Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Widyakirana, Warsadiningrat, 1915-16, #1446

Katalog:Widyakirana, Warsadiningrat, 1915-16, #1446
Sambung:-

Darma Sonya

--- 0 ---

Kitab "Widhjokirono"

Terkoetip Oleh M. Ng. Warsopradonggo

[Grafik]

Punika: Sêrat Widyakirana, utawi Widyapramana, anggitanipun Bagawan Yogiswara, ing Mangmênang,Mamênang. tanah Kadhiri, miturut Pustakadarywa, ingkang sampun kagêlarakên dening Sang Hyang Panyarikan, kacêtha wontên pralampitaning Sêrat Darmasunya,Darmasonya (dan di tempat lain). wêwarahipun para linangkung amardi budi. Katêdhak sarta katandhing-tandhingakên pintên-pintên Sêrat Darmasunya, amila pating clorèt susulan punika amung murih lêrêsipun, dening Mas Ngabèi Warsapradôngga, nalika ing taun côndra sangkala: rahsaning catur angèsthi tunggal,Sengkalan: rahsaning catur angesthi tunggal (1846 A.J.,1915/16 A.D.). ing taun surya sangkala: obahing janma têrusing gusti.Sengkalan: obahing janma têrusing gusti (1916 A.D.).

--- 0 ---

[Grafik]

Batoro Panjarikkan

(Pèngêt panganggiting Sêrat Darmasunya)

Ing salêbêting taun Wilapawa, etanging taun surya sangkala 409, tinêngran, trustha barakaning yoga, kaetang ing taun candra sangkala 421, tinêngran, putra kêmbaring warna.

Amarêngi môngsa manggakala, kacariyos, Bathara Panyarikan wontên ing Mêdhang Kamulan, (kaping III) anganggit Sêrat Darmasunya, katarimah dening Prabu Wisnupati, inggih Sang Hyang Wisnu, Narendra ing Mêdhang Kamulan. Lajêng kadadosakên pêpatih ing Mêdhang Kamulan. Kaparingan nama Patih Sriyana.

--- 1 ---

Wiwit anyariyosakên pêpêthikan saking sawarnining wêwarah saha wiwitan, ingkang sampun kagiyarakên dening para winasis ing nungswa Jawi, punapadene mawi kacundhukakên kalihan pamanggihipun para sujana ing tanah Eropah, para wicaksana ing tanah Indhustan, tuwin para kalam ing tanah Arab.

Bêbuka

Hong wilahèng mangarcana awignam astu namassiddhi, sidho mayaring Hyang Pranawa Samêh.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbukanipun ing Pustaka Widyakirana, miturut saking suraosipun Sêrat Sastra Darwya (Sastra Darywa) punika pustaka pêpèngêting para jawata, ingkang sampun kawêdharakên dening Sang Hyang Panyarikan, kacêtha wontên pralampitaning Sêrat Darmasunya, pangarangipun Êmpu Yogiswara ing Mamênang, suraosipun kados ing ngandhap punika.

Amurwani cariyosipun gumêlaring kodrad,kodrat (dan di tempat lain). ingkang sapisan dipun wastani alam nur, utawi alam cahya, mila dipun wastani makatên, awit titahing Pangeran ingkang sampun sami gumêlar sawêg kawan prakawis: 1. Swasana, 2. Surya, 3. Kartika, 4. Côndra, swasana punika sami dados kêkandhanganing surya, [sur...]

--- 2 ---

[...ya,] côndra, saha kartika wau, wondene salêbêting surya côndra kartika inggih kaèbêkan dening swasana, kodrad kawan prakawis wau, sami langgêng ing kaananipun, saha badhe botên ewah gingsir ing salaminipun, ing têmbe kawasa anartani panggêsanganipun sagung dumadi sadaya, mênggah kodrad kawan prakawis punika sami andarbèni pangwasa piyambak-piyambak, kados ing ngandhap punika katranganipun.

1. Rêmbulan, warninipun pêthak sumunar amaya-maya, ing têmbe kawasa angrêsêpi panggêsangan punika sadaya.

2. Lintang, mênggah agêngipun lintang punika langkung saking rêmbulan, têbihipun êlêt 300 pandulu, warnining lintang wau biru sêmu ijêm amaya-maya, ing têmbe kawasa amimbuhi angrêsêpi panggêsangan punika sadaya (manawi miturut Sêrat Cariyosipun Jaka Santosa, lan Jaka Marsudi, wêdalan Bale Pustaka 1915, inggiling lintang sarta agêngipun angungkuli srêngenge).

3. Srêngenge, agêngipun langkung saking lintang, anggènipun ngumandhang wontên sanginggiling lintang êlêt 300 pandulu, warninipun abrit amarakata, ing têmbe kawasa mahanani bêntèr ing panggêsangan punika sadaya.

4. Swasana, warninipun biru amaya-maya, kawasa dados kêkandhanganing sagung dumadi sadaya, amila swasana wau binasakakên lêmbut tan kêna jinumput agung ngèbêki jagad, awit saking isèn-isèning

--- 3 ---

jagad punika ing nglêbêt kaèbêkan dening swasana, sawênèhing para winasis adamêl pralampita, kodhok angêmuli lènge, sarta warôngka manjing curiga.

Ing salêbêtipun alam wau, jagad taksih sidhêm pramanêm, angin tuwin toya dèrèng wontên tumitah, bêbasan amung suwung tumalawung tanpa ujung, sarêng ambabar sirat-soroting srêngenge sumêbar angêbêki bawana punika sadaya, andarbèni daya panas. Daya panasing srêngenge wau kawasa anggêbag swasana, kenging daya panasing srêngenge, kawasa andayani panasing lintang tuwin rêmbulan, sarêng katahmankataman (dan di tempat lain). daya panasing srêngenge wau, lajêng mahanani karingêt, karingêting lintang tuwin rêmbulan wau, sami tumètès dhatêng anggraning gunung cakrawala, prênahing ardi wau dumunung satimbanging bawana kang sisih lèr, karingêt wau winastan, tirta prawita, têgêsipun toya ingkang kawitan. (Tirta Prawita).

Sarêng ing antawis lami, Tirta Prawita wau kawawa mili agêng tanpa kêndhat, saha lajêng angubêngi jagad punika, ing mangke Tirta Prawita wau kawastanan, Tirta Kamandhanu, têgêsipun toya mili malêngkung, warnining toya pêthak amawa cahya, ilining Tirta Kamandhanu wau tinut ing bayu, sarêng dumugi imbanging bawana kang sisih wetan ingkang kidul têmahan têmpur kalihan panasing srêngenge, ing ngriku sami

--- 4 ---

arêbat daya, rêbat kawasa, botên wontên ingkang kasoran, ing nalika punika sami mijilakên swara umung, angêbêki bawana, swara wau ing mangke dipun wastani rijal, utawi Jatingarang, saking sami santosanipun, awit sami arêbat daya wau, têmahan kawasa angebahakên bawana sadaya. Wasana srêngenge lintang rêmbulan saha swasana sami mubêng nyakra manggilingan piyambak-piyambak. Inggih punika purwanipun wontên raina tuwin dalu. Ing ngriku asrêping Tirta Kamandhanu suda dening panasing srêngenge. Makatên ugi panasing srêngenge suda saking asrêping Tirta Kamandhanu. Ananging ilining Tirta Kamandhanu lastantun anêrus anjog ardi cakrawala. Ing ngriku lajêng pulih asrêpipun, kados ta: ilining Tirta Kamandhanu wau, sabên siyang ginêbag panasing srêngenge, kumutug mêdal sarinipun, sari wau lajêng dumunung wontên swasana. Manawi wanci dalu sakathahing sari wau sami pupul, jalantahipun sami dhumawah samadyaning bawana, lami-lami têmahan dadya jalanidhi, têgêsipun toya têlês tuwin wantah dene sari ingkang alus sami kawawa wangsul munggwing graning gunung cakrawala malih.

Wondene ilining Tirta Kamandhanu wau, santosanipun kalayan daya prabawanipun piyambak, prabawa wau dipun wastani bayu, dene [de...]

--- 5 ---

[...ne] panasing srêngenge ugi mawi daya prabawanipun piyambak, daya prabawa wau dipun wastani angin, dayaning prabawa kalih prakawis punika ing nalika têmpur Tirta Kamandhanu lan panasing srêngenge, têmah kawawa awor dados satunggal, ing ngriku lajêng sinêbut maruta, utawi moruta, wardinipun amoring kêkalih, maruta wau tumuntên anut salampah jantraning Tirta Kamandhanu, mila makatên awit angin punika kasoran daya panggèndèngipun kalihan bayu, dados ing môngsa punika bawana sampun kadunungan dening kodrad cahya camboran kalih prakawis. Rumiyin toya, kaping kalih maruta, sarêng sampun makatên mantun sinêbut alam sunya ruri, ing môngsa punika dipun wastani alam Tirta Yoga, wardinipun toya tumitah, utawi tumitahing toya kang sapisan.

Mênggah katranganipun toya ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau, ing têmbing lèr lan ing têmbing kidul kawontênaning toya sami anjêndhêl, mila makatên awit têbih kalihan sasipataning srêngenge, ingkang toyanipun sami ajèr dados namung ing têngah kemawon. Wondene toya ing têngah wau manawi katahman dayanipun asrêbingasrêping. dalu, inggih sagêd pupul ing sawatawis, ananging pupulipun wau botên ngantos katawis, awit saking sakêdhikipun, dene ingkang mratandhani manawi

--- 6 ---

môngsa dalu toya punika sagêd pupul ing sawatawis, katitik saking dhumawahing êbun ingkang saking antariksa, ingkang tamtu ing wanci dalu, dêrêsipun yèn ing wanci bangun enjing, môngka êbun punika hawaning toya ingkang ginêbag dening pêpanas, sarêng dalu kenging dayaning asrêp têmah kawawa pupul tumuntên pulih dados toya malih, makatên ugi toya kang sami jêndhêl wau, manawi katahman dening panasing srêngenge inggih amèr ing sawatawis. Yèn ing wanci dalu tumuntên wangsul jêndhêl malih, makatên ing salaminipun.

Dene sari-sari ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng wau, wontên ing ngriku kenging daya asrêp, têmahan pupul dados satunggal, pupulipun sari wau, yèn ing têmbung Sangskrita, dipun wastani A, O, M, wardinipun A latu, O toya, M angin. Sawênèhing para winasis amastani Trimurti, têgêsipun moring sari têtiga.§ Sawênèhing para winasis amastani Trimurti, têgêsipun moring sari têtiga.

Bêbuka Bab 2

Amratelakakên kasidan jati, miturut suraosing Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun kados ing ngandhap punika:

Wiyosipun, mênggahing salêbêtipun jaman Tirta Yoga wau, wontên wahywaningwahyaning. wahyu panggêsangan tigang prakawis: 1. dumunung wontên sêndhang cakrawala, warninipun pêthak umancur, inggih punika wahyuning Tirta Kamandhanu, ing têmbung Sangskrita dipun wastani manik Ioma, wardinipun urip, 2. dumunung ing maruta, warninipun [warnini...]

--- 7 ---

[...pun] cêmêng sumorot, ing têmbung Sangskrita dipun wastani manik Ismaya, wardinipun rêmbêsing kawêningan, 3. dumunung wontên srêngenge, warninipun abrit amarakata, ing têmbung Sangskrita dipun wastani manik Mulat, wardinipun murub.

Manik têtiga wau sami arêbat daya rêbat kawasa, ingkang kawasa daya panggèndèngipun amung manik Ioma, wasana tumuntên campur dados satunggal, campuring manik têtiga wau têmahan sirna sifatipun, ingkang pêthak ical pêthakipun, ingkang cêmêng ical cêmêngipun, ingkang abrit ical abritipun. Wêkasan asantun warni cahya biru sumunar ijêm amaya-maya, inggih punika ingkang sinêbut Trimurti, wardinipun pamoring sari têtiga, ing mangke Trimurti punika tetela bangsaning aluhur, pratandhanipun makatên, gêsangipun tanpa suksma, tanpa raga, amung gêsang kalayan cahyanipun piyambak. Trimurti punika binasakakên gêsang datan wontên kang gêsangi, yèn têmbung Arab dipun wastani nur, yèn têmbung Eropah dipun wastani sil.

Trimurti wau ing alami-lami kawimbuhan sarining Tirta Kamandhanu, tuwin sari panasing srêngenge, saha sarining angin, têmahan kawasa umêsat dumunung ing samadyaning tawang, ingkang dipun wastani samadyaning tawang punika alam antara, têngah-têngahing nginggil kalihan ngandhap, punapadene têngah-têngahing lèr kidul wetan kilèn, mênggahing sapunikanipun têrus [tê...]

--- 8 ---

[...rus] mangandhap lêrêsipun siti Mêkhah, ing ngriku Trimurti wau lajêng asêsilih Tripurusa, têgêsipun campuraning santosa têtiga, amila kasêbut makatên, awit anggènipun dumunung ing alam antara wau, sampun tanpa obah osik ing sadintên-dintênipun, saha botên ewah ing kaênênganipun, têmahan ambabar cahya minôngka panggêsanganing kaèksinipun bawana sadaya, dene sagunging bêburon ingkang sami gêsang ing jaman punika, taksih sami raga cahya yèn ing ngawang-awang ingkang kawastanan lintang alihan, punika sajatosipun bêburon sarta botên kenging pêjah ing salaminipun, amargi botên katabêtan sari sêsukêring bumi, beda bêburon kang tumuwuh ing jalanidhi, ing masa punika kawontênaning raga inggih sami andarbèni cahya, ananging rèhning badhe katabêtan hawa sêsukêring bumi, kang têmtu ing têmbe badhe kenging pêjah ing alam punika winastan, siwandakara, têgêsipun sadaya ingkang dumados andarbèni cahya mancorong.

Sarêng ing alami-lami Tripurusa botên pêgat andarbèni daya panggèndèng dhatêng sari tigang warni wau, wêkasan sari têtiga wau sami dados waraganing Tripurusa, dipun wastani sarira, inggih sari hèrwya (hèrywa) wardènipun sari toya, sarêng Tripurusa andarbèni raga lajêng sinêbut pramana, têgêsipun katingal maujud, ingkang binasakakên sari têtiga sampun dumunung dados pramana, sampun sawujud kalihan têtiga wau, têmahan dados sariraning pramana, makatên purwanipun:

Sampuning kadya punika sarira pramana katingal murub warni sakawan, ing ngriku lajêng kawasa anggônda datanpa grana, andulu datanpa netra, amyarsa [a...]

--- 9 ---

[...myarsa] datanpa karna, awacana datanpa lathi, awit ing alam punika sadaya gêsang dèrèng sami nêdha tuwin tilêm, punapadene suka lan prihatin. Awit ingkang makatên wau saking taksih sami agêng kawasanipun.

Ing alam punika sarira pramana wimbuh prabawanipun amancorong kadi purnamaning wulan, utawi kadya srêngenge, sirat-soroting pramana, lajêng ambabar urub warni-warni, kados ta, cêmêng, abrit, jêne, pêthak, ijêm, biru, wungu, dadu, sapanunggilanipun. Mênggah wêwarnèn samantên wau, manawi katahman cêcampuran sarining têtiga ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, lajêng andarbèni gêsang saha kawasa dados wiji, manawi têmbung Sangskrita wiji punika dipun wastani èbsara, manawi têmbung Arab dipun wastani rohkhani, manawi têmbung Walandi dipun wastani sil. Èbsara punika wau ing têmbe badhe dados wiji sawarninipun ingkang gêsang wontên ing bawana punika sadaya.

Bab 3

Ing salêbêtipun alam Tirta Yoga, ing mangke amratelakakên wêwijanganing wiji satunggal-tunggalipun. Miturut wêwarahipun Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, suraosipun kados ing ngandhap punika.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados panggêsanganipun sagung dumadi punika sadaya, tan liyan muhung tigang prakawis: 1. ingkang rumiyin asli saking Tirta [Tir...]

--- 10 ---

[...ta] Kamandhanu, warninipun pêthak umancur, dipun wastani mana,pramana. wardinipun suci utawi padhang, yèn ing têmbung Arab dipun wastani Rahmani, ing têmbung Walandi dipun wastani sil, 2. asli saking srêngenge, warninipun abrit amarakata, dipun wastani mulat, têgêsipun murub, utawi têrang, yèn ing têmbung Arab dipun wastani Roh Ilapi, ing têmbung Walandi taksih dipun wastani sil, 3. asli saking angin, warninipun cêmêng mêlês amaya-maya, dipun wastani murti, wardinipun alus, yèn ing têmbung Arab dipun wastani Roh Rabbani, ing têmbung Walandi ugi kawastanan sil.

Sadaya wau manawi kirang salah satunggal saèstu botên kawawa dados wiji, mênggah warninipun wiji kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

1. Wiji ingkang warni pêthak umancur, punika mratandhani adêging asli saking Tirta Kamandhanu, kaworan sarining angin, tuwin srêngenge amung sakêdhik, ing têmbe badhe mahanani budi bodho, ananging marta tuwin wêlasan.

2. Wiji ingkang jêne sumunar, punika pratôndha adêging asli saking Tirta Kamandhanu, ananging kawoworan sarining angin sakêdhik, sarining srêngenge ingkang kathah, ing têmbe badhe mahanani budi lantip, sarta wêlasan, sugih panggagas.

3. Wiji ingkang abrit amarakata, punika amratandhani adêging srêngenge, kawoworan sarining angin sarta Tirta Kamandhanu sakêdhik, ing têmbe badhe mahanani budi lantip, cêpak panggraitanipun, ananging panasbaranan,

--- 11 ---

yèn pinuju ing galih pangganjaripun langkung saking marwat.murwat.

4. Wiji ingkang warni cêmêng mêlês mêlêng-mêlêng, punika mratandhani adêging angin kawoworan sarining srêngenge tuwin Tirta Kamandhanu amung sakêdhik, ing têmbe mahanani budi cubluk sarta supèn.

5. Wiji ingkang warni biru muyêg, punika taksih adêging angin, kawoworan sarining Tirta Kamandhanu sawatawis, ing têmbe badhe mahanani budi cubluk guru alêman, ananging langgêng lêgawanipun.

6. Wiji ingkang warni wungu mêlês, punika pratôndha adêging srêngenge, amor sarining Tirta Kamandhanu sakêdhik, sarining angin ingkang kathah, ing têmbe mahanani budi drêngki, murka, kumintêr, rupak, sarta asring lampah durjana, bilih andarbèni sakit, sakit bibrah, sarta edan.

7. Wiji ingkang warni dadu muncar, punika adêging sari srêngenge, kawoworan sarining Tirta Kamandhanu cêkapan, sarining angin ingkang kathah, ing têmbe badhe mahanani budi angkara, cugêtan atèn, anggung sônggarunggi, manawi andarbèni sakit suda paningalipun.

8. Wiji ingkang warni ijêm angênguwung, punika taksih adêging sari srêngenge, kawoworan sarining Tirta Kamandhanu kathah, sarining angin sakêdhik, ing têmbe badhe mahanani budi sêdhêng, kalantipanipun lumintu, saha sabar maklum.

--- 12 ---

Sadaya wau badhe dados wêwatêkipun manusa, ingkang dumunung ing jaman Ngarcapada, anamung ing têmbe wiji ingkang satunggal punika, tan kôntha, tan warna, muhung cahya mancorong gumilang-gilang, amila makatên awit saking jangkêp abên-abênanipun, inggih ingkang nama Trimurti, saukur sirna wujuding wiji, muhung sawiji salingganing pramana, inggih punika ingkang sinêbut sajatining wiji, ingkang makatên wau manawi dumunung sagêd dados wiji asring wijining Narendra, wahywaning budi rila, trima, têmên, tata-titi, têtêg, ênêng-êning, sarjana ing kabudayan. Ing mosamôngsa (dan di tempat lain). punika sawarnining wiji wau, taksih sami sipat cahya sajati, saha sinêbut lingga bathara, amila makatên amargi taksih sami anuhoni ing katêmênan.

Bab 4

Taksih salêbêtipun alam Tirta Yoga, amratelakakên kawontênanipun siti ingkang sapisan, miturut suraosipun Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, katranganipun kados ing ngandhap punika.

Wiyosipun, mênggah toya Jalanidhi ingkang kacariyosakên ing bab sapisan, sabên katahman daya asrêping dalu kawawa pupul, manawi katahman daya panasing srêngenge lajêng amèr, toyaning Jalanidhi wau kawawa atilar jalantah, jalantah wau ing alami-lami anandho-tumandho, têmahan dados êmbag. Êmbag dipun wastani lêmah, wardinipun lêmês. Ing alami-lami saya [sa...]

--- 13 ---

[...ya] wimbuh kandêl, tuwin sanginggiling lêmah wimbuh santosanipun. Sarêng tansah kasiliran angin saha kapanasan saking dayaning srêngenge, lajêng kawawa asat sarta garing, ing nglêbêt tambah-tambah ing salaminipun. Ewadene santosaning lêmah wau saking panuksmaning sari têtiga: 1. sarining panas, 2. sarining toya Kamandhanu, 3. sarining angin. Sari têtiga wau punika anggènipun anuksma ing lêmah tanpa kêndhat ing salaminipun. Sarta lajêng kawasa mahanani têtuwuhan sadaya, lajêng dipun wastani bumi, têgêsipun wêwadhah, makatên mênggah bêbukanipun.

Ing alami-lami bumi punika nginggilipun sadaya lajêng kandêl, tuwin rêntêt, ngandhapipun botên kêndhat wimbuhipun, amila ing mosa punika sari têtiga ingkang anuksma bumi wau kirang lastantun lampahipun, amargi sari têtiga wau kagolong sari kasar.

Ing mangke anyariyosakên sari têtiga ingkang sami nuksma wontên ing bumi, sabên kenging daya asrêp inggih pupul, manawi katahman dayaning panas inggih amèr, amèring sari têtiga alusipun kawawa anjêbos ing bumi, lajêng anartani panggêsanganing sato kewan sarta têtuwuhan ingkang wontên ing bumi tuwin ing salêbêting toya sadaya, dene jalantahipun ingkang sami kantun wontên salêbêting bumi, campur-campuran ing kaananipun, dumadi wujud 8 warni, ing ngandhap punika katranganipun.

--- 14 ---

Satunggal bôngsa manik-manik sapanunggilanipun, 2. Êmas, 3. Salaka, 4. Timah, 5. dêmbaga,têmbaga (dan di tempat lain). 6. Wêsi, 7. Uyah, 8. Walirang, mênggah jalantah cêcampuran wolu punika, manawi katahman daya asrêp inggih sami pupul piyambak-piyambak, dene manawi katahman dayaning panas kawawa mêdal hawanipun, ananging hawa wolung warni wau kagolong hawa kasar, amila yèn katahman dayaning asrêp inggih pupul, manawi katahman dayaning panas inggih amèr, amèring hawa wau sarinipun kawawa anjêbos saking bumi, lajêng anartani panggêsangan ing bawana punika sadaya, inggih punika dipun wastani sari asthagina, têgêsipun sari ingkang agêng kaagêm ing gêsang, jalantahipun sari asthagina wau wontên salêbêting bumi sami cêcampuran ing kaananipun, dados gangsal warni, ing ngandhap punika katranganipun.

I. Pulung, warninipun biru sumunar ijêm, punika cêcampuraning cahya manik, êmas, dêmbaga, ing têmbe pulung wau, badhe adamêl daya panggêsangan, ananging ingkang dipun luluti dhatêng bôngsa tancêbing cipta ingkang wêlasasih.

II. Wahyu, warninipun pêthak sumunar ijêm, punika inggih cêcampuraning cahya manik, êmas tuwin salaka, ing têmbe wahyu punika badhe damêl daya panggêsangan, ananging ingkang dipun luluti dhatêng bôngsa tancêbing cipta ingkang rila, lêgawa, têmên tarima.

III. Andaru, warninipun jêne amaya-maya, punika ugi cêcampuraning cahya manik, êmas, dêmbaga sarta timah, ing têmbe andaru wau badhe adamêl panggêsangan, [pang...]

--- 15 ---

[...gêsangan,] ingkang dipun luluti tancêbing cipta marta darma mardiprana.

IV. Têluhbraja, warninipun abrit sumirat wungu, punika cêcampuraning cahya tosan, timah, dêmbaga sarta walirang, ing têmbe têluhbraja wau badhe adamêl daya panggêsangan, ananging ingkang dipun luluti bôngsa tancêbing cipta drêngki jail, muthakil, bêsiwit.

V. Guntur, warninipun dadu sumirat wungu, punika cêcampuraning cahya tosan, dêmbaga, walirang sarta sarêm, ing têmbe guntur wau badhe adamêl daya panggêsangan, ananging ingkang dipun luluti bôngsa tancêbing cipta angkara murka.

Ananging samantên wau dhatêngipun kalayan kaèsthi, enggalipun kalihan tapabrata, liripun makatên, mênggah tancêbing cipta ingkang wêlasasih, môngka winantonan tapabrata, ingkang makatên wau tumuntên ngenggalakên pulung, saha ingkang tapabratanipun ingkang tancêbing cipta rilan, triman, lêgawa, katêmênan, inggih ngenggalakên dhatêngipun wahyu, tapabratanipun ingkang tancêbing cipta darma marta mardiprana, inggih ngenggalakên dhumawahing andaru, tapabratanipun ingkang tancêbing cipta, drêngki, jail, muthakil bêsiwit, angenggalakên dhumawahing têluh braja, makatên ugi tapabratanipun ingkang tancêbing cipta angkara murka, angenggalakên dhumawahing guntur.

Ingkang kasêbut gangsal prakawis punika wau, sami binasakakên drajad, têgêsipun wahananing kajat. Mênggah kasilipun kapratelakakên ing ngandhap punika:

--- 16 ---

Pulung, pikantukipun linuhurakên ing sêsaminipun tumitah, II. Wahyu, pikantukipun linulutan sêsaminipun tumitah sarta linuhurakên darajatipun, III. Andaru, pikantukipun karênan sarta keringan sêsaminipun tumitah, IV. Têluhbraja, pikantukipun sinêngitan ing sêsaminipun tumitah, V. Guntur, pikantukipun rinuntikan sêsaminipun tumitah.

Gangsal prakawis wau ing têmbung Arab dipun wastani drajad, mênawi ing têmbung Walandi dipun wastani metiyèr.

Bêbuka Bab 5

Amurwani cariyosipun alam Tirta Yoga, amiraos têtêsing kasidan jati, miturut suraosing Sêrat Jitabsara, wêwarahipun Dèwi Rukmawati, ingkang lajêng kinarang dening Bagawan Palêsara,Palasara (dan di tempat lain). ing wukir Ratawu, têmbungipun kados ing ngandhap punika:

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka, nalika Hyang Pramana taksih ngumandhang samadyaning tawang, ing sadintên-dintên tansah katahman ing sari asthagina, sarêng lami-lami sari asthagina wau, kawawa anglimputi ing kaananing Hyang Pramana, Hyang Pramana sarêng sampun kalimputan dening sari asthagina wau, lajêng kawawa tumurun saking antawising ngarcapada, ingkang dipun wastani antawising ngarcapada punika, sangandhaping tawang saluhuring bumi, ing ngriku Hyang Pramana kenging dayaning asrêsasrêp. saha dayaning panas, mênawi kenging dayaning asrêp taksih pêngkuh ing kaananipun. Mênawi kenging dayaning panas, têmahan kumringêt. Karingêt punika inggih ingkang dipun wastani mani.

--- 17 ---

Mani wau sabên kenging dayaning asrêp lajêng pupul, mênawi kenging dayaning panas kawawa amèr, amèr sarta pupulipun mani wau lajêng mahanani kumulit. Kumuliting mani punika wastanipun jantung, sarêng jantung kenging dayaning panas, andarbèni karingêt, karingêting jantung wau, kawawa mahanani ampêru kêkalih, dumunung sakiwa têngêning jantung, makatên ugi sadaya kawontênanipun jêroan inggih saking jantung awitipun. Ing alami-lami jantung kawawa ambabarakên bayu, otot-otot tuwin sungsum-sungsum punika lajêng gumana, saengga gatraning pramana, gana wau sabên kataman dayaning panas kawawa ajèr, mênawi katahman dayaning asrêp lajêng kawawa anjêndhêl, mindhak agêngipun. Ing salaminipun makatên.

Ing nalika punika pramana saya wimbuh antêpipun, sarta lajêng tumurun tumitah ing ngarcapada, wontên ing ngriku sari asthagina ingkang dados kêkandhanganing pramana wau pêcah, pêcahipun sari asthagina punika sami kawawa mêsat ing madyaning antariksa, lajêng angawontênakên wêwarnèn gangsal prakawis.

I. Lidhah kilat thathit sapanunggilanipun, II. Mega malang, III. Mega jêjodhogan, IV. Mega pindha ayu, V. Mega sisik.

Dene sasirnaning panglimput punika wau, gana, têmahan ambabar wujud dhampit. Ing ngriku sarêng kenging daya hawaning panas, lajêng pisah, sami maujud piyambak-piyambak, awarni jalu kalihan èstri, (absara en absari).

--- 18 ---

Absara tuwin absari taksih sami anuhoni kajatmikanipun, mila sakathahing wiji ingkang sami kantun wontên samadyaning tawang, kenging daya panggèndènging absara, têmahan tumurun lajêng manusup garbaning absari, jodhon-jodhon. Wiji wau wontên salêbêting guwagarba kawasa sawarni akalihan pramananing absara, ing ngriku absara lajêng tumuwuh cipta sasmitaning absari, absari lajêng kawawa anggarbini, praptaning antara mosa têmahan ambabar jodhon-jodhon, ing salaminipun. Para putraning absari wau sami kanamakakên manuswa, utawi janma.

Manuswa ing jaman punika raganipun taksih sami alus-alus, mila makatên awit saking dèrèng katabêtan sarining bumi ingkang kasar, sarta dèrèng wontên ingkang nyandhang tuwin nêdha, dene ingkang minôngka sandhanganipun kangge nutupi wêwados, amung kalawan cahyanipun piyambak. Mênawi nêdha ingkang katêdha amung sari sarasaning bawana punika sadaya. Ing jaman punika dipun wastani jaman kadewatan. Têgêsipun kaalusan. Ing jaman punika laminipun 2000 taun. Yèn ing têmbung Jawi dipun wastani jaman purwa, têgêsipun wiwitan (kawitan) mênawi têmbung Sangskrita, dipun wastani massiddham. Têgêsipun jênjêm. Yèn ing têmbung Arab dipun wastani Adam. Têgêsipun kawitan. Ing jaman punika para manuswa taksih anuhoni pakartining pramana, amargi pôncadriya dèrèng pêncar, sari sarasaning bawana dèrèng wontên tumular, cahyaning pramana dèrèng wigar, dados êmpaning karsa dèrèng tumngkar, amila lêpas paningalipun, amargi kalis daya

--- 19 ---

panasing srêngenge, punapadene atas pamiyarsanipun, amargi botên katabêtan kumaraning bawana, têrus panggandanipun, jalaran kalis ambêt-ambêtaning bawana sadaya, têtêp pamicaranipun, amargi taksih anuhoni grênêging cipta sajati, têgêsipun cipta ingkang maligi, tuwin botên kawoworan karsa.

Bab 6

Anyariyosakên salêbêtipun jaman, Dyapara Yoga, têgêsipun jamaning kamokalan, miturut suraosing Sêrat Jitabsara, wêwarahipun Dèwi Rukmawati, ingkang sampun kinarang dening Bagawan Palêsara, ing wukir Ratawu, têmbungipun kados ing ngandhap punika.

Wiyosipun, ing jaman punika kandêling siti saya wimbuh, wêdaling hawa saya ngrêda, têtuwuhan saha sato kewan sadaya saya wimbuh warni-warni, raganing manuswa, punapadene sato kewan sami wiwit kasar, tuwin pôncadriya wiwit pêncar-pêncaring pôncadriya kawawa nuwuhakên karsa, ingkang dede sawantahipun, ing ngriku manusa lajêng andarbèni kapengin anênêdha uwoh têtuwuhaning bumi, kadosdene sato kewan sêsaminipun. Amila ing jaman punika, manusa suda ing kasaktènipun, sabab saking anggènipun nênêdha têtuwuhaning siti punika wau, ing alami-lami karsa saya tumangkar, wêkasan sami anuwuhakên akal, anggènipun sacumbana kalayan raga, makatên wau andadosakên suda wahywaning pramana, awit manusa botên sagêd muksa, yèn botên kalawan tapabrata, amargi sampun sami katahman [ka...]

--- 20 ---

[...tahman] duka cipta.

Ing jaman punika, manusa sampun sami lampah raga, dados anggènipun amijèkakên èstrinipun sarana anggarbini, saha anggènipun anarik daya panggèndènging wiji kêdah kalayan ênêngipun. Mênawi botên ênêng inggih botên kawawa anarik wiji, kados ing ngandhap punika pakartinipun.

Manusa mênawi katahman ênênging cipta, dangunipun botên kirang saking sapandurat, punika daya panggèndèngipun sawêg kawawa anarik wiji, sumusuping wiji punika lajêng kawawa, mor sarahsa kalawan pramana, sarta kawawa rumêmbês dhatêng utêg, lajêng rumêmbês dhatêng panon. Ingkang dipun wastani panon punika toya sari. Saringaning utêg, ingkang dumunung wontên têlênging manik. Panon botên kawawa katahman panusuping wiji, têmahan kawêdalakên. Dene wiji ingkang sumusup wor sarahsa kalawan pramana, ingkang tamtu lajêng tuwuh karsanipun ingkang dhatêng sacumbana, môngka cinêgah, punika muhung amimbuhi urubing pramana, tuwin muncaring pangèksi kemawon. Yèn kalajêngakên saèstu dados putra, mênggah dumunungipun makatên, manusa mênawi karsa sacumbana, môngka lampahing napas ingkang pinuju santêr ing kiwa, punika mratandhani bilih wiji wau anggènipun cumithak wontên ing utêg ingkang têngên, inggih punika kêkandhanganing wiji jalêr, dene mênawi ingkang santêr pinuju ing têngên, mratandhani bilih wiji wau cumithak ing utêg sisih kiwa, inggih punika kêkandhanganing wiji èstri, wondene mênawi napas wau sami santêripun ing kiwa têngên, mratandhani yèn wiji cumithak ing samadyaning [sa...]

--- 21 ---

[...madyaning] utêg, inggih punika kêkandhanganing wiji tan jalêr tan èstri.

Samadyaning utêg wau mênawi têmbung Jawi dipun wastani panon, wardinipun têlênging manik. Mênawi manusa katahman ênênging cipta ngantos kalih pandurat, punika daya panggèndèngipun inggih kawawa anarik wiji kêkalih, ingkang makatên wau mahanani putra kêmbar, utawi dhampit, pratôndha wiji wau anggènipun cumithak wontên utêg kiwa têngên.

Wiji ingkang pinasthi dados, punika saking langkêpingjangkêping (dan di tempat lain). abên-abênanipun Trimurti, dene wiji ingkang kirang langkêp abên-abênanipun Trimurti punika kados ta, manusa anggarbini lajêng têrèg, utawi ical. Sanadyan sagêda lêstantun dados inggih botên panjang yuswanipun. Dene ingkang andadosakên kirang langkêp ing abên-abênanipun wau saking êninging cipta kirang sapandurat.

Bab 7

Taksih salêbêting jaman Dyapara Yoga, amratelakakên wijanging wiji ingkang badhe siwi, miturut suraosipun Sêrat Jitabsara, wêwarahipun Dèwi Rukmawati, ingkang sampun kinarang dening Bagawan Palêsara, ing wukir Ratawu, kados ing ngandhap punika:

Wiyosipun, mênggah wêwijanganing wiji, mênawi wiji wujudipun kandêl, ing têmbe badhe mahanani watêg kandêlan manah, mênawi wiji tipis, ing têmbe badhe mahanani watêg tipisan manah, dene mênawi agêng, inggih mahanani budi jêmbar, yèn wiji alit, sayêkti mahanani rupak budinipun, mênawi wiji amancorong, badhe mahanani budi jêmbar, mênawi bêsêm inggih badhe mahanani watêg sungkanan.

--- 22 ---

Ing sarèhning wiji punika bangsaning alus, dados botên kenging tinon sawantahing paningal, kengingipun muhung saking alusing pandulu, alusing pandulu punika saking pakarti makatên. I. Anancêbakên êninging cipta, II. Angukut tumangkaring karsa, III. Anglêrêmakên êninging pôncadriya, IV. Anyarèhakên napas, V. Anjatmikakakên solahbawa. Mênawi sampun sagêd anêtêpi pakarti ingkang makatên wau, saèstu sagêd katingal wujud sajatining wiji.

1. Mênggah wahananing wiji punika, miturut saking ingkang andarbèni daya panggèndèng, kados ta, manusa ingkang sawêg tuwuh tancêbing cipta wêlasasih, ingkang tamtu urubing pramana awarni pêthak sumirat biru amaya-maya, môngka lajêng katahman êning, punika kawawa anarik wiji ingkang sumusup inggih sami kalihan urubing pramana wau, ing têmbe mênawi mahanani putra sarwa jatmika, alus kabudayanipun, asih saha wêlasan, nanging kirang panggraitanipun.

2. Mênawi manusa sawêg katahman tancêbing cipta rila, lêgawa, tarima, ingkang tamtu urubing pramana jênar sumunar, môngka lajêng kawawa anarik wiji, panusuping wiji inggih nunggil warni, kalihan urubing pramana wau, ing têmbe bilih mahanani putra, bèrbudi, lantip panggraitanipun tur kajèn sêsamining tumitah.

3. Mênawi manusa sawêg tuwuh tancêbing cipta mardi kautaman, ingkang tamtu urubing pramana awarni abrit abra ambaranang, môngka kawawa anarik wiji, panusuping wiji ugi nunggil warni kalihan urubing pramana wau, ing têmbe bilih mahanani putra, limpat [limpa...]

--- 23 ---

[...t] pasanging graita, wasis ing wicara, sarta èngêtan, nanging cugêtan manah.

4. Mênawi manusa sawêg tuwuh tancêbing cipta runtik sêsaminipun, ingkang tamtu urubing pramana awarni cêmêng mêlês, môngka kawawa anarik wiji, panusuping wiji inggih nunggil warni kalihan urubing pramana, ing têmbe mahanani putra santosa dhatêng kaawonan, panasbaranan tur bodho ing kabudayan.

5. Mênawi manusa sawêg tuwuh tancêbing cipta mêthuthuk gumunggung sêsaminipun, ingkang tamtu urubing pramana awarni biru muyêg sumirat amarakata, môngka kawawa anarik wiji, panusuping wiji ugi sami kalihan urubing pramana, ing têmbe bilih mahanani putra, sae manahipun, rilan, ananging sangêt bodho.

6. Mênawi manusa sawêg tuwuh tancêbing cipta drêngki, ingkang tamtu urubing pramana warni wungu sumirat, môngka kawawa anarik wiji, panusuping wiji inggih nunggil warni kalihan urubing pramana, ing têmbe bilih mahanani putra, cukêng, rêngkêng, jail, tuwin asring katahman sakit bibrah, sêsaminipun.

7. Manawi manusa sawêg tuwuh tancêbing cipta angkara murka, ingkang tamtu urubing pramana warni dadu burêng marakata, môngka kawawa anarik wiji, panusuping wiji inggih anunggil warni kalayan urubing pramana, ing têmbe bilih mahanani putra, andaluya, dora ing pamicara, rêmên pandamêl ngiwa, tuwin asring kenging sêsakit gêndhêng utawi wuta.

8. Mênawi manusa sawêg tuwuh tancêbing cipta têmên tarima, ingkang tamtu urubing pramana ijêm angênguwung, môngka kawawa anarik wiji, panusuping wiji inggih anunggil warni kalihan urubing pramana, ing têmbe bilih mahanani putra ambêg apura paramarta, rilan lêgawa, tarima.

--- 24 ---

9. Mênawi manusa sawêg tuwuh tancêbing cipta asih dhatêng sagung dumadi, angwontênakên marta tuwin têmên, môngka kawawa anarik wiji, punika amratandhani bilih adêging Trimurti, satuhu sampun sami wujudipun, ing têmbe mênawi mahanani putra lêpasing pambudi langkung sêsamining tumitah, tur kadhang dados wijining narendra.

Mênggah wiji ingkang sami kacariyosakên ing ngajêng punika wau, mênawi panusupipun ing wanci siyang ingkang tamtu tipis, amargi pramananing rahsa pinuju amèr, mênawi panusupipun ing wanci dalu, ingkang tamtu kandêl. Amargi urupipunurubipun (dan di tempat lain). pramananing rahsa pinuju pupul. Amila para sarjana yèn arsa salulut ingkang pinilih wanci akiring dalu, dumugi bangun enjing. Ingkang makatên wau margi pados pupuling pramana.

Bab 8

Anyariyosakên babaring wiji, taksih miturut suraosipun Sêrat Jitabsara, pangarangipun makatên.

Wiyosipun, manusa ingkang sampun angsal wiji, môngka arsa salulut, punika makatên, mênawi ingkang sampun sumaruna ing rah, punika lajêng kakukut manjing jantung, ing ngriku lajêng campur kalayan urubing pramana, katampèn ingkang arsa rumêmbês dhatêng utêg, wontên ing ngriku panon lajêng kawawa ngandêlakên, katampèn ing baganing rena, ingkang dipun wastani baga wau wadhahing bêbayi. Wiji sarêng wontên ing ngriku campur akalihan roh, ingkang dipun wastani roh wau, rahing rena ingkang taksih suci, sarêng sampun campur akalihan roh, wiji lajêng ajêjuluk [ajêju...]

--- 25 ---

[...luk] Trimurti.

Ing nalika samantên kenging daya sêsumuking rena, têmahan ngringêt, karingêt wau dipun wastani mani. Mani sarêng kenging sumuking rena têmahan kumulit, kulit wau dipun wastani jantung, ing ngriku Trimurti ajêjuluk pramana, wontên ing ngriku andarbèni cahya sumirat, sumirating cahya tansah linulut lampahing mani, ing wasana pramana kumulit, inggih punika kumulit dadosing otot bayu sarap tuwin jêroan sêsaminipun. Amargi saking sirat-soroting pramana ingkang tinut dening mani dados rêrêngganing raga punika, indhakipun agêng ugi saking sirat-soroting pramana wau, mênggah santosanipun saking daya panas sarta daya asrêp, dados kawasa mahanani kêngkênging otot sarta kêkaking kulit, makatên ing kaananipun.

Wiji wau sêsampuning angsal satus dintên laminipun, wiwit gumana manusa, punika lajêng dipun wastani jabang, wêrdènipun taksih abrit (ijeh abang) dumugi ing satus sèkêt dintên sangkêp gatraning jabang bayi, dene ingkang dados pikuwating sarira sawêg têtuwuhaning bayu kemawon, ing têmbe bayu punika badhe nandhang cipta sasmitaning rahsa, punapadene panduking solahbawa, bangsaning bayu punika tigang prakawis: I. Ingkang langkung alus dipun wastani bayu, II. Ingkang warni kasar dipun wastani otot,§ otot alus. III. Ingkang langkung kasar dipun wastani balung nèm. Jabang bayi ing nalika punika taksih jênjêm pramanêm, ing ngriku pusêring jabang bayi tuwuh ususipun, inggih punika sumiradingsumirating. pramana ingkang linut ing mani sawêg tumuwuh [tumu...]

--- 26 ---

[...wuh] ing sajatining gatra, ing ngriku sarêng kenging daya sumuking rena lajêng kawawa angêdalakên jalantah, jalantah wau dipun wastani ari-ari, inggih punika kang dados saringan sari rahsaning rena ingkang wimbuh ing gêsanging jabang bayi, dene ingkang minôngka dhaharipun muhung saking sari rahsaning rena kemawon, sari punika wau lajêng tumamèng ari-ari rumêmbês dhatêng ing usus manjing garbaning jabang bayi, inggih punika purwanipun idham-idham kaworan, têgêsipun ing mosa punika rahsaning biyung têtêp amor kalayan rahsaning jabang bayi.

Nalika angsal kalih atus sadasa dintên, sawarnining prabotipun jabang bayi, sampun sami samêkta, namung bêbalungipun ingkang taksih lêmês, sarta taksih sagêd anuwuhakên urat. Urat punika bangsaning otot ingkang tumuwuh saking balung. Mila para winasis ing jaman kina sami amratikêlakên mênawi wontên jabang bayi lair sadèrèngipun sangang wulan punika kêdah dipun cêlaki sêkul panas, mênawi têmbung Jawi, dipun ngi (dingi) ingkang makatên wau murih tumuntên atos bêbalungipun.

Nalika jabang bayi ngumur kalih atus pitung dasa dintên, upakartining prabot sampun samêkta, bilih botên wontên sambekalanipun adad tumuntên lair, lairipun jabang bayi wontên ing ngarcapada sarêng kalihan tarbukaning pramana saking salêbêting jantung, ing ngriku pramana lajêng ambabar murub (urub), amarakata, kawawa amadhangi kahananing angga punika sadaya, dene cahyaning pramana ingkang tumanduk dhatêng utêg punika kawawa kumringêt warninipun pêthak sêmu biru

--- 27 ---

amaya-maya, inggih punika ingkang dipun wastani panon, mênggah anggènipun ngumandhang wontên ing mariphatmaripat. kiwa têngên, dumunug satêlênging manik. Nalika pramana sampun mêdal saking salêbêting jantung ambage kawasanipun ingkang tigang pakarti, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Kawasanipun asrêp, kadunungakên wontên ing mani.

2. Kawasanipun panas, punika lajêng kadunungakên ing panon, panon lajêng kawasa amanasi dhatêng angganing bêbayi.

3. Kawasanipun obah osik, punika sampun kadunungakên wontên napas, napas lajêng kawawa angebahakên jantung, jantung lajêng kawawa angebahakên kêkêtêg angganing bêbayi.

Ing ngriku napas lajêng kawasa mêdal dhatêng ing jawi anurut kenging grana, nanging wêdaling napas wau botên kawawa lêstantun, amargi kenging daya panggèndènging jantung ingkang sampun kawawa ngebahakên sawarnining kêkêtêg sadaya, dados lampahipun napas wau tansah malêbêt mêdal. Mêdaling napas ingkang sapisan wau sarêng kalihan cêngèr tangising jabang bayi nalika mêdal saking garbaning rena.

Bab 9

Anyariyosakên pangraos ingkang badhe tumanduk dhatêng jabang bayi, taksih miturut suraosing Sêrat Jitabsara, pangarangipun Bagawan Palêsara, ing wukir Ratawu, têmbungipun makatên.

--- 28 ---

Wiyosipun, nalika jabang bayi sampun ngumur tigang dasa gangsal dintên, kulitipun sampun mantun abrit, upakartining raga sampun jangkêp, ananging taksih sami lêmês, makatên wau jabang bayi taksih anuhoni pakartining pramana, liripun makatên, kados ta, manusa punika saèstu darbe pakarti tigang prakawis: 1. karsa, 2 budi, 3 pôncadriya, nalika jabang bayi ngumur samantên wau, mantun kasêbut jabang bayi, amargi sampun mantun abrit, dados mung kasêbut bayi kemawon. Dene karsa, budi, tuwin pôncadriya taksih kapurba dening pôncamaya, inggih punika kapurba dening pramana ingkang kawitan. Sarêng bayi ngumur pitung dasa dintên, amimbuhi kaananipun. Dumugi umur kalih atus kawan dasa dintên, ingatasipun anggèning tumitah wontên ngarcapada kados ta: otot, balung saprabotipun ing raga sampun sami santosa, saha kawasa anandhang sarahsaning karsa. Ing ngriku lajêng botên kawastanan bayi, ananging dipun wastani wala, utawi lare, wêrdinipun mêlar, uwal saking upakartinipun lami. Wiwit angangge upakarti enggal, mênawi padatanipun bôngsa Jawi. Lare ingkang umur samantên wau dipun wilujêngi, winastan têdhak ing siti (têdhak siti). Awit ing wêkdal punika sari asthagina sami kawawa anartani panggêsanganing manusa ingkang sami tumitah ing ngarcapada.

Anjawi punika mênawi lare ngumur 270 dintên, punika dipun wastani sajaman yèn kasapih langkung prayugi,prayogi (dan di tempat lain). jêr wanuh dhatêng saliring raosipun têtuwuhan punika sadaya, watêkipun têbih dhatêng sêsakit, saha botên andadosakên cubluking bêbudènipun.

--- 29 ---

Nalika lare sampun ngumur kawan atus sangang dasa dintên, punika dipun wastani kalih jaman, prabotipun badan saya wimbuh santosa, sarta kulitipun saya wimbuh kandêl, amargi tansah katahman dening sari asthagina. Ing mosa punika lare sampun darbe kêkajêngan, kados ta, samubarang ingkang katingal enggal, kapengin anyêpêng, sarta pamirêngan enggal inggih kêdah kamirêngakên punapadene kêdah anulad.

Lare ngumur 27 wulan, punika dipun wastani tigang jaman. Otot sarta praboting badan sadaya wimbuh santosanipun, punapadene karsa ingkang sampun tumangkar lajêng mahanani budi, inggih punika ingkang dipun wastani panon, panon lajêng kawawa pêncar, pêncaring panon punika dipun wastani pôncadriya. Amila lare ing wanci punika wiwit kenging pakartining pôncadriya, prayuginipun wiwit ginulang, ananging inggih kapangkat sawatawis pamulangipun, amargi lare ing wanci samantên punika dipun wastani kumratu-ratu, amung praboting badan ingkang saya wimbuh. Dumugi umur sèkêt sakawan wulan, punika dipun wastani sakawan jaman, ing ngriku mantun kumratu-ratu, ananging winastan lare dumolan. Punika prayuginipun winulang ing tatakrama sawatawis.

Mênawi sampun ngumur gangsal taun tigang wulan, punika dipun wastani têtêp jaman agêng sapisan, ing ngriku mantun sinêbut lare, lajêng kawastanan jêjaka. Yèn èstri kasêbut prawan. Ing wêkdal punika otot tuwin bêbalung sapanunggilanipun [sapanunggilanipu...]

--- 30 ---

[...n] sami kawawa anandhang rahsaning karsa pôncadriya ingkang sampun pêncar, amargi panusuping sari asthagina sampun waradin. Amila mênawi mardi piwulang kêdah kawisesa, supados sampun ngantos kenging upakartining angkara murka, karsanipun para wicaksana angihtiyari wiji awon. Dumugi umur sadasa taun nêm wulan, punika dipun wastani kalih jaman agêng, kasêbut jaka kêmalakala, wêrdinipun dèrèng ajêg ing karsanipun, liripun makatên, pundi ingkang nêmbe rinungu inggih ginugu, ingkang enggal kadulu saèstu kapiluyu, mila ing wêkdal punika mênawi anandukakên piwulang kêdah sarana sarèh.

Mênawi sampun ngumur gangsal wêlas taun sangang wulan, punika dipun wastani tigang jaman agêng, mantun sinêbut jaka kêmalakala, lajêng winastan jaka birai, wêrdinipun alusing pasuryan. Upami sêkar sawêg nêdhêng-nêdhênging mêgar, makatên ugi èstri. Dene mênawi sampun ngumur salikur taun, dipun wastani sakawan jaman agêng, ki jaka ing mangke sinêbut adiwasa, têgêsipun sirna adining warna, ing ngriku sampun têtêp punapa kalimrahanipun ing janma, mênawi anandukakên piwulang kêdah cinaritakakên sagunging lêlêpiyan sudarsana ing kina-kina, dados namung sinarawung tanggaping cipta sasmita kemawon.

Bab 10

Amiraos upakartining panggêsangan ing bawana punika sadaya, miturut suraosipun Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun [têmbungi...]

--- 31 ---

[...pun] makatên.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados panggêsanganing bawana punika sadaya, botên liya saking Trimurti. Sampun ingkang manusa, sanadyan têtuwuhan punapadene sato kewan sapanunggilanipun, sadaya wau inggih botên liya saking Trimurti, makatên ugi sanadyan bumi, gêni, angin tuwin toya saisèn-isènipun sadaya inggih saking Trimurti purwanipun. Pratandhanipun makatên. Kados ta, kaananing toya tur bangsanipun asrêp, suprandosipun andarbèni hawa panas. Gêni sanadyan bangsaning panas, suprandosipun andarbèni hawa asrêp. Dene angin, sanadyan bangsaning kêkês, suprandosipun darbe hawa panas tuwin asrêp. Makatên ugi siti, inggih darbe hawa kêkês asrêp tuwin panas.

Trimurti punika sampun tetela alusaning kaalusan, sarta kawawa anuksma kaalusaning bawana punika sadaya. Bêbasan mrojol ing akêrêp punjul ing aluhur. Liripun makatên, panuksmanipun dhatêng bêbujêngan, ingkang agêng piyambak punika gajah, panuksmanipun Trimurti inggih botên logro, sapintên alitipun bêbujêngan ingkang nama gurêm, panuksmanipun Trimurti inggih botên sêsak. Punapadene panuksmanipun dhatêng têtuwuhan, kêkajêngan ingkang inggil piyambak inggih botên cupêt, dhatêng ingkang alit sarta cêlak inggih botên jujul. Mênggah ingkang linangkung piyambak punika manusa, awit manusa punika kadunungan amardi budi sarta bedanipun praboting badan. Pratandhanipun [Prata...]

--- 32 ---

[...ndhanipun] makatên. Kewan ingkang kawical limpat piyambak, punika taksih kawon akalipun kalihan manusa ingkang kawilang bodho piyambak. Makatên ugi kewan ingkang bodho piyambak, taksih angungkuli têtuwuhan. Mênggah kaotipun têtuwuhan kalihan kewan amung saking bêbalung. Pundi ingkang kathah balungipun saèstu inggih lantip, kados ta, manusa punika ingkang limrah kathah ing bêbalunging kewan sasaminipun botên samantên kathahipun. Manusa mênawi bêbalungipun langkung saking 213 wau, ingkang tamtu langkung panggraitanipun, dene mênawi kirang saking 213, inggih bodho panggraitanipun, tur kadhang andarbèni sakit bisu utawi budhêg. Mênggah gêsanging têtuwuhan punika botên mawi bêbalung. Wontên malih bangsaning gêgrêmêtan ingkang gêsangipun tanpa bêbalung, kados ta: lintah, rêsrêspoh, tuwin cacing sasaminipun, punika prasasat gêsangipun têtuwuhan kemawon.

Sakathahing bayu otot balung sungsum punika dados lêlawananing panon, panon punika lêlawananing pramana, pramana kawasa mahanani mani, mani kawasa mahanani êrah, êrah punika kawasa manusup maring bayu, otot, balung tuwin sungsum sadaya, inggih punika ingkang kawawa mahanani santosaning raga punika sadaya, sarta mahanani indhaking kuku, wulu, tuwin untu

--- 33 ---

sapanunggilanipun, pratelanipun makatên.

Mênawi manusa ingkang limrah wêdaling êrah punika saking ing jantung ingkang sisih kiwa, warninipun abrit, lajêng umili manut manggènipun piyambak. Têmpuring rah, bayu, wontên ing utêg, sadumuginipun ing ngriku lajêng kenging dayaning nêpsu, têmahan warni cêmêng, lajêng umili anjog ing bolonganing jantung ingkang sisih têngên, ing ngriku lajêng campur akalihan mani, wêkasan lajêng dados abrit malih. Mila manusa ingkang limrah punika angêgungakên hawa napsu. Beda manusa ingkang utama tansah ngamungakên tancêbing cipta wêlasasih, ingkang makatên wau andadosakên wêdaling rah ingkang saking jantung sisih kiwa warninipun pêthak sumunar, inggih punika pratandhanipun urubing pramana panuju jênjêm, dados lampahing napas kawasa sarèh, êmpuning karsa kawawa rèrèh, rèrèhing karsa kawawa andêlingakên pôncadriya, dêlinging pôncadriya kawawa angêningakên panon, wêninging panon kawawa angasrêpakên mani, asrêping mani kawawa anucèni êrah, amila sucining rah anggènipun umili dumugi ing utêg muhung warni abrit kemawon. Margi saking andarbèni upakarti wêlasasih wau, dados lumêbêtipun dhatêng ing jantung ingkang sisih têngên êrah wau enggal sucinipun.

Bab 11

Amratelakakên upakartining otot ingkang sami trubus saking

--- 34 ---

jantung saha ingkang saking utêg, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah otot tuwin bayu punika sami trubus saking kalih prakawis, ingkang rumiyin saking jantung, punika dipun wastani otot pramana, 2. saking ing utêg, punika lastantun dipun wastani otot kemawon, mênggah otot kalih prakawis punika upakartinipun makatên, otot pramana kawawa tumanduk dhatêng utêg lajêng tumus dhatêng panon, panon lajêng kawawa mandum dados kawan pakarti: 1 panggônda, 2 pandulu, 3 pamiyarsa, 4 pamicara, kawan prakawis wau bilih dèrèng angsal dayaning panon inggih dèrèng kawawa anandhang sarahsaning karsa, liripun makatên, kados ta: pamicara, manawi dèrèng samêkta kalayan dayaning panon inggih botên kawawa amicara. Pamiyarsa, pandulu, tuwin panggônda inggih sami ugi makatên. Dene panon mênawi kirang samêktanipun kalayan tumusing otot pramana anggènipun mandum kawan pakarti wau ingkang tamtu kirang. Makatên ugi otot pramana, mênawi kirang langkêpanipun abên-abênan têtiga: 1 nala, 2 waya, 3 maruta, têgêsipun nala, gênining pramana. Waya, toyaning pramana. Maruta, angining pramana ingkang sami anuksma ing rah, mênawi ngantos gothang salah satunggal sarta lêpat panuksmanipun tamtu dados sababipun ing gêsang kita punika, kados ta: otot pramana ingkang numusi dados padhanging pandulu, môngka panuksmaning abên-abênan têtiga wau kirang [ki...]

--- 35 ---

[...rang] salah satunggal, punika andadosakên sabab sakit pandulu, kados ta, lamur sêsaminipun. Mênawi ingkang nusupi otot wau dhatêng daya panggônda, inggih andadosakên sabab sakit bindhêng, punapadene pamiyarsa tuwin pamicara, inggih andadosakên sabab sakit budhêg tuwin bisu utawi pelo sêsaminipun. Mênggah sêsakit ingkang kasêbut nginggil wau sayêkti andadosakên sudaning kabudayan, amargi kirang langkêp ing abên-abênan têtiga wau.

Otot pramana punika anggènipun trubus botên angêmungakên dhatêng utêg kemawon, sanadyan sakathahing jêroan sadaya inggih sami katrubusan dening otot pramana. Mênggah otot ingkang trubus saking utêg punika sami angêbêgi sakawontênaning badan sadaya, inggih punika ingkang kawasa anandhang rahsaning panon, urutipun kados ing ngandhap punika.

Kados ta, sasmitaning cipta ingkang arsa angebahakên raga punika makatên, ebahing cipta katampèn ing karsa lajêng tumanduk ing panon, punika ingkang dados lawananing otot pramana, panon nalika angsal sasmitaning cipta arsa angebahakên raga lajêng katampèkakên dhatêng pôncadriya, pôncadriya winanton sawarnining otot ingkang trubus saking utêg, sangkêping pakarti makatên, têmah kawawa ngebahakên raga kita punika. Pundi ingkang katuju dhatêng sasmitaning cipta kados arsa lumampah, punika suku ingkang lumampah rumiyin.

--- 36 ---

Saupami sasmitaning cipta punika wau kirang langkêp sadayanipun saèstu dados sabab. Pratandhanipun makatên, kados ta, manusa ingkang sawêg tilêm, môngka lajêng tindhihên, utawi nglindur, sasintêna sasmitaning cipta anggènipun ngajak tangi, môngka panon dèrèng nanggapi, pôncadriya tuwin otot sadaya inggih dèrèng kawawa ebah, awit manusa punika mênawi pinuju tilêm sadaya suksmaning rahsa mikukut dhatêng panon, lajêng tumanduk dhatêng cipta. Môngka cipta badhe angebahakên raga, saèstunipun botên kawawa, amargi cipta botên parentah dhatêng panon. Dene manawi nglindur, sadaya suksmaning rah ingkang kukut dhatêng panon lajêng tumanduk dhatêng cipta punika wau taksih sami kantun, pratelanipun makatên.

Kados ta, suksmaning rah ingkang andayani dhatêng pangucap, saha ingkang andayani dhatêng ebahing suku tuwin asta, môngka taksih kêkantunan suksmaning rah, yèn angucap inggih angucap punapa saucapanipun, mênawi suku utawi asta inggih polah punapa sapolah-polahipun, dados tetela santosaning raga kita punika saking otot. Otot punika kêkandhanganing êrah, rah kêkandhanganing suksma, suksma kapurba dening panon, panon kaprabawa dening cipta, cipta inggih punika ingkang minôngka warananing pramana.

Bab 12

--- 37 ---

Amratelakakên upakartining supêna, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah manusa punika anggènipun andarbèni supênan saking upakartinipun piyambak, makatên ingkang dados purwanipun. Manusa punika saèstu andarbèni osik, ebah, andulu, amiyarsa, anggônda, angandika, punapadene amiraos, ingkang makatên wau saèstu andadosakên gananing cipta, saupami rahsa ing dalêm batos sumêrêp sima, lajêng mantun sumêrêp sima, ananging gananing cipta ingkang warni sima wau sampun lajêng lumuntur anut lampahing mani, mani punika ingkang kawasa angwontênakên êrah, êrah wau warninipun jêne, lajêng tumanduk dhatêng panon, punika gananing cipta ingkang warni sima wau lajêng cumithak ing panon, awit sadaya êrah sami umili sakawontênaning ôngga kita punika sadaya, lajêng kawasa awarni abrit, kumpulipun sadaya êrah wau dumunung wontên ing utêg, utawi botên angamungakên sima kemawon ananging wêwarnèn ingkang endah-endah, banjar pakaranganing griya, lèpèn tuwin têtuwuhan sapanunggilanipun, raos ing dalêm batos punika saèstu andadosakên gananing cipta, saha lajêng cumithak maring panon, upakartinipun kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng wau, dados gananing cipta ingkang sampun cumithak wontên ing panon awarni-warni, môngka kita punika yèn ing wanci dalu saèstu andarbèni

--- 38 ---

tilêm. Mênggah upakartining tilêm makatên, mênawi cipta sampun lêrêm kawawa angukut gêlaring karsa kukuding karsa kawasa angracut pôncadriya, racuting pôncadriya kawasa anglêsahakên raga, lêsahing raga andadosakên kukut suksmaning rah, kukuding suksma lajêng tumanduk dhatêng cipta, cipta lajêng sumusup dhatêng panon. Ing ngriku lajêng katingal sadaya gananing cipta ingkang sami cumithak ing panon wau, saha botên pisan-pisan andarbèni èngêt yèn pandamêl kita pribadi, awit bêbasanipun Gusti dumunung wontên ing kawula, dados ingkang samantên wau saking lirwanipun piyambak, mila lajêng katingal sima utawi banjar pakarangan ingkang sami cumithak wontên ing panon wau, inggih punika ingkang dipun wastani supêna.

Mênggah gananing cipta punika wau botên angamungakên saking rahsa ing dalêm batos kemawon, sanadyan wêwarnèn inggih sagêd dados gananing cipta, pundi ingkang sampun jangkêp upakartinipun lajêng kawawa cumithak dhatêng ing panon, mênawi kita punika tilêm anuju ing wanci siyang, supênanipun inggih cêtha, ngômbra-ômbra, amargi yèn siyang panon katahman daya panasing srêngenge, kawawa amèr, dene manawi dalu supênanipun asring sontan-santun sarta tugêlan. Kados ta, ningali sima, icaling sima lajêng ningali sawêr agêng, ingkang makatên wau saking pakartining panon mênawi dalu kenging daya asrêp lajêng kawawa pupul, dados gananing cipta asring sambung kalihan ingkang sanès warninipun.

--- 39 ---

Beda kalihan tilêmipun manusa ingkang sinêbut pandhita, ingkang pinandêng muhung lêrêsing cipta. Lêrêsing cipta têmah kawawa ngukut tumangkaring karsa, kukuding karsa kawawa ngracut pôncadriya, racuting pôncadriya kawawa angêningakên panon. Êninging panon têmah kawawa nucèkakên êrah, sucining êrah kawawa angagungakên mani, agunging mani kawawa anjênjêmakên urubing pramana. Mênawi sampun makatên punika andadosakên èngêt wontên ing jaman kasupênan. Awit ingkang limrah sadaya supênan punika botên rumaos bilih supêna.

Bab 13

Anyariyosakên pakartining pramana, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah pramana punika awit anggènipun andarbèni kawasa saking wahananipun pribadi, pratelanipun makatên. Cahyaning pramana ingkang tumanduk dhatêng utêg punika kawasa anggêsangi panon, dene ingkang tumanduk dhatêng mani punika kawasa anucèni rah, ananging pramana punika kawasa amèr tuwin pupul. Mênawi pinuju amèr cahyaning pramana wau kirang padhang, mênawi pinuju pupul, cahyaning pramana saya wêwah padhangipun.

Mênggah cahyaning pramana ingkang pinuju pupul punika wau bilih tumanduk dhatêng utêg kawawa andadosakên gêsanging panon ingkang dhatêng kawaspadan.

--- 40 ---

Ingkang makatên punika sadaya amêwahi êninging pôncadriya, saha kawasa anyarèhakên êmpaning karsa, sarèhing karsa kawawa nuwuhakên lêpasing panggraita, manusa ingkang lêpas panggraitanipun saèstu awas paningalipun, atas pamiyarsanipun, putus panggandanipun, sarta katitis pamicaranipun, wêkasan cêkap ing kamulyanipun.

Dene cahyaning pramana ingkang tumanduk dhatêng mani kawawa anucèni êrah, êrah wau bilih suci, lampahipun lastantun, sarta lajêng mahanani santosaning raga kita punika, mênggah santosaning raga kita punika saèstu kawawa nêmbadani grênêging karsa, kados ta, grênêging karsa kinèn anjunjung inggih lajêng anglaksanani, saha kinèn lumampah inggih lajêng lumampah, makatên sapiturutipun.

Mênggah cahyaning pramana ingkang tumanduk dhatêng utêg wau, môngka pinuju amèr, tumrapipun dhatêng panon kirang wêning, êmpaning panon saèstu kirang cêtha, pôncadriya kathah tumangkaripun sarta bawur, bawuring pôncadriya têmah mahanani ardaning karsa, ardaning karsa têmah kawawa migarakên panggraita, mênawi manusa migar panggraitanipun saèstu cêpak kanêpsonipun, têbih pangapuntênipun, tuwin kathah salah sêrêpipun.

Mênggah amèripun cahyaning pramana ingkang tumanduk dhatêng mani, punika saèstu botên sagêd anucèni rah, êrah punika mênawi kirang suci botên lastantun lampahipun, tumraping raga kita punika andadosakên lêsah, ingkang makatên wau badhe botên sagêd anêmbadani grênêging karsa.

Cahyaning pramana punika saèstu sagêd mancala warni, liripun makatên, kados ta:

--- 41 ---

andulu sato kewan tuwin kêkajêngan sapanunggilanipun ingkang gumêlar ing donya, pundi ingkang pinandêng ing pandulu, pramana saèstu maujud sawujudipun ingkang dinulu, andulu kewan inggih katingal kewan, andulu kêkajêngan inggih katingal kêkajêngan, makatên sapiturutipun.

Ing mangke mratandhakakên bilih pramana punika sayêkti andarbèni urub. Katôndha saking kita punika, mênawi ningali sêsaminipun ingkang darbe urup, pundi ingkang pinandêng ing pandulu, kados ta, srêngenge, rêmbulan, tuwin dilah, mênawi pinandêng ngantos campur kalihan urubing pramana, sadaya wêwarnèn ingkang saking jawi sami katulak wangsul, mila yèn ningali sawarninipun urub katêmbungakên sulap, inggih punika cahyaning pramana ingkang mangsulakên sawarnining urub ingkang saking jawi.

Amratelakakên amèr pupuling pramana, sababipun makatên: 1. Kenging daya panasing srêngenge, punika andadosakên amèring pramana, 2. Saking kenging daya panas ardaning karsa angkara, ugi andadosakên amèring pramana. Mênggah pupuling pramana: 1. Kenging daya asrêping toya, 2. Kenging daya hawaning dalu, 3. Amatrapakên tancêbing cipta ingkang dhatêng wêlasasih, punika andadosakên pupuling pramana.

Bab 14

Anyariyosakên raos tuwin pangraos, anggènipun nyakra manggilingan ing sadintên-dintên, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan [Bagawa...]

--- 42 ---

[...n] Yogiswara, ing Mangmênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah raos pangraosing manusa punika mênawi ing wanci dalu jam 2, punika nêdhêngipun môngsa asrêp, sawarnining hawa, sarta kumaraning bawana sami pupul, ingkang makatên wau andadosakên têntrêming pôncadriya, têmahan kawawa angêningakên panon, êninging panon kawawa anyarèhakên êmpaning karsa, sarèhing karsa kawawa anajêmakên urubing pramana, tajêming pramana kawawa andayani mani anggènipun badhe anucèni êrah, sucining rah kawawa amimbuhi santosaning raga kita punika, wêkasan andadosakên ayêming pangrasa, ayêming pangrasa punika têmahan nuwuhakên panggraita.

Dumuginipun ing wanci jam 3, amung saya wimbuh kemawon. Sarêng dumugi wanci jam 4 dalu, dumuginipun wanci jam 6 enjing, sadaya ingkang sami pupul wau angawiti amèr, ananging êmpaning pangraos prasasat botên bèntên. Samantên wau mênawi karsa botên kataman ardaning kanêpson, mênawi karsa sawêg pinuju arda inggih andadosakên amèr.

Sarêng wanci jam 7 enjing, prabawaning baskara sampun angawit-awiti panas, sawarnining sari hawaning bawana sampun sami tumular, rahsaning pôncadriya sampun sami pêncar, anamung wêninging panon taksih sumunar, rahsaning pangrasa kita sadaya nêdhêng-nêdhênging wigar, êmpaning karsa angawit-awiti tumangkar, utawi enggar, wondene urubing pramana taksih jênjêm. Pramila ing wanci punika kita dèrèng andarbèni ruwêt rêntêng.

--- 43 ---

Sarêng dumugi jam 8 enjing, ugi wontên indhakipun sawatawis. Dumugi jam 10 siyang, punika saya mindhak, ananging êmpaning pangraos botên wontên bedanipun kalihan ing wanci jam wolu wau. Sarêng dumugi jam 11 siyang, dayaning siyang angawit-awiti sangêt, tumanduking sari asthagina saya kathah, pêncaring pôncadriya saya ngrêbda, wêninging panon sampun mantun muncar, êmpaning karsa saya tumangkar, urubing pramana sampun mantun jênjêm. Sarêng dumugi wanci jam 12 siyang, saya andados, dumugi jam 1 sarta jam 2 siyang, prasasat botên bèntên. Ananging mênawi ing wanci punika anancêbpakênanancêbakên. cipta marta, saèstu sagêd anyuda daya panasing srêngenge. Dumugi jam 3 siyang, dayaning pêpanas sampun suda, pêncaring pôncadriya sampun wiwit lêmpêr, panon angawit-awiti wêning, êmpaning karsa wiwit sarèh, urubing pramana sampun wiwit jênjêm. Dumugi jam 4 sontên, amung saya wimbuh kemawon, dumugi jam 5 sarta jam 6 sontên, prasasat botên bèntên. Upami ing wanci punika katuwuhan ardaning karsa, raos tuwin pangraos wangsul kados ing wanci jam kalih wêlas siyang wau. Dene mênawi katuwuhan tancêbing cipta marta, raos tuwin pangraos kita saya wimbuh têntrêmipun. Ananging sarèhning ing wanci jam nêm wau badhe nampèni pêpêtênging wêngi, dados êmpaning pangraos sêmu sulêg. Dumugi jam 7 sontên, dayaning pêpanas sampun sirna, pêncaring pôncadriya sangsaya suda, panon saya wêning, êmpaning

--- 44 ---

karsa wimbuh sarèh, urubing pramana wimbuh tajêm. Sarêng dumugi wanci jam 8, 9, 10 dalu, raos-rumaos suda ruwêt rêntêngipun. Têmahan sagêd mahanani ayêming pangraos. Dumugi wanci jam 11 dalu, pôncadriya sampun maligi kodratipun piyambak. Wêninging panon wimbuh muncaripun, êmpaning karsa kathah lêrêmipun, urubing pramana saya jênjêm. Sarêng dumugi wanci jam 12 tuwin jam 1 dalu, raos-rumaos sampun ical ruwêt rêntêngipun, ngantos dumugi jam 2 dalu, wangsul kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng wau.

Mênggah prabedanipun raos-rumaos ingkang kadunungan arda tuwin ingkang katancêban marta, punika sami andarbèni wahana piyambak-piyambak, pratelanipun makatên, kados ta: grênêging karsa candhala murka sêsaminipun, mênawi ngantos kadadosan saèstu kawawa tumanduk dhatêng panon, ing ngriku candhala murka wau sami katut wêdaling napas, wêdaling napas lajêng katampèn ing swasana, swasana lajêng kaubêngakên saradining jagad punika sadaya, wontên ingkang manjing dhatêng manusa, wontên ingkang manjing dhatêng sato kewan, tuwin dhatêng têtuwuhan, utawi dhatêng sela-sela, padhas-padhas sapanunggilanipun. Sawarninipun ingkang sami katitipan raosing candhala murka, punika saèstu badhe amangsulakên dhatêng ingkang andarbèni candhala murka malih, kados ta, manusa karubuhan kêkajêngan agêng, kaglundhungan ing sela, kagêmpalan ing padhas, utawi kacakot ing sato kewan. Ingkang makatên wau, sadaya muhung amangsulakên kemawon dhatêng

--- 45 ---

ingkang andarbèni raos candhala murka wau, mila sang Bagawan Yogiswara sangêt anggènipun anggung paring wasita dhumatêng pra siswanipun. Makatên pangandikanipun.

Hèh kulup, dèn rakêt gonira padha ngruwat sarupaning grênêging cipta candhala murka, aywa kongsi bisa tumanduk marang panon. Awit grênêging kang wus tumanduk marang panon mau, kaya upamane papan tinulis, sanadyan tumibaa, ing ngêndi wus ora bisa mingkêt saunining sastra, iya iku kang binasakake tôndha patra liru nama, beda lawan grênêging cipta kang marang wêlasasih, iku arahên bisaa tumanduk maring panon, supaya banjur kawawa umêtu sumêbar marang saubênging bawana iki kabèh, iku sira bakal antuk sihing kawêlasan saka sarupaning isèn-isèning bawana, awit sira wus anyêbar wijining wêlasasih.

Bab 15

Anyariyosakên pakarti ingkang dados paedahing raga kita punika, miturut suraosipun ing Kitab Pêkih, wirayatipun Kangjêng Nabi Muhkhamad Rasullullah, ing tanah Arab. Ingkang sampun kiniyas dening ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakra Kusuma, narendra ing Mataram, tanah Jawi, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah ing atasing agami Islam, saèstu muhung Kangjêng Nabi Muhkhamad Rasullullah piyambak ingkang linangkung waskitha, sarta botên pêgat anggènipun amarsudi ngèlmu kodrad, mila ngantos amêmacak [amêma...]

--- 46 ---

[...cak] wirayat bab upakartining raga kita, ananging ing atasipun tanah Asiyah, awit tanah Asiyah punika kalêrês sêsipatan lampahing srêngenge, dados kagolong tanah panas. Mila parlu sangêt angrukti raga, amargi badhe andadosakên sarana pulihing jiwa, ingkang tansah sumaring ing sadintênipun, awit jiwa wau upaminipun urubing dilah ing pêpancènipun lisah kangge sadalu, mênawi kagêngên urubing dilah ingkang kangge sadalu wau têmah andadosakên sirnaning urub. Makatên ingkang dados pralambangipun.

Saking karsanipun Kangjêng Nabi Muhkhamad Rasullullah, sarèhning tanah Asiyah punika kalêrês sêsipatan lampahing srêngenge, dados hawanipun langkung panas. Mila sami kapêrdi angrukti raga, pinanci kaping gangsal rambahan ing sadintênipun.Wiwit kapisan kalihan toya utawinipun siram jinabad. Pikantukipun amupulakên jiwa ingkang badhe amèr katahman dayaning panas. Sêsampuning makatên lajêng kinèn sêmbahyang, dipun wastani: Subuh, paedahipun sêmbahyang wau, anglêmêsakên otot sadaya, awit otot punika mênawi kirang lêmês têmah kawawa anglêsahakên raga kita punika, lêsahing raga kawawa angalumakên cipta, aluming cipta tansah anyuda lampahing mani ingkang dhatêng êrah, êrah lajêng rêndhêt lampahipun, wasana rêndhêting êrah wau anêmahi sakiting raga kita punika. Beda kalihan otot ingkang lêmês, êmpanipun dhatêng raga sakeca, inggih punika pratandhane lampahipun [lampah...]

--- 47 ---

[...ipun] êrah lêstantun. Ingkang makatên wau saèstu nêbihakên sêsakit, tur panjang yuswanipun.

Ing wanci têngange, kodrating jiwa nêdhêng amèripun, punika wêwarahing agami Rasul kinèn asêsuci, kados ing wanci bangun wau, supados anyuda amèring jiwa ingkang ginêbag ing pêpanas. Ing wanci punika lajêng kinèn sêmbahyang malih, dipun wastani Luhur, dumugi ing wanci lingsir surya, kodrating jiwa sampun suda amèripun, ananging inggih kêdah sinaranan anyuda, wêwarahing agami Rasul kinèn asêsuci malih, lajêng sêmbahyang, dipun wastani Asar. Mênggah paedahipun sêsuci sêmbahyang ing wanci Luhur tuwin Asar wau, ugi kados ingkang kasêbut sêmbahyang Subuh wau, dumugi sasirêping surya, kodrating jiwa suda amèripun. Wêwarahing agami Rasul kinèn asêsuci malih, lajêng sêmbahyang, dipun wastani Mahribh. Paedahipun angenggalakên pupuling jiwa, dumugi wanci sasirêping lare, kodrating jiwa wimbuh pupulipun, punika sampun katahman dayaning asrêp, wêwarahing agami Rasul kinèn asêsuci malih, lajêng sêmbahyang dipun wastani Isak. Paedahipun ugi ngenggalakên pupuling jiwa, awit badhe kangge tilêm.

Saupami kita punika, sadaya ingkang sami dumunung wontên ing tanah panas, môngka kirang pangruktinipun dhatêng badan, ingkang tamtu cêpak ing sêsakitipun, [sêsaki...]

--- 48 ---

[...tipun,] manusa ingkang kêrêp sakit punika adadadat. cêlak yuswanipun. Amila wêwarahing agami Rasul punika langkung prayugi ing atasipun jaman tanah Asiyah, têtêp muhung amurih rahayuning sarira, supados awèta santosa, anggènipun dados kêkandhanganing jiwa, awit ing têmbe jiwa punika yèn botên kalong-longan sarinipun saèstu wêtah sagunging titipan punika sadaya, samantên wau tumrap pangruktining raga. Wondene wêwarahing agami Rasul ingkang tumrap upakartining cipta, liripun makatên.

Kados ta, cipta ingkang pinuju tuwuh angkara murka, têgêsipun babaring karsa ingkang kathah-kathah, punika saèstu dados amèring jiwa, mila wêwarahing agami Rasul ing salêbêtipun sêmbahyang tuwin sabibaripun lajêng pinardi amêmuji ingkang tanpa kêndhat. Paedahipun amêpêrakên tumangkaring karsa ingkang kathah-kathah. Ingkang makatên wau andadosakên jênjêming cipta, wêkasan anuwuhakên cipta panggraita ingkang dhatêng rahayu.

Bab 16

Anyariyosakên gumêlaring siti, miturut suraosipun Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah gumêlaring siti punika kathahipun tigang gôtra, utawi tigang golongan. Ingkang sagôtra dumunung wontên ing sisih lèr, dipun wastani ngatas angin. Ingkang sagôtra dumunung wontên ing sisih kidul, ugi

--- 49 ---

kawastanan ngatas angin kidul. Sarta ingkang sagôtra dumunung ing têngah, dipun wastani madyapada, utawi bawah angin, dening panggêsanganipun angsal dayaning angin ingkang kalih prakawis, saking ngatas angin lèr tuwin ngatas angin kidul wau.

Siti tigang gôtra wau binage dados pitu, ingkang sagôtra ing sisih lèr, kabage dados tigang gôtra, bageyan ingkang sagôtra, dipun wastani tanah Eropah, 2. Dipun wastani tanah Afrikah, 3. Awarni toya, yèn ing têmbung Jawi dipun wastani sagantên jinêm. Mênawi têmbung Walandi dipun wastani (nurtpul). Dene sagatranipun dumunung ing têngah, dipun wastani tanah Asiyah, yèn ing têmbung Jawi dipun wastani madyapada, punika sangêt alitipun. Manawi katimbang kalihan siti ngatas angin ingkang sisih lèr tuwin kidul, amila botên kenging kabage tiga. Mênggah sagatranipun siti ing ngatas angin ingkang sisih kidul, ugi kaperang dados tiga: 1. Tanah Amerikah, 2. Tanah Ostraliyah, 3. Awarni toya. Ing têmbung Jawi taksih dipun wastani sagantên jinêm. Manawi têmbung Walandi dipun wastani pul (zuid pool).

Mênggah ingkang sami dumados wontên ing panggenan tigang gôtra wau, wahananing wêwatêkan sarta bêbudèning manusa punapadene sato kewan, saengga sami, ananging inggih saèstu wontên bedanipun, wêwarnèn saha wêwatêkanipun ingkang sami tumuwuh wontên ing ngatas angin lèr kalihan ngatas angin kidul. Cêpaking kalantipan cêpak ing ngatas angin kidul, amargi ngatas angin kidul wau hawaning asrêp kacampuran kalayan daya panasing

--- 50 ---

srêngenge, yèn ing ngatas angin ingkang sisih lèr asrêpipun amung kalayan hawaning Tirta Kamandhanu kemawon, dene bab umur ing ngatas angin lèr panjang-panjang, awit hawanipun langkung asrêp, ingkang kidul ugi mèh sami, amung ing madyapada punika umuripun cêlak-cêlak, margi lêrês garis lini, dados hawanipun langkung bêntèr.

Bab 17

Anyariyosakên sari asthagina, anggènipun nartani gêsanging têtuwuhan ing jaman ngarcapada, taksih miturut suraosipun Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah sari asthagina punika andarbèni kasar tuwin alus, ingkang kasar sagêd katingal maujut, inggih punika yèn ing têmbung Jawi dipun wastani ampak-ampak, tuwin pêdhut, ananging kengingipun katingal manawi ing wanci bangun enjing, amargi dèrèng kenging daya panasing srêngenge, manawi sampun kataman daya panasing srêngenge saèstu lajêng amèr, têmah sirna wujudipun. Amèring pêdhut tuwin ampak-ampak wau, kawawa umêsat sarta ngumandhang wontên samadyaning tawang. Ing ngriku manawi kenging dayaning asrêp têmah pupul, pupuling pêdhut tuwin ampak-ampak wau têmah andarbèni daya panggèndènging toya ingkang wontên swasana, ing ngriku lajêng mor sawujud pêtêng angêndhanu, ingkang ugi kawastanan mêndhung, sarêng kasabêt dening bantêring maruta sarta sêsumuking panas, sawarnining toya ingkang jêndhêl wau kawawa ambyar, lajêng dhawah ing siti, inggih punika ingkang dipun wastani jawah.

--- 51 ---

Dene ingkang alus, sari asthagina punika anartani panggêsanganing têtuwuhan punika sadaya. Inggih ingkang sinêbut Trimurti, utawi Tripurusa, mila dipun wastani makatên awit abên-abênaning sari tigang prakawis: I. Sarining pêpanas, II. Sarining asrêp, III. Sarining angin, inggih punika wijanging sari cêcampuran, makatên malih milanipun sari cêcampuran têtiga wau dipun wastani Tripurusa, sabab gènipun anggadhahi daya panggèndèng kawawa anêsêp sarining bumi, dados sarining bumi ing sadintên-dintên tansah sinêsêp dening Tripurusa tanpa kêndhat, amila sadaya thêthukulan punika undha-usuk ing kaananipun, amargi ingkang dados sabab siti sarta wijining thêthukulan, mênggah pratelanipun makatên.

Kados ta, thêthukulan ingkang sami tumuwuh ing siti ladhu utawi ing parêdèn, punika ingkang tamtu sagêd subur godhongipun, sarta enggal agêng witipun, ingkang makatên wau sabab saking gêronggonging siti, dados panêsêpipun sari langkung gampil. Beda thêthukulan ingkang sami tumuwuh ing siti lêmpung utawi padhas, punika ingkang mêsthi bungkik godhongipun tur bajang witipun. Ingkang makatên punika sabab saking siti, dados panêsêping sari amung sawatawis pikantukipun. Punika pratandhanipun. Wondene sari ingkang sami anartani gêsanging thêthukulan wau pratelanipun makatên.

Ingkang rumiyin sarining latu, kaping kalih sarining toya, kaping tiga sarining angin, [a...]

--- 52 ---

[...ngin,] kaping sakawan sarining bumi, sari sakawan prakawis wau wijangipun makatên: 1. Sarining bumi punika badhe kawawa mahanani uwiting kajêng (kayu) saha oyot ingkang badhe tumuwuh, 2. Sarining latu, toya, tuwin angin, punika ingkang badhe mahanani godhong, sêkar lan uwoh, sawarnining thêthukulan punika sadaya. Dene pratitising thêthukulan uwitipun kawastanan gombong, punika kadosdene uwit kamplong tuwin pisang, sasaminipun. Mênggah abên-abênaning wiji kaduk sarining toya lan angin, sarining latu sami nisih wontên ing jawi kemawon, amila thêthukulan ingkang sami gombong punika yèn dipun pêrês mêdal toyanipun, kawontênanipun toya punika asrêp, kenging ugi kinarya jêjampi panulakipun bêntèr (sakit panas), beda kalihan thêthukulan ingkang uwitipun rêntêt, abên-abênipun wiji kaduk sarining latu lan bumi, dene sarining toya lan abên sami sumisih ing pinggir, milanipun thêthukulan ingkang rêntêt punika ingkang tamtu sami santosa uwitipun, dangu pêjahipun, amila kenging kawastanan kayu taun. Beda kalihan thêthukulan ingkang witipun gombong, punika ingkang tamtu pêpês apês sêmpelan tur enggal pêjahipun.

Makatên ugi mênggah pralampitanipun ngagêsang punika inggih sami ugi kalihan têtuwuhaning thêthukulan, makatên têmbungipun.

Manusa punika ingkang minôngka uwit, jiwa: ingkang minôngka oyot,

--- 53 ---

cipta: ingkang minôngka êpang, tanduking graita: ingkang minôngka godhong, êmpaning karsa: ingkang minôngka sêkar, pêncaring pôncadriya: ingkang minôngka uwoh, kaananing rahsa: ingkang minôngka isi, urubing pramana. Amila yèn wontên manusa ingkang tansah anjurungi ardaning budi angkara, punika pralampitanipun kadosdene thêthukulan ingkang tansah kabêntèrên ing sadintên-dintên. Môngka botên pikantuk jawah, ingkang tamtu godhongipun sami alum. Aluming godhong têmahan sami gogrog. Gogroging godhong uwitipun sayêkti ngarang, ngaranging uwit têmahan brêbêg lajêng tumuntên dhumawah ing siti.

Beda kalihan manusa ingkang nêncêm cipta marta wêlasasih, punika pralampitanipun kadosdene thêthukulan ingkang tansah kataman ing jawah, sarta dipun ruktèni sakiwa têngênipun, ingkang tamtu godhongipun sami katingal angrêmbaka sarta sêgêr, sêgêripun godhong kawawa nuwuhakên sêmi, sêmi wau kawawa mahanani sêkar saha uwoh ingkang sami andados. Tuwuhipun uwoh punika mratandhani, sadaya sato kewan kang sarwa gumrêmêt kang sarwa gumrangkang, punapadene janma manusa ingkang sami andulu, ingkang mêsthi kapidêrêng kapengin ngêngundhuh uwoh ingkang èdi ing warna lawan eca raosipun, yèn sêkara inggih ingkang pèni rupinipun miwah arum angambar gandanipun. Makatên pralampitanipun janma ingkang anggung nêncêm cipta marta wêlasasih.

--- 54 ---

Bab 18

Anyariyosakên upakartining sêsakit, miturut suraosing Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah manusa punika anggèning taksih nandhang sêsakit, witipun saking kalih prakawis: 1. Sakit saking angin, 2. Sakit saking latu. Sadaya wau tuking sêsakit dumunung wontên ing jantung, mila jantung dados tuking sêsakit, awit gêsanging raga kita punika amung jêjantung, mênggah wijangipun kados ing ngandhap punika.

Jantung wau andarbèni bolongan têtiga: 1. Kaprênah wontên ing kiwa, 2. Kaprênah wontên ing têngên, ingkang satunggal tunggil manggèn wontên ing têngah, bolongan têtiga wau sami tumanduk dhatêng ing utêk sadaya, ingkang têngên kawawa ngudalakên latu, ingkang kiwa kawawa ngudalakên angin, sarta ingkang têngah kawawa ngudalakên toya, inggih punika toya saking karingêting pramana, ingkang anartani dados gêsanging raga kita punika, manawi sami udalipun amasthi raga kita punika botên andarbèni sêsakit punapa-punapa, manawi agêng utawi santêr salah satunggal amasthi andarbèni sêsakit, kawontênanipun dhatêng raga kita, saupami kagêngên udaling latu, ingkang tamtu adamêl sakit bêntèr, mênggah jampinipun ingkang saking upakarti manah, kêdah nancêbakên cipta wêlasasih, manawi jampi ingkang mawa sarana punika

--- 55 ---

gêgodhongan ingkang adêging asli toya, kaombe, sarta kaborèhakên, ingkang tamtu saras sakitipun. Mênggah gêgodhongan ingkang adêg asli toya sampun kapratelakakên ing bab 17.

Manawi kaladukên udaling angin, punika andadosakên sakit ngêlu, utawi watuk, têmah andadosakên sakit mulês utawi sênêp. Dene jampinipun ugi saking upakartining manah, kêdah nancêbakên ciptaning manah wêlasasih, mênggah jampi ingkang mawa sarana, ing pundi kang kaprênah sakit kêdah dipun kêroki, utawi kajampenan ingkang sarwa bêntèr, karana angin punika anggèning andarbèni sêsakit sabab saking pupul, dados botên lastantun lampahipun. Yèn kenging ing bêntèr sarta kakêrok punika lajêng amèr, dados lajêng lastantun lampahipun. Manawi sarana gêgodhongan amiliha ingkang asli saking srêngenge, ugi sampun kapratelakakên ing bab 17.

Ananging sêsakit wau warni-warni, utawi saking têtêdhan, saupami manusa punika botên nênêdha inggih botên andarbèni sêsakit, awit tetêdhan punika adamêl rêndhêt lampahing latu, angin, sarta toya, dados kawawa ewah gingsir lampahipun.

Wontên malih manusa nandhang sakit tatu, kados ta, sakit bibrah, korèng sapanunggilanipun, punika awit andarbèni manah drêngki.

Môngka kadrêngkèn punika adamêl rêndhêt lampahing rah, rah wau manawi rêndhêt [rêndhê...]

--- 56 ---

[...t] lampahipun kawawa anjêbus saênggèn-ênggèn, têmah andadosakên sêsakit kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, mênggah jampinipun ingkang saking upakartining manah, tancêbing cipta wêlasasih, dene jampi ingkang mawa sarana, adusa toya wantah, têgêsipun ing sagantên, botênipun toya ing banawi utawi lèpèn. Ananging ingkang makatên wau, manawi botên sagêd ngruwat kadrêngkènipun amasthi botên sagêd saras, sanadyan saras ing wingking tumuwuh malih sêsakitipun.

Manawi manusa kacokot ing sawêr, utawi kaêntup ing tawon sarta kalajêngking sêsaminipun bôngsa wisa sadaya, môngka lajêng pêjah, punika sampun têtela andarbèni kalakuan angkara murka ingkang langkung sangêt, ngantos angêbêgi badanipun, liripun, rêmên adamêl pitênah sêsamining tumitah, punika botên wontên jampinipun, amargi lêpat saking raosipun piyambak.

Manawi manusa kacokot ing sawêr, utawi kaêntup ing tawon kalajêngking sêsaminipun, ananging botên andarbèni kalakuan angkara murka, punika jampinipun saking patrap upakartining manah, sarana angampêt ambêgan salêbêtipun taksih kacokot miwah kaêntup, ingkang ngantos ical raosing sêsakit, punika tamtu botên tumama wisanipun. Makatên ugi manawi kenging latu, utawi gêgaman, jangji ngampêt ambêgan tamtu cabar wisaning kamandèn. Awit ingkang makatên wau sadaya wisa punika sagêdipun [sa...]

--- 57 ---

[...gêdipun] malêbêt ing raga katarik saking lêbêting napas, makatên purwanipun. Dene jampi gêgodhongan ingkang kawastanan bolubang, utawi papasan, sabab gêgodhongan kalih wau sagêd babar anawarakên wisa, mila manawi sawêr botên nêdha woh bolubang utawi papasan, ingkang tamtu limprêg-limprêg kemawon, utawi tanpa daya, amargi kêkathahên wisanipun. Manawi angsal têtêdhan bolubang utawi papasan wau, inggih trangginas solahipun. Sawêr ingkang makatên punika mratandhakakên manawi sampun cabar wisanipun. Sanadyan nyokota inggih botên mandi, beda kalihan sawêr ingkang tanpa bayu, kados ta, sawêr lêmpe, tuwin sawêr toya, punika mênawi purun nyokot amasthi mandi, amargi wisanipun kirang cabar, labêt botên sagêd anêdha wohing bolubang utawi papasan. Mila sawêr kêkalih wau anggèning manggèn wontên sapinggiring sagantên, utawi ing rawa.

Botên muhung sawêr kemawon, manawi kêkathahên wisa têmah lêsah tanpa bayu, sanadyan manusa ugi makatên, ananging wisaning manusa punika beda lan wisaning sawêr, yèn sawêr pundi ingkang cinokot andadosakên kasangsara, dene wisaning manusa kawasa maluyakakên, ambucal sakathahing sêsakit. Punapadene wisaning manusa anggèning botên kawistara, awit siyang dalu karêm anggèning nênêdha, dados tansah adamêl cabar wisanipun. Beda manawi botên nênêdha, punika anggung wisanira.

--- 58 ---

Bab 19

Anyariyosakên upakartining pêjah, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasunya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah anggèning dados sabab manusa pêjah punika purwanipun saking jantung, awit jantung punika sampun têtela manawi gadhah bolongan têtiga, kados ingkang sampun kapratelakakên ing bab 18.

Saupami wontên manusa pêjah, jalaran anggèning nênêdha woh-wohan utawi lombok sêsaminipun, punika têtela jantung ingkang kenging hawaning têtêdhan, têmahan botên kawawa ngudalakên tuking latu, angin, tuwin toya, kang awit bolonganing jantung mingkup, kapêpêtan hawaning têtêdhan saking ing jawi wau, môngka latu, angin, tuwin toya punika bôngsa lumampah, dados lajêng kawawa ngangkat rungkating pramana ingkang wontên salêbêting jantung, manawi pramana sampun rungkat saking panggenanipun amasthi kita punika pêjah, pêjah ingkang makatên wau suksmaning rah tamtu botên sagêd kukut dhumatêng pramana malih, têmahan kantun saênggèn-ênggèn, sagêd gêsang pribadi, pratandhanipun makatên, kados ta, biyung tulung, sarta sirah glundhungan sêsaminipun. Saking gêsang salah, bôngsa lêlêmbat punika kadadosanipun saking suksmaning rah ingkang sami kantun wau.

Beda kalihan manusa ingkang sampun kasêbut pandhita, manawi badhe racut ing

--- 59 ---

kadadosanipun, punika mawi ngêtrapakên pangruktining raga, kados ta:

1. Angrèh raga datan mobah mosik, ingkang supados sampun adamêl kèndêl lampahing roh rahmani.

2. Angrucat pônca indriya, supados anilara, I. Panggônda, II. Pamiyarsa, III. Pangandika, IV. Paningal, V. Pangraos. Ingkang makatên wau, pininta sagêda wangsul dhumatêng pramana malih.

3. Anglêrêmakên êmpaning karsa, aywa nuwuhakên panggagasing driya, pamrihipun akarya maligining pramana.

4. Anyarèhakên napas, tuwin lêbêt wêdaling napas kaajêgakên. Pamrihipun angantêpakên pramana.

5. Angêningakên cipta, pamrihipun akarya sucining pramana.

Manawi sampun ngangge upakarti makatên wau, ingkang tamtu Sang Hyang Pramana kawawa ngukut sagunging suksma ingkang sumusup wontên ing rah sadaya, inggih punika ingkang sami dipun wastani roh rahmani, manawi sampun racut dados satunggal wontên ing jantung, punika pramana lajêng anggung kuwasanipun. Manawi sampun makatên manusa punika prasasat botên pêjah, muhung santun alam kemawon.

Anyariyosakên alam kaalusan, kathahipun tigang pagolongan, ingkang môngka gitasana, yèn têmbung Sangskrita, alam têtiga wau dipun wastani: I. Janaloka, II. Endraloka, III. Guruloka, manawi têmbung Arab dipun wastani:

--- 60 ---

I. Betal Makmur, II. Betal Mukharam, III. Betal Mukhadas. Mênggah alam têtiga wau, satunggal-tunggalipun binage dados têtiga, ingkang sabagean êlêt 300 pandulu, ing ngriku sami alamipun bôngsa alus-alus, sagêgolonganipun piyambak-piyambak.

1. Awit alam sapisan, alam Janaloka, yèn têmbung Arab dipun wastani Betal Makmur, pratelanipun makatên.

Kaalusan sapisan, punika alaming bôngsa kama wurung, têgêsipun wiji kirang jangkêp ing abên-abênanipun Trimurti, kados ta, têtiyang èstri sampun katingal anggarbini, môngka lajêng têrèg, punika inggih sampun dados wiji, nanging kirang kawujudanipun, sawêg gana sirah, utawi sawêg gana gêmbung, makatên sêsaminipun. Wondene ingkang makatên wau sami sagêd gêsang saking kaananipun. Alam kang kasêbut ing nginggil wau sakathahing wiji ingkang dumunung ngriku sadaya sami nandhang cacad, botên wontên ingkang botên nandhang cacad. Punapa malih botên wontên ingkang botên gêndhak sikara, sadaya gêndhak sikara, ingkang makatên wau amargi saking kirang ing abên-abênanipun Trimurti.

Ing kaalusan tundha kalih, punika taksih wontên salêbêting alam Janaloka, inggih Betal Makmur, punika alamipun para jin, pêri, tuwin parayangan sêsaminipun. Ingkang kawastanan makatên wau sadaya kama salah, têgêsipun kama ingkang botên katampèn baganing biyung, kados ta, manusa

--- 61 ---

manawi pinuju tilêm, môngka kawawa anarik wiji, wêdaling kama sayêkti sarana saking supêna sacumbana, punika wiji kawawa gêsang, dumunung wontên ing alam kaalusan tundha kalih wau, ing ngriku pagolonganipun bôngsa alus ingkang datan darbe cacad, ananging gêndhak sikaranipun sami kalihan ingkang sampun kapratelakakên ing alam sapisan wau.

Ing kaalusan tundha tiga, punika dipun wastani alam sunya ruri, ing ngriku kang kawasa murba amisesa salêbêting alam Janaloka wau, ugi Betal Makmur, ingkang angrèh sagunging pêri parayangan, inggih punika karatonipun Sang Bathara Ismaya, ingkang sampun kacariyosakên ing pustaka Paramayoga.

2. Ing salêbêtipun alam Endraloka, yèn têmbung Arab dipun wastani Betal Mukharam. Ugi tundha tiga ing kaalusan.

Kaalusan sapisan, punika alamipun manusa ingkang sampun dados badan alus. Kaalusan ing kadunyaning manusa ingkang makatên wau, kalêbêt sêdhêng, têgêsipun botên murka botên marta, inggih punika ingkang dipun wastani botên asor, nanging botên luhur.

Tataran kaalusan tundha kalih, taksih salêbêting alam Endraloka, inggih Betal Mukharam, punika alamipun manusa ingkang ngagungakên tancêbing cipta wêlasasih, ing ngriku minggah tataranipun kalihan manusa ingkang limrah.

--- 62 ---

Ing kaalusan tundha tiga, punika alam panggenanipun para pandhita, ingkang sami ngagungakên pujabrata, manawi narendra ingkang limrah bêbudènipun. Punika tunggil kalihan para pandhita, amor sapanggenan.

3. Ing salêbêtipun alam Guruloka, manawi têmbung Arab dipun wastani Betal Mukhadas. Ugi tundha tiga ing kaalusan.

Kaalusan sapisan, manawi ing jaman purwa kasêbut ing Tejamaya, punika alamipun para satriya, sarta para pandhita ingkang sami ngagungakên pujabrata, saha ingkang nancêbakên cipta wêlasasih, inggih punika lêrês-lêrêsing panggenan.

Ing kaalusan tundha kalih, punika manusa ugi sagêd ngambah alam ngriku, ananging manawi sampun wasis upakartining para Nabi.

Ing kaalusan tundha tiga, punika alam pungkasan, ing ngriku manawi manusa sagêd ngambah nunggil ing alam punika, sayêkti wangsul duk purwanipun Trimurti, mênggah gêgayuhan punika sangêt anggènipun linangkung tanpa upami.

[Grafik]

[Tanda-tangan: Warsopradangggo]