Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pônca Pranawa, Angabèi IV, c. 1900, #1327

Katalog:Pônca Pranawa, Angabèi IV, c. 1900, #1327
Sambung:-

Sêrat Pônca PranawaJudul berdasarkan pada daftar isi.

--- 0 ---

Sêrat Pônca Pranawa, anggêlarakên kawruh Sastra Harjendra saha Sastra Cêtha, kalêbêt ing Sêrat Jitabsara, ingkang kinêkêr dening para jawata.

Sêrat Pônca Pranawa punika, kawahyanipun wontên ing Jitabsara, kapêndhêt suraosipun saking kawruh kasunyatan.

Kacariyos nalika Sang Hyang Bathara Endra tampi wasitadi, saking ingkang rama Sang Hyang Bathara Guru, inggih Sang Hyang Girinata, wêdharing wasita muhung kalihan cipta sasmita kemawon.

Ing jaman kadewatan, kawruh wau dipun wastani Sastra Harjendra, têgêsipun kayuwananipun Bathara Endra, manawi sampun sumêrêp ing sajatènipun, saèstu hayuningrat, têgêsipun wilujêng ing jagadipun. Inggahipun malih dipun wastani Sastra Cêtha, têgêsipun kalêpasaning kawaskithan. Dados mardikèngrat, têgêsipun jumênêng pêpijèning jagad,

--- 277 ---

awit botên kasamaran dhatêng sangkan paraning dumadi, mila piningit botên kenging kengis ing akathah, anjawi para jawata ingkang karilan Sang Hyang Suksma Kawêkas. Manawi manungsa inggih ingkang tinarimah pujabratanipun. Manawi botên saèstonipun kenging prabawa guntur wisesa, guntur gêni, guntur bumi, guntur angin, guntur banyu, guntur awang-awang, manawi kataman ing guntur prabawa botên tumama, tôndha katarima, manawi botên katarima, sirna tanpa wisesa, mênggah gancaripun ing ngandhap punika.

Bêbukaning cariyos, kala samantên Sang Hyang Girinata karsa angumpulakên kawruh, awit mêntas kalindhih kawruhipun dhatêng Rêsi Kanekaputra, mila sasampuning kalindhih, lajêng angêmpalakên para kadang dewa tuwin putra bathara.

1. Sang Hyang Rêsi Kanekaputra

2. Sang Hyang Basuki

--- 278 ---

3. Sang Hyang Sriyana, inggih ingkang ugi kasêbut nama Bathara Panyarikan

4. Bathara Endra

5. Bathara Wisnu, sami têdhak sapucuking wukir Jamusdipa.

Sang Hyang Guru andangu têpanging kawruh, dene ing ngajêng sampun ambabarakên awit purwaning dumadi, ingkang sêpuh piyambak, cahya, lajêng dahana, lajêng bantala, lajêng bayu, lajêng samodra, punika kapabênan dening Rêsi Kanekaputra, winastan taksih lêpat pangancasipun. Dene mangeran dhatêng kawontênan, sisip sêmbiripun sumurup dhatêng teja sarta kêkuwung, amargi sadèrèngipun wontên punapa-punapa, taksih awang-uwung, sampun wontên swara kadi gêntha kêkêlèng, punika Sang Hyang Guru kabilêt jablasipun.

Rêsi Kanekaputra anggènipun mijangakên aturipun makatên, hong hyang-hyanging ulun, mênggah sagunging [sagung...]

--- 279 ---

[...ing] kawontênan punika angèsthi kajatosan. Kajatosan punika wontên ing kahana, saksènipun wontên manungsa, jagading manungsa punika botên prabeda kalihan jagading donya, mila kabasakakên, sadurunge ana cahya wus ana swara pindha gêntha kêkêlèng, punika mangkatên,Makatên ( dan ditempat lain). swara punika sajatining bawa, gêntha punika jatining kôntha, kôntha punika samar, samar punika elok, elok punika gaip,gaib (dan di tempat lain). dene gaibing Pangeran mawi sasôndha ing kadadosan, kabasakakên, datan warna rupa, ananging mimbuhi sipating wêwarnèn. Datan arah ênggon, nanging nglimputi sagunging kawontênan. Ngandika tanpa lesan, muhung bawa, anggônda tanpa grana, muhung purba, ningali tanpa netra, muhung waskitha, amiyarsa tanpa karna, muhung wisesa, angraos tanpa raos, muhung pangraos. Kosokwangsulipun, purwaning ana saking ora, têgêsipun,

--- 280 ---

witing lair saking batos, witing rame saking ênêng, witing gumêlar saking asonya, nanging sampun kagalih manawi tawang-tuwang tanpa wasana, bêbasan mangeran kumandhang, wosipun sirik manawi anampik amiliha, yèn anampika, punapa ingkang ginêlar badhe botên kagulung malih, yèn amiliha, punapa botên uninga, manawi sagunging kawontênan punika saking gaib. Sadaya wau sampun ngantos korup. Malah angorupana sampun ngantos kawimbuhan, malah amimbuhana, punika kemawon sampun cêkap dhatêng dununging pangèsthi ingkang sajati. Kèndêl aturipun Rêsi Kanekaputra, Sang Hyang Bathara Guru langkung lêga ing galihipun. Rumaos kasêmbadan anggènipun kagungan pangèsthi sagêda kados Sang Hyang Adhama, Jitabsara Sang Hyang Adhama punika panjênênganipun Kangjêng Nabi Adam. Ing ngriku Sang Hyang Guru lajêng dhawuh dhumatêng para kadang dewa tuwin putra bathara, sagêda angudhoni [a...]

--- 281 ---

[...ngudhoni] ambawarasa.

Sang Hyang Basuki anambungi atur, mênggah aturipun Rêsi Kanekaputra punika inggih sampun lêrês. Ananging namung sawêg mêlêng dununging pangèsthi dhatêng Hyang Kang Murbèng Gaib, dunungipun ingkang pinurwa dèrèng.

Sang Hyang Guru angandika, dhuh pantarèng ulun, mara têrangna babar pisan.

Aturipun Bathara Basuki, manawi saking wasitanipun guru kawula Rêsi Rukmawati, Hyang Kang Murbèng Gaib punika, lajêng amurwèng nur rohkyat, têgêsipun cahya gêsang, lajêng amurwèng anasir, gêni, bumi, angin, banyu, punika dados kahananing manungsa. Latu dados napsu, mratandhani cahya kawan warni, abrit, cêmêng, jêne, pêthak. Bumi dados badan, mratandhani kulit, daging, balung, sungsum. Angin dados kahananing napas, mratandhani ing lesan, ing grana, ing netra, ing pamiyarsa. Toya dados kahananing roh.

--- 282 ---

Ing Jitabsara katêmbungakên asrar, amratandhani roh jasmani, roh kewani, roh nabadi,nabati. roh nurani, dumugi samantên kèndêl aturipun Sang Hyang Basuki.

Lajêng kasambêtan aturipun Sang Hyang Sriyana, dhuh mitraning ulun, sami sumêrêpa, manawi punika wau taksih wontên pêcahipun malih, ingkang kasêbut wau sawêg kang amurwa, mênggah lênggahipun ingkang pinurwa dèrèng, wangsulipun ingkang pinurwa inggih dèrèng. Pangandikanipun Sang Hyang Guru, mara ta salêsihna sasurasane. Aturipun Sang Hyang Sriyana, manawi wasitanipun guru kawula Rêsi Pramana Tunggal. Pasêmonipun ingkang murwèng gaib punika, kapralambang ing sastra catur swara.

A, I, O, Rê tuwin

Ha Na Ca Ra Ka, Da Ta Sa Wa La,

Pa Dha Ja Ya Nya, Ma Ga Ba Tha Nga

Ha Na Ca Ra Ka, Da Ta Sa Wa La,Berupa pasangan.

Pa Dha Ja Ya Nya, Ma Ga Ba Tha NgaBerupa pasangan.

--- 283 ---

Wijangipun makatên

A, mila punika ôngka sakawan akalihan Sa, kajêngipun, wijining manungsa punika kawan prakawis. Bahni, bantala, bajra, baruna, têgêsipun, gêni, bumi, angin, banyu.

I, mila punika Ba kacêrêg ngandhap, kajêngipun bayi, dene mratandhani dadosing manungsa, sangkêp sawujudipun sadaya.

O, mila punika Wa kapasangan Da, kajêngipun mungêl Wêda, têgêsipun katingal.

Rê, mila punika Pa kacêrêg ngandhap, kajêngipun mungêl Paja, têgêsipun antara.

Ha Na Ca Ra Ka, têgêsipun wontên utusan, dunungipun mangsul

Ka Ra Ca Na Ha, têgêsipun pangucaping lesan.

Da Ta Sa Wa La, têgêsipun dat katôndha ing sawara, dunungipun mangsul.

--- 284 ---

La Wa Sa Ta Da, têgêsipun pratôndha salamènipun.

Pa Dha Ja Ya Nya, têgêsipun sami unggulipun, inggih punika manggènipun pôncadriya, dunungipun mangsul.

Nya Ya Ja Dha Pa, têgêsipun sarira punika batangan, inggih pêthekan, awit dados sasananing kawruh.

Ma Ga Ba Tha Nga, têgêsipun botên pêgat pangidhêpipun, dunungipun mangsul.

Nga Tha Ba Ga Ma, têgêsipun angôntha satata, dene antaraning ingkang amurwa wontên manungsa.

Wondene pasangan pêcahipun wontên ricikan rajah ing badan, wijangipun makatên.

Ha, lidhah, mila dipun têgêsi ngestokakên, awit lidhah manut sapakoning karsa.

Na, luwakaning netra, mila dipun têgêsi katrangan,

--- 285 ---

awit luwakaning netra andamêl wênganing pramana.

Ca, tangan, mila dipun têgêsi kancuh, awit tangan dados kancuhaning osik.

Ra, manik, mila dipun têgêsi sotya, awit pratandhanipun wontên ing manik

Ka, cangklakan pundhak, mila dipun têgêsi kukuh, awit andamêl pikuwating bahu.

Da, kalamênjing, mila dipun têgêsi panjang, awit amanjangakên wujuding jôngga.

Ta, cangklakaning suku, dipun wastani cêthik, mila dipun têgêsi prênah, awit tansah kinarya lênggah.

Sa, antaraning jaja, mila dipun têgêsi gêgolongan, awit jaja ênggènipun parabot ingkang parlu.

Wa, bahu kiwa, mila dipun têgêsi kanthi, awit dados lawananing têngên.

La, gêgêr têngên, mila dipun têgêsi turas, awit anêrusi [a...]

--- 286 ---

[...nêrusi] ngajêng.

Pa, lambe ngisor, mila dipun têgêsi patitis, dene ngêdalakên pangucap.

Dha, dhadha, mila dipun têgêsi dalan, dene panggenan kêkêtêg.

Ja, sandhing thingil dhadha, mila dipun têgêsi aju, dene dados pangajêng.

Ya, bahu têngên, mila dipun têgêsi cuthat, dene anampèni karêntêg.

Nya, luwakaning netra kiwa, mila dipun têgêsi mulung, dene angênani panuju.

Ma, janggut, mila dipun têgêsi undêr, awit dados undêraning uwang.

Ga, gulu wingking, mila dipun têgêsi agêng, awit panggenanipun sanginggiling badan.

Ba, pasu, mila dipun têgêsi jêmbar, awit anarambahi muka.

--- 287 ---

Tha, athi-athi, mila dipun têgêsi tulis, dene amimbuhi asrining warna.

Nga, lompongan irung, mila dipun têgêsi mangingsêp, dene tansah anggônda.

(layar), irung, sami kalihan aksara Nga,

(wulu), sirah,

(pêpêt), êmbun-êmbunan,

(cakra), sami kalihan aksara Dha,

(taling), kuping,

(tarung), thingil kuping,

(suku), sikil,

(cêrêg), pajalêran,

(pasangan Wa), inggih bahu kiwa,

(pengkal), inggih bahu têngên,

(wignyan), cangkêm,

(pangkon), pandhaku.

--- 288 ---

Dene cahya kawan prakawis, abrit, jêne, cêmêng, pêthak punika wau makatên.

Cahya abrit, sumurub dhatêng cahya cêmêng.

Cahya cêmêng, sumurub dhatêng cahya jêne.

Cahya jêne, sumurub dhatêng cahya pêthak.

Cahya pêthak, sumurub dhatêng cahya môncawarna.

Cahya môncawarna, sumurub dhatêng cahya mancorong.

Cahya mancorong, sumurub dhatêng cahya mancur.

Cahya mancur, sumurub dhatêng cahya wêning.

Cahya wêning, sumurub dhatêng cahya gumilang.

Cahya gumilang, sumurub dhatêng cahya kang samar, inggih punika lajêng gaib malih.

Kèndêl aturipun Sang Hyang Sriyana, Sang Hyang Guru langkung sukarêna ing galih, dene kawruh kalambang saking sastra, ing sanalika Sang Hyang Sriyana kawêwahan pêparap Sang Hyang Panyarikan, para kadang dewa tuwin putra bathara, sadaya sami jumurung mangayubagya.

--- 290 ---

Kasambungan aturipun Sang Hyang Endra makatên. Dhuh pukulun, têka taksih karonehan têmên. Manawi pêpanthênganipun manah kawula, amung kawula ringkês kemawon, dhatêng ênêng kalihan êning, dene dadosipun dumadi amung rupa, warna, ambu, rasa, pangracut kawula inggih amung saking rasa, ambu, warna, rupa, pangancas kula amung dhatêng nukat gaib. Pangraos kawula sampun botên wontên katakèkakên malih, kèndêl samantên.

Kasambungan aturipun Sang Hyang Wisnu, pukulun, mênggah ingkang makatên wau inggih sampun lêrês sadaya, anamung panggêlar panggulungipun taksih tumpangso, manawi wasitanipun guru kawula Sang Usman Ngajid, asalipun manungsa punika saking hèp, tumurun dados cahya, kasumuman bumi, gêni, angin, banyu, dunungipun jasat, napsu, napas, roh, ananging dadosipun rumiyin roh, napas, napsu, jasat.

--- 291 ---

Sawêg dumugi samantên, kadhawuhan ing Sang Hyang Guru makatên. He kulup, bênêre apa ora gêni dhingin, dene sira unggulake bumi, apa ora luwih asor. Aturipun Sang Hyang Wisnu, punika sami lêrêsipun, manawi bangsanipun jim, kaluhurakên latu, awit asalipun saking latu, lêlurenipun saking jan, banujan, jin, jim, idajil, inggih punika ingkang kasêbut ing Jitabsara Sang Hyang Adyan, banudyan, dian, jiyam, maljiba.

Dhawuhipun Sang Hyang Guru, balik sira iku asal saka apa. Aturipun Sang Hyang Wisnu, kawula punika manungsa kajiman, ananging luhur kamanungsan kawula, kalihan kajiman kawula. Dhawuhipun Sang Hyang Guru, apa ora dhingin jim kalawan jalma. Aturipun Sang Hyang Wisnu, lêrês pukulun, ananging pêparanipun dhumatêng kawula tuwin paduka, punika rumiyin manungsanipun. Awit Sang Hyang Adhama ingkang nama Nabi Adam tuwin Sang Hyang Sita, ingkang nama Nabi [Na...]

--- 292 ---

[...bi] Sis. Punika jatènipun manungsa, sarêng dumugi Sang Hyang Nurcahya, ingkang ing ngajêng nama Sayid Anwar, lajêng Sang Hyang Nurrasa, Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Tunggal, punika sami sirna kamanungsanipun, amargi lajêng jisim rohkani botên katingal. Namung sarêng dumugi paduka punika sagêd katingal, sagêd botên katingal, amargi panjênêngan paduka angèsthi sagêda angratoni manungsa kados Sang Hyang Adhama.

Sang Hyang Guru angandika, bênêr kaya aturira, nanging kang sira pêlêng iku tekatira kang êndi, apa kang manungsa, apa kang jim. Aturipun Bathara Wisnu, kawula angge lair batos, ing batos manungsa, ing lair jim. Awit kawula turutakên asalipun jiwa raga, kamanungsan kawula saking lêluri priya, mila kawula anggêp kabatosan, amargi priya dados lêlantaran angwontênakên jiwa, kajiman kawula saking lêluri èstri, awit Sang Hyang Nurcahya kamantu dening

--- 293 ---

rajanipun jim, amila kawula damêl kalairan. Amargi èstri dados lantaran angwontênakên raga.

Dhawuhipun Sang Hyang Guru, apa ora kabali swara, sarta apa ora sungsang buwana balik. Aturipun Bathara Wisnu, pukulun saèstu botên, ngandhap nginggil, lèr kidul, wetan kilèn sarta pojok, sadaya keblat punika sampun kawêngku ing têngah, awit kawontênanipun amastani mangkatên wau, ancêr-ancêripun wontên manungsa.

Sang Hyang Guru adhangan ing panggalih saha ngandika, he putraningsun Wisnu, dene sira nunggal lawan pangèsthiningsun, yèn mêngkono ing samêngko sira ingsun parabi aran Narayana, mratandhani yèn ananira iku manungsa, Sang Hyang Wisnu langkung anarima, para dewa anayogyani.

Sasampunipun makatên, Sang Hyang Wisnu lajêng andamêl ekral cakra, minôngka bundêring kasantosanipun.

--- 294 ---

Sang Hyang Guru lajêng dhawuh, he kadang dewa lan putra bathara, sawuse kumpul kawruhe kabèh ingsun dadèkake sawiji, minôngka wêwatoning kawruh kadewatan, dadia gêgêbêngane anak ingsun Si Endra, nanging ingsun kêkêr ingsun waranani aja kongsi kajambar ing singa manungsa, supaya para manungsa aja madhèhake kahananing jawata, marmane ingsun karya pralambang, yèn kagayuh iya dadi panarimane, sarta banjur dadi Sastra Cêtha dhewe, sadurunge dadi Sastra Cêtha, ingsun arani Sastra Harjendra, ing laire dadia pambêkan utama, ing batine dadia pancadan sangkan paraning dumadi, anunggal kawula gusti,

--- 295 ---

amratandhani ing kanugrahane, kang dhingin limang ukara, iku dadi ambêkira, diarani pônca purwanda, kaya ta 1. ambêking surya, 2. ambêking bumi, 3. ambêking angin, 4. ambêking sagara, 5. ambêking akasa. Sapangkat manèh diarani pônca dumadya, iku dadi kadadeyanira, uga tumangkar limang ukara, kaya ta 1. babaring antiga, 2. lêpasing astra, 3. tumamaning punglu, 4. laraping pêdhang, 5. rêmbêsing banyu. Sapangkat manèh diarani pônca prabawa, iku dadi pratandhanira, uga tumangkar limang ukara, kaya ta, 1. landhêp, 2. angkêr, 3. sumunu, 4. sumulap, 5. mêmarab. He, para kadang dewa tuwin putra bathara, mara padha surasanên, kapriye karêpe lan kadadeyane. Para kadang dewa tuwin putra bathara, inggih sagêd ambabarakên, nanging botên sagêd anangkarakên, sagêd amêcah nanging botên sagêd maradhah, dados aturipun sami anyumanggakakên.

--- 296 ---

Andikanipun Sang Hyang Guru, he kadang dewa tuwin putra bathara, marmane sira aja ngaku pintêr, mênèk kabalingêr, awit bêbasane wong pintêr kasor dening wong sugih pratikêl. Wong sugih pratikêl kasor dening wong ênggêl, iya iku wong wisesa, awit saka ingsun kang kagadhuhan wisesa, dadi luwih kawasa, mungguh dununge mau sira padha sumurupa. 1. Ambêking surya, ingsun têmbungake amongan. Jarwane among, awit kahananing srêngenge tansah angon angulatake ing dumadi, tumrape marang pambêkan eling, dununge pramana, dadine ora kasamaran. 2. Ambêking bumi, ingsun têmbungake amrat, jarwane amot, dene kahananing bumi tansah angêmbat ambobot ing dumadi, tumrape marang pambêkan mantêp, dununge jatmika, kahananing sarira dadi ora kabarabean. 3. Ambêking angin, ingsun têmbungake kamrat, karêpe kamot, dene kahananing tansah

--- 297 ---

katadhahan ing dumadi, tumrape marang pambêkan têmên. Dununge aringing napas, dadi ora andaleya. 4. Ambêking sagara, ingsun têmbungake mamrat, karêpe momot, dene kahananing sagara tansah tumadhah tumandho sêsarahing dumadi, tumrape marang pambêkan sabar, dununge anèng rêrêming rasa, dadi ora pradulèn. 5. Ambêking akasa, ingsun têmbungake makwat, karêpe mêngku, dene kahananing langit tansah angaubi ing dumadi, tumrape marang pambêkan santosa, dununge ing karsa, dadi ora gimirên.

Kumpuling pambêkan lima iku diarani, among, amot, kamot, momot, mêngku.

Tumrape marang pambêkan lima, eling, têmên, mantêp, sabar, santosa.

Dununge pambêkan lima, tan samar, tan dahuwèn, tan sêmbrana, tan panasbaranan, tan gimirên.

Dene dadine limang ukara kaya ta,

--- 298 ---

1. Babaring antiga, iku talika, karêpe têtêp, iya iku têtela anêtêpi dadining urip, pratandhane kawahana, nyatane ing pangrasa.

2. Lêpasing panah, iku aran matas, karêpe tatas, iya iku têdhas, anêtêpi sangkan parane, pratandhane sunyaruri, nyatane ing pamyarsa.

3. Tumamaning mimis, iku tumêlêng, karêpe titis, iya iku angencoki, anêtêpi dêdunungane, pratandhane tumanêm, nyatane ing lesan.

4. Laraping pêdhang, iku ramabas, karêpe putus, iya iku pêgat, anêtêpi babar pisan, pratandhane sampurna, nyatane ing panggônda.

5. Rêmbêsing banyu, iku tumahas, karêpe tumus, iya iku têrus, pratandhane lingga bathara, nyatane ing paningal.

Kumpule kadadian lima, têtês, tatas, titis, putus, tumus.

--- 299 ---

Gênahe kadadian lima, têtela, têdhas, ngencoki, pêgat, têrus.

Kanyataane kadadian lima, kawahana, sunyaruri, tumanêm, sampurna, lingga bathara.

Nyatane kadadian lima, ing pangrasa, ing karna, ing lesan, ing grana, ing paningal.

Dene prabawane limang prakara mau kaya ta,

Landhêp, karêpe lungit.

Angkêr, karêpe singit.

Sumunu, karêpe wingit.

Sumulap, karêpe angulabi, iya ambalêrêngi.

Mêmarab, karêpe maladi, iya iku angurubi, dene wus sajiwa bathara, kaprabawan saka sarwa wibawa.