Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Rônggawarsita kepada Winter, 15 Desember 1842

Katalog:Surat-menyurat Rônggawarsita, LOr 2235, c. 1836-44, #869
Sambung:
1.Purwadipura kepada Rônggawarsita, 26 Maret 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #159.
2.Rônggawarsita kepada Nyonyah Eming, 13 Maret 1836. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #615.
3.Rônggawarsita kepada Purwadipura, 26 Maret 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #160.
4.Rônggawarsita kepada Van Der Am. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #616.
5.Rônggawarsita kepada Van Der Am, 5 Juni 1844. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #617.
6.Rônggawarsita kepada Winter. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #612.
7.Rônggawarsita kepada Winter, 1 Januari 1843. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #170.
8.Rônggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #161.
9.Rônggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #162.
10.Rônggawarsita kepada Winter, 10 Juli 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #34.
11.Rônggawarsita kepada Winter, 13 November 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #166.
12.Rônggawarsita kepada Winter, 15 Desember 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #619.
13.Rônggawarsita kepada Winter, 15 Juli 1843. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #614.
14.Rônggawarsita kepada Winter, 16 Desember 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #169.
15.Rônggawarsita kepada Winter, 16 November 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #167.
16.Rônggawarsita kepada Winter, 2 Juni 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #38.
17.Rônggawarsita kepada Winter, 20 April 1841. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #156.
18.Rônggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1840. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #154.
19.Rônggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #158.
20.Rônggawarsita kepada Winter, 23 Nopember 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #618.
21.Rônggawarsita kepada Winter, 24 Januari 1843. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #171.
22.Rônggawarsita kepada Winter, 29 April 1841. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #157.
23.Rônggawarsita kepada Winter, 31 Oktober 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #164.
24.Rônggawarsita kepada Winter, 7 November 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #165.
25.Rônggawarsita kepada Winter, 8 Februari 1841. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #155.
26.Rônggawarsita kepada Winter, 9 September 1842. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #41.
27.Surat-menyurat Rônggawarsita, LOr 2235, #869. Arsip dan Sejarah | Galeri #611.
28.Winter kepada Rônggawarsita. Arsip dan Sejarah | Rônggawarsita, R. Ng. #613.

Surat Ranggawarsita kepada Tuan Winter yang berisi penjelasan arti kata-kata sukar dalam bahasa Jawa, misalnya kata ugem, antas, arip-arip, akol-akol, engkal, asmaratantra, osthi dan sebagainya. Adapun kata-kata lain yang belum bisa dijawab, masih akan dipikirkan, dan akan dikirimkan satu sampai dua hari lagi.

Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rônggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.

Kawula nuwun. Kawula anyaosakên wêrdinipun ing pitêmbungan ingkang dèrèng têrang, ing sapunika sampun kawula têrangakên ingkang sampun kapanggih jarwanipun kimawon rumiyin. Ingkang dèrèng kapanggih jarwanipun, sawêg kawula manah, bilih wilujêng ing sadintên kalih dintên punika kawula saosakên. Kawula nuwun mênggah ingkang sampun kapanggih wau ing ngandhap punika pratelanipun.

Ugêm. Bundhêl. Punika upaminipun tiyang wicantên. Wicarane ora kêna diugêmi, tgêsipun, wicantênipun botên kenging dipun bundhêli.

Sêrat ugêm. Tgêsipun sêrat kêkancingan.

Antas. Ruwat. Punika inggih gadhah kerata, ngantas, ngruwat, pangantas, pangruwat.

Undhi-uling, undhi kang mawi anjêmpalik. Punika dhapur dêdolanan. Wontên namanipun undhi dhapur nêstha wolu, ingkang dipun damêl janur dipun anam kados kupat. Ing lêbêt dipun isèni sela utawi banon. Punika patrapipun dipun balangakên saha ingkang ambalangakên wau mawi anjêmpalik. Manawi dêdamêl inggih wontên namanipun undhi, dhapuripun inggih nêstha wolu, ingkang dipun damêl tosan utawi waja, manawi dipun balangakên ing mêngsah anggènipun ambalangakên kalayan anjêmpalik. Punika kawêstanan undhi uling, manawi anggènipun ambalang mawi kaumbulakên, [kau...]

[...mbulakên,] kawêstanan undhi umbul. Manawi anggènipun ambalang mawi ubêng- ubêngan, tgêsipun kabalangakên mangetan mangidul mangilèn mangalèr, kawêstanan undhi gêrit.

Eredan, utawi aradan, tgêsipun sêndhalan. Punika upaminipun tiyang aradan, tgêsipun tiyang sêndhalan. Dados dede tiyang manggèn. Botên kenging katêmbungakên ngèrèd sinjang ing sampiran.

Eretan, sampenan. Punika upaminipun tiyang wicantên. Aku olèh eretan jarit. Dados punika dede sinjangipun piyambak. Têmbung anyambut amung sakêdhap. Kados upaminipun tiyang wicantên, aku ngèrèt dhuwitmu sadhela, tgêsipun aku nyarèmpèd dhuwitmu sadhela, dados têgêsipun têmbung ngèrèt punika têgêsipun nyarèmpèd, nyarèmpèd kalihan nyampe mèh sami.

Arip-arip, arêm-arêm. Punika tunggilipun pangarêm-arêm, kados ta: pangarip-arip, tgêsipun pangarêm-arêm.

Hèrthathit, hèrwulan, hèrmala, punika inggih sami bangsanipun ing sêsotya.

Akol-akol, wêrut-wêrut. Punika kados upaminipun awak akol-akol. Tgêsipun awak ingkang ototipun kathah kawêdal. Manawi kajêng, kados [ka...]

[...dos] ta: gembolipun ing kajêng jatos, utawi sasaminipun kajêng ingkang wêrut-wêrut. Punika kawêstanan akol-akol.

Engkal, bengkal. Punika upaminipun têmbung angengkal durjana, tgêsipun ambengkal tiyang awon. Tgêsipun pisan, anyirnakakên tiyang awon.

Asmaratôntra, punika yèn tiyang jalêr bedhangan kalayan tiyang estri, manawi sawêg pagêpokan kimawon. Têmbungipun kawêstanan asmaratôntra, manawi sawêg imbalan wicanten. Kawêstanan asmaranada, manawi sawêg sawang-sinawang, kawêstanan asmaratura, manawi sawêg kintun-kinintun sêrat. Kawêstanan asmaranala, manawi sampun tunggil tilêm. Kawêstanan asmaragama, sanadyan sawêg pagêpokan utawi sawêg sawang-sinawang utawi malih sawêg sapocapan. Manawi ngantos korud maninipun, awit sangêtipun ing kasmaran wau, punika kenging kawêstanan asmaragama.

Osthi, cêpêng. Punika kados upaminipun pangosthi, tgêsipun panyêpêng, kaosthi, kacêpêng.

Wonga- wonga, punika basa Kawi, tgêsipun cêmêngipun ing susu.

Andhah-andhah, asor-asor, punika kados ta: têmbung andhah-andhahan. Tgêsipun asor-asoran. Upaminipun têmbung mêngsahipun sampun kandhahan, mêngsahipun sampun kasoran.

Konjuk ing dintên Kêmis tanggal kaping 15 wulan Dhesèmbêr ing taun 1842.

Kawula nuwun. Kawula pun Ngabèi Rônggawarsita.