Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Têpapalupi, Puja Arja, 1925, #269

Katalog:Têpapalupi, Puja Arja, 1925, #269
Sambung:-

--- [0] ---

Sêrat Têpapalupi

Ôngka 1, Jilid 1

Ngêwrat Sêrat: Sarawungan, nyariyosakên lêlampahanipun Gus Banthong, wiwit anggêgulang sastra, sarta amarsudi suraosing sêrat-sêrat, punapadene anggènipun lêlana anjajah purug, salajêngipun wêkasan dados manungsa ingkang jatmika ing budi

Cariyos punika asli saking: Gus Sariph ing Kadhiri. Lajêng kaanggit: R. Pujaarja ing Surakarta (1832)

1e. DRUK SOLO BOEKHANDEL M. TANOJO 1925.

--- [0] ---

Solo Boekhandel M. Tanojo

--- [0] ---

Sêrat Têpapalupi

Ôngka 1

Ngêwrat Sêrat: Sarawungan. Nyariyosakên lêlampahanipun Gus Banthong, wiwit anggêgulang sastra, sarta amarsudi suraosing sêrat-sêrat, punapadene anggènipun lêlana anjajah purug, salajêngipun wêkasan dados manungsa ingkang jatmika ing budi

Cariyos punika asli saking: Gus Sariph ing Kadhiri. Lajêng kaanggit: R. Pujaarja ing Surakarta (1832)

1e. DRUK SOLO BOEKHANDEL M. TANOJO 1925.

--- 1 ---

Purwanipun Sêrat Sarawungan punika makatên, ing jaman rumiyin tanah Kadhiri wontên lare jalêr nama: Gus Banthong, kintên sawêg umur 13 taun, lêlampahanipun anèh sangêt, dèrèng wontên satunggaling lare ingkang gadhah lampah kados lampahipun Gus Banthong, punika badhe kapratelakakên ing wingking, saèstu anggumunakên sangêt. Mulabukanipun Gus Banthong dipun ngandikani dhatêng ingkang rama makatên: Banthong, panggawean ing donya iki kabèh ana sangisoring pèn (sastra).

Sarèhning Gus Banthong wau pancèn lare bantêr, dhasar manahipun lantip sangêt, sarêng angsal pangandika ingkang makatên wau, lajêng marsudi sumêdya anggêgulang dhatêng sastra. Nanging jaman samantên dèrèng patos kathah sakolahan kados sapunika, saha tiyang Jawi ing tanah ngriku taksih kalêbêt punggung-punggung, awit ingkang purun nyakolahakên anak dhatêng pamulangan, [pamulang...]

--- 2 ---

[...an,] labêt saking kathah kajrihanipun, utawi dèrèng mudhêng dhatêng lampah-lampahing pamulangan, mila ngantos nagari piyambak ingkang kagungan karsa mundhut lare Jawi badhe kasakolahakên kangge murid wontên ing sakolahan raja (calon guru), nanging tiyang sêpuhipun sami botên suka, jalaran dhawuh saking pangagêng botên patos patitis, amung kagarba makatên: sapa-sapa sing duwe anak lanang isih bocah kira umur 12 taun, manawa awèh kapundhut ing nagara, bakal disakolahake mênyang ing Batawi, sarta olèh balônja sabên sasi.

Wantu tiyang alit dhasar bôngsa Jawi, sarêng mirêng mawi têmbung Batawi makatên wau, saya sangêt anggènipun ngêkahi dhatêng anakipun, awit saking panarkanipun, ing Batawi punika inggih ing nagari Walandi, môngka ing pawartos, nagari Walandi wau lêlampahanipun têbih sangêt, ngantos taunan tur ngambah sagantên, [sagantê...]

--- 3 ---

[...n,] ciptanipun tiyang Jawi badhe botên kapanggih kalihan anak, bilih dèrèng nêlas kasagêdanipun. Mila Gus Banthong inggih botên kalampahan sinau wontên ing pamulangan nagari, labêt bôngsa Jawi taksih kathah ingkang busuk-busuk, ingkang dados pêthinganipun tiyang Jawi amung lugu lan wirangan, punika pêng-pêngan sangêt, jaman samantên tiyang ngudi arta taksih gampil, kasaenan taksih kathah ingkang tumindak. Kados ta: tuwi-tinuwi, amung parlu kangên sampun dangu botên pêpanggihan, wèwèh-winèwèh, kintun-kinintun têtêdhan, tulung-tinulung, sasaminipun. Tiyang Jawi sawarni rêbat anglampahi kasaenan. Dene pambêkanipun ingkang dados sêkaring ginêm: pradhah, bèr, prawira, kêndêl wèwèh, gapyak dhatêng tamu. Mila tiyang Jawi saya rakêt saya trisna dhatêng bangsanipun, awis ingkang purun anglampahi utang silih,§ Têmbung punika sirikanipun para linangkung, amargi sagêd mranani dhatêng ingkang nglampahi. Juru ngarang. sanadyan wontêna

--- 4 ---

inggih amung satunggal kalih, tur botên ngantos dados tagihan utawi dados purugan, sampun sami rumaos piyambak, ingkang utang inggih lajêng nyaur, ingkang nyambut inggih lajêng ngantukakên kalayan dhêdhêmitan (sidhêman), langkung malih tiyang anggantosakên, punika manawi ngantos kasumêrêpan tôngga têpalih wirangipun sangêt, awit saking jêprahipun cara ingkang makatên wau, ingkang rama Gus Banthong lajêng kagungan wêwarah dhatêng ingkang putra makatên: Banthong, kowe rada nitènana titikan sathithik, manawa ana wong kang potang ora sumêdya nagih, utawa wong kang utang nyaur dhewe ora sarana tinagih, iku sakaro-karone isih wong bêcik, pantês padha mitranên dadi sadulur, malah aku sumurup dhewe wong potang kang luwih utama, yèn kang utang kinira rêkasa panyaure, kang potang banjur nêmoni marang kang utang, duwe gunêm anglilakake potange wis aja disauri, [disaur...]

--- 5 ---

[...i,] supaya kang utang ora nganti kabotan pamikire, ngrasakake gone bakal nyaur. Wong kang utang barêng krungu gunêm kang kaya mangkono mau banjur angruntuhake luhe, rumasa bangêt kapotangan kabêcikan, kang potang kaya disêmbah-sêmbaha.

Dados jaman ingkang cinariyos punika, sanadyan taksih kathah ingkang busuk, nanging tiyang Jawi kalêbêt sae-sae pambêkanipun, dene wontênipun kapunggungan punika awit saking dèrèng kathah sarawunganipun kalihan para sagêd, ewasamantên tiyang busuk ingkang manahipun sae, punika parlu sangêt tumraping nagari, angungkuli tiyang sagêd ingkang manahipun amênthalit, tansah damêl rubedaning paprentahan. Dene ingkang langkung parlu malih, manawi nagari kagungan wêwêngkon tiyang sagêd dhasar sae kalakuanipun, punika ingkang nênarik damêl arjanipun nagari. Manawi mirit pratelan ing ngingil [ngingi...]

--- 6 ---

[...l] punika, tindakipun tiyang ing tanah ngriku mèmpêr sami jujur-jujur, suprandene wontên ugi ingkang ambalasak badhe kacariyos.

Kacariyos Gus Banthong, lajêng anggêgulang sastra, sinau dhatêng satunggaling mitranipun, ingkang kaanggêp sagêd piyambak ing tanah ngriku, nama Radèn Sukatman. Punika putranipun Radèn Jayaatmaja, carik ing dhusun Bangsal bawah kitha Kadhiri.

Enggalipun Gus Banthong sampun dipun wulang dhatêng Radèn Sukatman, botên antawis lami lajêng sagêd maos sastra Jawi, ing ngriku Gus Banthong wiwit birai mêmpêng maos sêrat-sêrat, nalika samantên sêrat Jawi ingkang sampun sumêbar ing tanah ngriku sawêg Sêrat Wulangrèh, Sasanasunu, Dewaruci, sami mawi sêkar. Amung punika ingkang kauthêk-uthêk dening Gus Banthong, rintên dalu kaungêlakên kangge gêgilutan, dangu-dangu manahipun Gus Banthong tumancêp dhatêng suraosipun sêrat têtiga wau, sanadyan [sanadya...]

--- 7 ---

[...n] dèrèng sampurna ing pangrêtosipun, nanging sawawratipun lare ing tanah ngriku, sampun dados pangalêmanipun tiyang kathah, lare sanèsipun botên wontên ingkang mapaki kasagêdanipun Gus Banthong, dene sawêg umur 13 taun sampun ngudi dhatêng suraosing ngèlmi.

Kacariyos Radèn Sukatman, wancinipun sampun jaka agêng, nêdhêngipun birai dhatêng pawèstri, warninipun bagus ambalèncèr, pambêkanipun pradhah rêmên wèwèh, nanging bandholipun sangêt sarta kêkêndêlanipun anglangkungi. Lêlampahanipun Radèn Sukatman punika kados anglampahi karsaning Pangeran, ingkang botên kenging dinuwa dening sarana, awit sadaya tekadipun dados kalayan dadakan. Têgêsipun: botên kanthi sinêdya.

Radèn Sukatman punika kêrêp dipun wakilakên dhatêng ingkang rama, nampèni arta pajêg saking tiyang alit ingkang badhe katur dhatêng nagari, sarta sangêt dinama-dama [di...]

--- 8 ---

[...nama-dama] dening ingkang rama, dipun pirantosi sandhangan sarwa sae kados sacaraning priyantun, dipun paringi abdi minôngka kanthi, sabab kaangkas-angkas badhe kamagangakên sagêda dados priyantun. Sarêng sampun kêrêp anggènipun nampèni arta pajêg botên wontên ingkang sulaya, Radèn Sukatman lajêng kapitados nyimpêni kumandhoning arta pajêg ngantos atusan, wusana arta lajêng kaangge royal ngèstri tuwin ngabotohan, dangu-dangu nêlasakên arta pajêg nagari ngantos f 500, sarêng badhe konangan dhatêng ingkang rama, Radèn Sukatman kawêkèn manahipun, kadospundi anggènipun badhe mratelakakên, kapèpèting isin pêpuntoning manah lajêng lolos saking griya, minggat botên kantênan purugipun.

Sakesahipun Radèn Sukatman, ingkang rama susah sangêt, lajêng kengkenan madosi mrika-mrika botên kapanggih, prihatosipun Radèn Jayaatmaja [Jayaa...]

--- 9 ---

[...tmaja] botên kenging winiraos, kêpêksa nglintoni arta pajêg nagari ingkang katêlasakên Radèn Sukatman f 500, bêbasan anak molah bapa kapradhah. Sigêg.

Kacariyos Gus Banthong, sakesahipun Radèn Sukatman lajêng kapugutan kajêng, botên wontên mitranipun malih ingkang kenging dipun têdhani piwulang sastra, nanging wantunipun Gus Banthong wau pancèn lare bantêr saha manahipun kêncêng, lajêng gadhah panuwun dhatêng ingkang rama makatên: bapak, sapunika dhatêng pundi anggèn kula nglajêngakên sinau sastra.

Ingkang rama mangsuli: iya, aja sumêlang pikirmu, kowe malah tak kudang sumurupa sastra têlung prakara, Jawa, Arab, Walônda.

Enggalipun Gus Banthong lajêng dipun suwitakakên dhatêng Walandi sobatipun ingkang rama, nama Tuwan Pondre ing Tulungagung, supados dipun wulanga sakarsanipun Tuwan Pondre, anggêripun bathi kasagêdan. [kasa...]

--- 10 ---

[...gêdan.] Tuwan Pondre inggih nampèni kalayan suka bingahing manah, awit Tuwan Pondre punika sampun sobat sangêt kalihan ingkang rama Gus Banthong. Mila Gus Banthong lajêng kapundhut putra angkat dhatêng Tuwan Pondre. Gus Banthong sakalangkung bingahipun, sadintên-dintên kapardi pandamêlan angladosi wontên ing dalêm, sarta dipun sumêrêpakên dhatêng tatacaraning Walandi, dipun tuntuni sumêrêp dhatêng sastra, sarana kabêbahan nêdhak sêrat saking sakêdhik. Gus Banthong sakalangkung mêmpêng kanthi sênêng, jalaran sumêrêp barang ingkang adi-adi, dipun sandhangi sae-sae, dipun paringi têdha eca, punapa ingkang dados dhaharanipun Tuwan Pondre, Gus Banthong inggih tumut ngraosakên, tur mawi dipun wulang kasumêrêpakên tata ingkang utami. Dhasar Nyonyah Pondre inggih sangêt asihipun, saking rumaosipun Gus Banthong, tiyang sêpuhipun piyambak botên samantên pamikiripun, mila rintên [ri...]

--- 11 ---

[...ntên] dalu ingkang kaèsthi mugi kalêrêsana anggènipun angladosi dhatêng Tuwan saha Nyonyah Pondre, sampun ngantos manggih kalêpatan, saking tumêmênipun Gus Banthong, dangu-dangu Tuwan Pondre saya wêwah trisnanipun, kalampahan sarêng Gus Banthong sampun umur 15 taun, lajêng dipun têtakakên, mawi pasamuwan ramèn-ramèn nanggap ringgit purwa, dhalangipun nama dhalang Sadhug, ingkang sampun misuwur sae piyambak ing Tulungagung. Sigêg.

Kacariyos malih Radèn Sukatman, sakesahipun saking griya lajêng nyalamur lampah kados kuli, awit sampun rumaos botên wande dados padosanipun nagari, manahipun tansah sumêlang bokmanawi kêtitik saking panganggenipun, mila wontên ing margi sandhanganipun lajêng kasade sadaya kangge sangu, Radèn Sukatman amung ngangge kathok kipêr bênting sinjang, rasukanipun kuthungan mori sampun lungsêt, ikêt-ikêtanipun rewa-rewo

--- 12 ---

botên adu mancung, sampun ical sipatipun anak priyantun, lampahipun nunut-nunut anumpal kèli dumugi kitha Malang sipêng sadalu, lajêng dhatêng kitha Bangil, Gêmbong, Prabalingga, dumugi ing kitha Lumajang. Wondene sipêngipun samargi-margi botên kacariyos.

Sarêng wontên ing Lumajang, Radèn Sukatman sangêt kasarakat, jalaran ingkang sapisan, sangunipun sampun têlas. Kaping kalih, tiyang ngriku basanipun Jawi kagok sangêt, ingkang sampun mratah sami ngangge têmbung Madura, môngka Radèn Sukatman dèrèng sagêd dhatêng têmbung Madura, mila lêlampahanipun inggih sangêt kelunta-lunta, ngantos kalih dintên botên nênêdha. Sarêng sampun karaos ngêlèh sangêt, Radèn Sukatman nekad dhatêng bango, nyêlaki tiyang sade sêkul. Ing ngriku lajêng nawèkakên gembolanipun timang salaka, kapurih numbas ingkang sade sêkul, sarta pasaja bilih sampun kalih dintên dèrèng nênêdha.

--- 13 ---

Ingkang sade sêkul mirêngakên pratelanipun ingkang nawèkakên timang sangêt ngasih-asih, timang lajêng dipun tingali kaawis kalih rupiyah, awit ing tanah ngriku botên patos kalampah, sanadyan timang wau pangaos sadasa rupiyah, nanging Radèn Sukatman kêpêksa ngulungakên jalaran sêlak botên kuwawi nahan raosing ngêlèh. Enggalipun timang kalampahan katumbas kalih rupiyah dhatêng ingkang sade sêkul, Radèn Sukatman lajêng andhatêngi pangangah-angahing têtêdhan sêkul ulam panganan, sasampunipun tuwuk Radèn Sukatman lajêng kesah, purugipun mangidul dumugi ing dhusun Tèmpèh, sipêng sadalu wontên ing warung pakoplakan, enjingipun Radèn Sukatman midêr-midêr dhatêng pêkên Tèmpèh sumêdya ningali kawontênanipun ing pêkên ngiras ngaring-aring manah.

Kacariyos, ing pêkên ngriku wontên tiyang Jawi sade sinjang bathik nama bok Sutawirêja, asli saking Ngayogyakarta. Sarêng sumêrêp tiyang Jawi wangun Jawi [Ja...]

--- 14 ---

[...wi] Têngah, inggih punika Radèn Sukatman, klintar-klintêr wontên ing pêkên lajêng dipun awe. Dene tiyang ing tanah ngriku wanguning pacakanipun cara Madura sadaya, Radèn Sukatman tumuntên mara, dipun panggihi wontên ing dhasar sinambi ngadhêp dagangan. Radèn Sukatman dipun takèni ngakên tiyang saking Pakis bawah Tulungagung nama pun Siyar, anggènipun dumugi ngriku punika pados pangengeran, awadipun sampun lola botên gadhah bapa biyung tuwin sanak sadhèrèk. Bok Sutawirêja dalah ingkang jalêr wêlas. Enggalipun ingkang ngakên lola lajêng kapêndhêt dados rencang. Sarêng sampun siyang bibar pêkên bok Sutawirêja kukud, tumuntên mantuk kalihan ingkang jalêr numpak cikar (grobag) dhatêng ing dhusun Kêtumpêng tanah parêdèn. Radèn Sukatman botên kantun sampun dumugi ing griya.

Kacariyos malih, pak Sutawirêja punika wontênipun ing Lumajang, amung tiyang kalih kalihan ingkang [ing...]

--- 15 ---

[...kang] èstri, tuwin anak èstri satunggal taksih alit, nama pun: Mainêm. Suwaunipun inggih kasakit-sakit, rêkaos sangêt panggêsanganipun, sarêng wontên ing Lumajang dados lan sakecanipun. Mênggah anggènipun kuwadean wau amung kangge aling-aling kemawon, sajatinipun pak Sutawirêja punika sade apyun pêtêng, awit ing Lumajang ngriku kathah sangêt ingkang sade apyun pêtêng, sarta rêginipun sakalangkung dening mirah, mila pak Sutawirêja inggih enggal sugih, dhasar tiyang ing tanah ngriku taksih kathah ingkang punggung, ongkokipun samubarang pandamêlan kawon kalihan pak Sutêwirêja. Pak Sutêwirêja punika anggènipun wontên ing dhusun Kêtumpêng sampun 12 taun.

Kacariyos pun Siyar, dipun bubuhi ngopèni kapal kalih, dados inggih kêpêksa nglampahi nimpal talethong, angguyang kapal, tuwin ngarit [ngari...]

--- 16 ---

[...t] rumput sabên dintên, sanadyan kados punapa awratipun inggih dipun lampahi, jalaran kapèpèt sangêt, badhea mingkuh dhatêng pundi malih purugipun. Sapisan, dèrèng jajah. Kaping kalih, rumaos ciri. Kaping tiga, botên sagêd salanggapan ujar ingkang cêtha kalihan tiyang ing tanah ngriku. Amargi ingkang kathah sami ngangge ginêm têmbung Madura, dados pun Siyar wontên ing ngriku prasasat kados tiyang ical dipun sade. O, inggih mêmêlas sangêt, nanging wantunipun taksih darah priyantun, manahipun mêksa botên uwas sumêlang, mênggah raosing sêsanggèn sadaya wau, kaanjingakên dadosa lampahipun.

Kacariyos nuju satunggaling dalu, pak Sutêwirêja sawêg nyêrèt wontên ing kasuran sarwi kaadhêp ingkang èstri, lajêng atag-atag dhatêng pun Siyar, têmbungipun: kono le, bok iya golak-galok cara kulon, timbang turu sore-sore. [sore-so...]

--- 17 ---

[...re.] Ingkang dipun atag mangsuli: inggih, dangu-dangu lajêng ura-ura sêkar Dhandhanggula kados ing ngandhap punika.

Lokajaya kang pinurwèng kawi / sakalangkung dènya awibawa / ngênthong-ênthong maksih sare / kampuh kinarya mujung / munggèng kasur babut ing kanthil / bantalnya tundha sanga / sami bludru wungu / gulinge baludru jingga / ceplok êmas tinrètès ing intên bumi / gubah cindhe puspita // (dipun sênggaki piyambak: Logondhang).

Sawêg angsal sapada pak Sutawirêja tuwin ingkang èstri sami gumujêng sarwi mungêl: lo kok penak. Kuwi layang apa le. Pun Siyar mangsuli: punika Sêrat Lokajaya, blunthahipun Sinuhun Lèpèn nalika dèrèng dados wali, pak Sutawirêja tuwin ingkang èstri sênêng sangêt lajêng wicantên: mara tutugna tak rungokne. Pun Siyar anginggihi, lajêng ura-ura malih.

--- 18 ---

apyun Rêmbang candunira bèji / bakal kelang wijil ing Samarang / mori alus saringane / bêdudannya pring tutul / wijil saking ardi Marapi / garwanira têtiga / sami ayu-ayu / bok Barêp anênun limar / bok Panêngah cênthèng-cênthèng angladèni / bok Ragil glintir madat // (Logondhang ingkang mirêngakên sami mèsêm, pun Siyar lajêng ura-ura malih).

cupak êmas binubut rêspati / tinarètès intên salawe prah / rêbut sorot lan damare / jodhog suwasa mancur / clupakira salaka murni / lêngane lênga klapa / binandrèk lan madu / cêng-ucêng kapas bênggala / winusonan ginawe kêncêng tur gilig / murub lir lintang rina // (pak Sutawirêja kapranan lajêng nyênggaki Logondhang).

Ing ngriku pak Sutawirêja wiwit wêwah sihipun, ingkang èstri kapurih nyukani lonthong kalihan wedang kopi dhatêng ingkang ura-ura sampun kalampahan. [kalampaha...]

--- 19 ---

[...n.] Pak Sutawirêja wicantên: kowe apa ngêrti tulis ta le. Ingkang tinakenan mangsuli: awon-awon inggih ngrêtos. Pak Sutawirêja wicantên: e lah kabênêran, yèn bêngi macaa sesuk tak golèkake layang.

Sayêktosipun pun Siyar punika baut sangêt dhatêng maos, sarta swaranipun inggih sakeca dipun mirêngakên, anggènipun dèrèng purun ngatingalakên kasagêdan punika, sampun ngantos katitik yèn anak priyantun, utawi malih taksih ngandhut sônggarunggi bab anggènipun nêlasakên arta pajêg nagari.

Kacariyos, sampun kalampahan sabên dalu pun Siyar kapurih maos sêrat, dangu-dangu katitik yèn lare sagêd, wiwit ing wêkdal punika, sadaya kêkajênganipun pak Sutawirêja ingatasipun bab sêsêratan, kintun-kinintun rampung dening pun Siyar kemawon. Ing ngriku pak Sutawirêja lajêng

--- 20 ---

melik mêndhêt mantu dhatêng pun Siyar, badhe kaangsalakên Mainêm, bok Sutawirêja inggih sampun rujuk, pun Siyar lajêng dipun tumbasakên sandhangan sae-sae, sarta pak Sutawirêja sapunika sabên ngundang nyêbut: Mas Siyar, supados tôngga têpalih tuwin tiyang sanèsipun samia nyêbut: mas. Jêr badhe kapêndhêt mantu piyambak. Ing mangke Mas Siyar sampun rumaos yèn kapêndhêt anak dhatêng pak Sutawirêja, mantun kados rencang, mila anggènipun ngopèni kapal tuwin anggarap bêkakasing griya, karêngkuh kados gadhahanipun piyambak.

Pak Sutawirêja punika kêrêp kêkesahan têbih, ambucal apyun pêtêng dhatêng tanah-tanah mawi nyipêng ngantos sapêkên, tarkadhang ngantos sadasa dalu, antukipun ambêkta arta atusan.

Nuju satunggaling môngsa, pak Sutawirêja kesah dhatêng kitha Pathi, ambêkta apyun pêtêng ngantos dangu, Mas Siyar minôngka wakil dados lurahing griya, manggihi [mang...]

--- 21 ---

[...gihi] yèn wontên tamu utawi nampèni sêrat sarta mangsuli. Awit botên wontên tiyang jalêr liyanipun malih ingkang pinitados ing griya, kajawi amung Mas Siyar. Dados patrapipun sadintên-dintên, inggih amung Mas Siyar piyambak ingkang dipun ladosi dening bok Sutawirêja, tuwin anakipun èstri, sakalangkung dipun suba-suba, amargi sampun katitik kasagêdanipun nyêrat sae sarta cêkap, utawi malih asring nyariyosakên bilih taksih têdhak priyantun, dhasar Mas Siyar patrapipun inggêhinggih. mriyantuni tur badhe kapêndhêt mantu. [mant...]

--- 22 ---

[...u.]

Kacariyos, sarêng sampun angsal satêngah taun, bêbasan wanuh-wani, dumadakan Mas Siyar gadhah cipta ingkang botên burus, makatên: aku iki yèn ngêntènana dadi mantune pak Sutawirêja, saka kiraku kasuwèn bangêt gonku arêp mulih, ora bisa tumuli sumurup ing nagaraku manèh. Sapisan, anake isih cilik. Kapindho, apa kang bakal tak anggo sangu mulih, sarta ambalèkake dhuwit pajêg nagara, iku aku olèh saka ngêndi. Sabêcik-bêcikane aku iki dadi mantune, rak luwih bêcik bojone bae tak rasuke, yèn wis kêna tak sangkut amêsthi kalakon kang dadi karêpku. Sasampunipun makatên Mas Siyar wiwit nandukakên ulat pêprênesan dhatêng bok Sutawirêja, anakipun èstri botên anggraita, nanging bokipun sampun ragi nyandhak dhatêng pasêmon wau, sabab solahbawanipun Mas Siyar katingal nganyar-anyari. Sarêng bok Sutawirêja sampun mêngani ulat manis, Mas Siyar saya sêsêg anggènipun nandukakên pêprênesan. Malah yèn nuju kaprêgok ijèn purun nyêmbranani sarana têmbung makatên: dadi batin lo. Cara Surakartanipun makatên: waton rukun janji rêmit. Mas Siyar lajêng dipun gablog, blêg.

Nuju satunggaling dalu, sasampunipun sami nêdha,

--- 23 ---

bok Sutawirêja kalihan anakipun èstri mapan tilêm wontên salêbêting sênthong, Mas Siyar tilêman wontên sajawining sênthong, sarêng wanci sampun ragi dalu, Mas Siyar ura-ura sêkar Dhandhanggula kados ing ngandhap punika.

akèh lara laranirèng ati / nora kaya wong kang dadi jaka / golang-goling turu dhewe / angin ngidid mangidul / saya gêgês rasaning ati / rumasa yèn wong lola / babo raganingsun / tanpa sanak tanpa kadang / anèng paran sapa baya kang mêlasi / wong ala tanpa dhôngka //

bok Sutawirêja karaos manahipun, lajêng mêdal api-api dhatêng pakiwan tumuntên lumêbêt dhatêng sênthong malih, linggih lênguk-lênguk. Mas Siyar lajêng ura-ura malih.

dhuh lae dhuh tan kaya wak mami / wong ngumbara aninggal nagara / kalaya-laya lakune / ngambah jurang lan gunung / nasak alas raina wêngi / ngupaya pangengeran /

--- 24 ---

ngêndi dunungipun / kang dadi carêming manah / nora larang sun labuhi lara pati / anggêre kinasihan //

Bok Sutawirêja saya botên sagêd tilêm, tansah mlêbêt mêdal kemawon, amung anakipun èstri ingkang sampun tilêm. Enggalipun wantuning jalêr kalihan pawèstri, dhasar Mas Siyar mênang bagus mênang anèm, bok Sutawirêja têmah kagiwang manahipun lajêng abêbedhangan.

Kacariyos, yèn nuju pak Sutawirêja wontên ing griya, Mas Siyar tuwin bok Sutawirêja punapadene anakipun èstri, patrap inggih ajêg kemawon kados adat, amung wêwah sakêdhik, bok Sutawirêja kêrêp dhèpèl-dhèpèl dhatêng Mas Siyar, sampun karêngkuh kadosdene anak sabab calon mantu. Pak Sutawirêja inggih botên anglêgewa, malah kala-kala yèn nuju ing dintên pêkênan, bok Sutawirêja samudana api-api botên [botê...]

--- 25 ---

[...n] sakeca badanipun, pak Sutawirêja kalihan anakipun èstri kemawon ingkang kapurih ngêdali sade sinjang dhatêng pêkên, bok Sutawirêja kantun têngga griya kalihan Mas Siyar nglajêngakên kajêng.

Sarêng sampun antawis dangu anggènipun bêbedhangan, bok Sutawirêja saya tumancêp trisnanipun dhatêng Mas Siyar. Ingkang dipun trisnani lajêng gadhah ginêm: bokne Mainêm, yèn kowe dhasar trisna têmênan mênyang awakku, samôngsa pak Sutawirêja pinuju lunga, kowe bakal tak jak minggat, tilik mênyang panggonane wong tuwaku ing Kadhiri. Bok Sutawirêja sarêng dipun ginêmi ingkang makatên wau ing batos kagèt sangêt, lajêng kawêkèn pamikiripun, saupami miturut kados kajêngipun Mas Siyar, kadospundi badhe wusananing lêlampahan, botên wande rame dados gêndra, saupami botên miturut saèstu badhe kapêgatan trisna, wêkasan lajêng wicantên: [wica...]

--- 26 ---

[...ntên:] Mas Siyar, yèn karêpmu kaya mangkono lah kapriye pêthane, apa ora bakal bosah-basih, sarta manèh anakmu bocah wadon iku gèk kaya apa.

Mas Siyar wicantên: pikirmu aja sumêlang, prakara anakmu iya diajak, lara kapenak padha dilakoni wong loro, dene manawa nganti konangan môngka bojomu muring-muring, mêngko tak jake sudukan pisan, dadi ora katanggungan prakarane.

Bok Sutawirêja lajêng kèndêl amung sumarah, botên mawi manjangakên ginêm malih, jalaran sampun sumêrêp wêwatakanipun Mas Siyar punika lanas sangêt, salêbêtipun wontên ing dhusun Kêtumpêng, bok Sutawirêja sampun kêrêp nyumêrêpi lanasipun Mas Siyar, nate ngoyak pandung ijèn mawi dhuwung ligan, utawi nangani tiyang ingkang kurangajar, mila sawontênipun Mas Siyar, pak Sutawirêja inggih wêwah

--- 27 ---

kajèn kèringanipun. Enggalipun rêmbag sampun kênthêl, tiyang kalih sumêdya minggat saking griya. Bok Sutawirêja lajêng tata-tata punapa ingkang badhe kabêkta, nanging amung kabatos kemawon, supados sampun ngantos katawis sêdyanipun dhatêng ingkang jalêr.

Kacariyos, sarêng pak Sutawirêja kesah kulak apyun, Mas Siyar bidhal minggat kalihan bok Sutawirêja tuwin anakipun èstri, bok Sutawirêja kajawi ambêkta sandhangan mas intên anggènipun sangu arta f 2000. Ing griya namung kapasrahakên rencang kapurih nêngga, sarta dipun wêling dhatêng Mas Siyar, samôngsa pak Sutawirêja mantuk kapurih cariyos bilih sami kesah dhatêng ing kitha Kadhiri. Sasampunipun rampung anggènipun mêmêling, tumuntên sami mangkat. Sarêng sampun lêt pitung dintên laminipun, pak Sutawirêja mantuk, rencang lajêng mratelakakên kados wêlingipun Mas Siyar. Pak Sutawirêja [Su...]

--- 28 ---

[...tawirêja] kagèt sangêt, enggal nuwèni ing grobog, sarêng dipun tingali sandhangan tuwin arta sampun botên wontên, sakalangkung anggènipun muring-muring, gadhah pangintên tamtu rangkat. Pak Sutawirêja manahipun muntap kados anjujul-jujula sanalika, sarêng dangu-dangu lajêng kêndho, dipun gagas-gagas kirang prayogi, awit ingkang èstri punika sajatinipun inggih bojo inggat-inggatan saking Mataram, anggènipun ngrêbat bojoning liyan, nanging nalika mangkat rangkat sampun kanikah. Garênêngipun pak Sutawirêja: mulane rangkat rak iya wis padha karêpe, saupama kapati-pati tak tututana, yèn ing wêkasan wong wadon ora gêlêm tak jak mulih, lah banjur kapriye polahku, ora wurung dadi rame, tiwas kangelan wuwuh kawirangan. Pak Sutawirêja lajêng narimah antuk-antukaning lêlampahan: wong nginggatake iku iya diwalês [diwalê...]

--- 29 ---

[...s] diinggatake.§ Wosipun damêl wiji sêrik inggih manggih sêrik. Juru ngarang.

Kacariyos, Mas Siyar kalihan bok Sutawirêja tuwin anakipun èstri, sampun dumugi ing Kadhiri, anjujug dalêmipun ingkang rama sampun kapanggih, ingkang ibu manggihi dhatêng bok Sutawirêja, sasampunipun kabagèkakên wilujênging lampah, ingkang rama andangu lêlampahan. Mas Siyar wangsul nama Radèn Sukatman, lajêng mratelakakên lêlampahanipun dumugi kitha Lumajang, emah-emah angsal bok Sutawirêja, sampun ambêkta anak èstri ingkang tumut punika, nama: Mainêm, ing mangke aturipun Radèn Sukatman, sumêdya mangsulakên arta pajêg ingkang katêlasakên sadaya pintên, ingkang rama lajêng ngandika: iku caramu, masa kênaa kaya mangkono, dhuwit kang koêntèkake kabèh f 500, nanging wis tak ijoli kalayan slamêt ora [o...]

--- 30 ---

[...ra] ana sawiji apa, Radèn Sukatman lajêng mêndhêt arta krêtas saking pêthènipun f 600, dipun aturakên dhatêng ingkang rama, ingkang ibu kapurih nampèni sampun kalampahan, botên antawis dangu lajêng dhaharan kêmbul, sasampunipun tuwuk, tumuntên sami ngaso ing prênahipun piyambak-piyambak.§ pèngêt. Lêlampahanipun bok Sutawirêja kalihan Mas Siyar punika pancènipun botên pantês kagêlar wontên ing sêrat, saha saru kawaos ing tiyang sae, langkung malih yèn ngantos kasumêrêpan ing lare, sagêd anjalari wêwinihing prakawis ingkang botên prayogi, mila kapratelakakên pamrihipun makatên: sapisan, supados samia nyumêrêpi luguning cariyos, dados sagêd angyêktosi warni-warni utawi beda-bedaning wêwatakanipun manungsa, kangge nandhing lêlampahanipun bok Sutawirêja, sampun tamtu dados pocapan awon. Kaping kalih, supados sami nyumêrêpana anèhing lêlampahanipun bok Sutawirêja, ingkang badhe kapratelakakên ing wingking, botên lastari dados semahipun Mas Siyar, sawarni amung kangge jalaran.

Kacariyos, Radèn Sukatman kalihan ingkang èstri, wontên ing Kadhiri andhatêngi kabingahanipun [kabingaha...]

--- 31 ---

[...nipun] sadaya mitranipun sami dipun tuwèni, sarta dipun sukani angsal-angsal warni-warni, sinjang, udhêng, badhe rasukan, kêmbên, tuwin salendhang, sawênèh wontên ingkang dipun angsal-angsali têkên pênjalin, pèlètipun sae sangêt wêdalan saking Tênggêr. Utawi malih wontên ing griya Radèn Sukatman anglairakên wicantên: sapa-sapa kang duwe kelingan motangake mênyang aku, padha mrenea bakal tak sauri kabèh. Ginêm makatên wau tumuntên kamirêngan ing tôngga têpalihipun, ingkang rumaos motangakên lajêng sami nagih, sadaya dipun sauri rampung, ngantos wontên tiyang ingkang botên motangakên, ngakên motangakên, lajêng nagih inggih dipun sauri. Radèn Sukatman anggènipun nyauri sambutan tuwin ngangsal-angsali dhatêng para mitranipun gunggung têlas f 300, kajawi nyaur sambutan, sanak-sanakipun ingkang kêmlaratan sami dipun dumi yatra. Radèn Sukatman misuwur satunggiling [satunggi...]

--- 32 ---

[...ling] lare ingkang ambalêdag manahipun.

Kacariyos, Radèn Sukatman anggènipun wontên ing Kadhiri ngantos satêngah taun, sadintên-dintên amung nguja kêkajêngan, tansah mlancong kalihan ingkang èstri, dhatêng ing kitha Blitar, dhatêng ing Tulungagung, dhatêng ing Nganjuk, lajêng wangsul dhatêng ing Kadhiri malih. Wontên ing griya botên kêndhat suka-suka, tansah sumalin-salin. Yèn botên botohan cêki, inggih nglurug cap ji kiyah, yèn botên cap ji kiyah inggih nênanggap, rêmênanipun nanggap topèng Sala ingkang sampun misuwur sae wontên ing Kadhiri, nama: Borok kalihan Patêr. Utawi nanggap emprak inggih punika badhut trêbang saking Rêmbang, wontên ing Kadhiri misuwur lucu sangêt, badhutipun nama: Caleke, ayon-ayonipun nama: Ngainah, inggih punika tiyang jalêr dados talèdhèk, saking gandêsipun ngantos dipun kedani tiyang èstri, kathah ingkang sami kinthil.

--- 33 ---

Patrap ingkang makatên wau dipun lajur, dangu-dangu artanipun Radèn Sukatman nipis kantun f 120, wah lajêng dipun oprak-oprak ing paprentahan, bab anggènipun bêbojoan kalihan bok Sutawirêja punapa sampun nikahan, bilih sampun kapundhut sêratipun tôndha yêkti ingkang saking pangulu. Radèn Sukatman grisinên, tumuntên ginêman kalihan ingkang èstri, saiki kapriye penake. Ingkang èstri amung sumarah. Kêncêngipun rêmbag tiyang kalih sumêdya wangsul dhatêng ing Lumajang malih. Awit ing Lumajang punika kenging kaanggêp taksih mirah arta. Enggalipun lajêng mangkat saking Kadhiri, ingkang rama ibu jumurung.

Ing margi botên kacariyos, Radèn Sukatman saanak bojo sampun dumugi ing Lumajang, lajêng gêgriya wontên ing dhusun Tèmpèh, ing ngriku Radèn Sukatman nyambut damêl nêbasi sata adêgan, karampas wontên patêgilan, lajêng kalêbêtakên [kalêbêta...]

--- 34 ---

[...kên] ing gudhang Walandi. Makatên caranipun ing tanah ngriku, jaman samantên. Dene ingkang èstri nyambi sade rêratêngan utawi kilak tigan pênyu dhatêng rawa Pananggal. Radèn Sukatman wontên ing ngriku taksih karan Mas Siyar.

Nuju satunggiling dintên, Mas Siyar kesah dhatêng ing dhusun Kêtumpêng sarwi nganggar dhuwungipun, sumêdya tuwi dhatêng pak Sutawirêja sampun kapanggih wontên ing griya, Mas Siyar lajêng cariyos: pak Sutawirêja, bojo sampeyan kula pêndhêt sampun purun sarta sami sênêngipun, sapunika kula ajak mariki malih, manggèn wontên ing Tèmpèh, manawi manah sampeyan cuwa sarta taksih panas, sampeyan sampun pakèwêd kula sakajêng, têgêsipun: manawi kula sampeyan anggêp dosa agêng, suwawi kula sampeyan pêjahi sapunika kemawon, Mas Siyar kalihan ngulungakên dhuwungipun ingkang kaanggar kaunus, punika sampeyan angge nglojèh wadhuk [wa...]

--- 35 ---

[...dhuk] kula.

Pak Sutawirêja tumratab manahipun, lajêng wicantên: lo ora ta gèr, aja kaya mangkono, prakara êmbokmu koêpèk, aku iya wis lila, mungguh rasane pikirku, gêdhene panas, cilike cuwa wis ora pisan-pisan, awit kang mangkono iku wis karsaning Pangeran, bêbasane: kêlêtana gunung sap pitu sagara tundha wolu, manawa wong iku jodho adoha iya dadi cêdhak. Ora liya aku mung titip bae adhimu Si Mainêm, masabodhoa olèhmu momong, sokur krasan ana ing kowe, dene yèn arêp tilik mrene iya ora ana pakewuhe.

Mas Siyar sarêng dipun wangsuli makatên wau, sanalika ical bayunipun, sampun botên gadhah karkat punapa-punapa, dhuwungipun lajêng kasarungakên, sakalangkung anggènipun nalôngsa, lajêng nutuh awakipun piyambak, rumaos sangêt yèn tiyang awon, pak Sutawirêja [Su...]

--- 36 ---

[...tawirêja] enggal dipun sêmbah, Mas Siyar wicantên: bapak, sampeyan lêstantuna dados tiyang sêpuh ingkang sae, kula tiyang anèm ingkang duraka muput, mila manawi sampeyan purun ngakên anak dhatêng kula prasasat gadhah anak sêgawon, kula punika binatang ingkang awon sangêt, pantês dipun sêmbêlèh, Mas Siyar tumungkul kalihan dhêlêg-dhêlêg.

Pak Sutawirêja wicantên: iya wis gèr, aja akèh-akèh kang pinikir, jêr kabèh-kabèh mau kang parlu mung panrimane, saiki wis padha kaslamêtan iya uwis, karodene manèh manawa kowe arêp tilik mrene karo êmbokmu iya aja nganggo pakewuh.

Sasampunipun ginêman kathah-kathah Mas Siyar lajêng kasêgah wedang panganan, tumuntên sami nêdha.

Pak Sutawirêja wicantên: anggèr Mas Siyar, manawa slirane rujuk, bab prakara bokmu amrih sahe lan prayogane bêcik tak wènèhi layang [la...]

--- 37 ---

[...yang] pêgat, tumuli anggonên garan nikahan, dadi ora saru dinulu.

Mas Siyar inggih amung miturut, samantên sampun kalampahan bok Sutawirêja dipun kintuni sêrat pêgat saking pak Sutawirêja. Sarêng sampun saantawis Mas Siyar pamit mantuk dipun jurungi, dumugi ing griya ingkang èstri dipun cariyosi kathah-kathah, bab anggènipun manggihi dhatêng pak Sutawirêja, kapratelakakên sadaya botên wontên kara-kara, malah kapanggih saenipun, bok Sutawirêja tuwin anakipun èstri sami mèsêm lêga manahipun. Samantên Mas Siyar sampun kalampahan nikah kalihan bok Sutawirêja, awadipun dhatêng naib ambangun nikah, supados gangsara anggènipun nyambut damêl. Naib inggih lajêng mituruti kabujêng melik nuntêna tampi arta srakah. Sigêg.

Kacariyos Gus Banthong, anggènipun nyuwita dhatêng Tuwan Pondre sampun tigang taun, sarta sampun [sampu...]

--- 38 ---

[...n] sagêd nyêrat sastra Walandi sawatawis, dèrèng ngantos dumugi sêdyanipun, dumadakan Tuwan Pondre gêrah santêr sampun madal dhoktêr, dumugi ing janji puput yuswa seda kondur dhatêng ing kalanggêngan. Adhuh kados punapa raosing manahipun Gus Banthong, saèstu angonggo-onggo sangêt, dene botên nyana botên nyupêna yèn kecalan bêndara ingkang pantês dipun sungkêmi salaminipun, sarampungipun pamêtaking layon manahipun Gus Banthong taksih rêmpu, kèngêtan katrisnanipun Tuwan Pondre anggènipun gumatèni, mila rintên dalu Gus Banthong tansah prihatos, dipun paripih dhatêng nyonyah Pondre kapurih mantuni susah, lêstantuna wontên ing Tulungagung kemawon, nanging Gus Banthong manahipun sampun gêmpal, amung nyuwun pamit sumêdya mantuk dhatêng ing Kadhiri. Enggalipun dipun lilani sarta kaparingan sangu sacêkapipun. Gus Banthong tumuntên mangkat saking Tulungagung, dumugi

--- 39 ---

ing griya lajêng wêwartos dhatêng ingkang rama ibu kathah-kathah, bab sedanipun Tuwan Pondre. Ingkang rama ibu sakalangkung gêtunipun, wêkasan andêdonga, mugi-mugi ingkang seda jêmbara kuburipun, lêpasa purugipun, dipun akêna umating Pangeran. Sasampunipun makatên ingkang rama gêntos wêwartos dhatêng ingkang putra, bab antukipun Radèn Sukatman, tuwin lêlampahanipun nalika wontên ing Kadhiri, sadaya dipun cariyosakên dumugi wangsulipun dhatêng ing Lumajang malih. Gus Banthong sakalangkung gêtunipun, dene botên mênangi antukipun Radèn Sukatman.

Kacariyos, sarêng sampun lêt sawulan, Gus Banthong kêkesahan anjêmbarakên jajahan dhatêng pundi-pundi, laminipun ngantos sataun, mênggah kesahipun Gus Banthong wau, sapisan, nglampahi pakèning sêrat piwulang ingkang sampun dipun waos utawi pituturipun tiyang sêpuh ingkang sampun dipun mirêngakên, [mirênga...]

--- 40 ---

[...kên,] tiyang gêsang punika saenipun kêdah gadhah mitra ingkang nunggil laras, têgêsipun condhong. Dene bakuning laras wau wontên nêm perangan, sarta anggadhahi sêm piyambak-piyambak ing ngandhap punika.

Larasing pangraos, sêmipun wontên jumbuhing panampi. Larasing pangucap, sêmipun wontên lênggahing basa. Larasing pandulu, sêmipun wontên asrining wêwarnèn. Larasing pangrungu, sêmipun wontên ngêsing swantên. Larasing pangambu, sêmipun wontên sêdhêping gêgandan. Larasing lêlampahan, sêmipun wontên mathuking kawontênan.

Kaping kalih, Gus Banthong sumêdya ngathahakên pitêpangan, supados mindhaka sêsêrêpanipun, mila sadaya lêlampahanipun sami dipun pèngêti piyambak ngantos salêsih. Nanging salêbêtipun kesah sataun, Gus Banthong dèrèng angsal mitra ingkang nunggil laras.

--- 41 ---

Mênggah patrapipun Gus Banthong, saênggèn-ênggèn botên kêndhat andhap-asor kanthi kumawula, sarta botên pisan-pisan anglampahi êdir gumêdhe ing dhiri, suprandene botên patos dipun rêsêpi ing tiyang. Gus Banthong prihatos sangêt, anggagas ing dalêm batos: apa kang dadi wadine, dene awakku ora pati dirêsêpi ing wong akèh, môngka saka pangrasaku, saênggon-ênggon aku nêtêpi piwulang kang bêcik-bêcik, ing wêkasan jêbul nyêbal karo kaanane, wong andhap ora olèh urmat, wong wêdèn ora kajèn.

Ingkang dipun anggêp kajèn dening Gus Banthong wau, dede prakawis pakurmatan, inggih punika rêsêping sarawungan dumugi ing katrisnan. Awit sabên Gus Banthong sarawungan kalihan tiyang, utawi angsal pitêpangan enggal, ingkang kathah tangkêpipun amung lamis wontên ing lair kemawon, awis ingkang [ing...]

--- 42 ---

[...kang] sumêdya ngongak dumugi ing kabatosan, dados tumraping pitêpangan botên sagêd rakêt-rakêt, têmahan kirang pakantukipun, punika nama tuna ing sarawungan. Mila bab punika dipun raosakên sangêt dhatêng Gus Banthong, dangu-dangu kacêpêng ingkang dados sababipun, makatên.

Limrahipun tiyang gêsang punika ingkang dipun rêmêni rajabrana, manawi pitêpangan kalihan tiyang ingkang botên mrabot mubyar, punika kirang rêna, bokmanawi botên kamanah lêbêt tuwin awèting pitêpangan, pamanahipun amung cêcethekan, sok mubyara inggih dipun rêsêpi, sok lungsêta inggih dipun klewa-klewani, dados pitêpanganipun amung waton gêbyar. Mengkamôngka. ing wêkdal samantên panganggenipun Gus Banthong amung janji rêsik, dhasar botên patos ngadèk-adèkakên dhatêng sandhangan, ingkang dipun ulah amung saening kalakuan, saking ciptanipun makatên: ugêring karêsêpan punika amung [a...]

--- 43 ---

[...mung] tumrap wontên saening kalakuan, botên dumunung wontên saening sandhangan, sanadyan nyandhanga ingkang murub mubyar, manawi kalakuanipun awon inggih botên wontên ingkang rêsêp. Kosokwangsulipun kalakuan sae, botên susah rinêngga pangangge ingkang adi endah, saèstu inggih dipun rêsêpi ing tiyang kathah.

Wusana ciptanipun Gus Banthong ingkang makatên wau, botên cocog kalihan kanyataanipun, sarêng Gus Banthong sampun dawêg manggih raos ingkang kados makatên, lajêng santun salaga, sabên kêkesahan inggih nyandhang ingkang sarwa sae kados caranipun priyantun, ing ngriku sarêng sarawungan kalihan pitêpanganipun, sanalika lajêng dipun urmati sarta dipun rêsêpi, kabêkta saking mubyaring sandhangan wau, nanging pakurmatan ingkang raosipun makatên punika, tumrap Gus Banthong botên pisan-pisan yèn bingaha, malah andadosakên prihatosipun, [prihatosi...]

--- 44 ---

[...pun,] sabab dangu-dangu urmatipun liyangtiyang. wau lajêng ngalokro ical malih, garênêngipun makatên: kaurmatan ora olèh barang-barang, ngurmati wong manganggo murub mubyar iku tanpa gawe, tiwas rêkasa ora piguna, upamane kayadene kêpêthuk wong nunggang kreta grêbong, yèn tanpa paedah iya padha bae karo kêpêthuk karo wong nunggang grobag bubrah.

Gus Banthong sarêng mirêng grênêngipun tiyang ingkang makatên wau sawêg sagêd mèsêm, ing suwaunipun tansah prihatos, jalaran pamanggihipun sulaya kalihan kêkajênganipun tiyang sanès, samangke lajêng mangrêtos, bilih kêkajênganipun tiyang punika jêjêripun amung kapengin angsal, botên têdhas dipun pamèri dening sandhang pangangge kemawon, rêsêpipun kêdah dipun lêbêti kalakuan sae, mila wosipun saening kalakuan amêsthi dipun rêsêpi ing tiyang. Patrapipun Gus Banthong lajêng wangsul kados [kado...]

--- 45 ---

[...s] suwaunipun malih, manawi nyandhang inggih waton jangkêp sarta rêsik.

Kacariyos malih Gus Banthong, saantukipun saking kêkesahan saya rumaos sangêt, bilih kawula punika kathah apêsipun, jalaran Gus Banthong kêrêp manggih cuwa saking kêkajêngan ingkang rèmèh botên kalampahan, mênggah kêkajêngan ingkang rêmêh botên kalampahan wau kêkajêngan punapa, inggih punika kêkajêngan amung badhe ningali ringgit wacucal, dêdongenganipun kados ing ngandhap punika.

Gus Banthong punika rêmên sangêt ningali ringgit purwa, saking rêmênipun ngantos angyêktosi dhatêng lêlampahanipun ringgit purwa sawatawis, malah kala-kala manawi sampun têpang kalihan dhalangipun, purun kapurih mucuki§ Sadèrèngipun dhalang anyak mayang, dipun wiwiti ingkang mucuki wau, mayang sawatawis jam. Juru ngarang. saha ngantos sagêd nyorèk damêl [damê...]

--- 46 ---

[...l] gambar ringgit purwa.

Nuju satunggaling wêkdal Gus Banthong mirêng rêraosanipun lare kathah, yèn ing kampung Kêpanjèn wontên tiyang gadhah damêl mawi nanggap ringgit purwa, dhalangipun nama Gôndatirta, ingkang sampun misuwur sae piyambak ing tanah ngriku, Gus Banthong kadêrêng kêdah ningali, awit angsal pawartos badhe lêlampahanipun: Mintaraga, dados Gus Banthong kapengin sangêt mirêngakên bantahipun Rêsi Padya kalihan Bagawan Mintaraga, bab kawicaksanan, cariyosan nanikapunika. badhe kasêbut ing wingking.

Ing wanci jam sanga dalu, Gus Banthong mangkat saking griya sumêdya ningali ringgit purwa wau, sarêng lampahipun sawêg nêngah-nêngahi wontên ing margi kapêthuk tiyang langkung, Gus Banthong dipun takèni badhe dhatêng pundi, dene kesah dalu-dalu botên ambêkta upêt. Gus Banthong mangsuli: badhe ningali ringgit dhatêng ing Kêpanjèn. Tiyang wau murih wangsul pados upêt [u...]

--- 47 ---

[...pêt] rumiyin, amargi ing kilèn ngriku wau wontên lare dipun cêpêng dening pulisi, sabab botên ambêkta upêt, sapunika parentah nagari kêncêng. Gus Banthong kanggêg manahipun, manawi kalajêngna nama kirang pangatos-atos. Lajêng gadhah têmbung: sarèhne griya kula sampun têbih saking ngriki, manawi kaparêng kula nyuwun upêt sampeyan punika kemawon sapalih sewang, kula nyukani tumbasan sês 5 sèn.

Gus Banthong tumuntên dipun sukani upêt sapalih, lajêng ungkur-ungkuran lampah, sarêng lampahipun Gus Banthong sampun sawatawis têbih, dumadakan sumêrêp sawêr agêng malang ing margi, nanging sawêr lajêng tumlosor lumajêng. Gus Banthong kagèt anggiwar lajêng dhawah, dhêngkulipun kêtanggor ing sela ngantos bunyak agêgobrah êrah, raosipun sakit sangêt, ing ngriku Gus Banthong kapêksa wangsul, mantuk badhe mulasara sakitipun, dumugi ing griya dhêngkulipun [dhêngku...]

--- 48 ---

[...lipun] lajêng dipun rêsiki dipun parêmi, tumuntên dipun tètèsi talutuhing pisang kaluthuk ngantos jam 2 dalu sawêg radi mayar, sarêng sampun jam 3 Gus Banthong mirêng cumêngkunging kêmpul gamêlan ringgit tinitir, manahipun lajêng ebah malih sumêdya nglajêngakên ningali, tumuntên mirantos upêt lajêng mangkat saking griya lampahipun mangidul, dèrèng ngantos dumugi panggenaning ringgit, ing ngriku mirêng swara rame-rame saking kidul, inggih punika tiyang alok: maling maling mangalor. Gus Banthong kèndêl, kemutan wêlingipun para sêpuh: yèn lêlungan ing wayah bêngi tanpa kanthi kudu kang prayitna, bokmanawa ana apêsing awak kêsônjabaya, têmahan andadèkake rubeda. Gus Banthong manahipun narimah, lajêng menggok mangilèn malêbêt ing pakampungan, lampahipun mlipir-mlipir wangsul mantuk dumugi ing griya wanci jam 4 enjing. Siyangipun karaos-raos lêlampahanipun nalika ing dalu.

--- 49 ---

Kajawi punika ing sanès dintênipun malih, Gus Banthong wontên ing griya inggih manggih cuwa, bab anggènipun mêsthèkakên prakawis gampil wêkasanipun malèsèd, dening dèrèng sumêrêp rungsiting lêlampahan, mênggah wiwitipun makatên:

Gus Banthong katamuan tiyang nama Wiradarsa, ing Purwaasri, tamu wau gadhah pikajêng supados angsala arta pasangon saking Gus Banthong, sabab tamu wau badhe kakesahan têbih, tumuntên malimpingi dhatêng Gus Banthong, manawi sampun angsal sarating lampah badhe dhatêng tanah Surakarta, jalaran dipun undang sadhèrèk kapurih nyambut damêl nêbasi pantun kuningan. Gus Banthong inggih sampun nyandhak dhatêng suraosing ginêm punika, mila tamu kapurih nyarantosakên sapêkên êngkas badhe dipun pinangkani sangu.

Salêbêtipun pêpanggihan, tamu wau lajêng anjêginggat, sêmunipun kados mirêngakên tiyang bêbisik dhatêng [dha...]

--- 50 ---

[...têng] piyambakipun, botên dangu lajêng tumungkul kèndêl. Gus Banthong pitakèn: wontên punapa dene mengo sêmu kagèt. Tamu mangsuli: sae. Wontên sasmita ingkang prayogi tumraping sarira sampeyan, kacêtha wontên ing pamirêng kula punika wau, nanging gaib. Gus Banthong ngungun, dene tamunipun ngakên sumêrêp prakawis gaib, lajêng pitakèn: sasmita sae ingkang tumrap ing awak kula wau badhe wontên punapa. Wangsulanipun tamu: bokmanawi botên ngantos sapêkên sampeyan badhe tampi donya ingkang sah. Gus Banthong sêmu eram lajêng wicantên: sokur ta manawi makatên, mila manawi kabêkjan wau dhatêng, panjênêngan mugi rawuha mariki malih. Tamu mangsuli: inggih. Sasampunipun kasêgah wedang nyênyamikan, tamu wau lajêng pamit mantuk dipun jurungi.

Sapêngkêripun tamu Gus Banthong anggagas: kabêkjan kapriye kang bakal tumiba ing awakku, awit aku

--- 51 ---

ora rumasa nênandur pangabêkti, dadi ora duwe pangarêp-arêp ngundhuh woh, karomanèh apa kang dadi nalar-nalare, dene dhayoh mau kaduga mêthèk kang kaya mangkono, môngka durung kulina bangêt mungguhing kaananku.

Kacariyos, sawêg lêt sadintên Gus Banthong katamuan tiyang ingkang dèrèng nate dipun wanuhi, inggih punika utusanipun Nyonyah Pondre ing Tulungagung, maringakên arta dhatêng Gus Banthong kathahipun f 500 kanthi sêrat suraosipun makatên: awit saka wêlinge swargi Tuwan Pondre, samôngsa layang sastra Sandidahana wis ana pakolèhe, ya iku layang kang tinêdhak dening Gus Banthong nalika ana ing Tulungagung, layang sastra Sandidahana mau minôngka pèngêt nuduhake dununge rajabrana kang winadi, kênane kawaca sarana kaobong, mulane aran sastra Sandidahana, ing mêngko layang mau mêtu paedahe nganti f 40.000,-

--- 52 ---

(patang puluh èwu rupiyah), mulane Gus Banthong wajib mèlu olèh pakolèhe, titi.

Gus Banthong sangêt pangungunipun, sagaluguting kolang-kaling botên gadhah pangintên manawi samantên pambêkanipun bôngsa kulit pêthak, têtêp anêtêpi ing kautamèn. Sasampunipun arta f 500 dipun tampèni dening Gus Banthong, utusanipun Nyonyah Pondre kasuba-suba kalayan urmat, antukipun dipun sangoni arta f 10 kanthi sêrat wangsulan, suraosipun: sampun nampèni arta f 500 saking sihipun nyonyah, sakalangkung nuwun kalayan suka bingah ingkang tanpa upami. Utusan lajêng wangsul dhatêng ing Tulungagung.

Kacariyos, sapêngkêring utusanipun Nyonyah Pondre, Gus Banthong sangêt ngajêng-ajêng dhatêngipun tiyang ingkang ahli ngalamat wau, dene tètès anggènipun gadhah pamêthèk, mila lajêng sadhiya sêsêgah ingkang sae-sae, awit namtokakên tiyang ahli [ah...]

--- 53 ---

[...li] ngalamat botên wande tamtu dhatêng, kapirit sapisan: tètès anggènipun nampèni sasmita, kaping kalih: pancèn tiyang kêmlaratan. Dados Gus Banthong botên kesah-kesah saking griya, sanadyan gadhaha pêrlu badhe kêkesahan inggih dipun êndhakakên, sabab kapêksa badhe ambingahakên dhatêng tiyang ingkang tètès pamêthèkipun, sarta dipun tamtokakên sangêt, tiyang ahli ngalamat wau wangsul dhatêng griyanipun Gus Banthong botên badhe cidra.

Sarêng dipun sarantosakên ngantos sapêkên, tiyang ahli ngalamat botên dhatêng, Gus Banthong ngungun, pangunadikanipun:pangunandikanipun. apa mungguh kang dadi wadine. Dene wong ahli ngalamat ora têka mrene. Dipun êntosi dumugi pitung dintên mêksa botên dhatêng, Gus Banthong saya prihatos, jalaran ing batos gadhah kapengin nêdya sinau ulah kasasmitan, têka wontên tiyang lantip dhatêng prakawis gaib, kalêbêt nyêbal saking nalar, wusana tiyang ahli [ah...]

--- 54 ---

[...li] ngalamat botên dhatêng, mila Gus Banthong ing batos botên têlas-têlas pangungunipun, kêdah kapengin sumêrêp nalaripun. Tiyang ahli ngalamat tumuntên dipun padosi ngantos narutus mêksa botên kapanggih, katêranganipun tiyang wau sampun kesah têbih, awit sampun angsal pitulungan sangu saking tiyang sanès, dene sagêdipun mêthèk wau sayêktosipun saking sampun mirêng rumiyin, nalika wontên ing Tulungagung tiyang wau dipun omongi ngantos salêsih kalihan utusanipun Nyonyah Pondre, bab anggènipun badhe nampèkakên arta ganjaran dhatêng Gus Banthong, mila tiyang ahli ngalamat lajêng ngrumiyini mantuk dhatêng Kadhiri, sumêdya maedahakên pangawasanipun ingkang saking pamirêng, mila lêrês bêbasan wêruh sadurunge winarah, wêruhipun wau awit saking sampun winarah sadèrèngipun. Gus Banthong sarêng mirêng pawartos makatên punika manahipun lajêng marêm. Dados [Dado...]

--- 55 ---

[...s] botên wontên prakawis donya ingkang nyêbal saking nalaripun.

Nalika samantên Gus Banthong wiwit nalôngsa sangêt, têka dèrèng paja-paja nyumêrêpi rungsiting lêlampahan, tandhanipun mikir satunggaling bab ingkang langkung gampil kemawon têka malèsèd, punika Gus Banthong rumaos kenging sêsiku, mila ing mangke lampahipun saya dipun agêngakên.

1. Nglampahi kêkesahan ijèn tanpa kanthi, parlunipun anggêgulang kapurunan, utawi nêdya ngêdalakên pamikiripun piyambak, sampun ngantos kacampuran pamikiring liyan, utawi ingkang botên sarana mawi têtimbanganing liyan, inggih punika nama: ambundêrakên tekad utawi ngênthêlakên pamanggih, saking ciptanipun dumadosing awon sae punika botên liya amung saking tekad. Punapa malih manawi kêkesahan ingkang kinintên [kinintê...]

--- 56 ---

[...n] botên nyipêng dipun gêgulang tanpa sangu arta, pêrlunipun ingkang sapisan, kangge sarana mêpêti kêkajêngan ingkang mawi wragad. Kaping kalih, ngêncêngakên sêdya sampun ngantos tiyang kawasesa ing arta, têgêsipun: botên sagêd kêkesahan yèn botên sangu arta. Saking pangangkahipun Gus Banthong, manawi kesah amung sangua kêncênging manah, mila makatên awit Gus Banthong botên gadhah pangangkah supados badanipun dhumawaha ing sakeca, dados sumèlèhipun ing sakeca wau sagêda sadhawah-dhawahipun piyambak.

2. Nglampahi botên nandukakên pamuring-muring, sanadyan dhatêng tiyang lêpat ingkang wajib dipun srêngêni, inggih botên kauring-uring, pêrlunipun supados sampun ngantos angsal basa sêngap, amargi têdhasing pamuring-muring sagêd anglabêti dhatêng manah ingkang rêkaos icalipun.

--- 57 ---

Manawi makatên punapa Gus Banthong botên anglampahi wajib, dene botên purun anyrêngêni dhatêng tiyang ingkang manggih lêpat. Inggih lêrês makatên, sanadyan Gus Banthong wau nilara wajib, ananging nglampahi kasaenan ingkang ngungkuli wajib, awit wajib punika amung dumunung wontên ing lêrês kemawon, dèrèng ngancik dhatêng kautamèn sanginggilipun sae.

3. Nglampahi botên gumujêng, supados sampun ngantos kaanggêp rècèh, awit tiyang gumujêng punika manawi ngantos sangêt-sangêt nama amêngku suka, môngka watakipun tiyang suka anênarik dhatêng supe, dados botên èngêt yèn manungsa punika apês. Manungsa kêrêp anggadhahi kajêng botên kalaksanan wêkasanipun lajêng susah, ing nalika nandhang susah botên pisan-pisan kèngêtan nalikanipun anglampahi

--- 58 ---

bingah, kosokwangsulipun nalika nglampahi bingah inggih botên kèngêtan nalika anandhang susah. Manawi dipun raosakên ingkang sayêktos, yèn tiyang gêsang punika kêrêp anglampahi susah prasasat botên sagêd gumujêng, watakipun tiyang suka sok manggih duka, lah punika ingkang dipun wekani dhatêng Gus Banthong, mila lajêng ngagêngakên panarimah supados ing salêbêtipun gêsang sampun sangêt-sangêt kabalêbêg ing cuwa lan gêla.

Gus Banthong anggènipun anglampahi lampah tigang prakawis kasêbut ing nginggil wau, kuwawi ngantos sataun botên wontên kara-kara satunggal punapa.

Bantahipun Rêsi Padya kalihan Mintaraga

Rêsi Padya punika malihanipun Bathara Endra, sumêdya andadar kawicaksananipun ingkang tapa wontên ing ardi Endrakila, inggih punika Sang Arjuna, [Arju...]

--- 59 ---

[...na,] tapa nama: Bagawan Mintaraga.

Kacariyos, Rêsi Padya tumurun saking kaendran, anjujug dhatêng ing guwa Endrakila. Sang Mintaraga nuju sêmadi êning. Rêsi Padya dhèhèm. Sang Mintaraga tumuntên mudhar sêmadinipun, lajêng manggihi dhatêng ingkang rawuh sampun atata lênggah.

Sang Mintaraga manambrama saha pitakèn asma, tuwin sêdya miwah pinangkanipun dhatêng ingkang rawuh.

Rêsi Padya ngakên yèn pandhita ingkang tapa sasênênging manah. Pratelanipun makatên wau nyêmoni dhatêng Sang Mintaraga, dene tiyang tapa patapanipun rinarêngga sarwa asri, sarta kadekekan dêdamêl sarwa gumêlar, punika tapanipun tiyang punapa. Sang Mintaraga inggih botên kêkilapan dhatêng pasêmon wau, nanging botên patos kagalih, amargi ewanipun ingkang rawuh punika kamanah amung tumrap ing lair, dèrèng dumugi ing kajatèn. Rêsi Padya nglajêngakên pratelanipun, saking anjajah wana tuwin ardi, lajêng [la...]

--- 60 ---

[...jêng] sumêrêp teja manthêr, dipun purugi tejaning guwa Endrakila punika, icaling teja wontên manungsa ingkang tapa salêbêting guwa. Pangandikanipun Rêsi Padya: inggih punika pun adhi, mênggahing sêdya badhe anggayuh punapa, sarta pun adhi punika jumênêng punapa.

[Grafik]

Rêsi Padya

--- 61 ---

Sang Mintaraga sampun priksa yèn badhe dipun ayoni dhatêng ingkang rawuh, lajêng mangsuli pitakèn wau, sarana kerasing basa sasmita, têmbungipun Sang Mintaraga: ingkang winênangakên mangun tapa punika nama pandhita, tumamaning tapa dados wicaksana.

[Grafik]

Mintaraga

--- 62 ---

Rêsi Padya gumujêng latah. Wangsulanipun: bab punika wêrit sangêt, sarta botên gampil pun adhi mangsuli ingkang kados makatên, dados têgêsipun: pun adhi punika ngakên pandhita ingkang wicaksana, rak inggih makatên ta, suwawi inggih makatên punapa botên adhi, sampun kumbi lho. Rêsi Padya gumujêng malih.

Sang Mintaraga wicantên, wêdaling swantên sakalangkung ulêm: kula amung nyumanggakakên, langkung-langkung ingkang mastani.

Rêsi Padya nêmaha nandukakên têmbungipun diksura: lah dalah, pun adhi saya andaluya, punapaa yèn pun adhi ngakên pandhita ingkang wicaksana, têka mawi angrêngga guwa, sarta samêkta sanjata, punapa pandhita badhe ngraman, utawi pandhita aling-aling ulah kawibawan wontên ing donya, ingkang makatên wau mêsthi sasaripun, pratingkahipun adhi punika pandhita [pandhi...]

--- 63 ---

[...ta] cara pundi, dene pandhita tansah apêpaès sabên dintên, yèn makatên pun adhi kenging kula wastani pandhita pulasan.

Anggènipun nguwus-uwus Rêsi Padya makatên wau, supados Sang Mintaraga mêdala kanêpsonipun, nanging ingkang dèn uwus-uwus botên môntra-môntra rêngu, pasêmonipun malah mèntèr kados dilah, jênjêm tajêm tur jatmika. Sang Mintaraga wicantên: prakawis kalairan punika botên dados wosing parlu, ugêripun wontên lênging tekad, manawi manungsa sampun sagêd anjumbuhakên awon saening kadonyan, saèstu sampun mêngku ing prana pranawa.

Rêsi Padya gumrêbêg panggalihipun, e e toblas, toblas, wong iki ngakokake ati, samangke andika botên kenging mingkuh, yèn dhasar waskitha yêktos, lah ingkang kula gêgêm punika punapa. Yèn andika botên sagêd ambatang saèstu sinurak ing jagad, nglêmpara namaning pandhita, [pandhi...]

--- 64 ---

[...ta,] jugar namaning ajar.

Sang Mintaraga matur: ingatasipun bêbantahan botên wontên awonipun, wangsul karsanipun sang rêsi punika nama dadar-dadaran, punapa botên kalêbêt ambuka kêkêran ingkang winados.

Rêsi Padya mangsuli: e botên, inggih punika ingkang utami kangge tôndha saksi, yèn dhasar andika pandhita ingkang waskitha ing budi, amêsthi sagêd ambatang ingkang kula gêgêm punika: punapa, suwawi cêplos andika wastani lêganing manah kula.

Sang Mintaraga matur ngrêrêpa: prakawis punika bok inggih kasigêg samantên kemawon. Rêsi Padya mêksa, Sang Mintaraga kapurih ambatang, sampun botên kenging mingkuh. Sang Mintaraga matur: manawi makatên karsanipun sang rêsi inggih nuwun-nuwun. Mugi lêpata sêsikuning jawata, tinêbihna ing tulah-sarik, manawi botên lêpat panawang kula, ingkang kagêgêm sang rêsi punika uwos. Inggih punapa botên, [bo...]

--- 65 ---

[...tên,] môngga kabikaka.§ Uwos, mêngku têgês kêkalih. 1. bêras, 2. bakuning parlu. Juru ngarang.

Rêsi Padya eram sangêt, dene Sang Mintaraga waskitha, lajêng ngandika: inggih lêrês uwos, mênggahing uwos punika andika wardèni suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur: uwos punika saking panglaras kula anggadhahi suraos: mêngku bêbakuning parlu, awit sadaya daya ingkang kaudi amung wosipun. Inggih makatên punapa botên saking karsanipun sang rêsi.

Rêsi Padya ngandika malih: inggih lêrês makatên. Mênggah cacahing uwos ingkang kula gêgêm punika, andika wastani wontên sapintên, sarta anggadhahi suraos kadospundi.

Sang Mintaraga matur: manawi botên kalintu pangetang kula, cacahipun wontên sapta wêwijangan. Sapta,

--- 66 ---

têgêsipun: pitu. Wêwijangan, têgêsipun: êlas. Dados wontên pitung êlas, inggih makatên punapa botên.

Rêsi Padya ngungun lajêng ngandika: inggih lêrês pitung êlas, mênggah uwos pitung êlas wau dunung sarta suraosipun kadospundi, suwawi kapratelakna.

Sang Mintaraga matur: inggih, manawi condhong kalihan cipta riptanipun sang rêsi, uwos pitung êlas wau dunungipun wontên ing dintên pitu,

1. Raditya, 2. Soma, 3. Anggara, 4. Buda, 5. Wrahaspati, 6. Sukra, 7. Tumpak.

Dene suraosipun dintên pêpitu wau dados [da...]

--- 67 ---

[...dos] têtêngêring pèngêtan môngsa, awit sadaya prakawis katitik saking têranging panêngêran, witipun têrang saking soroting baskara, inggih makatên punapa botên.

Rêsi Padya gèdhèg-gèdhèg sarwi ngandika: inggih makatên. Uwos pitung êlas kula bucal ingkang saêlas kantun pintên, dunung sarta suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur: uwos pitung êlas kabucal ingkang saêlas kantun sad wêwijangan. Sad, têgêsipun: nênêm. Wêwijangan, têgêsipun: êlas. Dados kantun nêm êlas. Mênggah dunungipun wontên tataning agami kadewatan, inggih punika dununging panêmbah,

1. Dhatêng Sang Hyang Sambo, 2. Dhatêng Sang Hyang Brahma, 3. Dhatêng Sang Hyang Endra, 4. Dhatêng Sang Hyang Wisnu,

--- 68 ---

5. Dhatêng Sang Hyang Bayu, 6. Dhatêng Sang Hyang Kala.

Dene suraosipun jawata nênêm wau dados ugêr-ugêring panêmbah, inggih makatên punapa botên.

Rêsi Padya saya eram lajêng ngandika malih: uwos nêm êlas kula bucal ingkang saêlas kantun pintên, dunung sarta suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur: uwos nêm êlas kabucal ingkang saêlas kantun pônca wêwijangan. Pônca, têgêsipun: gangsal. Wêwijangan, têgêsipun: êlas, dados kantun gangsal êlas. Mênggah dunungipun wontên ing pôncadriya, ingkang dados palawanganing budi, wijangipun makatên:

1. pagêpokan, raosing sarira, 2. panggônda, raosing grana, 3. pangênyam, raosing tutuk, 4. pamirêng, raosing talingan,

--- 69 ---

5. paningal, raosing mripat.

Inggih makatên punapa botên.

Rêsi Padya ngandika: inggih lêrês. Gangsal êlas kula bucal ingkang saêlas kantun pintên, lênggahipun wontên ing pundi, sarta suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur: uwos gangsal êlas kabucal ingkang saêlas kantun catur wêwijangan, dados kantun kawan êlas, mênggah lênggahipun wontên ing keblat sakawan.

1. Purwa, têgêsipun: wetan, 2. Duksina, têgêsipun: kidul, 3. Pracima, têgêsipun: kilèn, 4. Utara, têgêsipun: lèr.

Dene suraosipun dados wêwaton tataranipun lampahing ngèlmi,

1. Lampahing raga, 2. Lampahing budi,

--- 70 ---

3. Lampahing rasa, 4. Lampahing sukma.

Inggih makatên punapa botên.

Rêsi Padya ngandika: inggih lêrês. Sakawan kula bucal satunggal kantun pintên, lênggahipun wontên ing pundi, sarta suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur: sakawan êlas kabucal ingkang saêlas kantun tri wêwijangan, dados kantun tigang êlas, mênggah lênggahipun wontên ing dêdunungan, inggih punika wosing cariyos, awit sakathahing cariyos punika saèstu mawi dêdunungan.

1. Dumunung wontên ingkang cariyos. 2. Dumunung wontên ingkang nampèni cariyos. 3. Dumunung wontên ingkang cinariyos.

Ingkang makatên punika dados ugêring ukara, dene suraosipun nelakakên wiji purwaning dumados, inggih punika trimurti, têgêsipun: kêmpaling musthika têtiga. Inggih punapa botên. [bo...]

--- 71 ---

[...tên.]

Rêsi Padya ngandika: inggih. Tiga kula bucal ingkang satunggal kantun pintên, lênggahipun wontên ing pundi, suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur: tiga kabucal ingkang satunggal kantun dwi wêwijangan, utawi kalih êlas, lênggahipun wontên ing wadhah kalihan isi, dene suraosipun nelakakên mor misahing lair batos, wujud kêkalih dados satunggal, inggih punapa botên.

Rêsi Padya nglêrêsakên. Kalih kula bucal ingkang satunggal kantun pintên, lênggah sarta suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur: kantun eka wêwijangan, inggih punika kantun satunggal, lênggahipun wontên lênging sêdya, suraosipun wontên ing kalanggêngan, awit sadaya kawontênan ing donya, punika botên têtêp, kêdah mawi ewah gingsir, ingkang

--- 72 ---

langgêng amung sawiji ingkang kuwasa, Hyang Sukma Kawêkas. Inggih makatên punapa botên karsanipun sang rêsi.

Rêsi Padya mangsuli: inggih makatên. Sapunika satunggal, kula bucal ingkang satunggal dados kantun pintên, suwawi andika wasisakakên sampun katanggêlan.

Sang Mintaraga andhêku sarwi matur: dhuh mugi sampun makatên, punika awisan botên kenging kawêdhar, prayogi kèndêl samantên kemawon, amargi nama miyak warana, manawi ngantosa kawanguran, saèstu nyudakakên kawingitan têmahan kirang prayogi dinulu, sang rêsi.

Rêsi Padya kêncêng lajêng ngandika: botên, inggih kêdah andika wastani, satunggal kula bucal satunggal kantun pintên, suwawi kantun pintên, yèn andika botên kadugi ambatang, kula lajêng sagêd mastani, bokmanawi sakathahing cariyos punika wau,

--- 73 ---

amung dumunung ing kawasisanipun adhi kemawon, sajatinipun manahipun adhi taksih pêtêng dhêdhêt dèrèng tarawangan.

Sang Mintaraga matur: botên ta sang rêsi, mugi kagaliha ingkang lêbêt, bab punika manawi kaparêng sampun ngantos kalajêng-lajêng, barang kantun satunggal prayogi kataksihakên. Sampun ngantos kabucal mindhak ical, uwos kantun saêlas wêkasanipun badhe têlas.

Rêsi Padya midhangêt ginêmipun Sang Mintaraga makatên wau lajêng gumujêng latah, o, o, sêmune gênah yèn jedok pandhita iki. Botên ta adhi, pasajanipun andika kaconggah punapa botên, manawi kaconggah suwawi andika wastani, satunggal kula bucal ingkang satunggal kantun pintên.

Rêsi Padya anggènipun gumujêng latah wau, angintên bilih Sang Mintaraga botên andungkap dhatêng prakawis punika, botên wande pambatangipun: barang satunggal [satungga...]

--- 74 ---

[...l] kabucal ingkang satunggal inggih sampun têlas, môngka botên wontên barang têlas, tansah tuwuh sirna, tuwuh sirna.

Sang Mintaraga inggih sampun pirsa bilih dipun ina ing batos dhatêng Rêsi Padya. Aturipun: dados sang rêsi kêncêng sampun botên kenging kula aturi kèndêl.

Rêsi Padya mangsuli: botên kenging, inggih kêdah andika pêthèk, supados nêtêpi namanipun pandhita ingkang wicaksana.

Sang Mintaraga wicantên: sang rêsi, mugi kauningana, manawi lêpat anggèn kula ambatang sampun ngantos andadosakên runtiking panggalih, pintên banggi yèn lêrêsa, uwos ingkang saêlas kabucal saêlas, punika sampun ical botên wontên uwos malih, dene icalipun uwos sapunika ingkang wontên kantun Sang Hyang Bathara Endra.

Kacariyos, sarêng Sang Mintaraga sampun amêdharakên [amêdhar...]

--- 75 ---

[...akên] kawicaksananipun, ingkang binatang kagèt lajêng anjola, sanalika sirna warnining Rêsi Padya, babar awarni Sang Hyang Endra, sarwi anjêngèk ngrangkul dhatêng Sang Mintaraga, i, ladalah, ora kaya kowe wong abagus, dene samono kawicaksananira. o. (têlas).

[Grafik]

Sang Hyang Endra

--- 76 ---

Mila cariyos ing nginggil punika kapratelakakên, bokmanawi kenging kapêthik dhatêng para tiyang ingkang rêmên dados dhalang.

Kacariyos Gus Banthong, sarèhning jajahanipun sampun kathah, dados pamanggihipun saya minggah, sagêd nimbang awon kalihan sae, tuwin lêrês kalihan lêpat, punapadene sakeca kalihan ingkang botên sakeca kadadosanipun. Mila saya mêmpêng anggènipun ngudi dhatêng kasaenan. Dene ingkang dipun anggêp kasaenan wau, sagêda dipusdipun. trisnani dhatêng sasamining agêsang, amargi punika ingkang katêtêpakên dados kônca utawi sarawunganipun gêsang wontên ing donya. Prakawis punika saèstu rungsit sangêt, nanging manawi kaudi, sarta dipun lampahi kalayan têmên-têmên, pakantukipun inggih beda tinimbang kalihan tiyang ingkang botên niyat ngudi kasaenan ingkang amrih sakecaning agêsang.

--- 77 ---

Ing mangke Gus Banthong badhe kakesahan malih mangetan, sumêdya madosi Radèn Sukatman, parlu badhe nyumantakakên karanganipun Sêrat Sarawungan, ngiras pados mitra ingkang nunggil laras. Botên antawis dangu kadhatêngan kawanuhanipun lare nama: Mas Dêrês, asli saking nagari Sala, sapunika tumut kalêrês bibèkipun nama: bok Bawuk, gêgriya ing kampung Astanabêthèk, bawah Kadhiri. Gus Banthong bingah kadhatêngan kawanuhanipun ingkang sampun supêkêt. Dipun panggihi kalayan dhanganing manah. Mas Dêrês punika têpangipun kalihan Gus Banthong sae sangêt, sami trisnanipun kados sadhèrèk. Nanging trap-trapanipun Mas Dêrês sawarni nganggêp guru dhatêng Gus Banthong, amargi rumaos kawon kasagêdan utawi kawon asli. Dene Gus Banthong, pangrêngkuhipun dhatêng Mas Dêrês amung sami-sami kemawon, awit Mas Dêrês punika sanadyan asli alit, nanging manahipun lantip utawi ragi

--- 78 ---

micara sawatawis, kenging dipun ajak têtimbangan pamikir.

Gus Banthong wicantên: Mas Dêrês, ing wêkdal punika sampeyan sawêg manah punapa.

Mas Dêrês mangsuli: botên wontên ingkang kula manah, kajawi anggagas anggèn kula angguran, ing pangangkah sumêdya pados pandamêlan ngèngèr Walandi, manawi sampun sagêd angsal balônja, kenginga kula klêmpakakên kangge sangu mantuk dhatêng ing Sala.

Gus Banthong wicantên: kula punika saèstunipun inggih kapengin sangêt sumêrêp nagari Sala, nanging pangangkah kula badhe kula wiwiti lêlana mangetan rumiyin lajêng mangilèn.

Mas Dêrês wicantên: mangetan dhatêng pundi, kula inggih purun andhèrèkakên.

Gus Banthong mratelakakên: badhe dhatêng ing Lumajang, madosi mitra kula nama: Radèn Sukatman. Ingkang asring dipun ngandikakakên bapak lare

--- 79 ---

bantêr punika, ing ngajêng tilas guru kula prakawis sastra, kula badhe nyumantakakên damêlan kula Sêrat Sarawungan punika.

Mas Dêrês nêdha sumêrêp Sêrat Sarawungan, lajêng dipun liling satamatipun, Mas Dêrês eram sarwi wicantên: punika sae sangêt, Gus Banthong. Dèrèng wontên sêrat ingkang suraosipun kados makatên, cêkak aos, jêmbar têbanipun, tur runtut dhong-dhingipun.

Gus Banthong wicantên malih, yèn dhasar sampeyan purun tumut inggih langkung prayogi. Kula angkah badhe mangkat ing dintên benjing êmbèn.

Enggalipun Mas Dêrês kêncêng badhe tumut lêlana kalihan Gus Banthong, rêmbag sampun kênthêl dumugi ing dintên ingkang tinamtu, lare kalih lajêng nyuwun pamit dhatêng rama ibunipun Gus Banthong. Sarèhning Gus Banthong lare sampun mêngku kasagêdan, dados ingkang rama ibu inggih sampun pitados sarta anglilani, ingkang [ing...]

--- 80 ---

[...kang] putra kaparingan sangu f 25 amung mêling dhatêng Mas Dêrês wantos-wantos, sampun ngantos pisah kalihan Gus Banthong, Mas Dêrês andhêku matur: inggih badhe ngèstokakên.

Lare kalih lajêng mangkat saking griya, lampahipun ngalèr ngetan mêdal ing Ngantang, dumugi ing Malang sipêng sadalu, enjingipun mangkat malih mêdal ing rêdi Sêmèru, marginipun andêdêr minggah sakalangkung rêkaos, nalika sawêg dumugi ing dhusun Buklakah, Mas Dêrês inggih taksih ragi sênêng, jalaran kêrêp sarawungan kalihan tiyang kapalan ing dhusun Ngadas, sami dhatêng ing kitha Malang parlu ngurupakên daganganipun kênthang, kobis tuwin brambang. Angsal sarêm, trasi, kipêr, tuwin sanès-sanèsipun. Dados jaman samantên ing tanah ngriku taksih tumindak urup-urupan. Sarêng lare kalih saya minggah, saya sangêt rêkaosing lampah, jalaran marginipun sungil sakalangkung dening ciut. Kiwa têngên kaapit-apit [kaapi...]

--- 81 ---

[...t-apit] ing jurang, Mas Dêrês lampahipun angrempong, manahipun ngênthêl, amargi dèrèng nate kêkesahan têbih makatên, kajawi sawêg jojo-jojo tumut lêlana punika, mila anggènipun bêkah-bêkuh nelakakên manawi wêgah. Gus Banthong sumêrêp ing sêmu lajêng wicantên: Mas Dêrês, manawi sampeyan botên kaconggah, punapa sampeyan wangsul ing ngriki kemawon, bilih wangsul malah kula mêling, manawi dumugi ing griya, sampeyan matur dhatêng bapak, yèn kula lajêng ijèn dhatêng Lumajang mêdal ing rêdi Sêmèru. Mas Dêrês manahipun ngêrês lajêng wicantên: o, Allah kadospundi Gus Banthong, yèn kula wangsula iba dukanipun ingkang rama, wêlingipun wantos-wantos kula sampun ngantos pisah kalihan panjênêngan. Dhatênga ing pundi-pundi kula ingkang andhèrèkakên. Gus Banthong wicantên: sokur yèn makatên, ingkang takad kemawon, Mas Dêrês.

--- 82 ---

Ing tanah ngriku punika hawanipun asrêp sangêt, dhatêng badan raosipun kêkês kados dipun kum toya ès, mila lare kalih lampahipun sami sidhakêp kalihan narêthêg, lambenipun anggêbibir, alisipun sami mêdal pêthak-pêthak kados unthuk, bokmanawi saking kêkêsipun, sarêng dumugi lambunging rêdi ingkang nginggil, marginipun nasak galagah tuwin rêrayungan, tur sampun botên kêpêthuk ing tiyang, ingkang kaambah punika botên wontên wit-witanipun ingkang agêng, têtuwuhanipun amung glagah tuwin rêrayungan inggilipun sadêdêg, lare kalih kêrêp kapranggul maesadanu pintên-pintên atus, inggih punika maesanipun tiyang dhusun ingkang kaumbar ing wana ngriku, ngantos taunan tanpa giniring mantuk têmah bêbranahan, dene manawi wontên damêlipun badhe kapragat, panyêpêngipun maesa wau sarana kasanjata. Mas Dêrês sakalangkung dening sangsara, manahipun sangsaya ngênês, batosipun pasrah [pa...]

--- 83 ---

[...srah] ing Pangeran, rumaos sampun botên sagêd mantuk, botên wande pêjah wontên ing rêdi Sêmèru. Awit papan makatên punika dede ambah-ambahanipun lare, sanadyan tiyang sêpuh pisan, manawi botên sumêdya nglalu badhe pêjah, masa puruna ngambah papan ingkang kados makatên, kajawi pancèn tiyang ing tanah ngriku. Mila Mas Dêrês sangêt anggènipun nalôngsa nênuwun ing dalêm batos, mugi pinaringana luwar saking bêbaya ingkang makatên. Dene papan saklangkung sungil mawi botên wontên têdha, batosipun malih ngalêm dhatêng Gus Banthong, sawawratipun lare kabantêranipun pancèn pêngpêngan sangêt, amung sumêlang bokmanawi kesahipun Gus Banthong punika anderah sakit pados margining pêjah, dene anjarag ngambah papan ingkang ngudubilai makatên, nanging Mas Dêrês badhe gadhah pêpèngêt utawi mênggak dhatêng Gus Banthong sangêt ajrihipun, amargi kamanah lare sampun langkung kathah sêsêrêpanipun, [sêsêrêpani...]

--- 84 ---

[...pun,] mila amung kèndêl masaborong ngêtutakên ing sapurug.

Kacariyos, lare kalih lampahipun ngambah pinggiring sagantên wêdhi, udaling wêdhi ingkang ambaludag mêdal ing umbul katingal lèrèp-lèrèp saking nginggil, Mas Dêrês sumêrêp saya ngêrês manahipun. Gus Banthong sampun mirêng pawartos, bilih ngambah rêdi Sêmèru botên kenging ngraosi punapa-punapa, mila inggih amung kèndêl kemawon. Dumadakan Mas Dêrês pitakèn bisik-bisik: ingkang katingal makatên punika punapa, gus. Gus Banthong mangsuli: bokmanawi punika ingkang nama sagantên wêdhi. Sawêg mingkêm anggènipun ngraosi lajêng mak pêt, lare kalih katêmpuh ing ampuhan, sanalika pêtêng dhêdhêt botên katingal sawiji-wiji, Gus Banthong ngungun, gawat bangêt ing gunung Sêmèru iki, dene ora kêna dirasani. Mas Dêrês saklangkung anggènipun sumêlang, enggal gondhelan dhatêng Gus Banthong kalihan [kali...]

--- 85 ---

[...han] tab-taban manahipun, awit lampahipun ing margi gagap-gagap botên patos prêmana. Mas Dêrês manahipun ngênês sangêt, kapriye bakal kadadeane lêlakon iki, amung Gus Banthong ingkang tatag santosa ing tekad.

Enggaling cariyos, pêdhut ampuhan saya padhang, sagantên wêdhi sampun kapêngkêr, ing wanci ngajêngakên suruping srêngenge, lare kalih dumugi ing dhusun Ngadas, prênahipun taksih wontên satêngah-têngahipun rêdi Sêmèru, ing dhusun Ngadas punika watawis amung wontên griya kalih wêlas wuwung, pamanggenipun sami pating parênca, botên wontên ingkang nunggil pagêr, Gus Banthong tuwin Mas Dêrês lajêng malêbêt ing griyanipun tiyang ngriku, sami mungêl kulanuwun, kulanuwun, botên wontên ingkang nyauri, saking asrêpipun lajêng anjujug ing bêdhiyan, awit ing dhusun ngriku punika sabên griya tamtu wontên totoripun latu. Griya ingkang dipun lêbêti Gus Banthong wau,

--- 86 ---

inggih wontên tiyangipun jalêr tuwin èstri, nanging sami kèndêl kemawon sami glindhang-glindhung tanpa sandhangan jangkêp. Ingkang jalêr amung mangangge kathok, rasukan, tuwin ikêt kaubêt-ubêtakên. Ingkang èstri ngangge tapih, rasukan tanpa kêmbên, kopèkipun kaumbar pating gêbambèr. Sandhanganipun sami kluwuk-kluwuk sarta botên purun sapa aruh dhatêng ingkang katisên. Gus Banthong tuwin Mas Dêrês inggih samantên ugi, sampun botên anggagas caranipun tiyang maratamu, ingkang kabujêng amung anggènipun api-api pados angêt. Dados tiyang sakawan tansah bison tanpa wicantênan. Saupami Gus Banthong pitakèna inggih tanpa damêl, awit sami botên mangrêtosipun, sarta ginêmipun tiyang ngriku botên cara Jawi limrah, têmbungipun: sira, reyang. Sira, têgêsipun: kowe, reyang, têgêsipun: aku.

Tiyang jalêr wau lajêng mêdal saking griya, botên [botê...]

--- 87 ---

[...n] antawis dangu wangsul ngajak kônca tiyang jalêr satunggal, punika kuwu, lurahing dhusun ngriku nama: Ki Sêdèk. Lajêng manggihi Gus Banthong, tuwin Mas Dêrês sami dipun ajak linggih ing ambèn. Ki Sêdèk punika ragi sagêd ginêman cara Jawi, lajêng pitakèn: niku kônca pundi.

Gus Banthong mangsuli: kula lare ing Kadhiri, nama: Banthong, dene kônca kula punika nama: Mas Dêrês, sami badhe dhatêng ing kitha Lumajang, madosi sadhèrèk nama: Radèn Sukatman.

Kuwu pitakèn: napa êmpun nêdha.

Gus Banthong mangsuli: dèrèng, amargi botên wontên tiyang sêsadean, punapa ngriki wontên tiyang sade sêkul.

Kuwu wicantên: boyah wontên, napa botên mêndhêt piyambak cêthing ngriku, ngriki yèn tiyang dhatêng mêndhêt piyambak sêkul ing wadhah botên tarèn.

Ingkang winartosan sami ngungun, dene anèh, [a...]

--- 88 ---

[...nèh,] dèrèng nate nglampahi cara ingkang kados makatên.

Kuwu wicantên malih: sira kèndêl ngriki tak padosna.

Gus Banthong tuwin Mas Dêrês sêmu mèsêm. Mangsuli: inggih prayogi.

Kuwu lajêng mêdal saking griya, wangsulipun ambêkta sêkul, lawuhanipun jangan, kênthang kobis, sarêm mawi lalaban kêmlandhingan. Sasampunipun nêdha tuwuk lajêng kaundurakên. Gus Banthong tuwin Mas Dêrês saklangkung ngungun, dene wontên papan ingkang kados makatên, têka angsal pisêgah, tur sagêd kalampahan nêdha sêkul, saking lêganipun ingkang kasêgah, Ki Sêdèk dipun sukani yatra f 2 dhatêng Gus Banthong.

Ing dalu Mas Dêrês taksih prihatos, ngraosakên anggènipun tilêm wontên ing ambèn, dhasar anggalundhung tanpa bantal, tur asrêpipun anglangkungi. Mila botên sagêd tilêm, sakêdhap-sakêdhap [sakêdha...]

--- 89 ---

[...p-sakêdhap] mudhun api-api ing bêdhiyan, amung Gus Banthong ingkang nahanakên dumugi byar.

Enjingipun lare kalih mangkat saking Ngadas, Ki Sêdèk ngêtêrakên sawatawis têbih lajêng wangsul, marginipun inggih nasak galagah rêrayungan, sarta hawanipun taksih asrêp sangêt, amung lampahipun sampun wiwit tumurun, Mas Dêrês tansah bêkah-bêkuh kemawon, wantu katêmbèn anglampahi rêkaos. Wanci surup rêp dumugi ing dhusun Tutur bawah ing Tênggêr, hawanipun inggih taksih ajêg kemawon, asrêp sangêt. Lare kalih tumuntên malêbêt ing griyanipun tiyang ngriku, lajêng anjujug ing bêdhiyan, api-api kalihan narêthêg.

Ginêmanipun tiyang ing dhusun Tutur ngriku, sampun cara Jawi limrah, nanging taksih kagok Surabaya, Mas Dêrês ragi suda susahipun, amargi sagêd salanggapan ujar kalihan ingkang gadhah griya. Sasampunipun kasêgah nêdha lajêng kaprênahakên papanipun tilêm,

--- 90 ---

wontên ing ambèn kiwa têngên kaapit-apit totor. Samantên Gus Banthong ngangge sinjang parangrusak kalithik, tiyang ngriku mastani bathik parangkêsit. Punika dipun meliki dhatêng ingkang gadhah griya, katêmbung badhe dipun lintoni sinjang tanah ngriku bathik kêmbangjarak, sarta dipun sukani tombok arta kalih rupiyah. Gus Banthong nyukakakên sinjangipun botên susah mawi tombok, ingkang gadhah griya bingah sangêt.

Enjingipun lare kalih mangkat saking dhusun Tutur, marginipun ngambah ing wana parêdèn. Dados lampahipun taksih sangsara, dèrèng angsal kêmayaran. Enggaling cariyos lare kalih dumugi ing dhusun Tèmpèh, sampun kapanggih kalihan ingkang tinuju ing sêdya, inggih punika Radèn Sukatman. Mas Siyar kagèt, enggal manggihi kalayan suka pirênaning manah, ing batos ngungun kanthi bingah. Bingahipun dene kapanggih kalihan mitra, ngungunipun Gus Banthong

--- 91 ---

punika lare kêpama, têka dumugi ing Lumajang badhe pados punapa. Sasampunipun sami kabagèkakên wilujênging lampah, Mas Siyar lajêng nolèh dhatêng ingkang èstri. Bok Sutawirêja tanggap tumuntên ngrakit pisêgah wedang panganan, Mas Dêrês tansah nglirik dhatêng ingkang manggihi, anggagas ing batos, layak iki priyayine kang aran Radèn Sukatman. Kêrêp dingandikakake karo kang rama Gus Banthong, wong wandane mangkono iku, iya patut yèn duwea atèn-atèn ambalêdag. Dene sing marakake lanas sarta ambêling, bokmanawa kagawa saka mripatane rada suthup iku. Gus Banthong mratelakakakên dhatêng Mas Siyar: ingkang tumut mariki punika mitra kula nama: Mas Dêrês, asli saking nagari Sala, samangke manggèn wontên ing kampung Astanabêthèk, Kadhiri.

Mas Siyar mangsuli: inggih, lajêng wicantên dhatêng Mas Dêrês: dipun têpangakên kemawon mas, kula punika

--- 92 ---

awon-awon inggih gurunipun Gus Banthong, kala wontên ing Kadhiri, nama kula Sukatman. Sarêng wontên ing ngriki karan: Siyar. Mila manawi sampeyan undang-undang dhatêng kula, inggih Siyar kemawon. Mas Dêrês andhêku kalihan mangsuli: nun inggih.

Mas Siyar pitakèn dhatêng Gus Banthong: wontên parlu punapa dene sampeyan ngantos dumugi ing ngriki, sarta angkat sampeyan kala punapa, marginipun mêdal ing pundi.

Gus Banthong mangsuli: botên wontên parlu ingkang wigatos, kajawi kangên sowan ing panjênêngan, utawi kapengin sumêrêp jajahan, awit kula dipun wartosi rama jêngandika bapak, nalika panjênêngan kondur lajêng wangsul dhatêng ing Lumajang malih, kula gêtun sangêt dene panuju kêkesahan, sarêng mantuk sampun botên mênangi, dene angkat kula saking griya kala ing dintên Jumuwah Lêgi, mêdal ing rêdi Sêmèru, [Sê...]

--- 93 ---

[...mèru,] dumugi ing ngriki kula lampahi wolung dintên. Mas Siyar manggut-manggut: punika kalêbêt nyêrang sangêt, iba rêkaosipun lampah sampeyan. Gus Banthong wicantên: o, botên kadosa, dhasar inggih makatên. Gus Banthong lajêng mratelakakên wiwit nyipêng sapisan dumugi nyipêng ingkang pungkasan. Mas Dêrês nyambêti ginêm gupruk, nyariyosakên sangsaraning lampah nalika wontên ing rêdi Sêmèru, samangke sampun kapok, botên niyat ngaping kalih ngambah ing rêdi Sêmèru malih, rumaos tobat botên ilok. Ingkang mirêngakên sami gumujêng. Lajêng mêdal pisêgah wedang panganan, dipun carakakên sami nyênyamikan. Botên antawis dangu tumuntên mêdal pisêgah dhahar, ulam-ulamanipun rêma sangêt, bok Sutawirêja mawi mragad sawung kabiri kalih kaolah warni-warni. Sasampunipun dhahar lajêng mêdal buah-buahan: pisang susu, nanas, manggis,

--- 94 ---

tuwin jêram Bali. Tumuntên wedang nyamikan majêng malih, sinambi kêkojahan kalihan lêson agir-agiran, dangu-dangu layap-layap lajêng sami tilêm. Jam gangsal sontên lajêng sami tangi ngombe wedang kopi, pacitanipun ledre intip pisang raja tuwin tigan ayam, utawi pisang gorèng angêt-angêtan, tiyang tiga sakawan bok Sutawirêja nglajêngakên kêkojahan.

Mas Siyar wicantên: Gus Banthong, mênggah kesah sampeyan saking griya punika, kajawi nuwèni kula wosipun ingkang dados parlu punapa.

Gus Banthong mangsuli: sapisan, inggih namung parlu kangên sowan ing panjênêngan. Kaping kalih, kapengin sumêrêp jajahan, bokmanawi sagêd ngindhakakên dhatêng kasaenan, sarèhning sadaya tiyang punika dumunung dados kônca kula gêsang wontên ing donya, manawi botên pakèwêd, parlu kêdah sumêrêp sarawunganipun, supados kenging kangge wêwatoning panimbang. [pa...]

--- 95 ---

[...nimbang.] Kaping tiga, kula nyuwun nyumantakakên damêlan kula Sêrat Sarawungan punika, mugi kaparênga mariksani.

Mas Siyar tanggap lajêng nampèni buk alit kaliling ngantos dangu, sarampunging pangliling tumuntên wicantên kalihan gèdhèg-gèdhèg: toblas, toblas, dene samantên lêbêtipun panggalih sampeyan, punika sae sangêt Gus Banthong, kula ingkang guru sampeyan dèrèng dumugi samantên pamikir kula, lah sarêng sêrat punika sampun dados, saking kajêng sampeyan lajêng badhe kadospundi.

Gus Banthong mangsuli: inggih botên kadospundi-kadospundi, amung supados dipun waosa sadhèrèk kathah, bokmanawi wontên ingkang kenging kapêthik kangge wêwaton tindaking sarawungan, punika kula sampun bingah sangêt, pintên banggi sakathahing piwulang wau kenging dipun lampahi kalayan gampil, dados mantuk kalihan ancasing manungsa sami amrih sakeca, [sa...]

--- 96 ---

[...keca,] kados-kados gêsang kula inggih katularan sakeca, makatên saking pangajêng-ajêng kula, wondene ngrêbdanipun manah kula ingkang samantên wau, botên liya inggih wêwinih saking barkah panjênêngan.

Mas Dêrês gèdhèg-gèdhèg, ngalêm dhatêng kamursitanipun Gus Banthong, grênêngipun: tiyang punika manawi dhasaripun manah sae, sadhawah-dhawahing ginêm inggih kêdah sakeca, awit mawi lêlambaran patrap andhap-asor sarta manah suci.

Mas Siyar wicantên: Gus Banthong, sêrat damêlan sampeyan punika sae sayêktos, kula rêmên sangêt, sanadyan tiyang sanèsipun, bokmanawi inggih kathah ingkang rêmên, malah saking pangintên kula janji sagêd sumêbar inggih agêng pigunanipun, liripun: sagêd nênarik dhatêng têntrêming manah ingkang moyar, awit punika dumunung piwulang caking manah. Lah saupami sampeyan damêl malih sêrat piwulang caking badan kadospundi Gus Banthong. Punapa botên agêng [a...]

--- 97 ---

[...gêng] pigunanipun, kados ta: mulangakên patrapipun tiyang mênjait, mêthèl, masah, anggraji, pasang banon, damêl gêndhèng, damêl gôngsa, tuwin sanès-sanèsipun, punapa botên maedahi, awit tiyang gêsang punika kêdah gadhah kasagêdan caking badan.

Gus Banthong mangsuli: inggih sakalangkung kasinggihan, nanging ukuraning badan kula dèrèng kaconggah, saupami damêla piwulang caking badan, amargi samubarang ingkang kawulangakên, kula kêdah nglampahi saha sagêd rumiyin, jêr tiyang gadhah piwulang punika manawi awakipun piyambak dèrèng sagêd anglampahi, watakipun abêr, piwulangipun kirang mandi. Sanadyan anggèn kula damêl sêrat piwulang punika, inggih kula pêndhêtakên ukuran saking manah kula piyambak, ewasamantên kula dèrèng sagêd mastani, bilih sampun lêrês, jalaran raosipun manah kula dèrèng tamtu jumbuh kalihan raosipun manahing liyan, [li...]

--- 98 ---

[...yan,] mila wêwatonipun parlu sangêt kêdah mêndhêt saking sarawunganing akathah.

Mas Siyar tuwin Mas Dêrês sami nglêrêsakên dhatêng ginêmipun Gus Banthong, samantên wanci sampun dalu lajêng dhaharan, sasampunipun dhahar saantawis tumuntên sami ngaso tilêm.

Enjingipun Mas Siyar gadhah pikir dadakan, mangke dalu sumêdya andhatêngakên para mitranipun tiyang ing tanah ngriku, juru sêrat gudhang, mandhor gudhang, para kumêtir, tuwin tôngga têpalih ingkang sampun rakêt, parlu dipun ajak kêmpalan nêdha, ngiras dipun têpangakên kalihan Gus Banthong tuwin Mas Dêrês, Mas Siyar badhe anggêlarakên Sêrat Sarawungan wau dhatêng para mitra, utawi sumêdya ambingahakên Gus Banthong tuwin Mas Dêrês, supados mindhaka pitêpanganipun. Mas Siyar lajêng parentah dhatêng ingkang èstri, kapurih olah-olah ingkang sae, kangge nyêgah tamu mangke dalu andhatêngakên tiyang kalih wêlas. Bok [Bo...]

--- 99 ---

[...k] Sutawirêja tuwin anakipun èstri tanggap lajêng tumandang olah-olah.

Enggalipun sadaya olah-olahan sampun rampung, lajêng katata sae botên nguciwani, sarêng sampun jam wolu dalu para mitra sampun sami dhatêng, linggihipun amung dhepokan, Mas Siyar kalihan Gus Banthong tuwin Mas Dêrês sami manggihi. Sasampunipun katêpangakên nama tuwin ingkang dipun dunungi, Mas Siyar lajêng nandukakên pisêgahipun wiwit dhahar, sarampunging dhahar wedang nyênyamikan lajêng lumados, sinambi kêkojahan.

Mas Siyar wicantên: para mitra, saking pamanggihipun Gus Banthong kalawau dalu, tiyang gêsang punika kancanipun inggih tiyang gêsang, manawi sagêd pêrlu sangêt kêdah sumêrêp sarawunganipun, supados sagêd nimbang ingkang awon kalihan ingkang sae, utawi ingkang lêrês kalihan ingkang lêpat, sarèhning sarawungan wau unggah-ungguhipun warni-warni, ing mangke Gus Banthong [Ba...]

--- 100 ---

[...nthong] damêl sêrat piwulang, kangge wêwaton saening sarawungan, tuwin pêpèngêting lêlampahan. Saupami sagêd ngangge kados suraosing piwulang wau, iba prayoginipun, awit saening sarawungan punika nênarik dhatêng katrêsnan, wêkasan rukun anggènipun kêkancan gêsang wontên ing donya.

Para mitra mirêng cariyosipun Mas Siyar makatên wau, manahipun condhong sangêt, lajêng sami kapengin sumêrêp, kadospunapa suraosipun Sêrat Sarawungan punika.

Gus Banthong nanggapi ginêm: mênggah Sêrat Sarawungan wau têmbungipun ngoko, jêjêripun amung wontên nêm bab, cobi kula waosipun.

1. Bab Sarawunganing Manungsa kang Amrih Pakolèh

1. Yèn sarawungan karo wong sapadha, patrape sing madya, têmbunge sing pasaja.

--- 101 ---

2. Yèn sarawungan karo sadhuwure, patrape aja mapaki, têmbunge aja madhani.

3. Yèn sarawungan karo wong sangisore, patrape aja ngungkuli, têmbunge aja ngasori.

4. Yèn sarawungan karo wong mlarat, patrape aja siya, têmbunge sing katon rêna.

5. Yèn sarawungan karo wong sugih, patrape aja wigah-wigih, têmbunge sing ngasih-asih.

6. Yèn sarawungan karo wong busuk, patrape aja corak-caruk, têmbunge sing êmpuk.

7. Yèn sarawungan karo wong wignya, patrape aja kuciwa, têmbunge kudu sujana.

8. Yèn sarawungan karo bocah, patrape aja sawiyah-wiyah, têmbunge sing ngarah-arah.

--- 102 ---

9. Yèn sarawungan karo wong wadon, patrape aja kurang wiraga, têmbunge sing micara.

10. Yèn sarawungan karo wong ala, patrape kudu wiweka, ing lair aja sulaya, têmbunge sing mêmêla, ing batin kudu prayitna.

11. Yèn sarawungan karo wong bêcik, patrape aja sêmbrana, têmbunge sing pasaja.

12. Yèn sarawungan karo wong seje bôngsa, patrape aja kurang urmat, têmbunge sing rahap.

Dene sarawungane karo wong budhêg bisu ora kalêbu ing pangikêt kene, mungguh gone nitèni iya katitika saka patraping sarawungan, yèn pasaja sarta ora sêmbrana, ya iku tôndha wong bêcik.

2. Bab Laku

1. Sing kumawula marang bandara.

--- 103 ---

2. Sing asih marang dasih, 3. Sing wêdi marang Gusti, 4. Sing mituhu marang guru, 5. Sing jodho marang bojo, 6. Sing bêkti marang laki, 7. Sing trisna marang mitra, 8. Sing ngalah marang bocah, 9. Sing kêrêp pitutur marang batur, 10. Sing sumarah marang lurah, 11. Sing rumêksa marang kônca, 12. Sing mulur marang sadulur.

3. Bab Cêgah Pakon

1. Aja sok§ sok, têgêse: kalakadhing, kêrêp manèh yèn kênaa. goroh mundhak gawe adoh, balik ditêmên supaya akèh kang dhêmên, 2. Aja sok cidra mundhak ora pinarcaya, balik ditêtêp supaya akèh kang nganggêp.

--- 104 ---

3. Aja sok lena mundhak kêna ing bancana, balik diwêweka supaya nêmu raharja, 4. Aja sok malincur mundhak kojur, balik disrêgêp supaya akèh kang rêsêp, 5. Aja sok pamèr mundhak dianggêp lèmèr, balik dibarès malah dadi pêpaès, 6. Aja sok andaleya mundhak kêna ing beka, balik dingati-ati supaya adoh ing bilai, 7. Aja sok irèn mundhak ora kopèn, balik dicakut supaya bisa kêramut, 8. Aja sok kêsèt mundhak kurang kobèt, balik dibangsèt.§ bangsèt: ringas. supaya ora kêpèpèt, 9. Aja sok dahwèn, mundhak ora kajèn, balik dimênêng supaya atimu antêng.

--- 105 ---

10. Aja sok kasusu mundhak kêsluru, balik disarèh supaya bisa pakolèh, 11. Aja sok angkuh mundhak ora karêngkuh, balik disumanak supaya bisa cêdhak, 12. Aja sok krêjik mundhak disirik, balik dilumrah supaya bisa sumrambah.

4. Bab Pêpiritan

1. Sok dhadhaga iya tatag, 2. Sok bênêra iya pintêr, 3. Sok bandêla iya kêndêl, 4. Sok kikrika iya apik, 5. Sok opèna iya tlatèn, 6. Sok gêlêma iya sanggêm, 7. Sok rèwèla iya angèl, 8. Sok wangkala iya nakal, 9. Sok têntrêma iya ayêm, 10. Sok gorèha iya rongèh. 11. Sok danaa iya lila.

--- 106 ---

12. Sok takata iya kuwat.

5. Bab Titikan

1. Witing narima saka kêmba, 2. Witing têtêp saka mantêp, 3. Witing sugih saka pakolih, 4. Witing rikuh saka durung gambuh, 5. Witing mayar saka sabar, 6. Witing bilai saka lali, 7. Witing satru saka hêru, 8. Witing wêgah saka ora kaconggah, 9. Witing bêngkrik saka rêbutan melik, 10. Witing wêdi saka sudhing nèk bilai, 11. Witing rêkasa saka ngaya, 12. Witing slamêt saka èngêt.

6. Bab Lupiyan

1. Wong ala katara, 2. Wong bêcik katitik, 3. Wong kurangajar olèh ujar (ala).

--- 107 ---

4. Wong lali ora olèh bathi, 5. Wong kurang rumasa tuna ing panjôngka, 6. Wong ladak atine mamak, 7. Wong loma dialêmbana, 8. Wong salah atine susah, 9. Wong culika olèh cêla, 10. Wong uwas dadi tiwas, 11. Wong srakah atine cêngkah, 12. Wong licik ditampik.

Gus Banthong wicantên: anggèn kula sagêd damêl wêwarah ingkang samantên punika, inggih labêt angyêktosi lampahing sarawungan.

Para mitra sarêng sumêrêp suraosipun Sêrat Sarawungan wau sakalangkung dening sêngsêm, ing batos sami kapengin anggadhahi, sarta eram dhatêng anggitan wau sagêd turut dhong-dhingipun, môngka ingkang nganggit taksih neneman, têka sampun sêpuh pamanggihipun, lajêng sami mratelakakên rêmên sangêt dhatêng [dha...]

--- 108 ---

[...têng] sêrat wau, awit wêwulangipun kapara nyata, para mitra sampun kêrêp nyumêrêpi lêlampahanipun tiyang ingkang ngêplêki kados ungêlipun sêrat punika, inggih punika tiyang ngaya-aya dados rêkasa, tiyang sabar dados mayar, tiyang mantêp dados têtêp, makatên sasaminipun, mila sami nêtêpakên sae, emanipun dene sami botên gadhah sêrat wêwaton ingkang kados makatên, saupimasaupami. sumêdya nindakakên saèstu kêrêp kasupènipun, amargi botên wontên ingkang kangge pangèngêt-èngêt.

Gus Banthong sampun nyandhak dhatêng suraosing ginêm punika, lajêng wicantên: manawi para mitra sami kapengin anggadhahi inggih langkung prayogi, mangke kula ingkang badhe andamêlakên kalih wêlas buk pisan, bilih sampun dados lajêng kula aturakên dhatêng para mitra satunggal-satunggal.

Para mitra sakalangkung panuwunipun, badhe kaparingan [kaparing...]

--- 109 ---

[...an] sêrat mêsiyat saèstu kapundhi-pundhi, sarta badhe kablèbèrakên dhatêng sanak sadhèrèk tuwin anak putu. Lajêng kasêlan sami nyênyamikan.

Watakipun tiyang pakumpulan punika warni-warni, wontên ingkang ngatingalakên pamanggihipun piyambak, wontên ingkang kumêdah ginêga ginêmipun, sawênèh wontên ingkang sumêdya mirêngakên kemawon, dados titikanipun tiyang pakumpulan punika janji mêmpêng inggih majêng, têgêsipun minggah pamanggihipun.

Salêbêtipun pakumpulan, Gus Banthong tansah maspadakakên dhatêng solahbawanipun ingkang sami pakumpulan. Wontên ing ngriku pasêmonipun katingal sumringah-sumringah, pratingkahipun sami berag-berag, nelakakakên sênêng salêbêting pakumpulan, ing ngriku Gus Banthong tuwuh gagasanipun ingkang lêbêt, punapa tiyang kêkumpulan punika [pu...]

--- 110 ---

[...nika] mêsthi bingah sadaya, sampun botên wontên ingkang ngandhut prihatos ing dalêm batos. Saking pangintênipun Gus Banthong salah satunggal inggih wontên ingkang ngandhut prihatos, mila Gus Banthong gadhah cipta ingkang samantên, awit wontên satunggaling mitra ingkang kinintên ngandhut prihatos, inggih punika tiyang ingkang nama: Mas Niyah, katitik saking gumaduling pamikir, botên têdhas tumrap ingkang sami karêmbag ing ngriku, punika nelakakên bilih wontên ingkang dipun raosakên liyanipun, makatên wau ingatasipun Gus Banthong kaanggêp ngandhut prihatos salêbêting batos, dados sadangunipun pakêmpalan ingkang dipun raosakên dening Gus Banthong dede tiyang ingkang bingah-bingah, inggih punika tiyang ingkang ngandhut sisah, amargi mêsakakakên sangêt ningali tiyang sisah salêbêting kabingahan, mênggah ingkang dipun sisahakên tiyang wau punapa. Gêrbanipun inggih amung prakawis kabutuhan, ing ngriku [ngri...]

--- 111 ---

[...ku] Gus Banthong badhe nglairakên ginêm bab kabutuhan, bokmanawi kabutuhanipun tiyang sanès sagêd cundhuk kalihan ingkang dipun anggêp kabutuhan dening Gus Banthong, mila lajêng wicantên: ing donya punika ingkang parlu kamanah piyambak amung kabutuhan, awit kabutuhan wau tumrapipun tiyang gêsang kaanggêp rêribêt ingkang agêng sangêt, mila kêdah kabicara prakawisipun, supados sampun tumpang-suh pangangkahipun, dene kabutuhanipun tiyang gêsang punika warni-warni, wontên ingkang butuh pados sêsêrêpan, wontên ingkang butuh sumêdya ngawonakên mêngsahipun, sawênèh wontên ingkang butuh sumêdya nanggap têtingalan, têrkadhang wontên ingkang butuh pados kapal kangge tumpakan, malah wontên tiyang butuh rêremehan sangêt, ingatasipun tiyang sanès botên kaanggêp parlu, kados ta: butuh kapengin dipun alêm dening juru pangonggrong, saking pratingkahipun ingkang ugal-ugalan. [ugal-u...]

--- 112 ---

[...galan.] Utawi butuh kapengin sêsanjan, wontêna rencangipun ngraosi awoning liyan ingkang botên migunani pisan-pisan, wontên malih tiyang butuh sagêda angsal kônca bêbanyolan, sanadyan mawia wragad utawi têbih panggenanipun inggih dipun lampahi, janji dipun gêgujêng anggènipun damêl lêlucon, saking pamikiripun, sakathahing kabutuhan punika manawi kasampêtan andadosakên sakecanipun ingkang butuh. Saking pamanggih kula botên mêsthi makatên, sanadyan kabutuhan wau sagêd kadumugèn, nanging manawi botên nunggil laras, kalihan ingkang kabutuhakên, inggih botên andadosakên sakeca, upaminipun: tiyang butuh pados pandamêlan ingkang tanpa kacêthakakên parlunipun, sarêng angsal pandamêlan dados tukang kapal lajêng botên purun anglampahi, amargi botên condhong kalihan parlunipun. Ingkang dipun condhongi pandamêlan [panda...]

--- 113 ---

[...mêlan] dados niyaga, lah makatên punika dèrèng andadosakên sakecanipun ingkang butuh, dene ingkang andadosakên sakeca punika samubarang ingkang nunggil laras, inggih punika ingkang nama sajatining kabutuhan.

Ginêmipun Gus Banthong punika kalêbêt lêmbat, para mitra ragi kadho-kadho anggènipun nampèni. Mas Dêrês tansah eram, dene pamanggihipun Gus Banthong samantên bêblêsipun. Lajêng wicantên: Gus Banthong, kula nyambêti atur, saupami wontên tiyang butuh badhe mancing, utawi butuh pados wingka kangge ganjêl, punika sumêrêpipun bilih nunggil laras kadospundi. Gus Banthong wicantên: Mas Dêrês, pitakèn sampeyan punika ragi anggumujêngakên, dene mêndhêt upami ingkang anèh-anèh, ewadene nunggilipun laras inggih mêksa kenging kapratelakakên. Kadosdene tiyang ingkang badhe mancing wau têgêsipun, rak butuh badhe

--- 114 ---

nyukani pakan ingkang minôngka kala dhatêng ulam ing lèpèn, punika manawi nunggil laras, dumadakan ing ngriku wontên ulam ingkang ngêlèh sangêt, pancing sawêg cumêmplung lajêng kacaplok ing ulam. Sinêndhal dhawah ing dharatan. Makatên malih butuh pados wingka kangge ganjêl, manawi nunggil laras saèstu lajêng angsal wingka ingkang cêkapan, botên kagêngên botên kalitên.

Mas Dêrês wicantên malih: Gus Banthong, dhawuh panjênêngan punika inggih sampun lêrês. Ingkang sumêdya mancing sagêd nunggil laras, wangsul ingkang pinancing, pun ulam kadospundi, punapa inggih sagêd nunggil laras.

Gus Banthong wicantên: pancènipun ingkang sagêd pados laras punika amung manungsa, dene manawi ulam lèpèn kaupamèkakên kadosdene manungsa, inggih kenging ugi katêrangakên makatên: ulam lèpèn ingkang kenging pancing wau, saking kajêngipun [kajêngi...]

--- 115 ---

[...pun] butuh kapengin nêdha mêmangsan ingkang eca tuwin sakeca, wusana angsal mêmangsan ingkang mawa kala, punika nama botên nunggil laras, manawi pancèn nunggil laras, saèstu nocogi kados pangajêng-ajêngipun ulam ingkang ngêlèh, dumadakan ing lèpèn ngriku wontên tiyang ambucal mêmangsan ingkang botên kalawan kala.

Mas Dêrês manggut-manggut, Mas Siyar gèdhèg-gèdhèg eram, sanadyan taksih rumaos nyamut-nyamut dhatêng ing bab punika, nanging ing batos sampun mathuk sami ngalêm dhatêng pamanggihipun Gus Banthong.

Mas Niyah dangu-dangu kawêdal wicantênipun: kula punika inggih gadhah kabutuhan, nanging nunggil laras punapa botên kula dèrèng sumêrêp, dene kabutuhan kula kapengin anggadhahi gambar wayang Sêtyaki, mila makatên, awit kula gadhah pitêpangan tiyang sêpuh nama pak Dolah, asli saking Cirêbon, ing ngajêng bara nyambut damêl wontên ing Lumajang ngriki dados [da...]

--- 116 ---

[...dos] lan sugihipun, sapunika sampun wangsul mantuk dhatêng ing Cirêbon malih, saking cariyosipun, tiyang gêsang punika kêdah gadhah gambar wayang, manut pawayanganipun piyambak-piyambak, kados ta: tiyang ingkang pawayanganipun Baladewa, Gathutkaca, Bima, Arjuna, tuwin sanès-sanèsipun, punika inggih kêdah damêl gambaripun, lajêng karêngga-rêngga kasalap wontên ing griya, punika murugakên sêmpulur dhatêng lampahing pandamêlan, sarta murugakên lulut dhatêng rijêki, saking cariyosipun pak Dolah pawayangan kula punika gambar Sêtyaki, môngka tiyang tanah ngriki awis ingkang mudhêng dhatêng prakawis wayang, dhasar ing ngriki pancèn botên kêlimrah, mila kula rumaos butuh sangêt dhatêng gambar wayang Sêtyaki wau, kabutuhan makatên wau nunggil laras punapa botên.

Mas Siyar mèsêm lajêng wicantên: Mas Niyah, kula nanggapi ginêm sampeyan, mênggah kabutuhan sampeyan [sa...]

--- 117 ---

[...mpeyan] punika pangintên kula badhe nunggil laras, awit Gus Banthong punika baut sangêt damêl gambar ringgit purwa, rak inggih makatên ta Mas Dêrês.

Mas Dêrês gumujêng sarwi mangsuli: dhasar inggih sayêktos. Sadaya sami gumujêng. Mas Niyah wicantên: dados yèn makatên kula punika kalêrêsan, mila manawi marêngakên kula mugi kadamêlna gambar Sêtyaki, ing mangke nyuwun pitulung dhatêng Gus Banthong kemawon.

Gus Banthong mangsuli: botên wontên pakèwêdipun. Mas Dêrês nyambêti ginêm: lah rak botên linyok, kadospundi ta, cocog kalihan ngandikanipun Mas Siyar. Mas Niyah, mênggah kabutuhan sampeyan punika botên basa kalêrêsan, malah nama nunggil laras plêk. Gêr, sami gumujêng rame.

Mas Siyar wicantên: ing mangke santun ginêm, mirit pamanggihipun Gus Banthong, tiyang pitêpangan punika manawi sagêd, sae karakêtakên dumugi ing kabatosanipun pisan, têgêsipun: nancêbakên katrisnan. [ka...]

--- 118 ---

[...trisnan.] Supados maedahi anggènipun sami pitêpangan, dados botên nama tuna tumraping sarawungan, sabab tiyang sarawungan punika awis-awis dumugi ing kabatosan, ingkang kathah amung kèndêl wontên ing kalairan sakêdhap, dados manawi makatên prasasat sami kemawon kalihan sarawungan sela utawi maesa sasaminipun, botên wontên gunanipun, sabab botên sagêd rumakêt. Wondene pangrakêting pitêpangan, kêdah sarana ginêm punapa-punapa ingkang anjalari sambêting pêpanggihan malih, saupami ingkang pitêpangan wau tinakdir pisah têbih dunungipun, prayogi kasambêtana sarana sêrat kintunan minôngka pangèngêt-èngêt, supados sampun ngantos kasasaban dening têbih, bêbasanipun: sanadyan pisaha panggenanipun, nanging taksih anunggil kaananipun, inggih punapa botên para mitra.

Para mitra wicantên: pamanggih ingkang makatên wau

--- 119 ---

sakalangkung saenipun, mila Gus Banthong tuwin Mas Dêrês kula aturi dolin-dolin dhatêng griya kula, kajênge kênal sangêt.

Gus Banthong tuwin Mas Dêrês mangsuli: sae, sanès dintên kula sêsanjan, awit kula taksih dangu wontên ing ngriki.

Samantên wanci sampun dalu, para mitra lajêng bibaran, pamit mantuk dhatêng ing griyanipun piyambak-piyambak. Ingkang kantun inggih lajêng ngaso tilêm.

Kacariyos, sabên dintên Mas Dêrês kapurih ngrencangi anggènipun nyêrat Gus Banthong, nêdhak piwulang Sarawungan, sarêng panyêratipun sampun dados kalih wêlas buk, lajêng kapasrahakên dhatêng Mas Siyar, dipun aturi maringakên para mitra ingkang kapengin gadhah. Mas Siyar nampèni buk kalih wêlas sampun kajilid sae, sagah badhe nampèkakên piyambak. sarêng sampun dipun tingali kalayan titi, Mas Siyar tumuntên mangkat sangking griya sarwi ambêkta buk wau, sarêng

--- 120 ---

sampun pinanggih para mitra dipun sukani nyatunggal-nyatunggal, punika minôngka tôndha katrisnanipun Gus Banthong. Para mitra sakalangkung panuwunipun dhatêng Mas Siyar, dene dipun têpangakên kalihan priyantun ingkang ambêk utami, saking bingahipun para mitra gêntos ngaturi arta dhatêng Gus Banthong. Punika dede arta bêbingah, amung minôngka lintu panumbasing dlancang tuwin mangsi. Tiyang satunggal ngintuni f 5 dados tiyang kalih wêlas ngintuni f 60, arta sampun katampèn dhatêng Mas Siyar tumuntên pamit mantuk, dumugi ing griya arta lajêng katampèkakên dhatêng Gus Banthong sarwi wicantên: arta f 60 punika saking para mitra kalih wêlas katur ing sampeyan, minôngka lintu panumbasipun dalancang tuwin mangsi. Sarta sangêt panuwunipun.

Gus Banthong manthuk-manthuk sarwi nampèni arta f 60, Mas Dêrês dipun sukani f 10, sampun katampèn, ingkang f 30 dipun sukakakên dhatêng bok Sutawirêja, [Su...]

--- 121 ---

[...tawirêja,] kangge wêwah-wêwah balônja, nanging botên dipun tampèni, kajawi Mas Siyar botên condhong, bok Sutawirêja pancèn botên ngajêng-ajêng ing pawèwèh wau, dipun pêksa-pêksa mêksa botên purun nampèni. Gus Banthong murih maringakên dhatêng Mainêm kemawon. Mas Siyar wicantên: sampun botên susah dipun paringi, Gus Banthong. Sampeyan gembol piyambak, kangge têtumbas manawi wontên ingkang sampeyan sênêngi, kula sampun susah sampeyan pikir, malah lêrêsipun kula ingkang wajib makangsalakên dhatêng sampeyan, sarèhning nama wontên ing purug supados manah sampeyan sagêda sênêng, bathi arta bathi mitra.

Gus Banthong sakalangkung panuwunipun, arta lajêng kagembol, sarwi anggagas ing batos: Mas Siyar iki wong kang dhadhag têmênan. Bobot karo kang wadon, padha prawirane, apa sing tak walêsake marang wong kang mangkono iku.

--- 122 ---

Kacariyos, nuju satunggaling dintên, Gus Banthong tuwin Mas Dêrês pamit dhatêng Mas Siyar, sumêdya nglaksanani kasagahanipun tuwi Mas Niyah. Mas Siyar mrayogèkakên sarta ngancêr-ancêri prênahing griyanipun sarwi wicantên: bokmanawi Mas Niyah inggih ngajêng-ajêng sangêt, bab anggènipun nêdha pitulung gambar Sêtyaki, dhatêng sampeyan punika. Saking pangintên kula sanadyan mawia wragad kathah kados-kados inggih dipun sêmbadani, awit Mas Niyah punika kalêbêt tiyang ingkang cêkap.

Gus Banthong mangsuli: inggih. Enggalipun lajêng mangkat kalihan Mas Dêrês, sampun dumugi panggenanipun Mas Niyah, dipun panggihi kalayan urmat, sarta kasuba-suba ing pisêgah, sasampunipun sami nyênyamikan, Mas Niyah wicantên: manawi marêngakên kula saèstu nyuwun pitulung gambar ringgit Sêtyaki, kapan sampun dados badhe kula salap ing plangkan mawi kaca, mênggah wragadipun kintên-kintên ngantos têlas pintên,

--- 123 ---

Gus Banthong.

Gus Banthong mangsuli: bab têlasing wragad kula botên sagêd mastani, sesa-sesa wontên ing karsa sampeyan, manawi wragad ingkang tumrap ing pandamêl botên sapintêna, pirantosipun amung: dlancang, potlod, karèt, panuli, pulas, tuwin prada, mangke kula pados piyambak.

Mas Niyah wicantên: Gus Banthong, anggèn kula nyuwun pitulung gambar ringgit punika botên amung satunggal kemawon, saèstu badhe kathah panunggilanipun, awit sanak sadhèrèk kula inggih badhe iyasa pawayanganing badanipun, wontên: Krêsna, Sena, Arjuna, tuwin Sêmbadra, mila manawi dhangan mugi kaparênga ngetang, satunggal-tunggaling gambar wragadipun têlas pintên, mangke kula caosi polanipun gambar kula ingkang sampun lami. Mas Niyah tumuntên mêndhêt gambaripun Sêtyaki, lajêng katêdahakên dhatêng Gus Banthong.

--- 124 ---

Gus Banthong nampèni gambar saking Mas Niyah dipun tingali ngantos dangu. Gambar wau tumraping dlancang kandêl ingkang rêgi ngalih senan, damêlanipun kalêbêt groboh, wandanipun ringgit kalêbêt awon, ingkang kangge mulas sawarnining tèrès, ingkang kangge jêne amung atal kemawon, dlancangipun mangkak sangêt, tur sami risak katêdha ing rêngêt, Gus Banthong wicantên: Mas Niyah, gambar sampeyan Sêtyaki punika, pangintên kula cara pasisir kilenan. Awit katitik saking pulasing praupan tuwin awakipun sami warni jêne. Ingkang sampun limrah sarta kêrêp kula sumêrêpi, Sêtyaki punika pulasing praupanipun abrit nèm, awakipun jêne gêmblengan (pradan), wontên malih Sêtyaki ingkang rai cêmêng, awakipun inggih jêne gêmblengan, punika manawi kula damêl kêdah miturut kados ingkang pundi, Mas Niyah.

Mas Niyah kawêkèn manahipun, lajêng wicantên:

--- 125 ---

sarèhning kula botên mangrêtos dhatêng prakawis punika, mênggah panimbangipun Mas Dêrês kadospundi.

Mas Dêrês wicantên: saking panimbang kula piyambak pilih Sêtyaki rai cêmêng, sabab katingal ngêngrêng, bilih Sêtyaki rai abrit nèm, sêmunipun kados cêblèh makatên.Gus Banthong nyambêti: kados inggih lêrês panimbang sampeyan Mas Dêrês, ringgit purwa rai cêmêng punika sajakipun katingal mêndhawani.

Mas Niyah lajêng wicantên: sakathah-kathahipun kula borong dhatêng Gus Banthong, amung bab wragad kadospundi.

Gus Banthong wicantên: prakawis wragad kula mêksa botên sagêd mastani, jalaran dèrèng kinintên kalêrêsanipun, prayogi kula damêlakên kemawon rumiyin. Malah manawi sampun kalêrêsan kula borong ing sampeyan, sayêktosipun prakawis wragad botên susah kamanah, janji sagêd kangge utawi kalêrêsan kula sampun bingah.

--- 126 ---

Mas Niyah rumaos kaluhuran ing ginêm, lajêng botên nyulayani amung miturut sakajêngipun Gus Banthong, tumuntên wicantên: panjênêngan sampeyan kalihan prayoginipun mangke nyare ngriki kemawon.

Wangsulanipun Gus Banthong: mugi sampun dados panggalih, kula wau botên pamit sipêng dhatêng Mas Siyar, malah saking kajêng kula punika badhe lajêng dhatêng Lumajang, pados pirantos ingkang badhe kangge anggambar.

Mas Niyah wicantên: mangke sakêdhap bilih sampun dhahar. Botên antawis dangu lajêng mêdal pisêgahipun dhahar, tumuntên wiwit kacarakakên dhahar kêmbul tiyang tiga. Sarampungipun Gus Banthong tuwin Mas Dêrês pamit dhatêng Mas Niyah, jinurung lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Lumajang, Gus Banthong tuwin Mas Dêrês midêr-midêr salêbêting kitha.

Kacariyos, kitha ing Lumajang punika kalêbêt alit, [a...]

--- 127 ---

[...lit,] pangagêngipun amung pangkat patih, kawontênanipun nagari sêpên botên patos rame, tokonipun amung sakêdhik sangêt, Cina Walandi dèrèng patos kathah. Enggalipun Gus Banthong sampun angsal pirantosing panggambar, tumuntên wangsul mantuk dhatêng ing Tèmpèh, dumugi ing griya sampun wanci surup rêp.

Gus Banthong wêwartos dhatêng Mas Siyar, bab anggènipun tuwi Mas Niyah tuwin dhatêng ing kitha Lumajang, sampun kalaksanan, Mas Siyar mangsuli sokur. Tumuntên sami dhaharan, sarêng sampun saantawis lajêng sami ngaso tilêm, sabab wanci sampun ragi dalu.

Kacariyos, Gus Banthong rintên dalu mêmpêng anggènipun gambar Sêtyaki, Mas Dêrês ingkang ambiyantu angladosi angulêk pulas, gambar wau tumraping dlancang bladhên (dlancang kandêl ingkang kangge anggambar kar), Gus Banthong sampun kathah sêsêrêpanipun bab ngangge pirantosipun Walandi yèn anggambar, kados [kado...]

--- 128 ---

[...s] ta: trèk pèn, pasêr, pèstolèt, sapanunggilanipun, awit nalika wontên ing Tulungagung sampun kêrêp kawulang anggambar dhatêng Tuwan Pondre, mila tumraping gambar Jawi saya sae sangêt, enggaling cariyos gambar sampun kababar kalih iji ajêng-ajêngan, ingkang satunggal Sêtyaki rai cêmêng, satunggalipun Sêtyaki rai abrit nèm, awakipun sami gêmblengan, sakalangkung dening mubyar. Trapipun nèm sêpuhing pulas tuwin abên manisipun katingal muyêk amaya-maya, cawi-cawi botên nguciwani, têpining dlancang rinêngga lis-lisan pinatut runtut, saya mêwahi asrining wêwarnèn, Mas Siyar tuwin Mas Dêrês tansah ningali botên kesah-kesah, sarta botên kêndhat anggènipun eram, dene tiyang Jawi sagêd anggambar sakalangkung pèni kados damêlan Walandi.

Mas Siyar wicantên: Gus Banthong, damêlan sampeyan gambar punika kula ngantos eman sangêt, saupami [sau...]

--- 129 ---

[...pami] botên kaanggea rêrêngganing griya ingkang mèmpêr, sanadyan kangge rêrênggan dalêmipun priyantun agêng pisan inggih sampun mungguh, utawi botên anguciwani, suwawi Mas Dêrês inggih punapa botên.

Mas Dêrês mangsuli: pancèn inggih makatên, sawêga mirsani pulasing kampuhipun Sêtyaki, punika kemawon sampun nêngsêmakên, lêkak-lêkiking wiron sampun kados sinjang sayêktos, anggènipun damêl pulas soganing sinjang punika sampun plêk kalihan babaran gènês (ing Sala), mila wêninging pamikir punika pancèn botên gampil.

Kacariyos, sarêng gambar sampun ambabar, Mas Niyah dipun purih dhatêng ing griyanipun Mas Siyar, supados nampènana gambar wau. Botên antawis dangu Mas Niyah dhatêng, sarêng ningali wujuding gambar sakalangkung anggènipun eram, dene botên kintên-kintên saenipun, dhasar wandanipun ringgit mungguh sangêt, pamulasipun botên nguciwani tur kaprada mubyar, ing

--- 130 ---

ngandhap mawi kasêrat aksara agêng-agêng namanipun wayang: Radèn Arya Sêtyaki. Yèn katandhing kalihan gambar ingkang kangge pola, gutuk sadasa dede amput-amputipun. Mila Mas Niyah inggih botên kantênan anggènipun andèkèk bingahipun.

Gus Banthong lajêng masrahakên gambar dhatêng Mas Niyah, têmbungipun: punika kilap kalêrêsan kilap botên kula nyumanggakakên. Mas Niyah nampèni gambar kalihan mangsuli: sampun botên wontên ingkang botên kalêrêsan, malah kalintang ganthêngipun, atur kula sangêt kasuwun. Sasampunipun sami wêwedangan sawatawis, Mas Niyah lajêng pamit mantuk sarwi ambêkta gambaripun.

Dumugi ing griya gambar lajêng kapamèrakên dhatêng sanak sadhèrèkipun. Ingkang dipun pamèri sami eram, ningali bagusing gambar tuwin saening garapanipun, saèstu damêl marêmipun ingkang sami rêmên,

--- 131 ---

sanak sadhèrèkipun Mas Niyah kapengin tumut iyasa, lajêng pitakèn: damêl gambar makatên punika wragadipun ngantos têlas pintên. Mas Niyah mratelakakên dèrèng dipun wragadi, malah nêdha panimbangipun sanak sadhèrèk, mênggah pantêsipun kêdah dipun wragadi pintên. Panimbangipun sanak sadhèrèk sami ajrih, saupami mragadana kirang saking f 20, mirit wujuding gambar pèni sangêt, bêbasanipun: rupa anggawa rêga. Mas Niyah inggih sampun mathuk dhatêng panimbangipun sanak sadhèrèk wau, têmbungipun: kula inggih sampun ajêng f 20 kajawi ngaosi saening gambar utawi adining garapan, inggih ngaosi dhatêng ingkang andamêl, awit Gus Banthong punika taksih têdhaking priyantun tur pambêkanipun utami, upami wontên kêlojok-kêlojoking pangaos botên dados punapa, dhasar sampun sobat kênal, kalihan malih Gus Banthong wau sanadyan lare neneman kathah sêsêrêpanipun, sarta kenging [ke...]

--- 132 ---

[...nging] dipun takèn-takèni.

Enggaling cariyos, Mas Niyah ngintuni arta f 100 dhatêng Gus Banthong, nyuwun kadamêlakên gambar sakawan êngkas, 1. Krêsna, 2. Sena, 3. Arjuna, tuwin 4. Sumbadra. Gus Banthong sampun nampèni arta f 100 sarta nyagahi saking panêdhanipun Mas Niyah.

Kacariyos, sadintên-dintên Gus Banthong tuwin Mas Dêrês anggarap saening gambar, jalaran rumaos katêmpuh ing wajib, ing mangke Gus Banthong prasasat gadhah pandamêlan dados tukang wayang.

Salêbêtipun Gus Banthong anggarap gambar, ingkang ningali tansah kesah dhatêng kemawon, saking sami sêngsêmipun katêmbèn sumêrêp tiyang damêl gambar wayang, awit ing Lumajang dèrèng wontên ingkang anggambar wayang kados Gus Banthong. Enggalipun gambar sakawan sampun kababar sae sadaya, lajêng kapasrahakên dhatêng Mas Niyah, tumuntên katampèkakên dhatêng ingkang sami iyasa, sakalangkung bingahipun.

--- 133 ---

Kacariyos sanakipun Mas Niyah wontên ingkang dhatêng ing Cirêbon, sarwi ambêkta gambar damêlanipun Gus Banthong, sumêdya katêdahakên dhatêng gurunipun, inggih punika tiyang sêpuh ingkang murih damêl gambar pawayanganing badan. Gambar wau sasampunipun kapariksa dening guru, lajêng dipun tingali ing tiyang kathah, sadaya sami rêmên sarta ngalêm saenipun, kalampahan gambar wau dipun gêntosi tiyang ingkang nunggil pawayangan ngantos rêgi f 50, sanakipun Mas Niyah inggih suka sarta bingah sangêt, amargi rumaos angsal bathi kathah, saking ciptanipun badhe iyasa malih kemawon, malah lajêng gadhah ginêm dhatêng tiyang ngriku, sintên ingkang sumêdya iyasa gambar pawayanganing badan, sanakipun Mas Niyah sagah andamêlakên ingkang sakalangkung sae, janji katumbas sèkêt rupiyah. Tiyang ngriku ingkang sampun ningali wujuding gambar inggih lajêng ajêng, saking ciptanipun arta f 50 kangge mragadi tumrap badanipun piyambak punika botên kathah. [ka...]

--- 134 ---

[...thah.] Mila lajêng mêling gambar warni-warni dhatêng sanakipun Mas Niyah, Anoman, Baladewa, tuwin sanèsipun. Sanakipun Mas Niyah inggih nyagahi, mila kapêksa wongsal-wangsul, dhatêng Lumajang tumbas gambar, dhatêng Cirêbon sade gambar, dangu-dangu dados lan kacêkapanipun.

Ing ngriku Gus Banthong lajêng misuwur, satunggaling tiyang ingkang sagêd anggambar pawayanganing manungsa, murugakên lulut dhatêng rijêki. Tiyang kanan kering ngriku sami kèlu dhatêng panganggêp wau, têmah jor-joran iyasa gambar pawayanganing badan, tuwin umuk-umukan kathahing wragad, malah ngantos damêl kèluning bôngsa Cina Walandi sawatawis, sami andandosakên gambar wayang dhatêng Gus Banthong kangge rêrêngganing griya. Mitranipun Mas Siyar tiyang kalih wêlas sadaya sami iyasa, sawênèh wontên ingkang iyasa sapasang kangge kêmbaran, nanging lajêng nilar jêjêring pêrlu, botên mawi mêndhêt pawayanganing badan, amung miturut punapa

--- 135 ---

saanggitipun Gus Banthong. Mas Dêrês ambingahi, jalaran sêtagènipun botên sah isi kêton. Gus Banthong damêl gambar Gathutkaca pêrang ambêthot guluning danawa, pêthanipun nyênêngakên sangêt, pamancating pundhak tuwin panguntiring gulu kados yêktos-yêktosa. Tiyang ngriku kathah ingkang rêmên, dhasar Mas Dêrês baut nyariyosakên prakawis ringgit purwa, gambar wau ngantos pajêng f 50.

Kacariyos, Gus Banthong anggènipun damêl gambar ringgit purwa wontên ing Lumajang salêbêtipun sataun sampun kathah sangêt, ngantos mênthêl sagêd anggembol arta f 1000.

Nuju satunggaling dintên, Gus Banthong linggihan kalihan Mas Siyar tuwin Mas Dêrês. Ing jaman samantên dèrèng wontên tiyang Jawi ingkang angginêm prakawis gugontuhon, kabicara ngantos mêmêt, ingkang limrah janji ginêmipun tiyang sêpuh inggih lajêng dipun anggêp utawi dipun èstokakên, malah kangge dhêngdhêng.

--- 136 ---

Mas Dêrês wicantên: kula ngraosakên eram sangêt, bab gambar ringgit ingkang kapundhi-pundhi ing tiyang punika, punapa inggih numusi dhatêng luluting rijêki sayêktos, utawi malih tiyang ing tanah Cirêbon anggènipun sagêd mastani dhatêng pawayanganing tiyang, punika kapirit saking punapa.

Mas Siyar nanggapi ginêm: Mas Dêrês, saking panampi kula bokmanawi makatên, sagêdipun mastani dhatêng pawayanganing tiyang punika bokmanawi kapirit saking wônda tuwin watakipun tiyang, upaminipun Sêtyaki, wandanipun mimis, watakipun antêpan, manawi wontên tiyang mèmpêr kados makatên, tiyang wau lajêng dipun wastani pawayanganipun Sêtyaki. Mila sagêd mastani makatên, jêr tiyang Jawi sampun gambuh sangêt dhatêng têtingalan wayang purwa, sarta manahipun pancèn sampun tumancêp.

Gus Banthong nyambêti ginêm: bokmanawi inggih lêrês kados pangandikanipun Mas Siyar punika, kajawi [kaja...]

--- 137 ---

[...wi] saking makatên, wontênipun pêpêthan punika pancèn kangge ugêr-ugêr tancêping manah, inggih punika ingkang minôngka iman, têgêsipun, ingkang pinarcaya. Awit manawi botên wontên jêjêripun ingkang pinarcaya, manungsa lajêng botên kantênan ingkang kaèsthi, wêkasan manahipun moyar, botên anglulutakên dhatêng rijêki, makatên antuk-antukanipun.

Mas Dêrês wicantên: inggih sampun mathis sangêt, dados santosaning pangandêl punika sagêd andhatêngakên rijêki kathah.

Gus Banthong wicantên malih: manawi mirit ginêmipun Mas Dêrês punika wau, inggih anggumunakên sangêt, liripun makatên, kalamangsaning pangandêl punika pancèn sagêd nuwuhakên rijêki kathah. Upami: samubarang ingkang botên mawi kanyataan sami kagorohakên sadaya, punika inggih kenging, dhawahing kalamangsa sampun botên kenging kaduwa, kêdah ngrêbda,

--- 138 ---

utawi dumados saking piyandêl. Makatên punika panampi kula kalih warni.

Sapisan, gagrag ingkang nyarêngi kalamangsanipun, kados ta ing Lumajang ngriki, pawartosipun tiyang ingkang sami rêmên main tiban, inggih punika lurug-linurug gêndiran panjalin, utawi sada arèn karangkêp-rangkêp kangge sêsabêtan. Ingkang kagêndir kulitipun ngantos kakrak-kakrak angalenyam, rahipun ngantos agêgobrah mancur-mancur, punika botên mawi karaosakên. Tur punapa ta gunanipun, amung umuk-umukan, nuruti piyandêling manah dipun wastanana kêndêl, suprandene kalampahan ngrêbda, ngantos pintên-pintên èwu tiyang ingkang rêmên dhatêng pratingkah makatên, malah wontên tiyang sêpuh ingkang sampun umur 65 taun, inggih rêmên ngalurug tiban ngantos lampahan sadintên. Wontên malih ing tanah Kadhiri, lare-lare tuwin tiyang sêpuh sami rêmên dolanan gêlut, bêbantingan ngantos [nganto...]

--- 139 ---

[...s] mekohakên suku. Suwawi kadospundi anggènipun anduwa, dhawahing kalamangsa ingkang sawêg andados, saèstu rêkaos anggènipun ngorakakên. Wêkasan kêmpaling tiyang kathah nuwuhakên rijêki kathah.

Kaping kalih, sakathahing kapracayan dhatêng prakawis ingkang samar, sanadyan botên kagorohakên, nanging manawi botên wontên nyatanipun, dangu-dangu piyandêl wau saèstu abêr piyambak, manungsa sagêd kêndho panganggêpipun dhatêng prakawis ingkang botên nate nyata. Mila samubarang prayogi kapêndhêta sênêng parêng tuwin suka pirênanipun kemawon, botên damêl rêkaosing manah. Sarèhning wêkdal punika sawêg mangsanipun rêmên dhatêng gambar wayang, inggih kêdah tumut sênêng, pintên banggi nunggil panganggêp, tur sajatinipun samubarang punika masa wandea kawisesa ing môngsa.

Mas Siyar tuwin Mas Dêrês, sampun botên sagêd maoni [ma...]

--- 140 ---

[...oni] malih. Bok Sutawirêja wontên wingking garênêngan: ambakna bocah barang-barang kok pintêr têmên, dhasar rupane bagus, kawuwuhan pikire alus. Bok Sutawirêja ing batos gadhah kalêthêk kapengin mêndhêt mantu dhatêng Gus Banthong, badhe kaangsalakên Mainêm.

Sarêng sampun antawis dintên, kalêthêkipun bok Sutawirêja wau lajêng kablakakakên dhatêng Mas Siyar, supados dipun biyantua kalampahanipun. Mas Siyar inggih sampun jumurung sarta anyondhongi sangêt, malah badhe kaangkah pakantukipun babar pisan, inggih punika badhe dipun palimpingi sarana têmbung alus ingkang mawa pêrlu, supados manahipun Gus Banthong botên awrat. Saupami amung kabalêjog, bokmanawi botên andadosakên condhongipun Gus Banthong, têmah nuwuhakên pakèwèding patrap tuwin rangu-ranguning pangucap. Kaping kalih, sumêdya katêmbung dhatêng pak Sutawirêja ingkang

--- 141 ---

gadhah wajib. Bok Sutawirêja bingah sarta nyumanggakakên sakarsanipun Mas Siyar.

[Grafik]

Sambêtipun dumugi tamat, kawrat wontên ing jilid 2.

Ing jilid 2, nyariyosakên lêlampahanipun ingkang kacariyosakên, ngantos andhok. Ing ngriku langkung nêngsêmakên, sarta sagêd andudut raosing manah, awit kathah ngêsipun.

--- 142 ---

Basa Basuki

Sêrat Basa Basuki, sanadyan sampun rambah-rambah kula wara-warakakên, samangke parlu kula wara-warakakên malih, amargi nitik isinipun Basa Basuki, pancèn kathah sangêt ingkang migunani tumraping agêsang. Kenging kangge wêwatoning tindak tuwin sêsêrêpan. Basa Basuki ngêwrat suraos pintên-pintên bab, kados ta:

1. Rasaning ati pirang warna. Lajêng katêrangakên ngantos mèpèd.

Ha. Rêrasan. Inggih raosing rêraosan, lajêng katêrangakên ngantos mèpèd.

Na. Panêmu. Nêrangakên pamanggihing awon sae, katêtêpakên sarana sêsulangan ngantos mèpèd.

2. Surasane karêp bakune kapriye. Kajêngipun manungsa ingkang baku namung kalih [ka...]

--- 143 ---

[...lih] prakawis, sênêng tuwin wilujêng, katêrangakên ngantos mèpèd.

3. Tumanduking patrap. Inggih punika sawarnining pratingkah ingkang kaêmpakakên, pratingkahing badan, pratingkahing têmbung, pratingkahing polatan, tuwin pratingkahing pamikir, sami katêrangakên ngantos mèpèd.

4. Sarawunganing manungsa kang amrih pakolèh. Mawi tinata turutipun, sarta kacondhongakên dhong-dhingipun.

5. Katêranganing tindak.

6. Cêgah pakon, 7. Laku, 8. Titikan, 9. Pêpiritan, 10. Lupiya, 11. Pamilih. } Mawi kacondhongakên dhong-dhingipun.

--- 144 ---

12. Ulahing pangucap.

13. Tuwuhing piwulang.

14. Gampang angèle wong urip.

15. Rasaning kasudarman.

Sadaya punika mawi katêrangakên kalayan sêsulangan ngantos mèpèd. Mênggah anggèn kula ngaturakên punika, Sêrat Basa Basuki kantun sakêdhik, lajêng badhe kula sêlani nyithak sêrat sanès-sanèsipun, ingkang kêdah kula wêdalakên, dados Basa Basuki taksih dangu panyithak kula malih, kula namung ngaturi pèngêt bilih sêlak katêlasan.

Basa Basuki, satunggal buku tamat rêgi f 0,85.

Solo Boekhandel M. TANOJO

--- 0 ---

Têpapalupi

Sêrat cariyos ingkang nêngsêmakên, sarta kathah ngêsipun, sagêd andudut raosing manah.

Ing dalêm cariyos ngriku, mêngku pintên-pintên lupiya, kenging kangge têpapalupi, tumrap pamilihing kalakuan sae, tuwin wêwatoning sêsêrêpan.