Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Piwulang Sae, Coa Cu Kwan, 1909, #1629

Katalog:Piwulang Sae, Coa Cu Kwan, 1909, #1629
Sambung:-

Piwulang Sae

--- 2 ---

Pinangkanipun saking Tanah Hindhustan

(tambahan Darmakôndha)

Kaêcap ing pangêcapan enggal Cowacukwan Surakarta Taun 1909.

--- 3 ---

Karma Yoga

Yoga (Panunggal)

Tumraping manusa kang binapa babu utawa kang acêkêl karya lan anggaota.

Sontên punika kula miwiti angrêmbag lan amratelakakên ingkang cêtha wardinipun prakawis ingkang badhe kasorahakên punika.

Yoga, punika têmbung Sangsêkrita, têgêsipun pamor utawi panunggil, inggih punika pamoring manusa lan gêsanging Allah ingkang suci. Mênggah asalipun manusa inggih saking gêsanging Allah ingkang suci wau. Sadhengah manusa inggih ugi kadunungan gêsang ingkang minulya makatên punika, namung wontênipun ing ngriku kenging kawastanan dèrèng matêng utawi dèrèng dumugi ing gêgayuhanipun. Lah inggih punika tuking daya ingkang linuhur, utawi prakawis ingkang pinusthi, ingkang dumunung wontên ing kawruh bab adamêl indhake kalimpadanipun nyawa. Mênggah prakawis ingkang pinusthi: salêbêting garbanipun manusa tinuwuhanatinuwuhan. kalimpadan. Manawi manusa sampun dumugi ing gêgayuhanipun, roh utawi nyawanipun sampun andungkap dhatêng kalimpadan ingkang luhur, manusa mêsthi kuwawa amêdharakên daya-dayaning

--- 4 ---

Allah.

Dados, yoga: panunggiling manusa sapunika, akalihan gêsangipun ingkang badhe sinucèkakên lan linuhurakên kamulyanipun.

Kang dak arani manusa kang binapa babu utawi acêkêl karya iku manusa kang nyambut gawe ing sadina-dina, ingkang nglampahi padamêlan kuwajibanipun, punapa malih ingkang sami cêpêng karya lan bêbaku griya, amargi kajibah ngrimati semah lan anak-anakipun, makatên ugi tumraping tiyang èstri.

Ing tanah Hindhu kathah manusa ingkang amêrlokakên amanthêng amusthi cipta, sarèhning ingkang kaèsthi punika: yoga, mila tiyang ingkang anglampahi makatên kawastanan para yogi. Sampun têtela sangêt, para manusa ingkang limrah punika botên sagêd bilih anglampahana panglantih ingkang makatên, punapa piyambakipun kêdah sumingkir dhatêng padunungan ingkang sêpi utawi manggèn salêbêting guwa. Lah kadospundi badhe anggènipun nindakakên kuwajibanipun.

Ing tanah Hindhustan, agami punika kagathukakên dhatêng kawruh, dados lêlandhêsaning agaminipun kawruh, dene

--- 5 ---

ingkang anggêlarakên ugêr pêpacakipun sawarnining agami punika teyosophi. Agami Islam, Hindhu lan Brahmana sadaya anunggil uwit, utawi wiji sadaya wau asalipun namung satunggil.

Ananging agaminipun tiyang Hindhu ingkang sisih wetan, mênggah panggilutipun dhatêng kawruh bab roh utawi nyawa, langkung luhur tinimbang kalihan agami Ngisa. Ing tanah wetan têtiyang ingkang putus ing kawruh, mênggah pamarsudinipun dhatêng kasaenan ingkang dados wêwatoning agaminipun, inggih ugi botên beda kalihan agami sanès-sanèsipun, nanging para winasis wau botên namung mindêng dhatêng kasaenan kemawon, samukawis kawruh ingkang pinêthik saking kasaenan, ugi mawi binudi sangêt, milanipun lajêng sami nyumêrêpi ugêr utawi wêwaton ingkang luhur: ingkang pamêndhêtipun saking kawruh.

Sadhengah tiyang sampun sami sumêrêp, bilih têtiyang ing tanah Eropah ingkang kathah sami acêpêng karya, lan gadhah padamêlan ingkang dados kuwajibanipun, ing sadintên-dintên sampun mêsthi botên sagêd ambêntur pamarsudinipun utawi anggilut dangu-dangu dhatêng agaminipun, kados ta: sêmbahyang utawi amanthêng [ama...]

--- 6 ---

[...nthêng] amusthi cipta. Yèn makatên sapunika kadospundi anggènipun anglampahi amarsudi angindhakakên sucine gêsangipun, mênggah panggagas sampeyan, pasinaonipun tiyang wau, inggih punika pasinaon ingkang sampun-sampun, kados upaminipun sêmbahyang lan angêningakên pangangên-angên kados adat, yèn namung makatên kemawon punapa inggih badhe sagêd angluhurakên utawi adamêl sucine gêsangipun, makatên punika sampun mêsthi botênipun, tôndha yêktinipun tiyang ing tanah bang kilenan yakinipun botên patos amraduli dhatêng agaminipun, pangrêngkuhipun, wêwulanging agami ingkang kasorahakên wontên ing grija saminggu sapisan, punika kaanggêp bilih sadaya kuwajiban kadosdene sampun linampahan lan cinakup, punapa malih yèn nuju nglowongakên dhatêngipun ing grija, ingkang kadamêl pawadan amargi gadhah padamêlan ingkang mêsthi linampahan.

Bab punika mugi kayêktosana, kita ing tanah wetanan sampun sami angsal sêsêrêpan, padamêlan lan yoga, punika anggènipun anglampahi kenging kasarêng. Milanipun [Milanipu...]

--- 7 ---

[...n] wontên sêsêbutan, karma yoga utawi karya yoga, wêrdinipun yoga ingkang linampahan kasarêng lan anyambut damêl, dados gêsang suci lan mulya punika kenging tinuwuhakên kalihan anyambut damêl.

Nanging sami dipun sumêrêpana, patrap makatên punika botên gampil, angèlipun dene mèh anggêr tiyang ginodha ing barang kadonyan, makatên ugi pangajapipun utawi pangangkahipun ugi sagêda angsal barang kadonyan wau, dados anggènipun purun anambut kardi dening sangêt melikipun dhatêng barang kadonyan punika, sarta malih sayêktosipun anggènipun nyambut damêl punika saking rêmên angsal pakurmatan lan kapengin ingaji-aji tiyang sanès, sagêda kuncara namanipun, mila makatên amargi manusa gadhah watak rêmên ing pangaji-aji (Eerzuchtig), lah manawi manut ugêring kawruh, manusa ingkang taksih darbe kamelikan dhumatêng samukawis kadonyan, mêsthi kapêksa wangsul ing donya malih, sagêda anggadhahi sabarang ingkang dipun pengini utawi dipun ajêng-ajêng wau.

Sadaya tiyang ingkang sami marsudi kawruh Th. bab punika sampun sami golong ing pamanggih, gêsangipun manusa punika wontên [wontê...]

--- 8 ---

[...n] ing alam ingkang condhong kalihan kawontênanipun, manut ungêling ugêr ingkang têtêp, kodrat punika amurba alam ingkang dipun ênggèni dening titah ingkang timbang kalihan alam wau. Mila binasakakên manusa ginodhi, dening kamelikanipun piyambak wontên ing donya, dados manusa ingkang taksih ngangkah angsal kadonyan, mêsthi tansah wongsal-wangsul dhatêng ing donya kemawon, dados ingkang anjalari lair malih inggih pangangkah utawi pangajapipun nêdya angsal wau. Makatên punika nyawa prasasat kacancang kamelikanipun wontên ing donya, nanging sarèhning raga wadhagipun sampun oncat, botên sagêd yèn ta nyawa anglampahana punapa-punapa wontên ing donya. Anggènipun nyawa dumunung wontên ing alam kaalusan ing sawatawis môngsa laminipun. Ing ngriku angrampungakên pangangên-angên lan pangangkahipun, inggih punika wontên ing alaming budi. Nanging sarèhning pangangên-angên lan pangangkah wau taksih gumandhèng kalihan donya, mila nyawa mêsthi wangsul dhatêng donya malih: badhe numusi samukawis ingkang sampun dipun angên-angên. Bab punika sampeyan sadaya sampun ngawuningani, jinarwa wontên ing bab [ba...]

--- 9 ---

[...b] kalairan marambah-rambah (Reincarnatie) kêrêp kemawon kaparibasakakên: rodhaning pêjah lan kalairan, wêrdinipun sasampuning pêjah nuntên lair, sasampuning lair lajêng pêjah. Makatên nyawa wau prasasat ingugêr wontên ing rodha kalayan kamelikanipun.

Ewasamantên bilih tangsul panancang pandamêling kamelikan punika sampun udhar, nyawa lajêng sagêd uwal, ing ngriku gêsanging Allah ingkang suci lajêng binuka, nalika punika nyawa nama sampun mindhak ing kalimpadanipun, sampun dados mulya lan kadunungan rumaos linangkung, dumugi ing gêgayuhanipun. Manawi kita sampun mangrêtos samukawis ingkang sampun kasorahakên wau, mêsthi badhe têtela ing sumêrêp kita, yèn manusa gêsang ing donya punika, sagêd awor utawi kalih-kalihing atunggil kalihan gêsanging Allah ingkang suci.

Mênggah ingkang anjalari dumadosipun satunggiling pandamêl punika wontên kalih prakawis, saprakawis: kamelikan ing dalêm batos, punika ingkang dados wijining daya ingkang sagêd anjalari dumadosing pandamêl utawi lêlampahan (zie karma), kaping kalih pandamêl ingkang sampun dumados,

--- 10 ---

dados ingkang sampun kalair, punika nuwuhakên kamelikan utawi pêpenginan.

Kamelikan adamêl jalaranipun anyambut damêl, dene pandamêlan nuwuhakên pangangkah nêdya angsal ingkang dipun pengini. Kalih prakawis ingkang sampun kasêbut wau inggih punika kamelikan lan padamêlan, ingkang tansah angugêr nyawa namung saprakawis, inggih punika kamelikan, padamêlan dayanipun botên sagêd anggodhi nyawa, sabab padamêlan punika kalêbêt dhatêng pandamêl solahing badan, nanging yèn kamelikan mêsthi kuwawa angugêr nyawa, sabab asalipun kamelikan saking nyawa piyambak.

Manusa ingkang sampun kuwawi ambucal kamelikanipun, punika sampun uwal saking tangsul pangugêr, sanadyan sapintên awratipun anggèning nyambut damêl, ingkang sinêbut panunggil ingkang sinarêng kalihan nyambut damêl punika: nyambut damêl tanpa kamelikan utawi pangangkah.

Coba sapunika sami kabudi anggènipun nindakakên prakawis punika.

Upami wontên satunggiling tiyang ingkang pandamêlanipun ambombong [a...]

--- 11 ---

[...mbombong] prakawis (adpokat) milanipun dados adpokat makatên, sêdyanipun namung badhe angsal yatra kauntungan lan kapengin angsal pangaji-ajining sanès, adpokat mêsthi badhe adamêl unggul utawi mênangipun tiyang ingkang binombong, dados èsthining manah sangêt ambudi murih mênangipun, makatên wau botên namung anggènipun nêdya amênangakên dhatêng tiyang ingkang binombong, mawi gêgembolan kamelikan: yèn unggul prakawisipun, mêsthi badhe kuncara namanipun lan mindhak ingaosan, anggènipun nindakakên padamêlan wau dipun titi kalayan sangêt, amargi gadhah pangangkah murih sagêda angsal yatra lan pangalêmbana. Ing mangke saupami sêdya utawi pangangkahipun wau ingewahan, osiking manah ingkang nêdya angsal yatra lan pangalêmbana wau kabucal, lajêng nêring manah katekadna paedahipun dhatêng akathah, sarta anggènipun anglampahi padamêlan makatên wau amargi namung anglampahi kuwajibanipun kemawon, dados botên amargi kapengin angsal pituwas utawi paedah ingkang tumrap dhatêng badanipun piyambak, namung sabab kabêkta saking wajibipun, sarta malih samukawis pandamêl wau sae [sa...]

--- 12 ---

[...e] rêsik lan ajêg, pandamêl ingkang makatên botên badhe angugêr nyawanipun. Patraping pandamêl ingkang makatên santun dados sae, sabab wosing pandamêl botên tumrap dhatêng awakipun piyambak, namung kaênêrakên dhatêng tiyang kathah. Sarta panthênging pangangên-angênipun katekadakên kangge tiyang kathah, paedah saha patraping pandamêlipun kaêtrapakên dhatêng tiyang sabôngsa. Makatên punika botên anêrak ugêr wêwatoning Allah.

Pandamêl ingkang makatên wau katindakakên kalihan manut pranatanipun Allah, dene kêkajênganipun inggih lajêng dados kêkajênganing Allah, lah punika nama nglampahi pandamêlanipun Allah ingkang tumrap ing tiyang kathah, botên namung tumrap ing badanipun piyambak, salajêngipun sarèhning pêpanthênganing nyawanipun anyambut damêl, sampun mêsthi kita lajêng dados suci, awit watakipun mikantukakên sariranipun pribadi = zelfzuchtig sampun binerat, manungsa ingkang sampun sirna pambêkanipun mikantukakên badanipun, nama manusa ingkang linuhur, samukawis paedahing damêlipun botên tumrap ing badanipun, lah punika nama manusa anglampahi wajibipun kalihan pratingkah [prating...]

--- 13 ---

[...kah] utami, wontênipun ing donya amunjuli ing sanès, sadaya prakawis wau nuntên anjalari ewahe kawontênanipun nyawa, inggih punika manungsa sajati. Ingkang dumunung ing manusa, nyawa ingkang makatên tansah amanthêng dhatêng ingkang Maha Kuwasa, dhatêng gêsanging Allah ingkang suci. Dados gadhah raos rumaos yèn piyambakipun dados ilèn-ilèning gêsang ingkang suci wau (zie de evolutie der ziel) sarta mêsthi ngindhakakên utawi ngilèkakên dhatêng sadhengaha bangsanipun. Mênggah ingkang mêsthi kadunungan suci punika botên namung piyambakipun kemawon, lan botên namung piyambakipun ingkang sagêd angluhurakên gêsangipun. Yèn sampun makatên patrapipun, punika nama sampun kuwawi anigas tangsul pangugêring nyawa wontên ing donya. Sawarnining padamêlan ingkang linampahan sampun botên kawoworan ing kamelikan, supados angsala ing samukawis, maligi pinanthêngakên dhatêng prakawis ingkang namung satunggil wontênipun, inggih punika ingkang Maha Kuwasa. Manusa ingkang makatên, sadaya pandamêlipun ingkang rèmèh-rèmèh sampun sirna, milanipun gêsanging Allah ingkang suci sagêd tuwuh utawi nglilir ing garbanipun.

--- 14 ---

Nanging sami dipun èngêt, sadaya patrap ingkang kasêbut wau namung gampil yèn kacariyosakên kemawon, wangsul anggènipun anglampahi, punika mêsthi rêkaosipun.

Kita punika sabên-sabên mêsthi inggih rêmên dhatêng barang kadonyan, rêmên sugih lan dados luhur, punapa malih mêsthi ugi angangkah dhatêng pakurmatan, dening rêmên nampèni pangaji-ajining liyan, mila manawi kita nêdya ambucal kamelikan utawi pêpenginan kêdah saking sakêdhik, sasêlot-sêlotipun lami-lami rak inggih sagêd ical. Ing kawruh Th. sampun mratelakakên patrap kita nyinau kawruh ingkang suci, kêdah saking sakêdhik, amiwiti samukawis ingkang gampil-gampil kalihan anglampahi kuwajiban ingkang limrah ing sadintên-dintên, nanging sami kaèngêt-èngêta, anggèn sampeyan manthêngakên paedahing pandamêl, ing sadintên-dintênipun wiwit enjing dumugining sêrap, pangangên-angênipun kêdah sampun ngantos kalimput, sintên ingkang nêdya jumangkah dhatêng panitining alam kaalusan (Ocultisme) kêdah miwiti anglampahi patrap wau. Yakinipun satunggil kemawon botên wontên manusa ingkang kuwawi angukut katrêsnanipun dhatêng barang kadonyan ing

--- 15 ---

sanalika kemawon. Kauningana, manusa punika sagêdipun andarbèni samukawis ingkang dumunung ing alam alus ingkang kangge praboting marsudi ing alam ngriku: punika manawi sampun sagêd anyirnakakên rêmênipun dhatêng kadonyan, punapa ta isarat ingkang dipun angge ing manusa supados sagêda botên maèlu utawi botên mraduli dhatêng barang kadonyan, makatên: sadhengah pandamêl ingkang linampahan kêdah dipun rampungakên pisan, sadaya kêkajêngan utawi lêlampahan bilih botên nuntên karampungakên gid vormin tansah dados gêgembolan, punika anjalari lair malih, botên kenging rinangkêp kalihan ing kamelikan utawi pêpenginan dhatêng paedahing pandamêlipun. Patrap ingkang makatên sagêd anjalari indhaking kaluhuranipun manusa, sabab punika sampun kacariyosakên ing Bagavat gita nyambut damêl ingkang tanpa manah utawi ngangkah angsal-angsalanipun, cêthanipun: sanadyan anglampahana pandamêl nanging botên angangên-angên ing kadadosanipun.

Sarèhning angsal-angsalanipun botên kamanah, makatên punika sampun nama nindakakên pandamêl anigas prakawis ingkang

--- 16 ---

badhe anjalari lairipun ing donya malih, lah, punika ingkang sinêbut panunggil sinarêng lan nyambut damêl, sabab sêdyaning manah namung anindakakên padamêlan wantah, kalihan rumaos anunggilakên gêsanging Allah ingkang suci. Lami-lami manawi kèndêl panglantihipun dhatêng yoga inggih botên ginèndèng dhatêng samukawis kadonyan. Yèn sampun makatên, nalikanipun manusa tumandang ing damêl, sanadyan kados punapa awratipun, inggih lajêng sagêd andunungakên pangangên-angênipun wontên ing gêsanging Allah ingkang suci. Bab punika sami kemawon kalihan patrapipun tiyang yèn nuju wontên ing greja, amêndhêt sêkar nuntên kaluntakakên, nalika samantên inggih ugi sagêd angangên-angên sanèsipun.

Patrap ingkang makatên sami kemawon kalihan anyambut damêl ingkang kêdah dipun lêlantih punika. Tiyang ingkang mêthik sêkaring kuwajiban ing donya, nanging ing batos angênêra dhatêng gêsang ingkang suci. Dados sawarnining pandamêlipun sampun ngantos kawastanan tanpa pêpanthêngan, uripe ana ing donya aja kaya wong ngipi. Mênggah têtelanipun têtiyang ingkang sami nyambut damêl dipun bêningakên pangangên-angênipun, sagêda ambedakakên [a...]

--- 17 ---

[...mbedakakên] badan kalihan nyawa. Nalikanipun badan anindakakên padamêlan, nyawanipun ugi nyambut damêl, ananging wontên ing gêsang ingkang suci. Makatên manusa sagêd angenggalakên indhaking kaluhuranipun, binuka gêsangipun suci ingkang wontên badanipun, nyawanipun nuntên kadunungan daya ingkang luhur-luhur, kados ingkang kacariyosakên ing bab nyawa.

Têtiyang ingkang nglêlantih nyambut damêl misah nyawanipun saking ing badan, nyawa lajêng matuh pisah botên kêrèh ing badan, milanipun kêdah dipun lêlantih makatên, amargi yèn badanipun ing pangaran-aran botên kalêrês anglilir, nyawanipun kuwasa ucal salajêngipun anjajah alam alus ingkang botên kenging tiningalan.

Kauningana, nyawa punika manawi taksih manah sangêt dhatêng samukawis ingkang tiningalan, pinirêng lan rinaosakên kalihan pôncadriya, nama taksih dumunung wontên ing pakunjaran, botên sagêd anuwuhakên samukawis patrap ingkang suci. Nanging yèn ing sadintên-dintênipun dipun kulinakakên, pinisah saking badanipun, kalanipun wanci dalu yèn badan pinuju [pi...]

--- 18 ---

[...nuju] tilêm, nyawa sagêd amisah, inggih punika ingkang kawastanan angancik tataran dhatêng panunggil kalihan gêsang ingkang suci.

Mênggah paedahipun manusa marsudi yoga, punika botên namung adamêl uculing nyawa, supados sagêda angêcakakên samukawis ingkang luhur-luhur kemawon, ugi ngangkah salêbêting misah lan badan, nyawa wau mindhaka daya lan santosanipun, dene yèn botên pinarsudi makatên, badhe botên mitulungi dhatêng kawontênaning gêsang ing sadintên-dintên punika, makatên têtelanipun, lêlampahan ing donya punika asring damêl ngêrêsing manah, rêkaos lan sangsara. Manusa sami miris dhatêng bancana lan pakèwêd ingkang badhe andhatêngi, sanajan bêbaya sampun kêpêngkêr, manusa inggih taksih prihatos lan susah.

Samukawis ingkang nusahakên, kados upaminipun kacilakan lan pakèwêd, punika botên patos adamêl ngêrês saha mirising manah, yèn namung karaosakên kalanipun dhumawah kemawon. Nanging kathah-kathahing tiyang manawi katrênjuh ing sabab kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, inggih taksih ginagas-gagas sadèrèngipun lan sasampunipun dhumawah. [dhuma...]

--- 19 ---

[...wah.] Manawi kasusahan wau sampun dhumawah, limrahipun inggih lajêng anggrundêl tuwin anggrantês, sanajan sampun têtela ing sumêrêpipun manawi prakawis punika botên kenging dipun gêtuni utawi tanpa guna dipun kaduwungi. Sanajan angêrêsa manahipun sarta angadhuh lan angêsah dipun kadospunapa, inggih ugi tanpa paedah, amargi kasusahan sampun dhumawah. Yêktinipun ingkang anggêgêring utawi mêrês gêsanging manusa punika botên liya inggih namung gêtêr lan mirisipun piyambak. Yèn namung amanah danguning kasusahan punika kemawon botên damêl sangsara sangêt, sabab kasusahan makatên botên badhe tumanduk ing salami-laminipun, tiyang nèm ingkang badhe lami gêsangipun, manawi dèrèng anggayuh prakawis punika, prasasat sinêngkakakên enggal sêpuh, sabab pêpêrih lan ngêrêsing manahipun kados anggege pêjah. Manusa ingkang botên angangên-angên badhe kadadosaning pandamêlipun, botên pisan kataman ing susah, manusa sampun nyumêlangakên prakawis ingkang dèrèng dhumawah, manusa sami anyumêrêpana bilih lêlampahan utawi pandamêl ingkang dhumawah punika tumusanipun ingkang sampun-sampun, milanipun [mila...]

--- 20 ---

[...nipun] manawi sampun sagêd misah utawi botên amanah kadadosaning pandamêl wau, punika sampun nama botên mraduli, salajêngipun nuntên têntrêm lan marêm angên-angênipun, gêsangipun botên nandhang rêkaos, pêrihing manah sirna.

Bab punika sampeyan sadaya kados badhe takèn makatên: kadospundi rekanipun supados manusa punika sampun ngantos mraduli dhatêng sawarnining kasusahan. Têrangipun nyawa ingkang sampun kulina utawi lantih amisah, punika sampun botên kenging winutakakên punapa malih rinisak dening kasusahan ing donya ingkang sami angrubut ing kiwa-têngênipun, sabab nyawa ingkang makatên sampun waspaos dhumatêng asalipun, inggih punika uwit ingkang langgêng. Nyawa ingkang makatên ugi sampun têtela ing sumêrêpipun bilih anggènipun dumunung wontên ing donya punika pêrlu ngupados kawruh lan kabudayan, sasampuning sagêd, nyawa lajêng sagêd angindhakakên luhuring dayanipun, lan kamulyanipun. Mila sawarnining kasusahan ing ngalam donya prayogi dipun sumêrêpi wadosipun, dados botên dipun gêtuni dipun ajrihi lan dipun sumêlangakên. Sarèhning sampun têrang ing sumêrêpipun [sumêrêpipu...]

--- 21 ---

[...n] nyawa, yèn badhe botên sagêd oncat saking donya bilih dèrèng angsal kabangkitan, dados lajêng sangêt ing pamarsudinipun dhatêng kasagêdan wau, supados angsal kaindhakaning dayanipun, sabab kasagêdan lan indhake kalimpadanipun nyawa punika asalipun saking donya.

Manusa ingkang gêsang kalayan gêsanging nyawa, dados botên angangge gêsanging badan, mênggah panitinipun dhatêng samukawis ingkang katingal, kêdah mawi pêpathokan saking gêsangipun nyawa, makatên wau nyawa sagêd ucul saking bêbandanipun, mêsthi botên badhe lair malih ing donya. Ing ngajêng sampun kasêbut bilih manusa punika kaugêr kalihan donyaning kamelikanipun, dados yèn sampun sagêd amilah nyawa kalihan badanipun, katrêsnanipun dhatêng donya inggih lajêng sirna, wusana sagêd angluhurakên alamipun inggih punika alaming nyawa piyambak. Nanging sakathahing manusa ingkang watak rêmên dhatêng pèni-pènining donya, mêsthi botên badhe oncat saking ing donya punika, donya punika botên kenging kadunungan ing manusa ingkang ambêbingah awakipun piyambak, dening donya punika badhe kêbak manusa ingkang kasangsaran lan tuna ing kawaspadan. [ka...]

--- 22 ---

[...waspadan.] Manusa ingkang kapencut dhatêng pèni-pènining donya, botên sagêd angluhurakên gêsangipun, malah botên pisan mraduli dhatêng para sadhèrèkipun ingkang sami anandhang sangsara. Manusa sampun pisan angajêng-ajêng utawi ngangkah angsal samukawis ingkang namung tumrap ing badanipun, kêdah mitulungi dhatêng sadhengah ingkang dumunung ing donya punika. Manusa ingkang mitulungi makatên mênggah kautamèning pandamêlipun anglangkungi manusa ingkang anyarahakên kadadosaning pandamêlipun, sabab anyarahakên makatên wau namung sêdya adamêl uculing nyawanipun piyambak, sintên ingkang nêdya dados tiyang ingkang rêmên atêtulung, kêdah luhur lan suci pasinaonipun.

Bab Karma

Karma punika têmbung Sangsêkrita, têgêsipun pandamêl, mênggah têrangipun inggih sabab lan kadadosan oorzak en gevolg.

Karma wau kabage 2 golongan, karmaning bôngsa lan karmaning sawiji-wiji. Satunggil-tunggiling golongan kabage 3 perangan: sansita karma, prarabda karma lan kriyamana karma. [kar...]

--- 23 ---

[...ma.] Saminipun kawruh agami sansita karma punika gaib, prarabda karma pêpasthèn, kriyamana karma: ihtiyar.

Sansita karma punika têgêsipun lêlampahan ingkang dèrèng wêdhar, taksih kabuntêl.

Prarabda karma inggih punika lêlampahan ingkang sawêg tumindak.

Kriyamana karma punika pandamêl ingkang badhe dipun lampahi. Satunggil-tunggiling peranganipun karma punika wontên awon miwah sae.

Pêrlu sangêt sadhèrèk teyosup, amangêrtosakên gêsangipun lan kuwasanipun karma wau, sabab sadaya lêlampahan wau lan ing têmbenipun, punika saking pandamêlipun piyambak. Ananging yèn panampinipun agami, gaib lan pêpasthèn punika saking karsaning Allah, dene ihtiyar gadhahaning manusa, malah kasêbutakên Allah aparing idi dhatêng manusa, alampah ihtiyar.

Bab makatên wau taksih klintu pamanggihipun, yêktosipun makatên: ing têmbenipun lampah ihtiyar punika, yèn kathah sarta rosa môngka botên kawêdhar tumuntên, salêbêtipun [salêbêtipu...]

--- 24 ---

[...n] gêsang punika lajêng dados gaib tuwin pêpasthèn, salajêngipun Allah punika badhe pabên kalihan karsanipun piyambak.

Utawi malih cocogipun kalihan wontêning donya punika, sarèhning Allah kagungan pêpasthèn tumraping manusa, môngka kalilan alampah ihtiyar, dados badhe ewah saking karsanipun, pratôndha yèn karsanipun botên kêkah.

Yèn lampah ihtiyar punika mêsthi kawon dening pêpasthèn, lah punapa paedahipun anindakakên ihtiyar wau. Sayêktosipun Allah punika sampun botên pisan-pisan angrêmbag lêlampahaning manusa. Yèn botên makatên kenging kaupamèkakên dahwèn utawi nyahak pangwasa, dados botên lêrês karsanipun, ing môngka Allah punika sampun aparing pangwasa dhatêng manusa, sadaya miturut kakiyatanipun piyambak-piyambak, cocoganipun kados ing ngandhap punika:

Ing wêktu iki sira bisa gawe wiji kang bakal tuwuh ing têmbe, sajroning lêlakon akèh sabab kang digawe ing sabên jam, tumuli dirasakake besuk kadadeane, sabab pangadilan iku tansah ajêg tumindak ana ing jagad, kasêrêng dening santosaning panggawe, kang ora wurung anêmahi bêgja lan [la...]

--- 25 ---

[...n] cilaka, iya iku uwohing karma saka èngêtan lan patrap kang uwis-uwis, mulane ta: sira kêklumpuka sakèhing kautaman. E wong kang ambudi kasabaran, padha ayêma lan narimaa salêlakonmu, sabab iku karmamu dhewe kang anjalari lairmu, katêmahaning bungah lan susah saka uripmu kang uwis-uwis.

Mila tiyang ingkang nêdya sumêrêp dhatêng margining kasampurnan, sampun kuwatos utawi bingah tampi pêpasthèn saking Allah ingkang wontên ing langit, saupami wontên kaèngêtanipun tiyang ingkang botên rumaos kaêrèh Allah, malah andadra pandamêlipun awon, punika sampun wontên ingkang ngèngêtakên utawi matrapakên sapudhêndhaning kalêpatan, karaosna ungêling wêwarah makatên:

Kaananku iki saka kadadeaning sabab panggaweku, saka patrapku kang anganakake aku, saka patrapku kang anjalari janggêrênging wujud.

Sapa kang duwe patrap calathu ala, bakal nandhang sangsara kayadene rodhaning kareta kang nututi sikiling kuda.

Nanging sapa kang duwe patrap lan calathu bêcik, bakal angrasakake [angrasaka...]

--- 26 ---

[...ke] kamulyan, kayadene wêwayangan, kang ora pisah lan kawujudane.

Têtela lêrês-lêpat punika saking pandamêlipun piyambak.

OORZAK EN GEVOLG Karma

Têmbung: karma, punika asring kadamêl pocapan dening para teyosuph, ananging panganggenipun tuwin anggènipun maknani taksih kathah sulayanipun. Kula badhe ambudi sagêda amratelakakên ingkang cêtha, supados tiyang sagêda mangêrtos sayêktos dhatêng kawruh wau. Samukawis ingkang dèrèng têrang sumêrêpipun, badhe kula têrangakên ingkang rêsik.

Ing jaman kina, sapriki sampun maèwu-èwu taun, wontên satunggiling guru ruhur ingkang limpad ing kawruh, waskitha saliring kuwajiban agêsang, asmanipun: Bisma, manusa pinunjul ing jaman Mahabarata.

Panjênênganipun dipun suwuni sêsêrêpan, karsaa amêca ing salêrêsipun: pêpasthèn lan kêkajênganing manusa ingkang botên kêrèh (cara santri ihtiyar) punika rosa utawi santosa ingkang pundi.

--- 27 ---

Pitakèn makatên wau sampun kasorahakên mawi kapratelakakên sabab-sababipun, sarta kacêthakakên jatining têgêsipun, makatên dhawah wangsulanipun: sarèhning yakin yèn pêpasthèn iku dinadèkake dening kêkarêpaning manusa, dadi wus mêsthi kêkarêpaning manusa luwih santosa tinimbang pêpasthèn.

Wêca ingkang makatên, lugunipun sakalangkung têtela. Manawi kita sagêd mangêrtos dhatêng suraosipun, sampun mêsthi kita botên badhe tumpang suh ing panampi, kita botên badhe ngugêmi: karma botên kenging ingewahan, kita mêsthi gadhah sêdya angewahi karma kita, sampun pisan gadhah pandugi karma punika wêwatoning pêpasthèn ingkang botên kenging siningkirakên dhatêng manusa. Kathah kemawon para toyosup ingkang pamardinipun dèrèng patos lami dados taksih tuna ing panggayuh awicantên makatên: wus mêsthi aku ora bisa lan ora andungkap prakara iku, sabab aku ora kadunungan karma kang anjalari bisaku marang prakara iku. Dene manawi pikantuk panandhang utawi kasangsaran lajêng mupus ing takdir, sabab panandhang wau pangintênipun saking karma ingkang mêsthi nuwuhakên kasangsaran, [kasangsa...]

--- 28 ---

[...ran,] malah kathah manusa ingkang botên pisan gadhah grênjêt angewahi samukawis pratingkah ingkang klintu, wusana namung sumendhe sarta ngluluh, makatên wicantênipun: yèn pancèn wus sinababake dening karma, mêsthi ora kêna siningkiran. Lah sadaya pandugi ing nginggil wau klintu, punika amratandhani dèrèng sagêd anggayuh suraosing kawruh bab karma.

Sampun kula yêktosi, manawi tiyang ingkang sawêg sinau teyosupi, ambêkipun kadosdene sampun mangêrtos saèstu dhatêng suraosing karma, malah kawruh wau kinintên gampil, nanging manawi samukawis punika katiti ingkang lêrês inggih lajêng sumêrêp manawi kawruh bab karma punika botên gampil, saya lami dipun sinau, saya lêbêt lan ruwêd, manawi namung nyinau cariyos bab karma (Theorietisch) sawatawis pancèn wontên gampilipun, nanging ingkang langkung paedah punika êmpan papanipun, dados amatrapakên ing gêsang kita punika kêdah sarana angulinakakên, punapadene nêdya anyumêrêpi kadospundi dene kita sagêd angewahi ugêring karma. Lah ing ngriku tiyang badhe kaprêgok ing pakèwêd, mêsthi badhe mastani yèn botên gampil ginayuh.

--- 29 ---

Môngka tiyang ingkang sampun andungkap, kuwagang angewahi pêpasthèning satunggil-tunggilipun tiyang, punapa malih karmaning bôngsa (karma ingkang tumrap ing tiyang kathah) makatên wau sarana winêcakakên sabab-sabab tuwin katêranganipun, malah sagêd ugi nêrangakên kalayan têtela karma ingkang tumrap ing tiyang kathah sarta dayaning karma wau, manawi tumrap ing gêsanging satunggil-tunggiling tiyang. Ing ngriki kula badhe mratelakakên punapa têgêsipun karma, lan kadadosan saking punapa, punapa ingkang sinêbut gêsang ing donya punika, kadospundi dene sabên-sabên wontên pandamêl ingkang kadadosan kalayan dumadakan. Lan malih punapa inggih sagêd mathuk lan turut, upami karma punika karujukakên kalayan pikajênganing manusa ingkang botên kêrèh. Punapadene kalihan badhe mratelakakên ingkang cêtha, dene karsanipun ingkang Amurba Wisesa marentah saisining rad raya têka karsa angrojongi utawi nuruti pikajênganing manusa, makatên punika punapa ingkang minôngka sarananipun, tuwin manusa sagêdipun angrukunakên pikajênganipun kalayan karsaning Allah ingkang angrêgêm tuwin anguwasani saisining bawana wau ugi badhe kula gancarakên. [gancara...]

--- 30 ---

[...kên.]

Ing pitêdahing agami warni-warni ingkang minôngka lajêr utawi jêjêring piwulang: pêpasthèn satunggil-tunggiling manusa. Têtiyang ingkang manut agami Islam, pitados manawi manusa punika botên gadhah pikajêngan ingkang botên kêrèh, sadaya pandamêl tuwuh saking karsanipun Ingkang Maha Kuwasa, inggih punika saking pêpasthèning Allah. Makatên ugi ing agami Kristên, malah wontên satunggiling pamulangan agêng ing Kalphin, ingkang kawulangakên ing ngriku mratelakakên bilih karsaning Hyang Murba Wasesa amijang-mijang pêpasthène satunggil-tunggilipun manusa. Bôngsa Kalphin pitados sangêt yèn pêpasthèning satunggil-tunggilipun manusa punika ing sadèrèngipun sampun kaatur, makatên punika miturut wêwatoning wuruk, ingkang mawi katêrangakên sabab-sababipun.

Dene kawruh teyosopi punika, kuwawa anêrangakên lan adamêl sulanging samubarang ingkang ruwêd, ingkang tansah ewah gingsir, lah makatên wêwatonipun: manawi wontên saprakawis ingkang sabên-sabên tansah ewah gingsir (botên gumathok) punapa malih manawi sabên-sabên mawi lair malih [ma...]

--- 31 ---

[...lih] ing donya, punika Th. lajêng purun amêsthèkakên bilih ing prakawis punika botên kenging botên têmtu wontên satunggiling wiji ingkang têtêp wontênipun, ajêg salaminipun, dados mêsthi prakawis wau kadunungan wiji ingkang murni. Mila lajêng sagêd amasthèkakên yèn ing salêbêting piwulangipun bôngsa Kalphin saha agami Islam ing nginggil wau mêsthi wontên satunggiling prakawis ingkang asli: langgêng, ajêg botên ewah gingsir, inggih punika pikajênganipun manusa ingkang botên kêrèh, ingkang jujur lan lêrês, ingkang nuwuhakên asil lan paedah sarana têmên. Nanging kita kêdah niti ingkang lêrês, pikajêngan kita ingkang botên kêrèh punika wontên watêsipun, botên ombèr lan botên angômbra-ômbra. Watêsing pikajêngan kenging karingkês sarana kawruh, cêkakipun pikajêngan ingkang botên kêrèh punika gadhah daya ingkang tansah mindhak-mindhak.

Hakikinipun manusa ingkang botên waskitha, têrangipun nyawa ingkang botên limpad, punika botên pisan kadunungan pikajêngan ingkang botên kêrèh. Nanging satunggiling manungsa saya wêwah kagunanipun saya agêng pikajênganipun ingkang botên têtêp [têtê...]

--- 32 ---

[...p] wau.

Tiga pêperanganing karma punika peranganing satunggilipun pandamêl, inggih punika kamelikan, pangangên-angên tuwin wêdal utawi wêdharipun, perangan kalih ingkang wiwitan punika dumunung ing kêkêran, têgêsipun botên kenging sinatmata (gaib) dene perangan ingkang kaping tiga punika kenging tiningalan, ing ngriki perangan têtiga wau botên kula cariyosakên panjang, awit para ingkang marsudi Th mêsthi sampun sumêrêp, ing ngandhap punika kalihan mratelakakên bab karma.

Karma kita sapunika kadadosan saking sadaya pangangên-angên, sadaya kamelikan tuwin sadaya pandamêl kita ingkang sampun, lah punika sayogi dipun sumêrêpana. Karma ingkang makatên punika dede prakawis ingkang sampun rampung (rumantos) lan dede prakawis ingkang sakalangkung kuwasa, kadosdene panduginipun manusa ingkang kathah-kathah. Sarta sampun angintên bilih karma ingkang makatên punika badhe kabêkta ing benjing yèn kula wiwit gêsang malih ing donya punika. Yakinipun kêkêmpalaning tigang bab wau taksih sagêd ewah-ewah

--- 33 ---

kawontênanipun, malah botên kathah pratingkahing gêsang kita ingkang sampun dados karma ingkang wêtah, dados kadosdene taksih rêrancangan.

Makatên ugi gêsanging manusa wontên pandamêl utawi prakawis ingkang mêsthi badhe kalampahan, mêsthi anêmahi, botên pisan kenging siningkiran dening manusa, samôngsa salêbêting gêsangipun mêsthi kadadosan, malah wanci kadadosaning pandamêl ingkang makatên kenging winêca ing sadèrèngipun, dening manusa ingkang sidik ing paningal, inggih punika pandamêl ingkang botên kenging tinulak, nanging botên sadaya makatên wontênipun, kathah kemawon prakawis ing salêbêting gêsang ingkang dèrèng dumados, dados taksih rêrancangan (cêcalonan) têgêsipun prakawis ingkang dèrèng dumados wau sagêdipun kawêdhar dados pêpasthèn manawi winêwahan utawi pikantuk jalaran sanès ingkang minôngka jangkêpipun, dados prakawis ingkang makatên taksih kenging dipun ewahi sarana nuwuhakên cipta utawi pangangên-angên enggal.

Ugêring pêpasthèn ingkang mêsthi kadadosan punika makatên [makatê...]

--- 34 ---

[...n] peranganing pandamêl tiga: kamelikan, pangangên-angên, tuwin wêdharing pandamêl punika manawi ingkang kalih sagêd rampung lan cêkap ing salêbêting gêsang punika, mêsthi pandamêl wau sagêd kadadosan.

Ing salêbêting gêsang kita sapunika tuwin ingkang sampun, manawi wontên satunggiling prakawis ingkang sampun kita meliki sarta sampun ginagas-gagas kalayan pangangên-angên, saengga pangangên-angên lan kamelikan wau sagêd jangkêp, punika manawi botên wontên jalaranipun, mêsthi botên sagêd kadadosan. Rêrancanganing pêpasthèn ingkang makatên kenging kaupamèkakên toya mili ingkang kabêndung, ilining toya mampêt, amargi kaprêgok ing bêbêndungan, ananging samôngsa pamalangan wau dinêdêl dening satunggiling daya, sampun mêsthi toyanipun botên kenging cinadhangan, ambrol wutah sadaya, inggih punika rêntahing pêpasthèn.

Ing salêbêting gêsangipun manusa, lampahing pikajêngan tuwin pangangên-angên wontên ingkang botên dhumawah dening cinêgah satunggiling prakawis ingkang minôngka jalaraning rêntahipun, dados samôngsa sagêd sambung kalayan jalaran wau, sayêktos [sayêkto...]

--- 35 ---

[...s] botên sande anêmahi dados pandamêl, lah punika ingkang dipun wastani pêpasthèn ingkang botên kenging dipun selaki dhatêng manusa.

Ing salêbêting gêsang waktu punika, sanajan botên kagagas-gagas rumiyin, ewadene wontên ugi manusa ingkang tinandukakên ing lêlampahan kalayan dumadakan, rêntahing pandamêl punika kabêkta saking ing gêsangipun rumiyin-rumiyin. Kala gêsangipun rumiyin-rumiyin manusa wau sampun anuwuhakên pangangên-angên ingkang sagêd dados jalaraning anglampahi pandamêl wau, pandamêl utawi lêlampahan ingkang makatên ugi botên kenging siningkiran dening manusa. Dados nama pêpasthèn ingkang botên kenging dipun ewahi, pêpasthèn makatên punika wontên têtêngêranipun, manawi tumanduk utawi rêntahing pandamêl wau botên sarana kamanah rumiyin utawi sadèrèngipun, dados ingkang kadadosan kalayan dumadakan. Nanging manawi sadèrèngipun nandukakên pandamêl manusa taksih kuwawa amikir, sanadyan sakêdhèping netra, manusa taksih sagêd angewahi karma.

Ringkêsipun satunggiling pandamêl kawastanan botên kenging tinulak, [tinu...]

--- 36 ---

[...lak,] utawi siningkiran, manawi lampahing pikajêngan saha pangangên-angên namung angêntosi sumambungipun kalayan jalaran, ingkang minôngka dumadosipun utawi rêntahing pandamêl wau.

Manawi suraosing pitêdah ing nginggil punika dipun satitèkakên ing salêrêsipun, inggih lajêng têtela, ing salêbêting gêsang samôngsa manusa punika tinandukan satunggiling pandamêl ingkang sulaya kalayan wêwatakaning manusa wau. Dene santun utawi ewahing watak wau, sampun têrang wiwit piyambakipun nuwuhakên pangangên-angên tuwin kamelikan enggal, ingkang dados jalaraning pandamêl wau. Nanging yèn pandamêl dèrèng sumambung kalayan jalaran, solah-bawaning gêsangipun dèrèng wontên ingkang sagêd anuwuhakên jalaran, ing wusana sarêng jalaran dumados, piyambakipun lajêng tinandukan pandamêl ingkang babarpisan botên maedahi dhatêng piyambakipun.

Samôngsa tiyang wicantên makatên: sadurunge aku nglakoni panggawe iku, aku ora duwe kira lan ora duwe cipta, saiki têka mangkene dadine, dadi ora sarana tak têmaha: ananging bab punika botên kenging dipun ukiri.

--- 37 ---

Têpanipun makatên: sapunika kula gadhah sambutan, manawi yakinipun dèrèng kula saur, punapa sampun lunas. Sampun mêsthi kemawon kula taksih nama nyambut, makatên mataun-taun laminipun ngantos sambutan wau kula saur. Bab karma trapipun ugi makatên. Sadaya kamelikan lan pangangên-angên kita sapunika, mêsthi dados satunggiling pandamêl, dados kula piyambak ingkang anuwuhakên jalaraning pandamêl kêkalih wau, punika kula upamèkakên sambutan ingkang dèrèng dipun saur sanalika, sapunika sarêng wontên jalaranipun ingkang tuwuh sambutan mêsthi kula lunasi. Wontên satunggiling manusa ingkang samôngsa nandukakên satunggiling pandamêlan ingkang nyêbal saking wêwatêkanipun sapunika, punika makatên têtelaning sababipun: nalika gêsang ingkang rumiyin dèrèng mrangguli jalaran ingkang andadosakên pandamêl, lah sarêng ing gêsang sapunika wontên sabab ingkang anjalari, ilining pikajêngan tuwin pangangên-angên wau lajêng sagêd dados pandamêl, makatên ugi prakawis kados ing nginggil punika botên kathah, sampun winêca rêrancanganing pandamêl ingkang makatên prasasat botên wontên.

--- 38 ---

Karma punika botên ngamungakên kadadosan saking pikajêngan tuwin pangangên-angên dhatêng barang sawarni, kados ta: sae lan awon, hakikinipun woworan, cêthanipun kamelikan lan pangangên-angên kita ingkang sampun punika môncawarni.

Kathah tiyang ingkang taksih kalintu sêrêp, pangintênipun karma punika pêpêthaning kasangsaran, malah ing tanah Indi kula mirêng tiyang rêraosan: samubarang ingkang badhe tumanduk dhatêng awakipun mêsthi botên kenging siningkiran, dados upami wontên tiyang nandhang sakit, botên badhe nêmahi pêjah, manawi dèrèng pinasthèkakên pêjah.

Panggayuh ingkang makatên kalintu, dèrèng andungkap dhatêng sajatining têgês karma. Kathah kemawon patran-patrappatrap-patrap. ingkang anjalari panjanging umuripun manusa, utawi ingkang dados sabab cêlaking umur.

Sampun mêsthi kemawon manusa botên sagêd anyingkiri satunggiling pandamêl utawi pêpasthèn ingkang awit binêkta saking sadaya lêlampahanipun ingkang sampun, yèn namung sarana rekadaya ingkang kapatrapakên ing sapandurat, nanging kita kêdah niti utawi mangrêtos lêrês-lêrês: karma punika gadhah

--- 39 ---

perangan kalih warni, ingkang saprakawis nuwuhakên jalaraning gêsang, satunggilipun nuwuhakên sababing pêjah. Makatên wau manawi wontên pratingkah sakêdhik kemawon ingkang kapatrapakên, sagêd dados jalaraning ewah tuwin gingsiring gêsang lan pêjahing manusa.

Upami karma kinontha traju, karma ingkang awon puniapunika. sumèlèh ing sasisihing traju ingkang langkung awrat timbangipun saking ingkang sasisih, wujuding traju anjomplang dhatêng karma ingkang awon wau. Manawi nonton kadosdene botên kenging upami kadamêla sabobot kalihan sisihipun, nanging sarèhning karmanipun manusa ingkang sae dumunung ugi ing traju ingkang sasisihipun, lan ngriku sampun kadunungan bobot ingkang sae, lah kita lajêng andungkap, manawi wadhahing karma ingkang sae winêwahan timbangipun kasaenan, mêsthi kemawon adêging traju sagêd timbang, botên anjomplang ngiwa utawi nêngên, malah manawi boboting kasaenan dipun langkungi utawi dipun kaduki, saya dangu traju wau sagêd wangsul panjomplangipun.

Coba ing gêsang kita sapunika kaupamèkna badhe kadhatêngan [kadhatêng...]

--- 40 ---

[...an] bêbaya ingkang agêng. Miturut kawruh bab karma, bêbaya ingkang makatên wau tuwuhipun saking gêsang kita, ingkang rumiyin-rumiyin, kita mêsthi lajêng nyipta, botên pisan yèn bêbaya wau kenginga dinuwa, sabab botên sumêrêp dumadosipun, lan botên rumaos adamêl jalaraning bêbaya wau, saking gêtêr tuwin wasing manah badhe kadhawahan bêbaya kita lajêng amupus, cape têmah angalumpruk margi nyipta botên sagêd anulak bêbaya wau. Cipta ingkang makatên kalintu. Dipun sumêrêpana: bêbaya ingkang badhe dhumawah makatên wau kadadosan saking sabab ingkang warni-warni, ing woworan ngriku wontên prakawis ingkang sae ugi, manawi makatên kita kêdah amrêsudi mêwahi kasaenan, inggih punika pangangên-angên ingkang sae, punika sagêd amêwahi kasaenan ingkang sampun, patrap makatên punika amêsthi sagêd adamêl prayogi, kuwawa ngoncatakên bêbaya ingkang badhe dhatêng.

Dipun tupiksaa ingkang lêrês, manawi ing salêbêting karma wontên daya kalih warni. Ingkang satunggil pakêmpalaning daya sae, punika tinuwuhakên nalika gêsang kita ingkang rumiyin, dene satunggilipun gunggunging daya awon, ugi kadadosan [kadadosa...]

--- 41 ---

[...n] nalika gêsang kita ingkang rumiyin, dene daya sae punika anjalari kawilujêngan, daya awon dados sababing sêsandhungan lan kacintrakan, mênggah sadaya solahbawa kita ing sapunika, kenging winêwahakên ing daya kita ingkang rumiyin, inggih punika ingkang sampun dumunung ing karma. Dados manawi makatên, bilih manusa purun matrapakên budidayanipun mêsthi sagêd angewahi pêpasthènipun.

Asring kemawon tiyang wicantên: pêpasthèning awakku kang tuwuhe saka uripku kang uwis, iku aku ora bisa nangguh lan anduga, lan ora mangêrti dadine. Sabab aku ora bisa kèlingan marang uripku kang dhisik-dhisik.

Bab punika sampun kajarwakakên kalayan pitulunganipun para winasis, inggih punika para sagêd lan ingkang sampun sidik ing paningal, makatên pitêdahipun: upami benjing kalih taun malih kita badhe kadhatêngan bêbaya agêng, ingkang kenging rinêngkuh kadosdene satru ingkang dhatêng nêdya angrabasa, sadèrèngipun kita pinanggih utami siyaga rumiyin, têgêsipun, mêngsah kita wau pinêthuka, pangangên-angên ingkang sae, sagêda nanggulang mêngsah wau. Nalikanipun mêngsah wau [wa...]

--- 42 ---

[...u] taksih wontên ing margi, sêdyanipun ingkang awon ingkang badhe katandukakên dhatêng kita, mêsthi badhe katut margi tinuju dening pangangên-angên kita ingkang sae. Sasirnaning mêngsah kita ingkang taksih wontên ing margi wau karya rahayuning raga kita. Mila sanajan kita botên sagêd nyumêrêpi dhatêng gêsang kita ingkang sampun, inggih anyiptaa yèn gadhah mêngsah utawi satru ingkang tinuwuhakên saking gêsang kita ingkang rumiyin-rumiyin, makatên kita mêsthi taksih siyaga sarana nglêgutakakên kintun pangangên-angên ingkang sae, dhatêng satru ingkang taksih kula rêngkuh wontên ing margi wau. Paedahipun kula sagêd anyingkiri satru ingkang ambêkta piawon wau, dene pratingkah anandukakên pangangên-angên ingkang sae wau makatên: pangangên-angên tinujokna dhatêng sawênèhing tiyang, lah makatên kita sagêd anyirnakakên mêngsah ingkang nuwuhakên bêbaya.

Dados sapunika têtela sangêt, anyêbar pangangên-angên sae dhatêng bôngsa kita manusa punika paedah, mila tiyang agami Budha ingkang anggêgulang mêlêng anakyinakên dhatêng hakekating kawruh mediteeren sadaya sami anglêgutakakên kintun pangangên-angên dhatêng sok tiyanga, sanajan tiyang wau dèrèng karuh [ka...]

--- 43 ---

[...ruh] utawi têpang, sayêktosipun pangangên-angên sae punika sagêd angumbara molah dumunung ing alaming manusa ingkang alus tigang warni, kados ta:

Ing salêbêting alam têtiga wau kita sagêd matrapakên sawarnining pandamêl, kita kêdah angucapa sok tiyanga sami rahayua tuwin kadunungan karaharjan.

Miturut pitêdahing para winasis hakikinipun makatên, anyêbar pangangên-angên sae ingkang lumintu punika paedahipun makatên: para manusa ingkang kadunungan watak drêngki, ingkang sêdyanipun adamêl piawon dhatêng ing sasami-sami, drêngkinipun wau sagêd sirna dening dayaning pangangên-angên ingkang sae. Lah makatên mêngsah sagêd dados mitra.

Dados têranging sêsêrêpan kita, yakin kita sagêd angewahi karma ingkang badhe dhatêng, pangangên-angên sae tinujokna dhatêng sok tiyanga, botên namung dhatêng tiyang ingkang dipun têpangi kemawon.

Bab lampah rêkaos punika manawi dipun turuti ing têmbe badhe sumêrêp ing têmêning paedahipun.

--- 44 ---

Kapriye rekane manusa murih kadunungan ing kasidikan.

Kasidikan iku dudu ganjaran utawa dudu barang pawèwèhing liyan, mungguh têrange: dayaning pangangên-angên, dadi kabudayaning manusa dhewe, kang wus kawawa ngundhakake kaluwihane, marga wus bisa nindakake rekadaya kang anuwuhake kasidikane.

Manawa kowe nêdya kadunungan utawa nyumurupi sawijining kawruh, mêsthi kudu bisa nyumurupi pikir kang koanggo anggayuh kawruh mau. Mungguh sêsipatane manusa iku beda-beda, ana kang gêlis ana kang lawas panggayuhe marang kawruh mau, mangkono iku ora gumantung saka drajad utawa kaananing manusa, apa manèh kabêgjane. Dene kang anjalari mung saprakara, yaiku: manawa wis têkan ing môngsa undhaking kalimpadane (graad van ontwikkeling darma), mulane sawênèhing manusa pikirane têrkadhang angluwihi liyane, panyakupe marang kawruh kang winurukake luwih rikat tinimbang wong seje. Manusa kadunungan lantiping ati mangkono iku mungguh jasad-jasading utêkke kang diarani sèl, yaiku [ya...]

--- 45 ---

[...iku] kang tansah molah kayadene nyambut gawe ana ing utêk, luwih akèh lan luwih luhur tinimbang karo kang kadarbe manusa kang ora lantip. Manusa kang mangkono mungguh panggayuhe marang sawarnaning kawruh mêsthi luwih rikat tinimbang karo liyane kang durung tumêka ing darmane. Dene prakara iku tumrape marang daya pangangên-angêne manusa kang wus sidik pandêlênge iya mangkono uga. Manusa kang wus sidik pandêlênge kuwawa nyumurupi alam kang alus-alus (gaib) kalawan pôncadriyane kang alus-alus. Mungguh pôncadriya gaib kang dumunung utawa kadarbe dening para manusa iku ana kang wus sampurna kabangkitane, nanging ora dianggo, dadi pirantining pôncadriya mau mung tansah diênêrake marang donya iki bae, yaiku marang wêwadhagan, malah manusa kang mangkono durung pracaya bab anane alam gaib, kang diandhêmi utawa dipracaya yakin anane mung samubarang kang kêna sinatmata bae, mulane pôncadriyane kang alus prasasat linimputan sarta ilang dayane. Dene yèn nêdya anganggo pikirane kang wus mangkono, ya iku dianggo nyidikake alam kang gaib, manusa kudu nênuman utawa ngulinakake. [nguli...]

--- 46 ---

[...nakake.] Bisane tumêka ing gêgayuhane gumantung marang: karêpe lan ênggone ambêntur ing sabanjure kalawan nganggo daya pangangên-angêne.

Wondene pratingkah kang dianggo nyidikake alam kang gaib-gaib iku warna-warna, nanging kawruhana kabèh mau ambêbayani, mung ana pratingkah sawatara kang bisa anyingkiri bêbaya.

Para manusa ênggone bisa andarbèni kasidikaning pandêlêng, ana kang padha nganggo sarana anggawe budhêging pangrungu, kaya ta: candu lan sapanunggalane, angunjal napas utawa ambêkan kayadene kang winulangake ing alkayoga, hipnotisme, patrape para dêrwis, lan liya-liyane manèh kang wus sumarambah ing tanah wetan lan ing pulo Jawa (dhikir hu enz).

Yakine: pratingkah bab nandukake panggawe iki winalêran, aja wis matrapake isarat kang anggêlisake panggayuhe. Mangkono mau bakal agawe kagèt lan sangsara sarta rêkasaning sarape, sabab bisa anjalari tuwuhing lêlara kang ora kêna ginawe waluya. Malah kêrêp gawe patining manusa. Sabab akèh gêtih kang padha munjuk lumêbu marang

--- 47 ---

utêk, apa manèh tumrape manusa kang gêtapan lan gugupan, sangsaya ora bêcik, sabab rêkasa bangêt, cêkake isarat mangkono ora kêna yèn linakonan ing manusa kang durung manuh nyêgah pêpenginane.

Mung saprakara pratingkah kang wus dak caritakake ing dhuwur kang luwih utama, yaiku: amusthi pangangên-angên, lan amuntu cipta êning, bisane nandukake panggawe mangkono kalawan paedah, kudu bisa angêrèh pikiran utawa pangangên-angêne, supaya tansah kadunungana ing rumôngsa utawa eling marang sawarnaning panggawene. Dene bisane mangkono, manusa kudu kadunungan karêp, ya iku karêp kang tansah mindêng, ora pêdhot-pêdhot, sabab karêp iku uwiting daya kang anjalari bisa olèh pangarahe. Samubarang ing donya iki sarta ing alam liyane ora ana kang kêna kadarbe dening manusa, manawa ora kalawan karêp.

Dadi amusthi pangangên-angên lan amusthi cipta iku: amolahake sèl-sèl kang dumunung ing utêk kang nuju ora nyambut gawe, supaya kuwawaa tômpa kêkêdhêr kang alus-alus kang têkane utawa asale saka ing badan wadhag, nalika iku banjur [ba...]

--- 48 ---

[...njur]

kayadene ana wot utawa karêtêg kang dumunung utawa sumambung ing saantaraning badan wadhag lan alam kang alus-alus, lah iku kang angundhakake rumangsane manusa saka badan wadhag marang alam kang gaib, sarta saka kang gaib marang wadhag. Saiki têtela sumurupmu, bab prakara iku ing panyana iya gampang, kayadene ora ana rêkasane, dene kêna winêcakake kalawan têtêmbungan sawatara. Ewasamono ora akèh manusa kang bisa anggayuh marang kabudayan mau.

Dèn padha wêruhana: manusa kang nêdya ngarah gêgayuhan kang suci mau, manawa kêkandhutaning ati, paedahing panggawe nêdya kanêrake marang samubarang prakara kang ora bêcik apa manèh ora suci kaya ta: melik sinêbut amunjuli ing liyan marga kumingsune eerzuchtig dadi suthik kasoran, apa manèh karêkating ati nêdya ginawe sarananing ngupaya kasugihan, lan pèni-pèni donya, sarta nêdya mamèrake kapintêrane marang bangsane, krêntêging ati mung melik marang samubarang kang sapele, manusa kang mangkono prasasat wuta pandêlêngane, binasakake ancik-ancik sapinggiring juranging bêbaya kang gêdhe: mingsêd sêthithik bae mêsthi kacêmplung ing juranging bêbaya

--- 49 ---

mau: apa manèh satêmêne wus yakin, manusa kang duwe pambêkan mangkono ora bisa olèh marga liyane kang ora rinakêtan dening bêbaya.

Sarta manèh wus têtela manusa kadunungan watak asor mau mêsthi ora bisa tumêka ing gêgayuhane kang luhur, margane wus cinêtha. Watak angkara murka bakal anggèndèng marang bêbaya.

Marmane padha asinaua, anitia kang rêsik, lan cêtha marang samubarang panggawe kang ana ing donya kang kasatmata iki, saya lawas saya akèh undhaking kalimpadanamu, sabanjure nuli nyumurupi lan bakal têtela ing sumurupmu marang sawarnaning panggawe pêpalanganing lakumu.

Sawênèhing manusa ênggone nyidikake pandêlênge ora kalawan ambudi bisa gêlis utawa rikat, mung tansah amêndêng ing pamarsudining lêlakone bisaa nurut marang ugêr wêwatoning kodrad, sabab ing têmbe bakal têrang ing sêsurupane. Manusa mau wus padha wêruh: manawa samubarang prakara ing donya iki kabèh padha bakal têkan ing môngsa undhaking kalimpadane. (graad van ontwikkel).

--- 50 ---

Lah iku kang sinêbut manusa kang anurut dalan, kêna diarani lumaku kalawan anurut wajibing manusa kang kaprah.

Margi ingkang anuntun dhatêng: katêntrêman langgêng.

Pangandikanipun Buda: sira padha têka ing panggonan ingsun, ingsun kang duduhake marang sira wêwulang kang ngoncatake sawarnaning kasusahan utawa kasangsayaning urip.

Mênggahing agami Buda, nyawaning manusa punika langgêng, botên pêjah lan botên sirna. Dene nyawaning bêbayi ingkang mêntas lair, punika dede nyawa enggal. Sampun mêsthi pinangkanipun saking pangolah, ngalih ingkang langgêng, utawi ingkang tansah lumintu, dados gêsang kita (manusa) punika, kenging kaupamèkakên têtingalan ingkang kagêlarakên ing sawatawis môngsa kemawon, sajatining manusanipun punika, kakêmpalaning pikajêngan sae lan awon, inggih punika ingkang kawastanan nyawaning manusa, ingkang botên sagêd pêjah, nanging tansah langgêng wontênipun, raga kita wadhag prasasat kunjaraning nyawa, ingkang ambalênggu nyawa wau ing sawatawis môngsa. Awon saening sipatipun nyawa, punika gumantung saking lêlampahaning [lêla...]

--- 51 ---

[...mpahaning] nyawa wau ing nalika gêsangipun ingkang rumiyin-rumiyin.

Manusa ingkang kadunungan kalimpadan tuwin kabodhoan, kadunungan ngadil saha drêngki, kadunungan karosan utawi ringkihing badan, punika tuwuhipun botên sanalika, wiwit kalairakên, sabab kawujudaning manusa ing gêsangipun sapunika, tumusan utawi turutanipun ugêr ingkang langgêng. Ugêr wau makatên: manusa badhe angundhuh wohing sêsêbaranipun, mila manawi wontên manusa ingkang tansah alampah drêngki, punika gêsangipun ingkang rumiyin pancèn kulina nglêgutakakên dhatêng patrap awon, dene manawi wontên manusa kadunungan budi jêjêg, pambêk sae sarta wêlasan, punika ing gêsangipun ingkang rumiyin-rumiyin tansah marsudi ngulinakakên dhatêng samukawis kasaenan, sarèhning pambêkanipun manusa dhatêng sae, sipating nyawa ugi kulina sae. Wujud dumadosing manusa punika sabab saking pandamêlipun piyambak, dados manusa ingkang wêwijanganing badanipun kirang jangkêp, tuwin ingkang wujudipun sampurna, punika inggih awakipun piyambak ingkang adamêl, pramila tanpa damêl anutuh utawi suka [su...]

--- 52 ---

[...ka] panarimah dhatêng sanès, kajawi dhatêng badanipun piyambak. Ajak liru tômpa, Rm lah sapa.

Sarèhning kita kawêngku ing ugêr ingkang adil, ingkang botên sagêd ewah, mila yakin yèn ingkang anitahakên badan kita inggih kita piyambak, ugi kita piyambak ingkang anuwuhakên sawarnining pêpasthèn ingkang dhumawah ing raga kita.

Sabên manusa mêsthi sagêd anêmtokakên, kadospundi badhe kadadosaning badanipun, makatên punika namung gumantung dhatêng pikiran utawi pangangên-angênipun ing sapunika. Manusa kuwasa andamêl badan miturut sapikajênganipun piyambak, mila utami sangêt bilih manusa ambudidaya sagêdipun kadunungan kalimpadan tuwin kawaskithan, lah manawi dede badanipun piyambak, sintên malih ta ingkang andamêl makatên.

Pikajênganipun sadaya manusa, mêsthi angênêr dhatêng kasaenan, dene manusa ingkang kadunungan ing piawon, dening pakartinipun piyambak, mila manawi gêsangipun ing sapunika dèrèng sae, kabudidaya murih ing gêsangipun malih sagêda mindhak sae, makatên salajêngipun.

Sampurnaning manusa botên amargi tumitah sakala kemawon, [kema...]

--- 53 ---

[...won,] indhaking kasaenan sami ugi kadosdene indhake wujud sanèsipun, saya lami saya tuwuh mindhak sae. Bêbasanipun: punapa wontên wit jati kang katanêm sawêg sadalu sampun dados agêng. Makatên ugi manusa ingkang kadunungan ing watak bèrbudi, adil lan ambêk wêlasan, punika inggih botên kadadosan salêbêtipun sadintên kemawon.

Dumadosipun manusa ing sapunika gumantung saking kakêmpalaning bêbudèn, pangangên-angên tuwin lêlampahan ing gêsangipun ingkang sampun, makatên ugi kadadosanipuin ing têmbe mêsthi gumantung utawi miturut saking lêlampahan ing gêsangipun sapunika, sarta sadaya ciptanipun ugi badhe wontên tumusanipun, punika botên ngêmungakên wontênipun ing donya kemawon, sanajan ing alaming nyawa (In het astraal gehied) ugi makatên.

Mila manawi sapunika kita ngulinakakên darbe manah awon, punika nyawa kita lajêng kulina kadunungan watak makatên, dene manawi tansah alampah sae, punika sawarnining watak sae saking liyan, sagêd kagèndèng dhatêng kasaenan [kasa...]

--- 54 ---

[...enan] kita, makatên wau mêsthi lajêng mêwahi sucining nyawa kita, kabêcikan iku, yèn diêdum malah mundhak akèh, urip kita lan uriping Allah gêgandhengan, ngibarate ilen-ilenan, yèn banyu kabêcikaku tak ilèkake marang liyan, aku uga kaêjogan saka Allah, yèn dibêndung ora bisa isi akèh.

Wujuding manusa punika miturut sajak utawi bêbudènipun rumiyin, wondene wujuding manusa ingkang badhe dumados, mêsthi miturut bêbudèn lan lêlampahanipun piyambak ing sapunika.

Manawi kita anggêgêt ungêl-ungêlan ingkang makatên, têka inggih gampil mangrêtosipun dhatêng bab gêsangipun manusa, wêwulanging agami Buda ingkang makatên wau, mênggah kita lajêng gampil mangrêtos tuwin nuntên dumunung, dados agami Buda, dede agami ingkang angronce wêwulangipun.

Ing ngandhap punika candhakipun prakawis ing nginggil wau, ugi gampil, agami Buda mastani: ingkang nitahakên manusa punika awakipun piyambak. Dados sabên manusa sagêd adamêl badan miturut sasêdya utawi sapikajêngipun piyambak,

--- 55 ---

sadaya pikajênganing manusa mêsthi sagêd kalêksanan, sadaya manusa mêsthi kapengin dhatêng kabêgjan, sarèhning manusa punika sagêd amujudakên punapa sasêdyanipun tuwin punapa ingkang dipun pengini, dados manawi badhe pikantuk kabêgjan, budi lan pangangên-angênipun piyambak kêdah kadamêl bêgja utawi sae, lah punika sarananipun.

Prayoginipun kita angyêktosi kalayan titi punapa ta ingkang kawastanan kabêgjan punika, lah punapa ingkang kawastanan kasusahan utawi kasangsaran, sagêda kita sumingkir saking sawarnining kasusahan wau.

Mênggah miturut wêwulanging agami ingkang kathah-kathah, donya punika awon, mila piawon wau dados jalaraning agami warni-warni kaadêgakên.

Agami Islam amratelakakên, bilih donya punika upami ara-ara agêng isi samukawis ingkang akarya kabingahan lan kanikmatan, mila paedah sangêt para manusa gêsang sae, sagêda ngudhuh kasaenan isinipun ing donya punika. Nanging mênggah pamanahing agami sanès-sanèsipun botên makatên, agami sanèsipun amastani donya

--- 56 ---

punika isining piawodpiawon. drêngki lan kasangsaran, sêdyanipun sakathahing manusa badhe suminggah saking piawon ing donya wau. Dados agami-agami wau ing mulabukanipun sami amastani bilih donya punika namung isi piawon, mila lêrês donya punika ing sapriki namung kêdah isi piawon, kados ta: pêpêrangan, pêpanasan, sêsingidan tuwin doracara. Lah sarèhning donya punika kataman piawon makatên, isinipun ing donya, inggih punika para manusa, mêsthi kemawon kapanduk ing piawon lan kasangsaran.

Saking pangintên kula dèrèng wontên wêwulang bab kawruhing sabab lan pêpathokan thiori ingkang kapigunakakên kangge anggênahakên bilih donya punika lêrês awon, ewadene sadaya manusa sami amastani bilih sakathahing manusa punika sami kataman ing piawon sadaya, malah saking sumêrêp kula sadaya agami amastani makatên. Inggih awit dening panganggêp makatên wau, têmahan dados jalaraning agami warni-warni kawontênakên.

Upami ing jaman rumiyin donya punika bêgja, mêsthi botên wontên gunanipun kawontênakên agami warni-warni. Bêbasanipun [Bêba...]

--- 57 ---

[...sanipun] makatên: ing sagantên ingkang kèndêl, punapa paedahipun ing ngriku kayasanan palabuhan, nabi, iku nabine wong ala, para nabi kang bangêt dikumpuli mung wong ala, wong kang wus bêcik ora pêrlu piwulang. Pangandikane Yesus: têkaku mrene iki arêp angumpuli manungsa kang isih ala adate. (zie) Injil, yèn makatêna inggih nglêngkara.

Ing nginggil sampun kula cariyosakên bilih bab punika dados marginipun manusa ngawontênakên agami. Nanging pitadosipun makatên wau botên kalayan dipun pratelakakên sabab-sababipun. Môngka…tiyang agami Buda botên pisan-pisan purun anarimah punapa malih purun pitados dhatêng samukawis kadadosan utawi lêlampahan, botên mawi kapratelakakên sabab-sababipun, cariyosipun agami Buda, gêsanging manusa punika nandhang sêsakit, wastanipun: kasangsaran, sadaya manusa sêdyanipun sagêda oncat saking sêsakit wau. Wicantênipun tiyang agami Buda makatên: kita kêdah sagêd nyumêrêpi jalaraning sangsara rumiyin. Sasampunipun mêsthi lajêng sagêd mangrêtos [mangrêto...]

--- 58 ---

[...s] pratikêlipun ambucal sangsara wau. Makatên katêrangan utawi pratikêlipun tiyang agami Buda, dados botên beda kalihan sanèsipun agami.

Ingkang anjalari para manusa kacilakan utawi kasangsaran punika botên sanès namung: gêsangipun, gêsang lan susah punika tansah rêrakêtan utawi kalih-kalihing atunggal, kasangsaran iku wêwulang, supaya manusa olèh ondervinding (kawruh) ing W.S.I kasêbut, manusa ing donya iki ngupaya kagunan, satêmêne undhaking kabisan iku akèh kang tuwuhe saka sangsara.

Tiyang agami Buda mratelakakên, manawi kita sagêd awas ing paningal, punapa malih waskitha ambedakakên hakikinipun prakawis ing nginggil wau, mêsthi kita botên badhe ngandhut manah was lan sumêlang. Coba ta kamanaha, tiyang pundi lan sintên ingkang sampun nate wicantên: lah aku saiki bêgja têmênan, ing salawas-lawase bisaa aku aja nganti owah gingsir saka kabêgjan kaya kang tinêmu iki. Suwawi karaosakên punapa wontên manusa ingkang wicantên makatên, sabab sadaya pikajênganipun manusa punika tansah owah gingsir, [ging...]

--- 59 ---

[...sir,] dados rêmên asantun warni.

Manusa rumaos sampun tuwuk angraosakên samukawis ingkang wontên ing sapunika, dene ingkang dipun kapengini samukawis ingkang badhe dhatêng, lah saupami ingkang badhe dhatêng wau nunggil warni kalihan ingkang sampun wontên, punapa paedahipun, ingkang angèl, kudu katêrangake manèh kang dawa.

Kabêgjan punika dumunung wontên ing wanci ingkang sampun kalangkung tuwin ing wanci ingkang badhe dhatêng, botên pisan dumunung ing môngsa punika. Nalika kita taksih sami ênèm, rêmên sangêt badhe mindhak majêng ing samudayanipun, nanging sarêng kita sampun sêpuh, rêmên wangsul malih, punapa wangsul kados lare, dados manawi makatên, ingkang kawastanan ewah-ewahan kita punika sirnanipun jaman sapunika. Kabèh manusa kang dipikir mung besuk, lan biyèn, dadi ana kang kapiran, ya iku saiki.

Gêsang punika ewah-ewahan, dene ewah-ewahan wau pêjah. Makatên wêwulangipun agami Buda.

Kalimrahanipun manusa manahipun kagèt, dene kenging

--- 60 ---

ing pêjah, malah kathah ingkang ajrih ing pêjah, la môngka pêjah lan gêsang punika sami kemawon, kalih-kalihipun botên kenging kapisah, malah botên kenging kabedakakên, kêkalihipun nunggil kalihan kasusahan.

Manusa ingkang sampun pêjah, ingkang nêdya gêsang malih prasasat tiyang ingkang kasatan, kapengin ngombe toya sagantên, môngka toya satètès ingkang kaombe saking sagantên ingkang mawi wisa punika, sampun mêsthi botên anyirnakakên ngêlak, malah amêwahi ngorong. Ewasamantên kathah-kathahing manusa tansah botên kêndhat-kêndhat anggènipun ngombe, sabên-sabên inggih sêsambat ngêlak.

Pratelanipun tiyang agami Buda makatên: donya punika cilaka, jalaran gêsang, sarta malih botên anyumêrêpi tujunipun, dede gêsang, dede ewah-ewahan, dede pêjah, ugi dede samukawis ingkang botên damêl têntrêm, nanging katêntrêman ingkang langgêng, punika sajatining pêpasthènipun manusa.

Bab punika manawi katandhing kalihan agaminipun Nabi Ngisa, beda. Agami Ngisa mratelakakên gêsang punika wontên [wo...]

--- 61 ---

[...ntên] kalih, gêsang kita sapunika lan gêsang ingkang badhe dhatêng. (akir) kasêbut gêsang kita punika drêngki lan jail, para dhêmit, donya lan setan, dene gêsang ingkang badhe dhatêng punika sakalangkung sakeca, sabab kawêngku dening Allah, dumunung ing salêbêting reh-rehanipun Allah, mila para dhêmit botên sagêd anyêlak.

Nanging miturut sasêrêpanipun tiyang agami Buda, gêsang punika satunggil, sarta malih gêsang wau dumados lami, sarta sagêd dumugi ing kalanggêngan, manawi gêsang ing sapunikanipun awon, gêsang sanès-sanèsipun ugi lajêng awon, dene kabêgjan punika namung dumunung wontên ing katêntrêman, inggih punika ingkang minôngka papan pakèndêlan sasampuning nandhang pêpêrih lan sangsaraning donya. Dados manawi manusa sêdyanipun ngupados kabêgjan, inggih anujua dhatêng: katêntrêman, nirwana sadaya maksudipun agami ugi makatên, nancêbakên bab punika ing pangangên-angên têka botên angèl. Mênggahing kula gampil kemawon, sok ugi purun mirêngakên lan ngraosakên ingkang sayêktos, kula botên pisan-pisan gadhaha pangangkah murih cariyos kula punika kagêgaa. [kagêga...]

--- 62 ---

[...a.] Ananging supados amangrêtosa bab ing nginggil punika botên gampil, sabab ugêring wêwulang wau inggil lan lêbêt, mila angèl manawi nêdya nyidikakên lan miandêl.

Kawruh wau sakalangkung inggil, sabab namung pinanggih ing tiyang ingkang têmên pamarsudinipun, ingkang kadunungan ing hakiki lan mangrêtosipun agami Buda, dede agaminipun lare alit, agaminipun manusa ingkang sampun ngumur.

Lah punika wêwulang ingkang dados sabab, dene agami Buda kawastanan kawruh ingkang mratelakakên bab kadonyan punika bôngsa asor utawi awon, ing agami kita rak sampun kawulang, bilih gôsang kosokwangsulipun pêjah. Dene gêsang ingkang badhe dhatêng punika sakalangkung sakeca tinimbang gêsang sapunika. Wondene pêjah punika nyumêlangakên lan angajrihi sangêt, môngka yakinipun gêsang punika awon lan mêsthi kabirat, têgês ora urip kanggo awake dhewe, kayadene uriping wit gêdhang, dene gêsang lan pêjah punika sami kemawon.

Tumraping para manusa ingkang sampun niti piyambak, obah Berant lan lid-lid sawatara, têgêsipun ingkang sampun angyakinakên, [a...]

--- 63 ---

[...ngyakinakên,] tuwin tumraping manusa ingkang pitados ing agami Buda, wêwulang ing nginggil wau botên anggêgirisi utawi adamêl ajrih, malah ngrêmênakên lan adamêl gambiraning manah. Manawi paningal kita sidik, amargi sampun rinêsikakên saking rêrêgêd, ingkang pinangkanipun saking kapêtêngan dening barang wadhag, utawi malih manawi paningal kita sampun suci utawi êning, sumêrêp dhatêng kanyataan, malah sangsaya angrêsêpakên manah. Ugêring agami Buda pancèn angrêsêpakên, sagêd suka bingahing manah.

Tiyang agami Buda tansah amusthi utawi anuju dhatêng: katêntrêman langgêng, angoncati sawarnining kasusahan, tansah ambudidaya sagêdipun dumugi ing katêntrêman wau. Dene sagêdipun kalêksanan dumugi, utawi botênipun wau, namung gumantung dhatêng lêlampahanipun piyambak.

Kados ing nginggil sampun kapratelakakên, manawi suraos tuwin lampah-lampahipun, sapunika kêdah sumêrêp sarananing margi ingkang anjog ing katêntrêman wau. Lah sapunika punapa ingkang sayogi kacipta ing pangangên-angênipun, lah kadospundi pratingkahing manusa sagêda dumugi ing katêntrêman ingkang [ing...]

--- 64 ---

[...kang] langgêng wau. Wangsulanipun tiyang agami Buda makatên: wontên kalih warni, pandamêl utawi lampah sae, tuwin pikiran utawi cipta sae. Inggih kalih prakawis wau ingkang minôngka kori sagêd anjog dhatêng katêntrêman, para manusa dipun sêtya tuwin jêjêg ing manah, dipun sabar lan wêlasan dhatêng sasami-sami, dipun loma asih lan trêsna ing liyan, anyingkirana sadaya piawon, sadaya punika minôngka bêbukaning margi ingkang anuntun dhatêng katêntrêman.

Para manusa adamêla kasaenan dhatêng sasami-sami, nanging sampun sarana angajêng-ajêng wêwalês saking ingkang dipun saeni wau. Ananging anyiptaa bilih kadarmaning manah wau sêdyanipun adamêl sae lan nucèkakên awakipun piyambak.

Asidhêkah lan ambêk loma pêrlu tumrapipun manusa. Dene ingkang langkung utami, inggih punika watak asih, trêsna lan wêlasan.

Manusa andunungna raosing manahipun dhatêng ing liyan, amadhangna pêpêtêng ingkang dados raosing sasami-sami, anyêmbadanana dhatêng pikajênganipun tiyang sanès, sasampunipun katrêsnaning liyan inggih mêsthi tuwuh piyambak.

--- 65 ---

Bêbasanipun: katrêsnan punika blonyoh linangkung sagêd maluyakakên sawarnining sêsakit, tumraping manusa botên wontên ingkang ngungkuli saenipun, punika botên namung katrêsnaning liyan ingkang dhumawah ing kita, inggih ugi katrêsnan kita ingkang tinamakakên ing sasami-sami.

Para manusa trêsnaa dhatêng sadaya makluk, botên namung dhatêng mitranipun kemawon, kêdah ugi trêsna dhatêng saisining jagadraya, sadaya ingkang tumitah, ingkang sagêd lumampah, pêksi ing awang-awang, tuwin kutu-kutu walang ataga.

Sayogi dipun sumêrêpana, gêsang kita punika dados satunggil kalihan gêsanging titah sanèsipun, dados gêsang kita awor kalihan perangane gêsangipun sanès, mila manawi kita nêdya nyampurnakakên manah kita, inggih asiha dhatêng saisining jagad punika, dene wajibing manusa rumiyin adamêla sae badanipun piyambak.

Manawi manusa sêdya badhe damêl jêjêging manahipun tiyang sanès, punapa inggih botên anjêjêgakên manahipun piyambak rumiyin, makatên manawi kapengin dipun trêsnani rumiyin.

Para manusa èngêta dhatêng nyawanipun, ambudidayaa sagêda [sagê...]

--- 66 ---

[...da] dipun rêsêpi ing liyan, makatên wêwulanging agami Buda.

Piwulanging agami Buda sakalangkung inggil lan lêbêt, sêtya tuhuning manah, jêjêging pambêg tuwin katrêsnan punika namung dipun wastani prakawis ingkang sae, minôngka pambukaning kori utawi margi. Sadaya lampah ingkang namung paedah dhatêng badanipun piyambak, punika botên badhe sagêd anuntun dhatêng katêntrêman ingkang langgêng, punapa malih botên pisan sagêd mêntas saking kasusahan ing donya, dene watak suci ingkang botên sarana kasaenan sanèsipun, ugi botên mikantukakên kabêgjan. Punika ingkang sampun têtela sumêrêpipun lan sagêd ngraosakên.

Makatên cêthanipun malih, manawi manusa sampun sinucèkakên manahipun sarana katrêsnan, drêngki binirat sarana nglampahi pandamêl sae, sampun masthi paningalipun sidik, sagêd mawas lan sumêrêp margi ingkang nuntun dhatêng katêntrêman langgêng.

Sampun masthi manusa ingkang makatên badhe têtela sumêrêpipun, bilih gêsang punika yakin piawon, lan kêdah dipun oncati dening manusa, punapa malih badhe têtela sumêrêpipun manawi gêsang punika sami ugi kalihan kasusahan,

--- 67 ---

kalih prakawis punika kêdah katilar, nanging oncatipun wau botên sarana pêjah. Sabab gêsang punika namung wiwitanipun gêsang ingkang badhe dhatêng. Kenging kaupamèkakên ambuntêti ilining toya ing pangipun lèpèn, ingkang toyanipun taksih sagêd mili dhatêng ing pang sanès. Dene manawi wontên manusa adamêl pêjahing badanipun piyambak, punika sasat ngukum badanipun, dene piyambakipun masthi badhe gêsang malih marambah-rambah tur kasangsaran. Pêpungkasaning kasangsaran punika katêntrêman ingkang langgêng, manusa kêdah oncat saking donya sabab donya punika kasangsaran, manusa ingkang sumingkir saking pabên lan pradondi punika pratôndha katêntrêman, makatên wau nyawaning manusa sagêd padhang anarawang, sumêrêp lan têtela manawi donya punika dede papaning panarimah lan kanikmatan.

Hakikinipun makatên: manawi nyawaning manusa dipun nêrakên dhatêng ing katêntrêman ingkang langgêng, masthi sagêd tumuju ing ngriku. Dhatêngipun ing panggenan ngriku botên kadunungan sayahing kadonyan, prasasat dumugi wontên ing palabuhan ingkang tanpa prahara, tanpa palangan, kajawi namung kadunungan nikmat lan mupangat sarta têntrêm.

--- 68 ---

Sampun kalintu ing panampi mênggahing suraos, dados dede pêjah, sayêktosisunsayêktosipun. katêntrêman ingkang langgêng.

Gêsanging manusa kenging kabasakakên tansah ewah-ewah. Saya lami saya rêsik saya suci saya bêning, ngantos dados alus upami kaca, sêsoroting bedanipun tansah gantos, nanging sajatine gêsangipun manusa, inggih punika gêsang ingkang langgêng, botên ewah langgêng, dumunung ing têngahing donya ingkang sami risak.

Sayogi sami sumêrêpa, papan utawi pantoging panggenan ingkang sami kaprasudi dhatêng para manusa punika nirwana, inggih punika pungkasaning sadaya pêrih lan kasusahan ing donya, sabên enggal utawi lami, manusa masthi dumugi mangsanipun dumugi ing ngriku, dados kita sadaya badhe dhatêng palabuhan dununging Groote vrede.

Kaananing urip sawuse mati

Jêjêring kôndha kang dak caritakake sore iki: bab kaananing urip sawuse mati. Aku nêdya marsudi agawe têranging sêsurupamu, sakabèhing lêlakone nyawa, sawuse [sawu...]

--- 69 ---

[...se] mati. Ênggonku nyaritakake saolèh-olèh bakal dak ringkês lan dak budi murih cêthane, mêngko yèn kowe kabèh wus padha krungu caritaku, mêsthi banjur duwe kêkandhutan, nêdya pitakon mangkene: bab punika kadospundi badhe anggèn kula nyumêrêpi lêrêsipun.

Sarupane agama ing ngisor iki, kabèh padha mratelakake: kaananing urip sawuse mati, nanging sawiji-wijining agama caritane beda-beda, kaya ta: agama Kristên, Islam, Buda, Hindhu lan Pèrsi, ênggone ngandharake prakara iku ora padha. Masthi bae kita banjur ora wani angandhêmi bênêr lupute, kèh-kèhaning manusa wus narima lan pracaya marang caritane agamane dhewe-dhewe, lêlandhêsane piandêle, dene prakara iku wus tinulis ing layang-layang yêyasane manusa kang nyorahake yèn dhèwèke wus nyumurupi dhisik bab prakara iku. Dene lumrahe manusa ing jaman saiki padha ora pracaya yèn dicaritani ana manusa kang wus andarbèni kawruh mangkono, dadi mung angandêl marang carita-carita ing jaman kuna bae. Apa manèh ing saiki para manusa iya durung gêlêm angugêmi mungguh têmêne prakara [pra...]

--- 70 ---

[...kara] iku.

Ing saiki ana manusa rong golongan (bôngsa) kang padha nglairake sêsurupane bab angawruhi: kaananing urip sawuse mati. Caritane: ing jaman kuna iya wus ana kang nyumurupi, dadi iya ora prabeda. Manusa rong warna kang dak caritakake ing dhuwur mau arane ora padha, apa manèh pratikêle ênggone mriksa kawruh mau uga ora padha. Sing sabôngsa kêkumpulane manusa kang arane ing basa Walônda sêpiritis lan sêpiritualis.

Manut kawruhing pakumpulan mau, wong-wong bisa nyumurupi lan aniti: kaananing urip sawuse mati, patrape mangkene: sêsipatane nyawaning uwong kang niti mau dipadhakake karo sêsipataning nyawane wong kang wus mati, samono iku nyawa kang isih bisa magêpokan karo nyawaning manusa kang isih urip ing donya iki. Pratingkah iku diarani mèdhiyum utawa sènsithip, kacariyos manawa pratikêl mangkono iku dilakoni, nyawaning wong kang wus padha mati, banjur padha bisa awor karo nyawaning wong kang isih urip, sawuse nuli bisa nyaritakake sarupaning lêlakon,

--- 71 ---

kang wus disumurupi lan sakabèhing kawêruhe bab kaananing alam kang didunungi. Lah saiki manusa kang ahli budi utawa akèh pikirane, masthi kudu anglimbang lan ambudi pratikêl kang wus dicaritakake dening para sêpiritis mau. Aku dhewe ora pisan-pisan yèn ta amêmada lan gêthing, manawa uga bênêr wong-wong mau padha bisa andarbèni kawruh iku. Nanging mungguh panêmuku, sanadyan bênêra, isih durung kêna diarani pratingkah kang utama ingatase wong kang marsudi kawruh. Sabab-sababe ênggonku ngarani mêngkono mau, bakal dak caritakake cêcêkakan kaya ing ngisor iki:

Sapisan, nyawaning manusa kang wus mati kang sêsipatane kêna dipadhani karo nyawaning wong urip iku, dudu nyawa kang wus luhur lan akèh kalimpadane, dadi aran nyawa kang isih lumrahing akèh, tandhane dene sawuse mati isih padha cêcaturan kayadene patrape nalikane isih ana ing donya iki. Kaya ora ana bedane karo pratingkahing wong cêcaturan ana ing donya.

Kapindho: manusa kang padha nganggo pratingkah ing sêpiritis, mêsthi bakal ambênêrake calathune. Ênggonku ngarani, wong-wong [wong-...]

--- 72 ---

[...wong] mau mung nyaritakake samubarang kang tanpa paedah. Lumrahe nyawa-nyawaning wong mati kang dipadhani sêsipatane iku, mung ngandhakake yèn wus padha kabêgjan ênggone dêdunung ana ing panggonan kono, lan padha rumôngsa bungah dene isih bisa magêpokan karo kang wus padha ditinggal, pangarêp-arêpe wong-wong kang kari iya padha kadunungana kabungahan kaya dhèwèke. Lah têtêmbungan mangkono iku, tumrape kulawargane kang wus padha tininggal iya nukulake kabungahaning ati, ananging ênggonku ngarani, ujar mangkono iku ora ana paedahe babarpisan.

Kaping têlu: nyawa kang pinadhanan sêsipatane mau, samôngsa wus ngalih marang alam kang luwih dhuwur, rasaning pagêpokane karo nyawaning wong kang isih urip ing donya iki: banjur sirna, dadi rasaning pagêpokan mau mung nalikane dumunung ana ing alam kang asor, dadi yèn alame mundhak dhuwure, nyawaning manusa kang isih urip banjur ora kuwagang amadhani, dadi iya ora bisa amor, lah iku pratandhane yèn sakabèhing caritane mung prakara kang dumunung ana ing papan kang asor, dadi mung alam sadhuwuring patine, ora luwih dhuwur. Lah

--- 73 ---

môngka dumununge ana ing papan kang mangkono mung sawatara lawase, iku tumrape nyawa kang luhur kalimpadane, sabab nyawa iku saya luhur kagunane, saya rikat undhaking kaluhuraning alame.

Kaping pat, sanadyan ta kita gêlêm pracaya marang carita kang mangkono, apa manèh sanadyan carita iku upama bênêra lan rêsika, ewasamono kawruh kang mangkono mau dak arani: durung dhuwur.

Kaping lima: pratingkah kang kasêbut dhuwur mau kalawan ambalèkake nyawa-nyawa kang wus lumaku ninggal padunungane lawas (donya), dadi ngêndhakake nyawa kang wus luhur dununge, lah iku aran siya-siya lan gawe pituna. Pratingkah kang mangkono iku apa ora nêrak ugêr bab undhaking kawaskithan, lan wêwaton bab angundhakake kalimpadan, têtela bangêt gawe pitunaning nyawa kang pinuju lumaku ngluhurake alam padunungane. Apa manèh tumraping sêpiritialis ora bêcik bangêt, sabab anyuda kawarasane ragane, margane: iya agawe karusakaning sarape.

Mangkono uga manawa pratingkahing sêpiritialis mau ginawe [gi...]

--- 74 ---

[...nawe] aniti alam kang luwih luhur, satêmêne kudu ngati-ati ênggone nindakake, panggawene iya iku ênggone madhakake sêsipataning nyawa kang kasêbut ing dhuwur mau kudu rêsik lan aja pisan aninggal pangati-ati, mangkene têrange: sawijining manungsa kang pratingkahing uripe ora suci, dadi durung rêsik lan bêcik dayaning pangangên-angêne, iku saupama nindakake panggawe kang mangkono kêna kaaranan isih rêgêd bakal nuwuhake karusakaning uripe, kaya upamane manungsa kang isih ngulinakake ngombe ombèn-ombèn kang ngêndêmi, mangan daging lan udud têmbako, sabab iku kabèh gawe cacading daya pangangên-angêne, bisaa anggayuh iya mung tumêka ing padununganing nyawa kang asor.

Dene pratikêle para teyosup ênggone kagadhuhan kawruh mau beda bangêt karo pratingkahing para sêpirialis,sêpiritialis. malah kêna diarani kosokbaline, kaya caritaku ing dhuwur, para sêpiritialis nganggo ambalèkake nyawaning manungsa kang wus padha mati, nuli sêsipatane kapadhakake karo mèdhiyum kalawan anganggo badane wadhag, môngka para teyosup manawa nêdya madhakake karo manusa

--- 75 ---

kang wus mati kang wus ninggal badane wadhag, kudu kalawan anucèkake lan angluhurake nyawane kongsi tumêka ing dununging pangrasa kang wus padhang, dadi ora sarana badan wadhag kang isih kadunungan nyawa kang isih duwe kamelikan manggon ing badan mau, ananging mangkene: sing sapa nyidikake sêsurupane marang kaanan sawuse mati, kudu ngundhakake lan angluhurake nyawane dhisik. Nyawa mau pinuriha bisa ninggal badane wadhag kalawan isih kadunungan rumôngsa lan eling, dadi sajroning urip ing badan wadhag bisa angrasakake kaananing urip sawuse mati, lah iku aran urip dhewe bisa dumunung ing alaming titah kang wus padha mati, ing kono banjur bisa niti lan nyumurupi sakabèhing prakara kang ana ing kono lan saisine kabèh, mulane kalawan pratikêl kang mangkono, supaya ênggone madhakake nyawane, apa manèh ênggone andêdunungake marang alaming nyawane wong kang wus padha mati ninggal badane wadhag, ora kalawan ambalèkake nyawa-nyawa mau marang donya manèh, sawuse bisa dumunung ing kono, iya banjur bisa nyumurupi samubarang ing sakukubane, dadi ora prabeda [prabe...]

--- 76 ---

[...da] karo pratingkahing wong lêlana anjajah pirang-pirang nagara, lah iku aran wong lêlana angambah saanteroning kubur, mungguh têranging sêsurupane iya padha bae karo yèn anjajah donya iki. Manawa patrap mangkono mau ênggone nindakake rambah-rambah, sawarnaning sêsurupane banjur tinulisan, wasana banjur ana manèh wong liya sawatara kang pratikêle ênggone niti nganggo ugêr kang mangkono, iya iku bisa ninggal badane wadhag ora kalawan kaoncatan ing pangangên-angên lan rumangsane, wus masthi bae sêsurupane wong kang kari mau mungguh bênêr lupute kêna katandhing nyata lan orane, lah yèn ora ana bedane ora salenca, kita masthi banjur pracaya marang yakining sêsurupan mau, sabanjure pratikêl kang mangkono iku kêna linakonan ing liyan, padha kawruhana, satêmêne pratikêl aniti mangkono iku bangêt angèle, lêlakon mau ana wêwatone kudu diêmên-êmênake, iya iku tumraping badan, ugêring wêwaton mangkene: badan kita kudu sinucèkake, lan dilêlantiha supaya bisa salin dadi kawujudan (badan) kang gampang panyakuping marang kêdhêr-kêdhêr kang alus [a...]

--- 77 ---

[...lus] lan luhur-luhur. Dene yèn wus mangkono, iku bakal anggampangake lan mitulungi marang pratingkahing nyawane. Ugêr wêwatone manèh: para teyosup kudu nglêlantih murih nyawane bisaa angandhut sarupaning kawruh kang disumurupi kalawan titi lan gêmêt, dadi kawawa nundhakake sêsurupan mau marang wadhage, mangkono uga anglêlantiha kosokbaline, saka wadhag marang nyawane. Patrap kang mangkono iku bangêt rêkasane, apa manèh ora kêna ninggal pangati-ati, sarta kudu bisa nyêgah sawarnaning kamelikan kang tumrap ing awake. Sêsurupan kang mangkono iku masthi kêna dipracaya bangêt, awit kêna dibolan-balèni minôngka cocogane kawruhe kang uwis, lawas-lawas banjur bisa yakin ing sumurupe. Mulane patrap kang mangkono dak arani kawruh kang sanyata lan utama. Sadhengah wong bakal bisa nyatakake bênêr lupute, marga bisa nglakoni dhewe, kalawan aniti miturut ugêr wêwaton kaya kang kasêbut ing dhuwur.

Dene kang bakal dak sorahake sore iki iya patrape aniti kang kapindho iku. Bêcik padha rungokna lan titènana, ênggonku bakal nyaritakake kaananing

--- 78 ---

urip sawise mati mau dak cêthakake kayadene kaananing nalikane sinatmata. Dene kang wus padha nyumurupi kaanan mau para êliding pakumpulan teyosophi sawatara. Dene aku dhewe iya wus sumurup nyatane, dadi sing dak kandhakake sore iki dudu samubarang kang ora ana, yakin têmên lan nyatane.

Cêthane pituturku: sêsurupan iki ora mung aku dhewe kang andarbèni, ora mung aku dhewe kang wus maspadakake, dudu aku dhewe kang bisa nyaritakake kang têtela lan têmên, patrapku mêdharake kawruh iki kayadene patraping wong ahli kawruh liyane, dadi kawruh mau olèh-olèhane panitiku dhewe lan panitine wong liya manèh.

Kang arêp dak caritakake dhisik bab iki yaiku nalikane nyawa aninggal badane wadhag, utawa nalikane nanjak, mungguh patrape mati iku akèh èmpêre karo wong kang miwiti turu. Kèh-kèhane wong padha miris lan wêdi marang pati. Mulane aku carita mangkono, awit kêrêp bae aku wêruh solahe wong arêp mati, nganggo kêjèt-kêjèt, [kêjèt-kê...]

--- 79 ---

[...jèt,] gronjalan sapanunggalane. Iku hakikine solahing wêwadhagan bae, ora gawe lara rasaning êroh. Padha kawruhana: saoncate nyawa saka badane wadhag, ing kono banjur andulu sarupaning pêpêthan pêpungkasaning uripe, lah ing nalika iku kêna kaaranan watêsing urip lan pati. Bab iku padha bae karo kaananing wong kang mèh mati kabalabak ing banyu: banjur eling manèh, iku wus ana kang nglakoni. Akèh bae wong kabalabak kang wus kaoncatan ing mangsane, nanging bisa katulungan manèh, saya suwe saya eling, wêkasane bisa urip banjur pulih manèh kaelingane, dadi nyawane bisa bali manèh dumunung ing wadhage. Wong kang wus kabalabak mangkono, kêrêp carita yèn ing nalika iku dhèwèke ora pisan karasa lara, mungguh pangrasane mung kayadene ngimpi, sawuse gronjalan nuli kabalabak ing banyu dumunung ana ing papan kabêgjan, sarta ing nalika iku katon uripe mung nganti kaya ginulung. Aku wus krungu caritane sawijine upsire prau kapal pêrang gêdhe, nuju sawijining dina dhèwèke nyêgur ing banyu nêdya nglangi, panyanane banyu kang dicêguri mau jêro,

--- 80 ---

môngka satêmêne iku cèthèk bangêt, mulane badane banjur katatab ing dhasar, kongsi sumaput ora eling. Ênggone angglimpang mangkono kongsi sawatara suwene, banjur kapitulungan, ing nalika iku karasane lara mung nalika baline marang badane wadhag. Upsir mau nyaritakake, dhèk samana dhèwèke kaelingan marang salawasing uripe, dene kèlingane mau ora tumaruntun, agênti-gênti sumurupe, sarta nalika iku banjur andulu pêpêthan ing sangarêpe, iya iku samubarang kang wus diwêruhi nalikane uripe kabèh: wiwit nalika isih bocah nganti tumêkaning wayah kalane kabalabak mau, nanging dhèwèke gumun bangêt dene kaelingane mau saya suwe saya suda, nganti têmahane sirna. Dhèwèke uga isih kèlingan marang sêsurupane mau, nalika dhèwèke pulih rumangsane, antara wolung dina kaelingane mau kabèh sirna babarpisan. Tuwan upsir mau duwe panjaluk marang aku supaya dak pratelakna apa sababe dene kaelingane nalika iku ora bisa lawas, banjur sirna. Ênggonku nêrangake uga miturut kawruh, kayadene kawruhing lid kang padha nyênaunyinau. [nyê...]

--- 81 ---

[...nau] teyosopi, mangkene: kang dianggo ing roh: sawuse kabalabak iku badan saka ètêr (jasat kang bangêt aluse) mulane rikat bangêt kêdhêre, luwih rikat tinimbang karo raga wadhag, mulane dhèk samana samubarang kêkêdhêring pangangên-angêne uga bisa kelingan sanalika. Barêng kêkêdhêr kaelingane mau ditundhakake marang badan wadhag, raga wadhag ora kuwawa nimbangi utawa nômpa, sabab kêkêdhêring badan wadhag ora bisa nimbangi utawa madhani rikating kêkêdhêring badan, ètêr, ênggone animbangi utawa nômpa kalawan bangêt rêmbêne. Mangkono mau barêng pangangên-angêning nyawa bali marang wadhage, iya nuli ora bisa eling, sirna kaelingane, sabab kaelingan iku gampange dumunung ana ing badan etêr.

Kaelingan bab kaananing uripmu kang wis-wis iku, thukul ing nalikane kowe wis tumêka ing pananjakmu, mulane nalika samono aja pisa-pisan ing sakiwa-têngêne wong kang nanjak ana wong liya, utawa kadang karuhe kang padha nangis utawa mêtik, apa manèh gêgunêman sêru-sêru. Nalika manusa mangkat saka donya iki marang alam kang luwih alus, [alu...]

--- 82 ---

[...s,] iku yèn kataman ing swarane tangis utawa pisambat, lêbuning roh ing gapura utawa sakèthènging pati, banjur tuwuh pêrih lan sêdhihe. mangkono iku aran ngregoni solahing bawa, ngabotake utawa ngowêlake ênggone ngluhurake. Lah môngka unggahe utawa lakune marang alam liyane mau kudu kang têntrêm lan ayêm, wasana têka dibêbidhung ing rasa susah saka kulawargane kang isih kari ana ing donya. Padha eling-elingên kang tumêmên: yèn kowe pinuju dumunung cêdhak karo wong kang arêp mati kang kosihi, iya anandukna trêsna lan wêlas marang kang bakal lêlana iku, sabab katrêsnan iku dudu prakara kang tumrap ing awake dhewe. Lan manèh padha dèn eling, para manusa kang anjajah alam alus (Occulist) padha ngarani ing masjiding wong agama Kristên ing jaman kuna iya ana piwulang donga-donga kang katumrapake marang wong mati, piwulang mau winêdharake marang greja-greja Grik, Katolik Rum, lan grija Inggris, manut unine pêpacaking greja mau donga-donga kang kapacak ing dhuwur mau kudu diwaca utawa diêmèlake ing nalikane nyawaning wong mati ninggal badane wadhag, mungguh sêdyane mangkene: [mang...]

--- 83 ---

[...kene:] ing sacêdhake nyawa mau kudu ana kasabaran, katêntrêman, supaya laku utawa angkate nyawane ora kataman ing bêbidhung, bisaa têntrêm ênggone ambanjurake lakune.

Yèn kita aniti samubarang lêlakone nyawa nalikane dumunung ana ing alam kang ngisor, yaiku ing padunungane kang anyar mau, ing kono kita banjur nyumurupi sawijining ugêr kang ora owah (têtêp) sêsipataning nyawa sawuse mati, iku ora owah, dadi ora prabeda karo sadurunge mati, dadi sêsipatan mau ora bisa owah jalaran mati, têrange: pati iku ora ngowahake sêsipataning nyawa. Mati iku têgêse mung kaoncatan badane wadhag, lan badane wadhag iku mung diênggo matrapake pangangên-angên kang bisa magêpokan karo donya iki. Nanging sawuse mati, mungguh pangrasane, dayane lan kamelikane nyawa tansah têtêp kaanane padha bae karo nalika sadurunge mati, mulane mungguh sêsurupaning nyawa sawuse mati, iku gumantung marang adate lan pambêkane.

Supaya kita bisa anyumurupi marang kabèh kaananing uripe [uri...]

--- 84 ---

[...pe] nyawa sawuse mati, kita bakal wiwit ngrêmbug saka ngisor mandhuwur dak pratelakake dhewe-dhewe. Bab iki padha kawruhana, mungguha ananing sawiji-wijinine nyawa iku ora beda karo nalikane dumunung ing sawiji-wijining alam, sabab nalikane isih ana ing donya iki mungguh kawaskithane ora padha. Dadi tangine utawa sêsurupane ana ing alam kang dhuwur mau uga mêsthi beda-beda. Sêsurupan kita alam sapisan gumantung lêlakone urip ana ing donya. Sadhengah nyawa uga nyawa kita, mêsthi bakal anjajah ing alam kang ngisor dhewe, bakal nyumurupi kaananing urip kang ngisor sadhuwuring donya iki. Sabab alam ing ngisor dhewe mau mung bakal didunungi ing nyawa kang ora limpad, utawa kang asor-asor. Sarupaning manusa sanadyan lanang utawa wadon kang pambêkane kaya kewan, angkara murka, karêm ngombe ombèn-ombèn kang ngêndêmi, kang lêlakone uripe ora manut marang pranatan kang utama, apa manèh kang watake kasar lan drêngki, kang ora kadunungan sêsurupan bab urip kautamaning cipta utawa pangangên-angên, sarta manèh kang durung nyumurupi marang rasa kang luhur-luhur, iya iku

--- 85 ---

manusa kang tansah ambêbungah tumrap ing raga wadhage bae, kabèh mau kalêbu bangsane manusa kang asor. Mulane sawuse lumêbu liwat ing gapuraning pati iya banjur dumunung ana ing papan kaananing urip sawuse mati kang asor dhewe. Mangkono mau yèn kopikir dhewe sawatara suwene, kowe banjur mangêrti lan pracaya uga.

Pati iku ora nyirnakake kamelikan utawa luamahing manusa kang wus dilakoni ing salawase urip ana ing donya iki. Mung kacèke dene manusa kang mati mêsthi ora bisa andurusi kamelikan lan pêpenginane, sabab ragane wadhag wus oncat, dadi sawuse mati manusa ora bisa nutugake pakarêmane ngombe ombèn-ombèn kang ngêndêmi, ora bisa anuruti kabungahane kaya nalikane ana ing donya iki. Para drêngki ora bisa namakake pitênahe marang sapêpadhane manusa. Sarta manèh luamahing manusa kang watak mangkono iya isih, nanging samubarang kang dipengini sirna. Mulane barêng ana sajroning alam kang asor, prasasat nyawa mau kinrubut utawa disiyalat dening kamelikane dhewe. Mangkono uga sanadyan nyawa [nya...]

--- 86 ---

[...wa] mau rinoda utawa pinaripêksa dening kamelikan supaya andurusi kêkarêpane, nyawa mau mêsthi ora bisa. Wasana nyawa banjur nandhang susah lan sêdhih kang tansah lumintu, kang tinuwuhake dening kamelikan kang ora kalêksanan mau. Sabab ora bisa magêpokan karo badan wadhag, kaananing urip sawuse mati iki ingatase agama-agama ngarani naraka utawa panggonan pamasiyasat, agama-agama ênggone nyaritakake kaananing urip ing kono iya akèh bênêre, apa manèh yèn anitik ing kono kacarita panggonaning kasangsaran, mung lupute dene wuruking agama mau kapratelakake yèn paukuman ing naraka iku salawas-lawase. Gunêm kang mangkono mau yakin gorohe. Sanadyan nyawaning manusa kang asor dhewe, sarta sanajan ala bangêt lêlakone nalika urip ana ing donya iki, iya ora bakal salawase kadunungake ing papan kasangsaran mau. Mangkene têrange: mungguh lawase nyawa dumunung ana ing kono sajroning nyawa isih kagubêl lan kadunungan kamelikan, dadi bisane oncat manawa kamelikane wus sirna, sabab ing nalika [na...]

--- 87 ---

[...lika] iku nyawa tansah mundhak-mundhak ing kalimpadane, dadi nalikane ana ing kono nyawa mau binasakake kabônda dening panggawening kamelikan lan kamurkane kang padha manjing ing nyawa mau, manawa wis bisa ucul, iya mêsthi bisa oncat saka ing sangsara. Ing panggonan kono manusa padha olèh sêsurupan lan kawaskithan, nyawa mundhak kawruhe. Rumôngsa yèn aluamah kang dilakoni ing donya iku pambêking kewan, lan bakal ambônda dhèwèke sawuse tumêka ing pati, lah iku kaundhakane kawruhing nyawa kang maedahi. Lah iku tumusane ugêr wêwatoning Allah kang muni: manusa musthi bakal angundhuh marang wohing sêsêbarane, yèn dhèwèke nandur kamelikan marang ombèn-ombèn, mêsthi iya bakal ngundhuh kamelikan mau, lah mangkono uga yèn manusa anandur drêngki, lan anganiaya samubarang kang mung diêpèk paedahe. Ugêr wêwaton iku mêsthi têtêp, ora owah gingsir. Lah môngka têtela bangêt manawa kita iki rinêgêm dening ugêring jagad raya. Mara padha pikirên: kamelikan kang dilakoni sajroning 40, 50 utawa 60 taun bae apa anjalari panggawe liyane kang langgêng tanpa

--- 88 ---

wêwatêsan pungkasane, lan apa kamelikan mau iya bakal ora kandhêg-kandhêg, yèn ora mangkono nyawa dadi ora adil lan jêjêg pranataning jagad iki, iku mungguh satêmêne ora mangkono. Nyawa iku bakal bisa oncat saka kamelikan lan luamah kang wus padha rampung pambidhunge, nadyan bangêta panggubêle kang nuwuhake sêdhih lan susah, iya bakal têkan mangsane nyawa bisa ambirat wêwatêkane kang kaya kewan.

Saiki dak uwisi ênggonku nyaritakake alam ngisor sing kaanane asor dhewe, sing mung didunungi ing manusa kang wêwatêkane kaya dene kewan mau, iya iku watak drêngki lan penginan. Aku bakal nyaritakake alam kang têngahan, kang dumunung saantarane donya iki lan swarga. Sakabèhing nyawa mau bakal ngambah ing kono. Mungguh lawase dêdunung ana ing alam têngahan iku gumantung marang kalimpadaning nyawa apadene marang dayane wêwatêkane ing nalika ana ing alam kang ngisor, yèn nalikane kowe mati kawawa angêrèh lan angrêgêm sawarnaning wêwatêkamu kang asor lan ala, sawusing patimu kowe ora bakal angambah ing alam [ala...]

--- 89 ---

[...m] kang têngahan, nanging mandhuwur mung kalawan rikat tumuli bisa dumunung ana ing alam swarga. Ing saiki aku nyaritakake kaananing urip ing alam têngahan dhisik. Mungguh kang padha dumunung ana ing kono sawarnaning manusa kang nalikane ana ing donya iki ora kadunungan kawaskithan kang luhur, mung salumrahe bae. Yaiku manusa lanang lan wadon kang marlokake samubarang kang rèmèh-rèmèh, prakara utawa lêlakon kang tumrap marang uripe ing donya iki bae, sarta kang mung ambudi entuke panganggone, kang ngulinakake cêcaturan bab sabarang kang ora maedahi, kaya ta: obrol lan umuk, ora pisan cêcaturan kalawan ambudi supaya mundhak kalimpadane sarta manèh ora praduli supaya kadunungan kawruh bab gêgawean, kasusastran lan kapintêran liyane, kaya ta: kawruh kang maedahi marang bangsane, cêkake kang padha ora maèlu marang kawruh kang luhur. Akèhe manusa kang ora ngopèni marang lakune urip kang pêrlu-pêrlu, mung ngulinakake umuk lan obrol balaka, kabèh rêmbug lan calathune ora ana isine kang paedah. Kowe rak iya eling ta pangandikane Yesus: têmbung kang tanpa guna kang

--- 90 ---

winêdharake marang manusa, sanajan mung sakêcap iya mêsthi bakal dumunung anane ing dina papan panimbang, mungguh kang diarani dina papan panimbange pacalathon kang tanpa paedah iku, yaiku kaaaning urip sawuse mati mau. Nyawaning manusa kang mung mraduli marang samubarang kang paedah kalumrahan gêgolongane prakara rèmèh, mêsthi dumunung ana ing alam kang têngahan mau, ing kono kaya dene binônda bisane ambanjurake lêlakone, sawuse ucul bêbandane.

Nyawa-nyawa kang ora limpad mangkono mau, yaiku kang ora nyêdhak marang padunungane sêpiritialis, kèhe tanpa wilangan, dadi nyawa kang padha duwe pangrasa olèh kabungahan manawa pinuju bisa bali lan magêpokan karo donya iki, sabab durung ilang kabungahane bab kadonyan, yèn kowe nêdya sumingkir saka kaananing urip kang mangkono, padha ambudidayaa undhaking kalimpadaning nyawamu kalawan pangati-ati kang bangêt, padha mêrlokna marang lêlakuning urip kang luhur, amarsudia sabarang kang pêrlu ingatase wong akèh, nyinaua marang sarupaning kawruh kang utama, kasusastran, gêgawean [gê...]

--- 91 ---

[...gawean] lan kawaskithan, aja kongsi kèlu marang calathuning bangsamu kang tanpa aji. Manawa kowe nindakake (nglakoni) patrap kang mangkono iku, kowe bakal gawe luhuring kabêgjane uripmu, manawa tumêka ing pati ora bakal dumunung ing ngisoring manusa kang padha busuk, lan sabanjure ênggonmu ngundhakake kalimpadaning nyawamu, ora bakal pinalangan marang sawijining lêlakon.

Ing saiki kang dak caritakake bab panitining alam kang luwih dhuwur manèh. Saiki têkan ing bangsane manusa kang nalikane ana ing donya iki bêcik lan suci uripe. Ewasamono manusa kang uripe wus manut pranatan kang utama mangkono, nanging isih ana cacade. Panganggêpe marang agamane kêrupitên, panêmune isih kêna kaaranan cingkrang lan isih duwe pêpenginan tumrap marang awake dhewe. Ênggonku ngarani manusa kang padha mangkono iya uga bêcik, nanging ora kadunungan kalimpadaning nyawa. Mungguh ênggone maknani têtêmbungan ing layang-layange agama kang dianggêp suci, kurang pintêre. Kaya ta: swarga iku dianggêp kaya kutha Yerusalam kang anyar, dirêngkuh kutha têmênan kang rinêngga ing dalan-dalan [dala...]

--- 92 ---

[...n-dalan] kancana, lan pangandikane Yokhanan kang isih pralambang uga dianggêp kayadene rêrênggan kang endah ing donya. Mulane mangkono, awit dene padha angira yèn samubarang kang dijarwakake ing agamane, barang kang adi-adi iku padha maujud kayadene kaanan ing donya iki. Kaelingane mung barang kadonyan, ora pisan yèn kagadhuhana cipta urip ana ing pangangên-angên luhur, pamêndênge mung marang kawujudan endah kaya upamane rukmi rêtna utawa sêsotya donya bae. Mulane manusa kang mangkono iya bakal ngundhuh sêsêbarane dhewe. Yèn wis ninggal badane wadhag banjur kinubêngan ing samubarang kang wus cinipta, kalane isih ana ing donya iki kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, sawiji-wijining prakara kang biyèn wus kacipta, iya bakal maujud pêpêthan kaya ciptane mangkono. Dadi angêplêki ciptane dhewe. Mangkono iku aran angênggoni padunungane kabungahan kang wus kacipta. Anane ing kono ngadat lawas bangêt, nanging lawas-lawas iya banjur bosên andêlêng rêrupan kang adi-adi mau. Sabab bola-bali tansah ajêg wujude. Mêsthi bae barang kang sabên-sabên tansah katon môngka panggah wujude iya [i...]

--- 93 ---

[...ya] angêbosêni. Yèn kaanan mangkono wus sirêp têgêse wus ora ambônda nyawa, nyawa tumuli bisa mandhuwur manèh angluhurake padunungane. Manusa kang wus karêp angluhurake kaanane, iya banjur katurutan bisa mundhak kalimpadane, lan saya lawas saya luhur dêdununge. Yèn prakara ing dhuwur mau kotiti, iya banjur têtela sumurupmu manawa sakabèhing alam kang têngah iku didunungi sawarnaning pangangên-angên bab urip ing kadonyan. Dene alam têngahan kang luhur dhewe, yaiku kang cêdhak bangêt karo alam swarga, ing kono kabèh manusa kang padha pinunjul pangangên-angêne, uga isih padha binônda nalikane ana ing donya manusa iku akèh kawaskithane, nanging panganggone kawaskithan mau pinarakake marang barang kadonyan, dadi dayaning pikirane lawas-lawase mung kanggo ambudi barang kang wadhag-wadhag. Sarta manèh ênggone ngupaya kawruh padha nganggo isarat wêwadhagan, dadi ora kalawan isarating kawruh suci, sarta manèh para manusa mau ênggone padha ngupaya dayaning pangangên-angên, kang dianggo saranane akèh kang bôngsa wêwadhagan, ora nganggo isarat kang dumunung ing alam kang suci,

--- 94 ---

yaiku ing pangangên-angên kang luhur-luhur. Mungguh para manusa mau anane ing alam kang mangkono iya lawas, ing kono tansah rumôngsa kabêgjan lan kabungahan sarta marêm ing ati, ana ing alam iku iya padha nyambut gawe lan ambudi apa manèh ambanjurake nyinau samubarang kayadene nalikane ana ing donya, nanging kalawan daya kang gêdhe-gêdhe, dadi manggone ing alam iku bangêt lawase, tansah ambanjurake pamarsudine marang sarupaning kawruh kang wus kadarbe, kalawan patrap kaya kang wus dikulinani.

Sakabèhe kaananing urip kang mangkono mau dumunung ana ing alam têngahan, alam têngahan iku dudu sajatining alame êroh, sabab isih kalawan angangên-angên barang kadonyan, mulane yèn kowe nêdya dumunung ing kono, bisa amung liwat bae, sarta ênggone ngluhurake alam mung bisaa luwih rikat tanpa pêpalangan, mungguh tuturku supaya kowe padha nglêlantiha pangangên-angênmu, lan tansah angluhurna kalimpadanamu, mangkono iku kambi angelingana manawa uripmu ing donya iki dadi pathokane uripmu sawuse kowe mati, lan bakal kaananing uripmu iya kowe dhewe [dhe...]

--- 95 ---

[...we] kang nuwuhake.

Lah saiki alam têngahan ora dak caritakake manèh, gênti amratelakake alam swarga, dadi alame roh kang sajati. Iya alame roh dhewe,uga alam kang kadarbe ing roh dhewe, marga saka dayane dhewe. Saiki padha rungokna: sarèhning alaming nyawa iki kadarbe dening nyawa awit dene panggawening dayane dhewe, dadi gawe têtelaning sêsupansêsurupan. kita: sajroning kita urip ing alam donya iki mêsthi uga kawawa anjajah alaming nyawa kang sajati, utawa alam swarga iku, apa manèh uga bisa angrasakake sakèhing kabungahan kang dumunung ing alam kono. Sarèhning asal kita saka ing alam swarga, dadi sanajan sajroning urip ing alam donya iki, iya uga bisa dumunung ing alam kono. Mulane bab iku uga dipangandikakake dening Yesus: karatoning Allah dumunung sajroning badanmu.

Ana ing alam swarga apa ta kang tinêmu dening manusa, mangkono: pangrasa bêgja, kabungahan, kapenak lan suci, kabèh iku ing donya iki ora ana kang nimbangi. Lah iku

--- 96 ---

kang aran kabungahan kang gêdhe bangêt kang kaoncatan sawarnaning kasusahan, lah iku kang aran sajatine kabêgjan linuwih, sayah lan kêsêling nyawamu wus sirna sakabèhe. Ya iku sayah kang tansah angêmuli nyawa kayadene kêmul kang kinukubake wus diuculi. Dene pangrasa mungguh kaananing karosan ajêg ora suda-suda, tansah maujud ênom ora kêna ing pati, ing kono banjur eling asale omahe sajati, ing kono manusa kadunungan têntrêm lan marêm, apa manèh rasa kang ayêm bangêt ora ana kang ambêbidhung. Cêkake katêntrêman kang pinunjul angungkuli ing sakabèhe. Apa manèh yèn nyawa wis binuka, kabêgjane kang luhur dhewe iku banjur kadunungan kabungahan kang linuwih, yaiku rinakêtan dening samubarang kang ditrêsnani lan diwêlasi nalikane ana ing donya. Kabèh dumunung ing sacêdhake iya iku para mitra kang wus nancang kalawan katrêsnan lan kawêlasaning nyawa. Kabèh kang winêlasan mangkono ora ana siji-sijia kang ora katon, nanging alaming nyawa kang sajati mau. Yèn kowe krungu pitutur mangkono iku, mêsthi bakal atakon mangkene: lah môngka mitra kula ingkang kula trêsnani, [trê...]

--- 97 ---

[...snani,] wontên ugi ingkang dèrèng pêjah, taksih kantun wontên ing donya. Mangkene têrange: mungguh ananing alam swarga iku wus ora ana pêpisahan, aling-aling kang ngêdohake nyawa wus ora ana, mangkono mau aran tansah awor utawa nunggal, dadi kang pêpisahan iku mung badan wadhag, dudu nyawane, nyawa ora mraduli marang raga wadhag kang anjalari pêpisahan, nyawa dumunung ing alam swarga, dadi badanmu wadhag iku satêmêne kang agawe wutaning pandêlêngmu. Badan wadhag yakin agawe budhêg lan angilangake rumangsane uripe manusa ana ing alam swarga. Nyawa iku prasasat angêlêmake pangrasa ana ing raga wadhag, nanging asli pangrasane nyawa dhewe dumunung ana ing alam swarga, mulane yèn manusa sawuse mati bisa dumunung ing alam mau mêsthi iya banjur tatêmon karo mitrane ing donya iki kang ditrêsnani. Nyawa kang wus bisa ambêsut raga wadhage, têgêse ora kêrèh, iya banjur duwe pangrasa tansah nunggal lan amor karo nyawa-nyawa liyane kang padha ditrêsnani lan diwêlasi. Mangkono iku mungguh panyanamu yèn kowe ora bakal bisa katêmu karo mitramu kang wus sirna, iku ora bênêr,

--- 98 ---

sing pêrih lan susah kowe, dudu mitramu kang wus mati. Nyawane mitramu anane ing alam swarga ora duwe pangrasa kêkelangan mitra, lan ora rumôngsa pêpisahan karo pawong mitrane, dene kang duwe rumôngsa mangkono iku kowe dhewe. Nyawa kang ana ing alam swarga, nadyan pangiramu pisah, saka kowe dhewe, dhèwèke ora rumôngsa adoh dhèwèke lan bisa magêpokan karo nyawamu. Dadi kowe kang dumunung raga wadhagmu, ora kadunungan pangrasa kang mangkono.

Lah iku sajatining kabungahaning nyawa, kang kawawa urip ana ing alam kaswargan, sadhengah manusa kang ditrêsnani, mêsthi iya ana ing kono, ora ana siji bae kang kaliwatan, mungguh kaananing pangrasa ing alaming nyawa kang sajati mau mangkene: kang dhisik rumôngsa kabêgjan kang luwih dening gêdhe, tumuli bisa tatêmon lan nunggal karo samubarang kang ditrêsnani.

Saiki aku bakal ngandhakake manèh bab manusa kang dhêmên mêndêm, kayadene kang wus dak tuturake ing dhuwur, kalane aku mratelakake bab kaananing alam ing ngisor dhewe. Manusa ngulinakake mêndêm iku, ing têmbe iya

--- 99 ---

uga bisa anggayuh dumunung ana ing alam swarga. Yêktine ora ana nyawa siji-sijia kang urip ing donya iki, kang ora bakal angrasakake kabêcikan lan kanyataan kang sajati. Ora ana sawijining wong lanang utawa wong wadon kang bangêt alane kongsi ora kadunungan kawêlasan sathithik-thithika. Sadhengah manusa, sanadyan sathithika iya mêsthi kadunungan kawêlasan, lan iya darbe niyat bisaa kagadhuhan pangangên-angên kang bêcik, darbèke manusa mau ya iku kang wus wujud wiji ana ing nyawane, nadyan mung sathithik, mungguh pangiramu apa kasirnakake dening Allah, yèn mangkonoa aran sulaya karo ugêring rad raya kang têtêp lan adil, nyawa kang mangkono iya bisa dumunung ing swarga, nanging mêsthi ora bisa lawas, sabab jasad kang anjalari bisa lawas dumunung ing kono mung sathithik bangêt, sanadyan sathithik iya isih kudu ngundhuh wiji sêsêbarane nalikane ana ing donya. Dadi pangundhuhe ana ing swarga. Sarta ana ing kono sadurunge nyawa mau bali manèh marang donya iki, iya uga kêna diarani wus duwe kalimpadan nanging mung sathithik, mulane mêsthi bali marang donya ngupaya kalimpadan utawa [u...]

--- 100 ---

[...tawa] kawruh manèh. Dadi wiji siji bae kang wus tinandur ing donya matênge mêsthi diundhuh ana ing alam swarga.

Saiki dak banjurake ênggonku nyaritakake kaananing urip ing alam swarga iku. Sing wis dak kandhakake ing dhuwur: ing kono nyawa duwe pangrasa katêntrêman, kabungahan lan sapatêmon karo mitra-mitrane kang ditrêsnani, hakikine ora mung iku bae.

Saikine aku nyaritakake, upama ana sawijining nyawa nalikane ana ing donya iki karêm utawa dhêmên bangêt marang kapintêran bab gêgawean sawijining barang, gêndhing, nyungging utawa ngukir, dadi nalikane ana ing donya kawruhe mau wis wiwit tuwuh, wijining kawruh kang mangkono iku uga ginawa dening nyawa marang swarga. Anane ing alam swarga wijining kawruh mau dadi uwit, lan anane ing alam kono wiji mau dadi daya kang luwih gêdhe, banjur dadi kawaskithan kang linuwih. Nalikane ana ing donya iki manusa kang kadunungan kêkarêman kawruh kang kasêbut ing dhuwur iku durung kawawa anggêlarake utawa namakake amarga kangelan, mangkono iku saka panggawene jasat kadonyan kang ngêbot-êboti, lan gawe rêkasaning [rê...]

--- 101 ---

[...kasaning] manusa kang sêdya anggêlarake kawruhe. Akèh bae manusa kang wus kagadhuhan kawaskithan, nanging durung bisa anggêlarake. Mungguh pangrasane kèhe kawruh kang kinandhut, isih angluwihi tinimbang karo kang winêdharake. Ciptane dhèwèke isih bisa nandukake panggawe kang ngluwihi karo kang wus kawêdharake. Sarèhne ing alam swarga iku siji-sijine cipta bisa maujud, sawijining pangarah bisa kadadean, sadhengah impèn mêsthi têmêne, dadi sawijining nyawa kang nalikane ninggal donya iki wus darbe kawaskithan, ing têmbe yèn bali manèh marang donya iki, mêsthi dadi manusa kang linuwih wiwit cilik mula. Nyawa kang anggawa wijining kalimpadan mangkono marang alam swarga, sarupaning dhêdhêmênane masthi bakal dadi daya. Mulane barêng bali manèh marang donya, banjur dadi bocah kang wus pintêr samubarang kawruh kaya kang kasêbut ing dhuwur. Pintêre iya wiwit isih bocah, dadi tanpa winuruk ing liyan. Uripe manèh ing donya mau, sarupaning kawruhe dadi akèh lan linuwih, sabab bêbakalane wus rumanti nalika uripe sing uwis.

Saiki kowe wus padha wêruh kuwasane alam swarga tumraping [tumra...]

--- 102 ---

[...ping] nyawa, ugêr wêwatone rad raya iku têtêp ora owah-owah. Saiki masthi têtela sêsurupanamu mungguh pranataning Allah samubarang kang diundhuh ing manusa iku sêsêbarane dhewe. Sing sapa anucèkake uripe ana ing donya iki lan akèh kawaskithane, sawuse mati masthi uga mangkono. Nanging yèn nalikane urip ana ing donya iki nistha lan ala, mung marsudi samubarang kang tanpa guna, ing têmbe iya ora salin dadi urip kang utama.

Mulane kowe kabèh dak caritani kaananing urip sawuse mati iki, sabab kowe kabèh bakal padha angambah alam iku sawuse aninggal badanmu wadhag, lan manèh kowe padha ambudidaya kawruh sadurunge mati, patuwasing kawruh mau bisaa dadi jalaraning sucine kaananing nyawamu sawuse mati. Satêmêne manusa ora bisa ngoncati ugêring rad raya, kowe kabèh padha rinêgêm dening ugêring Allah. Ugêr kang mangkono ora kêna tinêrak, sawarnaning alam kang luhur-luhur kêrèh dening kang Maha Kawasa. Kowe kudu nurut pêpacaking ugêr mau, aja nyulayani, kowe kêna milih sakarêpmu apa kang bakal kosêdya, nanging dieling ing sakabèhing

--- 103 ---

sêdyamu masthi bakal kadadean. Lah saiki yèn kowe wus padha mangêrti pituturku ing dhuwur iku kabèh, pamrayogaku supaya kowe padha nitia dhewe. Ing têmbe kowe bakal nyumurupi têmên lan orane. Kawruhana: mungguh pituturku kabèh iki, ora duwe pamurih dhêmên kopracaya, lan aja pisan padha pracaya marang rêmbugku, yèn ora ana kanyataane. Sabab aku nyaritakake samubarang lêlakon kang dak dêlêng dak sumurupi dhewe, lan kowe uga padha bisa mriksa dhewe yakin lan orane, mangkono mau yèn nurut patraping pratingkah kang wus padha dilakoni ing liyan, kang saikine uga isih padha dilakoni. Ênggonku rêrêmbugan karo kowe kabèh iki dak padha kayadene wong ahli kawruh, yèn nuju nyaritakake kawruhe marang kowe. Mangkono iku yèn kawruh kang dicaritakake mau ora kosinau dhewe, wus masthi kowe bakal ora andungkap lan mangêrti marang sawarnaning sabab-sababe yakining kawruh kang dicaritakake mau. Dene kawruh kang dak tuturake iki masthi kêna kogayuh yèn bêcik pamarsudi lan panglantihmu, kayadene bab kawruh liyane. Pangiraku [Pangi...]

--- 104 ---

[...raku] kowe durung bisa ngarani yakin lan orane bab samubarang kang dak caritakake ing dhuwur. Mara patraping paniti turutên, cêgahên sawarnane kamelikaning badanmu, gêladhinên bab panganggoning nyawamu. Yèn mangkono, kowe dhewe bakal kawawa anyumurupi sarupaning kaanane urip kang wus dak caritakake ing dhuwur. Masthi kowe bakal sidik ing pandêlêngmu marang samubarang kang wadi lan kang alus-alus. Kang dak caritakake iki, kayadene lêlana anjajah tanah kang adoh-adoh. Kowe kabèh iya padha bisa tumêka ing tanah kang adoh-adoh mau yèn kowe gêlêm. Nadyan mung ngrungokake caritane wong kang lêlana bae, ana uga paedahe manawa prakara kang korungokake ana saprakara kang kêna koanggo anjêrokake pamarsudimu marang kawruh. Bokmanawa bisa muwuhi pangati-atimu ênggonmu urip, lan manawa bisa nucèkake sawarnaning pikiranamu. Pêpungkasane pituturku, yèn sawijing nyawa kalawan bisa mulya lan santosa, sêdyaku kang dak sekahake iki aran kabul, dadi bêbasane: sawijining kongkonan wus anglakoni wajibe.