong kang dicatur, nanging iya gawe pitunane dhewe, suprandene akèh kang nglakoni.

rahayu

Sangune wong ana ing dunya, dudu kasugihan, dudu kapintêran lan dudu kapriyayèn, cukup mung sangu budi rahayu.

rasa

Kang diarani rasa enak iku condhonging rasane dhewe, nanging ora langgêng, isih kêna owah gingsir, tandhane: [ta...]

--- 9 ---

[...ndhane:] Dhèk Ki Padmasusastra isih bocah tumêka tuwa ana ing Surakarta, ora doyan martega tuwin kèju, apamanèh puhan. Rumasaning atine ambune amis. Yèn mangan panganan kang nganggo momoran martega arêp mutah, ananging tibane ora ajêg mangkono. Nalika Ki Padmasusastra mênyang Nèdêrlan, andhèrèk tindake tuwan insêpèktur de Nooy cadhonge pangan sabên esuk roti sapotong diusar-usari martega sarta diwur-wuri sisiran kèju, wedang kopi sacangkir nganggo puhan. Sarèhning tumênga sêpa tumungkul sêpi, ora ana kang pinangan liyane, wong adol sêga lawan pindhang, sêga gudhêg, sêga tumpang: ora ana. Roti mau dadi ditrajang. Maune pamangane sarana ngampêt ambêkan sadhela, supaya gandaning martega ora kongas amis, wasana suwe-suwening dina mari mambu amis malah dadi gurih. Gurung mingkup dadi mêgar. Liding kôndha: ora ana barang langgêng, sanadyan kaluhuran, kawibawan tuwin kasugihan, iya suda lumungsur. Mung kasuciyan kang langgêng nganti tumêka ing pati, gandane kongas nganti tutug ing suwarga.

rèmèh

Aja sok dhêmên ngrèmèhake wong, mundhak gênti dirèmèhake. [dirè...]

--- 10 ---

[...mèhake.] Orane iya dicatur ala.

kêsêl

Kêsêling ati prayoga sinarèhake, awit yèn pinêksa bisa ngrusakake rodhaning èngêtan. (Sanès èlingan). Beda karo kêsêling awak, dipijêti banjur diparêmi bisa mari, ilang kêsêle.

kêsusu

Kêsusu ora gêlis rampung. Saya kêsusu malah ora rampung.

khewan

Khewan yèn ditrêsnani sarta digumatèni, bisa malês bêcik. Manungsa kêpriye. Tarkadhang dadi kosok bali kaya paribasan kae: dibêciki malês mbalang tai.

kêbul

Kêbul kang enak diulu, iku kêbuling hawa. Aja kopêthèk kêbuling candu, mundhak konyatakake, jarene galak sok nyakot, ampuhing wisane ngungkuli wisaning asu edan. Dadi bêcik edan dicakot ing asu banjur mati, tinimbang karo dicakot ing candu, mayangi sadina-dina, patine ngêntèni yèn wis wurung wong. Liding catur: aja nyêrèt.

--- 11 ---

dewa

Kasêktèning dewa bisa ngilang lan bisa mabur, sawênèh bisa amblês ing bumi. Sanadyan kêkasihe bae iya ana kang kasèrènan kasêktèn mangkono, saiki ora. Aja dadi atimu.

damar

Padhanging damar mung bisa nyukupi patêbane, tur kanthi nganakake bôndha bau, pêrlune mung ginawe madhangi olèhe turu ing wayah bêngi. Suprandene manungsa ora duwe panarima nêmu padhanging wayah raina bisa ngupaya sandhang pangan.

têntrêm

Katêntrêman iku musthikaning urip, nanging apa ana wong têntrêm atine, kajaba kêbo yèn wis warêg trima anggayêmi ana ing plegungan.

trêsna

Katrêsnan iku awèh wisa marang kang ditrêsnani, sanadyan marang anak, iya dadi punggung. Apa bêcike ora trêsna bae: luput. Awit nyurêsake turun kang bisa dadi bêcik uripe ana ing dunya bakal tanpa tilas. Padha bae karo uriping khewan. Golèkana wijining [wi...]

--- 12 ---

[...jining] katrêsnan kang bisa nukulake kauripan langgêng, kaya udaling banyu umbul mili tanpa êntèk.

takdir zie istiyar.

tutur

Wong tuwa sugih pitutur marang wong nom. Dening wis tau ngalami, ananging apa wis bisa marèni kalakuwane dhewe kang mbalasar, durung karuwan. Tarkadhang mung lagi bisa mituturi bae, ora bisa mbuwang pakarêmane. Têmbunge: ngamungna awakku dhewe nyêrèt. Anak putuku taksêpatani ora slamêt yèn nganti ya nyêrèt kaya aku. Prasapa kang kaya mangkono iku nggalap mênang: ora mandi.

têpus

Yèn kowe bisa nandur kêmbang têpus, mêsthi bisa karuk kabêcikan, suwe-suwe bakal awoh kabêgjan.

tômba

Wong lara kudu têtômba, nanging bêcik ora lara sarta ora têtômba.

tangi

Tangi esuk jêmbar têbane. Tangi awan ciyut têbane. Bêcik êndi.

--- 13 ---

sih zie bapa biyung.

sunat pêrlu

Kang diarani panggawe sunat pêrlu. Panganggoning manungsa akèh sing kêliru. Lumrahe kabutuhan sadina-dinane diarani: sunat. Wong duwe gawe diarani: pêrlu. Mulane akèh wong kang tumiba ing sangsara, saka kêliruning panganggone mau. Saupama winalik, kang aran pêrlu: mangan sadinane, kang aran sunat: wong duwe gawe sapêpadhane mêsthi ora tumiba ing sangsara, têgêse: lamun sira duwe gawe sarta duwe kêkarêpan ngêntènana ananing dhuwit turahan pangan. Yèn durung ana: iya ora, genea nganti tumiba ing sangsara, tanggungên awakmu.

sandhang pangan

Digêguyu olèhmu nyandhang ala mangan kurang utawa nyandhang bêcik. Mangan luwih sapêpadhane satêmêne padha bae karo ora digêguyu. Asile apa korewangi padu gumêdêr.

sandhang pangan a

Sandhang pangan dudu kabutuhan gêdhê, janji narima ing pandum.

--- 14 ---

sandhang pangan b

Bandara awèh sandhang pangan marang batur aja anggèp-anggêpan, wis disôngga gawene.

setan

Wong nganggur iku dadi susuhing setan. Setan iku manggon ing kêkayon gêdhe dadi angkêr, mbilaèni yèn diambah ing wong. Mulane aja sok nganggur. Liding dongèng: akon srêgêp nyambut gawe.

setan a

Golèk kasugihan aja apèk setan marang gunung Cêrme. Mung sinaua mêrêm dhipêt bakal katêkan sêdyamu.

sugih

Wijining kasugihan saka gêmi nastiti, tabêri ing gawe. Pawitane têmên, ora tau goroh. Pangandêling wong wuwuh-wuwuh awoh rijêki kang ora kêna cinakrabawa, nganti awake dhewe ora sumurup yèn wis dadi sugih. Malah wong akèh sing wis ngarani sugih dhisik.

sugih a

Kasugihan sangkane saka sathithik, yagene parane kogawe akèh.

--- 15 ---

sugih b

Kasugihan dadi pènginane wong akèh. Sing sugih durung marêm.

sugih c

Sugih singgih kalah karo kuwasa. Sing kuwasa kapengin mukti wibawa, sing mukti wibawa isih ngêrsula butuh dhuwit, sing sugih dhuwit kapengin singgih. Sing singgih kapengin kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa. Bola-bali karêping manungsa ora karu-karuwan.

sugih d

Kasugihan lan kamlaratan. Saking aluse karsaning Allah. Satêmêne padha bae, tandhane: manungsa mung nganggo sacukupe, susah padha susah, bungah padha bungah, lara padha lara, mati padha mati, êndi sing arane beda: ora ana. Sing angèl iku wong golèk panarimaning ati apa satibaning cithakane. Sok mangkonoa bêcik wong narima: ora. Elinga yèn kowe tinitah manungsa wênang nampik milih saboboting awakmu, aja mung narima anggêre urip. Iku ora ngajèni marang uripe.

sangkan paran

Mangan, minum, bisane malêbu ing wêtêng kanthi ambuwang

--- 16 ---

ambêkan, nanging main nalika ngunthut kartu, madon nalika wêtuning rahsa, apa iya mbuwang ambêkan, ora. Malah ngampêt ambêkan kang ora disêdyakake. Apa sababe: takokna marang wong kang wis mangêrti kawruh sangkan paran.

singgih zie sugih b.

waon

Maoni iku panggawe kang gampang dhewe, ora kêlêt-êlêtan susur, nanging waonane mau apa bênêr têmênan: durung karuwan.

wuruk

Wuruking bapa biyung marang anake, sanadyan winêlêg kaya panglolohing manuk marang piyike, iya tanpa gawe, ora bisa kêcanthèl, dening tanpa wisesa sarta anake sumurupe yèn ditrêsnani. Beda karo wuruking guru marang muride, mêsthi bisa tumancêp ing ati, dening nindakake wisesa sarta ora trêsna kaya mênyang anake dhewe. Mulane aja tan nora nyakolahake anak.

wêdi

Wêdi têrusing ati marang wong ngatuwane, sarta marang [ma...]

--- 17 ---

[...rang] gurune, iku musthikaning bocah.

wêlas

Rupa utawa swaraning manungsa kang bisa nênarik runtuhing ati nganti wong iku katon mêmêlas iku atas saka kudratullahe dhewe. Yen digawe malah dadi kosok baline, katon nyênyêngit.

wulang

Piwulang bêcik iku tanpa gawe, yèn ora dilakoni padha bae karo kang tanpa piwulang, tarkadhang malah bêcik kang tanpa piwulang dening sok ngambah panggawe bêcik karo kang wêruh ing bêcik ora dilakoni.

wiji

Thukuling wiji sawi ora bisa dadi têki, ewadene saka lêpase budining manungsa. Dadine manungsa sapisan saka thêthukulan lêmbut, banjur mancala warna dadi khewan cilik, suwe-suwe dadi khewan gêdhe, nganti dadi rangutan.§ verk. v. orang oetan. utawa kêthèk, wasana dadi manungsa bodho, mundhak-mundhak dadi manungsa pintêr. Saupama wijining manungsa sapisan nyata saka thêthukulan lêmbut, balik sing nyimpang mancala warna dadi gajah: apa, apa babi jlêg dadi gajah, dene

--- 18 ---

duwe irung mèmpêr gajah, mung kari muwuhi gadhing bae.

Tak rasa-rasa kurang kêpenak yèn wijining manungsa sapisanan saka thêthukulan lêmbut. Bêcik saka eyang Kangjêng Nabi Adam sarta ibu Kawa. Mung kuciwane sathithik dene nganggo cuthêl, ingkang rama ibu Nabi Adam ora ana, zie têmbung elok. Dene sing bêcik dhewe dadining manungsa sapisan saka si bapa lan si biyung, mandhuwure saka si kaki lan si nini, sabanjure mandhuwur-mandhuwur manèh êmbuh nganggo pantog, êmbuh ora. Allah kang luwih wikan: cuthêl.

luhur

Kaluhuran iku karsaning Allah. Mung kadarbe putra wayahing ratu yagene sok duwe kalakuwan èlèk. Bedane kaluhuran lan kamulyan zie pathibasa, têmbung: luhur.

lamis

Wong lamis iku lambene bêcik, atine ala, kandhane iyanana bae.

lambe

Nutuh wong kaluputan, ngalêm wong kabênêran. Iku mung dadi kêmbanging lambe.

--- 19 ---

parentah

Parentahe wong ngatuwamu tuwin gurumu, apadene parentahe nagara, mung wajib tinurut sarta banjur dilakoni. Yèn duwe panêmu parentah iku lupute ora ndadèkake sarjuning atine, kêtêmu ing buri. Kêna duwe atur sawuse anglakoni. Dadi ora aran: madal parentah utawa: mumpangkara.

pati

Pati iku panggonane wis cumêpak, sarta ora tau pisah sadina sawêngine. Mulane yèn têka dumrojog tanpa larapan banjur roda pêksa mêthot nyawa. Suprandene sajroning uripe tansah mitambuhi. Sumurupe yèn arêp mati wis kasèp.

pati a

Pati siji jare dalane sèwu, suprandene manungsa ora gigrig. Tandhane: ora tau ngrasakake pati, ngrasak-ngrasakake yèn wis ngalèyèh ana ing paturon. Malah sajroning urip ora rumasa yèn bakal mati. Sanadyan wis kaki-kaki, atine isih nom. Sire kaduga nyêmbadani karêping liyan, mulane sok diarani: ora nyêbut.

--- 20 ---

pangan

Mangan esuk diarani sèmèkan. Mangan sore diarani mancal kêmul, têgêse: narima mangan sathithik. Mangan awan durung ana arane, apa: antêm krama. Mara pikirên kapenake.

dhuwit

Wong urip butuh dhuwit apa ora aran sapele yèn manungsa uripe mung kalawan dhuwit.

dhuwit a

Angèle wong golèk dhuwit nganti bisa mbubrahake rodhaning kaèlingan. Gampange wong mbuwang dhuwit nganti bisa mbubrahake omah. Mbok aja mêngkono kêpriye.

dhuwit b

Wong ora bisa pisah dhuwit, nanging aja mata dhuwitên.

dhuwit c

Aja dhêmên warna kang mêrak ati, iya iku dhuwit, awit watêke blere. Akèh wong kedanan. Balik ujanên bae karêpe, mung pèkên dayane, karosane bisa ngobahake jagad.

--- 21 ---

dhuwit d

Aja dhêmên nyèlèngi dhuwit kang ora mêtu uyahane, padha uga karo kowe nyèlèngi krikil. Tak dongèngake rungokna:

Ana sawijining mantri guru ing Surakarta, nyèlèngi dhuwit turahane balanjane ana ing lonjoran pring pêtung. Mung iku kang dadi kêkasihe. Sabên sasi petunge tansah mundhak sarta ora lali tansah dicathêti. Kaya apa manèh bungahing ati barêng cathêtan pinetung isining cèlèngane wis dadi 2.000 rupiyah. Prasasat ora ana kabungahan kang tinêmu kaya ing dina iku. Apa-apa mung tansah mèsêm. Nanging bungahe pirang-pirang taun kang wis kêlakon sirna padha sanalika. Ing wayah esuk sumurup omahe kalêbon maling, nggawa kêkasihe celengan pring pêtung mau. Lunganing kêkasihe sanadyan ditangisi kalawan luh gêtih, iya ora gêlêm bali. Dening rumasa siniksa kinunjara nganti têtaunan ora dilakèkake olèh pacangane mas. Java ing kantor Bank.Kata-kata: "Java" dan "Bank" ditulis dengan huruf latin. Supaya bisa manak bêbranahan.

dhuwit e

Kang muni ing layang Panitisastra, kaca 4 larikan 3 ...

--- 22 ---

dene wisaning ngagêsang, tanpa arta: saujare nora dadi, karêpe tan katêkan.

dhuwit f

Gêbyaring kilat padha lan gêbyaring dhuwit. Apa iku suwe. Mêngkono ibarate. Tak kandhani manèh rungokna:

Ana sawijining sudagar ing Surakarta, omah ing kampung Kaluraman. Ing wayah esuk isih bungah karo anak bojone. Kang lanang ngrangkêp dadi abdi dalêm miji pinilih mangkat tungguk mênyang kraton. Kang wadon mênyang padhasaran adol wade. Kari anak-anake lan batur-bature tuwin pangobèng-pangobènge ngêcap jarit. Wong puluhan kang padha kari tunggu omah, dadi ora nduwèni kuwatir pisan-pisan tinggal omah. Barêng wayah bêdhug awan padha dijujul mulih diwèhi wêruh yèn kobongan, kêtularan saka tanggane. Iba kagèting atine, enggal padha mulih. Têkaning omah wis ora ndêlêng omah, kari ndêlêng awuning omah. Môngka omahe pindha sawargan,kaswargan. omah gêdhe, pandhapa, pringgitan, gandhok kiwa-têngên, lojèn, los pambathikan, nyoga, nglorot. Wragading

--- 23 ---

panggawene ora kurang 25 èwu. Sejene panganggo suwèk sarta mas intên, bêkakas omah, piranti nyambut gawe ngêcap, bôndha mori, malam, soga, tingi, kayu, arêng, dagangan wade, dhuwit pasimpênan kabèh wis dadi awu utawa luluh. Gunggunge ora kurang 25 èwu manèh. Gunggung kumpul 50 èwu rupiyah ing dalêm sajam sirna. Mulane dingandêl lan dipasrah marang pitulunging Allah. Aja trêsna marang dunya, balik pèkên dayane bae, supaya dunyamu bisa langgêng turun-tumurun ora êntèk-êntèk, kaya ilining banyu kali.

dhuwit g

Dhuwit iku lunyune kaya wêlut, yèn wis mrucut angèl golèk-golèkane.

dhêmên

Dhêmên marang sapêpadhaning tumitah, iku tuking kabêcikan. Nanging arang sing bisa nglakoni saking angèle. Mung warganing teyosopi kang bisa, jarene.

jawa

Watêke wong Jawa:

a. Dhêmên ngrungokake wong padu, nganti dilabuhi ngintip ana ing gêdhèg

--- 24 ---

b. Dhêmên tumbak-cucukan.

c. Dhêmên para wadulan.

d. Dhêmên nyatur utawa nôngga.

e. Yèn ana payo-payo ora tumuli tandang. Yèn kang dadi bêbaya wis ora ana mbrubul padha têka. Takon-tinakon playuning durjana.

f. Yèn ana bêncana gêni: dhêmên nonton, ora gêlêm tandang. Yèn gênine nular: bungah. Dianggêp kaya nonton kêmbang api. Yèn gênine mati: gêla.

g. Yên ana banjir: bungah-bungah padha praon. Sawênèh ana kang nggawa klênengan, karo nonton wong kang padha susah kêbanjiran.

h. Yèn wong ora duwe (mlarat) diisin-isin. Yèn wong lagi duwe diewani.

i. Ngrèmèhake wong: gêlêm. Dirèmèhake gênti: suthik.

j. Dhêmên ngrewangi dhêdhuwurane, ngalahake sor-sorane.

k. Dhêmênyar, nganti olèh paraban: obor blarak. Murub grabyag-grabyag mati pêt tanpa tilas.

l. Dhêmên pamèr lan munggah umpakan

--- 25 ---

jagad

Ing jagad ora kurang pagawean, suprandene akèh wong ngrêsula ora olèh pagawean.

mata

Mata ginawe mêlèk. Yèn arip ginawe turu. Nanging apa ana janjine munggèng Pangeran. Kêna ginawe natas pèi, coba têrangna.

mitra

Mitra busana, mitra baksana, kalah dening mitra budaya (sadulur sinarawèdi) kêtêmune golèkana dhewe manggon ana ing kampung Manahan.

miskin zie sugih d

mlarat

Aja ngrêsula nandhang kamlaratan. Sing gawe sapa.

mulya

Kamulyan kadarbe wong kang ngampil pangwasaning nagara utawa kêkasihing ratu. Yagene sok mêndêm gadhung, iku rak dudu duwèkmu.

maling zie botoh

Maling iku iya wong, sarta iya sumurup ing ala-bêcik. Yagene dhêmên maling. Dhêmên manèh awit pangrasane [pangra...]

--- 26 ---

[...sane] ora nglakoni panggawe ala, nglakoni panggawe bêcik. Wêtuning sandhang pangane saka ing kono, ginawe ngingoni anak bojone kang padha kêluwèn, apa iku aran ala. Gusti Allah ora dhawuh nglarangi maling. Dene kang aran ala iku wong cêthil, mulane patut dimalingi. Apa wong cêthil iku padhane maling, maling bae bisa ngarani ala. Sok mangkonoa malah bêcik maling tinimbang karo wong cêthil. Liding dongèng: aja cêthil lan aja maling, karo pisan èlèk.

guru alêman

Aja watak guru alêman. Kajaba sok kaduwung: gawe pituna gumêdhe, sumurupmu wis kasèp.

gotong royong

Gotong-royong padhane tulung-tinulung, santosane ngungkuli wong sugih. Nanging arang sing gêlêm mangkono, nrima diarani ora rukun, ayêm wis duwe têmbunge bae. Adêge pakumpulan budi utama pinuji ing wong kang padhang pikire.

gêdhe

Wong ambêg gumêdhe: malah disorake. Kosok baline wong andhap asor: malah diluhurake.

--- 27 ---

Pêrlune apa dhêmên gumêdhe.

gêdhang bôngka

Golèk alêm madulake alaning liyan, sok olèh opah gêdhang bôngka saka wong kang winadulake.

gumun

Gumun marang pratingkahing liyan, nanging durung tau sinau gumun marang pratingkahe dhewe.

bêcik

Ora ana barang langgêng, mung kabêcikan kang ora bisa sirna, sanadyan kang gawe bêcik wis ana ing jaman kailangan, kabêcikane iya ora bisa ilang, isih ditinggal ana ing ngalam dunya. Wong kang duwe lêlabuhan mangkono iku unusaning manungsa, patut dadi sudarsananing ngaurip.

bêcik a

Yèn kowe gawe kabêcikan, simpênên ana ing pêthi, soroge titipna ing liyan supaya kowe ora bisa ambukak isining pêthi kabêcikan, awit yèn kowe kang bukak: gandane mambu, yèn wong liya: arum.

bêcik b

Aja sumêlang anglakoni panggawe bêcik. Sanadyan ora kauningan ing panjênêngan ratu dening kawaranan, [kawara...]

--- 28 ---

[...nan,] ananging Gusti Allah anguningani saparipolahmu, bonggan sira nglakoni panggawe bêcik ora pandak, dhêmên anglakoni panggawe ala, ora ngandêl marang pitulunging Allah kang durung tumiba.

bêcik c

Bêcik iku ora têdhas ing ala, suprandene arang sing dhêmên anglakoni panggawe bêcik.

bêcik d

Bêcik kêtitik ala kêtara. Sarèhning ala bêcik mêsthi bakal kawanguran, pêrlune apa nglakoni panggawe ala.

bèrbudi

Bèrbudi iku bêcik, nanging yèn ora duwe dhuwit: butuh.

butuh

Kabutuhaning manungsa mung sêpele. Mangan ngombe mung sacukupe. Ora bisa ngluwihi satakêre dhewe. Nyandhang mung sapangadêg, ora bisa ngrangkêp nganggo liyane. Bojo siji ora bisa êntèk. Yagene munyal-munyal nganti tumiba ing sangsara, ora liya mung saka ora bisa ngunjara hawa napsu. Iku lupute [lupu...]

--- 29 ---

[...te] dhewe aja sok sambat ngaru-ara, Gusti Allah ora karsa mirêngake sêsambate.

botoh

Panitike ala bêcik, brètèn upayanên ana ing meja kasukan. Amêsthi bisa kêtêmu ana ing kono. Sapa sing duwe laku nistha madya utama, aja maido dhisik, nyatakna bae.

botoh a en maling

Wong mênang ngabotohan, karo maling mêntas olèh-olèhan, trajange padha wae, boros padha boros, ngêbrèh padha ngêbrèh. Saiki kalah ngabotohan, ati rusak. Maling ora olèh-olèhan, ati bingung. Apa botoh iku padha karo maling, mara pêthèkên.

bapa biyung

Kabêcikan sarta katrêsnaning bapa biyung marang anak, aja sok dipamèr-pamèrake marang ing liyan, mundhak diewani, iku dudu prakara anèh.

bapa biyung a

Asihmu marang bapa biyung, bisaa mung saprapating sihmu marang anak, wis nyukupi. [nyukupi...]

--- 30 ---

[....]

bapa biyung b

Bapa biyung iku katêmpuh mikir marang anake supaya ing têmbe bisa dadi wong mursid. Ora cukup mung ngrupakake bôndha bau dipitayakake marang guru wae. Iya uga kudu mikir ênggone bakal ngomah-omahake. Bisaa olèh jodho kang kêbênêran. Yèn bocah lanang, amiliha bocah wadon kang ayu rupane, bêcik atine. Yèn anak wadon, olèha bocah lanang kang pintêr trahing kartiyasa (priyayi).

badhut

Wong dhêmên sêmbranan iku ora bêcik. Yèn kêpatuh dadi badhut. Ora kêna diandêl ing prakara pêrlu. Beda karo wong lucu. Iku wis kudratulah, clathu baèn-baèn wae bisa gawe guyuning wong. Wong lucu dadi busananing pasamuwan. Wong sêmbrana diewani.

bedhang

Tutur satêmêne ora mêsthi kêbênêran. Apa bêcik tutur goroh. Ora mêngkono, nganggo duga prayoga, kaya upamane sumurup ana wong bedhangan andhêlik ana sawijining panggonan, ditakoni marang kang anggolèki. Apa sumurup marang bêburone kang alaku [ala...]

--- 31 ---

[...ku] jina. Wangsulane: iya sumurup, nanging êmbuh parane, paidahe sapisan ora goroh. Kaping pindho: murungake panganiaya kang diamcamake. Kaping têlu: nyidakake pangancam pamisesaning parentah kang tumiba marang wong luput: tanpa kara-kara. Dening ora kêlacak kêpathak dosane. Mêngkono pêpiritane.

bojo

Bojo siji ora êntèk. Bojo loro: kurang. Bojo têlu: saya kurang. Mêngkono sabanjure. Kang ora narima siji padha siji, iku nuruti ardaning ati, nanging apa ana wong kêtutugan karêpe. Sanadyan panjênêngan ratu garwane pangrêmbe wis luwih sêwidak, raosing panggalih iya isih kurang, apa ora mêngkono.

Sing nganggit wis tau ngalami, mulane bisa kôndha.

bojo a

Bojo kang luwih saka siji, ing salah sawijine ana kang ditrêsnani, ora bisa padha. Lamun padha anak-anak, anak kang ditrêsnani ing bapa: mêsthi saka bojo kang ditrêsnani. Dadi katrêsnaning bapa marang anak: manut biyung. Anak liyane bêcik ora mèri wae, awit kalah atas.

--- 32 ---

bojo b

Bapa biyung kang murinani anak. Padu karo bojone, iku luput bangêt, ingatase wong bêbojowan. Gênah yèn ora kêna dimurinani. Kang murina: pinggêting atine durung pulih, anake malah ambangun sih rukune ngungkuli kaya sing wis kêlakon.

bojo c

Bojo iku paringing Allah, kanggo sajêge urip. Môngka pêgatan, banjur padha omah-omah, adate ora lêstari saka ora kêbênêran, iya banjur pêgatan manèh sarta banjur omah-omah manèh. Mangkono sabanjure. Wasana dadi dhudha rôndha wis ora payu dole. Mulane bêcike ora pêgatan wae, utawa pêgatan. Ora omah-omah manèh utawa omah-omah manèh balèn karo bojone lawas.

bojo d

Bojo jaka lara kang wis 25 taun lawase, gumêbyar kaya salaka binêsut. Wong Walônda angarani: kawin perak. Yèn wis 50 taun sumorot kaya kancana binabar. Wong Walônda ngarani: kawin mas.

--- 33 ---

Dene yèn wis 75 taun (nanging arang ana) prabane mawêlu kaya lintang karahinan. Wong Walônda ngarani: kawin intên.

bêgja

Bêgja cilaka atas saka karsaning Allah, dudu gaweaning manungsa. Manungsa mung kari anglakoni wae. Aja girang-girang gumuyu yèn lagi nêmu bêgja, awit kabêgjanmu bisa oncat ing dalêm sakêdhèp netra. Kosok baline: aja ngrêsula nandhang cilaka, awit ora bisa rampung dening pangrêsulamu. Kang sayoga manungsa mung mikira kadadiyaning prakara kang durung kêlakon. Dèn araha saka istiyar dadine takdir bêcik.

ngêlèh

Ngêlèh iku dadi tuking kawarasan. Sabên krasa ngêlèh môngka banjur mangan, sanadyan lawuhane mung sawiyah: iya duwe rasa enak. Kosok baline warêg iku dadi tuking bêbaya. Yèn dipangani bisa dadi sambekalaning uripe, tur rasaning pangan sanadyan mirasa iya ora doyan. Suprandene akèh sing dhêmên anggranyah karo ngêlèh.

--- 34 ---

R. Prawira-winarsa. Serat Piwoelang tjablaka (ter perse). Mas Ardja-soewita. Tjariosipun djaka Setya lan djaka Sedya (ter perse) ... f / Ki Padma-soesastra, alias Ng. Wira-poestaka. Pati-basa (ter perse) ... f / R. Ng. Tjitra-sentana. Mardi-siwaja: I lan II, satoenggil djilid ... f 0,25 / R. Ng. Tjitra-sentana. Mardi-siwaja tjitakan kaping kalih, kalih djilid babarpisan ... f 0,68 / R. Prawira-winarsa. Serat Piwoelang tjablaka (aksara wolanda) (ter perse) ... / Dongèng Senggoetroe (ter perse) ... / W. Meijer Ranneft. Tjangkriman basa Djawa nganggo tembang (ter perse) ... / Ng. Wira-postaka. Piwoelang betjik (ter perse) ... f / M. Prawira-soedirdja. Tjarios tanah paredèn Dièng (ter perse) ... f / M. Karta-siwaja. Pangresoelaning kewan (ter perse) ... f / R. Wira-wangsa, Serat Wali-darma (aksara wolanda) ... f 0,11 / M. Djaja-tenaja. Serat panoentoen tani, I lan II (ter perse) ... / Lampahan Petroek dados ratoe (mawi gambar) (ter perse) ... / R. M. Mangkoedimedja. Asta tjarita ... / M. Poedja-ardja. Sari moelja ... / R. Marta-Ardjana. Serat Koela pratama (ter perse) ... / M. Poedja-ardja. Dongèng Empol-empil (ter perse) ... / Pakem Ringgit Poerwa, I,II lan III. (ter perse) ... / R. Marta-koesoema. Pratikel moerid kasoedaning karojalan (ter perse) ... / R. Poerwa-suwignja. Nembelas tjarios (ter perse) ... / M. Poedja-ardja. Niti karsa (ter perse) ... / R.M. Mangkoedimedja. Serat Poerwa wahja (ter perse) ... / R. Sisnaèni alias Wirja-soesastra. Dongèng mantja-warni (ter perse) ... / M. Marta-sendjaja. Lajang babasan lan saloka (ter perse) ... / R. Atmadiardja. Bab ambabar sindjang ... / M. Samsir. Lelemboet kolerah (ter perse) ... / R.M. Mangkoedimedja. Serat Pararaton I (ter perse) ... / R. Sasra-prawira. Bioeng koealon (ter perse) ... / R. Soerarti alias Dirdja-soebrata. Gara2 (ter perse) ... / R. Soerarti alias Dirdja-soebrata. Pemboekaning nalar (ter perse) ... / Kemis alias Ardja-soewita. Pasrèn (ter perse) ... / R. Ng. Soera-dipoera. Serat kjai Mangir tanpa tembang (ter perse) ... /