Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Widya Pradana, #1525

Katalog:Widya Pradana, #1525
Sambung:-

Sêrat Widya Pradana

--- 0 ---

[3 halaman kosong]

--- 1 ---

Punika sêrat Widyapradana, pamêthikan saking Sêrat Babat Sangkala Agêng, ingkang dipun wastani Sêrat Pustaka Rajawedha, kasêbut wontên salêbêting sêrat Pustaka Raja Puwara, wiyosipun amratelakakên kala Prabu Jayabaya ing Kadhiri karsa amariksani padhusunan ingkang kalêbêt kikising nagari, ing nalika punika etanging karajan kapanggih 2064 dhusun. Etanging padhêkahan kapanggih 2442 dhusun. Punika lajêng kapinta-pinta ing sabên dhusun satunggal kaetang sagarumbul. Botên mawi kagolongakên etanging karajan sapadhêkahanipun. Utawi tanpa kacacahakên kathah kêdhiking tiyang miwah wiyar ciyuting pasitèn. Nuntên sakathahing [saka...]

--- 2 ---

[...thahing] para wadya punggawa sami kaparingan ampilan siti dhusun piyambak-piyambak. Ananging botên kapranata pangkat-pangkating ampilanipun. Amung sakuwawinipun anyanggi damêl amêdalakên barang lêladosan ingkang katur dhatêng Prabu Jayabaya, kala samantên anuju ing taun Jawi etang surya sangkala 847, sinangkalan sabdaning catur pujôngga, etang côndra sangkala 873, gunaning rêsi astha.

Kala Prabu Widhayaka ing Purwacarita karsa aminta-minta etanging siti dhusun ingkang kalêbêt kikising nagari, ing nalika punika etanging karajan sapadhêkahanipun kapanggih 8508 garumbul. Ing sabên sagarumbul winastan cacah sabau, ing sabên [sa...]

--- 3 ---

[...bên] cacah kalih bau, winastan cacah sakikil. Ing sabên kalih kikil winastan cacah sajung. Lajêng amranata murwating pamêdal ingkang dados sêsanggèning tiyang dhusun. Ing sabên cacah sabau kasanggi tiyang 1. cacah sakikil kasanggi tiyang 2. cacah sajung kasanggi tiyang 4. Sami kawêdalakên punapa ingkang dados têtanêmanipun piyambak-piyambak. Kala samantên anuju ing taun Jawi etang surya sangkala 1006, sinangkalan ngrasa adoh barakaning bumi, etang côndra sangkala 1036, rinêngga katon kumbuling ratu.

Kala Prabu Widhayaka ing Purwacarita amerang-merang watêsing pulo tanah Jawi sadaya, ingkang kadamêl [kadamê...]

--- 4 ---

[...l] tugu antawising wêwatêsan. Punika para ardi agêng utawi banawi agêng, ing sabên satanah wontên namanipun piyambak-piyambak. Kasêbut saking namanipun ingkang ababadhe, utawi kabêkta saking patilasan kala jaman kina taksih katêlah punapa kawontênanipun ing ngriku. Nuntên sakathahing tanah satunggal-satunggal punika sami katanêman dêmang ingkang amadanani para têtiyang tanah ing ngriku sadaya, dêmangipun wau sami kabêbahan kinèn anyanggi damêling têtiyang ingkang sami lumados dhatêng nagari Purwacarita, kala samantên anuju ing taun Jawi etang surya sangkala 1007, ardi têbih datan tunggal. Etang côndra sangkala 1037,

--- 5 ---

swara atri tanpa rupa.

Kala Prabu Widhayaka ing Purwacarita ayasa punggawa niti sakawan, sami kapatah amadanani para wadya among tani sadaya.

Taksih tunggil warsa kala Prabu Widhayaka ayasa punggawa kodha sakawan. Sami kapatah amadanani para wadya sudagar ingkang anglampahakên wêdaling gêgramèn saking Purwacarita, utawi lêbêting gêgramèn saking amôncapraja. Taksih tunggil warsa kala uruting wana kalang ingkang angubêngi sakiwa têngênipun nagari ing Purwacarita kapundhut miji, dipun wastani wana kalang lajêng kagadhuhakên dhatêng wadya pangalasan ingkang undhagi ing wrêksa, sami kapitadosan [kapita...]

--- 6 ---

[...dosan] amarsudi kajêng jatos ingkang lumados dhatêng nagari Purwacarita, kala samantên anuju ing taun Jawi etang surya sangkala 1013, sinangkalan uninga tunggal barakaning bumi, etang côndra sangkala 1043, mantri catur barakan tunggal.

Kala Prabu Sri Mahapunggung ingkang kaping kalih ing Purwacarita, karsa amêwahi têmbung cacahipun ing siti dhusun, awit saking pamurwatipun ratuning tani ingkang anama Prabu Sri Manuhun ing Pagêlèn. Utawi kaetang panjang wiyaripun ing dalêm sabagean. Dalêming tiyang satunggal-tunggal kawastanan karya. Kados ta etang sajung, winastan cacah karya sakawan. Etang [E...]

--- 7 ---

[...tang] sakikil, winastan cacah karya kalih, etang sabau winastan cacah karya satunggal.

Botên antawis lami Prabu Sri Mahapunggung kaping kalih adamêl etang cacahing pantun. Wiwit saking sabêlah, kaping kalih winastan sagèdhèng. Ing sabên kalih gèdhèng winastan saamêt. Sapalihing amêt winastan sawuwa, kala samantên anuju ing taun Jawi etang surya sangkala 1033, katon guna barakaning ratu, etang côndra sangkala 1064, catur rasa tanpa budi.

Kala wiwit sakathahing wadya punggawaning ratu sami kaparingan pancèn kagadhuhan lalênggah siti dhusun piyambak-piyambak. Panjênênganipun [Panjê...]

--- 8 ---

[...nênganipun] ratu sakawan. Ing Janggala, ing Kadhiri, ing Ngurawan, ing Singasari, ananging dèrèng kapranata pangkat-pangkating lalênggahipun. Amung angetang kaparêngipun ing damêl piyambak-piyambak. Kala samantên anuju ing taun Jawi etang surya sangkala 1088, pujôngga angèsthi barakaning ratu, etang côndra sangkala 1121, tunggal anêmbah ratuning bumi.

Kala Prabu Pamêkas ing Pajajaran, karsa amranata siti dhusun ingkang anyanggi damêl utawi ingkang angladosakên paos pamêdalipun piyambak-piyambak. Kala samantên anuju ing taun Jawi etang surya sangkala 1220, tan sinikara katon kumbuling bumi.

--- 9 ---

Etang côndra sangkala 1247, swara atining anêmbah ratu.

Kala Prabu Brawijaya ing Majapait ingkang wêkasan. Karsa amariksani cacahipun siti tanah Jawi kalêbêt pulo ing Madura kalihan ing Bali sadaya, ing nalika punika kapanggih 158000 jung.

Botên antawis lami ing Madura kaparingakên dhatêng Prabu Dewa Kêtut. Dados etangipun cacahing siti kalêbêt ing pulo Madura kantun 400.940 karya, kaetang jung-jungan dados 12537 1/2 jung.

Botên antawis lami ing Madura kaparingakên dhatêng Prabu Lêmbu Pêtêng, dadosipun etanging [e...]

--- 10 ---

[...tanging] siti kantun satanah Jawi kemawon. Ingkang kilèn watês ing Bantên. Ingkang wetan watês ing Balambangan. Sadaya kantun 488650 karya, kaetang jung-jungan dados 122162 1/2 jung.

Nuntên Prabu Brawijaya amêmatah punggawa ingkang kinèn amadanani para têtiyang tanah môncanagari ingkang sami anyanggi damêl lumadosipun dhatêng ing Majapait. Kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Tanah ing Bantên kasanggi damêlipun têtiyang 40000.

Tanah ing Jakarta, ing Bogor, ing Pagadhungan 10700.

Tanah ing Parayangan sadaya 3000.

--- 11 ---

Tanah ing Cirêbon, Karang Pasundhan sadaya 3000.

Tumuntên panjênênganipun Prabu Brawijaya ingkang kaping gangsal, karsa aminta-minta etanging siti dhusun sadaya.

Ing dalêm cacah 1000 karya, katanêman mantri panglima, inggih punika pangagênging mantri amônca dhusun. Alênggah mantri panèwu, ingkang minôngka sor-soraning mantri panglima kados ing ngandhap punika.

1. Umbul. Inggih punika ingkang amadanani têtiyang padhusunan. Alênggah mantri panatus.

2. Bêbuyut. Inggih punika ingkang dados kamisêpuhing têtiyang padhusunan. Alênggah mantri panèkêt.

--- 12 ---

3. Adèn-adèn. Inggih punika ingkang dados guru utawi panguluning têtiyang alit ing padhusunan, alênggah mantri panglawe.

4. Lurah, inggih punika ingkang kawênangakên dados sêsirah padamêlaning têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing mantri panglawe.

5. Patinggi, inggih punika ingkang kawênangakên mêmangkat padamêlaning têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing lurah.

6. Bêkêl. Inggih punika ingkang kawênangakên rumêksa awon saening padhusunan, alênggah sapalihing patinggi.

7. Paragak. Inggih punika ingkang kabêbahan anglêrêsi prakawisipun têtiyang alit ing padhusunan. [padhusu...]

--- 13 ---

[...nan.] Alênggah sapalihing bêkêl.

8. Sikêp. Inggih punika têtiyang alit ingkang anyanggi damêl. Alênggah sapalihing paragak. Dene têtiyang alit ingkang botên anyanggi damêl, amung ngindhung anyagak sakawan kemawon. Punika kabêbahan dados kengkenan utawi dhêdherekan ing sapanunggilanipun. Botên mawi kapanci lênggah siti, amung kawênangakên bêbêrah nanêm ing têgil pasabinan.

Tumuntên Prabu Brawijaya kaping 5 karsa amêmangkat siti dhusun ingkang dados gêgadhuhanipun para wadya satunggal-tunggal. Kaparingakên dalah satêtiyangipun sadêdamêlipun sadaya, sarta kaparingan [kaparinga...]

--- 14 ---

[...n] wêwênang anindakakên samukawis pêparentahan dhatêng têtiyang dhusun. Utawi kalilan amarsudi indhaking pamêdal saking siti dhusun. Kados ing ngandhap punika pratelaning pêpangkatanipun.

1. Patih, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 12000, salêksa kalih èwu karya. Inggih punika ingkang winênang amarentah para wadya punggawa sadaya, sarta kapasrahan pangawasa bang-bang alum-alum anampurnakakên parentah saulahing panata praja.

2. Adipati, sor-soraning pêpatih, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun. Sami kalihan pangkating [pang...]

--- 15 ---

[...kating] bramana, inggih punika 10000, salêksa karya.

Kawajibanipun adipati, winênang anampèni parentahing ratu, kadhawahakên dhatêng bawahipun. Utawi kaserenan pangawasaning pêpatih, ingkang amarentahakên patraping lêlêpasan.

3. Senapati, kaparingan gêgadhuhan lêlênggah siti dhusun 6000, nêmèwu karya, kawajibanipun, winênang anggadhuh pangawasaning ratu, kapasrahan angrèh para prajurit. Amariksani ingêripun gêlaring prang, anganglang pringgabayaning paprangan.

4. Bupati, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun, sami kalihan pangkating [pang...]

--- 16 ---

[...kating] para putra santana, inggih punika 5000, gangsal èwu karya.

Kawajibanipun, winênang amarentah dhatêng bawahipun piyambak. Sarta kalêrês anampèni parentah saking pêpatih.

5. Tumênggung, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 4000, kawan èwu karya.

Kawajibanipun, winênang amariksani samukawis lêlampahan ayahaning ratu, sarta kabêbahan ulah dêdamêl ingkang dados agêming ratu, utawi kawajiban ananggêl awon saening kancanipun.

6. Arya, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 3000 karya.

Kawajibanipun. Anampèni [Anampè...]

--- 17 ---

[...ni] dhawah saking kabupatèn sarta anglampahakên parentah ingkang amrih padhangipun ruwêt rêntênging bawahan.

7. Kaliwon, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 2000, kalih èwu karya.

Kawajibanipun, anampèni parentah saking kabupatèn, sarta amariksani padamêlaning bawahan.

8. Wadana mantri, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 1000, sèwu karya.

Kawajibanipun, anampèni parentah saking kaliwon, lajêng kadhawahakên dhatêng golonganipun ingkang anunggil pandamêlan.

--- 18 ---

9. Mantri panêkar, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 500, gangsal atus karya.

Kawajibanipun, amariksani kadadosaning pandamêlan tigang prakawis, ingkang dhumawah nistha, madya, utami, sarta anglampahi parentahing kabupatèn.

10. Pêcat ôndha, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun, sami kalihan pangkating tôndha mantri, inggih punika 475 karya.

Kawajibanipun, pêcat ôndha kapitadosan amadanani para pabeyan bandar laut sadaya, sarta anyêpêng pangawasaning muara sagantên ing sapanunggilanipun.

Tôndha mantri kawajibanipun kapitadosan [kapitado...]

--- 19 ---

[...san] dados juru pamupu beyaning pêkên.

11. Ôndhamoi, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 450, kawan atus sèkêt karya.

Kawajibanipun, kabêbahan amêmangkat lampahing pandamêlan, ingkang pancèn ulah pandamêlan agal utawi lêmbat sami pinatah piyambak-piyambak lampahipun.

12. Manguri, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 425, kawan atus salangkung karya, mawi kagadhuhan siti sampiran 15, gangsal wêlas karya.

Kawajibanipun, amrayogi lampahing prakawis, sarta amêmangkat patraping wisesa,

--- 20 ---

winênang angudhari karampungan ingkang dèrèng lêrês.

13. Jômbaleka, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 375, tigang atus pitung dasa gangsal karya.

Kawajibanipun, dados juru amariksani samukawis, sarta winênang amot amêngku wisesa dhatêng prakawisipun tiyang ulah wisaya amêndhêt ulam toya.

14. Panjang jihwa, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 350, tigang atus sèkêt karya.

Kawajibanipun, andhawahakên parentah ingkang enggal-enggalan.

15. Kandhuruan. Kaparingan [Kaparinga...]

--- 21 ---

[...n] gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 325, tigang atus salangkung karya.

Kawajibanipun, kaserenan dhawah anampurnakakên parentah ingkang amasthi kalampahan.

16. Pandêlêgan. Kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 312, tigang atus kalih wêlas karya.

Kawajibanipun, kabêbahan dados juru tênung miwah juru nujum ing sapanunggilanipun ingkang bôngsa pêpetangan.

17. Pasingsingan, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 300, tigang atus karya.

Kawajibanipun ambawahakên [ambawahakê...]

--- 22 ---

[...n] para wadya kriya sadaya, ingkang sami anggarap pandamêlan.

18. Rôngga kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 250, kalih atus sèkêt karya.

Kawajibanipun, kabêbahan anyaèni sawêwêngkoning bawahan. Winênang amangun sêsikon pandamêlan salêbêting pura, miwah angrakit pasanggrahan.

19. Dêmang, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 200, kalih atus karya.

Kawajibanipun, kabêbahan nyêpêng padamêlan bawah padhusunan, sarta kapitadosan anyêpêng sakathahing lêlangên busana karajan ing sapanunggilanipun. Winênang amêmantês panganggèning para [pa...]

--- 23 ---

[...ra] wadya sadaya.

20. Hulubalang, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 150, satus sèkêt karya.

Kawajibanipun, kabêbahan dados juru anglampahakên sêrat dhatêng ngamôncapraja.

21. Pakulupan. Kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 125, satus salangkung karya.

Kawajibanipun, winênang angrèhakên para wadya pamagangan sadaya.

22. Pangalasan. Kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun, sami kalihan pangkating tuwaburu. Inggih punika 112, satus kalih wêlas karya.

Kawajibanipun, pangalasan, [pangalasa...]

--- 24 ---

[...n,]

kabêbahan amêndhêt kajêng jati dhatêng ing wana.

Tuwaburu, kawajibanipun, kabêbahan amêndhêt sato wana, winênang angrêramu sato galak.

23. Panatus, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 100, satus karya. Kawajibanipun anglurahi palampahing pêparentahan nagari.

24. Panèkêt. Kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 50, sèkêt karya. Kawajibanipun panèkêt dados sor-soraning panatus. Inggih angêrèhakên salampahing pêparentahan nagari.

25. Panglawe, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 25 karya.

--- 25 ---

Kawajibanipun dados sor-soraning panèkêt. Inggih angêrèhakên palampahing pêparentahan nagari.

26. Jajar, kaparingan gêgadhuhan lalênggah siti dhusun 12, kalih wêlas karya. Kawajibanipun dados palampahing pêparentahan nagari.

Ananging sakathahing jajar punika botên kalêbêt pêpangkatan mantri.

Karaton nagari ing Dêmak. Jaman panjênênganipun nata Kangjêng Sultan Sah Alam Akbar ingkang kapisan. Kala ing taun Jawi 1443.

Ing nalika punika karsa amranata siti dhusun pêpunjungan dhatêng para wali utawi para guru, nuntên siti [si...]

--- 26 ---

[...ti] pêpunjungan wau dipun wastani siti uyun-uyun. Kados ta: ing Ngampèldênta, tanah Surabaya, ing Giri tanah Garêsik. Ing Gunungjati tanah Cirêbon, ing sapanunggilanipun ingkang kalêbêt siti dhusun uyun-uyun sadaya kaetang gunggung 6344 karya, dados siti dhusun ingkang taksih angladosakên pamêdal utawi ingkang anyanggi damêl dhatêng karaton nagari ing Dêmak. Kala samantên etangipun gunggung kantun 482306 karya.

Taksih karaton nagari ing Dêmak. Jaman panjênênganipun nata Kangjêng Sultan Sah Ngalam Akbar ingkang kaping tiga, kala ing taun Jawi 1460.

--- 27 ---

Ing nalika punika karsa amancas siti uyun-uyun kaparingakên dados pêpancèning wadya ingkang kapatah têngga pasareaning para lêluhur dalêm utawi pasareaning para wali, lajêng sami kapijèkakên ing damêl, kaparingan nama pradikan. Dalah siti dhusunipun inggih anama siti pradikan. Etang pancasan saking siti uyun-uyun 216, kalih atus nêmbêlas karya. Kawêwahan siti dhusun ingkang cêlak kalihan pasarean satunggal-tunggal. Etanging siti dhusun wêwahan 102 karya, dados etangipun siti pradikan kala jaman karaton nagari ing Dêmak, kala samantên etangipun gunggung kantun 482204 karya.

--- 28 ---

Karaton nagari ing Pajang, jaman panjênênganipun nata Kangjêng Sultan Adiwijaya, antawis jumênêng angsal 28 taun. Nagari ing Bantên nagari ing Jakarta botên sowan dhatêng Pajang, amargi ing Jakarta dipun ênggèni Kumpêni, lajêng kagadhuhakên pisan dalah ing Bantên. Etangipun siti ingkang kagadhuhakên dhatêng Kumpêni sadaya gunggung cacah 50700, gangsal lêksa pitung atus karya.

Ingkang anampèni Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Pitêrbot. Kala ing taun Walandi 1611, ing taun Jawi 1431.

Dadosipun siti dhusun ingkang taksih kabawah dhatêng karaton nagari ing Pajang, kalêbêt siti [si...]

--- 29 ---

[...ti] uyun-uyun akalihan pradikan, kala samantên etangipun kantun 437950, kawan kêthi tigang lêksa pitung èwu sangang atus sèkêt karya.

Karaton nagari ing Mantawis. Jaman panjênênganipun nata Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, antawis jumênêng angsal kalih taun amarêngi ing taun Jawi 1555, ing nalika punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung karsa amerang-merang siti dhusun jawi rangkah ing kitha Mantawis. Ingkang botên kalêbêt siti tanah môncanagari, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Tanah ing Pagêlèn, kaperang dados kalih duman. Ingkang saduman [sadu...]

--- 30 ---

[...man] kawastanan siti sèwu, ingkang saduman kawastanan siti numbakanyar.

2. Tanah ing Kêdhu, kaperang dados kalih duman. Ingkang saduman kawastanan siti bumi, ingkang saduman kawastanan siti bumija.

3. Tanah ing Pajang kaperang dados kalih duman. Ingkang saduman kawastanan siti panumping, ingkang saduman kawastanan siti panêkar.

4. Tanah antawising Dêmak akalihan Pajang, kawastanan siti agêng, sadaya punika dados gêgadhuhanipun lalênggahing para abdi dalêm. Bupati jawi sapanêkaripun.

Dene abdi bupati lêbêt kaparak kiwa têngên akalihan [akaliha...]

--- 31 ---

[...n] gêdhong kiwa têngên gêgadhuhanipun lalênggah siti tampingan nagari, ngiras angampil kagungan dalêm siti dhusun pamaosan pangrêmbe sadaya.

Antawis ing dalêm kalih taun, ing Jakarta kalurugan saking Matawis. Ngantos kaping kalih botên sagêt bêdhah, lajêng sami badhami, karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, siti ing Jakarta, Kurnèlis Bogor ing Pagadhungan 10700 karya, ing Bantên 40000 karya, lajêng kalulusakên dados bawah Kumpêni, anama Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Antoni pan Dhèmên. Dados siti dhusun ingkang taksih kabawah dhatêng karaton [kara...]

--- 32 ---

[...ton] nagari ing Mantawis, lêstantun kados kala karaton nagari ing Pajang.

Sarêng tanah ing Madura, Balega, Sampang, Pakacangan, Arisbaya, Pamêkasan, Sumênêp. Kabawah dhatêng karaton nagari ing Mantawis. Etangipun siti dhusun jaman panjênênganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma wêwah 23300 karya. Dados sadaya gunggung 461250, kawan kêthi nêm lêksa sèwu kalih atus sèkêt karya.

Taksih karaton nagari ing Mantawis. Jaman panjênênganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan Amangkurat ingkang sumare ing Têgalarum. Kala jumênêng angsal nêmbêlas taun. Siti tanah ing Parayangan [Parayang...]

--- 33 ---

[...an]

kapaosakên dhatêng Kumpêni, ingkang anampèni Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Jowan Matsikêr, ing Jakarta, kaparingakên anyanggi pamêdal ing sabên taun. Warni sanjata 40 iji, akalihan sangkêlat baludru renda sapanunggilanipun. Kalihan adamêl loji pabeyan.

Karaton nagari ing Kartasura, Panjênêngan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat ingkang kaping kalih, mêntas prang Patrunajayan, ing Kadhiri, kala samantên anuju ing taun Jawi 1603, ing taun Walandi 1680, kala samantên amaringakên siti dhatêng Kumpêni ing Jakarta, sumêrêp pituwas anggènipun amitulung [amitu...]

--- 34 ---

[...lung] ing prajurit bêdhahipun ing Kadhiri, ingkang kaparingakên siti tanah ing Parayangan mantun angladosakên barang dandosan ing sabên taun. Sarta kaparingan wêwah siti ing karang Pasundhan, ing Cirêbon. Etangipun dalah siti tanah ing Parayangan sadaya cacah 6000, nêmèwu karya, wah malih siti tanah ing Pamêkasan, Arisbaya, Sumênêp. Siti cacah 5300, gangsal èwu tigang atus karya. Gunggungipun sadaya dados 11300, salêksa sèwu tigang atus karya. Ingkang anampèni Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Kurnèlis Yanês Sêpèlman. Etangipun siti kagungan dalêm ingkang taksih kabawah [kaba...]

--- 35 ---

[...wah] karaton Jawi ingkang kagadhuhakên dhatêng Kumpêni, awit ing Mantawis dumugi ing Kartasura, sadaya gunggung 62000 karya. Dados kagungan dalêm siti bawah karaton Jawi sadaya kantun 399250 karya. Wah siti uyun-uyun ingkang dhatêng para wali sadaya sami kapundhut lumados ing padamêlan nagari, siti sadaya gunggung 6128 karya.

Tumuntên Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kapisan ing Kartasura, jumênêngipun wontên ing Samawis mawi prajajeyanprajanjean. kalihan Kumpêni, sami sabiyantu campur tulang darah, sarta botên kenging awon-ingawonan. Kala samantên amaringakên [amaringa...]

--- 36 ---

[...kên] siti dhatêng Samawis. Siti cacah 8000, wolung èwu karya. Wah ingkang dhatêng Rôngga Yudanagara, siti urut margi samawisan sadaya, sadaya siti cacah 1000 karya. Ingkang anampèni prajangji Kangjêng Tuwan Dhirèktur Joliyus Koyèt. Ing Samawis Kapitan Kênol. Lajêng katur ing Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Jowan pan Hurên. Kala samantên anuju ing taun Jawi 1629, taun Walandi 1731.

Tumuntên kala panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat ing Kartasura, nuju ing taun Jawi 1643.

Karsa ngetang kagungan dalêm siti dhusun ingkang taksih kabawah dhatêng karaton nagari ing Kartasura,

--- 37 ---

siti têngahan môncanagari kiwa têngên kalêbêt siti ing Mantawis, utawi siti padamêlan Lêbaksiyu sapangilèn Tandhês ing Dhayaluhur, kalihan siti pasisir kiwa têngên, sadaya gunggung 338950, tigang kêthi tigang lêksa wolung èwu sangang atus sèkêt karya.

Tumuntên panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping kalih ing Kartasura, karsa ayêktosakênangyêktosakên. cacahipun kagungan dalêm siti ingkang taksih kabawah dhatêng karaton nagari ing Kartasura sadaya, kados ing ngandhap punika parincènipun satunggal-tunggal.

1. Ampas lalênggahipun Kangjêng Ratu Pakubuwana ingkang kapisan. Eyang [E...]

--- 38 ---

[...yang] dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lênggah siti 1000 karya.

2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lênggah siti 1000 karya.

3. Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lênggah siti 1000 karya.

4. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, lênggahipun siti 8000 karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Ing dalêm sataun 1960 reyal batu.

Siti lênggah ing kapatihan 5000, gangsal èwu karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk Ingkang Sinuhun Kangjêng

--- 39 ---

Susuhunan, ing dalêm sataun 1220 reyal batu.

Wadana kaparak kiwa, Kangjêng Pangeran Angabèi, lênggah siti sapanêkaripun para santana sadaya 14000, salêksa kawan èwu karya.

Kaliwon santana kiwa, Kangjêng Pangeran Ariya Dipanagara, lênggah siti 2000 karya, sadaya mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing sabên taun 1640 reyal batu.

Wadana santana têngên, Kangjêng Pangeran Ariya Buminata, lênggah siti sapanêkaripun para santana 14000 karya.

Kaliwon santana têngên, Kangjêng Pangeran Ariya Mangkubumi, lênggahipun siti 2000 karya.

--- 40 ---

Sadaya wau mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana bumi, Radèn Tumênggung Mangkupraja, lênggah siti 1400 karya.

Kaliwon, Dêmang Tirtayuda, kabayan, Ngabèi Ônggadipa, mantri jajar tiyang 40 lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya siti 6500, nêmèwu gangsal atus karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing sabên taun 1640 reyal batu.

Wadana bumija, Radèn Tumênggung Mangkuyuda, lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon Ngabèi Mangkudirana, kabayan Ngabèi Martataka,

--- 41 ---

mantri jajar tiyang 40 lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya siti 6500 karya.

Dados sadaya gunggung 8000 karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana siti kiwa Radèn Tumênggung Pringgalaya, lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon, Radèn Singaranu, kabayan, Radèn Wiramantri, mantri jajar tiyang 40 lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya siti 6500, nêmèwu gangsal atus karya. Dados sadaya gunggung 8000 karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing

--- 42 ---

dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana siti agêng ingkang têngên. Radèn Arya Malayakusuma, lênggah siti 1500 karya.

Kaliwon Radèn Wirataruna, kabayan, Radèn Butaijo, mantri jajar tiyang 40, lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya lênggah siti 6500 karya. Dados gunggung 8000 karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana sèwu, Radèn Tumênggung Kartanagara, lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon Radèn Wirakancana, [Wirakanca...]

--- 43 ---

[...na,] kabayan Ngabèi Martadiwôngsa, mantri jajar tiyang 40. Lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya siti 6500 karya. Dados sadaya gunggung 8000 karya. Mawi angladosakên paos bakêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640 reyal batu.

Wadana numbakanyar, Radèn Tumênggung Jayasudarga, lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon, Ngabèi Jayadirana, kabayan, Ngabèi Darpamanggala, mantri jajar tiyang 40, lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya siti 6500 karya. Dados sadaya gunggung 8000 karya, mawi angladosakên paos babêktèn ing sabên taun 1640 reyal batu.

--- 44 ---

Wadana panumping: Radèn Tumênggung Wiraguna, lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon, Ngabèi Wirawôngsa, kabayan, Ngabèi Rônggamanggala, mantri jajar tiyang 40, lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya siti 6500. Dados sadaya gunggung 8000, wolung èwu karya. Sadaya wau mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana panêkar, Radèn Tumênggung Kandhuruan. Lênggahipun siti 1500 karya.

--- 45 ---

Kaliwon, Ngabèi Salingsingan, kabayan Ngabèi Martadipa, mantri jajar tiyang 40, kawan dasa iji, lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya lênggah siti 6500 nêmèwu gangsal atus karya, nêmèwu gangsal atus karya. Dados sadaya gunggung 8000, wolung èwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana kaparak kiwa, Radèn Tumênggung Wirajaya, lênggahipun siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon, Ngabèi Asmaradana, kabayan Ki Jênêng, mantri jajar [ja...]

--- 46 ---

[...jar] tiyang 40, kawan dasa iji, lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya lênggah siti 6500, nêmèwu gangsal atus karya. Dados sadaya gunggung 8000, wolung èwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana kaparak têngên, Tumênggung Natayuda, lênggahipun siti cacah 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon, Ngabèi Jagawadana, kabayan Ngabèi Citrawisma, mantri jajar tiyang 40, kawan dasa iji, lênggahing kaliwon [kaliwo...]

--- 47 ---

[...n] kabayan mantri sadaya lênggah siti 6500, nêmèwu gangsal atus karya. Dados sadaya gunggung 8000, wolung èwu karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana gêdhong kiwa, Radèn Tumênggung Mangunnagara, lênggahipun siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon, Ngabèi Mangundipura, kabayan, Ngabèi Tuban, mantri jajar tiyang 40, kawan dasa iji, sadaya lênggahipun siti 6500, nêmèwu gangsal atus karya.

--- 48 ---

Dados sadaya gunggung 8000, wolung èwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640 sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Wadana gêdhong têngên, Tumênggung Tirtawiguna, sadaya lênggahipun siti sapanêkaripun 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Sumadinala, kabayanipun sawêg lowong, mantri jajar tiyang 40, kawan dasa iji, lênggahing kaliwon kabayan mantri sadaya siti 6500, nêmèwu gangsal atus karya.

--- 49 ---

Dados sadaya gunggung 8000, wolung èwu karya. Sadaya wau mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1640, sèwu nêmatus kawan dasa reyal batu.

Saragêni kiwa, Ngabèi Wirasastra, sakancanipun lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Saragêni têngên, Ngabèi Wiratmaka, sakancanipun lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya, dados sadaya gunggung 3000, tigang èwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing

--- 50 ---

dalêm sataun 720, pitung atus kalih dasa reyal batu.

Kapilih kiwa, Radèn Nitiyuda, sakancanipun lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya.

Kapilih têngên, Radèn Madurêtna, sakancanipun lênggah siti 1500, sèwu gangsal atus karya, dados gunggung 3000, tigang èwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 720, pitung atus kalih dasa reyal batu.

Katanggung, Ngabèi Nayataruna, sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya.

Priyantaka, Ngabèi Ganjur,

--- 51 ---

sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya.

Pujôngga kalêbêt carik, wadana pujôngga, Radèn Tumênggung Suranagara, kaliwon pujôngga Ngabèi Surawiguna, kaliwon carik Ngabèi Narawita, kalih Ngabèi Bôngsamarta, sadaya lênggahipun siti kalêbêt mantri jajar carik gunggung 2000, kalih èwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 480, kawan atus wolung dasa reyal batu.

Pandhe, Ngabèi Japan, sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya.

--- 52 ---

Kêmasan, Ngabèi Wirakancana, sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya.

Niyaga, Dêmang Malaya, kalih Dêmang Anggul-anggul, sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya.

Gêndhing, Ngabèi Nonong, sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya.

Suging,Sungging. Ngabèi Adiwarna, sakancanipun lênggah siti 500, gangsal atus karya.

Pangukir, Ngabèi Jagaraga, sakancanipun lênggah siti 500 karya.

Jalagarwa, Ngabèi Selakarti, sakancanipun lênggah siti 500, gangsal atus karya.

Jagal, Ngabèi Rosa, sakancanipun [saka...]

--- 53 ---

[...ncanipun] lênggah siti 500 karya.

Tukang, Ngabèi Gandhèk, sakancanipun lênggah siti 500 karya.

Sayang, Ngabèi Somawiguna, sakancanipun lênggah siti 500, gangsal atus karya.

Sênèpi, Ngabèi Sêtyanpi, sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya.

Grêji, Ngabèi Saradipa, sakancanipun balat sadaya lênggah siti 1000, sèwu karya.

Lênggahing pangulu, sakancanipun kêtib modin suranata, sadaya lênggah siti 1000, sèwu karya.

Tiyang pinggir, sakancanipun sadaya lênggah siti 2000 karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk [konju...]

--- 54 ---

[...k] Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing dalêm sataun 6000, nêmèwu reyal batu.

Cacahing siti lêmbarawa, Dêmang Lêmbarawa, sakancanipun lênggah siti 800, wolung atus karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 190, satus sangang dasa reyal batu.

Tuwaburu, Ngabèi Jalêgong, kalih Ngabèi Wanayuda, tiga Ngabèi Wanasiti, sakancanipun kalang sadaya lênggah siti 3000, tigang èwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 720, pitung

--- 55 ---

atus kalih dasa reyal batu.

Caratan, Ngabèi Wanasigra, kalih Ngabèi Wanajaya, sakancanipun lênggah siti 1000, sèwu karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 240, kalih atus kawan dasa reyal batu.

Ing Têrsana, Ngabèi Astrayuda, ing Têmpuran Ngabèi Somawijaya, sakalihan lênggah siti 200, kalih atus karya.

Ing Ardikidul siti cacah 3000, tigang èwu karya, kasanggi mantri têtiga, 1. Ngabèi Wôngsawijaya, 2. Ngabèi Angun-angun, 3. Ngabèi Martapraya, mawi angladosakên [angladosakê...]

--- 56 ---

[...n] paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 720, pitung atus kalih dasa reyal batu.

Ing Mantawis, siti cacah 8000, wolung èwu karya. Kasanggi wadana kêkalih: 1. Tumênggung Jayawinata, 2. Tumênggung Jayasamudra. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1960, sèwu sangang atus sawidak reyal batu.

Ing Gadhing Mantawis, siti cacah 2000, kalih èwu karya. Kasanggi priyantun kalih 1. Tumênggung Rajaniti, 2. Ngabèi Wôngsayuda, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun

--- 57 ---

480, kawan atus wolung dasa reyal batu.

Wadana mardika, Radèn Sutawijaya, sakancanipun pradikan sadaya lênggah siti 1000, sèwu karya, pasumpingipun ing dalêm sataun kajawi sawung kabincih warni yatra 240, kalih atus kawan dasa reyal batu.

Siti môncanagari kilèn, kiwa têngên.

ing Banyumas, ing Banjar, ing Pasir, ing Ngayah, siti cacah 5000, gangsal èwu karya. Ingkang dados lalênggahing wadana Radèn Tumênggung Yudanagara, siti cacah 1000 karya.

Kaliwon, Ngabèi Mangunyuda, lênggah siti 500 karya.

--- 58 ---

Ingkang anyanggi paos siti cacah 3500, tigang èwu gangsal atus karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 1700, sèwu pitung atus reyal batu.

Ing Kalibênêr, Dêmang Maospati, kalih Dêmang Dhongkol, siti sadaya cacah 450, kawan atus sèkêt karya. Mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 120, satus kalih dasa reyal batu.

Ing Roma, Ngabèi Sadinaya, kalih Ngabèi Kartasuta, sakalihan lênggah siti 800, wolung atus karya, mawi angladosakên [angladosakê...]

--- 59 ---

[...n] paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 144, satus kawan dasa sakawan reyal batu, mantrinipun sawêg lowong.

Ing Pamêrdèn, Ngabèi Dipayuda, lênggah siti 500 karya, mawi angladosakên paos babêktèn ingkang konjuk ing dalêm sataun 192 reyal batu.

Ing Worah-warih, ing Têrsana, ing Karinci, siti cacah 300, tigang atus karya. Kasanggi priyantun têtiga, Ngabèi Wirayuda, ing Worah-warih, ingkang 100 karya.

Ngabèi Suramanggala ing Karinci, ingkang 100 karya.

Ngabèi Kramajaya ing Têrsana, ingkang 100 karya.

--- 60 ---

Tigang atus karya punika sami anyanggi damêling nagari dhatêng ing Kartasura.

Ing Bobotsari, Ngabèi Suramanggala, kalihan Ngabèi Kartanagara, Ngabèi Singanagara, siti cacah 100 karya, sami anyanggi damêling nagari dhatêng ing Kartasura.

Ing Lêbaksiyu, Dêmang Kapulungan, kalihan ing Balapulang, Rôngga Sutayuda, gunggung sadaya siti cacah 102 karya, sami nyanggi damêling nagari dhatêng ing Kartasura.

Ing Bêntar, siti cacah 100, satus karya.

Ing Dhayaluwur, siti cacah 500, gangsal atus karya,

--- 61 ---

mantrinipun Ngabèi Rêksapraja, anyanggi damêling nagari dhatêng ing Kartasura.

Siti môncanagari wetan, kiwa têngên ingkang dados lalênggahing wadana Radèn Tumênggung Surabrata, sapara tigan. Dados sadaya gunggung 5300, gangsal èwu tigang atus karya. Ingkang anyanggi paos 10700, salêksa pitung atus karya. Paos ing dalêm sataun 5330 reyal batu, mawi pasumping badhe sarungan ing sakawontênanipun.

Ing Kadhiri, siti cacah 4000, kawan èwu karya. Wadana Tumênggung Katawêngan, ngladosakên [ngla...]

--- 62 ---

[...dosakên] paos ing dalêm sataun 1300, sèwu tigang atus reyal batu langkung sadasa uwang tanpa sumping.

Ing Madiun, siti cacah 16000, salêksa nêmèwu karya. Kasanggi wadana kêkalih Radèn Tumênggung Martalaya, lênggah siti ingkang 8000 karya, Radèn Arya Suputra ingkang 8000, wolung èwu karya. Mawi angladosakên paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 5330, gangsal èwu tigang atus tigang dasa reyal batu, mawi pasumping badhe sarungan ing sakawontênanipun.

Ing Pacitan, siti 1000 karya, Ngabèi Wirasraya, miji dhatêng ingkang [ing...]

--- 63 ---

[...kang] sinuhun piyambak amêdalakên paos marica.

Ing Kaduwang siti cacah 1500, sèwu gangsal atus karya.

Wadana Tumênggung Sutanagara, paos ing dalêm sataun 500, gangsal atus reyal batu.

Ing Magêtan, siti cacah 1000, sèwu karya.

Wadana Radèn Arya Sumaningrat, ngladosakên paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 330 reyal batu.

Ing Caruban, siti 500, gangsal atus karya. Wadana radèn dêmang, paos ing dalêm sataun 160, satus sawidak reyal batu, tanpa pasumping.

--- 64 ---

Ing Kartasana, siti 600, nêmatus karya. Wadana Radèn Wôngsakusuma, paos ing dalêm sataun 100, satus reyal batu.

Ing Sarêngat, ing Balitar, siti cacah 1000, sèwu karya. Mantri Ngabèi Suralêgawa, paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 300 reyal. Panêbasing pasumping sawasa uwang, taksih badhe sarungan sakawontênanipun.

Ing Jipang, siti cacah 8000, wolung èwu karya.

Wadana Tumênggung Mataun, paosipun ing dalêm sataun 2630 reyal batu, langkung 10 uwang, mawi pasumping

--- 65 ---

badhe sarungan ing sawontênipun.

Ing Garobogan, siti cacah 5000, gangsal èwu karya. Kaliwon, Ngabèi Martapura, mawi paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 1000, sèwu reyal batu.

Ing Warung, siti cacah 3000, tigang èwu karya. Kaliwon Ngabèi Kartasari, mawi paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 1000, sèwu reyal batu.

Ing Sela, siti cacah 500, gangsal atus karya. Mantri Ngabèi Udajaya, paos ing dalêm sataun 160, satus sawidak reyal batu,

--- 66 ---

langkung 10 uwang, tanpa pasumping.

Ing Balora, siti cacah 3000, tigang èwu karya. Wadana Tumênggung Suradijaya.

Ing Rawa, siti cacah 8000, wolung èwu karya, mantri Ngabèi Malangjiwa, paos ing dalêm sataun 260 reyal batu, langkung 20 uwang.

Ing Kalangbrèt, siti cacah 600, nêmatus karya. Mantri, Ngabèi Tôndhawiramantri, paos ing dalêm sataun 200 reyal batu.

Ing Japan, siti cacah 600 karya, mantri Ngabèi Japan. Paos ing dalêm sataun 200 reyal batu.

Ing Wirasaba, siti cacah 1000, sèwu karya.

--- 67 ---

Mantri Ngabèi Sastrapati, paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 330 reyal batu.

Ing Barêbêg, siti cacah 400, kawan atus karya, mantri Rôngga Tarunawijaya, paos ing dalêm sataun 130, satus tigang dasa reyal batu.

Ing Jagaraga, siti cacah 1500, sèwu gangsal atus karya. Wadana sawêg lowong, paos ing dalêm sataun 495, kawan atus sangang dasa gangsal reyal batu.

Siti pasisir ing bang wetan, ingkang kiwa têngên sadaya.

Ing Japara, siti cacah 4000, kawan èwu karya, wadana Adipati Citrasoma, ingkang anyanggi galondhong siti [si...]

--- 68 ---

[...ti] cacah 1000 karya, mêdal 270 gêbingan. Ingkang anyanggi paos yatra ing dalêm sataun 810 reyal batu, mawi pangiring sinjang lurik wolung kodhi, wiyar ciyut.

Panampi dhatêng kapatihan 120, satus kalih dasa reyal batu.

Ing Kudus, siti cacah 100, satus karya. Wadana Arya Jayasantika, paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 270 reyal batu, mawi pangiring sinjang lurik sawatawis.

Ing Cêngkal, siti cacah 700, pitung atus karya. Mantri Ngabèi Sôntayuda, paos ing dalêm sataun 153, satus sèkêt tiga reyal batu.

--- 69 ---

Panampi dhatêng kapatihan 25, salangkung reyal batu.

Ing Pathi siti cacah 4000, kawan èwu karya. Wadana Tumênggung Mangunonêng ingkang nyanggi galondhong ing Rêmbang, siti cacah 1000 karya, ingkang anyanggi paos yatra ing dalêm sataun 940 reyal batu. Panampi dhatêng kapatihan 140, satus kawan dasa reyal batu.

Ing Juwana, Tumênggung Jayawikrama, siti cacah 1000 karya, paos ing dalêm sataun 270, kalih atus pitung dasa reyal batu. Panampi dhatêng kapatihan 40, kawan dasa reyal batu. Mawi pangiring sinjang lurik 8 kodhi.

--- 70 ---

Ing Rêmbang, Ngabèi Udasaka, siti cacah 500 karya. Dados lalênggah ing kapatihan.

Ing Pajangkungan, Ngabèi Dipatruna, siti cacah 300 karya, dados lalênggah ing kapatihan.

Ing Lasêm, Ngabèi Mardiguna, siti cacah 1900 karya. Dados lalênggah ing kapatihan.

Ing Tuban, Tumênggung Suradiningrat, siti cacah 3000 karya, paos ing dalêm sataun 810, wolung atus sadasa reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 120, satus kalih dasa reyal batu, mawi pangiring, sinjang lurik wolung kodhi.

Ing Sidayu, Tumênggung Suryaadiningrat. Siti cacah 3000 karya, paos sataun 810 reyal batu.

--- 71 ---

Panampi dhatêng kapatihan 120, satus kalih dasa reyal batu. Mawi pangiring sinjang lurik 8 kodhi.

Ing Lamongan, Ngabèi Tohjaya, siti cacah 1000 karya, paos sataun 270 reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 40, kawan dasa reyal batu, utawi pangiring sinjang lurik, 4 kodhi.

Ing Garêsik. Siti cacah 2800 karya, dados lalênggahing wadana kêkalih 1. Tumênggung Jayanagara, 2. Ngabèi Surawikrama, paos sataun 756, pitung atus sèkêt nênêm reyal batu, mawi pangiring sinjang lurik 7 kodhi.

Ing Surabaya, Radèn Ngabèi Surèngrana, kalih Radèn Ngabèi Sêcadirana, siti cacah 6000 karya,

--- 72 ---

paos sataun 1620, sèwu nêmatus kalih dasa reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 240, kalih atus kawan dasa reyal batu, mawi pangiring sinjang lurik sadasa kodhi, warni-warni.

Ing Pasuruan, ing Bangil. Tumênggung Sasrawinata, siti cacah 3000, tigang èwu karya, paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 810 reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 120, satus kalih dasa reyal batu.

Ing Basuki, Balambangan, Banyuwangi, wadana sawêg lowong, sadaya siti cacah 10080 karya, anyanggi damêling nagari dhatêng ing Kartasura.

Ing Madura Pangeran Cakraningrat, [Cakraningrat...]

--- 73 ---

[...,]

siti cacah 18000, salêksa wolung èwu karya. Paos ingkang konjuk ing dalêm sataun 4860, kawan èwu wolung atus sawidak reyal batu. Tanpa panampi.

Siti pasisir pangawat kiwa ing bang kilèn.

Ing Pakalongan, Adipati Jayaningrat, siti cacah 8000, wolung èwu karya. Ingkang anyanggi paos siti cacah 7000 karya ing dalêm sataun 1890, sèwu wolung atus sangang dasa reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 280 reyal batu mawi pangiring sinjang lurik warni-warni,

--- 74 ---

11 kodhi.

Ing Barêbês, ing Wiradesa, ing Bêntar, ing Lêbaksiyu, Radèn Arya Suralaya, sadaya siti cacah 3050 karya, ingkang dados lalênggah 500 karya, ingkang anyanggi paos siti cacah 2550 karya, ing dalêm sataun 680 1/2 reyal batu, panampi ingkang dhatêng kapatihan 102 reyal batu.

Ing Têgal, Tumênggung Rêksanagara, kalih Tumênggung Wiranagara, tiga Ngabèi Sasranagara, sadaya siti cacah 6000 karya, siti jagasura 1200 karya, dados sadaya gunggung 5200 karya. Mantri jagasura sakawan. 1. Ngabèi Surawijaya, 2. Ngabèi Harsawijaya, [Har...]

--- 75 ---

[...sawijaya,] 3. Ngabèi Sukarini, 4. Ngabèi Suramanggala. Ingkang anyanggi paos kajawi jagasura, ing dalêm sataun 1080, sèwu wolung dasa reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 160, satus sawidak reyal batu. Panêbasing damêl jagasura 400, kawan atus reyal batu.

Ing Pamalang, Radèn Arya Cakranagara, siti cacah 2000 karya. Kajawi ingkang anyanggi padamêlan Lêbaksiyu Bêntar, paosipun ing dalêm sataun 540, gangsal atus kawan dasa reyal batu.

Ing Batang, Tumênggung Cakrajaya, siti cacah 2000, kalih atusèwu. karya, paos sataun 540 reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 80,

--- 76 ---

wolung dasa reyal batu.

Ing Kaliwungu, Rôngga Adimanggala, siti cacah 2300 karya, paos ing dalêm sataun 621, nêmatus salikur reyal batu, panampi dhatêng kapatihan 86, wolung dasa nênêm reyal batu.

Ing Dêmak. Tumênggung Suranata kalih Tumênggung Padmanagara, lênggah siti cacah 6000 karya. Paos ing dalêm sataun 1620 reyal batu. Panampi dhatêng kapatihan 240, kalih atus kawan dasa reyal batu.

Etangipun siti lalênggah nagari, kalêbêt pamaosan gadhi Mantawis. Sadaya gunggung 186000, sakêthi wolung lêksa sèwunêm èwu. karya.

--- 77 ---

Etangipun siti môncanagari kilèn 8252, wolung èwu kalih atus sèkêt kalih karya.

Etangipun siti môncanagari wetan 663000 karya.

Etangipun siti pasisir têngên bang wetan 61280 karya.

Etangipun siti pasisir kiwa bang kilèn 30550 karya.

Dados etang kumpulipun sadaya kagungan dalêm siti ingkang taksih kabawah dhatêng karaton ing Kartasura, kala ing taun Jawi 1666 kapanggih 352382 karya.

Katimbang kalihan etangipun kala panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat. [Amang...]

--- 78 ---

[...kurat.] Kaot 13432, salêksa tigang èwu kawan atus tigang dasa kalih karya. botên antawis lami ing Madura kabawahakên dhatêng Kumpêni, dados etangipun kagungan dalêm siti kalong 18000 karya, dados sadaya kantun 334382, tigang kêthi tigang lêksa kawan èwu tigang atus wolung dasa kalih karya.

Tumuntên panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping kalih, sakonduripun saking Pranaraga, lajêng pindhah nagari dhatêng ing Surakarta, kala ing taun Jawi 1670, ing taun Walandi 1763, angadhaton antawis tigang wulan têdhak ing Samawis. Sakonduripun [Sakonduripu...]

--- 79 ---

[...n] saking Samawis, Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Baron pan dhe Mup, andhèrèk dhatêng Surakarta, lajêng nêmbung amaosi kagungan dalêm siti ing pasisir kiwa têngên sadaya, kaparingakên dalah ingkang anyanggi damêling nagari, ananging rêmbagipun para nayaka dalêm mawi angindhakakên cacah, kados ing ngandhap punika etanging indhak-indhakan.

Ing Japara, siti cacah 1000 karya, mindhak 1400 karya, dados 2400 karya.

Ing Pathi, siti cacah 4000 karya, mindhak 8000 karya, dados 12000, salêksa kalih èwu karya.

Ing Tuban, siti cacah 3000, tigang èwu karya. mindhak 5015 karya.

--- 80 ---

Dados 8015 karya.

Ing Surabaya, siti 6000 karya, mindhak 6000 karya, dados sadaya 12000 karya.

Ing Têgal, siti 5200 karya, kalêbêt jagasura, mindhak 2800 karya, dados 8000 karya.

Ing Batang, siti cacah 2000 karya, mindhak 13000 karya. Dados 15000 karya.

Ing Dêmak, siti cacah 6000 karya, mindhak 6000 karya, sadaya dados 12000 karya, etanging indhak-indhakan dados 50215 karya, kumpulipun sadaya dados cacah 142042 karya. Etang paos ing ngajêng sataun 21790 1/2 reyal batu, kaindhakakên dalah panêbasing

--- 81 ---

damêl ing dalêm sataun 27485 reyal batu.

Dadosipun kagungan dalêm siti ingkang taksih kabawah dhatêng karaton ing Surakarta, amung kantun siti têngahan akalihan môncanagari kemawon.

Sarêng tuwan jendral kondur dhatêng Samawis, Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi, lolos dhatêng Sokawati, amargi lênggahipun siti kaewahan. Siti cacah 3000, tigang èwu karya, amung kakantunakên 1000, sèwu karya, lênggahipun lami 440 karya. Dados kantun 1440 karya.

Tumuntên panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping tiga, Kangjêng Pangeran [Pange...]

--- 82 ---

[...ran] Arya Mangkubumi lajêng bêdhami, trimah anampèni sapalihing karaton Jawi, lajêng jumênêng nata wontên ing Ngayogya tanah Matawis. Anama Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana, anuju ing taun Jawi 1683, ing taun Walandi 1772.

Kala samantên karaton ing Surakarta kapalih kalih Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta.

Ing Surakarta siti sapangiwa sadaya gunggung 107128 karya.

Ing Ngayogyakarta, siti sapanêngên sadaya gunggung 107128 karya. Tumuntên kala Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara tundhuk dhatêng Surakarta, kaparingan lalênggah [la...]

--- 83 ---

[...lênggah] siti 4000, kawan èwu karya. Kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

Ing Sêmbuyan, siti cacah 2400, kalih èwu kawan atus karya.

Ing Kaduwang siti cacah 1500, sèwu gangsal atus karya. Kaparingakên ingkang 1000 karya, kaampil ingkang 550 karya, dados sadaya gunggung 4500 karya.

Siti lalênggah karaton dalêm ing Surakarta dados sadaya kantun 102628 karya.

Kala samantên pangagênging Batawi, nuju Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Jakub Musêl, kala ing taun Jawi 1685, ing taun Walandi 1774, amaringakên siti dhatêng Kumpêni

--- 84 ---

kadamêl bètèng ambarisi Pangeran Arya Prabu Jaka.

Ing Ngantang, ing Ngulangulu, siti sadaya cacah 100 karya.

Dadosipun kagungan dalêm siti bawah ing Surakarta kantun 102528 karya.

Tumuntên panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4 ing Surakarta, anuju kala ing taun Jawi 1739, taun Walandi 1812, amaringakên siti dhatêng bôngsa Inggris. Ingkang anampèni nuju Kangjêng Tuwan Litênan Guprênur Jendral Tomas Tamporèt Raplès. Ing ngandhap punika pratelanipun.

Ing Kêdhu, siti cacah 12389 1/2 karya.

--- 85 ---

Ing Balora, siti cacah 1500, sèwu gangsal atus karya.

Ing Wirasaba, siti cacah 2000, kalih èwu karya.

Ing Pagêrwaja, siti cacah 856, wolung atus sèkêt nênêm karya, gunggungipun sadaya siti cacah 17043 1/2 karya, kapaosan ing dalêm sataun 145947 1/2 reyal batu, kalihan amaringakên bandar pêkên, sarang burung kajêng jati, kapaosan ing dalêm sataun 12000 reyal batu. Wah maringakên ganjaran dhatêng Mangkunagaran malih, siti sadaya cacah 1000 karya.

Dados etangipun kagungan dalêm siti bawah karaton ing

--- 86 ---

Surakarta, gunggung kantun 84785, wolung lêksa sakawan èwu pitung atus wolung dasa gangsal karya.

Tumuntên panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5 ing Surakarta, kala taun Jawi 1748, ing taun Walandi 1821.

Angindhakakên cacahing siti môncanagari.

Ing Kadhiri mindhak tikêl dados. Kapaosan ing dalêm sataun 14900 reyal batu, anuju ing taun Jawi 1749, taun Walandi 1822.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5, angulungakên siti jawi kori, kapaosan Kangjêng Tuwan Guprêmèn Walandi,

--- 87 ---

siti cacah 644 karya, kapaoan ing dalêm sataun 70110 reyal batu. Dados etangipun kagungan dalêm siti bawah karaton ing Surakarta kantun 84141 karya.

Tumuntên panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6 ing Surakarta, kala bibaring prang Dipanagaran, anuju ing taun Jawi 1757, ing taun Walandi 1829.

Angulungakên siti môncanagari wetan kilèn sabawahipun sadaya, kapaosan ing Kangjêng Guprêmèn Walandi, anuju Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Dhibis Sinyi, pratelaning siti môncanagari wetan ing ngandhap punika.

--- 88 ---

Ing Kadhiri, siti cacah 8000, wolung èwu karya.

Ing Sarengat, ing Balitar, siti cacah 1000, sèwu karya.

Ing Pace, siti cacah 700 karya.

Ing Nganjuk siti cacah 125 karya.

Ing Caruban, siti cacah 600 karya, ing Pranaraga, Jagagamping, Trênggalèk, siti cacah 11630, salêksa sèwu nêmatus tigang dasa karya.

Ing Pacitan, ing Nglorok, Panggul, Sumbrêng, Sagarawêdhi, Kampak, siti cacah 298 karya.

Ing Jagaraga, siti cacah 1500 karya, ing Kuwu, siti cacah 224 karya.

Etangipun siti môncanagari wetan sadaya gunggung 24147 karya, kapaosan ing dalêm sataun 88918 rupiyah.

--- 89 ---

Pratelaning siti môncanagari kilèn. Ing Banyumas, siti cacah 3000, ing Banjar siti cacah 800 karya.

Ing Pagêlèn. Ing Lêdhok. Ing Gowong, sadaya siti cacah 8007 karya. ing Wera, ing Jatimalang, ing Roma, siti cacah 50, sèkêt karya.

Ing Dhuwala, siti cacah 50, sèkêt karya.

Pangrêmbe ing Pancan, ing Donan, siti cacah 566 karya.

Ing Dhayaluwur, ing Ngluwe, Têbangkas, Tambakan, siti cacah 228, kalih atus wolu likur karya.

Ing Singamartan, ing Talaga, ing Kadhirèn, siti cacah 328 karya.

Etanging siti môncanagari kilèn sadaya 13028 karya,

--- 90 ---

kapaosan ing dalêm sataun 136003 rupiyah.

Dados kumpulipun sadaya siti môncanagari wetan kilèn sadaya gunggung 37176 karya, paosipun ing dalêm sataun 224921 rupiyah.

Wah siti ing Krêja, tanah Sokawati, saking Ngayogya kaparingakên dhatêng Mangkunagaran. Siti sadaya cacah 500 karya.

Ing Gupakan, ing Sine, ing Dalêsung, siti cacah 41, kawan dasa satunggal, ing ngajêng sampun kaparingakên dhatêng Mangkunagaran. Dados etang kumpulipun sadaya kagungan dalêm siti bawah ing Surakarta, sadaya gunggung kantun 44431 karya.

Tumuntên panjênêngan dalêm Ingkang [Ing...]

--- 91 ---

[...kang] Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, salêbêtipun ing taun Je ôngka 1758, garisan siti bawah karaton ing Surakarta ingkang wontên tanah ing Mantawis, kabawahakên dhatêng ing Ngayogyakarta, bawah karaton ing Ngayogyakarta, ingkang wontên tanah ing Pajang kabawahakên dhatêng ing Surakarta, sarêng sampun kaperang wêwatêsanipun, gunggung sadaya kantun 37126 karya, kaetang jung-jungan dados 9281 1/2, sangang èwu kalih atus wolung dasa kalih têngah jung.