Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Widyakirana Inggih Sêrat Darmasunya, Mangunwijaya, 1937, #994

Katalog:Widyakirana Inggih Sêrat Darmasunya, Mangunwijaya, 1937, #994
Sambung:-

serie W. No ... WIDYA KIRANA ... Harga f 0,90

--- 0 ---

Sêrat Widyakirana Inggih Sêrat Darmasunya

Anggitanipun Êmpu Yogiswara

[Grafik]

TJITAKAN KE II Diterbitken dan didjoeal olih: Boekhandel TAN KHOEN SWIE, - Kediri 1937.

--- 1 ---

Harga f 0,90.

Sêrat Widyakirana Inggih Sêrat Darmasunya

Babon saking Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri - Surakarta Taun 1853

TJITAKAN KE II Diterbitken dan didjoeal olih: Boekh. TAN KHOEN SWIE, - Kediri 1937.

--- 2 ---

PENERBIT: TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

[Grafik]

Diperlindoengi Hak karang-karangan Stb. 1912 fatsal 11 No 600. Kitab ini sjah bila ada tanda tangannja si penerbit sebagi di bawah ini: [ini...]

--- 3 ---

[...:]

Sêrat Widyakirana, inggih Darmasunya

Sêrat Widyakirana punika anggitanipun Êmpu Yogiswara ing nagari Mamênang, inggih ing Kêdhiri, pêthikan saking Sêrat Darmasunya yasanipun Sang Hyang Sitra, inggih Bathara Panyarikan ing Suralaya, babon saking Sêrat Sastradarya.

Dene Sêrat Widyakirana wau, sampun asring kawêdalakên, kacithak sarta ugi kawastanan Sêrat Darmasunya. Ananging salugunipun ingkang kapêthik wontên Sêrat Widyakirana wau, namung bab purwaning dumados kemawon. Dene sajatosipun Sêrat Darmasunya punika agêng sangêt awit isi kawruh warni-warni, kawruh jaman samantên (jaman kadewatan) saha ingkang sampun kawêdalakên wau dèrèng wontên ingkang jangkêp, wontên ingkang sawêg dumugi 8 bab, wontên ingkang 16 bab, punapadene têmbungipun salong wontên ingkang lêpat, kados ta: ingkang mungêl: sastradarwa, punika lêrêsipun: sastradarya. Môngka têgêsipun têbih sangêt susatipun. Darwa, têgêsipun gadhah, darya, têgêsipun manah utawi budi, sastra, têgêsipun aksara utawi tulis

--- 4 ---

dados têmbung sastradarya, gadhah têgês sêrat ingkang kinancing salêbêting budi. Inggih punika ingkang sinêbut sastracêtha. Ananging tanpa papan tanpa tulis, mungêl piyambak, botên kêndhat ing salami-laminipun.

Mênawi bôngsa Krèstên, Injil, amastani sang sabda. Inggih sabda ghaib.

Mênawi bôngsa Jawi, amarlambangi jago kluruk sajroning êndhog, utawi swara ingkang pindha swaraning gêntha kêkèlèng.kêkêlèng.

Mênawi bôngsa Hindhu, tiyosopi, amastani: swaraning asêpi.

Mênawi bôngsa Islam, amastani kun. Pangandika sapisan, gumêlar salaminipun, inggih pangandika: Allah.

Wangsul têmbung: sastradarwa, kadospundi. Punapa: tulis gadhah. Utawi gadhah tulis, têka inggih mèmpêr.

Dene Sêrat Widyakirana utawi Darmasunya ing ngandhap punika, kajawi sampun jangkêp dumugi 18 bab, têmbung-têmbung ingkang lêpat sampun sami kula lêrêsakên, amila para maos sampun sumêlang ing galih, sampun tamtu badhe sagêd anyakup punapa suraosipun, awit sampun botên wontên ingkang nusabiyat.

Mangunwijaya.

--- 5 ---

Sêrat Widyakirana

Bab I Bêbukaning Bawana

Amratelakakên bêbukaning buwana, miturut saking suraosing Sêrat Sastradarya, punika sêrat ingkang winados dening para jawata, inggih punika sastra ingkang kinancing ing salêbêting budi, ananging sampun kawêdharakên dening Sang Hyang Panyarikan, sarta lajêng kaanggit dening Êmpu Yogiswara ing Mamênang, kacêtha wontên salêbêting pralambang. Sêrat pralambang wau dipun paringi nama Darmasonya. Suraosipun kados ing ngandhap punika.

Mungguh gumêlaring jagad kang sapisan iku diarani sonyaruri, wrêdine suwung utawi sêpi, mulane mangkono marga titahing Pangeran durung padha dumadi, kang lagi dumadi dhingin amung surya, côndra, kartika, swasana, swasana iya iku amun-amun. Amun-amun iku minôngka kêkandhangane: surya, côndra, kartika, iku mau ing jêro padha kaèbêkan dening amun-amun, patang prakara iku langgêng anane, tur ora kêna owah gingsir ing salawas-lawase. Apadene jêjêg ajêg ing wujude, iya iku kodrating Pangeran kang dhingin dhewe, kaanane papat iku padha kasinungan wahyuning wahyu panguripan, ing têmbe bakal kawasa anartani panguripan kita iki kabèh.

--- 6 ---

Dene kodrat papat kang wus cinaritakake ing dhuwur mau, wujud utawa gêdhene cilike, apadene pangwasane beda-beda pratelane kaya ing ngisor iki.

1. rêmbulan, wujude sumunu, asêmu kuning maya-maya, kuwasane ing têmbe bakal kawawa mahanani, martaningrat ngraya iki kabèh.

2. lintang-lintang, iku gêdhene luwih saka rêmbulan, apadene ngumandhang ana sadhuwuring rêmbulan, êlêt têlung atus pandulu, wujude lintang mau biru, asêmu ijo maya-maya, kuwasane ing têmbe ya bakal amimbuhi martaning jagad iki kabèh.

3. srêngenge, gêdhene luwih saka ing lintang, apadene gone ngumandhang ana sadhuwuring lintang êlêt têlung atus pandulu, wujude srêngenge abang amarakata, kuwasane ing têmbe bakal mahanani urup-uruping jagad raya iki kabèh.

4. swasana, iku gêdhene luwih saka srêngenge, rupane irêng mêlês amaya-maya, kuwasane dadi kêkandhanganing dumadi iki kabèh. Swasana iku kang binasakake lêmbut tan kêna jinumput, gêdhe angèbêki jagad, mulane binasakake mangkono, swasana iku saking lêmbute tur jêmbar têbane, sawiyah para winasis, ginawe pralambang warôngka manjing curiga. Curiga manjing warôngka. Mulane mangkono [mang...]

--- 7 ---

[...kono] swasana iku sanadyan sajroning watu iya kaèbêkan, dening kaananing swasana. Ewadene watu iku mau ing jaba iya ngumandhang ana sajroning swasana.

Ing sajroning alam sonyaruri, jagad iki isih jêjêmjênjêm. prêmanêm, angin durung ana lumaku, banyuning sagara durung ana tumitah, bêbasane amung suwung tumalawung tanpa ujung, amung sirat soroting srêngenge kang sumêbar angêbêki sabawana iki kabèh, sirat soroting srêngenge iku andarbèni daya panas, lawas-lawas soroting srêngenge iku anabêti marang swasana, tabêt panasing swasana lawas-lawas tumêka ing ngontariksa,ngantariksa. tumanduk ing rêmbulan utawa lintang, lintang rêmbulan barêng kêna dayaning pêpanas, têmahan tumuli padha kumaringêt, dene karingêting rêmbulan lan lintang, padha tumiba graning gunung cakrawala, prênahing gunung cakrawala, iku dumunung saimbanging bawana kang sisih lor, mungguh karingêting lintang utawa rêmbulan mau diarani tirta prawita, têgêse banyu kang kawitan.

Barêng wus antara lawas, tirta prawita mau têmah kawawa umili tanpa kêndhat sarta banjur angubêngi sakubuke jagad iki kabèh, ing kono tirta prawita tumuli karan tirta kamandhanu, têgêse banyu mili malêngkung utawa banyu urip, wujuding banyu iku putih, wus sarupa kalawan kapuking kapas, sarta anduwèni cahya amaya-maya.

--- 8 ---

Ilining tirta kamandhanu barêng tumêka marang imbanging jagad kidul, têmah têmpur lan pêpanasing srêngenge, ing kono tumuli arêbut daya, padha santosane padha kuwate, ing nalika padha nêdhêng têmpuring tirta prawita, kalawan dayaning srêngenge têmah mijilakên swara umung, iya iku kang diarani rijal utawa jatingarang. Saking kuwat sakaro-karone, têmah kawawa angobahake sabuwana iki kabèh, obahing bawana barêng katêmpuk dayaning kang padha rêbut daya mau, wêkasan srêngenge lintang rêmbulan, apadene swasana, padha mubêng anyakra pagilingan adhewe-dhewe, dene banyu kang têmpur karo pêpanas iku tanpa kêndhat ing sadina-dinane, ing kono purwane ana rina lan wêngi.

Ing nalika iku tirta kamandhanu sirna adhême sarta srêngenge ilang panase, saksirnaning adhêm lan pêpanas têmahan padha sumaring, sarining adhêm lan panas mau tumuli kumpul ngumandhang ana ing swasana.

Jalantahing tirta kamandhanu, sarta jêlantahing pêpanas, kang kasar-kasar padha tumus tumêka sajroning bawana, dumadi jalanidhi, wardine banyu kang bênêr utawa banyu wantah, dene kang alus-alus padha bali marang graning wukir cakrawala manèh, mangkono ing salawas-lawase.

Ilining tirta kamandhanu mau, santosane kalawan daya

--- 9 ---

prabawane dhewe, prabawa iku diarani bayu, apadene panasing srêngenge iku iya padha mawa daya prabawane dhewe, daya prabawa iku diarani angin, daya prabawa rong prakara mau ing nalika têmpuring tirta kamandhanu lan panasing srêngenge, têmah kawawa awor dadi sawiji, ing kono banjur sinêbut maruta utawa morota, wêrdine paworing loro, maruta iku tumuli anut salaku jantrane tirta kamandhanu, mulane mangkono kang awit angin iku kasoran daya panggèndènging kalawan banyu, dadi ing masa iku bawana wus kadunungan dening kodrat cahya campuran rong prakara, dhingin banyu, kapindhone maruta, barêng wus mangkono mari kasêbut alam sonyaruri, ing môngsa iku diarani alam tirtayoga, diarani banyu tumitah, utawa tumitahing banyu kang kapisan.

Mungguh katêrangane banyu kang wus kasêbut ing dhuwur mau, ing têmbing lor lan ing têmbing kidul, kaananing banyu padha anjêndhêl, mulane mangkono awit adoh karo sasipatane srêngenge, kang banyune padha ajèr mung ing têngahan bae, ewadene banyu ing têngahan mau manawa kêtaman mayaning adhêm ing wêngi iya bisa pupul sawatara, ananging pupule mau ora kongsi katara, awit saka sathithike. Dene kang mratandhani ing môngsa wêngi banyu iku bisa pupul ing sawatara

--- 10 ---

katitik saka tibaning êbun kang saka ing antariksa kang mêsthi ing wayah wêngi, dêrêse manawa ing wanci bangun esuk, môngka êbun iku hawaning banyu kang ginêbug hawaning panas, barêng bêngi kêna dayaning adhêm têmah kawawa pupul tumuli pulih dadi banyu manèh, mangkono uga banyu kang padha jêndhêl mau manawa kataman ing pêpanasing srêngenge, iya amèr sawatara, manawa ing wayah wêngi tumuli bali anjêndhêl manèh, mangkono ing salawas-lawase.

Bab 2 Kasidan Jati

Amratelakakên kasidaning jati, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Bagawan Yogiswara ing Mamênang, têmbungipun kados ing ngandhap punika.

Ing sajroning jaman tirtayoga iku mau, ana wahyuning wahyu kauripan têlung prakara, siji dumunung ana sêndhang cakrawala, iya iku wahyuning tirta kamandhanu, ing têmbung Sassêkrita,Sangsêkrita (dan di tempat lain). diarani manik ioma, wardine: urip, warnane putih umancur, loro dumunung ana ing maruta, rupane irêng sumorot, ing têmbung Sassêkrita diarani manikmaya, wêrdine rêmbêsing kawêningan, têlu dumunung ana srêngenge, rupane [rupa...]

--- 11 ---

[...ne] abang ambalêrêngi sênêning sorot wus saingga namaning wulan, diarani manikmulat, wêrdine murup.

Manik tatêlu iku padha rêbut daya, rêbut pangwasa, kuwasa daya panggèndènge amung manik ioma, manik ismaya, lan manik mulat, padha kêna panggèndènge manik ioma, wasana tumuli campur dadi sawiji. Campuring manik tatêlu mau, têmah padha sirna sipate, kang putih ilang putihe, kang irêng ilang irênge, kang abang ilang abange, wêkasan salin cahyane kawarna biru, maya-maya asêmu ijo, ing kana sêsilih aran trimurti, wêrdine amor cahya têtêlu, utawa kaalusan têtêlu.

Trimurti iku têtêp bangsaning aluhur, pratandhane dene sarira cahya, gêsange tanpa sukma, utawa tanpa raga, trimurti iku binasakake uripe ora ana kang nguripi, yèn ing têmbung Arab diarani nur cahya, yèn para budi ing tanah Eropah padha angarani: sil.

Ing nalika iku trimurti dumunung samadyaning tawang, kang binasakake samadyaning tawang iku alam antara, kang diarani alam antara mau têngah-têngahing dhuwur lan ing ngisor, apadene têngah-têngahing lor lan kidul, wetan kulon, mungguh saikine têrusing mangisor ana sadhuwuring bumi Mêkah. Ing nalika trimurti jumênêng ana ing kono, sêsilih aran tripurusa, [tripu...]

--- 12 ---

[...rusa,] wêrdine wahyu tatêlu kang padha santosa, utawa santosane wahyu tatêlu, mulane sinêbutake mangkono, tripurusa gone jumênêng ana ngalam kono, wus tanpa obah sadina-dinane, saya lawas saya wimbuh ing kasantosane, utawa wimbuh-wimbuh wahywaning wahyune, ing wêkasan kawasa anarik sari-sarining bawana, jroning alam tirtayoga kabèh, apadene sorot sirating tripurusa mau, têmah padha anguripi sarupaning bêburon ing môngsa iku, dene sagunging bêburon ing nalika gone dumadi ana sajrone alam tirtayoga mau kang dadi pratandhane kabèh mawa raga cahya, yèn ing awang-awang diarani lintang alihan, iku sajatine bêburon, ananging bêburon ing awang-awang, iku kabèh padha ora kêna ing pati, kang awit ora kataman marang hawa sêsukêring bumi ing salawas-lawase, beda karo bêburon kang padha tumuwuh sajroning jalanidhi, ing masa alam iku: kaananing raga iya padha andarbèni cahya, ananging sarèhning bakal padha katabêtan kêna hawaning bumi, kang mêsthi têmbene kêna ing pati, awit ing alam iku kêna diarani alam kaalusan, apadene kêna kang kasêbut karaton siwandakara, wêrdine kabèh ingkang padha dumadi ana ing alam kono padha darbe cahya mancorong.

Tripurusa ing sadina-dina ora sah gone kataman dening sarining [sa...]

--- 13 ---

[...rining] pêpanas, utawa sarining banyu, apadene sarining maruta, lawas-lawas sari têlung prakara kawawa anglimputi tripurusa. Barêng wus antara kandêl kumpule sari têlung prakara mau, têmah kawawa dadi kêkandhangane tripurusa, sarta banjur diarani sarira, iya sari hèrya, wêrdine sari banyu. Tripurusa barêng wus ngandhang ana sarira tumuli sêsilih aran pramana, têgêse katon utawa maujud, kang binasakake maujud iku sarining pramana. Wujude sarira mau lawas-lawas tumuli gana, antara lawas manèh tumuli gana manungsa, ing kono banjur kaaranan bathara. Wêrdine alus, dadi ing samêngko pramana kêna diarani raga bathara.

Barêng wus mangkono, pramana tumuli tuwuh pangwasane kang limang prakara, kang dhingin kawasa andulu tanpa netra, kapindho kawasa anggônda kang tan kalawan grana, kang kaping têlu kawasa awacana kang tanpa pangandika, kang kaping pat kawasa amiyarsa kang datan kalawan karna, kang kaping lima kawasa amirasa kang datantanpadatanpa. sarana, lire mangkono. Ing nalika alam iku, durung ana carane, mangan lan turu, apadene suka lan prihatin, kang sarta lara lawan kapenak.

Pramana mau saya lawas saya wimbuh daya santosane, manawa rina kawasa ngukut sarining srêngenge, yèn wêngi kawasa ngukut [ngu...]

--- 14 ---

[...kut] sarining tirta kamandhanu, lawas-lawas wimbuh prabawane amancorong cahyane, kadya purnamaning wulan, utawa kaya srêngenge, kang mangkono iku mratandhani wus sarira wahyu, têtêpe manawa wus sarira wahyu, dene ora obah katêmpuh sapira gêdhening maruta. Ora panas kataman prabawaning bagaskara, ora adhêm kinum ing tirtamaya, têrange mangkono, sapira santosane maruta isih kalah kalawan santosaning pramana, sapira panasing bagaskara, isih kalah kalawan panasing pramana, sapira adhêming tirta prawita, isih kalah lawan adhêming pramana.

Saya lawas-lawas manèh sirat soroting pramana mau wimbuh akèhe, utawa warna-warna rupane, ana kang abang, ana kang kuning, ana kang ijo, ana kang wungu, ana kang dadu, ana kang irêng, ana kang biru, ana kang putih sapêpadhane. Rarupan samono mau barêng padha antuk daya wahyuning pramana, wêkasan padha urip dhewe-dhewe, apadene banjur sumiwi ngabyantaraning pramana, rêrupan samono kèhe mau, ing têmbe bakal dadi wijining dumadi, gone arsa mêncarake tuwuh, sakèhing wiji iku diarani apawara, yèn ing têmbung Arab diarani rohkani, manawa têmbung Walônda isih diarani: sil, para apsaraapawara. iku ing têmbe bakal dadi wiji budi dhewe-dhewe.

--- 15 ---

Bab 3 Wêwijanganing Wiji

Têksih salêbêting jaman tirtayoga, amratelakakên wêwijanganing wiji ing satunggal-tunggalipun, taksih miturut wêwarahing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Bagawan Yogiswara ing Mamênang kados ing ngandhap punika.

Wêrdining wiji mau têlung prakara, kang dhingin putih, wiji putih iku asal saking tirta kamandhanu, arane pramana, wêrdine sukci utawa padhang, ing têmbung Arab diarani rahmani, ing têmbung Walônda diarani: sil.

Loro rupane abang, wiji kang abang iku angsal saka srêngenge, arane mulat, têgêse murup utawa têrang, ing têmbung Arab diarani roh ilapi, ing têmbung Walônda diarani: sil.

Têlu rupane irêng, wiji kang irêng iku angsal saka maruta, arane murti, wêrdine alus, yèn ing têmbung Arab diarani roh rabani, têmbung Walônda isih diarani sil.

Ing sajatine wiji têlung prakara mau, gone bisa dadi wiji manawa campur rupa sawiji, dene yèn isih maligi sawujude dhewe-dhewe, iya bakal ora kawawa dadi wiji.

1. Wiji kang warnane biru amarakata, iku

--- 16 ---

pratôndha asli saka adêging maruta, kawoworan saka sarining tirta kamandhanu, amung sawatara sarta kawimbuhan sarining srêngenge sawatara.

Wiji kang rupane mangkono iku, ing têmbe bakal mahanani budi cubluk, guru alêman, ananging langgêng lêgawane.

2. Wiji kang biru nom sumirat amaya-maya, iku mratandhani asli adêging sari maruta, kawoworan sarining tirta kamandhanu utawa sarining srêngenge rada kaduk, kang mangkono iku ing têmbe bakal mahanani budi wêlasan, asihan sarta tarimanan.

3. Wiji kang ijo maya-maya, iku iya maksih adêging sari maruta, kawoworan sarining tirta kamandhanu, mung sawatara, sarining srêngenge kaduk, iku wus kêna binasakake trimurti, ananging adon-adone durung satimbang, kang mangkono mau ing têmbe bakal mahanani budi sêdhêng kalantipane lumaku sabar maklume, nanging rada amêm wicarane.

4. Wiji kang rupa ijo nom amancur maya-maya, iku têtêp adon-adone trimurti saukur, dadi sirna wujuding putih, abang, irêng kaya ing dhuwur mau, amung maligi salingganing pramana, iya iku kang dèn arani sajatining rupa, ing têmbe bakal mahanani budi rila, têmên trima utama, utawa tata, titi, têtêg ngati-ati kang sarta kadunungan ênêng [ê...]

--- 17 ---

[...nêng] êning, awas eling. Apadene têtêp mantêp tur lantip mring kabudian.

5. Kang wiji rupa kuning sêmu sumunar, iku pratôndha isih trimurti, ananging adon-adone rada kaduk sarining srêngenge, apadene sarining tirta kamandhanu, kang mêngkono mau bakal mahanani budi kaya adêging trimurti, kang kasêbut ing dhuwur mau. Kacèke amung andarbèni cipta wasesa, kang diarani cipta wasesa iku thukuling karsa pangiyas marang sapadhaning tumitah.

6. Wiji kang rupa abang abra marakata, ambalêrêngi iku pratôndha adêging srêngenge kawoworan sarining maruta lan sarining tirta kamandhanu amung sathithik, kang mangkono iku ing têmbe bakal mahanani budi landhêp sugih panggraita, kalawan panasbaranan, tur santosa amisesa, ananging manawa wus kataman kamartaning cipta dadi rila lêgawa.

7. Wiji kang rupa wungu muyêk amarakata, iku pratôndha adêging srêngenge kawoworan sarining tirta kamandhanu sathithik, kang akèh sarining maruta kang mangkono iku ing têmbe bakal mahanani budi drêngki arda angkara murka, cupêtan atèn, ora andêlan, culika durjana, tur gêdhe kiyase marang sapêpadhaning tumitah apadene butêng utawa rupak budine, adoh marang wêlas asih cêpak wisesane, [wise...]

--- 18 ---

[...sane,] kang mêngkono iku adat ing têmbe bakal andarbèni lara rong prakara, manawa lara mau tumanduk ing raga dadi barah rambat, barah rambat iku kang lara tatu ora ana warase, yèn tumanduk ing panon dadi lara edan.

8. Wiji kang rupa dadu, dumilah asêmu maya-maya, iku pratôndha adêging srêngenge, kawoworan adêging tirta kamandhanu sêdhêng, sarining maruta rada kaduk, kang mangkono mau ing têmbe bakal mahanani budi gêdhe pangôngka-angkaning kêrêp sônggarugi,sônggarunggi. agung angkarane, tipis budayane, kang mangkono iku ing têmbe bakal anduwèni lara panas sarta asring suwa pandulune.

Dene pêncaring wiji môngsa iku isih padha raga cahya kabèh, muncaring cahya mau wus ora beda karo urubing pramana, mulane kêna binasakake araga sukma, sarira bathara, dadi ing môngsa iku durung ana lara lan pati, kang awit sêdya lan karsa durung ana tumuwuh, kaanane amung ênêng, kalawan êninge bae.

Bab IV Kodrating Cêcamboran

Amratelakakên wêwahing kodrat camboran, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Bagawan Yogiswara ing Mamênang, têmbungipun makatên.

--- 19 ---

Banyu jalanidhi kang wus kacaritakake ing dhuwur mau, sabên antara wêngi kataman ing daya adhêm, atêmah pupul, yèn ing môngsa awan kataman dening hawaning panas têmah amèr manèh, ananging amèring banyu jalanidhi mau antêng anjêlantah, lawas-lawas katon tumandhon ing jalantah, têmah dadi êmbag-êmbag utawa lêmah, wêrdine lêmês. Saya lawas saya wimbuh kandêle sarta wimbuh santosane, sadhuwuring lêmah mau barêng tansah kataman siliring maruta kalawan dayaning srêngenge, tumuli garing utawa akas, dene ing jêro taksih binuntu, ewasamono santosane lêmah iku saka dayaning panukmaning sari têlung pakara, siji sarining pêpanas, loro sarining banyu, têlu sarining maruta, sari têtêlu mau gone manukma ing lêmah salawas-lawase wus tanpa kêndhat, lêmah mau barêng wus kataman panukmaning sari têtêlu têmah kawawa mahanani thêthukulan saane, lan sapêpadhane, barêng lêmah mau wus kawawa mahanani sakèh thêthukulan, têmah diarani bumi, wêrdine wêwadhah bumi iku saya lawas ing dhuwur saya kandêl lan rêntête, ing ngisor ora pêdhot wimbuhe mulane awit ing môngsa iku sari tatêlu têmah padha manukma ing bumi mau, panusupe kurang lêstari, awit sari têtêlu mau isih kawilang sari kasar, dene sari kasar têtêlu mau ing sabên kêna dayaning adhêm iya pupul, manawa kêna dayaning pêpanas, iya [i...]

--- 20 ---

[...ya] tumuli amèr, amoring sari têtêlu iku aluse kawawa anjêbus mring bumi, banjur anartani panguripaning thêthukulan kang wus padha tumuwuh ana sadhuwuring bumi. Utawa bêburon kang wus padha tumitah ing kono, dene jalantahing sari têtêlu padha-padha isih kèri ana sajroning bumi, sarta banjur campur camboran, cêcamborane jalantahing sari têtêlu iku dumadi wujud ing wolung prakara, siji manik-manik sapanunggalane, loro êmas, têlu salaka, papat timah, lima dêmbaga, nêm wêsi, pitu uyah, wolu walirang, mungguh warna wolung prakara iku, ing nalika kêtaman adhêm padha wimbuh pupule, barêng kêtaman hawaning pêpanas padha wimbuh amère, barêng kêtaman dening pêpanas têmah kawawa padha mêtu hawane sarta banjur cêcamboran ing saanane, ananging cêcamborane hawa wolung prakara mau isih hawa kasar, mulane gone jêbus mring bawana kurang lêstarine, amarga tansah kapêpêt ing bumi, mangkono uga hawa wolung prakara mau ing sabên kataman dayaning adhêm tumuli padha pupul, barêng ginêbug dening dayaning pêpanas padha amèr, amèring hawa mau aluse kawawa jêbus mring bawana, banjur anartani panguripan, iya iku kang diarani asthagina, wêrdine kagunan wolu kang kaanggo urip, jalantahing hawa kang padha kèri jroning bumi mau dadi limang prakara, pratelane kaya ing ngisor iki.

--- 21 ---

1. Pulung, rupane biru sumirat ijo, iku pratôndha adêging cahya manik-manik êmas sarta têmbaga, pulung mau ing têmbe iya bakal dadi sarana mimbuhi daya panguripan, ananging kang diluluti bôngsa tancêbing cipta kang marang wêlas asih.

2. Wahyu, rupane putih sumirat kuning, iku pratôndha adêging cahya manik-manik êmas sarta timah utawa salaka, wahyu mau ing têmbe iya bakal sarana amimbuhi daya panguripan, ananging kang diluluti bôngsa tancêbing cipta kang marang lalêgawa têmên tarima.

3. Andaru, rupane kuning sumunar, iku pratôndha adêging cahya manik-manik êmas, wêsi, salaka, andaru mau ing têmbe iya bakal sarana amimbuhi daya panguripan, ananging kang dèn kaluluti, bôngsa tancêbing cipta kang marang marta mardi aksama.

4. Têluh braja, rupane abang sumirat ungu, iku pratôndha adêging cahya têmbaga, wêsi timah walirang têluh braja mau ing têmbe bakal sarana amimbuhi daya panguripan ananging kang dèn kaluluti bôngsa tancêbing cipta jail muthakil, bakiwit.

5. Guntur, rupane wungu sumirat dadu, iku pratôndha adêging cahya wêsi, têmbaga, uyah, walirang, guntur mau ing têmbe bakal dadi sarana amimbuhi daya panguripan, ananging

--- 22 ---

kang dèn kaluluti bôngsa tancêbing cipta angkara murka, samono iku dadine kalawan dèn èsthi, kalakone pangèsthi iku kudu sinêmbuh ing tapabrata, lire mangkene.

Kaya ta: tancêbing cipta kang marang wêlas asih, môngka binantonan ing tapabrata, adat tumuli cêpak tibaning wahyu.

Kaya ta: tancêbing cipta kang marang mardi aksama, môngka binantonan ing tapabrata, adat tumuli cêpak tibaning daru.

Kaya ta: tancêbing cipta kang marang drêngki, jail muthakil, basiwit, môngka binantonan tapabrata, adat tumuli cêpak tibaning têluh braja.

Kaya ta: tancêbing cipta kang marang angkara murka, môngka binantonan ing tapabrata adat tumuli cêpak tibaning guntur.

Dene limang prakara iku, iya uga kêna diarani darajat, wrêdine wêwadhahing kajat, pratelane kaya ing ngisor iki.

1. Pulung, pakolèhe sinupêkêtan ing akèh, apadene linuhurake ing asmane, tur rinêksa kasangsarane, ing sasama-samaning tumitah.

2 Wahyu, pakolihe kinalulutan sarta jinurung ing sasama-samining tumuwuh.

3. Andaru, pakolihe karênggan, apadene kèringan sasama-samining tumitah.

--- 23 ---

4. Têluh braja, pakolihe sinêngitan ing sasamaning tumitah, kang mangkono iku adat cêpak sangsarane, adoh kabêjane, tur cumawis kacilakane.

5. Guntur, pakolihe rinukêtan sasama-samaning tumitah, kang mangkono iku adat cêpak bilaine tur cumawis bêbayane.

Ing nalika bumi iku wus tumuwuh, tumuli ingaranan jaman kêrtayoga, wrêdine lêstarining urip, utawa kauripan ing môngsa iku isih anuhoni saupakartine dhewe-dhewe, sarta lêstari gone lumaku kalawan panarimane.

Bab V Babaring Kawontênan

Amratelakakên babaring kawontênanipun salêbêting jaman kêrtayoga, miturut suraosing sêrat Jitapsara, wêwarahipun Dèwi Rukmawati, ingkang awarna pêksi, ingkang lajêng kinarang dening Bagawan Palasara, ing Ngukir Ratawu, têmbungipun kados ing ngandhap punika.

Ing jaman kêrtayoga iku, thêthukulaning bumi wus gumêlar arupa-rupa. Apadene sato kutu walang ataga, kang wus padha dumadi awarna-warna. Awit saka rêmbês jêbusing sarining bumi sangsaya ngrêpda, dening sari kang wus dumunung ana ngarcapada iku,

--- 24 ---

sarèhning isih akèh tabêting hawa bumi, dadi maksih kalêbu sari kasar. Mulane sabên kataman dayaning adhêm pupul, yèn kêna dayaning pêpanas iya amèr, amèring sari kasar mau aluse padha mêsat marang gêgana, tumuli tumrap tumamèng pramana, dene kasare kang padha kèri ana ing ngarcapada têmah banjur kawawa amimbuhi angganing kang dumadi ana ing ngarcapada kabèh.

Pramana mau ora sah gone kataman dening sari bumi, barêng lawas-lawas sari bumi iku têmah kawawa anglimputi kaananing pramana, pramana barêng wus kalimputan dening sari bumi dadi wimbuh antêp ing kaanane, antêping pramana têmah kawawa tumurun samadyaning tawang, dumunung ana antaraning ngarcapada, kang diarani antaraning ngarcapada iku sangisoring awang-awang saluhuring bumi.

Pramana barêng wus dumunung ana ing jaman kono tumuli kêna dayaning adhêm isih kawawa pêngkuh ing kaanane, barêng kêna daya panggêbuging pêpanas têmah kumaringêt, karingêting mau diarani mani, mani mau ing sabên kêna dayaning adhêm pupul, sabên kêna panggêbuging pêpanas amèr, amèr pupuling mani mau ing jaba têmah kumulit, iya iku kang diarani jantung, jantung iku ing nalika ginêbug ing pêpanas tumuli kumaringêt, karingêting jantung mau kawawa mahanani pêru loro dumunung ana sakiwa-têngêning jantung, kajabaning saka pêru kabèh tarbukane jêrohan iya saka jantung awite, kang barêngi tarbukaning jêrohan mau

--- 25 ---

babare bayu-bayu, apadene caloning balung-balung, dene caloning balung iku diarani sungsum, sungsum iku pêncaring mani, nalika kataman ing pêpanas, barêng tumêkane kêtaman dayaning adhêm têmah jêndhêl, tumuli agatra rêraganganing salira, dene kang minôngka cacithakaning rêragangan mau sirat soroting pramana, dadi wus kalimput dening kaananing sungsum, sirat soroting pramana kang padha kalimput ing sungsum diarani sukma, sukma iku barêng wus lawas kêna dayaning panas lan adhêm têmah akas, sarta banjur kumulit, ewadene jog-joganing sungsum kang môngka mani mau ing sadina-dina tanpa kêndhat, ing kono tumuli sêmi tarubusaning urat sapanunggalane, iku andadèkake kuwat kêngkênging kulit utawa daging, sarta minôngka pikukuh sêsadon sambunganing balung, samêktaning ragangan iku kabèh. Pramana saya wimbuh antêpe têmah tumibèng ngarcapada, ana ing kono sari kang padha nglimputi mau pêcah, sapêcahing sari têmah padha mêsat marang gêgana, mahanani lidhah kilat thathit sapanunggalane. Sasirnaning panglimput mau, pramana têmah ambabar sarira dhampit, wêrdine dhèmpèt utawa pipit, barêng kêna ginêbug dening dayaning pêpanas tumuli kawawa pisah maujud dhewe-dhewe, agatra lanang lan wadon, ing kono banjur sêsilih aran, apsara apsari, apsara kang lanang, apsari kang wadon.

--- 26 ---

Kocapa sakèhing wiji kang maksih padha tininggal ana ing alam sonyaruri, barêng padha kêna daya panggèndènge pramana têmah kawawa padha anjog, banjur padha manjing jumujug ing ngarcapada, sapraptaning kono wiji mau banjur padha umanjing sajrone guwa garbaning apsara apsari, ana ing kono kawawa sarupa kalawan pramana, barêng wus kataman dening panukmaning wiji, têmah sêmi tarubusing karsa kang marang sacumbana, ananging rikala wêtu iku patraping sacumbana amung kalawan cipta sasmita bae, rasaning cipta samsita mau, banjur kawawa tumanduk pramananing apsari, pramananing apsari barêng kapandukan dening cipta sasmita rahsaning pramana, apsari tumuli kawawa ambobot banjur ambabar, babarane dadi manungsa sajodho mangkono ing sabanjure.

Manungsa kang padha tumitah ing jaman iku, ragane isih padha alus-alus, mulane mêngkono kang awit durung kêtabêtan dening sarining bumi kang kasar, sarta durung ana nyandhang utawa mangan, kang minôngka dadi sêsandhangan panglimputing wêwadine, urubing cahyane dhewe, dene kang minôngka pangane, sarupaning sari kang padha arum-arum ing gandane, mulane manungsa ing môngsa iku durung duwe lara lan pati, apadene suka lan prihatin.

--- 27 ---

Ing môngsa iku diarani jaman kajiwatan, têgêse kaalusan, mulane mangkono awit ing sabên muksa isih kawawa anggawa ragane dhewe-dhewe, jaman kang mangkono mau lawase rongèwu taun, sajrone rongèwu taun mau ing têmbung Jawa diarani jaman purwa, wrêdine kawitan utawa wiwitan. Manawa têmbung Sasêkrita diarani masidham, têgêse jênjêm utawa jêjêg, manawa têmbung Arab diarani adam, têgêse kawitan.

Manungsa ing jaman iku isih padha anuhoni pakartining pramana, mulane mangkono awit pôncadriya durung kawawa pêncar, marmane durung pêncar, amarga sari sarasaning jagad durung bisa tumular, sababe durung bisa tumular, karana cahyaning pramana durung wigar, dadi êmpaning karsa iya durung tumangkar.

Ing jaman iku padha lêpas-lêpas pandulune, amarga kalis dening dayaning pêpadhanging srêngenge, utawa atas-atas ing pamiyarsane, kang mangkono iku awit ora kêtabêtan dening kumaraning kujagad iki kabèh, sarta têrus-têrus pangandikane, lan panggandane, awit kalis dening ambon-amboning bawana sakabèhe, kang sarta padha têtêp-têtêp pamicarane, awit anuhoni grênêging cipta kang sajatine, dene kang aran cipta kang sajati iku kang maksih maligi durung kawoworan ing karsa.

--- 28 ---

Bab 6 Dumadining Manungsa

Anyariyosakên dumadosing manungsa ingkang kaping kalih, miturut Sêrat Jitapsara wêwarahipun Dèwi Rukmawati, têmbungipun kados ing ngandhap punika.

Sapungkure jaman ing dhuwur mau diarani jaman dwaparayoga, wrêdine jaman kamokalan, bumine bawana saya wimbuh kandêle, apadene wêtuning hawa sangsaya akèhe, thêthukulan sarta sato-sato utawa kewan-kewan pitik iwèn wus padha awarna-warna, ing jaman iku raganing manungsa utawa kewan-kewan, angawit-awiti kasare, apadene pôncadriya uga wus angawit-awiti pêncare, pêncaring pôncadriya mau têmah kawawa anuwuhake karsa kang dudu sawantahe, ing kono padha tumuli thukul ing papenginane, utawa kêkarêpane, barêng wus mangkono tumuli kèlu padha mangan woh thêthukulaning bumi, kayadene kartining kewan sapanunggalane, kênyaring cahya iya suda muncare, kang mangkono mau andadèkake pituna ing kasêktène.

Saya lawas saya mundhak kêkarêpane, wêkasan padha tuwuh akale, gone padha sacumbana wus kalawan saragane, kang mangkono iku andadèkake suruting urup muncaring pramana, tuwin banjur kataman ing duka cipta sapanunggalane,

--- 29 ---

ing jaman iku wus ora ana wong bisa mati muksa, yèn ora kalawan tapabrata, apadene wus ora ana padha sêkti yèn ora kalawan ngêngurangi.

Sarèhne ing jaman iku wus padha laku raga, dadi gone arsa mêncarake wiji: wadone kudu sarana garbini, kang sarta ing jaman iku daya panggèndènge ora kawawa anarik wiji, manawa ora kalawanan ing êninge, mungguh katrangane kapratelakake kaya ing ngisor iki.

Ing saupamane ana sujanma kataman êninging cipta, kang suwene ora kurang sapandurat, iku daya panggèndènge lagi kawawa anarik wiji, sumusuping wiji mau ambarêngi nalika lêbuning napas, banjur rumêsêp ing utêg, rêmbês marang ing panon, kang diarani panon iku banyu sari sêsarining banyu utêk kang manggon ana satêlêning manik, wiji mau ana ing kono kawawa sumusup tumamèng pramana, kang sarta amor sarahsa, woring rasa cahya utawa saeka karsa, kang mangkono mau adat banjur anuwuhake adrênging sacumbana, adrênging sacumbana mau yèn cinêgacinêgah. dadi pedah yèn linantur dadi batur, lire mangkene. Sing sapa kasusupan wiji, môngka kawawa nanggulangi, sayêkti wimbuh muncaring pangèksi, manawa dèn turut, tumuli kawawa mahanani putra, pratelane kaya ing ngisor iki.

--- 30 ---

Yèn ana janma sacumbana, môngka lakuning napas, pinuju santêr lènging grana kang kiwa, amratandhani manawa wiji mau gone cumithak ana panon kang têmên,têngên. iku kandhanganing wiji kang lanang, manawa panuju lènging irung kang têngên, iku mratandhani yèn wiji mau cumithak ana panon kang kiwa, iya iku kandhanganing wiji kang wadon, manawa napas kang kiwa lan têngên padha santêre, iku mratandhani yèn wiji iku cumithak ana satêngahing panon, yèn têmbung Jawa têngahing panon iku diarani manon, manawa ing têmbung Arap, diarani insan kamil, ing têmbung Walônda diarani ambrèktên is, têgêse kumpuling rêrêmbêsan, sarta paguting rêrêmbês, ingkang mangkono iku ing têmbe bakal mahanani putra wandu, kang diarani wandu iku dudu wadon dudu lanang, iya wadon iya lanang.

Dene wiji kang mêsthi dadi iku lêngkape saka adon-adon têtêlu, kang dhingin sarining tirta kamandhanu, kaya kang wus kapratelakake ing dhuwur mau, kapindho sarining wulan, kaping têlu sarining maruta, dene manawa kurang lêngkape saka adon-adon têtêlu mau, kang mêsthi ora dadi, sanadyan dadi iya ora kawawa uripe, lire mangkene.

Sarining tirta kamandhanu manawa amung kalawan sarining wulan, tanpa sarining maruta, kang mêsthi ora kawawa dumadi manungsa, kaya mangkono sapiturute, iku purwane ana umur dawa [da...]

--- 31 ---

[...wa] lan cêndhak, dene bêja cilakane bakal kapratelakake ing ngisor iki, dunungdumunung. ana bab kaping: 7.

Ing saupama ana manungsa kang kataman êninging cipta kang suwene kongsi bisa rong pandurat, iku kawawa narik wiji loro kang mangkono mau awit daya panggèndènge luwih santosa, apadene luwih kuwasa, wahanane putra iya kêmbar, utawa dhampit, yèn mêtu kêmbar amratandhani wiji iku gone cumithak ana ing panon kang sisih, manawa mêtu dhampit, pratôndha gone cumithak ana panon kang kiwa têngên.

Bab 7 Wijanging Wiji kang Dumadi

Amratelakakên wiji, wijanganing wiji-wiji, ingkang sami badhe dumadi, wahana wêwatêking siwi, têksih miturut suraosing Sêrat Jitapsara, pangarangipun Bagawan Palasara, ing wukir Ratawu, pratelanipun kados ing ngandhap punika.

Mungguh wêwijanganing wiji mau kajabane bakal mahanani budi, uga bakal nuwuhake wêwatêkan, miturut apa sawujude wiji mau.

Kaya ta sawijining wiji kang wujude kandêl, iya bakal mahanani watêk kandêl atèn, manawa tipis iya mahanani tipisan atèn, manawa gêdhe iya mahanani watêk jêmbar,

--- 32 ---

yèn cilik iya mahanani rupak, kang mancorong mahanani watêk ayêman, yèn bêsêm mahanani watêk sungkawanan.

Ing sarèhning wêwijangane wiji mau padha saka bangsaning alus, dadi ora kêna tinonton saka sawantahing paningal, kênane tinonton manawa saka kaalusaning pandulu, kang diarani kaalusaning pandulu mau, kang dhingin tancêp ênêng êninging cipta, kapindho sirnaning karsa, kaping têlu sarwa sarèh ing panggônda, kaping pat lêrêming pôncadriya, kaping lima jêtmikaning bawa, manawa wus nêtêpi pakarti limang prakara iku amêsthi kawawa anon wujud sawantahing wiji mau.

Mungguh warna panukmaning wiji mau, manut saurubing ciptane, kang anduwèni daya panggèndènging wiji, pratelane mangkene.

Ing saupama ana jalma kang lagi tuwuh tancêbing cipta wêlas asih, kang mêsthi urubing pramana biru sêmu ijo, amaya-maya, ing môngka tumuli kêtaman ênêng kang kongsi kawawa anarik wiji, sayêktine sumusuping wiji iya kang tunggal urup, ing têmbe dadining putra, bakal linulutan ing akèh, sarta jatmika, alus budine, nanging kurang lantip panggraitane.

Manawa ana janma kang lagi tuwuh tancêbing cipta mêthuthuk rumôngsa kabênêran ing solah bawane, kang mêsthi uruping pramana biru tuwa muyêg marakata, ing môngka tumuli kêtaman ênêng kang kongsi kawawa anarik wiji, sayêkti sumusubing wiji iya tunggal [tung...]

--- 33 ---

[...gal] urube, ing têmbe bakal mahanani putra bodho, nanging bêcik budine.

Manawa ana jalma kang lagi tuwuh tancêbing cipta rila lêgawa, kang mêsthi urubing pramana putih asêmu kuning, sumirat amaya-maya, sarwi mêlês, ing môngka nuli kêtaman ênêng kongsi kawawa anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji iya kang tunggal urube, ing têmbe bakal mahanani putra lantip budine, cêpak panggraitane, kajèn marang sasamane, sarta pinarcaya ing sasama-sama.

Manawa ana jalma lagi tuwuh tancêbing cipta kadêrêng mardi kabudidayan, kang mêsthi urubing pramana kuning sêmu abang abra baranang, ing môngka kataman ênêng kongsi kawawa narik wiji, sayêkti sumusuping wiji iya kang tunggal urube, ing têmbe bakal mahanani putra limpat panggraitane, bèr budi, bawa lêksana, elingan, nanging rada gêtapan.

Manawa jalma kang lagi tuwuh tancêbing cipta runtik, sapadhane, kang mêsthi urubing pramana abang baranang balêrêngi, ing môngka kêtaman ênêng kongsi kawawa anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji iya kang tunggal urube, ing têmbe bakal mahanani putra landhêp panggraitane, bèr budi, nanging gêtapan, panas baranan.

Manawa ana jalma kang lagi tuwuh tancêbing cipta drêngki, kang mêsthi

--- 34 ---

urubing pramana wungu muyêg marakata, ing môngka tumuli kêtaman ênêng kongsi kawawa anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji iya tunggal urube, ing têmbe bakal mahanani putra cukêng rêngkêng jail bakiwit, têrkadhang asring kataman lara barah.

Manawa ana jalma kang lagi tuwuh tancêbing cipta arda murka puwa-puwa, kang mêsthi urubing pramana dadu burêng amarakata, ing môngka tumuli kêtaman ênêng kongsi kawawa anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji iya tunggal urube, ing têmbe bakal mahanani putra culika dêluya, dura wicarane, adat kang mangkono iku asring kataman lara owah.

Manawa ana sujalma kang lagi nungkul pujabrata, kang marang tancêbing cipta têmên tarima, kang mêsthi urubing pramana ijo nom muncar amaya-maya, ing môngka tumuli kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji iya tunggal urube, ing têmbe bakal mahanani putra apura, paramarta, tarima, rila, lêgawa, tur bijaksana, kang mangkono iku adat asring kêtaman darajating kawiryawan.

Wiji kang kacritakake ing dhuwur mau manawa panusupe anuju wayah awan amêsthi tipis, awit urubing pramana rahsa ing wayah iku lagi amèr, amarga kataman daya panggêbuging pêpanas, yèn panusuping wiji mau môngsa wêngi kang mêsthi

--- 35 ---

kandêl, amarga urubing pramananing rahsa ing wayah iku pupul, awit kataman dayaning adhêm.

Mulane para sarjana ing jaman kuna, manawa sacumbana kang pinilih wayah sak akhiring wêngi, kongsi tumêkaning bangun.

Bab 8 Tarbukaning Wiji

Anyariyosakên tarbukaning wiji, nalika katampèn guwa garbaning biyung, taksih miturut suraosing Sêrat Jitapsara, pangarangipun Bagawan Palasara ing Ngukir Ratawu.

Ing nalika sujalma sacumbana kang wus kapanjingan wiji mau mangkene, rahsaning mani kang wus padha sumusup ing gêtih padha kumpul marang ing jantung manèh, ana ing kono nuli kawawa campur dadi sarahsa nunggal sawarna kalawan pramana, rahsaning mani irêng wus campur kalawan urubing pramana, têmah darbe daya pangwasa, mêsat tumurun tumibèng garbaning rena, kang diarani roh, iku gêtih kang isih sukci, dadi samêngko wus campur katêlu, kêna binasakake trimurti, murti iku nalika kataman daya sêsumuking biyung ambabar dadi jêjantung, tangkar tumangkare tuwuhan jantung iku dadi jêrohan, apadene otot sapanunggalane, ewadene samono tumangkare otot lan jêrohan iku kabèh iya saka wahyaning wahyu

--- 36 ---

urubing trimurti, trimurti nalika wus mangkono diarani pramana, kang sarta sirat sorote padha manukma marang otot bayu, sapanunggalane, mangkono uga barêng kataman sorot sirating pramana, rupane otot bayu sapanunggalane kawawa modod ing salakune dhewe-dhewe, kang dinut salaku jantrane sorote pramana mau.

Ewasamono jantung nalika kêtaman sêsumuking garbaning biyung tumuli kumaringêt, karingêt mau uga rêmbêsing mani, iya iku kang bakal mahanani balung-balung rêraganganing raga, kabèh pirantining raga iku, purwane saka lêmbut dadi ana, anane saka cilik dadi gêdhe, lire mangkene.

Wijining piranti mau kabèh, manawa kêna dayaning sêsumuk têmah dadi amèr, amère tumuli kawimbuhan rêmbêsaning mani kang tanpa mêtu ing jantung, barêng kataman dayaning adhêm, kumpul manèh, mangkono ing sajroning ana garbaning biyung.

Barêng wus antuk satus dina lawase, banjur kawit gana manungsa wujude abang, ing kono diarani jabang, tumuli gatra kang minôngka dadi pikuwate sarira, lagi saka têtuwuhaning para bayu bae, ing kono diarani ki jabang bayi, wrêdine isih abang santosane kalawan bayu, bayu iku basane otot kang alus, ing têmbe bakal anandhang cipta sasmitaning rahsa, apadene tanduking solah-bawa iki kabèh, [ka...]

--- 37 ---

[...bèh,] bangsaning bayu iku rong prakara, kang alus-alus diarani bayu, kang kasar-kasar diarani otot, kang luwih kasar manèh diarani balung nom, ora beda karo nalika Sang Hyang Purusa duk gumana munggwing madyaning tawang, banjur dadi adam, kang kasêbut ing bab 2.

Jabang bayi nalika ing môngsa iku, isih jênjêm prêmanêm, sarta pusêre tarubus bangsaning usus, ususing pusêr iku barêng kêna dayaning sumuking biyung kawawa kumaringêt, jalantahe mahanani ari-ari, sarine manukma amor sarasaning biyung, iku ana bêbasan idham-idham kaworan, wêrdine idham têtêp, woworan iya woworan, dadi ing môngsa iku rasaning biyung têtêp amor kalawan rasaning jabang bayi, môngka jabang bayi ing môngsa iku, kêna binasakake tanpa dhahar tanpa sare, kang dhinahar amung sarasaning sari-sari kang padha sumaruna ana garbaning biyung, dene gone sare amung kalawan sarèhe bae, mungguh gone dhahar sarasaning sari-sari mau ora kalawan lesane, amung karana pêpusêre bae.

Barêng wus tumêka rong atus sapuluh dina, sarupaning pirantine ki jabang bayi wus padha samêkta, amung cêcalonaning balung isih padha lêmês, kang sarta isih bisa tarubus sarining urat, urat iku bangsaning otot kang tarubus saka ing bêbalung, mulane para winasis ing jaman kuna aparing pratikêl, manawa

--- 38 ---

pinuju ana jalma kang ambabar putra ing sadurunge sangang sasi, sarana sinandhingan ing sêga panas, tumuli banjur diêngi, kang mangkono mau caloning balung kang isih padha lêmês, manawa kêtaman hawaning panas, wor siliring angin, kakaking kulit atosing balung mêsthi kaya ginege.

Barêng jabang bayi wus ana rong atus pitung puluh dina, kabèh saupakartine piranti, wus nêdhêng-nêdhênge samêkta, ing kono manawa ora ana bêbayane adat tumuli lair, laire ki jabang bayi ana ing ngarcapada barêng lan tarbukane pramana mijil saka jroning jêjantung. Ing kono pramana banjur ambabar cahya murup amarakata, cahyaning pramana mau kawawa amadhangi saubênge angga iki kabèh, dadi ing samêngko pramana ngumandhangi apêpadhange dhewe-dhewe, pêpadhanging pramana mau barêng tumanduk marang ing utêg, banjur kumaringêt, karingêting utêg mau banyu wêning rupane putih asêmu biru maya-maya, banyu iku diarani manon, manon iku gone ngumandhang ana maripat kiwa têngên, kêkandhangane manon iku diarani manik, ing nalika kêna panggêbuging pêpanas, tumuli padha sumaring têmpuring sari loro mau padha ngumandhang ana ing pasung. Barêng dumunung ana ing kono diarani ambêgan, ambêgan barêng wus angêbêki pasung, ing kono tumuli têmpur kalawan swasana, sarta rêbut daya panggèndèng padha santosane,

--- 39 ---

padha kuwasane, padha dayane. Swasana kawawa narik marang ing jaba, ambêgan barêng katarik dening swasana kalah daya panggèndènge, têmah mêtu saka lènge garana, sawêtuning ambêgan kang tumuli kataman dening daya panggèndènging pramana, têmah bali umanjing lumêbu manèh, mangkono purwane ambêgan iku mlêbu mêtu, nalikane wêtuning ambêgan kang kapisan mau barêng tangising ki jabang bayi, kalawan pêncaring pôncadriya, apadene nyakra pagilingane para piranti, kang sarta lakuning bayu lan gêtih sapanunggalane.

Bab 9 Wimbuhing Pangraos

Amiraos wimbuhing pangraos, ingkang badhe tumanduk dhumatêng ki jabang bayi, miturut suraosing Sêrat Paramayoga, pangarangipun Bagawan Palasara, ing wukir Ratawu, têmbungipun makatên.

Manawi ki jabang bayi sampun umur têlung puluh lima dina, kulite awit marang abang, tangkare pôncadriya wus ganêp, pakartine angga wus têtêp, ananging isih padha lêmês, ing masa iku daya pangwasaning panon durung padha samêkta ing kaanane, dadi solah-bawane mau durung kawêngku ing karsa, amung isih salakune [sa...]

--- 40 ---

[...lakune] dhewe, ing wêktu iku mari kasêbut jabang bayi, amarga wus mari abang, dadi mung kasêbut bayi bae.

Manawa ki bayi wus umur pitung puluh dina, iya mundhak kaanane, tumêkane rong atus pitung puluh dina, iku diarani sajaman, ingatase gone tumitah anèng ngarcapada, ing nalika iku balung sarta otot-otot pirantining raga wus padha santosa, wus kawawa nandhang sarasaning karsa, pêncaring pôncadriya wus samêkta, ananging durung pati wala, ing kono banjur mari diarani bayi, diarani wala utawa bocah wrêdine wala uwal saka pakartine lawas, anganggo pakartine anyar, mulane padatan Jawa bocah kang umur samono mau disêlamêti aran tumêdhak siti, awit ing waktu iku sari hawaning bumi wus padha mèlu, anartani panguripaning bocah mau, mulane para brahmana, manawa anyapih putra yèn nuju wêktu iku, amrihe rong prakara, kang dhingin, wawuha karo sari rasaning thêthukulan kang ing têmbe bakal padha pinangan, watêke kang mangkono mau sayêktine adoh lêlarane, kang kapindho aja nganti kasuwèn gone ngombe banyu susu, amarga pamangane banyu susu iku luwih gampang dadi ing têmbe bakal kurang panggraitane.

Barêng bocah mau wus umur patang atus sangang puluh dina, diarani rong jaman, pirantine badan sangsaya wimbuh kasantosane, [kasanto...]

--- 41 ---

[...sane,] wus kawawa nancang sarasaning karsa, pêncaring pôncadriya wus akèh kaundhakane, sarta kulite wus wimbuh kandêl, amarga tansah kataman dening hawa dayaning bumi, bocah ing môngsa iku wus sêmi dayane pêpenginan, utawa kêkarêpan, lire mangkene, samubarang kang katon anyar kapengin kudu cinêkêl, yèn ana rungon anyar kapengin bisa anirokake.

Manawa ana bocah wus umur pitu likur sasi, iku aran têlung jaman, balung utawa otot pirantining raga kabèh padha wimbuh santosane, barêng bocah umur têlung puluh nêm sasi diarani patang jaman, kabèh pirantining raga padha wimbuh santosane, pôncadriya wus akèh tumangkare, ing kono banjur kasêbut pôncadriya, pratôndha bocah ing wêktu iku wus dhamang pandulune, wus tètèh pangucape, sarta sakèhing pamirasa wus wêruh beda-bedane, mulane ing môngsa iku prayoga diawit-awitana sinung wulang pinangkata ing sawatarane, kang mangkono iku amung minôngka pandhangiring panggraita, ananging bocah ing wêktu iku lagi mangsane kumaratu-ratu, tumindaking wulang winor ing pangudang, yèn wis widagda dèn alêmbanaa.

Manawa bocah mau wus umur patang puluh lima sasi, wus aran limang jaman, iya isih jumênêng bocah kumaratu-ratu, amung [a...]

--- 42 ---

[...mung] santosane para piranti kang padha wimbuh kongsi tumêka umur sèkêt papat sasi, iku diarani nêm jaman, bocah kang umur samono mau wus mari kasêbut kumaratu-ratu, awit wus bisa unggah-ungguh, ing kono diarani bocah dêmolan, iku prayoga winulanga ing tata parikrama sawatara, manawa wus umur limang taun têlung sasi, têtêp aran jaman gêdhe kang kapisan, wêktu iku wus mari diarani bocah, diarani jêjaka kumala-kala, wrêdine durung wêruh pakewuh, yèn wadon parawan kêncur, ing wêktu iku balung utawa otot-otot wus sêdhêng padha kuwate, anandhang karsaning rahsa tumangkaring pôncadriya wus sangsaya angrêbda, êmpaning karsa saya arda, amarga panukmaning sari hawaning bumi sangsaya warata, ing kono wus sêdhênge tinandukan dening pamardi wisesa, kang mangkono iku amung minôngka dadi sêsirêping angkara, awit bocah kang lagi umur samono mau nêdhêng-nêdhênge tumangkaring angkara, yèn ora tumuli pinapas, ing têmbe mêsthi tuwuh kamurkane, mulane prayoga disalèwèngake marang upakarti, mardi wimbuh ing kagunan, kang mangkono mau iya saka istiyare para bijaksana, gone karsa nyuda ajêging kodrat wiji kang ala.

Manawa jaka mau wus umur sapuluh taun punjul nêm sasi iku wus kasêbut ing jaman gêdhe, diarani jêjaka, wrêdine

--- 43 ---

durung ajêg karsane sarta tansah salin-sumalin kêkarêpane, bêbasane êndi kang têmbe rinungu iya ginugu, kang anyar dinulu kapiluyu, mulane ing wêktu iku yèn arêp nandukake wêwulang kudu kalawan sarèh, dèn araha salintire dhewe.

Manawa wus tumêka ngumur limalas taun punjul limang sasi, iku diarani jaman kaping têlu jaman gêdhe, wus mari kasêbut jêjaka kêmala-kala, diarani jaka birai, wrêdine alus paraèhane, upamane kêmbang lagi nêdhêng mêkare, wêninging panon lagi nêdhêng muncare, muncaring panon mau amimbuhi sunaring guwayane, mulane ki jaka ing môngsa iku, lanang wadon akèh kang padha kapiluyu.

Manawa wus tumêka ngumur salikur taun, diarani jaman kaping pat, ki jaka wus diarani adiwasa, wrêdine sirna adining warna, ing kono wus têtêp manungsane, yèn wus ing môngsa iku gone nandukake wimbuh-wimbuhing piwulang, jinalaran saka kêdhap cipta sasmita, utawa cinaritakake sakèhing lêpian kuna-kuna.

Bab 10 Miraos Upakartining Raga

Amiraos upakartining raga ingkang dados tartubukaningtarbukaning.

--- 44 ---

rêrigên solah bawa, miturut sêrat Darmasonya pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang têmbungipun makatên.

Mungguh kauripan ing sajagad iki kabèh, ora marojol saka panukmaning trimurti, aja kang manungsa, sanadyan sato-sato manuk kewan, apadene thêthukulan sapanunggalane, iya saka ing kono, tarbukaning urip, trimurti iku gone manukma ora ngêmungake bangsaning urip bae, sanadyan banyu, bumi, angin, gêni, saisèn-isène kabèh, sayêkti padha kataman panukmaning trimurti, pratandhane mangkene, kaya ta ananing banyu, banyu iku tur bangsaning adhêm, suprandene iya anduwèni hawa panas, utawa angin, apadene gêni, sanadyan bangsaning panas suprandene bisa mahanani banyu, lan manèh angin, sanadyan angin bangsaning kêkês, suprandene bisa mahanani panas, utawa adhêm, mangkono manèh bumi, wus têtela anduwèni hawa panas lan adhêm.

Trimurti iku wus têtela alus-alusaning sabawana iku kabèh, bêbasane marojol ing akêrêp, punjul ing adhuwur, lire mangkene, yèn ing ngarcapada buron kang kawilang gêdhe dhewe gajah, ewadene trimurti gone manukma ing kono ora kêna logron, sapira dhuwuring kayu kang kawilang dhuwur dhewe, ewadene trimurti gone manukma

--- 45 ---

ora cupêt, karodene manèh sapira lêmbuting buron gurêm, ewadene trimurti gone manukma ing kono ora sêsak.

Sanadyan uriping dumadi iki, sarana saka trimurti kabèh, ananging kang kalêbu pinunjul dhewe amung manungsa, awit manungsa iku kadunungan lantip ing panggraita sarta winasis amardi budi, kang mangkono iya saka prabedaning piranti, pratandhane mangkene, kewan kang wus winilang lantip dhewe akale, durung bisa madhani akale manungsa kang bodho dhewe, mangkono uga kewan kang bodho dhewe akale iya ngungkuli sakabèhing thêthukulan, mungguh beda-bedaning piranti mau kapratelake kaya ing ngisor iki.

Bêbalunging manungsa kang lumrah iku kabèh rong atus têlulas, kajabane balung kang dadi untu, manawa kewan sapanunggalane ora ana samono.

Ing saupama ana manungsa balunge luwih saka rong atus têlulas, amêsthi luwih ing kabudayane, ing môngka bêbalung mau kurang saka rong atus têlulas, kang mêsthi bodho ing panggraitane, têrkadhang anduwèni lara budhêg sarta bisu. Beda uriping thêthukulan iku padha tanpa bêbalung kabèh, mulane bangsaning urip kalêbu bodho dhewe, apa manèh bangsaning bêburon gumrêmêt kang uripe tanpa balung kaya ta: lintah

--- 46 ---

rêsrêspoh, utawa cacing. Iku uripe prasasat êlung bae, dadi têtelane dumadi iki êndi kang akèh balunge, iya akèh panggraitane.

Sakèhe balung mau padha dadi lêgawaning panon, panon iku lêgawaning pramana. Pramana iku kawasa mahanani mani. Mani kawasa anucèkake gêtih. Sucining gêtih mimbuhi dayaning bayu otot balung sungsum, dayaning bayu otot balung sungsum mau kawasa ngêningake pôncadriya, dêlinge pôncadriya bisa nyarèhake lakuning napas. Sarèhning napas kawasa anglèrèhake êmpaning karsa, lèrèhing karsa anajêmake urubing pramana. Tajêming pramana kawasa narik sari sarasaning jagad raya. Kang mangkono iku kêna sinêbut adêging trimurti manèh. Manungsa manawa tansah madêg trimurtine, adat adoh lêlarane lan cilakane, cumawis ing kamulyane.

Ambalèni kodrat lakuning gêtih mau manawa jalma salumrahe bae, awit mêtune saka pancuraning jantung, kang kiwa rupane abang, sarta banjur kawawa angubêngi sakubuking angga iki kabèh, ananging ilining gêtih mau ora dadi sawiji, padha mêncar manut salakune dhewe-dhewe, têmpuraning gêtih iku, saka ing utêg, barêng wus tumêka ing kono salin rupa irêng, awit kataman dening panasing panon, sarta kêna

--- 47 ---

hawaning bayu, kang tansah anyakra panggilingan, lêbu wêtune ing mêngko wus campur dadi têlu, mulane rupa irêng, dene ilining gêtih kang wus rupa irêng mau tumuli anjog bolongane jantung kang têngên, ing kono banjur campur karo mani, têmah dadi abang manèh.

Beda manungsa kang mardi sirêping hawa lan nêpsu, tansah angêgungake tancêbing cipta kang wêlas asih, iku wêtuning gêtih kang saka pancuraning jantung kang sisih kiwa, amêsthi arupa putih sumunar kuning amarakata, tumêkaning utêg amung abang asêmu kuning bae, iya iku diarani gêtih sukci, sukcining gêtih iku amratandhani adêging trimurti.

Bab 11 Upakartining Otot

Amratelakakên upakartining otot ingkang sami tarubus saking jantung, punapadene saking utêg, miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Otot lan bayu iku tarubuse saka rong prakara, kang dhingin saka ing jantung, kapindho saka ing utêg, kang saka ing jantung padha diarani otot pramana, dene kang saka utêg padha diarani otot bae, mungguh otot

--- 48 ---

rong prakara mau padha andarbèni upakarti dhewe-dhewe, kaya ta jantung iku kawasa tarubus tatuwuhaning otot kang saka utêg têmpur ing pramana, ana ing kono mau padha tumanduk ana ing panon, panon iku kawasa mandum upakartine patang prakara, kaya ta: pangambu, pandulu, pangrungu, pangucap, saupama patang prakara mau ora kawawa nandhang sarahsaning karsa, lire mangkene, kaya ta pangucap, manawa durung samêkta lan dayaning panon iya ora kawawa calathu, apadene pangambu, pandulu, pangrungu, iya mangkono uga, ewadene manon iku manawa kurang samêkta lawan tumusaning otot pramana, gone mandum pakartine patang prakara mau sayêkti kurang daya, mangkono manèh otot pramana, yèn adon-adone gêtih kurang samêkta, kang mêsthi kurang santosa, pratelane mangkene.

Otot pramana iku lêngkape saka adon-adon têlung prakara, nala, waya, maruta. Nala têgêse gênining pramana, waya têgêse banyuning pramana, maruta têgêse angining pramana, têlu iku padha campuran anukma anut salakuning gêtih, môngka adon-adon têlu iku kongsi bisa gothang utawa salah ing patrap panusupe, kang mêsthi dadi sabab, pratelane mangkene.

Kaya ta: otot pramana, kang pancèn dayaning padhanging

--- 49 ---

pandulu, môngka pratelane têlung prakara iku mau ana kang gothang, utawa kurang, kang iku mêsthi dadi sababing kabuwanên, sarta lamur. Manawa kang kabênêr gothang otot dayaning pangambu, iya dadi sababing gêndhêng.

Dene yèn kang kabênêr gothang: otot dayaning pangrungu, iya dadi sabab budhêg, yèn kang kabênêr gothang otot kang dayane pangucap, dadi sabab bisu, utawa pelo. Sabab patang prakara iku, sayêkti padha kasandhang dening rahsaning panon, pratandhane jalma kang wus kataman cacat kaya ing dhuwur mau, kang mêsthi suda ing kabudidayane, kang mangkono iku saka kurang lêngkap adon-adoning panon. Beda karo kang lêngkap adon-adone, kang mêsthi amimbuhi daya wêninging panon, wêninging panon kawawa anukulake panggraita, thukuling panggraita kawasa anuwuhake waskitha, thukuling waskitha adat kawawa narik ing wahyu, jalma kang kataman wahyu iku kang mêsthi banjur lêpas pangrasane, awas paningale, awas pamiyarsane, putus panggandane, pratitis pamicarane, jalma kang mangkono iku adoh kasangsarane, cêpak kamulyane.

Pratelaning otot pramana, iku gone tarubus ora ngêmungake marang ing utêg bae, sanadyan sakèhing jêrohan sapanunggalane iya padha kataman tarubusaning otot pramana, apadene kadayan panukmaning: nala,

--- 50 ---

waya, maruta. Dene otot-otot kang tarubus saka ing utêg, kaanane uga angêbêki angga iki kabèh, apadene banjur tumancêp ana ing jantung sarta jêrohan sapêpadhane, môngka kabèh otot kang tarubus saka ing utêg iku padha kawawa nandhang rahsaning panon, utawa nyasmitani apa sagrênêge, pratelane mangkene.

Kaya ta sasmitaning cipta kang arsa ngobahake raga, iku tumuli katampan ing karsa, banjur tumanduk marang panon, grênêging panon kataman ing otot-otot kalawan bêbalung, lêngkape upakarti samono mau, têmah kawawa amolahake raga, apa kang kabênêr tinuju dening sasmitaning cipta, kaya ta upamane kang lagi tinuju ing sasmita solahing tangan têngên, iya tangan têngên kang kawawa molah, mangkono ing sapiturute, saupama upakarti patang prakara iku yèn nganti gothang salah sawiji, sayêkti ora bisa anuhoni marang sasmitaning cipa mau, pratandhane mangkene, manawa ana jalma kang lagi turu môngka katindhihên, sapira ciptaning sasmita gone ngajak tangi, sarèhning panon durung nanggapi, dadi raga isih ora kuwawa nglawani. Mungguh panon gone ora kawasa nanggapi sasmitaning cipta mau, sababe mangkene.

Ing satêngahing jalma kang lagi nêdhêng anendra, amêsthi adarbe [adar...]

--- 51 ---

[...be] supêna, mulane ana supêna awite mangkene, nalika raga ing wayah awan ginêbug dening daya hawaning pêpanas, pôncadriya padha pêncar, pêncaring pêncadriya têmah amahanani amèring panon, amèring panon kawawa mahanani ardaning karsa, arda tumangkar ing karsa kawawa molahake urubing pramana, kang marang angkara, urubing pramana kang marang angkara iku kawawa nyuda padhange, sudaning pêpadhang sabarang kang kadulu, kang kaambu, kang karungu, ingatase ngarcapada iku, aluse kang padha kalêbu, lêbune kabèh kaalusan mau, padha cumithak ana ing panon, barêng tumêkaning kataman dening daya adhêm, pêncaring pôncadriya têmahan tumuli têntrêm, amèring panon wus pulih kumpule, tumangkaring karsa padha jênjêm, urubing pramana wus jênjêm, tajêming urub iku mau kawawa ngênêngake mani, wêninging mani kawasa anucèni gêtih, sucining gêtih kawasa madhangi panon, padhanging panon kawasa mahanani sagung kaalusaning wujud, kang wus padha cumithak ana ing kono, iya iku kang padha katingalan ana alaming pangimpèn, mangkono mulane supêna, mungguh purwane ana supêna saka nendra, kang dadi sabab bisa anendra iku mangkene.

Ing nalika raga iku têntrêm, rasa pangrasane cipta ayêm, pupuling panon jênjêm, jênjêming panon têmahan kawawa narik sarining mani kang wus padha manukma ing gêtih, dene sari rasaning

--- 52 ---

karsa kukut tumamèng pramana, dadi loro-loroning atunggal, pramana barêng wus kasamêktan dening kukudaning sari sarasaning karsa, gumêlaring pêpadhang têmah padha pupul, pupuling pêpadhang mau tumuli gana dadi putih maligining angga pramana, ing kono tarbuka adêging trimurti manèh, mulane kuwasa ningali kaalusaning wujud iki kabèh, apadene kuwasa amiyarsa kaalusaning swara iki kabèh, kang sarta amirasa kaalusaning gônda, iki kabèh, mangkono mulane turu iku ora kawawa calathu, angambu, apadene angrungu, mungguh kang dadi sabab, awit padha katon lan panukmaning sari sarasaning mani mau, ing sawijining môngsakala, ana uga jalma kang nglilir saka turu, ora kawawa ngobahake ragane, apadene amijilake sabdane, ing têmbung Jawa kang mangkono iku diarani tindhihên, tindhihên iku kêna sabab mangkene, ing nalika ngalilir kumpuling sari sarasaning rasa, pramana wus padha gingsir, lumèngsèr marang karsa utawa marang ing panon manèh, ananging êmpaning tanduk sarênti, dadi balining kukudan rasa panukmaning mani mau durung kawawa amartani sakèhing otot, apadene balung-balung sapanunggalane, awit gêtih kang durung winimbuhan panukmaning mani iku sayêkti ora kawawa nandhang sarasaning panon, lire mangkene, padatane wong lagi tindhihên mau mripate wus kawawa andulu, granane [gra...]

--- 53 ---

[...nane] wus kawawa ngambu, talingane wus kawawa rumungu, amung lesane durung calathu, mulane mangkono awit pakêcapaning calathu iku kudu kalawan dening otot lan balung, apadene ragane bisa molah iku uga linawanan dening otot lan balung, môngka sagunging otot lan balung, durung kataman marang panukmaning mani. Mangkono mulane ing wêktu iku raga lawan wacana durung padha kawawa.

Anyariyosakên kawontênanipun pramana. Ing nalika tansah kataman daya rêrubaning karsa, taksih miturut suraosing Sêrat Darmasonya, panganggitipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Bab 12 Kawontênaning Pramana

Mungguh pramana iku mau uripe amung kalawan cahyane pribadi, urubing cahya kang tumanduk marang ing utêg, kuwasa andayani wêninging panon, kang tumanduk marang mani, kuwasa amimbuhi daya sucining gêtih, nanging urubing cahya mau kawawa amèr, trêkadhang pupul, manawa panuju amèr sayêkti kurang padhang urube, yèn amère sawatara, sudane iya amung sawatara, manawa amèr akèh sudane pêpadhang iya akèh, dene yèn pinuju pupul, tibaning pêpadhang sayêkti jêmbar, wimbuh pupule [pu...]

--- 54 ---

[...pule] uga wimbuh jêmbaring pêpadhang, jêmbaring pêpadhang mau kang tumanduk marang ing utêg kawawa anartani wêninging panon. Wêninging panon kawasa andêlingake panonton, dêlinging panonton kawasa anglêrêmake pôncadriya, lêrêming pôncadriya kawawa anyarèhake karsa, anuwuhake dayaning panggraita.

Dene padhanging pramana kang tumanduk marang ing mani, kawawa amimbuhi pasucèning gêtih iku manawa sukci lakune mêsthi lêstari, kawawa amahanani santosaning raga, santosaning raga kawawa nyêmbadani grênêging karsa, pratelane mangkene, kaya ta manungsa kang lagi bagas kawarasan, môngka antuk sasmitaning karsa kinèn lumaku, iya banjur kawawa nyambadani laku, kinèn lumayu, iya lumayu, kinèn anjêjunjung iya anjêjunjung, mangkono ing sapiturute.

Dene urubing pramana kang lagi amèr tumanduking marang utêg kurang padhange, tumraping panon, iya kurang wêninge, êmpaning paningal kurang cêthane, pôncadriya akèh bawure, êmpaning karsa sayêkti akèh tumangkare, tumangkaring karsa kawawa migarake panggraita, manungsa kang lali wigar graitane adat cêpak nêpsune, adoh ngapurane, tur akèh salang surupe.

Dene amère pêpadhang kang tumanduk ing mani ora katata mahanani sucining gêtih, gêtih iku manawa ora sukci lakune [laku...]

--- 55 ---

[...ne] kurang lêstari, yèn gêtih kurang lêstari lakune, tumrape marang raga lêsah, lêsahing raga ora kawawa nyêmbadani panggrênêging karsa, pratelane mangkene.

Kaya ta manungsa kang lagi lêsah ragane, kang antuk sasmitaning karsa, kinon lumaku anjêjunjung sapanunggalane, kang mêsthi ora bisa nyêmbadani, apa sasmitaning karsa mau.

Mungguh pêpadhanging pramana mau, kuwasa bisa mancala warna, lire mangkene, ing saupama pandulu iku, aningali rêrupan putih, urubing pramana iya mèlu warna putih, manawa abang, mèlu rupa abang, rupa irêng, iya mèlu irêng, kuning mèlu kuning, ing sapiturute. Mangkono uga, manawa aningali sakèhing kawujudan kang katingalan, padhane kayadene pangilon mangkono, iku mratandhani manawa uriping raga iku wus kêbak urubing pramana, upamane kayadene banyu kang wus ngêbaki sakubuking jêmbangan, môngka kajogan banyu manèh kang mêsthi baludak, mêngkono padhane.

Dene amèr pupuling pramana kang wus kapratelakake ing dhuwur mau, kêna sabab ing rong prakara, kang dhingin panas saka ing jaba, utawa saka ing jêro, loro adhêm kang saka ing jaba utawa saka ing jêro, pratelane mangkene.

Kaya ta panasing masa awan, kang mêsthi iku dadi sabab amèring pramana, dene adhême masa wêngi, kang mêsthi bisa mahanani [maha...]

--- 56 ---

[...nani] pupuling pramana, iya iku kang diarani sabab saka ing jaba, dene sabab kang saka ing jêro, siji êmpaning angkara murka, kang mêsthi dadi sabab amèring pramana, loro tancêbing cipta marta tarima, kang mêsthi mahanani pupuling pramana.

Bab 13 Beda-bedaning Raos

Amratelakakên ingkang dados sabab bedaning raos, tuwin pangraos, anggènipun tansah anyakra pagilingan ing sadintên-dintênipun, miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Manawa wayah jam 2 bêngi, iku lagi nêdhêng-nêdhênge masa adhêm, sarupaning hawa, apadene kumaraning jagad iki padha pupul kabèh, pupuling kumara iku anuwuhake têntrêming pangambu, pangrungu, pandulu. Mulane mangkono awit durung padha kêtaman sarining jagad iki kabèh, pôncadriya ing masa iku isih maligi apa saanane dhewe-dhewe, maligining pôncadriya kawawa amêningake panon, wêninging panon kawawa anêntrêmake karsa, têntrêming karsa angantêngake urubing pramana, antênging urub amimbuhi prabawaning cahya pramana, prabawaning cahya kawawa amimbuhi dayaning mani iya iku

--- 57 ---

anggone anucèni gêtih, sucining gêtih kawawa amimbuhi dayaning salira, dayaning salira kawawa mawèh adhêming pangrasa, ayêmingadhêming. pangrasa anuwuhake panggraita, tumêkane wayah jam 3 wêngi saya wimbuh, barêng tumêkane wayah jam 4 wêngi kongsi jam 6 esuk, kabèh kang padha pupul mau ngawiti amèr, nanging êmpaning pangrasa wus prasasat ora beda, ananging kang kacaritakake ing dhuwur iku, cipta kang ora kawoworan ardaning angkara murka sapêpadhane.

Tumêkane jam 7 esuk, prabawaning bagaskara wus angawit-awiti panas, sarupaning sari hawaning jagad wus padha tumular, rasaning pôncadriya wus padha pêncar, ananging wêninging panon isih muncar, rasa pangrasaning angga nêdhêng-nêdhênging mêgar, êmpaning karsa ngawit-awiti tumangkar, utawa wigar urubing pramana isih antêng, mulane durung duwe upakarti ruwêt rêntêng, barêng tumêkane jam 8 esuk, uga ana undhake sawatara, apadene barêng tumêkane jam 10 iya saya wimbuh undhake, ananging êmpaning pangrasa wus ora beda, ewasamono ing wayah mau manawa panuju kataman dening tancêp martaning cipta, kang mêsthi rasa pangrasa kawawa pulih kaya wayah jam 6 esuk, tumêkane wayah jam 11 awan, dayaning pêpanas angawit-awiti bantêre, tumanduking hawa sarining bumi saya akèhe, pêncaring pôncadriya sangsaya ngrêbda,

--- 58 ---

wêninging panon wus mari muncar, êmpaning karsa saya tumangkar, urubing pramana wus mari antêng, rasa pangrasa anduwèni ruwêt rêntêng, barêng tumêka jam 12 awan, sangsaya andadi, tumêkane jam 1 utawa jam 2 wus prasasat padha bae, dene ing wayah iku manawa katancêban cipta marta iya suda, yèn kataman ardaning angkara iya ngrêbda.

Tumêkane jam 3 awan, dayaning pêpanas wis ngawiti suda bantêre, wêninging panon angawit-awiti muncare, êmpaning karsa sirêp tumangkare, urubing pramana wus angawit-awiti antênge, barêng tumêka jam 4 saya wimbuh, tumêkane jam 5 utawa jam 6 sore wus prasasat padha bae, ananging wayah iku, saupama katancêban utawa kawuwuhan dening cipta arda angkara, rasa pangrasa yêkti bali kaya wayah jam 12 awan mau, manawa katancêban cipta marta sayêkti amimbuhi katêntrêmane, ananging sarèhning wanci iku arêp anampani pêpêting wêngi, dadi êmpaning rahsa pangrasa sêmu sulêg.

Tumêkane wayah jam 7 sore, dayaning pêpanas wus padha sirna, pêncaring pôncadriya sangsaya suda, wêninging panon sangsaya muncar, êmpaning karsa saya wimbuh sarèh, urubing pramana saya wimbuh antênge, barêng tumêka wayah jam 8, jam 9, 10 bêngi rasa pangrasa wus suda ruwêt rêntênge, dene ing wayah iku saupama kataman tancêbing cipta arda angkara, sayêkti

--- 59 ---

bakal bali kaya ing wayah jam 3 sore mau, manawa katancêban cipta marta saya wimbuh.

Tumêkane wayah jam 11 bêngi, pôncadriya wus maligi sakodrate dhewe, wêninging panon wimbuh muncare, êmpaning karsa wus lêrêm, urubing pramana saya jênjêm, barêng tumêka wayah jam 12, 1 bêngi rasa pangrasa wus ilang ruwêt rêntênge, nganti tumêkane wayah jam 2 bêngi iku wus bali kaya kang wis kapratelakake ing dhuwur mau.

Mungguh beda-bedaning rasa pangrasa, kang padha katancêban arda utawa marta, iku anduwèni wahana dhewe-dhewe, pratelane kaya ing ngisor iki.

Kaya ta grênêging cipta kang marang candhala murka sapêpadhane, yèn kongsi andadi, sayêkti kawawa tumanduk marang ing panon, yèn wis tumanduk ing panon, banjur katarik dening wêtuning napas, wêtuning napas banjur katampan ing swasana, swasana iku kang kawawa amratelakake, ing sajagad iki kabèh, ana umanjing ing manungsa, ana kang marang kewan, sawênèh marang thêthukulan, apadene marang sato-sato sapêpadhane, kabèh sarupane kang padha katitipan sarahsaning cipta candhala murka iya mahanani candhala murka, marang kang anitipake mau, kaya ta manungsa kang sinêngitan dening wong akèh apadene cinakot ing sato kewan, kang sarta karubuhan [karubuh...]

--- 60 ---

[...an] kayu sapêpadhane, kang mêsthi saka mangkono mulabukane.

Mulane Bagawan Yogiswara ing Mamênang, bangêt gone amêling, têmbunge mangkene, hèh para siswaningsun, dirikat gonmu padha angruwat sarupaning grênêg kang marang candhala murka, aja kongsi bisa tumanduk ing pêpanonira, awit grênêg kang wus tumanduk iku, kayadene papan kang wus tinulis, sanadyan tibaa ing ngêndi-êndi, iya wus ora bisa mingsêt surasane, iku kang binasakake tôndha patra liru nama. Beda grênêg cipta kang wêlas asih, iku yèn kongsi andadi, iya bisa kawawa tumanduk marang ing panon, yèn wus tumanduk ing panon iya kêtarik dening wêtuning napas, wêtuning napas iku banjur kêtaman swasana, sabab swasana iku kang kawawa amratakake ing jagad iki kabèh, ana umanjing marang manungsa ana kang marang sato kewan, apadene sarupaning thêthukulan, sapêpadhane, sarupane kang padha katitipan cipta kang marang wêlas asih kang supaya antuk sih kawêlasaning jagad iki kabèh.

Bab 14 Wêwahan

Paedahing Badan

Anyariyosakên upakarti ingkang dados paedahing badan, miturut suraosing wêwarahing sêrat pêkih, pangarangipun Kangjêng Nabi Mukhamad, narendra ing tanah Arab,

--- 61 ---

ingkang sampun kinarang dening Sang Prabu Anyakrakusuma, Kangjêng Sultan Agung ratu binathara ing nuswa Jawi, têmbungipun makatên.

Kangjêng Nabi Mukhamad iku manungsa waskitha, sarta ora pêdhot gone mardi budi, tur parama ing ngèlmu kodrat, mulane amacak pustaka, wêwarah upakartining raga marang sarupaning manungsa ing jaman Asiyha, kang padha antuk panasing srêngenge, awit bumi ing tanah Asiyha iku bangêt panase, yèn tinimbang karo jaman kang padha kapering kalawan sirating srêngenge, mungguh wulang pangruktining raga mau prêlu bangêt, ingatase jalma ing jaman panas, amarga dadi sarana pêpulihing jiwa kang tansah sumaring ing sadina-dina iku, kayadene urub-urubing diyan, kang lêngane amung pancèn kanggo sawêngi, saka kagêdhèn urube kang mêsthi andadèkake gêlising asat lêngane, asating lênga urubing diyan tumuli sirna, uriping urub mau beda karo yèn diupakara pinurih samadya bae, kang mêsthi lêngane kanggo sawêngi, pirabara kanggo luwih satakêre, mangkono pralambanging jiwa, kang ngumandhang ana ing raga iki, ing nalika jam 3 wêngi, tumêkane jam 5 esuk, lumrahing jalma jamaning tanah panas, jiwane isih padha pupul, sarining jiwa durung kawawa padha jêbus saka ing raga, isih lêstari gone manukma ana ing gêtih, manawa wus tumêka antaraning wayah bangun raina, iku jiwa wis awit amèr, ing kono

--- 62 ---

wêwarahing agama rasul, padha andikakake sêsuci kalawan banyu, utawa adusa jinabat pisan, paedahe mangkono mau amulihake pupuling jiwa kang awit amèr, sarampunge sêsuci tumuli pinurih sêmbahyang diarani salat subuh, paedahe salat subuh iku rong prakara, kang dhingin, anglêmêsake otot kang padha tumanduk ing badan iki kabèh, awit otot kang padha kaku iku ora nglastarèkake lakune gêtih, gêtih manawa kurang lêstarine lakuning gêtih ora kawawa mawèh adhêming panon, panon iku manawa kurang adhême panase kawawa nartani ilining gêtih kang padha lumaku ana laladaning utêg, gêtih kang wus panas mau tumuli anjog umanjing ing jantung, sumuking jantung nalika kataman dening panasing gêtih kawawa ngalumake mani, aluming mani têmah ora kawawa mawèh sukci, wijiling gêtih kang panas mau tumuli tangkar-tumangkar tumulare angga iki kabèh, wêkasan dadi lara panas, beda karo otot kang ajêg lêmêse, kang mêsthi adoh lêlarane, manungsa kang adoh lêlarane iku manawa ora kêna sambekala adat dawa umure, awèt santosane, ing wayah jam 12 awan, kodrating jiwa lagi nêdhêng amère, ing wanci iku wêwarahing agama rasul, padha kinèn asêsukci, kayadene ing wayah bangun, kang mangkono iku paedahe anyênyuda [anyê...]

--- 63 ---

[...nyuda] amèring jiwa, sêmbahyange ing wêktu iku diarani salat luhur, paedahe iya kaya ing dhuwur iku mau. Tumêka wayah jam satêngah papat, ngasar kodrating jiwa wus angawit-awiti pupul, amarga wus kataman ing hawa adhêm, ing wanci iku wêwarahe agama rasul, padha kinèn asêsuci kayadene wayah kang wus kapratelakake ing dhuwur mau, paedahe ngrikatake pupuling jiwa, sêmbahyange ing wêktu iku diarani salat ngasar, paedahe iya kaya ing dhuwur mau. Ing wayah sirêping srêngenge, kodrating jiwa wimbuh pupule, ing wanci iku wêwarahing agama rasul, padha kinèn asêsuci kayadene kang wus kapratelakake ing dhuwur mau, sêmbahyange ing wêktu iku diarani salat mahrib, paedahe uga kaya ing dhuwur mau, tumêkane saantaraning wêngi kalawan rina, kodrating jiwa wus nêdhêng pupule, amarga kataman dening daya kang sangsaya adhêm, ing wanci iku wêwarahe agama rasul, padha kinèn asêsuci kayadene kang wus kapratelakake ing dhuwur mau, sêmbahyange ing wêktu iku diarani salat ngisa, paedahe kaya ing dhuwur mau.

Ing saupama manungsa kang padha dumunung ana ing tanah panas iki, môngka kongsi kurang panguktining badan kang mêsthi cêpak lêlarane, wong cêpak lêlarane mau adat ora bisa dawa umure, dadi wêwarahe agama rasul mau têtêp amurih rahayuning

--- 64 ---

sarira, kang supaya awèt kasantosane gone padha dadi kêkandhanganing jiwa, awit jiwa kang ora kalong-longan sarirane, iku ing têmbe têkane jaman kamuksan, ijih wutuh titipaning trimurti.

Kang wus kasêbut ing dhuwur mau wêwarah pangruktining raga ing mêngko ana wêwarahing agama kang tumrap marang upakartining cipta, lire mangkene.

Kaya ta cipta kang pinuju arda, têgêse ngumbar karsa kang akèh-akèh, iku sabab amèring jiwa, malah angungkuli nalika ginêbug ing masa panas mau, mulane wêwarahe agama rasul, ing sajrone sêmbahyang utawa sawise, pinardi aja kongsi pêdhot pujine, dene paedahe pêpuji iku mau anglêmpêrake tumangkaring karsa kang akèh-akèh, tumangkaring karsa iku manawa sirêp kang mêsthi kawawa mawèh martani cipta, kawasa ngumpulake jiwa, sapêpadhane kayadene raga kalawan adhêming banyu iku.

Bab 15 Gumêlaring Siti

Anyariyosakên gumêlaring siti, ing sakubênging donya miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang têmbungipun makatên.

--- 65 ---

Gumêlaring bumi kang padha dumunung sajroning jagad iki kèhe têlung gotra, wêrdine têlung golongan, kang sagotra dumunung ana jagad sisih lor, diarani atas angin, kang sagotra dumunung ana têngah, diarani tadhah angin, kang sagotra dumunung ana kidul arane uga atas angin, dadi sagotraning bumi kang têngah mau kauripane saka antuk dayaning angin, rong prakara, saka jagad kang lor, utawa jagad kang kidul.

Ing jaman samêngko bumi têlung gotra mau binage dadi têlu, siji diarani bumi Eropah, 2. diarani bumi Aprikah, arupa bumi banyu, manawa ing têmbung Jawa diarani sagara jinêm, yèn têmbung Lônda diarani nurpul. Dene sagotraning bumi têngahing samêngko diarani Asiya, manawa têmbung Jawa diarani madyapada, mulane madyapada mau ora kaperang dadi loro utawa têlu, marga saka ciliking bumi, dene sagotraning bumi kang kidul, uga kaperang dadi têlu, 1 bumi Amirikah, 2. bumi Ostroliyah, 3. arupa bumi banyu, ing têmbung Jawa isih diarani sagara jinêm, yèn ing têmbung Walônda diarani pul, surasane layang Darmasonya iya wus anyatakake manawa bumi kang tuwuh ing jagad iki kèhe pêpitu, kalêbu sagara jinêm loro mau.

--- 66 ---

Mangkono uga kang padha dumadi ana ing jaman têlung gotra mau, wahananing watêk kang sarta budayane, kang mêsthi beda-beda, kaya ta: jalma kang tuwuh ana jaman atas angin kang lor wêwantuning watêk apadene têpaning kabudidayan, iya beda-beda karo jalma ing samadyapada, jaman madyapada, wêwantuning wêwatêkan sarta êmpaning kabudidayan, ora padha karo jalma ing atas angin kang kidul, mangkono uga para sato kewan, sasipatane kaanan iya beda-beda, mulane mangkono awit saka êmpaning sari hawa gone nartani panguripan tumrape kang mêtu saka ing tanah adhêm, kalawan tanah panas iku beda-beda, pratelane kaya ing ngisor iki.

Ing sagara jinêm kang sisih lor, antarane kono mau luwih saka adhême, mulane mangkono awit saka adoh karo sasipataning srêngenge, dadi hawaning sagara jinêm mau wus prasasat ora bisa sumaring. Ananging kang padha dumadi ana sakiduling sagara jinêm kang mêsthi isih padha dawa umure, amarga kauripan ing tanah kono iku kaananing jiwa arang amère, akèh pupule, dadi tumangkaring karsa ora pati akèh, budine mungkul sawiji, wêwatêkane sarwa tarima sarta rila lêgawa, tur adoh marang upakartining cipta drêngki, kang mangkono iku mau andadèkake sarana dawaning umur, [u...]

--- 67 ---

[...mur,] dene antarane tanah kono kang wus kapering kidul dhewe, iku wus padha kataman dening dayaning panasing srêngenge sawatara, mangkono pupuling jiwa wus kawawa amèr sawatara, tumangkaring karsa durung pati akèh, wêwatêkane dumadi ing tanah kono mau isih padha anuhoni ing sabare, kang sarta jêmbar kabudidayane.

Dene sagotraning tanah samadyapada kang sisih lor dhewe, iku wus awit kataman dening hawa panasing srêngenge, amèring jiwa wus ana wimbuhe sawatara, apadene êmpaning karsa wus tumangkar sawatara, wêwatêkane dumadi ing tanah kono mau iya isih anuhoni katêmênane, kang sarta jêmbar kabudidayane, lêpas-lêpas panggraitane, dene têtakêrane ngumur kacèke iya ora akèh, karo umur-umurane manungsa ing atas angin kang kidul dhewe, ingatase ngatas angin kang sisih lor.

Dene bumi samadyaning madyapada mau, kasipat bangêt karo hawaning srêngenge, yèn têmbung Walônda diarani lini, iku hawa panasing srêngenge luwih bantêr, dene kang padha dumadi ana ing kono jiwane tansah amèr, arang pupule, êmpaning karsa padha tumangkar, mulane wêwatêkane padha rupak-rupak, kanêpsone iya cêpak-cêpak, tuwuhing cipta kang akèh amung marang kadrêngkèn utawa panastèn, sapanunggalane, dene [de...]

--- 68 ---

[...ne] têtakêraning umur cêndhak dhewe, tinimbang karo liya-liyane, dene sakiduling bumi iku wahanane dumadi iya padha bae karo antaraning madyapada kang sisih lor.

Apadene sagotraning atas angin kang kidul, iku luwih ananing dumadi iya mèh padha bae karo ing atas angin kang sisih lor, amung pasahing kalantipan bae cêpak atas angin kidul, kalawan ing atas angin kang lor, awit atas angin kidul, iku wahanane adhêm, kacamboran dening sari pêpanasing srêngenge, yèn ing atas angin lor adhême amung kalawan sarining tirta kamandhanu, ewadene umur-umurane dawa-dawa ing atas angin ing lor, yèn mangkono lêpasing kabudidayan iku saka antaraning adhêm lan pêpanas mau amèr pupule jiwa tansah sêdhêng, ora kaamèrên ora kapupulên, awit jiwa manawa kapupulên ora kawawa anuwuhake graita, wêkasan dadi bodho, yèn kaamèrên kawawa anuwuhake karsa kang akèh-akèh, karsa iku manawa nganti tangkar-tumangkar kawawa anuwuhake angkaraning budi, budi angkara mau mahanani cipta drêngki.

Bab 16 Sarining Cêcamboran

Anyariyosakên sarining cêcamboran ingkang anartani

--- 69 ---

daya panggêsangane sawêrnining têtuwuhan, ing jaman ngarcapada sadaya, têksih miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Bagawan Yogiswara, ing Mamênang têmbungipun makatên.

Mungguh sarining bumi kang padha cêcampuran iku, pratelane mangkene.

Ingkang alus-alus dadi sarana panguripaning thêthukulan, apadene amimbuhi daya pikuwating manungsa, kang sarta sato kewan, sapanunggalane, dene kang kasar diarani ampak-ampak utawa pêdhut, wêtuning ampak-ampak lan pêdhut mau ing sadina-dina tansah kêndhat, ananging kang kêna tinonton ing akèh amung yèn wayah bangun esuk, amarga durung kêna daya panasing srêngenge, môngka pêdhut utawa ampak-ampak iku manawa kêna dayaning srêngenge padha kawawa amèr, amèring pêdhut lan ampak-ampak mau, kawawa mêsat ngumandhang ana madyantara, barêng wus ana kono yèn ing môngsa adhêm, pêdhut lan ampak-ampak iku mau kawawa pupul, pupuling pêdhut lan ampak-ampak, têmah andarbèni daya panggèndèng kawawa anarik banyu kang padha ngumandhang anèng swasana, barêng banyu wus kakênan dening daya panggèndènging pêdhut lan ampak-ampak, tumuli amor sawujud katon amêtêngi bawana, iya iku kang diarani jaladara utawa mêndhung, mêndhung iku manawa kêna dayaning pêpanasing srêngenge,

--- 70 ---

sarta daya bantêring maruta, kang mêsthi kawawa amèr, amèring mêndhung iku dadi banyu, ing têmbung Jawa banyu kang tiba saka madyantara iku diarani udan.

Ambalèni sari-sari kang kawawa anartani panguripaning thêthukulan iku mau, pratelane mangkene.

Sari kang padha nguripi thêthukulan iku, wênang diarani trimurti, utawa tripurusa, mulane diarani mangkono, awit adon-adoning sari têlung prakara, siji sarining panas, loro sarining adhêm, kaping têlu sarining angin, iya iku wijining sari cêcamboran, anadene manèh mulane sari camboran têtêlu iku diarani tripurusa, sabab gone anduwèni daya panggèndèng kawawa anêsêp sarining bumi, dadi sarining bumi ing sadina-dina tansah sinêsêp dening tripurusa tanpa kêndhat, mulane kabèh sarupaning thêthukulan iku undha-usuking kaanane, marga kang dadi sabab lêmah sarta wijining thêthukulan, mungguh pratelane mangkene.

Kaya ta thêthukulan kang padha tumuwuh ing lêmah ladhu utawa papan pagunungan, iku kang mêsthi bisa subur godhonge, lan gêlis lagang uwite, kang mangkono iku sabab saka gêronggonging lêmah, dadi nêsêping sari luwih gampang, beda thêthukulan kang padha tumuwuh ana ing lêmpung utawa padhas, iku kang mêsthi bungkik godhonge, tur bajang uwite, kang mangkono

--- 71 ---

iku sabab saka rapêting lêmah, dadi panêsêping sari amung sawatara olèhe, iku pratandhane, dene sari kang padha anartani uriping thêthukulan, pratelane mangkene.

Kang dhingin sari gêni, kaping pindho sarining banyu, kaping têlu sarining angin, kaping pate sarining bumi, sari patang prakara iku wijange mangkene.

Kang dhingin sarining lêmah, iku bakal kawawa mahanani uwiting kayu, sarta oyot kang padha tumuwuh, kapindho sarining gêni, banyu, angin, iku bakal mahanani godhong kêmbang lan uwoh, sarupaning thêthukulan iki kabèh, pratitise thêthukulan wit kamplong, sarta gêdhang sapanunggalane, mungguh adon-adoning wiji kaduk sarining banyu lan angin, sarining gêni padha nisih ana ing jaba bae, mulane thêthukulan kang padha gombong iku samôngsa dipêrês kang mêsthi mêtu banyune, wahananing banyu iku adhêm, kêna uga kinarya ngombe panulaking pêpanas, beda lan thathukulan kang wite rêntêt adon-adone wiji kaduk sarining gêni, lan bumi, dene sarining banyu lan angin padha sumisih ing pinggir, marmane thêthukulan kang rêntêt iku kang mêsthi padha santosa wite suwe patine, beda karo thêthukulan kang wite gombong iku kang mêsthi pêpês apês sêmpalan tur gêlis patine.

--- 72 ---

Mangkono uga pralampitane ngaurip iku iya padha uga lan tuwuhane thêthukulan, mangkene têmbunge.

Manusa iku kang minôngka uwit, jiwa kang minôngka oyot, cipta kang minôngka êpange, tanduking graita, kang minôngka godhong, êmpaning karsa, kang minôngka kêmbang, pêncaring pôncadriya, kang minôngka uwoh, kaananing rahsa, kang minôngka tansah anjurungi karsa ardaning budi angkara, iku pralampitane kayadene thêthukulan kang tansah kapanasan ing sadina-dina, môngka tan antuk udan, kang mêsthi godhonge padha alum, aluming godhong lawas-lawas katêmahan padha gogrog, gogroking godhong wite sayêkti ngarang, ngaranging uwit iku têmahan bêrbêg banjur tumiba ningnèng. bumi.

Beda kalawan manungsa kang nancêpake cipta marta wêlas asih, iku pralampitane kayadene thêthukulan kang tansah kataman ing udan, sarta dèn ruktèni sakiwatêngêne, kang mêsthi godhonge padha katon ngrêmbaka sarta sêgêr, sêgêring godhong kawawa anuwuhake sêmi, sêmi kawawa mahanani kêmbang sarta uwoh kang padha andadi, tuwuhing uwoh iku mratandhani kabèh sato kewan kang sarwa rumangkang, apadene jalma manungsa kang padha andulu, kang mêsthi kapidêrêng kapengin ngundhuh woh kang èdi rupane, lawan enak rasane, kang arum gandane, mangkono pralampitane jalma kang agung nêcêp cipta marta wêlas asih.

--- 73 ---

Bab 17 Upakartining Sêsakit

Anyariyosakên upakartining sêsakit, têksih miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Êmpu Yogiswara, ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun mênggah manungsa punika anggènipun nandhang sêsakit punika witipun saking kalih prakawis.

1. Sakit saking angin.

2. Sakit saking latu.

Sadaya wau tuking sêsakit dumunung wontên ing jantung, pramila jantung wau dados tuking sêsakit, awit gêsanging raga kita punika muhung jantung purwanipun wontên, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Mênggah jantung punika andarbèni bolongan tiga, satunggal pêrnah wontên ing kiwa, satunggal pêrnah wontên ing têngên, ingkang satunggal ing têngah, tigang bolongan wau sami tumanduk dhatêng utêg sadaya, ingkang têngên kawawa ngudalakên latu, ingkang kiwa kawawa ngudalakên angin, ingkang têngah kawawa ngudalakên toya, inggih punika toya saking karingêting pramana, ingkang anartani dados gêsanging raga kita punika, manawi sami udalipun, saèstu raga kita punika botên andarbèni sêsakit [sê...]

--- 74 ---

[...sakit] punapa-punapa, bilih agêng salah satunggal, punika saèstu andarbèni sêsakit kawontênanipun dhatêng raga, saupami kagêngên udaling latu, ingkang tamtu andamêl sêsakit panas, mêngah jampènipun, ingkang saking upakartining manah, kêdah nancêbakên cipta marta wêlas asih, manawi jampi ingkang mawi sarana, punika gêgodhongan ingkang adêg asli toya, kaunjuk utawi kaborèhakên sarira, ingkang tamtu saras sakitipun, mênggah gêgodhongan ingkang adêg asli toya wau sampun kapratelakakên ing bab kaping 16, bilih ngantos kaladukên udaling angin, môngka tumanduking utêg, punika andadosakên sêsakit ngêlu, utawi watuk, manawi sumusup ing wadhuk têmahan dadosakên sakit mulês, utawi sênêp, mênggah jampènipun ingkang saking upakarti manah ugi anancêbakên cipta marta wêlas asih, bilih jampi ingkang mawi sarana, pundi prênahing sêsakit kinêrokan, utawi kajampenan ingkang sarwa panas, sabab angin punika anggènipun andarbèni sêsakit awit saking pupu dados botên lêstantun lampahipun, manawi kenging pêpanas utawi kinêrokan, punika lajêng lêstantun lampahipun, bilih gêgodhongan ingkang kadamêl jampi, amiliha gêgodhongan ingkang adêg asli srêngenge, ugi sampun kapratelakakên ing bab 16, ananging sêsakit punika anggènipun [ang...]

--- 75 ---

[...gènipun] warni-warni, margi saking tatêdhan, saupami manungsa punika botên nênêdha, inggih botên andarbèni sêsakit, awit tatêdhan punika adamêl rêndhêt lampahing latu angin toya wau, dados kawawa ewah gingsir lampahipun.

Wontên malih manungsa ingkang nandhang sêsakit tatu, kados ta bubrah kowak korèng sapanunggilanipun, punika amargi saking andarbèni manah drêngki, môngka kadrêngkèn punika adamêl rêgêding êrah, êrah wau manawi rêgêd, kawawa anjêbus saênggèn-ênggèn, têmah andadosakên sêsakit kados kang kasêbut ing nginggil wau, mênggah jampènipun ingkang mawi sarana kasirama toya wantah, têgêsipun toya sagantên, botênipun inggih toya lèpèn, ananging ingkang makatên wau manawi botên sagêd angruwat kadrêngkèning panggalih saèstu botên sagêd saras, sanadyan sarasa ing wingking tansah tuwuh sêsakitipun.

Manawi wontên manungsa cinokot sawêr, sarta kaêntup ing tawon, kalajêngking sasamènipun, bôngsa wisa sadaya, môngka lajêng pêjah, punika sampun tatela andarbèni kalakuan angkara murka ingkang sakalangkung sangêt, ngantos angêbêki badan, têgêsipun rêmên adamêl pitênah sasamining tumitah, punika botên wontên jampènipun, margi saking lêpat raosipun piyambak.

--- 76 ---

Wondene manawi manungsa kacakot sawêr kang sarta kaêntup samining bôngsa wisa, ananging botên andarbèni kalakuan angkara murka, punika jampènipun ingkang saking upakartining manah, asarana ngampêt ambêgan, salêbêtipun têksih cinakot, utawi kaêntup wau, ngantos saicalipun raosing sêsakit, punika saèstu botên tumama wisanipun, makatên ugi kenging latu, utawi dêdamêl, jangji botên ambêkan, saèstu cabar kamandènipun, ingkang makatên wau sadaya, daya wisa punika sagêdipun malêbêt dhatêng sarira, katarik saking lêbêting napas, makatên purwanipun, wondene jampènipun, gêgodhongan ingkang winastanan bolu bang, utawi papasan, kaunjuk sarta kaborèhakên saèstu sagêd saras, sabab gêgodhongan kalih warni wau, dados panyabaraning wisa, pramila manawi wontên sawêr botên sagêd nêdha wohing papasan tuwin bolu bang, saèstu limprêk-limprêk, tanpa daya, amargi saking kêkathahên wisanipun, bilih angsal tatêdhan wau lajêng trêngginas polahipun, sawêr ingkang kêsit punika mratandhakakên manawi sampun cabar wisanipun, sanadyan nyakota botên mandi, bèntên kalihan sawêr lêmpe, sawêr banyu, punika manawi purun nyakot manungsa saèstu mandi, margi wisanipun ampuh, awit labêt saking botên sagêd nêdha wohing papasan utawi [uta...]

--- 77 ---

[...wi] wohing bolu bang. Mila makatên margi sawêr kalih warni wau anggènipun manggèn wontên sapinggiring sagantên utawi rawa.

Botên angêmungakên sawêr kemawon, manawi kêkathahên wisa têmah lêsah tanpa bayu, sanadyan manungsa ugi makatên, ananging wisaning manungsa punika bèntên kalihan wisaning sawêr, yèn sawêr pundi ingkang cinakot andadosakên sangsara, dèntên wisaning manungsa punika kawawa ambucal sawarnining sêsakit.

Mênggah wisanipun manungsa wau, anggènipun botên katingalan sarintên dalonipun punika, awit anggènipun kêrêp nanêdha, dados têmah adamêl cabaring wisa, dèntên manawi botên nêdha, punika saèstu manawi agung wisanipun.

Bab 18 Upakartining Pêjah

Anyariyosakên upakartining pêjah, têksih miturut suraosing Sêrat Darmasonya, pangarangipun Êmpu Yogiswara ing Mamênang, têmbungipun makatên.

Wiyosipun, mênggah anggènipun dados sabab manungsa pêjah punika, purwanipun saking jantung, awit jantung wau sampun têtela bilih andarbèni bolongan têtiga, kados ingkang sampun kapratelakakên ing bab 17.

Manawi wontên manungsa pêjah jalaran anggènipun nêdha woh-wohan [woh-...]

--- 78 ---

[...wohan] utawi lombok sasamènipun, punika têtela jantung ingkang kenging hawaning tatêdhan, têmahan botên kawawa angudalakên tuking latu tuwin toya, kang awit bolonganing jantung mingkup, kapêpêtan hawa tatêdhan saking jawi, môngka toya angin latu punika bôngsa lumampah, dados kawawa lajêng ngangkat rungkating pramana, ingkang wontên salêbêting jantung, manawi pramana sampun rungkat saking panggenan, saèstu kita punika lajêng pêjah, pêjah ingkang makatên wau sukmaning êrah saèstu botên sagêd kukut dhatêng pramana malih, satêmahan kantun sami sagêd gêsang piyambak-piyambak, pratandhanipun makatên, biyung tolung sirah galundhungan saminipun, bôngsa lêlêmbat punika kadadosan saking sukmaning êrah ingkang sami kantun wau.

Bèntên akalihan manungsa ingkang sampun kasêbut pandhita, manawi badhe racut kadonyanipun, punika manawi angêtrap pangruktining raga makatên.

Kados ta, I. angrèh raga, botên mebah botên musik, supados sampun adamêl kèndêl dhatêng lampahing roh rahmani, II. angracut pôncadriya, supados anilar satunggal panggônda, kalih pamiyarsa, tiga pangandika, sakawan paningal, gangsal pangraos, ingkang makatên wau pininta sagêda wangsul dhatêng pramana malih, III. anglêrêmakên êmpaning karsa, sampun ngantos anuwuhakên panggagasing panggalih, [pang...]

--- 79 ---

[...galih,] pamrihipun adamêl maligining pramana, IV. anyarèhakên napas, utawi anjing wêdaling napas wau kaajêgna, pamrihipun supados angantêngakên pramana, V. angêningakên cipta, pamrihipun supados adamêl sukcining pramana.

Manawi sampun ngangge upakarti ingkang makatên punika wau saèstu Hyang Pramana kawasa ngukut sagunging sukma, ingkang sumusup ing êrah sadaya, inggih punika ingkang sami kawastanan, roh rahmani, bilih manawi sampun racut dados satunggal wontên ing jantung, punika pramana lajêng agung kawasanipun, awimbuh prabawanipun, manawi sampun makatên manungsa punika, prasasat botên pêjah, amung santun alamipun kemawon.

Ing mangke anyariyosakên alam kaalusan, mênggah kathahipun tigang golongan, alam kaalusan punika wau, ingkang minôngka siti swasana. Manawi têmbung Sangsêkrita alam têtiga wau dipun wastani, janaloka, endraloka, guruloka. Dene manawi têmbung Arab, dipun wastani betalmakmur, betalmukaram, betalmukadas.

Mênggah alam têtiga wau, satunggal-tunggalipun binage dados tiga, ingkang sabagean êlêt tigang atus pandulu, ing ngriku sami alamipun bôngsa alus-alus, ing sagêgolonganipun piyambak-piyambak.

Wiwit kapisan ing alam janaloka, manawi ing têmbung Arab kawastanan [ka...]

--- 80 ---

[...wastanan] betalmakmur, mênggah pratelanipun makatên, kaalusan tundha kapisan, punika alamipun bôngsa kamawurung, têgêsipun wiji ingkang kirang langkêp, abên-abênanipun trimurti, kados ta manungsa ingkang sampun katingal mêtêng môngka têrèk, punika ugi sampun dados wiji ananging saèstu kirang ing kawujudanipun, kados ta sawêg ana sirah, punapadene sawêg ana gêmbung sasamènipun, ewadene ingkang makatên wau sami sagêd gêsang ing kawontênanipun.

Ing alam ingkang sampun kasêbut nginggil wau, sakathahing wiji ingkang dumunung ing ngriku, sadaya sami anandhang cacat, punapa malih botên wontên ingkang botên gêndhak sikara, sadaya sami damêl sikara, ingkang makatên wau margi saking kirang abên-abênanipun trimurti. Ing kaalusan tundha kalih, punika têksih salêbêting alam janaloka, ugi ing betalmakmur, punika alamipun para parayangan, pêri, jim, sasamènipun, ingkang dipun wastani makatên wau sadaya kama salah, têgêsipun kama ingkang botên katampèn dening baganing biyung, kados ta manawi manungsa pinuju tilêm, môngka kawawa anarik wiji, wêdaling kama saèstu dipun saranani saking supêna sacumbana, punika wiji lajêng kawawa gêsang dumunung wontên alam kaalusan ingkang tundha kalih, punika wau ing ngriku pagolonganing bôngsa alus ingkang botên mawi cacat, ananging

--- 81 ---

mênggah gêndhak sikaranipun sami kemawon kalihan ingkang sampun kasêbut ing alam tundha kapisan wau.

Ingkang alus tundha tiga, punika dipun wastani alam sonyaruri, ing ngriku ingkang kawasa murba amisesa salêbêting alam janaloka wau, angrèh sagunging jim pêri parayangan, inggih punika kratonipun Sang Bathara Ismaya, ingkang sampun kacariyosakên ing Sêrat Paramayoga.

Ing salêbêting alam endraloka, manawi têmbung Arab dipun wastani betalmukaram, ingkang sami tigang kaalusan, tataran kaalusan ingkang kapisan, punika alamipun manungsa, ingkang sampun badan alus, mênggah kalakuan ing kadonyanipun manungsa ingkang makatên wau kalêbêt sêdhêng, têgêsipun botên marta botên murka, inggih punika ingkang kasêbut botên asor botên luhur.

Tataran kaalusan tundha kalih, têksih salêbêting alam endraloka, ugi betalmukaram, punika alamipun manungsa ingkang sami angêgungakên tancêbing cipta marta wêlas asih, ing ngriku mênggah tataranipun kalihan manungsa ingkang limrah.

Kaalusan tundha tiga, punika alam panggenanipun para pandhita, ingkang sami angêgungakên pujabratanipun, manawi narendra ingkang limrah budinipun, punika ugi sagêd anunggil sapanggenan kalihan para pandhita.

--- 82 ---

Ing salêbêting alam guruloka, manawi ing têmbung Arab dipun wastani betalmukadas, punika ugi sami tundha tigang kaalusan.

Ing kaalusan kapisan, manawi ing jaman purwa winastanan ing tenjomaya, punika alamipun para satriya, utawi para nata, ingkang sami angêgungakên pujabratanipun, sarta ingkang tansah anancêpakên cipta marta wêlas asih, inggih punika lêrês-lêrêsing panggenan.

Ing kaalusan tundha kalih, punika manungsa ugi sagêd angambah ing alam ngriku, ananging manawi sampun sagêd saupakartining para nabi, awit ing ngriku alamipun para nabi.

Ing kaalusan tundha tiga, punika alam pungkasan, ing ngriku manawi manungsa sagêd angambah nunggil ing alam punika, saèstu wangsul duk purwanipun trimurti.

Tamat

--- 0 ---

Katrangan isinipun Sêrat Widyakirana

Bab ... Anyariyosakên ... Ing kaca

Bêbuka ... 3 / 1. Bêbukaning bawana ... 5 / 2. Kasidan jati ... 10 / 3. Wêwijanganing wiji ... 15 / 4. Kodrating cêcamboran ... 18 / 5. Babaring kawontênan ... 23 / 6. Dumadining manungsa ... 28 / 7. Wijanging wiji kang dumadi ... 31 / 8. Tarbukaning wiji ... 35 / 9. Wimbuhing pangraos ... 39 / 10. Miraos upakartining raga ... 43 / 11. Upakartining otot ... 47 / 12. Kawontênaning pramana ... 53 / 13. Beda-bedaning raos ... 56 / 14. Paedahing badan ... 60 / 15. Gumêlaring siti ... 64 / 16. Sarining cêcamboran ... 68 / 17. Upakartining sêsakit ... 73 / 18. Upakartining pêjah ... 77

--- 0 ---

Tjetakan jang ke 7 bahasa Melajoe.

Kitab ADJI ASMARAGAMA

Kitab ini menerangken dari hal Ilmoe atau tjara sopan santoennja orang bersetoeboeh agar soepaja beroleh toeroenan jang Oetama dan Sempoerna.

Ini Adji Asmaragama, ada diberikoeti Djapanja (mantram) dan djoega Adji Asmarasabda, Asmara-Tjipta, Asmara-wanita dan Asmaratantra, satoe-satoenja ada berikoet mantramnja dengan ketrangan tjacanja mempergoenaken dengan djelas, hingga pada siapa jang soenggoeh hati, pake ini peladjaran dapet apa jang dimaksoedkan dengan sempoerna.

Di tambah gambar-gambar seperti dibawah ini:

1. Sanghiang Goeroe medjang Ilmoe pada Raden Ardjoena.

2. Raden Ardjoena bertapa digoda para Widadari.

3. Raden Ardjoena dengan Dewi Soepraba.

4. Dewi Soepraba kasi taoe dimana tempat Rahsjanja prempoean toeroet djalannja tanggal.

5. Raden Werkoedara menggenggam Goenoeng diibaratken orang jang telah sempoerna boedinja.

6. Raden Werkoedara Rohnja mendjadi lintang Bomosakti (kaliserajoe).

Inilah perloe roemah tangga bersedia!!

Harganja F. 0,40 franco F. 0,10. Rembours tambah lagi F. 0,45.

Djoega ada sedia jang pake hoeroef Djawa bahasa Djawa, namanja serat KAWROEH-SANGGOMO, harganja F. 0,50 franco F.0,13. Rembours tambah F. 0,45.

DJAMPI GHAIB.

Sangat perloe goena peladjaran doekoen-doekoen Djawa!!

HOEROEF DJAWA

Jaitoe Serat DJAMPI-GAIB, karangannja Sang Jogi Kangkara Kresna, Pandita dari Hindoestan, bahasa Djawa hoeroef Djawa; Isinja seperti terseboet:

1. Beboeka, 2. Pratikel adeking badan, 3. Pratikel manawi djampeni, 4. Pilah-pilahipoen manawi djampeni, 5. Angeningaken tjipta, toemrap djampeni tijang sakit.

Harganja tjoema F. 0,50 franco F. 0,10. Rembours tambah F 0,45.