Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pengetan Radya Pustaka Surakarta, c. 1923-75, #116

Katalog:Pengetan Radya Pustaka Surakarta, Radya Pustaka, c. 1923-75, #116
Sambung:
1.1910-03-17 - Prajawireja kepada Kantor Radyapustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1177.
2.1911-10-04 - Ranasubaya kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1176.
3.1912-07-12 - Wirapustaka kepada Waradarma. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1182.
4.1913-04-09 - Karyarujita, Wirapustaka, Prajadireja kepada Wuryaningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1185.
5.1913-04-12 - Wirapustaka kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1184.
6.1913-06-20 - Abdi-dalem mantri onder distrik Samapura kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1179.
7.1913-06-24 - Wirapustaka kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1178.
8.1913-06-25 - Wirapustaka kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1186.
9.1916-08-15 - Wirapustaka kepada Kantor Musium. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1181.
10.1918-02-13 - Wirapustaka kepada Wuryaningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1140.
11.1920-05-00 - Prajapustaka kepada Sasradiningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1163.
12.1921-12-14 - Prajapustaka kepada Wangsanagara. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1139.
13.1922-08-12 - Prajapustaka kepada Wangsanagara. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1162.
14.1922-12-29 - Bandara Riya kepada Kantor Musium. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1180.
15.1923-03-31 - Prajakintaka kepada Wuryaningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1175.
16.1923-06-27 - Kepatihan kepada Wuryaningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1165.
17.1923-08-13 - Kepatihan kepada Wuryaningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1166.
18.1923-10-05 - Purbadipura kepada Wuryaningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1174.
19.1924-11-08 - Prajakintaka kepada Sastrasuganda. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1164.
20.1925-01-01 - Prajakintaka kepada Pangreh Paheman Radyapustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1171.
21.1926-04-23 - Jayanagara kepada Wadana Parentah Kapatihan. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1173.
22.1926-05-11 - Prajakintaka kepada Wuryaningrat. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1172.
23.1926-07-24 - Wadana Guru H.I.S. Bayalali kepada Pamugarining Pasinaon Dalang Paheman Radya Pustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1169.
24.1926-10-21 - Nitipustaka kepada Radya Pustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1170.
25.1931-05-27 - Prajakintaka kepada Gusti .... Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1195.
26.1931-10-02 - Wangsanagara kepada Pangarsa Paheman Radyapustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1188.
27.1932-03-31 - Prajakintaka kepada Gusti .... Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1198.
28.1932-04-10 - Prajakintaka kepada Gusti .... Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1200.
29.1932-04-24 - Prajakintaka kepada Gusti .... Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1552.
30.1932-12-27 - Prajapustaka kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1199.
31.1933-04-12 - Prajakintaka kepada Gusti .... Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1194.
32.1933-10-09 - Prajakintaka kepada Warga Pangreh Paheman Radyapustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1193.
33.1933-12-01 - Wangsanagara kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1192.
34.1933-12-08 - Prajakintaka kepada Kangjeng Bandara. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1190.
35.1935-01-03 - Prajakintaka kepada Panitya Kasusastran Radyapustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1191.
36.1942-09-01 - Karyarujita kepada Radya Pustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1167.
37.Dutadilaga kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1196.
38.Dutadilaga kepada Anonim. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1197.
39.Ismu Subrata kepada Anggota Panitia Kesusasteraan. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1168.
40.Pengetan Radya Pustaka Surakarta, c. 1923-75, #116. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #212.
41.Pengetan Radya Pustaka Surakarta, Radya Pustaka, c. 1923-75, #116. Arsip dan Sejarah | Galeri #1189.
42.Waradarma kepada Wirapustaka. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka, Surat-menyurat #1183.

Pengetan Warni-warni Bab Museum Radyapustaka Surakarta wiwit tahun - 1923

Ngabei Prajapustaka - Raden Tumenggung Wangsanagara, 14 Desember 1921

Atur kula Ngabèi Prajapustaka (sèkrêtaris), katur ing panjênêngan dalêm Kiyai Lurah Radèn Tumênggung Wôngsanagara (pisê presidhèn) salajêngipun kauningan ing panjênêngan dalêm Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat (presidhèning Pahêman Radyapustaka) kula nuwun sumôngga.

Ingkang kula aturakên, karangan kula Sêrat Pamoring Bapa saking Sêrat Saloka Paribasan sarta saking karangan kula piyambak sampun dados satunggal adhapur bausastraning basa, kados ta: kutuk apilamur, botên kados karsaning pisê presidhèn kapêcah kados Jav Woorden boek kutuk, api, lamur, kados ingkang sawêg kula garap sapunika sarta sawêg dumugi aksara: ka, ka, ma, punika ingkang langkung têrang nanging rampungipun badhe kadumungèkakên sasampunipun kula pêjah.

Amangsuli atur kula bausastraning basa ingkang sampun rampung wau sampun kula aturakên ing kangjêng parentah minôngka bêktinipun pasuwitan kula, pangajêng-ajêng [pangajêng-a...]

--- [1] ---

[...jêng] kula sêrat kawruh basa wau dadosa kêdhunging basa, lubèr angèlèbi dhatêng para mardi sastra saking pitulunganing nagari: sêrat kalimrahakên, wusana lêpat pangajèng-ajêng kula sêrat namung kasimpên ing gêdhong Musium Sriwadari Surakarta, bokmênawi badhe lestantun tanpa tilas.

Saupami nagari dèrèng karsa anggalih nyithakakên, kados satatanipun kangjêng guprêmèn, kados prayogi sêrat wau kaaturakên ing kangjêng guprêmèn saking kantor Radyapustaka, namung minôngka pisungsung, mênawi kagalih pêrlu, maidahmaidahi. ing akathah, amêsthi kalampahan kacithak.

Kula nuwun, kayêktèning atur kula, mugi pisê presidhèn, utawi presidhèn, nuju rawuh ing musium, kaparêng amriksani warnining sêrat wau: woorden boek.

Katur kaping 14 Dhesèmbêr 1921.

Sèkrêtaris Ingkang, Prajapustaka.

Katur presidhèn, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kula sapunsampun. anyondhongi paturanipun Ngabèi Prajapustaka punika.

Wôngsanagara.

--- [2] ---

Ngabei Wirapustaka - Raden Mas Arya Wuryaningrat, 13 Pebruari 1918.

Atur kula Ngabèi Wirapustaka abdi dalêm mantri garap Radyapustaka, katur ing panjênêngan dalêm Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, prayagung bupati nayaka gêdhong têngên, wadana parentah ing Kapatihan, salajêngipun konjuk ing kangjêng parentah agêng kula nuwun sumôngga.

Ingkang kula aturakên Sêrat Saloka Paribasan, karanganipun Tuwan Karêl Prèdrik Wintêr, ingkang kawêdalakên kangjêng guprêmèn, kala ing taun 1858, pamanah kula punika pathining ikêtanipun basa Jawi, kenging kadamêl pasinaon kangge piritan tiyang damêl sêrat gancaran, nanging kuciwa kapêcah-pêcah dados tigang perangan, andadosakên susahipun tiyang madosi têmbung ingkang dipun kajêngakên.

Ing mangke sêrat wau kula udhal kula dadosakên satunggal, kula iribakên kados panatanipun têmbung ing bausastra sampun gampil kemawon pangupadosipun têmbung ingkang dipun kajêngakên, kados ta badhe nyumêrêpi têgêsipun têmbung: kêbo nusu gudèl, inggih lajêng ngupadosi têmbung: kêbo gampil kemawon pangupadosipun.

Sarèhning sêrat wau agêng paidahipun tumrap tiyang mardi basa, punika kula unjukakên ing kangjêng parentah agêng, bokmênawi wontên kalamangsanipun kangjêng parentah agêng sagêd anglimrahakên, kacithak botênipun, kangge wontên pasimpênan Musium Sriwadari Surakarta, kula sumôngga.

Katur kaping 13 Pèbruari 1918.

Prajapustaka.

Bêcik kudu ditangani museum, namung prêlu diwratakake ukara ora (gedruk) kudu dipêrtal. Bestuurordening.

--- [3] ---

Prajapustaka - Wangsanagara, 12-8-'22

Kula nuwun, kiyai lurah.

Dhawuh dalêm anêgêsi têmbung Jawi ing basa Jawi, sampun dumugi: ha, na, ca, ra, ka, kalêbêt ingkang sampun kauningan ing kangjêng rama dalêm, katur asarêng punika, salajêngipun katur rayi ijêngandika dara riya, saha konjukipun ing rama dalêm bêndara kangjêng agêng, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 11 Agustus 1922.

Pun wa Prajapustaka.

Lajêng katur Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, salajêngipun kauningan rama dalêm kangjêng, kula nyumanggakakên.

Wôngsanagara

12-8-'22

Kadhawuhan dangu têrangipun, amargi ingkang sampun kalapurakên, punika sampun dipun cirèni kangjêng sinuhun, tôndha sampun kadadèn.

--- [4] ---

Prajapustaka - Adipati Sasradiningrat, Mei 1920

Wus dak pariksa palastha prayoga, Adipati Sasradiningrat.

Kula nuwun, bandara.

Awit saking karsanipun raka ijêngandika Kiyai Lurah Ra[dè]n Tumênggung Jaksanagara, kula kadhawahan ngadani damêl Bau[sa]stra Jawi, têgês Jawi, ingkang sampun wontên Bausastra Ja[wi] têgês Walandi.

Kula sampun matur bilih padamêlan punika sakalangkung ka[thah] jajahan 20 taunan, kula sampun pêjah padamêlan [mo]kal dèrèng sagêd rampung, karsanipun raka ijêngandika adrêng [kula] kadhawahan miwiti, awit sapêjah kula môngsa botê[n] wontên ingkang sagêd anglajêngakên, kalampahan sa[mpu]n kula wiwiti.

Kala kula sowan ngabêkti ing kangjêng rama dalêm, kadangu [gara]pan kula, kula munjuk kados ing nginggil wau, kangjêng ra[ma] [da]lêm kapengin anguningani, bokmênawi karangan kula [wontê]n kirang langkung utawi lêpatipun, badhe kaparingan [ewah-]ewahan, mawi andangu: kêpriye pamikirmu kang bisa [nyênê]ngake ati, kula munjuk: mèsêm punika beda [kalih]an ngèsêmi, makatên salajêngipun, adamêl pirêna[ning] [pang]galih dalêm. Mênggah pandamêl kula Bausastra wau rêsik ka[dos] [sam]pun sawêg angsal 176 kaca, konjuk asa[rêng] punika, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping ... Mèi 1920.

Pun, Prajapustaka.

Nuwun, punapadene wontên ingkang kenging kauningan malih.

Wôngsanagara.

--- [5] ---

Prajakintaka - Ngabei Sastrasuganda, 8 Nopember 1924

Ôngka 313

Adhi mas Ngabèi Sastrasugônda, kadospundi rêmbag Radyapustaka ingkang sampun kula tampèkakên adhi supados karêmbag wontên Muhkamadiyah, bab badhe angwontênakên têtêngêr tumrap para misungsung, amargi badhe karêmbag parêpatan pangrèh mangke sontên, mila kula nyuwun katrangan.

Kaping 8 Nopèmbêr 1924.

Raka Prajakintaka

Nuwun, bab punika sampun adalêm pasrahakên dhatêng Muhamadiyah, golongan tablèg (babagan pangrêmbag agami), sanès dintên ngaturakên karampunganipun.

Sastrasugônda.

--- [6] ---

Kantor Kepatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 27 Juni 1923

Ôngka 1019/A/1

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimasan kaping 18 Juni 1923, ôngka ... sampun kauningan, bab ngadêgakên pasinaon dhalang badhe kawiwitan benjing dintên Akat tanggal sapisan Juli ngajêng punika, sarta Ngabèi Wôngsadilaga kasuwun biyantu utawi ngawat-awati pasinaon dhalang, tuwin manawi ing dintên Akad nyarêngi caos, kasuwun kaparênga angandhapakên, kaparêng, kadhawuhan andhawuhakên.

Kantor Kapatihan kaping 27 Juni 1923.

[Grafik tanda tangan]

Garapan pangrèh praja

[Grafik tanda tangan]

--- [7] ---

Kantor Kepatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 13 Agustus 1923

Ôngka: 1262A/1

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimasan kaping 20 Juli 1923, ôngka 206 sampun kauningan, anggènipun Ngabèi Wôngsadilaga salêbêtipun ngawat-awati pasinaon dhalang, kasuwunakên botên tumindak gadhingan, pajangan, watêsan, sarta pasisiran, kados nalika nindakakên kumisi nyuda abdi dalêm, sampun kaparêng, lajêng kadhawuhan andhawuhakên.

Kantor Kapatihan kaping 13 Agustus 1923.

[Grafik tanda tangan]

Garapan pangrèh praja

[Grafik tanda tangan]

--- [8] ---

Karyarujita - Radyapustaka, 1 IX 42

Kaparênging parentah kasêbut Sêrat Paturanipun Radèn Ngabèi Sindupraja, katitimangsan kaping 20 wulan Rabingulakir, taun Jimakir ôngka 1842, ing mangke sabên karaton sarta nagari badhe kagungan parlu, punika pangupadosing dintên sae kawajibakên ing kantor Radyapustaka.

Awit saking punika, kula lajêng nalatosi maos Sêrat Sidhawakya, pawarsakan, primbon-primbon, sarta sêrat-sêrat ingkang magêpokan bab pangetanging dintên sae, dene ingkang winastan dintên sae punika, pamanggih kula dintên rêsik, têgêsipun botên sangar, sangar taun, sirahing taun, wangkening taun, angrêming tanggal, naas wulan, naas nabi, bangas, taliwangke, samparwangke, sarik agung, dhungulan, aryang, satriya wirang, tuju pati, sapanunggilanipun, manawi alih-alihan botên anarajang naga taun, jatingarang, kalajabung wuku, sasaminipun ingkang murugakên kirang rahayu, ing salêbêting taun Alip Kulawu sarta Alip Langkir ing sawulan-wulanipun sampun kula pêndhêti sadaya dintênipun sae, kangge salamêtipun salêbêtipun kurub Arbangiyah Wage, kalêmpakipun kasêbut sawalik punika, kula wastani Sêrat Titibyatara.

[Grafik]
Tandatangan Karyarujita

1 IX 42

--- [9] ---

Ismu Subrata - Anggota panitia Kesusasteraan, 22 Juni

Panitya kasusastran: Radyapustaka Surakarta.

Ôngka: ... .

Katur para warganing
Panitya kasusastran.

Nuwun, benjing dintên Rêbo kaping 24 Juni punika, panitya kasusastran angwontênakên parêpatan, manggèn ing musèyêm,musium. kawiwitan wanci jam 7 sontên. Para warga mugi kaparênga andhanganakên rawuh.

Katur kaping 22 Juni.

Panitra, Ismu Subrata.

1. R.M.Ar. Suryaningrat [Tanda tangan]
2. M.Ng. Prawiraatmaja [Tanda tangan]
3. M.Ng. Martasuwignya [Tanda tangan]
4. R.Tu. Suradipura [Tanda tangan]
5. R.Ng. Dutadilaga [Tanda tangan]
6. Tuwan E. Mudhi [Tanda tangan]
Wangsul dhatêng: Ismu Subratan

--- [10] ---

Wadana Guru H.I.S. Bayalali - Pamugarining Pasinaon Dalang Paheman Radyapustaka, 24/7-'26

Sêrat ingkang mugi katur ing panjênênganipun pamugarining pasinaon dhalang ing pahêman Radyapustaka, ing

Surakarta.

Sasampunipun ingkang kadya punika nuwun awiyosipun, kaparênga kula gadhah atur kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika: sampun wiwit duk kula taksih wontên ing Borneo anggèn kula kapengin badhe tumut dados muriding pasinaon dhalang punika, nanging kadospundi sagêdipun kalampahan, tiyang Borneo kalihan Surakarta samantên têbihipun. Ing wasana saking palaling Pangeran, kula dipun pindhah dhatêng ing Bayalali, mila sangsaya sangêt anggèn kula badhe mituruti kapengining manah punika. Ingkang punika kula nyuwun pariksa: punapa kintên-kintên Pahêman Radyapustaka sagêd minangkani, upami kula nyuwun supados ing Bayalali kawontênakên kursus dhalang. Wondene ingkang badhe sinau sanèsipun kula taksih wontên sawatawis priyantun malih. Sampun masthi kemawon sagêdipun kalampahan, kêdah wontên guru padhalangan ingkang rawuh ing Bayalali, upami ing dintên Minggu enjing, punapa malêm Saptu. Bab wragading lampah utawi dhaharing guru, punapadene pondhokan bilih kapêksa nyare, inggih kula sakônca murid ingkang nyanggi. Utawi malih nyuwun katrangan, ubarampining kursus punika punapa mawon (upami: kêlir, gamêlan, sapanunggilanipun) supados kula sagêd sadhiya.

Wasana saiba badhe bingah kula sakônca: bilih ing Bayalali ngriki saèstu sagêd kalampahan wontên kursus dhalang punika, sangêt [sa...]

--- [10a] ---

[...ngêt]

ing pangajêng-ajêng kula dhatêng paring panjênêngan wangsulan bab punika, supados kula sakônca lajêng sagêd angrancang rêrantamaning waragad ing sawulan-wulanipun, kangge namtokakên sapintên sêsanggènipun kônca satunggal. Mugi karsa mratelakakên ugi: guru dhalang ingkang kapatah dhatêng Bayalali punika punapa inggih mawi pituwas, punapa botên.

Kula wadana guru H.I.S.

Ing Bayalali

[Tanda tangan]

24/7-'26

--- [11] ---

Nitipustaka - Kantor Radyapustaka, 21 Oktober 1926

Katur kantor Radyapustaka Musium.

Ôngka 112Q

Kantor arsip asarêng punika ngintunakên sêratipun pangagêng parentah karaton, katitimangsan kaping 12 Rabingulakir Wawu 1857 ôngka 57/8/Ha I, bab sêrat-sêrat kagungan dalêm pasimpênan ing Sanapustaka ingkang kasuwun ngampil ing pêpatih dalêm, sampun kaaturakên ing pangagêng, dhawuhipun kados cirenan punika, kantor arsip anyumanggakakên.

Kaping 21 Oktobêr 1926.

Nitipustaka.

--- [12] ---

Prajakintaka - Pangreh Paheman Radyapustaka, 1 Januari 1925

Ôngka 1

Katur warga pangrèhing Pahêman Radyapustaka, sarta lid kumisi rêdhaksi Kasusastran Jawi.

Awit saking dhawuhing wisesa, parêpatan benjing malêm Akad ngajêng punika, kaundurakên, amargi kasarêngan ing Sriwadari kangge pasamuwan, dene têmtunipun, badhe katêmtokakên malih, ingkang sampun nguningani prasabênan punika kaparênga lajêng anandhani nama.

1/1 25

Prajakintaka.

Nyumêrêpi

Martasuwignya

[Grafik tanda tangan]

[Grafik tanda tangan]

E. Moody

Tumrap Suradipuran sampun katurunakên. A/2.

--- [13] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 11 Mei 1926

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kala wingi enjing kula katimbalan rayi jêngandika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingandikakakên nyumêrêpi bidhalipun dhatêng Batawi, punika kula kawêling matur ing panjênêngan dalêm, mênggah pandamêlipun pratelaning barang kina sampun dados kadamêl kalih têmbung, Jawi sarta Walandi, ingkang têmbung Jawi badhe kaêcapakên wontên Ngayogya (Mardimulya) ingkang têmbung Walandi badhe kaêcapakên wontên ing Batawi. Makatên malih mriyêm ingkang taksih wêtah 3 iji, supados kadamêlakên plangkan, sarampungipun kadhawahan masang, ingkang agêng wontên tamanan sangajêng musium manggèn salèring tilas banciking rêca, majêng mangalèr, têtanêman ingkang ngaling-alingi, kaicalan, ingkang alit 2 kapasang wontên tilas bancik rêca ingkang kapundhut ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, supados lajêng katingal têtela bilih ing ngriku puniku musium, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 11 Mèi 1926.

Prajakintaka.

--- [14] ---

W.G. Jayanagara - Wadana parentah Kapatihan, 23 April 1926

Turunan

Ôngka 756 B/I bab dhirtêtuslah

Dhawuh marang wadana parentah Kapatihan, anusuli dhawuh manira katitimasan kaping 5 April 1926 ôngka 625 B/I, manira paring sumurup, mungguh para abdi dalêm kang munggah pangkat utawa mingsêr manawa mawa wuwuh pamêtu dhirtêtuslahe banjur kasuwak, sapiturute kaya surasane dhawuh mau, murih prayoga, saiki murih prayoga, saiki kaparêng manira, sapira kèhe dhirtêtuslah kang wus kabanjur ditampani, ora manira pundhut bali, mung wiwit tanggal sapisan saka titimasane dhawuh mau bae, banjur kasuwak ora kaparingan, iku banjur pakênira dhawuhna lan katindakna ing saparlune.

Dhawuhing parentah kaping 23 April 1926.

Pêpatih dalêm (w.g.) Jayanagara

Garapan komtabilitèit

(w.g.) Padmanagara

Sampun cocog kalihan lugunipun

[Grafik tanda tangan]

--- [15] ---

Purbadipura - Raden Mas Arya Wuryaningrat, 5 Oktober 1923

Atur kula Radèn Ngabèi Purbadipura, katur Kyai Lurah Radèn Mas Arya Wuryaningrat, Sri Nugraha apangkat II.

Kula nuwun ingkang kula aturakên, anusuli sêrat aturan kula katitimangsan tanggal kaping 11 Sura kapêngkêr punika, bab pandamêlan kula.

Ingkang punika kauningana botên kècèripun atur kula, inggih punika anggèn kula kakarsakakên dados warganing Pahêman Radyapustaka, kamot ing sêrat dhawuh saking nagari katitimangsan Surakarta kaping 30 Rêjêp Ehe 1844, utawi kaping 24 Juni 1914.

Sarèhne rumaos kula, salêbêtipun kula dados warganing Pahêman Radyapustaka, botên migunani sarta sabên pakêmpalan, kula botên sagêd angudhoni rêmbag, makatên wau nandhakakên bilih saking bodho balilu kula. (Wontên pakêmpalaning Pahêman Radyapustaka) mila manawi kaparêng kula nyuwun mêdal anggèn kula kakarsakakên dados warganing Pahêman Radyapustaka wau, salajêngipun katur Kangjêng Pangeran Parentah Agêng kula sumôngga saha cumadhong dhawuh.

Katur tanggal kaping 23 wulan Sapar warsa Je 1854, utawi kaping 5 Oktobêr 1923.

Purbadipura.

--- [16] ---

 

Prajakintaka - Bandara R.M.A. Wuryaningrat, 31 Maret 1923

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, pangusungipun rêca kala wingi sampun kalampahan, ingkang ngrigênakên panindakipun, punggawa sêpur sindêr Walandi, dene ingkang mangagêngi bau Mas Ngabèi Arjamargana kanthi Wôngsamargana bêkêl Naramarga, dhatêngipun saking Purwasari wanci jam 7 sontên, rampunging mandhapipun jam 12, ananging botên sagêd lajêng mangidul, namung kèndêl wontên sakidul buh, kula prasabên dhatêng Mas Ngabèi Arjamargana supados dhawuh ngingsêr rêca wau kamanggèna ingkang botên damêl pakèwêding margi, sampun kadhawuhakên, wangsulaning bau sampun botên kadugi, kajawi sampun dalu sami sayah sangêt. Sanalika punika kula badhe prasabên dhatêng Mas Ngabèi Rêksawilata mantri Sriwadari, sampun tilêm, dados namung parentah dhatêng jaga musium pun Rêksasayana ingkang tampi, enjing punika prasabêna dhatêng Mas Ngabèi Rêksawilata wau saparlunipun supados lapur dhatêng Tuwan Radhêmakêr.

Wondèntên bab rêca wau sarèhning botên sagêd dumugi ing bancik, kula rêmbagan kalihan Mas Ngabèi Arjamargana, kadospundi lajênging panindakipun, wangsulanipun bab minggahing bancik punika prayogi kaborêgakên kemawon, piyambakipun botên sagêd amargi kêdah tiyang tukang borêg, wangsulan kula, panêmbung kula dhatêng Kiyai Lurah Radèn Tumênggung Mangunnagara Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat mundhut pitulungan bau 40 badhe kadhawuhan ngusung rêca saking Purwasari dumugi Sriwadari kapapanakên ing bancik ingkang sampun kasudhiyakakên, punika nama dèrèng dumugi, wangsulanipun manawi kadumugèkakên botên sagêd rampung enjing, wilujêng dumugi mandhap punika sampun bêja sangêt, benjing-enjing kemawon karêmbag malih, punika sampun dalu sayêktos sarta sampun sayah sangêt, dene pituwasing bau sarèhning botên sagêd nêtêpi dhawuh kasumanggakakên kaparingan pintên, wangsulan kula, kapiritna paglidhigan kemawon, wangsulanipun, manawi makatên mêsakakên, cêkakipun kasuwunakên bau satunggal f 0,50, pangajêngipun f 0,60 bêkêl f 1, kula raosakên kalihan rêkaosipun sampun cucuk, lajêng kula sanggêmi sarta kula purih damêl cathêtan, sandika, saha mangke jam 11 siyang sanggêm badhe dhatêng

--- [16a] ---

bêkta tukang borêg, sarêng sampun nyukakakên cathêtan lajêng kula paringi miturut cathêtan wau, f 21,10 lajêng bibaran, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 31 Marêt 1923.

Prajakintaka

Kanthi cathêtan cacahing bau sarta ingkang nampèni arta.

--- [17] ---

Ranasubaya - Anonim, Rebo Kliwon 10 Sawal Wawu, 1841 A.J. [4 Oktober 1911 A.D.]

Rampunging panyêrat ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 10 wulan Sawal taun Wawu, ôngka 1841. Ingkang nyêrat abdi dalêm jajar nirbaya kaparak têngên, kapêthil wontên ing kantor Radyapustaka.

Pun Ranasubaya.

--- [18] ---

Prajawireja - Kantor Radyapustaka, 5 Mulut Be 1840 A.J. [17 Maret 1910 A.D.]

Katur kantor Radyapustaka

Sudarma abdi dalêm pamagang kêmasan, ingkang kadhawuhan ngiyasakakên bancik rêca kina agêng alit cacah 5 iji, kadamêl saking kuningan sêngèn. Waragadipun kados ing ngandhap punika.

1 iji bancik rêca agêng, wawrat: 56 reyal.

2 iji bancik rêca dhara, wawrat: 33 reyal.

2 iji bancik rêca alit, wawrat: 14 reyal.

Gunggung wawrat 103 reyal.

Sareyal rêgi 20 sèn, gunggung 20 rupiyah 60 sèn.

Wah waragat ngrêsiki rêca 23 iji, gunggung 1 rupiyah 50 sèn

Gunggung kumpul 22 rupiyah 10 sèn.

Manawi kaparêng nyuwun lintonipun.

Kaping 5 Mulut Be 1840.

Prajawirêja.

--- [19] ---

Wirapustaka - Anonim, 24 Juni 1913

Kula nuwun, panyuwunipun ampilan arta waragad pangusungipun rêca saking dhusun Gupala dhatêng sêtsiyunsêtatsiyun. Srowot f 50, punika dèrèng wragadipun sêpur saking Srowot dumugi Purwasari, saha saking Purwasari dumugi Sriwadari. Kagungan dalêm arta sadhiyan ganjaran tiyang ingkang manggih barang kina, sapunika kantun antawisipun f 170, nyuwun cumadhong dhawuh dalêm.

Katur kaping 24 Juni 1913.

Pun Wirapustaka.

--- [20] ---

Abdi dalem mantri onder distrik Samapura - Anonim, 20 Juni 1913

Papêthan gambar papan dunungipun rêca 4 iji, ingkang badhe kapundhut nagari, kadèkèk ing Sriwêdari.

[Grafik]

Katur kaping 20 Juni 1913.

Abdi dalêm mantri ondêr dhistrik Samapura.

[Grafik tanda tangan]

--- [21] ---

Bandara Riya - Kantor Musium, 29 Desember 1922

Katur kantor musium

Dhawuhipun Bandara Riya, wiwit benjing taun 1923 ngajêng punika, abonêmèn tid sêkrip Medhan Muslimin, tid sêkrip Guru Desa sarta wêwah abonêmèn malih tid sêkrip Pusaka Jawi, kabayaran saking arta musium piyambak, kados sêrat paturan Prajapustakan asarêng punika.

Ingkang punika, kantor musium supados nyuwun arta abonêmèn wau, kathahipun f 11,30 kalêbêt wragad wisêl, lajêng kintuna dhatêng Radyapustaka badhe lajêng katindakakên.

Kaping 29 Dhesèmbêr 1922.

--- [22] ---

Wirapustaka - Kantor Musium, 15 Agustus 1916

Katur kantor musium

Ôngka 73Q

Kantor Radyapustaka ngintunakên sêrat musium katitimangsan kaping 14 Agustus 1916 ôngka 48 bab dilahing musium, sampun kauningan Bandara Riya sarta kacirenan parêng, supados lajêng karimat wontên musium. Sarta ngintunakên têdhakan sêrat kantor nukarta katitimangsan ping 12 Agustus 1916 ôngka 896 E/II bab griya musium mênawi wontên ingkang risak, supados prasabên dhatêng wadana Kartipraja, waragadipun mêndhêt arta sadhiyan tambal sulam griya kongsèn, dhawuh dalêm Bandara Riya: kaèstokna.

Kaping 15 Agustus 1916.

Wirapustaka,

Tambal sulam griya musium lapur Kartipraja, ragat saking tambal sulam griya kongsèn.

--- [23] ---

Wirapustaka - Waradarma, 12 Juli 1922

Katur Waradarma

Kula nuwun, panêdhakipun Kuran taksih kalajêngakên, ingkang kula dhawahi nyêrati Ranasubaya, sêratanipun sae, nanging namung kasambi, sapunika lajêng kula dhawahi nyêlakakên. Mugi kauningan, ingkang katêdhak wiwit ôngka 1 dumugi 9 ingkang sampun kacithak, punika kemawon sanès padamêlan sakêdhik, sambêtipun jus 10 dumugi 30 kula nyuwun rêmbagipun Waradarma, mugi panjênêngan dalêm kiyai lurah kaparêng ngrêmbag sakecanipun.

Kaping 12 Juli 1922.

Wirapustaka

Kula suwunakên rêmbagipun para warga, sakawit kula kintun sêrat dhatêng Pahêman Radyapustaka, suka uninga bilih panêdhakipun Kuran ing têmbung Jawi dumugi dintên punika sampun tamat, murih botên cicir, kula mrayogèkakên supados dipun inggahakên ing buk wontên Pahêman Radyapustaka, wangsulanipun ing nginggil punika.

Jaksanagara.

Z.O.Z.

--- [24] ---

Waradarma - Wirapustaka

Kula nuwun, pamanggih kula Waradarma namung ngaturakên dhatêng Radyapustaka, manawi kaparêng ngimpu,ngimpun. eman bilih ngantosa pating bacècèr, ananging sarèhipun padamêlan nyêrat kathah, nun inggih kêdah sabar dadosipun, sanèsipun Radyapustaka saya wêgah sangêt.

Pun Prajasumarta
Pun Darsaprawata
Pun Karyarujita
Pun Prajadirêja
Pun E. Mudhi

Condhong, nanging jangkêpipun mawi sêratipun pakêmpalan Waradarma ngaturakên Kuran 1 t/m 9 kanthi kupi 10 t/m 30 ing kangjêng parentah agêng, mawi up saprayoginipun, Radyapustaka tampi saking asta dalêm.

Pun Wirapustaka.

--- [25] ---

Wirapustaka - Anonim, 12 April 1913

Kula nuwun, cêpakan arta Radyapustaka taun 1913: f 1000, sampun kawêdalakên: f 653.40, Kantun: f 346.60

Sapunika sawêg wulan April, kados prayogi yasan dalêm praboting dhuwung kêkalih kasarèhakên wontên taun 1914, makatên ugi yêyasan saha pundhutan ingkang kabayar kathah ngêntosi benjing taun ngajêng, sapunika namung kangge sudhiyan alit-alit kemawon.

Katur kaping 12 April 1913.

Pun Wirapustaka.

--- [26] ---

Karyarujita, Wirapustaka, Prajadireja - R.M.A. Wuryaningrat, 9 April 1913

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat. Dhawuh dalêm kagungan dalêm dhuwung kêkalih lêrês saha luk ingkang badhe kagêm simpênan ing musium, manawi wontên tuwan-tuwan utawi tamu ngamônca badhe sumêrêp dhuwung damêlan Surakarta, kadhawuhan mraboti pantêsipun kagêm simpênan. Sampun kula rêmbag kalihan Mas Ngabèi Prajadirja saha Mas Ngabèi Wirapustaka, pantêsipun namung sarwa lugas. Ingkang lêrês sarungan ladrang kandêlan suwasa lugas, ingkang luk sarungan gayaman kandêlan kêmalon abrit, parlu namung minôngka kawruh bedaning kagêm santana kalihan anggening abdi dalêm, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika.

Ingkang lêrês

1. Ukiran kajêng tayuman: f 10
2. Mêndhak mas: f 15
3. Sarungan kajêng cêndhana mulus botên potokan: f 20
4. Kandêlan suwasa lugas: f 60
' = f 105

Ingkang luk

1. id: f 10
2. id: f 15
3. Sarungan gayaman id: f 10
4. Kandêlan kamalon abrit: f 3.50
' = f 38.50

Gunggung kumpul f 143.50

Prabot sadaya wau anggènipun ngarsakakên kêdah dhatêng abdi dalêm, ukiran dhatêng Ngabèi Jararaga, mêndhak saha kandêlan dhatêng abdi dalêm kêmasan, sarungan dhatêng abdi dalêm mranggi, kula nuwun sumôngga saha cumadhong dhawuh.

Katur kaping 9 April 1913.

Pun Karyarujita

Pun Wirapustaka

Pun Prajadirêja.

--- [27] ---

Wirapustaka - Anonim, 25 Juni 1913

Kawula nuwun, badhe pangusungipun rêca sakawan saking panggenan dumugi statsiyun Srowot katêpsir wragad: 50

Saking Srowot dumugi Purwasari kabêkta ing sêpur brêgasi kintên-kintên wragad: 50

Saking Purwasari dumugi Sriwadari botên sagêd kabêkta ing brêgasi, awit botên wontên simpanganipun, dados kêdah kagèrèd ing tiyang kathah, kintên-kintên wragad: 50

Gunggung: 150

Kagungan dalêm arta cêpakan Radyapustaka 1000 namung kantun 170

Kawula cumadhong dhawuh dalêm.

Konjuk kaping 25 Juni 1913.

Pun Wirapustaka.

--- [28] ---

Wirapustaka - Kantor Radyapustaka, 15 Agustus 1916

Katur kantor musium

Ôngka 73Q

Kantor Radyapustaka ngintunakên sêrat musium katitimangsan kaping 14 Agustus 1916 ôngka 48 bab dilahing musium, sampun kauningan Bandara Riya sarta kacirenan parêng, supados lajêng karimat wontên musium. Sarta ngintunakên têdhakan sêrat kantor nukarta katitimangsan ping 12 Agustus 1916 ôngka 896 E/II bab griya musium mênawi wontên ingkang risak, supados prasabên dhatêng wadana Kartipraja, waragadipun mêndhêt arta sadhiyan tambal sulam griya kongsèn, dhawuh dalêm Bandara Riya: kaèstokna.

Kaping 15 Agustus 1916.

Wirapustaka.

--- [29] ---

Wangsanagara - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 2 Oktober 1931

Golongan paprentahan pangrèh praja

Ôngka 2128 A

Bab santun nama

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimasan kaping 9 Juni 1931 ôngka 149, sakanthinipun sampun kauningan, tumrap anggènipun Jayawaluya, jajar panyrigan ing musium, nyuwun santun nama: Kadgasayana, kados ingkang kasêbut sêrat paturanipun wau, kaparêng, lajêng kadhawuhan macak ing kêkancingan, turunanipun kadhawuhan angladosakên ing nagari rangkêp 2.

Kantor Kapatihan kaping 2 Oktobêr 1931.

Wôngsanagara

Konjuk Pra

--- [30] ---

Prajakintaka - Kangjeng Bandara, 8 Desember 1933

Ôngka 292

Kula nuwun Kangjêng Bandara, nalika rayi jêngandika Gusti Adiwijaya wangsul dhatêng Batawi punika kula nguntapakên dhatêng Balapan, wontên ing ngriku raosan warni-warni, wusana dhawuh dhatêng kula ingandikakakên matur ing panjênêngan dalêm, namung botên kobêr-kobêr, mila kula pacak ing sêrat kemawon.

Nalika tanggal sapisan Dhesèmbêr punika, Radyapustaka nampèni sêrat dhawuh kados têtêdhakan ingkang kula aturakên asarêng punika, kula ladosakên dhatêng rayi jêngandika gusti dhatêng Batawi, sarêng kondur parlu jagong panggihing pangantèn Kapatihan, enjingipun ing dintên Akat lênggah kantoran, ngrêmbag sêrat dhawuh wau, ingkang kagalih bab anggènipun Radyapustaka kaèwêtakên adangiyahipun dèrèng nêtêpi dhawuh, pamanggihipun rayi jêngandika.

I. Pêpatih dalêm botên rêna sêsarêngan nyambut damêl kalihan panjênênganipun.

II. Wontên tiyang ingkang amurih rênggangipun pêpatih dalêm kalihan panjênênganipun.

Mênggah pamanggih kalih bab punika dhawuhipun supados kula aturakên ing panjênêngan dalêm, kadospundi pamanggih panjênêngan dalêm, saha Radyapustaka lajêng kêdah kadospundi, rayi jêngandika mundhut katrangan, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 18 Dhesèmbêr 1933.

Prajakintaka.

Saha wontên wêlingan ingkang kêdah kula aturakên piyambak, sanès dintên kemawon.

--- [31] ---

Prajakintaka - Panitya Kasusastran Radyapustaka, 3 Januari 1935

Ôngka 5.

Katur warganing panitya kasusastran Radyapustaka.

Nuwun, awit saking dhawuhipun pangarsaning panitya kasusastran Radyapustaka Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, benjing dintên Sabtu tanggal kaping 5 Januari punika, karsa parêpatan manggèn sawetaning kagungan dalêm gêdhong musium, ngrêmbag putusan-putusan kasusastran kados sêrat ingkang sampun sami kaparingakên dhatêng para warga, kawiwitan jam 7 sontên.

Ingkang punika, para warga kaajêng-ajêng supados amarlokakên.

Radyapustaka kaping 3 Januari 1935.

Prajakintaka.

1. Radèn Tumênggung Suradipura. [Grafik tanda tangan]
2. Mas Ngabèi Martasuwigya. [Grafik tanda tangan]
3. Mas Ngabèi Prawiraatmaja.
4. Radèn Ngabèi Dutadilaga. [Grafik tanda tangan]
5. Tuwan E. Mudhi. [Grafik tanda tangan]

--- [32] ---

WG. Wangsanagara - Anonim, 1 Desember 1933

Têtêdhakan

Golongan paprentahan praja lan pangadilan

Ôngka 1809 C/6/II

Bab lowongan jajar jagi musium

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimangsan kaping 14 Nopèmbêr 1933 ôngka 249, sakanthinipun sampun kauningan, bab anggèning Arjasayana jajar rêrêsik nyuwun mingsêr dados jajar jaga musium, punika kadhawuhan nyêrêpakên rumiyin, sarèhning jajar jagi musium têtêpan enggal balanjanipun ugi namung f 10 sawulan, sami kados balanjanipun jajar rêrêsik, amila saupami panyuwunipun mingsêr wau kaparêngakên, punapa sanggêm ugi amung blônja f 10 sawulan.

Kajawi punika kadhawuhan ngèngêtakên, bilih adangiyah sêrat paturanipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka ingkang katur ing pêpatih dalêm, sarta dhatêng pangagênging kantor Kapatihan, punika namung mungêl: katur ing pêpatih dalêm, sarta katur pangagênging kantor.

Makatên wau dèrèng nêtêpi kadosdene pola adangiyah kanthinipun sêrat dhawuh katitimangsan kaping 28 Nopèmbêr 1927 ôngka 319 D/2/II kapacak ing kabar paprentahan taun 1927 ôngka 24, inggih punika lêrêsipun:

I. Manawi sêrat katur pêpatih dalêm, adangiyahipun mungêl: sêrat paturanipun ... katur pêpatih dalêm.

II. Manawi katur pangagênging kantor mungêl: sêrat saking ... katur pangagênging kantor Kapatihan golongan ...

Amila supados lajêng dipun têtêpi.

Kantor Kapatihan kaping 1 Dhesèmbêr 1933.

WG. Wôngsanagara.

Sampun cocog

[Grafik tanda tangan]

--- [33] ---

Prajakintaka - Warga Pangreh Paheman Radyapustaka, 9 Oktober 1933

Ôngka 226

Katur warga pangrèhing Pahêman Radyapustaka.

Nuwun, awit saking dhawuhipun pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, aparing uninga benjing dintên Salasa kaping 17 Oktobêr punika wanci jam 1/2 5 sontên, putranipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral badhe rawuh ing musium sarta ing Sriwadari, punika para warga pangrèh sami kadhawuhan sowan ing musium, wanci jam 8 sontên, sasampuna pêpak, pangagêman dhêstharan rasukan atela pêthak, sarta prasabênipun pangagênging taman Sriwadari, sasampuning para tamu rampung anggènipun mariksani musium, dhatêngipun ing Sriwadari para pangrèh andhangana biyantu amanggihi, kaajêng-ajêng sami amarlokakên.

Radyapustaka kaping 9 Oktobêr 1933.

Prajakintaka

Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura. [Grafik tanda tangan]
Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda. [Grafik tanda tangan]
Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya. [Grafik tanda tangan]
Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga. [Grafik tanda tangan]
Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi. [Grafik tanda tangan]

--- [34] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 12 April 1933

Ôngka 71.

Kawula nuwun gusti, asarêng punika kawula ngunjukakên anprah balônja wulan Mèi kasuwunakên tapak asta dalêm.

Kawula nuwun, kajawi punika sêratipun raka dalêm ingkang dhumatêng pangrèh suraos mundhut lèrèh, punika manawi wontên ing panjênêngan dalêm, punika kawula suwun, parlu badhe kangge prabot pandamêling wara-wara dhatêng warga, wusana mugi wontêna kaparêng dalêm maringakên dhatêng abdi dalêm ingkang ngunjukakên sêrat punika.

Konjuk kaping 12 April 1933.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [35] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 27 Mei 1931

Kawula nuwun gusti, abdi dalêm nampèni sêrat paturanipun rèh momongan kawula ing Radyapustaka.

1. Ki Jayawaluya, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat ing Kartasura.

2. Ki Mas Wignyasadana, nyuwunakên sasêbutan radèn anak-anakipun, ugi trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat.

3. Ki Mas Sastramardaya, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Sah Alam Akbar ing Dêmak.

4. Ki Mas Arjasayana, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram.

5. Ki Jagasayana, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Sapisan ing Kartasura.

Kawula nuwun, sadaya wau pratelaning sajarah aluranipun dumuginipun ing karaton, sampun kawula patitisakên ing Sêrat Sajarah Karaton saha Parisawuli ingkang sumimpên wontên ing Radyapustaka, lêrês sadaya. Namung paturanipun Ki Jagasayana ingkang botên cocog, amargi ingkang kasêbut ing Sêrat Sajarah Karaton sarta Parisawuli punapadene ing sêrat babad, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ing Kartasura punika putranipun namung satunggal, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ingkang lêlajênganipun gumantos kapraboning rama ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas. Mênggah sêrat paturan gangsal lêmbar wau kawula ladosakên konjuk asarêng punika, kawula nuwun sumôngga.

Konjuk kaping 27 Mèi 1931.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [36] ---

Dutadilaga - Anonim

Dhêmên andugang, punapa: dhêmên dugang of dhêmên ndugang

Sok andhupak, punapa sok dhupak of sok ndhupak

Ambok sampun, punapa bok sampun of mbok sampun

Makatên wau ing wêwaton Rônggawarsitan Sêrat Paramasastra wontên ingkang mratelakakên:

I. Garba sastra, sarta garba swara, kasêbut ing bab 89.

II. Kêmbêngan ngêmu lan nyimpên, ênggon = nggon,

Êndi = ndi.

Ing Sêrat Paramabasa, têmbung tanduk ingkang purwaning lingga aksara: da, ja, ba, angsal anuswara, kados ta:

andugang, botên dugang

anjambak, botên jambak

ambithi, botên bithi

amargi, dugang, jambak, bithi ingkang tanpa anuswara, sagêd gadhah raos cawuh dados lingga.

Tuwan Walbip mratelakakên wontên ing karanganipun de woord afleiding bab kawitan, bilih ing kina ngangge: nggaris, njala, mbathara, nanging rèhning samangke botên kêlimrah lajêng ngangge anuswara, anggaris, anjala, ambathara.

Mênggah pamanggih kula, kados Paramabasa, nanging manawi dados ukara gandhengan sarta manggèn ing wingking sarta sampun nyigêg aksara anuswaranipun, botên susah dipun pitulungi: a, kados ta:

Sampun dugang of sampun sok andugang, enz. Wusana sumôngga.

Dutadilaga.

--- [37] ---

Dutadilaga - Anonim

Sêrat saking Radyapustaka dhatêng panitya kasusastran bab wontênipun Dr. in de Letteren ing Radyapustaka, pamanggih kula kados ingkang sampun, cêkap dumugi ing ukara: kamanah saparlunipun.

Dene manawi kagalih parlu Radyapustaka ngatingalakên pangrêksanipun dhatêng nagari dening sampun amanoni, kadadosan kados kaparêngipun pangarsa, wêwahanipun ukara prayogi makatên.

... kamanah saparlunipun.

Nanging andadosna sumêrêpipun panitya kasusastran, bab ngabdèkakên Dr. in de letteren punika manawi botên kalêrêsan pamilihipun, sagêd kalèntu angsal tiyang ingkang malah ambibrahakên, mila bilih Radyapustaka usul dhatêng nagari, badhe mawi dipun dèkèki katrangan.

Kêjawi punika kados inggih botên wontên awonipun, samôngsa nagari badhe ngabdèkakên sarjana ahli sastra (Dr. in de letteren) dipun tangsuli mawi prajanji sarjana wau parlu rumêksa kaluhuranipun praja karaton Jawi ing Surakarta, 2e. sampun ngantos ambibrah lan ngrisakakên tatananing basa dalah sastra tuwin unggah-ungguhipun Jawi ingkang sampun wontên, 3e. ngangkah indhak tuwin kamajênganing basa dalah sastra Jawi, tuwin prajanji sanèsipun ingkang kagalih parlu, amargi sampun nate wontên sarjana ahli sastra guru pamulangan têngahan andhasari murid ngicali basa krama, makatên punika sagêd ambêbayani, wusana sumôngga.

Manawi wêwahanipun makatên, kula rujuk, manawi botên makatên, sarèhipun kula ugi dados warganing panitya kasusastran, kula blangko kemawon kados Martasuwignyan, saha Tuwan E Mudhi.

[Grafik tanda tangan]

Pamanah kula kados rèngrèng Dutadilagan punika, nanging kaewahan kados cawangan kula.

[Grafik tanda tangan]

--- [38] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 31 Maret 1932

Ôngka

Kawula nuwun gusti, katranganipun unjuk kawula bab Dèwi Drupadi kasêbut ing Mahabarata, punika namung ngalêmbana sulistyaning warni, kasusilanipun, kautamanipun, saha bêktinipun ing garwa, wontên lêlabêtanipun sakêdhik, kawula pêthik ing ngandhap punika.

Mahabarata, kaca 879.

Lêlabêtanipun Dèwi Drupadi, migunani kangge sarana ngupados kabingahan, kautamèn, kasugihan, sarenipun sabên lingsir dalu, wungunipun enjing sangêt, lajêng niti dhatêng para kawulanipun, ngantos dumugi pangèn maenda tuwin lêmbu, ugi katiti punapa botên kakirangan têdha tuwin pangangge.

Kawula nuwun, namung punika kawontênanipun, kawula nuwun sumôngga.

Konjuk kaping 31 Marêt 1932.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

N.B.

Ngunjukakên pacakan bab dintên sae.

II. Mandhat, sami kasuwunakên tapak asta dalêm.

III. Sêrat saking kantor pos bab Ir. Soerachman.

--- [39] ---

Prajapustaka - Anonim, 27 Desember 1932

Têtêdhakan

Kula nuwun, pundhutan nagari abonêmèn tid sêkrip Medhan Muslimin, wiwit mêdal sapisan dumugi sapunika ing sataun-taunipun kabindhêl dados buk lajêng dados pasimpênan ing musium, sapunika kadhawuhan nyuwak botên abonêmèn, dening kirang maidahi ing nagari, nanging mênggahing musium kados wontên pêrlunipun, amargi ngêmot rêmbag-rêmbag kawruh Arab. Kajawi punika, abonêmèn musium tid sêkrip Guru Desa dumugi sapunika dèrèng sagêd kaparingan bayaran saking nagari, taksih kabayaran arta saking musium piyambak.

Awit saking punika nyuwun dhawuh dalêm, Medhan Muslimin saha Guru Desa wau, punapa lajêng kasuwak, punapa taksih kalêstantunakên abonêmèn, kabayaran saking arta musium piyambak, kathahipun ing dalêm sataun Medhan Muslimin f 6.- Guru Desa f 2.- sapunika wontên malih tid sêkrip enggal, nama Pusaka Jawi, kalih Kridhawacana, sami ngêmot kawruh Jawi, kajawi kaparêngipun karsa dalêm, ing musium kados wontên pêrlunipun ugi abonêmèn, ing musium dados botên kasêpênan tid sêkrip.

Katur kaping 27 Dhesèmbêr 1932.

W.G. Prajapustaka

Kabèh rujuk, amung bab Kridhawacana kurang pêrlu

WG.

--- [40] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 10 April 1932

Ôngka

Kawula nuwun gusti, dhawuh dalêm kintun sêrat Tuwan Dhoktêr Y.H. Baping, anggènipun badhe ngadhêp ing panjênêngan dalêm ngrêmbag badhe sêsorahipun, kaparêng dalêm manggihi sarampunging sêsorah, sampun kawula tindakakên kala wingi sarta sampun katampèn.

II. Kala wingi wontên tilpun saking raka dalêm kangjêng gusti, badhe sêsorah bab kawruh katuranggan, punika raka dalêm badhe bêkta sadhèrèk satunggal, abdi Rêksawahana satunggal, sampun kawula wangsuli botên wontên pakèwêdipun.

III. Kala malêm Kêmis kapêngkêr punika kawula parêpatan kalihan panitya Bausastra Jawi, ngrampungakên garapanipun, sampun rampung lajêng sami katampèkakên ing abdi dalêm, sawêg badhe kawula tata, mugi andadosakên kauningan dalêm.

Konjuk kaping 10 April 1932.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [41] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 24 April 1932

Nguningani

[Grafik tanda tangan]

Kawula nuwun gusti, panggarapipun panitya Sêrat Bausastra Jawi ingkang saking Tuwan Boswingkêl, sampun rampung, dhawuhipun raka dalêm lajêng kadhawuhan ngintunakên dhatêng Tuwan Boswingkêl. Sarampungipun panata kawula saha pandamêl kawula sorogan, raka dalêm gêrah, amila pacakan sêrat sorogan ingkang konjuk asarêng punika, kawula suwunakên tapak asta ing panjênêngan dalêm, kawula nuwun sumôngga.

Konjuk kaping 24 April 1932.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [42] ---

Prajakintaka - Warga Pangreh Paheman Radyapustaka, 22 Mei 1932

Ôngka 116

Katur para warga pangrèhing Pahêman Radyapustaka.

Nuwun, awit saking dhawuhipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka, ingkang asarêng punika kula ngaturakên rèngrèng sêrat paturan katur nagari, para warga pangrèh condhong punapa botên pangarsa macak atur ingkang makatên wau. manawi condhong, pundi ingkang kagalih kirang utawi kirang sakeca, supados mêwahi utawi ngewahi saparlunipun, sasampunipun lajêng kaparingna wangsul dhatêng kula, kula sumôngga.

Radyapustaka kaping 22 Mèi 1932.

Prajakintaka

Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, rujuk [Grafik tanda tangan]
Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura id [Grafik tanda tangan]
Panitya, Radèn Ngabèi Jayawidadga
Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya
Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga condhong [Grafik tanda tangan]
Juru rêmbag, Tuwan E Mudhi id [Grafik tanda tangan]

--- [43] ---

WG. Prajakintaka - Kumisi Kasusastran, 22 April 1931

Ôngka 109

Katur kumisi kasusastran.

Wiyosipun Radyapustaka nampèni sêrat saking Radèn Lurah Atmasuprapta, dhawuhing pangarsa supados kapasrahakên kumisi, kados ingkang katur asarêng punika, kula sumôngga.

Radyapustaka kaping 22 April 1931.

WG. Prajakintaka.

--- [44] ---

Prajakintaka - Anonim

Lajêng kaparingakên para lid kumisi pandhe êmpu, supados dipun ewahi.

I. Citradipuran
II. Prajakintakan
III. Wirasukatgan

30/1 31

Rèngrèng punika, pamanah kula

I. Botên turut

Sêrat dhawuh ingkang dipun wangsuli punika tumuju dhatêng pangagênging parentah karaton, lêrêsing wangsulan inggih mêdal sangajênging parentah karaton.

II. Slingsingan kalihan pandanguning nagari

Ingkang dipun dangu, waton ingkang pundi, ingkang dipun sulayani Mas Ngabèi Karyasukadga, botên dangu jangkêp kiranging waton, malah mêlèhakên manawi waton ingkang sampun kaidèn ing nagari punika tumrap calon panèwu botên kapratelakakên garapipun wontên ngajênging kumisi, punika pangkat jajar.

III. Kirang, botên jawab pandanguning nagari

1. Punapa komisi gadhah kasumêlangan bilih sanès garapanipun piyambak.

2. Sêratipun abdi dalêm bupati gêdhong kiwa ôngka 23 wau punika sampun mupakat kalihan liding kumisi sadaya.

Prajakintaka

Katur Prajakintakan.

Mugi kaparêng nirihi rèngrèng kadospundi patitisipun kayêktosan.

Citradipura.

--- [45] ---

Pangageng Komisi Kriya - Pangageng Parentah Karaton

Sêratipun pangagêng komisi kriya, katur pangagênging parentah karaton.

Komisi kriya sampun anampèni sêrat dhawuh nagari katitimangsan kaping 13/1-31 ôngka 34 D/1/I saha sampun lajêng karêmbag para lid, mênggah rêmbagipun para lid lêrês, wêwaton papriksan calon abdi dalêm kriya pandhe êmpu, taksih kirang, lêrêsipun sadaya dadaran wau kêdah dipun sumêrêpi dening komisi, dene aturipun Ngabèi Karyasukatga, ngaturakên babaran dhuwung mawi papêthan Sasrasubrahwa, minôngka papriksan badhe calon panèwu pandhe, sarèhning komisi botên nyumêrêpi panggarapipun, kamanah samar, manawi kangge papriksan pakèwêt, mênggah punika kula sumôngga.

Katur kaping ...

Katur Prajakintakan

Rèngrèng ingkang kaping kalih punika, kula pêtêng botên nyandhak, ngantos botên sagêt ngewahi, supados lajêng nyêkap parlu, bok kula nyuwun rengrengan nênêngan, pamanah kula botên pakèwêt, amargi ing paturan wau wontên ukaranipun. Sampun karêmbag para lid. Dados para lid wau bilih kenging utawi parlu ngewah punapa damêl rèngrèng saraosipun ingkang pratitis, sangêt panyuwun kula.

Citradipura.

--- [46] ---

Prajakintaka - Raden Tumenggung Citradipura, 12 II 31

Katur kiyai bêkêl Radèn Tumênggung Citradipura.

Kula nuwun, angèstokakên pamrayoginipun kiyai bêkêl, asarêng punika kula ngaturakên rèngrèng sêratipun pangagênging komisi kriya katur pangagênging parentah karaton, kula sumôngga sarta kadospundi karsanipun kiyai bêkêl.

Prajakintaka.

12 II 31

Manah kula sampun plong mila wiwit rèngrèng sapisan kula sampun nyuwun upami botên lajêng kaparêng damêl, tamtu botên rampung-rampung, pancèn angèl macak rèngrèng punika. Nuwun.

Citradipura.

--- [47] ---

Prajakintaka - Mas Ngabei Martasuwignya, 11 Desember 1934

Ôngka 350

Adhi Mas Ngabèi Martasuwignya, nalika kaping 6 Dhesèmbêr iki, aku ngunjuki uninga gusti, bab putusaning parêpatan warga Radyapustaka, kawegawe. musi katur nagara, muni kang katur nagara mau dak têdhak dak uningakke gusti, dhawuhe kaya cirenan ana têtêdhakan kang abarêng iki. Awit saka iku, aku jaluk katrangan.

Radyapustaka kaping 11 Dhesèmbêr 1934.

Kang Prajakintaka.

Nuwun, kala samantên pancèn nama kêlenan, tumrap kula sampun kagêngên pitados.

Pun, Martasuwigya.

--- [48] ---

Prajakintaka - Anggota Paheman Radyapustaka, 4 Maret 1931

Ôngka, 63.

Benjing ing dintên Saptu kaping 7 Marêt punika panitya kasusastran aparêpatan wontên sawetan gêdhong musium, angrêmbag prabot kasusastran ingkang sampun katampèkakên Mas Ngabèi Prawiraatmaja, kawiwitan wanci jam 7 sontên, para warga kaajêng-ajêng amarlokakên.

Radyapustaka kaping 4 Marêt 1931.

Prajakintaka.

1. Pangarsa Radèn Mas Arya Wuryaningrat. [Tanda tangan]
2. Warga Radèn Tumênggung Suradipura. [Tanda tangan]
3. Warga Mas Ngabèi Martasuwigya. [Tanda tangan]
4. Warga Radèn Ngabèi Dutadilaga. [Tanda tangan]
5. Warga Mas Ngabèi Prawiraatmaja. [Tanda tangan]
6. Warga panitraning panitya Mas Èsmu Subrata. [Tanda tangan]
7. Juru rêmbag, Tuwan. E. Mudhi. [Tanda tangan]

--- [49] ---

Prajakintaka - Raden Mas Arya Wuryaningrat, Mei 1931

Ôngka: ...

Kula nuwun Kyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, awit saking cirenan dalêm ingkang tumrap sangandhaping sêratipun Radèn Lurah Atma Suprapta ingkang katur wangsul asarêng punika, mênggah urusêpunurusanipun.

makatên. Mudamudha. pangarsa Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya pinanggih kalihan Radèn Lurah Atmasuprapta wau rêraosan bab kasusastran, radèn lurah sêdya pinanggih kalihan pangrèhing Pahêman Radyapustaka parlu angrêmbag bab kasusastran. Mudha pangarsa inggih amrayogèkakên, ing sawatawis dintên radèn lurah ngaturi sêrat mudha pangarsa, katitimangsan kaping 15 April 1931, suraos badhe sowan pangarsaning Pahêman Radyapustaka prêlu mitêrangakên bab kasusastran, kaparêngipun benjing punapa. Pamanahing pangrèh sarèhning Radyapustaka sampun damêl panitya kasusastran, prayogi kapasrahakên dhatêng panitya kemawon. Lajêng damêl wangsulan dhatêng radèn lurah kados tatêdhakan ingkang kula cirèni Ha, dene sêratipun radèn lurah kula pasrahakên panitraning panitya kanthi sorogan kados têtêdhakan ingkang kula cirèni Na, wusana mugi andadosakên kauningan.

Katur kaping ... Mèi 1931.

Prajakintaka

Sêrat saking Ismu Subratan, kasuwun Prajakintakan.

--- [50] ---

Prajakintaka - Radyapustaka, 23 Mei 1931

Ôngka 126.

Katur pangarsaning panitya kasusastran Radyapustaka.

Nuwun, Radyapustaka nyuwun katrangan, kadospundi panindak saha kawontênaningsun samangke panitya kasusastran, badhe karêmbag wontên parêpatan pangrèh benjing Jumuwah kaping 29 Mèi punika wanci jam 7 sontên.

Radyapustaka kaping 23 Mèi 1931.

Prajakintaka.

Sadhèrèk Ismu Subrata, kêparênga damêl parêpatan benjing Rêbo sontên jam 7 ana musium.

[Tanda tangan]

Dados punapa nyarêngi lèsêngipun Tuwan Krèmêr.

Ismu Subrata [Tanda tangan]

Lèsêngipun èngêt-èngêtan dhawah Slasa dalu, ewadene kaparênga takèn Prajakintakan

Lêrês dhawuhipun dara riya, lèsêngipun Tuwan Krèmêr Salasa sontên benjing êmbèn punika.

Pra

--- [51] ---

Pepatih - Paheman Radyapustaka, 16 Desember 1933

Golongan paprentahan praja lan pangadilan

Ôngka 607: C/b/II

Bab Jayawardaya magang.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, paring sumêrêp, awit saking sêrat paturanipun Radèn Mas Ngabèi Jayasucipta ingkang kaladosakên lumantar kabupatèn kaparak têngên, katitimasan kaping 14 Oktobêr 1933, ôngka 259/I/348 sakanthinipun, suraos nyuwunakên suwita magang anak mantunipun nama Jayawardaya sarta lajêng kasuwunakên gumadhuh ing musium, sampun kaparêngakên, kados ingkang kaparingakên dalah sêrat pratandhanipun magang sarêng punika, lajêng kadhawuhan mèngêti ing saparlunipun.

Kantor kapatihan kaping 16 Dhesèmbêr 1933.

[Tanda tangan]

16219

--- [52] ---

W.G. Wangsanagara - Jayawardaya, 13 Desember 1933

Turunan

Golongan paprentahan praja lan pangadilan.

Ôngka: 2 C/b/II.

Nêtêpi dhawuh tatanan katitimangsan kaping: 24 Sèptèmbêr 1931, ôngka: 5 (4/1) kabar paprentahan taun 1931 ôngka 20.

Têrang pêpatih dalêm.

Abdi dalêm bupati nayaka sèwu panggêdhening kantor paprentahan praja lan pangadilan, anamtokake marang: Jayawardaya, kang wus sinau marang pamulangan H.I.S. tumêka klas VI, anake Radèn Mas Jayadiningrat. Kalilan dadi pamagang, munggah buk pèngêtan ing kantor C. Ngèngêti dhawuhing nagara, katitimangsan kaping: 13 Dhesèmbêr 1923, ôngka 2087 A/I/II pamagang mau ora kêna katindakake ing pagawean apa-apa, sarta rèhning pamagang mau durung mêsthi bisa têtêp dadi abdi dalêm, uga kaparêngake ngupaya pagawean liya.

Layang iki banjur kaparingake marang: Jayawardaya minôngka pratôndha anggone wus kaunggahake ing buk pamagang. Jayawardaya mau yèn salin jênêng olèh pagawean liya sapêpadhane, kudu banjur lapur kanthi layang iki, bakal kapèngêtan.

Kantor kapatihan kaping 24 Ruwah taun Be 1864.

Utawa kaping 13 Dhesèmbêr 1933.

Bupati nayaka sèwu panggêdhening kantor paprentahan praja lan pangadilan.

W.G. Wôngsanagara.

--- [53] ---

Prajakintaka - Raden Mas Arya Purwadiningrat, 8 Oktober 1931

Ôngka: 247

Nagari sawêg ngirat,ngiritdados pakèwêd maringi waragat arta motor.

[Tanda tangan]

8/10-

Sêrat katur ing Panjênêngan Dalêm Kiyai Lurah Kangjêng Bandara Radèn Mas Arya Purwadiningrat.

Kula nuwun, rayi jêngandika Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya (pangarsaning Pahêman Radyapustaka) canthèl atur katuripun ing rayi jêngandika panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara, ngaturi uninga, Radyapustaka nampèni sêrat ulêm saking pakêmpalan Sabakarti ing Sêmarang, benjing dintên Sabtu kaping 10 Oktobêr punika, wanci jam 7 sontên, pangrèhing Pahêman Radyapustaka dipun aturi rawuh anjênêngi pambikaking sêkopbèrêh enggal damêlanipun pakêmpalan Sabakarti wau, mawi pasamuwan agêng, kadosdene sêrat ingkang kula aturakên asarêng punika, punika panggalihipun rayi jêngandika, Radyapustaka pêrlu angintunakên wêwakil, rayi jêngandika piyambak ingkang badhe nyarirani rawuh.

Awit saking punika, rayi jêngandika nyuwun motor nagari kagêm têdhak anjênêngi pambikaking pasamuwan wau, manawi sampun kaparêng, kasuwun wontên dintên Sabtu dhatêng pasanggrahan dalêm ing Pracimaharja, wanci jam 3 siyang, supados ngampiri kula, amargi kadhawahan dhèrèk. Wusana salajêngipun konjuk ing rayi jêngandika bandara kangjêng pangeran arya adipati, rayi jêngandika mitadosakên ing panjênêngan dalêm, kula sumôngga.

Katur kaping 8 Oktobêr 1931.

Pun, Prajakintaka

Katur ing Kiyai Lurah

Nyuwun dhawuh

Purwadiningrat.

--- [54] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 25 Desember 1931

Kawula nuwun gusti, ingkang asarêng punika abdi dalêm angunjukakên pamundhut dalêm

I. Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka dhatêng para warganing parêpatan agêng kasusastran.

II. Nama saha cacahing warga

Kawula nuwun sumôngga.

Konjuk kaping 25 Dhesèmbêr 1931.

Abdi dalêm pun Prajakintaka

Makatên malih [...]Teks tidak jelas.

--- [55] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 29 Desember 1930

Ôngka ...

Kawula nuwun gusti, pun Sumardi wiwit kadukanan saha lajêng kawula bêbah, lêlajênganipun kawula sêrêpakên ingkang dados kaparêng dalêm, punika dumugi sapriki dhatêng padamêlan saya majêng botên ajrih sayah saha kangelan, manahipun katingal nalôngsa, narimah namung sumendhe ing sakarsa dalêm.

Kawula nuwun, kajawi kaparênging karsa dalêm, pamanah kawula sampun sêdhêngipun kaparingan pangapuntên tumuntên kakêpyakakên, kawula nuwun sumôngga saha cumadhong dhawuh, rujuk.

Konjuk kaping 29 Dhesèmbêr 1930.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [56] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 11 Juni 1929

Kawula nuwun gusti, abdi dalêm angunjukakên sêrat

1. Pacakan kêkancingan warga Radyapustaka.

2. Kundhuwisi sêtat, ingkang tumrap abdi dalêm panèwu dumugi jajar, botên kawula tandhani saha botên kawula cirèni awon saenipun, amargi èngêt kawula kala taun Alip kapêngkêr punika panjênêngan dalêm piyambak ingkang napak astani saha nyirèni.

3. Kundhuwisi sêtat tumrap pambantu, sampun kawula cirèni saha kawula tandhani.

4. Rèngrèng paturan katur nagari, nyuwunakên indhaking sri nugraha kawula, amargi sampun têtêp sadasa taun kaetang saking anggèn kawula kakarsakakên dados panèwu.

5. Ugêr paturanipun Daryasayana. 6. Ugêr paturanipun Rêksasayana, anggènipun sami kawula dangu bab sêrat paturanipun, saha kawula sêrêp-sêrêpakên, wêkasan sami narimah nglorod sêrat paturanipun.

Kawula nuwun sumôngga.

Konjuk kaping 11 Juni 1929.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [57] ---

WG. Prajakintaka - Abdi Dalem Asisten Wadana Dusun, 18 Nopember 1929

Tatêdhakan.

Ôngka 390

Sêrat katur abdi dalêm asistèn wadana dhusun.

Wiyosipun, awit saking sêrat katitimangsan kaping 18 Nopèmbêr 1929 ôngka 643/A/29 tiyang nama Martawijaya ing dhukuh Karanglo (Musuk) ingkang manggih barang mas salaka awarni-warni sampun sowan ing kantor Radyapustaka, sarta lajêng kula paringi arta f 431 sumêrêp ganjaran anggènipun manggih barang wau.

Ingkang punika, salajêngipun katur kauningan ing kabupatèn Bayalali, kula sumôngga.

Radyapustaka kaping 18 Nopèmbêr 1929.

WG. Prajakintaka.

--- [58] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 18 Nopember 1929

Ôngka: 392

Kawula nuwun gusti, dintên punika wau kula saèstu maringakên arta 431 rupiyah, ganjaran dhatêng Martawijaya ingkang manggih barang mas salaka, kados pêthuk ingkang konjuk asarêng punika, kanthi sêrat soroganipun asistèn wadana Musuk, saha têtêdhakan sêrat wangsulan kawula.

[...] abdi dalêm ngunjukakên sêrat pacakan katur nagari nglapurakên bab pamaring arta wau, punapadene nyuwun lumadosing barang panggihan saking Bayalali, nyuwun tapak asta.

Konjuk kaping 18 Nopèmbêr 1929.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [59] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 24 Pebruari 1936

Kawula nuwun gusti, angèstokakên dhawuh dalêm, kala wau wanci jam 10 enjing, abdi dalêm sowan raka dalêm kangjêng gusti angaturakên pariksa pênding panggihan saking dhukuh Kapulaga, kaondêran Miri, kabupatèn Sragèn. Lajêng dipun tandhing kalihan kagunganipun pênding panggihan enggal, wangunanipun sami, namung kaot agêng saha jênenipun sêpuh kagungan dalêm musium, dhawuhipun pênding kaêndhêg badhe kapatitisakên pamriksanipun, kawula lajêng kadhawuhan ningali kagunganipun barang ingkang katata kados musium, panatanipun sae wijang, sami kamanggènakên ing lêmari kaca [...] rêca-rêca sampun kathah, bangsaning mas-masan ugi sampun kathah, [...] wêwangunaning sêsupe, wontên sawatawis ingkang ing musium dèrèng wontên, saha ingkang kawula rêmêni ringgit golèk saking Siyêm, Lampahan Rama, kalihan waos warni-warni punapadene têkên saha sabêt katata ing bênèt kaca, namung punika sanès panunggilanipun barang musium wau, kagungan Mangkunagaran ingkang nunggil ing kamar kyai, kawêdalakên katata nunggil musium, wanci jam 1/2 12 lajêng nyuwun mundur, wusana mugi andadosakên kauningan.

Konjuk kaping 24 Pèbruari 1936.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [60] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 13 Mei 1936

Ôngka: ... / R.P

[...] sakiwanipun Ngabèi Rêdisuta punika Arjautama, pènsiunan guru normal. Ingkang kalih punika kalih pisan abdi dalêm guru Mambangul Ngulum.

Kawula nuwun gusti, dhawuh dalêm angladosakên sêsorahipun Tuwan Dhoktêr Bos saha nota musium Surabaya, ingkang asarêng punika ngunjukakên sêsorahipun Tuwan Dhoktêr Bos prêtalanipun Tuwan Mudhi, amargi ingkang têmbung Walandi sampun sami kaparingakên dhatêng panitya rad musium. Dene nota musium Surabaya punika wau kawula kengkenan mundhut dhatêng Tuwan Mudhi botên pinanggih ing griya sawêg nênggani sakitipun bapa pamanipun wontên Jèbrès. Namung nota musium Surabaya wau ugi sampun dipun prêtal kasambêtakên prêtalan sêsorahipun Tuwan Dhoktêr Bos wau, kawula nuwun sumôngga.

Konjuk kaping 13 Mèi 1936,

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

[...]

--- [61] ---

Prajakintaka - Warga Pangreh Paheman Radyapustaka, 12 Januari 1935

Ôngka 19/ R.P.

Katur warga pangrèhing Pahêman Radyapustaka.

Nuwun, awit saking dhawuhipun mudha pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, aparing uninga benjing dintên Salasa kaping 15 Januari punika wanci jam 12 siyang, Sèinêèksêlènsiyonghir Mistêr Dhoktor H.K. pan Karnêbik, ministêr pansêtat, sanyonyah, badhe rawuh ing Surakarta, sontênipun wanci jam 1/2 5 tamu agung wau mariksani musium sarta Sriwêdari, dhawuhing timbalan dalêm, mudha pangarsa sakalihan garwa kadhawuhan manggihi, punika para warga pangrèh sami kadhawuhan sowan ing musium, wanci jam 4 sontên, sasampuna pêpak, pangagêman ikêt-ikêtan rasukan atela pêthak, andhèrèk mudha pangarsa.

Makatên malih prasabênipun pangagênging taman Sriwadari, sasampuning para tamu rampung anggènipun mariksani musium, dhatêngipun ing Sriwêdari para warga pangrèh kaajêng-ajêng andhanganakên biyantu amanggihi.

Radyapustaka kaping 12 Januari 1935.

Prajakintaka.

1. Radèn Tumênggung Suradipura. [Grafik tanda tangan]
2. Radèn Ngabèi Yasawidagda, sandika [Grafik tanda tangan]
3. Radèn Ngabèi Dutadilaga. [Grafik tanda tangan]

4. Mas Ngabèi Martasuwignya. | 5. Tuwan E. Mudhi } nyarêngi wanci mulang = sarèhning wontên pakèwêdipun pamit botên mulang, mila nyuwun pamit botên sagêd sowan dhatêng musium. Martasuwignya

6. Mas Ngabèi Sutasukarya.

--- [62] ---

Prajakintaka - Dokter Y.H. Baping, 2 Juli 1933

Nguningani

[Grafik tanda tangan]

Ôngka: 152

Kawula nuwun gusti, dintên Sabtu kala wingi kawula saha abdi dalêm Ngabèi Martasuwignya sampun sami angèstokakên dados utusaning Pahêman Radyapustaka anguntapakên TuwakTuwan. Dhoktêr Y.H. Baping dhatêng sêtatsiyun Balapan. Sadhatêngipun Tuwan Dhoktêr Y.H. Baping sanyonyahipun sami suka tabe, Ngabèi Martasuwignya kawula sasmitani supados lajêng amratelakakên parlunipun, kaèstokakên lajêng mratelakakên manawi dhatêngipun punika sami kautus pangrèhing Pahêman Radyapustaka atur pamuji arja anggènipun tuwan dhoktêr sakalihan sami dhatêng nagari Walandi, wontênipun ing purug tansah amanggiha suka pirêna kasêmbadana punapa ingkang sinêdya, sarta sawangsulipun dhatêng tanah Jawi sagêda lastantun wontên ing Surakarta supados saya supêkêt kalihan Radyapustaka, anggènipun sami marsudi kamajênganing kawruh sagêd widada sêpên ing sambekala anêtêpi punapa saèsthinipun, wangsulanipun namung nuwun saha sagêda nêtêpi pangajêng-ajênging Radyapustaka.

Kawula nuwun, mênggah ingkang sami dhatêng anguntapakên kathah sangêt jalêr èstri bôngsa Eropah sarta Jawi, malah raka dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara inggih utusan paring wilujêng, ingkang kautus Kangjêng Pangeran Arya Suryasularsa saha Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma, wusana sadaya wau mugi andadosakên kauningan dalêm.

Konjuk kaping 2 Juli 1933.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [63] ---

Ismusubrata - Warga Panitya Kasusastran, 22 Juni

Ôngka: ...

Katur para warganing panitya kasusastran.

Nuwun, benjing dintên Rêbo kaping 24 Juni punika, panitya kasusastran angwontênakên parêpatan, manggèn ing musèyêm, kawiwitan wanci jam 7 sontên. Para warga mugi kaparênga andhanganakên rawuh.

Katur kaping 22 Juni

Panitra

Ismusubrata

1. Rm. Ar Wuryaningrat [Grafik tanda tangan].
2. M. Ng. Prawiraatmaja [Grafik tanda tangan].
3. M Ng. Martasuwignya [Grafik tanda tangan].
4. R. Tu Suradipura [Grafik tanda tangan].
5. R. Ng. Dutadilaga [Grafik tanda tangan].
6. Tuwan E Mudhi, [Grafik tanda tangan].
Wangsul dhatêng Ismusubratan.

--- [64] ---

Ismusubrata - Warga Panitya Kasusastran, 25 Agustus

Ôngka: ...

Katur para warganing panitya kasusastran.

Nuwun, benjing dintên Kêmis kaping 27 Agustus punika, panitya kasusastran angwontênakên parêpatan, manggèn ing musèyêm, kawiwitan wanci jam 7 sontên.

Katur kaping 25 Agustus

Panitra

[Ismusubrata]

1. R.M. Ar. Wuryaningrat. [Grafik tanda tangan]
2. M. Ng. Prawiraatmaja. katampi abdi
3. M. Ng. Martasuwigya. [Grafik tanda tangan]
4. R. Tu. Suradipura. Kêmis sontên kula rad nagari [Grafik tanda tangan]
5. R. Ng. Dutadilaga. [Grafik tanda tangan]
6. Tuwan E. Mudhi. [Grafik tanda tangan]
Wangsul dhatêng: Ismusubrata.

--- [65] ---

Ismusubrata - Warga Panitya Kasusastran, 22 September 1931

Katur para warganing panitya kasusastran.

Nuwun, benjing dintên Rêbo kaping 23 Sèptèmbêr punika, panitya kasusastran angwontênakên parêpatan, manggèn ing musèyêm, kawiwitan wanci jam 7 sontên.

Ingkang punika para warga mugi kaparênga amrêlokakên rawuh.

Katur kaping 22 Sèptèmbêr 1931.

Panitra.

[Ismusubrata]

1. R. M. Arya Wuryaningrat. [Grafik tanda tangan]
2. M. Ng. Prawiraatmaja. [Grafik tanda tangan]
3. M. Ng. Martasuwignya. [Grafik tanda tangan]
4. R. Tu. Suradipura. [Grafik tanda tangan]
5. R. Ng. Dutadilaga. Katampèn [Grafik tanda tangan]
6. Tuwan E. Mudhi. nyuwun pamit [Grafik tanda tangan]
Wangsul dhatêng Ismubratan.

--- [66] ---

Ismusubrata - Warga Panitya Kasusastran, 29 September 1931

Ôngka: ...

Katur para warganing panitya kasusastran.

Nuwun, benjing ing dintên Kêmis, kaping 1 Oktobêr ngajêng punika panitya kasusastran angwontênakên parêpat.parêpatan. Panggenan sarta wancinipun kados adat.

Ingkang punika para warga mugi sami karsaa amrêlokakên rawuh.

Katur kaping 29 Sèptèmbêr 1931.

Panitra. Ismusubrata

1. R. M. Ar. Wuryaningrat. [Grafik tanda tangan]
2. M. Ng. Prawiraatmaja. [Grafik tanda tangan]
3. M. Ng. Martasuwignya. [Grafik tanda tangan]
4. R. Tu. Suradipura. Botên sowan patihan pamit gêrah.
5. R. Ng. Dutadilaga. [Grafik tanda tangan]
6. Tuwan E. Mudhi. [Grafik tanda tangan]
Wangsul dhatêng: Ismusubrata.

--- [67] ---

Ismusubrata - Warga Panitya Kasusastran

Ôngka: ...

Katur para warganing panitya kasusastran.

Ngaturi uninga: benjing Salasa kaping 1 Dhesèmbêr punika, panitya ngwontênakên parêpatan, kawiwitan jam 7 sontên.

Para warga mugi karsaa amrêlokakên rawuh.

Panitra: Ismusubrata
1. Kang. R. M. Ar. Wuryaningrat.
2. M. Ng. Prawiraatmaja. [Grafik tanda tangan]
3. M. Ng. Martasuwignya. [Grafik tanda tangan]
4. R.Tu. Suradilaga. [Grafik tanda tangan]
5. R. Ng. Dutadilaga. [Grafik tanda tangan]
6. Tuwan E. Mudhi. [Grafik tanda tangan]
Wangsul dhatêng: Ismusubrata.

--- [68] ---

Martasuwignya - Kang mas (?), 20 Ogustus 1929

Kula nuwun, nalika malêm Ngakad wanci jam satêngah sanga wontên utusan saking Adiwijayan, paring dhawuh bilih kangjêng Sabtu sontên jam 6 kondur, Ngahad enjing kula katimbalan, kalaksanan sowan ngantos andhèrèkakên dumugi ing Balapan, nguntapakên têdhak dhatêng Batawi malih. Kula sagêd nyambi munjuk bab sêratipun kangmas prakawis raosan badhe kumisèn musium. Dhawuhipun kangjêng: iya, dhasar aku wis dikandhani bagus: bab iku aku muring-muring. Aku wis kôndha marang Padmanagara yèn nagara arêp tumindak kaya mangkono, aku bêrontak. Dados nitik dhawuh kados makatên, ing pangintên cêpak botên kalaksananipun.

Kajawi punika, kula nyuwun ngampil Pusaka Jawi taun 1928 ingkang ngêwrat karangan kula bab sarandu sarta dhapuring dhuwung mawi gambar, sarta ingkang ngêwrat bab tangguhipun dhuwung, asli saking panjênêngan kangmas. Sarèhning kasêpênan ingkang kula kèngkèn, kaparênga dhawuh maringakên. Saha malih paribasan ngudang siyunge Bathara Kala punika ing Sêrat Saloka Paribasa namung katêrangakên: siyung kaupamèkakên dêdamêl. Blêjat-blêjat kula kèngêtan wontên cêcriyosan: Sang Hyang Guru duka mundhut siyungipun Bathara Kala, sakala malih dados dhuwung nama Kalamisani, punika têrangipun kadospundi, bilih kacriyos wontên ing sêrat tuwin [tuwi...]

--- [69] ---

[...n] sêratipun cêpak, kula suwun pisan.

Katur kaping 20 Ogustus 1929.

Pun, Martasuwignya.

--- [70] ---

Martasuwignya - Pangarsaning panitya kasusastran Paheman Radyapustaka, 17 Oktober 1934

Katur pangarsaning panitya kasusastran Pahêman Radyapustaka.

Kula nuwun, asarêng punika kula ngaturakên rèngrèng palapuran angrêmbag ewah-ewahan kasusastran dalah prabot-prabotipun. Sêrat wangsulan ingkang saking Tuwan Dhoktêr Th. Piso kula padosi ing parawatan kula botên wontên, amila ing palapuran dèrèng kula êwrat. Kula nuwun nyumanggakakên.

Katur kaping 17 Oktobêr 1934.

Warga panitya pun Martasuwignya.

1. K.R.m. H. Wuryaningrat.
2. R.T. Suradipura, sampun.
3. Tuwan E. Moody, sampun.
4. R. Ng. Dutadilaga, sampun.
5. R. Ng. Martasuwignya, sampun.
6. R. Ng. Prawiraatmaja, pens. Goeroe Norm Yudanagaran, Ngayogya.
7. M. Ismusubrata: guru netral, Sragèn.

--- [71] ---

Karyarujita - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 22 Maret 1919

Ôngka 32

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kala wingi dhawuh dalêm mêdal pun Sastrasayana supados kula ngrampungakên tatanan arta sarta angladosakên artanipun ing dintên Saptu punika utawi benjing Sênèn, amila ingkang asarêng punika kula ngladosakên kas buk supsidhi sarta asil musium, kanthi arta f 58,45 mênggah petangipun.

Asil

Januari angsal f 34.60, Pèbruari angsal f 51.85 } ... f 89.45

Ingkang sumimpên wontên kula namung f 58.45 wau, amargi ingkang f 31 sampun kalajêng kula blanjakakên dhatêng kacung sarta bayar dilah èlêktris sami sumêrêp kalih wulan wau, kula dèrèng tampi lintu saking rikkas.

Mênggah anggènipun botên kula pacak-pacak ing kas buk punika kula ngêntosi lintunipun balônja kacung sarta bayaran dilah èlêktris, makatên malih ingkang kadamêl wit kas buk asil manah kula taksih kodhêng, dèrèng sagêt matur ing panjênêngan dalêm, amargi kajawi arta wangsulan sêtoran taun 1918 wontên malih arta kêkantunaning supsidhi ing taun 1917 kathahipun f 404.72, ingkang panjênêngan dalêm asta f 260.00

Sampun tumônja:

[Grafik]

Mugi andadosakên kauningan.

Katur tanggal kaping 22 Marêt 1919.

Pun Karyarujita.

--- [72] ---

Kusumayuda - RMA Wuryaningrat, 17 Mulud 1850 A.J. [10 Desember 1919 A.D.]

Kamas Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kula nyuwun ngampil kagungan dalêm gambar bathikan sinjang ingkang kagêlarakên ing kantor musium, parlu badhe kula purih nêdhak kangge simpênan ing Sanapustaka.

Kaping 17 Mulud Jimakir 1850.

Kusumayuda.

--- [73] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 12 Juli 1920

Ôngka 65

Kula nuwun, karsa dalêm kiyai lurah, nawala dalêm badhe karêmbag ing pakêmpalan, punapa botên pakèwêd, amargi pamanggih kula punika babagan gawat sayêktos, saha taksih winados, môngka warganing Radyapustaka kathah ingkang dede grat sarta sawatawis wontên abdining guprêmèn, ing pangintên kathah ingkang botên dungkap, tarkadhang botên andadosakên kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susunan,Susuhunan. kala kula taksih magang èngêt kula salêbêtipun taun Jimawal ôngka 1829 rama dalêm panjênêngan dalêm kangjêng sampun nate ngadani bab punika, ingkang kadhawuhan nindakakên Mas Ngabèi Rêksapraja, Mas Ngabèi Prajalukita, saha Mas Ngabèi Prajapustaka sapunika, kula ingkang ngladosi saha kala jaman eyang dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ingkang kaping sanga, ugi sampun nate karancang rèngrèngipun kados ingkang katur asarêng punika, amila prayogi karêmbag piyambak, panjênêngan dalêm kalihan sintên ingkang dados kaparênging galih, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 12 Juli 1920.

Pun Prajakintaka.

[...]

--- [74] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 11 Agustus 1920

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, panata kula adhêl, guru kawontênan sapunika, kacundhukakên kalihan adhêl, kados ta: buyud, manawi dados mantri, radèn ngabèi, manawi dados riya, panji, wadana, kliwon, lêstantun radèn mas. Canggah rarenipun radèn mas, diwasanipun radèn, wiwit sami kaparingan pikukuh, bilih taksih nama rare: radèn mas, sarêng sampun nama sêpuh, radèn. Tôndha yêktinipun ampilan kula, kala nama rare, Radèn Mas Suwita, sarêng dados mantri, Radèn Ngabèi Karyarujita.

Wondèntên panata kula dumugi canggah kèndêl, kula cumadhong dhawuh, kalajêngakên punapa kèndêl.

11/8 20 pun Prajakintaka.

--- [75] ---

Anonim - Panitra Paheman Radyapustaka, 13/8 20

Katur panitraning Pahêman Radyapustaka.

Parêpatan Radyapustaka angrêmbag bab darah punika angèl saha gawat, wontênipun nagari maringakên dhatêng Radyapustaka punika amargi botên sagêd mêdhoti ingkang amung kalihan pikiran, kêdah kalihan adat waton, têmahanipun nagari maringakên dhatêng Radyapustaka. Prakawis punika sampun kalampahan dipun wiwiti kaparêpat nalika malêm Akat tanggal kaping 15 Dulkangidah punika. Nanging dèrèng môntra-môntra pikantuk wêngan dening angèl punika wau.

Awit saking punika kula canthèl atur katuripun presidhèning Pahêman Radyapustaka, sarèhning Radyapustaka kakarsakakên nagari ngrêmbag bab prakawis parlu ingkang botên kenging dipun paiti pintêr, manawi Radyapustaka ngrêmbag malih wontên ing parêpatan bab ingkang kasêbut ing nginggil, mugi wontên kaparêngipun presidhèn, angaturi lidipun Radyapustaka para putra dalêm, inggih punika ingkang sampun kula sumêrêpi:

1. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat.

2. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

3. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sukur dipun wêwahi kangjêng pangeran putra malih ingkang dede lid, saha pangeran santana ingkang sampun sêpuh. Amargi nalika parêpatan Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sampun ebar-ebar bilih prakawis punika ugi sampun karêmbag wontên kawêdanan kasêntanan. Mangkatên malih wontên kaparêngipun presidhèn ngwontênakên lid saking santana wayah dalêm, wayah [wa...]

--- [75a] ---

[...yah] dalêm kaping tiga Radèn Mas Arya Nataningrat, wayah kaping sakawan Radèn Mas Arya Priyawinata, wayah kaping gangsal Radèn Mas Arya Suryawinata.

Anjawi punika kados langkung prayogi presidhèn nyuwun buk-buk ing karaton ingkang isi pèngêtanipun para putra-putri dalêm ingkang miyos salajêngipun kapatêdhan nama timur, saha buk pèngêtan ingkang ngêwrat bab darahing karaton. Anggèn kula gadhah pêpikiran ingkang makatên punika, amargi saking rumaos bilih Radyapustaka kakarsakakên nagari angrêmbag bab babagan parlu saha wajibipun karaton. Ewadene manawi para panitraning Radyapustaka anggalih pakèwêd inggih sampun.

13/8 20

[Grafik tanda tangan]

--- [76] ---

Anonim - Kangjeng Pangeran Arya Kusumayuda 7 April 1921

Tatêdhakan sêratipun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat pangagêng parentah karaton

Ôngka 37

Sêrat katur ing panjênêngan dalêm Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, ridêring krun ordhê ing Siyêm, mayor generalên stap, pangagênging parentah karaton.

Kula nuwun, kula sampun nampèni paring dalêm sêrat katitimangsan kaping 16 Marêt 1921, ôngka 154, Ka/4/III, maringakên tatêdhakan sêratipun ingkang nata kantor Sasanapustaka, katitimangsan kaping 2 Marêt 1921, ôngka 27 Sa/I sakanthinipun, sapituruting suraos sampun kula sumêrêpi sadaya.

Awit saking punika mugi andadosakên kauningan, kala Radèn Tumênggung Atmadiningrat taksih dados abdi dalêm kaliwon nama Radèn Ngabèi Mangkudipura, suka sêrat ing kula katitimangsan kaping 13 wulan Sura taun Alip ôngka 1843, suraos ugi bab wau, kula wangsuli katitimangsan kaping 20 wulan Sapar taksih nunggil taun, kanthi palapuranipun Ngabèi Prajakintaka kala taksih nama Ngabèi Karyarujita, abdi dalêm mantri Gowong, ingkang kapatah anindakakên padamêlan wontên ing Radyapustaka, amratelakakên sêtat kawontênaning kagungan dalêm sêrat ingkang kaampil wa jêngandika bapak, wontên ingkang sampun kakondurakên, wontên ingkang pancèn dèrèng tampi (sampun canthèl unjuk nyuwun ngampil namung dèrèng kaparingakên), dados ing sapunika Radyapustaka sampun botên ngampil kagungan dalêm sêrat, tumuntên kula nampèni sêratipun Radèn Mas Ngabèi Yasadipura, katitimangsan kaping 23 wulan Mukaram taun Dal ôngka 1846, ugi bab wau, kula wangsuli katitimangsan kaping 27 nunggil wulan taun, suraos sami kalihan wangsulan ingkang dhatêng Radèn Ngabèi Mangkudipura, namung botên kanthi palapuranipun Ngabèi Prajakintaka, amila sangêt andadosakên pangungun kula, dene wongsal-wangsul namung prakawis punika, ingkang sajatosipun sampun rampung kala samantên.

Katur kaping 7 April 1921.

--- [77] ---

Prajakintaka - Raden Mas Arya Wuryaningrat, 30 Agustus 1921

Ôngka 198

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kala kaping 28 Agustus punika, kula nampèni sêratipun Mas Sasrasutikna kados ingkang katur asarêng punika (ciri Ha) sarèhning kaslêpêg, kula matah Mas Ngabèi Nayawirôngka supados marlokakên, inggih sampun kalampahan, mênggah palapuranipun kula aturakên asarêng punika (ciri Na) kula sumôngga.

Katur kaping 30 Agustus 1921.

Prajakintaka

Sampun kula ladosakên, dhawuhipun bab adêging pasinaon, bingah, namung pangampil rêbab botên kaparêng, ringgit manawi botên risak kaparêng, kadhawuhan dhawuhakên.

Pra

--- [78] ---

Kantor Kapatihan - Ngabei Karyarujita, 27 April 1914

ôngka 716/II A/4

Ngabèi Karyarujita, layang paturan pakênira katitimasan towongGowong. April 1914 sakanthine wus kauningan panjênêngan dalêm kiyai lurah kangjêng radèn adipati, bab Suhirman pamagang ing musium Sriwadari amêcahake kagungan dalêm barang musium rupa pas êndhog rêmak siji, dhawuh dalêm kapatrapan rès ana paseban Bale arja lawase 3 dina 3 bêngi, amarga têtela kurang pangati-ati sarta sujanane, iku banjur pakênira dhawuhna saparlune sarta banjur pakênira sebakna marang kantor Kapatihan bakal kapatrapake rèse.

Kantor Kapatihan kaping 27 April 1914.

[Tanda tangan]

Garapan prakawis paprentahan.

[Tanda tangan]

--- [79] ---

Prajadireja - Prajakintaka, 3/9 24

Pratelan barang musium ingkang kagambar, kala kaping 22/8 24

1. Rêca Sudha
2. Rêca Adi Budha
3. Rêca Trimurti, sela
4. Rêca kumpulan rêca 9 iji
5. Pandhapi wingking saking kidul
6. Èmpèr bigêbo wetan.
7. Sinjang lurik saha dringin
8. Sinjang bathik saha sêkaran
9. Conto griya-griya
10. Pandhapi wingking malih saking kidul kilèn
11. Gêntha agêng 2 alit 1
12. Gôngsa satunggal rancak
13. Kantoran saking lèr
14. Kantoran saking kilèn

Mênggah têlasipun arta waragad gambar ing nginggil wau: ngagêm tusêtèl kagungan Padmanagaran, ngangge gêlas gambaran kados ing ngandhap punika.

Tumbas gêlas gambaran 1 lusin: f 3,-, Gêlas gambaran malih 4 iji a f 0,35: f 1,40 } gunggung 16 ingkang 2 botên dados
Ongkos cuci plat 15 iji a f 0,10: f 1,50
Ngêcap gambar 14 iji a f 0,20: f 2,80
Andhong kaping 3 mlampah mantuk: f 1,80
Gunggung: f 10,50

Nyuwun nyadhong lis bonipun.

3/9 24 wg. Prajadirêja

Mas Prajakintaka lajêng kabayar rês,

wg. Wur

--- [80] ---

Paheman Radyapustaka - Raden Tumenggung Puspanagara, Pebruari 1923

Ôngka 51

Sêratipun wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur Radèn Tumênggung Puspanagara, abdi dalêm bupati pangrèh praja ing Klathèn.

Nuwun, kula ngaturi uninga, pandamêl kula bancik ingkang badhe kangge rêca saking Pandhansimping, rampungipun wontên antawisipun tanggal kaping 2 Marêt ngajêng punika, ing pangangkah bilih sampun rampung, tumuntên kula tindakakên pamêndhêtipun rêca wau, ingkang badhe mitulungi pambêktanipun punika tuwan pamarentah sêpur, kula namung kapasrahan bau sacêkapipun, amila panyuwun kula bau kasêbut dhawuhing nagari katitimangsan kaping ... Januari 1923 ôngka ... mugi kadhawuhana sami sudhiya, ing samôngsa-môngsa wontên panêdhanipun parentah sêpur sagêda lajêng tumindak, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping ... Pèbruari 1923.

Saha prasabên tilpun mriki, supados kula dhatêng sagêd sadhiya dhatêngipun.

--- [81] ---

Anonim - Kantor Musium, 29 Desember 1922

Katur kantor musium

Dhawuhipun Bandara Riya, wiwit benjing taun 1923 ngajêng punika, abonêmèn tid sêkrip Medhan Muslimin, tid sêkrip Guru Desa sarta wêwah abonêmèn malih tid sêkrip Pusaka Jawi, kabayar ris saking arta musium piyambak, kados sêrat paturan Prajapustaka asarêng punika.

Ingkang punika, kantor musium supados nyuwun arta abonêmèn wau, kathahipun f 11,30 kalêbêt wragad wisêl, lajêng kintuna dhatêng Radyapustaka badhe lajêng katindakakên.

Kaping 29 Dhesèmbêr 1922.

--- [82] ---

Atmawiguna - Mas Ngabei Sutasukarya, 4 Maret 1925

Sêrat katur panjênênganipun Mas Ngabèi Sutasukarya.

Kula nuwun, sasampunipun kula nyumêrêpi gôngsa ing musium, salajêngipun kula kadhawuhan napsir andamêlakên wêwahipun, bonang salendro sapanêrusipun, cacah 24 iji, waragadipun f 240
Dêmung 1 iji, wilahan pitu f 65
Saron barung 1 iji, wilahan sanga f 45
Saron pênêrus 1 iji wilahan pitu f 35
Gunggung sadaya f 385

Rêgi samantên wau Mas Ngabèi Sutasukarya mawi mundhut risèrêp tabuh sasêtèl, tuwin salêbêtipun sataun manawi ewah larasipun kula taksih kadhawuhan anglaras tanpa prabeya atur kula sandika, sarta sami sampun mlangkring ing rancakan. Makatên malih manawi kalampahan kula kadhawuhan anggarap, sarèhning lantaranipun saking Mas Ngabèi Sutasukarya, mawi mundhut prêsèn, nanging prêsèn wau kula botên mujudakên arta, namung mundhut mulyanipun gôngsa ing musium.

1. Nyantuni bumbungan gêndèr ingkang sami risak.

2. Nglaras bonang, dêmung, barung, saron panêrus ingkang blero.

3. Andandosi tabuh ingkang sami risak.

Sadaya wau kula ugi sampun anyanggêmi. Manawi sampun kaparêng sanggêm kula ngrampungakên salêbêtipun kalih têngah wulan, dados 45 dintên, saha kaparênga kula nyuwun sapalihing waragad parlu kangge tumbas badhe.

Kajawi punika manawi kaparêngipun kenginga kaangge kapalih, salendro pelog manggèn panggenan piyambak-piyambak, namung bujêng sacêkap, kênongipun ingkang laras têngah 2 iji, kaewahan dados laras gangsal sarta nêm, dados salendro pelog sampun sami anggadhahi kênong cacah niga iji, laras gangsal nêm barang, waragadipun namung 15 rupiyah.

Kêmpul wêwah satunggal laras gangsal rêgi f 45

Gông suwukan wêwah satunggal laras gulu rêgi 65

Sampun lajêng sami anggadhahi kêmpul ngalih iji, gong suwukan nyatunggal [nya...]

--- [82a] ---

[...tunggal] iji. Makatên wau manawi kapalih sampun cêkap. Dene manawi mundhut jangkêpipun nama kêlangkungan, inggih taksih kêdah wêwah kênong 4 iji, sami laras têngah sarta gulu. Kêmpul wêwah malih 2 iji, sami laras barang, gong suwukan wêwah 2 iji, laras gulu sarta barang.

Mênggah punika salajêngipun katur ing musium kula sumôngga saha nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 4 Marêt 1925.

Pun Atmawiguna.

--- [83] ---

Prajakintaka - Kantor Radyapustaka, 4 Januari 1922

Katur kantor Radyapustaka.

Kantor têtumbas ngaturi katrangan sêtilpun saking musium, anggènipun maringkên dhatêng musium saking Kapatihan kala kaping 17/3 21 wragatipun pambêta f 2,20 c.

4/1 22 Prajakintaka.

--- [84] ---

Pangreh Padhasuka - Radyapustaka

Palapuran ringkêsan kawontênanipun Pakêmpalan Dhalang Surakarta, kaayoman Radyapustaka (Padhasuka).

Bab pasinaon padhalangan, sakawit katindakakên Radyapustaka, matah panitya, kagalih tambahipun waragad ragi kêkathahên, kadospundi sagêdipun kamanah prayoginipun, sokur sagêd madêg piyambak. Rêmbagipun panitya: prayogi kapasrahakên bêbadan piyambak, pakêmpalan Padhasuka nampèni, namung sarèhning dèrèng kuwawi, sarta sagêda taksih sêsambêtan kalihan Radyapustaka, amila nyuwun dipun ayomi, Radyapustaka nyagahi: papan pirantos wayang, gôngsa, kêlir sasaminipun sarta kabêtahan sanès-sanèsipun. Pasinaon dhalang lajêng katindakakên bêbadan wau kadhapuk pakêmpalan, katindakakên para lid, waragadipun lampah para guru sarta niyaga, bau, dipun suwak utawi kasuda, amargi prêlu ngobètakên waragad, lajêng wontên ingkang mêdal utawi kêndho panindakipun.

Pasinaon dhalang lêstantun, majêng manduripun,munduripun. magak, pirantos ragi botên kopèn, kêlir risak, wayang ingkang risak sawatawis, ingkang kenging dipun dandosi piyambak sampun kadandosan, manawi nuju jawah kêlir kalih pisan sami katrocohan ngantos risak, pakiwan katutup anjalari kidhungipun para murid manawi wontên parlunipun. Kalayan rêkaos pakêmpalan nate ngêdalakên waragad ingkang lêrêsipun kasanggi Radyapustaka, kados ta: pindhah papan pasinaon kala jendralan, anyewa gôngsa nalika gêbyagan, amargi gôngsa Radyapustaka kasambutakên, môngka sadèrèngipun dipun prasabêni. Dados ing mangke sêsambêtanipun Radyapustaka kalihan Padhasuka prêlu kagalih prayoginipun, wasana amung punika.

Pangrèh
Padhasuka
Kapanitra

[Grafik Tanda tangan]

--- [85] ---

Mukamad Muhsan - Paheman Radyapustaka, 29 Sapar 1852 A.J. [1 November 1921 A.D.]

Katur Pahêman Radyapustaka ing Surakarta.

Wiyosipun: parêpatan ing dalu punika kula anggadhahi parlu angêmpalakên sanak sadhèrèk sawatawis, dados kula nyuwun pamit.

Kajawi punika, sarèhning rêmbag bab gambar nalika parêpatan malêm Sênèn ingkang kapêngkêr punika dèrèng wontên putusanipun, jalaran dèrèng wontên wêwaton ingkang gumathok, amila ing ngriki kula angaturakên sasêrêpan kula awêwaton saking kitab Bulugulmarom, sarta kitab Tarsèh kula pêndhêt ingkang langkung kathah sêtemanipun, kados ing ngandhap punika:

1. Gambar ingkang jangkêp saha anggadhahi wêwayangan, sanadyan dèrèng wontên têtuladan kanyataanipun, utawi namung sawêg rêrekan, kados ta gambar kapal mawi suwiwi, pêksi asirah manungsa enz. punika botên kenging.

2. Gambar ingkang jangkêp, botên sagêd anggadhahi wêwayangan, kados ta gambar potrèt, punika ugi botên kenging manawi dipun èdèkakên (dipun canthèlakên ing gêbyog utawi kangge kalung, sapanunggilanipun.

3. Gambar ingkang sagêd anggadhahi wêwayangan nanging botên jangkêp, sanadyan dipun èdèkakên, punika kenging.

Wondene têgêsipun jangkêp punika: sagêd gêsang, dene botên jangkêp: botên sagêd gêsang. Amila gambar wayang punika kenging, jalaran pandamêlipun mawi dipun bolong-bolong (dipun tatah) dados têmtu botên sagêd gêsang.

Atur katrangan kula ingkang kasbut ing nginggil wau kauninganipun pangrèh Pahêman Radyapustaka kula sumôngga, amung punika atur kula.

Katur tanggal kaping 29 Sapar Jimawal 1852.

Mukamad Muhsan [Tanda tangan]

--- [86] ---

Wg. Citrawadana - Kantor Kapatihan golongan A/2, 22 Mei 1924

Turunan

Ôngka 1439/B/29

Bab rêca saha tilas candhi.

Sêrat paturanipun abdi dalêm bupati Klathèn, katur kantor Kapatihan golongan A/2.

Ingkang kula aturakên, ngèstokakên sêrat dhawuh katitimasan kaping 26 April 1924 ôngka 489/A/2 kula ngaturi uninga, awit sêrat paturanipun panèwu dhistrik Karangnôngka, katitimasan kaping 10 wulan punika, ôngka 1169/A ingkang kula aturakên asarêng punika, ing Karangnôngka wontên candhi saha rêca cacah 16 iji, kuwawi kabêkta garobag 3 iji, waragadipun satunggal garobag saking Karangnôngka dumugi Sriwêdari f 10,-

Miturut paturanipun mantri ondêr dhistrik Purwarêja, ing Purwarêja wontên rêca 3 iji, rêca saking Jaganalan 2 saking dhusun Cangkring 1 ragad pambêktaning dhatêng kaondêran Purwarêja f 3,50 rêca 3 wau kuwawi kabêkta grobag 2 saking Purwarêja dumugi Sriwêdari, waragadipun garobag kalih wau f 18,-

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan saha nyuwun dhawuh.

Katur kaping 22 Mèi 1924.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

Katandhan Wg. Citrawadana.

--- [87] ---

Anonim - Prajakintaka, 18 Agustus 1921

Katur ingkang taklim, Adhi Mas Radèn Ngabèi Prajakintaka.

Wiyosipun, kula ngaturakên sêrat cariyosipun Sultan Suryangalam, ing Bagêdat, 1 buku nalika jumênêngipun nêtêpakên adil, sarta mawi gambaripun sawêr sungu, sawarni kapal, ngangge cula, sungu, jalu, kuku, ingkang satunggal mawi sisik, sêrat wau sangking tilaranipun Bapak Radèn Mas Panji Lêmbusari, kapetang sampun umur 159 taun Jawi, dalancangipun brênggala, punika salajêngipun katur ing kantor Radyapustaka, kula sumôngga.

Katur kaping 18 Agustus 1921.

[Tanda tangan]

--- [88] ---

Anonim - Ngabei Prajakintaka

Sêrat katur panjênênganipun Adhi Mas Radèn Ngabèi Prajakintaka

[Surat batal]

Surat Pernyataan - April 1923

Ing ngandhap punika pratelanipun ingkang sami nyambud damêl anginggahakên rêca kêkalih saking Pandhansimping dhatêng bancik.

Apr-23

Kêmis kaping 12

Sindêr sêpur kanthi bêbau 4

Bau saking kabupatèn pangrèh praja.

1. Martadikrama, pangajêng. 2. Wiryadikrama, kuli, 3. Martapawira, 4. Mêntawikrama, 5. Dinu, 6. Bêdor, 7. Kliwon, 8. Wôngsapawira, 9. Rêsawirana, 10. Kartapawira.

Jumuwah kaping 13

id

Saptu kaping 14

Id

--- [89] ---

Prayasasmita - Radyapustaka, 3 Januari 1922

Katur kantor Radyapustaka.

Tèlêpun saking musium, nyuwun katrangan pamêndhêtipun rêca sangking Sragèn waragatipun pintên kala punapa.

Ping 3/1 22.

Pun Prayasasmita.

--- [90] ---

Kriyapradangga - Musium Radyapustaka, 18 Ruwah 1855 A.J. [15 Maret 1925 A.D.]

Kangge rêrêgèn bonang, agêng salendro pêncu isi 12 pêncu bonang panêrus isi 12, dêmung isi 17 wilah, saron isi 9 wilah, saron panêrus isi 7 wilah, wondene kula sampun purun rêgi sadaya barang kasêbut ing nginggil f 384,50 tigang atus wolung dasa sakawan rupiyah, sèkêt sèn.

Kaping 18 Ruwah Dal 1855.

Kriyapradôngga.

--- [91] ---

Karyarujita - Raden Mas Arya Wuryaningrat, 24 Pebruari 1913

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, manawi amarêngakên, kagungan dalêm mêstaka Masjid agêng, badhe kula pasang wontên bênèt alit, bênèt bêtan loji Sriwadari. Namung tinimbang dèrèng sagêd tumônja, wondene patrapipun, asanging bênèt dipun bikaki, kakantunakên satunggal ingkang ngandhap piyambak, pamasangipun mastaka ngadêg mayat murih sagêd katingal. Kêkahipun mawi dipun tangsuli kawat kaangsalakên gêgêraning bênèt. Kula sampun têpang rêmbag kalihan kônca undhagi, sagêd amirantosi ingkang botên mutawatos. Wasana nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur tanggal kaping 24 Pèbruari 1913.

25/2 13 [tidak jelas] 685/7

Pun, Karyarujita.

--- [92] ---

Anonim - Laporan Keuangan kepada Pangeran Arya Adiwijaya, 17 Desember 1927

Pratelan tumanjaning ampilan arta f 100, waragad lampah kula kautus nusul Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya dhatêng Batawi kanthi abdi Ngadiwijayan satunggal, nalika dintên Sabtu kaping 17 Dhesèmbêr 1927, katranganipun kados ing ngandhap punika

Katrangan
Arta: (---) (---) (f 100)
Dintên Sabtu
Mangkat saking griya, reta: (---) (35) (---)
reta saking sêtatsiyun Tugu dhatêng hotèl Asiatig.: (---) (30) (---)
bayar hotèl namung tilêm tiyang kalih: (3) (---) (---)
Jajan: (1) (50) (---)
Jongos: (---) (50) (---)
Dintên Akad
reta dhatêng sêtatsiyun Tugu: (---) (35) (---)
karcis Ngayogya Wèltêprèdhên klas III.a f 8; 92 x 2: (17) (84) (---)
jajan wontên restoran sêpur: (2) (---) (---)
andhong saking hotèl Dhèsên (pondhokanipun kajêng)kangjêng (dan di tempat lain). dhatêng hotèl Wèltêprèdhên: (---) (35) (---)
Dintên Sênèn
andhong sowan kangjêng: (---) (35) (---)
jiyarah dhatêng luwar Batang pasareanipun Sayit Obrus, numpak trèn mantukipun dhokar sarta nyukani arta juru kunci: (4) (---) (---)
Ningali mariyêm Ki Jagur sarta nêningali salêbêtipun kitha, mantuk jujug hotèl Piblig (pondhokan kula): (2) (---) (---)
jajan tiyang kalih: (1) (50) (---)
sontên andhong sowan kangjêng: (---) (25) (---)
andhong dhatêng Purbacarakan rêmbagan anggènipun badhe ningali musium mlampah mantuk: (1) (50) (---)
Dintên Salasa
andhong sowan kajêng (lajêng kabêkta kajêng dhatêng musium): (---) (30) (---)
andhong saking musium sowan kajêng, lajêng mantuk: (---) (60) (---)
jajan tiyang kalih: (1) (50) (---)
Dintên Rêbo
andhong sowan kangjêng (lajêng kabêkta dhatêng musium): (---) (30) (---)
Gunggung: (38) (49) (100)

Anonim

Katrangan

Arta: (---) (---) 100
narik gunggungan: 38 49 (---)
andhong, saking musiyum sowan kangjêng lajêng mantuk: (---) 60 (---)
jiyarah dhatêng pasareyan Sasradiningratan tram sarta andhong: 2 (---)
maringi tiyang ingkang andêdahakên: (---) 50 (---)
Jajan: 1 50 (---)
andhong sowan kangjêng: (---) 30 (---)
sêpur èlêktris dhatêng Tanjungpriuk sarta nêningali kawontênanipun ing ngriku, jajakakên ingkang tumut.: 4 (---) (---)
Dintên Kêmis
andhong sowan kangjêng (lajêng kabêkta dhatêng musiyum): (---) 30 (---)
andhong, mantuk saking musiyum sowan kangjêng lajêng mantuk: (---) 60 (---)
Jajan: 1 50 (---)
andhong sowan kangjêng: (---) 30 (---)
bayar hotèl gangsal dalu a f 5: 25 (---) (---)
Jongos: (---) 50 (---)
Dintên Jumungah
karcis Wèltêprèdhên Ngayogya klas III a f 8,92: 17 84 (---)
jajan wontên restoran sêpur: 2 (---) (---)
andhong dhatêng hotèl sosiatig saking sêtatiyunsêtatsiyun (dan di tempat lain).

Tugu: (---) 35 (---)
Limun ès: (---) 40 (---)
Sabtu
bayar hotèl: 3 (---) (---)
Jongos: (---) 50 (---)
andhong dhatêng sêtatciyunsêtatsiyun. Tugu: (---) 30 (---)
andhong saking sêtatiyun Balapan dhatêng griya: (---) 40 (---)
gunggung: 100 38 100
tambah: (---) 38 (---)
cocog: 100 38 100

--- [93] ---

Karyarujita - Anonim

Pratelan angsal-angsalanipun musium

Ing taun 1913

1. Marêt f 113.70 | 2. April f 47.80 | 3. Mèi f 40.30 | 4. Juni f 72.50 | 5. Juli f 53 | 6. Agustus f 70.50 | 7. Sèptèmbêr f 58.40 | 8. Oktobêr f 71.20 | 9. Nopèmbêr f 71.30 | 10. Dhesèmbêr f 55.90 | gunggung f 654.60.

Ing taun 1914

1. Januari f 57.40 | 2. Pèbruwari f 69.20 | 3. Marêt f 74.20 | 4. April f 57.10 | 5. Mèi f 60.40 | 6. Juni f 49.30 | 7. Juli f 40.60 | 8. Agustus f 31.40 | 9. Sèptèmbêr f 52.90 | 10. Oktobêr f 51.30 | 11. Nopèmbêr f 60.70 | 12. Dhesèmbêr f 41.50 | gunggung f 488.30

Gunggung kumpulipun f 1142.90

1916 ... 254.05

1917 ... 725.80

1918 ... 433.65

--- [94] ---

Gunggung tampi f 1142.90

Ing taun 1915

1. Januari f 41.70 | 2. Pèbruwari f 32.10 | 3. Marêt f 39.50 | 4. April f 23.50 | 5. Mèi f 32.30 | 6. Juni f 30.15 | 7. Juli f 29.70 | 8. Agustus f 26.90 | 9. Sèptèmbêr f 19.10 | 10. Oktobêr f 42.5 | 11. Nopèmbêr f 24.80 | 12. Dhesèmbêr | gunggung f 396.70

Gunggung kumpulipun f 1539.60

Ing taun 1916

1. Januari f 24.35 | 2. Pèbruwari f 21.90 | 3. Marêt f 27 wiwit katampèn musium | 4. April f 36.40 | 5. Mèi f 26.60 | 6. Juni f 40.10 | 7. Juli f 36.35 | 8. Agustus f 58.75 | 9. Sèptèmbêr f 37.10 | 10. Oktobêr f 33.25 | 11. Nopèmbêr f 49.50

391.2

Karyarujita.

--- [95] ---

Anonim

Pratelan angsal-angsalaning musium salêbêtipun taun 1921

1. Januari f 49.35 | 2. Pèbruari f 39.15 | 3. Marêt f 35.45 | 4. April f 41.15 | 5. Mèi f 36.85 | 6. Juni f 92.15 | 7. Juli f 63.65 | 8. Ogustus f 45.75 | 9. Sèptèmbêr f 54.20 | 10. Oktobêr f 45.70 | 11. Nopèmbêr f 260.- | 12. Dhesèmbêr f 129.65

f 893.25

Tumanjanipun

Tumbas barang kina wadhah toya suci: f 10
Kangge mulyakakên rêca: f 20
Ganjaran nêdhak sêrat saking Mangkunagaran: f 2.50
Tumbas arta salaka rupiyah kina: f 2.50
Tumbas dhuwung dhapur kêbo lajêr: f 20
Bayar ngêcapakên sêtatutên Radyapustaka: f 7.50
Tumbas golok cundrik, gadhahanipun gacyambi: f 25
Kangge tumbas pêthi kina 1 rakit: f 10
Bayar pundhutan sêrat cara Walandi saking Tuwan Mudhi: f 4
Kangge sangu dhatêng Ngayugja nampèkakên
kupiya sêrat babad dhatêng pangêcapan Mardimulya: f 19

f 120.50

f 762.55

--- [96] ---

Karyarujita - Nitipura, 19 Sawal 1842 A.J. [1 Oktober 1912 A.D.]

Kula nuwun, kala wingi sontên kula saèstu sowan wa jêngandika uwa Bandara Radèn Mas Arya Suryawinata, angaturakên sêratipun kiyai bêkêl ingkang dhatêng kula, dhawuhipun dhatêng kula, makatên: le, aku bungah bangêt yèn andadèkake kaparênge kiyai lurah, bungah kaping pindho dene mêtu kowe, pamundhute arêp nêdhak layangku, ora ana pakewuhe, mung panyuwunku sarèhning akèh kawruhe kang wadi, kaya ta, katuranggan, wêsi aji, sarat-sarat, sapanunggalane, kagêma trêtip, karo aku nyuwun sumurup layang ladènmu mau, dadi bisa plêg lèku ngaturake sambunge, bab prayoganing panêdhak lan karêksaning layangku, aku mung mêruhi kowe, têgêse kowe rak ya mangrêti adat wong seba nêdhak layang iku, akèh nênge, mêsthi kurang mêlêng andadèkake randhat, iku pikirên bisane rancag, dadi padha lêgane, sing kagungan karsa lêga, layang sing ditêdhak ora rêgêd tur gêlis mulih, karo aku nyuwun liru layang Bratayuda Jarwa têmbung Kawi, kowe tak arêp-arêp tumulia bali gawa layang loro mau.

Ingkang punika, mugi kauningana saha kula sumôngga ing kiyai bêkêl.

Katur kaping 19 Sawal Jimakir 1842.

Pun Karyarujita [Tanda tangan]

Kawula nuwun kasêbut nginggil punika sêrat CinthiniCênthini.

Pun Nitipura

Sadaya panyuwunipun kaparêng lajêng katindakna

Nitipura [Tanda tangan]

--- [97] ---

Raden Adipati - Raden Mas Arya Jayaningrat, 3 Rabingulakir 1843 A.J. [12 Maret 1913 A.D.]

Ôngka 4 Q

Dhawuh dalêm kiyai lurah kangjêng radèn adipati dhumatêng Radèn Mas Arya Jayaningrat, aparing sumêrêp, samangke musium ing kagungan dalêm Sriwadari kalilan anampèni barang-barang damêlanipun para kriya Jawi ingkang kawical sae, kangge conto, mawi dipun dèkèki katrangan nama sarta griyanipun ingkang damêl utawi ingkang gadhah dagangan, dalah rêrêgènipun barang wau, supados sagêd kasumêrêpan dening tiyang kathah ingkang lami malêbêt ing musium wau, bokmanawi wontên ingkang sumêdya tumbas dados sagêd mikantuki angajêngakên barang dêdamêlanipun para kriya wau.

Ingkang punika lajêng kadhawuhan dhawuhakên dhumatêng para abdi dalêm kriya bawah kabupatèn kaparak kiwa, dalah têtiyangipun pangindhung ingkang sami nyambut damêl kriya, supados sami sumêrêp saparlunipun.

Kantor Kapatihan kaping 3 Rabingulakir Alip, ôngka 1843.

--- [98] ---

Prajawirana - Paheman Radyapustaka, 16 April 1915

Atur kula Ngabèi Prajawirana, 2. Ngabèi Èsmutani, katur presidhènipun Pahêman Radyapustaka, panjênêngan dalêm Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Nuwun, ingkang kula aturakên, kula sampun anampèni sêrat dhawuh katitimasan kaping 12 wulan April 1915, ôngka III Q, sadaya suraosipun sampun kula sumêrêpi, saha nalika ing dintên Kêmis kaping 15 wulan April 1915 kula sampun lajêng angèstokakên dhawuh, mriksa sêrat-sêrat pisungsungipun Radèn Ngabèi Karyarujita ingkang wontên ing musium Sriwadari, wondene cacah namanipun kados ing ngandhap punika.

1. Sêrat Aji Darma
2. Sêrat Aji Nirmala
3. Sêrat Rama Kawi
4. Sêrat Kawruh Padhalangan, karangan Kusumadilagan.
5. Sêrat Margawirya (anggitan Jayadiningratan)
6. Sêrat Mas Ngantèn (anggitan Jayadiningratan)
7. Sêrat Suluk Côndra (anggitan Jayadiningratan)
8. Sêrat Jêkrèk
9. Sêrat Wulangipun Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma
10. Sêrat Tamèng
11. Sêrat Ringkêsan Petang
12. Sêrat Wulang Dalêm P.B. II
13. Sêrat Wulang Sasana Prabu
14. Sêrat Nitik Bayunan

Awit saking punika, mênggah kawontênanipun sêrat-sêrat wau kados ta: Rama Kawi, kajawi sêrat kina wontên bituwahipun dene iyasan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ing Kartasura. Sêrat Wulang Dalêm Panjênêngan Dalêm Nata, kajawi maedahi piwulangipun, karangan wau tumrap tiyang Jawi minôngka pêpundhèn, sêrat-sêrat wulang anggitan Jayadiningratan, amratelakakên luguning solahbawanipun tiyang Jawi manawi wontên pajagongan, tuwin watêkipun para bôngsa ingkang wontên ing nagari dalêm Surakarta kala jaman samantên, pikantukipu-

Matitisakên pisusungipunpisungsungipun. Radèn Ngabèi Karyarujita, konjukipun sadèrèngipun ngadêg musium punapa taksih Radyapustaka wontên Kapatihan.

--- [98a] ---

[...]n ingkang maos, sagêd anyingkiri lêlampahan ingkang awon. Sêrat petangan dintên sae, sagêd anggampilakên pangupadosipun. Sêrat padhalangan sagêd adamêl wêtahing saenipun pandhalang. Sêrat Aji Darma sasaminipun karangan Rônggawarsitan, ngêwrat wisikan, sagêd ambuka èngêtan dhumatêng para marsudi ngèlmi kamuksan. Tuwin sêrat sanès-sanèsipun, sami kathah pikantukipun.

Ingkang punika saking pamanggih kula, sadaya pisungsung saking Radèn Ngabèi Karyarujita wau sami amikantuki, saha pantês dados simpênan ing Pahêman Radyapustaka. Ingkang punika mugi andadosakên kauningan saha kula anyumanggakakên.

Katur tanggal kaping 16 April 1915.

Pun Prajawirana

Pun Èsmutani

Ingkang sowan ing musium

Sasrakaryata.

--- [99] ---

Wirapustaka - Anonim

Pisungsungipun Radèn Ngabèi KayarujitaKaryarujita.

1. Sêrat Aji Darma.
2. Sêrat Aji Nirmala.
3. Sêrat Kunjara Karna.§ Wiwit kula ladosakên dumugi sapriki dèrèng mandhap sarta sampun nate kula upadosi ing pasimpênan wimbasana botên pinanggih. Mênggah anggèn kula mratelakakên ladosan kula sêrat taksih wontên ingkang kècèr, 1. Wulang Dalêm Sinuhun smare Nglawiyan, 2. Sasana Prabu, 3. Nitik Bayunan. Karyarujita.

4. Sêrat Rama Kawi.
5. Sêrat Kawruh Padhalangan, karangan Kusumadilagan.
6. Sêrat Widyakirana.§ Wiwit kula ladosakên dumugi sapriki dèrèng mandhap sarta sampun nate kula upadosi ing pasimpênan wimbasana botên pinanggih. Mênggah anggèn kula mratelakakên ladosan kula sêrat taksih wontên ingkang kècèr, 1. Wulang Dalêm Sinuhun smare Nglawiyan, 2. Sasana Prabu, 3. Nitik Bayunan. Karyarujita. 7. Sêrat Margawirya. (anggitan Jayadiningratan)
8. Sêrat Mas Ngantèn. (anggitan Jayadiningratan)
9. Sêrat Suluk Côndra. (anggitan Jayadiningratan)
10. Sêrat Jêkrèk. (anggitan Jayadiningratan)
11. Sêrat Wulangipun Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, ingkang rama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara III.
12. Tamèng.
13. Ringkêsan Petang.
14. Wulang Dalêm P.B. II.
15. Sasana Prabu.
16. Nitik Bayunan.

Pun Wirapustaka.

--- [100] ---

Sastra Karyasa - Radyapustaka, 16 April 1915

Katur ing kantor Radyapustaka

Asarêng punika ing musium ngaturakên sêrat palapuranipun priyantun kumisi sêrat-sêrat pisungsungipun Radèn Ngabèi Karyarujita, salajêngipun konjuk kula nyumanggakakên.

Katur tanggal kaping 16 April 1915.

Ingkang sowan ing musium

Sastra Karyasa.

N.B. Saha sêrat ingkang mratelakakên pisungsung saking Radèn Ngabèi Karyarujita cacah tigang lêmbar kula ladosakên asarêng punika.

Sastrakaryasa.

--- [101] ---

Padmanagara - Anonim, 12 Mei 1924

Papriksan pêrslah musium 1923 kanthining sêrat kaping 12 Mèi 1924 ôngka 137.

1. Kawontênanipun: Pêrslah adêg-adêg V utawi prosès pêrbal, adêg-adêg 1 sami aksara ha, mratelakakên:
arta saking nagari: f 1.815.-, wêdalipun:f 1.815. } 0

Katrangan: Miturut pèngêtan nagari ingkang sampun cocog buku kas subsidhi ing sabên wulan:
wêdalipun gunggung: f 1.844.40
arta saking nagari lêrês, namung: 1.815.-
dados nyorok: f 29.40
punika punapa lêrês.

2. Kawontênanipun: Pêrslah utawi prosès pêrbal, aksara na, mratelakakên.

Arta saldho taun 1923 gunggung f 2.711,77
wujud andhêl bôndha lumaksa f 2.000.-
wujud arta 711,77.

Katrangan: Lêrês, sampun cocog kalihan pèngêtan nagari, namung tumrap rèkênipun arta f 2.000.- wau, punapa sampun kasêbut ing petang.

3. Kawontênanipun: Buku kas asil wulan April 1924 mratelakakên: ping 21/4 24 kula kangge sangu dhatêng Ngayoja, ambayarakên waragading pangêcapipun Sêrat Babad Tanah Jawi, dhatêng Mardimulya f 5-.

Katrangan: Têmbung: kula, kadhawuhan nyalini nama kemawon, ingkang dhatêng Ngayoja punika sintên: kondhang wasesa punapa panitra.

4. Kawontênanipun: Buku bèdhèr taun 1923 ingkang sampun kasuwun wangsul.

Katrangan: Lajêng kadhawuhan angladosakên nagari malih, amargi nagari dèrèng matitisakên, sarta tumrap wêdalipun arta wulan April 1923 kadhawuhan nyalini, kadamêla ingkang têrang, tuwin miturut pranatan tumindaking arta nagari.

Z.O.Z.

--- [101b] ---

kawrat riksêblad taun 1917 ôngka 28 lumadosipun buku kas, kêdah kanthi pêthuk-pêthuk tanjaning arta wau, manawi sampun kauningan tuwin kapriksa lêrês, ugi lajêng badhe kaparingakên wangsul.

Pangagêng kantor komtabilitèit Kapatihan

Padmanagara.

--- [102] ---

Dara Riya (?) - Anonim, 23/1 24

23/1 24

Dara Riya rawuh, dhawuh

I. Mas Wadana Dwijasewaya sampun mangsuli sagêdipun benjing dintên Akad ngajêng punika, ing dintên Akad wau lajêng kadhawuhan nyêdhahi pangrèh sarta kumisi kasusastran, angrêmbag sêrat wangsulan saking dhirèktur pan ondêrwis.

II. Panyuwunipun Mas Yasawidagda, Warsita supados ngrencangi kawajibanipun, kaparêng, namung nama biyantu, têgêsipun, manawi wontên pambênganipun Mas Yasawidagda, punika banjêl.

III. Ngandikakakên anggèning maringi katrangan atur pitakènipun Wôngsadilagan bab panyuwun biyantu, sampun kadhawuhakên langkung sawulan dhatêng kula, anggèning dèrèng kalampahan bokmanawi wontên sababipun, sarta sampun dhawuh dhatêng Wôngsadilagan manawi kêkathahên tambahipun, bayaraning murid kadhawuhan ngindhakakên, atur kula bab kèndêling Wara kasuwun biyantu padhalangan wau, awit sulaya kalihan kaparêngipun Dara Riya, namung biyantu tanpa prabeya, môngka kajênging kumisi Wirawiyagan kasami kalihan Atmamardawan, sarta wontên pambênganipun malih, inggih punika panyuwunipun Suradipuran ngèndêli Rêdisuta santun Lêbdacarita, botên susah mawi Wirawiyagan Arjapuspitan, wangsulanipun Dara Riya Lêbdacarita ugi bibrah, cêkakipun kadhawuhan parêpatan kalihan kumisi punapa pinanggihing rêmbag Bandara Riya namung tumut, sêrat sampun kula lajêngakên dhatêng Suradipuran dèrèng angsal katrangan. Dara Riya dhawuh badhe karêmbag wontên ing kumisi dhalang benjing Akad ping 3 Pèbruwari.

IV. Bab tambahing bècèr, manawi bècèr têlas môngka arta barang kina taksih, kêdah nyuwun dhatêng nagari.

--- [102a] ---

V. Bab tambahing pasinaon dhalang kagalih kêkathahên, sapunika kadhawuhan nyuwun dalancang dhatêng nagari kangge gudiran, atur kula botên sagêd amargi sampun kaparingan arta bècèr sumêrêp kabêtahan musium, dhawuhipun sarèhning makatên sapunika kadhawuhan manah sasagêd-sagêd sampun ngantos tambah, atur kula wontênipun tambah kathah wulan punika amargi sawêg angwontênakên pirantos gudiran punika, sarta nyantuni pirantos dilah èlêktris, Dara Riya lajêng namung dhawuh supados sagêt sampun ngantos tambah.

V.VI. Bab kumisèn kriya, kadhawuhan niti ing Bauwarna, pundi ingkang dèrèng jangkêp kadhawuhan nindakakên damêl prispah.

--- [103] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 10 Maret 1920

Ôngka 49

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, awit saking sêratipun Mas Ngabèi Sutasukarya sakanthinipun sêrat saking Mas Atmawiguna ingkang katur asarêng punika, bab sanggêm angiyasakakên jangkêping kakiranganipun kagungan dalêm gong saking Radyapustaka, punika kajawi kaparênging panggalih dalêm, pamanah kula sampun cêkapan, rêgi f 385,- dene mawi ngaturi tambahan.

1. Tabuh jangkêp gôngsa sarancak.

2. Sanggêm mulyakakên tabuh lami.

3. Sanggêm mulyakakên bumbungan gêndèr sasaminipun ingkang risak.

4. Sanggêm nglaras gôngsa ingkang blero, mênggahing pangetang grêban sêsanggêmaning tambah kawan bab wau wontên pangaos f 55, dados iyasan kakiranganipun gôngsa namung rêgi f 330,- kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 10 Marêt 1920.

Prajakintaka.

--- [104] ---

Prajakintaka - Pangreh Paheman Radyapustaka, 1 Januari 1925

Ôngka 1

Katur warga pangrèhing Pahêman Radyapustaka, sarta lid kumisi rêdhaksi kasusastran Jawi.

Awit saking dhawuhing wisesa, parêpatan benjing malêm Akad ngajêng punika, kaundurakên, amargi kasarêngan ing Sriwadari kangge pasamuwan, dene têmtunipun, badhe katêmtokakên malih, ingkang sampun nguningani prasabênan punika kaparênga lajêng anandhani nama.

1/01/2025

Prajakintaka.

Nyumêrêpi: Martasuwignya

[Grafik tanda tangan]

Adisasmita

E. Moody

Tumrap Suradipuran sampun katurunakên A/2.

--- [105] ---

Prajakintaka - Sastrasuganda, 8 Nopember 1924

Ôngka 313

Adhimas Ngabèi Sastrasugônda, kadospundi rêmbag Radyapustaka ingkang sampun kula tampèkakên adhi supados karêmbag wontên Muhkamadiyah, bab badhe angwontênakên têtêngêr tumrap para misungsung, amargi badhe karêmbag parêpatan pangrèh mangke sontên, mila kula nyuwun katrangan.

Kaping 8 Nopèmbêr 1924.

Raka Prajakintaka.

Nuwun, bab punika sampun adalêm pasrahakên dhatêng Muhamadiyah, golongan tablèg (babagan angrêmbag agami), sanès dintên ngaturakên karampunganipun.

Sastrasugônda.

--- [106] ---

Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat - Kangjeng Parentah Ageng, Juni 1924

Rèngrèng

Atur kula wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur ing kangjêng parentah agêng.

Nuwun, ingkang kula aturakên, anggèn kula ngimpungimpun. sêrat babad sampun jangkêp, wiwit cariyos panjênênganipun nata Prabu Brawijaya Ingkang Kaping Gangsal ing Majapait, ngantos dumugi wêkasaning babad Surakarta, ingkang kalimrahipun winastan Babad Giyanti, punika badhe kaêcapakên kalimrahakên ing akathah, botên upados bathi, namung ugêr sagêd mantuk waragadipun kemawon, kalampahan ngêcapakên dhatêng pangêcapan Mardimulya, kawiwitan jilid I wiwit cariyos jumênêngipun Prabu Brawijaya wau dumugi jumênêngipun nata Pangeran Adipati Banawa wontên nagari Pajang, ajêjuluk Susuhunan Prabuwijaya, ing mangke sampun babar cacah 1000 iji, waragadipun f 1500, ingkang maragadi pangagênging parentah karaton, ing pangrêmbag pêpajênganipun lajêng kangge mragadi sambêtipun, sarta kula sampun têpang rêmbag kalihan pangêcapan Mardimulya supados ngêcap sambêtipun, sapintên waragadipun sagêda kabayar saking pêpajênganing sêrat babad wau, botên ngêntosi pêpajêngipun sadaya, bilih sampun angsal pêpajêngan sawatawis lajêng kakintunakên, makatên sapiturutipun, dumugi jangkêping waragad, pangêcapan Mardimulya sampun sanggêm, saha kula sampun prasabên dhatêng pangagênging parentah karaton, wusana ingkang asarêng punika kula ngaturakên bêbêktèn babaraning sêrat babad jilid I wau, kula suwun sumôngga.

Katur kaping ... Juni 1924.

[...]

--- [107] ---

Dwijasewaya - Wasesa Paheman Radyapustaka, 30 Nopember 1924

Wèltêphrèdhên kaping 30 Nopèmbêr 1924.

Sêrat sayogi katur wasesaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta.

Nuwun wiyosipun, kula sampun tampi sêrat katiti kaping 26 Nopèmbêr 1924 ôngka 327, suraosipun mangêrtos.

Ingkang punika sarèhning dumugi ing wulan Dhesèmbêr tanggal sêpuh kula taksih tumut bêgadring Volksraad wontên ing Batawi, dados sagêd kula tumut parêpatan ngrêmbag bab ingkang kawrat ing sêrat kasêbut ing nginggil, benjing ing dintên Saptu malêm Akad, tanggal 3 malêm 4 Januari 1925.

Wusana mugi andadosakên ing kauninganipun, wasesaning Pahêman Radyapustaka.

Lid kumisi rêdhaksi kasusastran.

Dwijasewaya.

--- [108] ---

Sutasukarya - Prajakintaka, 5 Maret 1925

Kula nuwun, Dara Bèi Prajakintaka, bab bêgrutêng wêwahing gôngsa saking kriya pradanggan, sarêng kula manah-manah taksih radi awrat, mila kala wingi kula dhatêng musium kalihan Mas Atmawiguna, gêndhing ingkang griya ing kampung gêndhingan M.N. kula purih mawrat salajêngipun napsir, badhe iyasan wau, mawi kula sêrêp-sêrêpakên kanggenipun gôngsa wau kangge pasinaon, manawi sagêd majêng tukang gêndhing ugi badhe angsal paedah jalaran kathah ingkang rêmên dhatêng gôngsa, kalampahan panêpsiripun sagêd suda, sarta angsal risèrêp tabuh sasêtèl, tuwin dandosi tabuh lami, nglaras ingkang blero nyantuni bumbungan gêndèr, kados sêratipun Mas Atmawiguna katur sarêng punika.

5/03/2025

Sutasukarya.

--- [109] ---

Sutasukarya - Prajakintaka, 14 September 1925

Katur Dara Bèi Prajakintaka.

Kula nuwun, iyasan jangkêpipun gôngsa salendro, bonang agêng alit 2 rancak, dêmung 1, saron barung 1, saron pênêrus 1, sampun dados saha sampun kaladosakên dhatêng musium kala dintên Jumungah kaping 11 Sèptèmbêr punika. Arta kakiranganipun kathahipun f 180 satus wolung dasa rupiyah kasuwun. Nyuwun dhawuh.

14/09/2025

Sutasukarya.

Lajêng katur panjênêngan dalêm kiyai lurah.

Prajakintaka.

--- [110] ---

W.G. Prajadireja - Wignyasayana, 4/1-22

Tilêpun dhatêng musium

Kantor têtumbas ngaturi katrangan, tilpun saking musium, bab rêca anggènipun maringakên dhatêng musium, saking Kapatihan kala tanggal kaping 17 Marêt 1921 wragatipun pambêkta f 2,20 c.

Kaping 4/1-22

W.G. Prajadirêja

Katampi Wignyasayana

[Grafik tanda tangan]

--- [111] ---

Prajakintaka - Kantor Kawadanan Parentah, 4 Pebruari 1922

Ôngka 8

Katur ing kantor kawadanan parentah.

Awit saking dhawuh katitimangsan kaping 2 Pèbruari 1922 ingkang katur wangsul asarêng punika, sarèhning namung salêbêtipun sataun, pamanggih kula botên wontên pakèwêdipun. Mênggah katrangan urunaning nagari sataun f 500 tumrap kabêtahaning kantor f 200 ingkang f 300 sudhiyan manawi wontên panggihan barang kina, manawi tirah lajêng katanjakakên wêwahing sêrat-sêrat utawi barang, punika kapêndhêt kangge wêwahan badhe balônja wau f 2.50 x 12 = f 30 (= 300-30 = f 270) dados salêbêtipun taun punika manawi kathah barang panggihan, kasarèhakên botên mêwahi sêrat-sêrat utawi barang, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 6 Pèbruari 1922.

Pun Prajakintaka.

[...]

--- [112] ---

Ngabei Prajakintaka - Anonim, 21 Maret 1922

Ôngka: 538/A/I/II

Ngabèi Prajakintaka. Awit saka layang kabar paprentahan nagara wêtune kaping 1 April 1922 ngêmot wara-wara kaya ing ngisor iki.

Wara-wara kabupatèn kaparak têngên nalika kaping 16 Rêjêb 1852, Ki Singamarta abdi dalêm jajar martalulut kaparak têngên ajal.

Wara-wara kabupatèn pangrèh praja kutha Surakarta nalika kaping 12 Pèbruari 1922 Ngabèi Dipaartana abdi dalêm mantri pananggap arta kutha Surakarta ajal.

Wara-wara kabupatèn pangrèh praja Klathèn, nalika kaping 21 Marêt 1922 Sastraangsoka abdi dalêm carik pangkat 1 dhistrik Ponggok, ajal. Iku waratakna sakônca pakênira kaya adat, anêtêpi layang dhawuh pranatan nagara katitimasan kaping 18 Jumadilakir Ehe 1820 ôngka 37.

Dhawuh kaping 21 Marêt 1922.

[Grafik tanda tangan]

Garapan A/I/II

Sastraagnyana.

--- [113] ---

Nitipustaka - Kantor Musium, 21 Juni 1922

Katur kantor musium.

Kantor Radyapustaka ngaturakên sêratipun Tuwan D. Rinkes katitimangsan kaping 13 Juni 1922 ôngka 4164 kanthi buku Jo Bibliographie jilid I. II. kantor musium kadhawuhan angladosakên, 2. ngintunakên sêrat wangsulan bab pangrêmbag kasusastran, I. saking Balepustaka, II. pangagêng parentah karaton, sarta III Patih Kapatihan ing Ngayogyakarta, tuwin sêrat Pahêman Radyapustaka dhatêng pangagêng parentah karaton ngenggalakên bab wau botên èstu dening sampun mangsuli punika.

Kaping 21 Juni 1922.

an. Nitipustaka.

--- [114] ---

Kantor Magang - Kantor Musium, 26/6 22

Katur ing kantor musium.

Ing kantor magang asarêng punika masrahakên pamagang nama Sukadi, ingkang badhe kacoba dados pambantu kantor musium.

AI/II x 26/6 22

[Grafik tanda tangan]

--- [115] ---

K Sastraagnyana - Kantor Musium, 25/7 22

Katur ing kantor mosiyum.

Ôngka 859 A1/II.

Ing kantor magang nawèkannawèkakên.

pamagang nama Sastrapawira, anakipun Pawirasêtika bêkêl dhusun Pêlêm, ing kantor mosiyum punapunapa. sagêd ngangge damêlipun, minôngka gagêntosipun Wirataruna, dene pratelaning kasagêdanipun kawrat ugêran asarêng punika, katranganipun kasuwun tumuntên kanthi wangsulipun sêrat wau.

A1/II x 25/7 22 K Sastraagnyana

[...]

--- [116] ---

W.G. Jayanagara - Wadana Parentah, 21 Nopember 1922

Turunan

Ôngka 1056 D/1

Dhawuh marang wadana parentah anusuli layang dhawuh manira katitimasan kaping 29 Dhesèmbêr 1920 ôngka 766 D/1 sakanthine, manira paring sumurup, supaya rêrantaman waragade nagara bisa cukup, bisa timbang karo asiling nagara, ora tansah kêkurangan, sarta supaya nagara banjur bisa anggalih marang sakèhing parlu rupa-rupa kang wus kasarèhake sawatara lawase amarga dhuwit waragade lami kanggo sadhiyan maringi undhakan balônja ing sawatara masa marang para abdi dalêm kaya kang kasêbut dhawuh manira mau, sarta sarèhning wus sawatara lawase iki wus mari larang sandhang pangan, amarga rêrêganing barang kang parlu kanggo kabutuhaning omah-omah wus suda bangêt, marmane dhuwit undhakan balônja ing sawatara masa kang pêpetungane kaya kanthine layang dhawuh manira kang uwis wau, tumrape taun 1923 manira suwakèhe, dene têrange kaya pêpetungan kang manira paringake abarêng iki, amung tumrape para abdi dalêm kang wiwit taun 1923 wus katata balanjane, undhakane balônja iki banjur kasuwak ora kaparingan, iku banjur pakênira dhawuhna kang warata marang karerehan, pakênira kabèh supaya sumurup lan angèstokake ing saparlune.

Dhawuhing parentah kaping 21 Nopèmbêr 1922.

Pêpatih Dalêm, W.G. Jayanagara

Garapan kontabilitèit, W.G. Padmanagara

Sampun cocok kalihan lugunipun

[Grafik tanda tangan]

--- [117] ---

W.G. Padmanagara - Anonim, 21 Nopember 1922

Turunan

Ôngka 1056 D/1

Wêwaton pêparingipun indhakan têdha ing sawatawis masa (dhirtêtuslah) wiwit taun 1923 kanthining dhawuh nagari kaping 21 Nopèmbêr 1922 ôngka 1056 D/1 (ing têmbe badhe kadhawuhakên malih).

Ingkang kaparingan, sadaya abdi dalêm ingkang nyambut damêl sabên dintên parluning nagari, sarta ingkang blanjanipun saking kas nagari.

Tumrap ingkang tilas anggadhuh siti, kapetang miturut golonganipun ingkang sampun balanjan, sarta ingkang blanjanipun kalêbêt tulah utawi prêsèn sasaminipun gunggungipun ing dalêm sawulan f 60 tulah utawi prêsèn sasaminipun wau kalêbêt ing petang, langkungipun saking f 60,- langkunganing tulah sasaminipun wau botên kalêbêt ing petang, manawi pamagang miturut tulahipun.

a. Ingkang balônja f 25,- mangandhap, kaparingan 25 %.

b. Ingkang balônja f 50,- ingkang f 25,- kados aksara a ingkang f 25,- kaparingan 20%

c. Ingkang balônja f 100,- ingkang f 50,- kados aksara: b ingkang f 50,- kaparingan 15%

d. Ingkang balônja f 225,- ingkang f 100,- kados aksara: c ingkang f 125,- kaparingan 10%

Ananging kalêmpakipun balônja sarta dhirtêtuslah wau sawulan botên kenging langkung saking f 253,75.

3. Ingkang blanjanipun langkung saking f 225, botên kaparingan indhakan balônja, ananging kaparingan arta mirunggan sapisan ing dalêm sataun, petang 75% nanging sakêdhikipun botên kenging kirang f 345 kathah-kathahipun botên kenging langkung f 600,-

4. Rik sêblat: 1918 ôngka 35 tuwin wêwaton petangan katitimasan kaping 29 Dhesèmbêr 1920 ôngka 766 D/1 kanthining dhawuh nagari kaping 27 Dhesèmbêr 1920 ôngka 766 D/1 lajêng kasuwak.

5. Pènsiunan para abdi dalêm kasêbut nginggil, ugi kaparingan.

6. Dhirtêtuslah punika botên kenging kacêngklong kangge sadhengaha sêsêrêpanipun.

7. Tumrapipun para abdi dalêm ingkang wiwit taun 1923 sampun katata blanjanipun botên kaparingan.

Kantor Kapatihan kaping 21 Nopèmbêr 1922.

W.G. Padmanagara.

Garapan komtabilitèit

W.G. Wignyanimpuna

Sampun cocog kalihan gunipunlugunipun. [Grafik tanda tangan]

Slamat.

--- [118] ---

Nitipustaka - Kantor Musium Radyapustaka, 28 Nopember 1922

Katur kantor musium.

Asarêng punika kantor Radyapustaka ngintunakên tatêdhakan dhawuh katitimangsan kaping 8 Marêt ôngka 312/6 A/1 ping 28 April ôngka 17Q, ping 21 Mèi ôngka 18Q, ping 11 Juni ôngka 27Q, ping 12 Juli ôngka 35 sami taun 1913 sarta katitimangsan kaping 4 Marêt 1914 ôngka 14Q bab rêca ing kabudidayan Pandhansimping, kamantrèn dhistrik Samapura kabupatèn Kalathèn.

Kaping 28 Nopèmbêr 1922.

Nitipustaka.

--- [119] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 31/3/23

Kawula nuwun gusti, rêca kala wau dalu rampungipun jam 12 lêrês, rêca namung sagêd mandhap manggèn satêngahing margi, bau sampun botên sagêd anglajêngakên, kajawi sampun dalu, sami sangêt sayah, punika prayoginipun panjênêngan dalêm ingkang kêdah paring uninga dhatêng Tuwan Radhê Makêr, kalihan risaking krêtêg, amargi upami kawula ingkang lapur, mêsthi nêpsu, kula mêsthi purun dados kêrêngan, amila panjênêngan dalêm kemawon mugi kaparênga tilpun dhatêng Radhê Makêr.

31/03/2023

Prajakintaka.

--- [120] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 1 April 1923

Ôngka 86

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kala wingi Mas Ngabèi Arjamargana saèstu dhatêng bêkta tiyang anama Kramasantana (anèmêr) punika ingkang sanggêm badhe amborêg rêca inggahipun dhatêng bancik, mênggah panyuwunipun f 60, pirantos saking musium awarni

2 iji dhongkrak | 4 iji linggis | 42 iji balok | 6 lonjor ril | goni sacêkapipun.

Kula purih ngwontênakên pirantos piyambak, botên kadugi, amargi botên sagêd istiyar. Kula manah-manah manawi rêca wau botên tumuntên manggèn ing bancik, kirang prayogi, makatên malih bab pirantos kula sagêd nyambut dhatêng N.I.S. namung kirang satunggal bab: balok, punika bokmanawi panjênêngan dalêm sagêd nyamtutnyambut. dhatêng Kartipraja, mila lajêng kula sanggêmi, namung kula purih nyuda sawatawis, aturipun badhe kamanah rumiyin, dintên punika wanci jam 9 badhe ngaturi katrangan, wusana dhatêngipun wanci jam 11 prasabênipun botên sagêd nyuda saking sawidak rupiyah wau. Punika manah kula judhêg sangêt, amargi taksih pikiran upados balok wau, namung pamanah kula ugêr sampun angsal rêmbag, lajêng kula ugêri kados ingkang kula ladosakên asarêng punika, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 1 April 1923.

Prajakintaka.

--- [121] ---

Kramasentana - Anonim, 1 April 1923

Ugêran kaping 1 April 1923.

Atur kula Kramasêntana, anèmêr Krikil, gêgriya ing dhusun Ngasêm.

Kadhawuhan amborêg rêca 2 iji, saking Pandhansimping, minggahipun dhatêng bancik ingkang manggèn sangajênging gêdhong musium, atur kula sandika, mênggah panyuwun kula waragad f 60, pirantos kula nyuwun sadaya, wujudipun

2 iji dhongkrak | 4 iji linggis

42 iji balok, ingkang 40 agêngipun 5 dim pasagi, panjang 1 elo 20 dim, ingkang 2 agêngipun ugi sami 5 dim pasagi, namung panjangipun 3 elo.

6 lonjor ril | 2 gulung goni

Mênggah sanggêm kula angrampungakên salêbêtipun 4 dintên, têmêning atur kula nandhani nama sêratan kula piyambak.

Kramasêntana.
Ingkang ngugêri
Prajakintaka
Arjamargana
Ingkang nyêrati

Pun Arjasayana.

--- [122] ---

Jayasumarta - Prajakintaka, 4 April 1923

Ugêran kaping: 4 April 1923.

Kula pun Jayasumarta tukang jam, gagriya ing kampung Kêjenan Kilèn.

Kula kadhawuhan mulyakakên kagungan dalêm loncèng teplok agêng, atur kula sandika, sarèhning kagungan dalêm loncèng wau kula priksa ing nglêbêt pirantosipun kathah ingkang risak manawi kaparêng panyuwun kula waragad f 5, saha kula kadugi tanggêl manawi loncèng wau sawanci-wanci risak salêbêtipun sadasa taun kula sanggêm mulyakakên botên mawi prabeya, wondene sanggêm kula angrampungakên salêbêtipun sadasa dalu saking titimangsanipun sêrat ugêr paturan kula punika, manawi sampun amarêngakên kula nyuwun ngêmping arta sapalihing wragad f 2.50,- kula sumôngga.

Jayasumarta

Ingkang ngugêri, Prajakintaka.

Ingkang nyêrati, Pun Arjasayana.

--- [123] ---

Martadikrama - Parentah Kantor Musium, 14 April 1923

Ugêran kaping: 14 April 1923.

Atur kula pun Martadikrama, pangajênging kuli ingkang ngladosi stèndêran radinan ing Kartasura, kadangu ing parentah kantor musium, matur têmên kadugi sumpah.

Ing ngajêng kula dipun dhawuhi Mas Ngabèi Arjamargana kula dipun kèn angwontênakên bau cacah 15 tiyang, kadhawuhan ambaoni pamasangipun kagungan dalêm rêca kêkalih dhatêng bancik ingkang manggèn ing sakiwa-têngêning gêdhong musium, badhe kawiwitan dintên Kêmis kaping 12, ugi April wau, petang pituwasipun dintênan, atur kula sandika, kula lajêng nglêmpakakên kônca 15 kalêbêt kula, wusana dumugi ing dintên Kêmis wau namung wontên kônca 9 sadasa kalêbêt kula, ngantos dumuginipun dintên Sabtu punika namung wontêntênwontên. bau sadasa kula, mênggah rampungipun manggèn ing bancik ing dintên Sabtu kaping 14 punika, wanci jam ½ 9 enjing, lajêng ngaso sawatawis, sasampunipun ngaso lajêng nglêmpakakên pirantos-pirantos gadhahaning pamarentah sêpur, katata ing sapinggiring radinan badhe kabêkta mantuk. Dene pituwas pamaringing parentah musium, satunggal bau f 0,60, kula pangajêng f 0,75 dados sadintên bau sadasa kalêbêt kula, pituwasipun f 6,15 x 3 = f 18,45 sampun sami kula tampèni, têmêning atur kula nandhani dumuk.

Martadikrama

Ingkang nyêrat sarta ngugêri

Prajakintaka

Nyumêrêpi kawontênan pamaringipun arta

Arjasayana.

--- [124] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Ariya Wuryaningrat, 15 April 1923

Ôngka 106

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Ariya Wuryaningrat, pamasangipun rêca dhatêng bancik, saèstu kawiwitan wontên ing dintên Kêmis kaping 12 April punika, wiwit jam 1/2 8 enjing, ingkang nindakakên rêrigênipun Walandi sindêr sêpur nama Tuwan Krus, bau saking kula pitulunganipun Kiyai Lurah Radèn Tumênggung Mangunnagara, rampungipun sadaya wontên ing dintên Saptu kala wingi wanci jam 9 enjing, wilujêng botên wontên satunggal punapa, namung bancik ingkang wetan punika gêmpal sawatawis, bau lajêng nyambut damêl angusungi pirantos-pirantos bêktanipun Walandi sindêr wau, ril, dhongkrak, linggis sapanunggilanipun, lajêng kabêkta mantuk dhatêng Purwasari, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 15 April 1923.

Prajakintaka.

--- [125] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 16 Mei 1923

Ôngka 146

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, punika wau Mas Ngabèi Arjamargana sampun kula irit nyumêrêpi rêca, pirantos, sarta marginipun, kanthi bau sakawan pangajêng satunggal, sanggêm ambêkta dumugining musium, panyuwunipun namung glidhigan kemawon, saha nyuwun bau tigang dasa, pituwasipun satunggal tiyang f 1, sanggêm ngrampungakên salêbêtipun tigang dintên (= 30X3 = f 90) pamanggih kula kajawi kaparênging karsa dalêm kados sampun pantês, dening kaslêpêg ing parlu, nyuwun dhawuh sapunika, Mas Ngabèi Arjamargana taksih ngêntosi sabaunipun, tumut nandhani nama ing ngandhap punika.

Kaping 16 Mèi 1923.

Prajakintaka

Arjamargana

Manawi sampun kaparêng badhe lajêng pados bau, mila nyuwun dhawuh sapunika.

--- [126] ---

Padmanagara - Anonim, Desember 1923

Wêwaton pamaringipun indhakan têdha ing sawatawis masa (dhirtêtuslah), wiwit taun 1924 kanthining dhawuh nagari kaping ... Dhesèmbêr 1923 ôngka D/1.

1. Ingkang kaparingan, dayasadaya. abdi dalêm ingkang nyambut damêl sabên dintên parluning nagari, sarta ingkang blanjanipun saking kas nagari.

2. Tumrap ingkang têlas anggadhuh siti kapetang miturut golonganipun ingkang sampun balanjan, sarta ingkang blanjanipun kalêbêt tulah utawi prêsèn sasaminipun gunggungipun ing dalêm sawulan f 60,- tulah utawi prêsèn sasaminipun wau kalêbêt ing petang, langkungipun saking f 60,- langkunganing tulah sasaminipun wau botên kalêbêt ing petang, manawi pamagang miturut tulahipun:

a. Ingkang balônja f 25.- mangandhap, kaparingan 20%.

b. Ingkang balônja f 50.- ingkang f 25 kados aksara a ingkang f 25.- kaparingan 16%.

c. Ingkang balônja f 100.- ingkang f 50 kados aksara b ingkang f 50.- kaparingan 12%

d. Ingkang balônja f 200.- ingkang f 100 kados aksara c ingkang f 100.- kaparingan 8%.

Ananging kalêmpakipun balônja sarta dhirtêtuslah wau, sawulan botên kenging langkung saking f 223.-

3. Ingkang blanjanipun langkung saking f 200.- sawulan, botên kaparingan indhakan balônja, ananging kaparingan arta mirunggan sapisan ing dalêm sataun, petang 60% nanging sakêdhikipun botên kenging kirang f 276.- kathah-kathahipun botên kenging langkung f 480.-

4. Pènsiunan para abdi dalêm kasêbut nginggil, ugi kaparingan.

5. Tumrapipun para abdi dalêm ingkang wiwit taun 1923 sampun katata blanjanipun, botên kaparingan.

6. Dhirtêtuslah punika botên kenging kacêngklong kangge sadhengaha sêsêrêpanipun.

7. Riksêblad 1918 ôngka 35 tuwin wêwaton petangan katitimasan kaping 21 Nopèmbêr 1922 ôngka 1056 D/1 kanthining dhawuh nagari kaping 21 Nopèmbêr 1922 ôngka 1056 D/1 lajêng kasuwak.

Kantor Kapatihan kaping ... Dhesèmbêr 1923.

Padmanagara.

Katampèn komtabilitèit

[Grafik tanda tangan]

--- [127] ---

W.G. Suryaamijaya - Atmasuprapta, 28 April 1931

Tatêdhakan

Ôngka 113.

Sêratipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta, dhumatêng Radèn Lurah Atmasuprapta, ing Ngayogyakarta.

Wiyosipun, kula sampun nampèni sêrat katitimangsan kaping 15 April punika, sapituruting suraos sampun kula sumêrêpi sadaya.

Awit saking punika, sarèhning kula sampun adamêl panitya kasusastran ingkang amanah babagan kasusastran.

Pangarsa, BadènRadèn. Mas Arya Wuryaningrat.

Panitra, Mas Èsmu Subrata

Warga, 1. Radèn Tumênggung Suradipura
2. Mas Ngabèi Martasuwignya
3. Mas Ngabèi Prawiraatmaja
4. Radèn Ngabèi Dutadilaga
5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi

Amila sêratipun radèn lurah lajêng kula pasrahakên panitya kasusastran wau. Mênggah lêlajênganipun rêmbag-rêmbagipun radèn lurah ingkang babagan kasusastran kenging lajêng têpang dhatêng panitya, mugi andadosna kauningan.

Surakarta kaping 28 April 1931.

Pangarsa kapambêng

Klilan mudha pangarsa

W.G. Suryaamijaya

Panitra

W.G. Prajakintaka.

--- [128] ---

WG. Suryaamijaya - Pepatih dalem, 4 Desember 1934

Têtêdhakan.

Ôngka 339/RP.

Sêrat paturanipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka, katur pêpatih dalêm.

Kula nuwun, Pahêman Radyapustaka ngaturi uninga, nalika malêm Sabtu tanggal kaping 23 wulan Saban taun Wawu ôngka 1865 utawi kaping 30 Nopèmbêr 1934, Pahêman Radyapustaka parêpatan mirunggan, ingkang dhatêng pangrèh jangkêp, warga kalêbêt kathah, mênggah prêlunipun ngrêmbag pèngêtan parêpatanipun para wakil sèlêbbêstir Jawi sakawan kalihan guprênur Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta, nalika kaping 10 Sèptèmbêr 1934 kados ingkang kawrat sêrat-sêrat kabar, adêg-adêg 5 bab aksara ing sêrat-sêrat dhinês manawi ngangge têmbung Jawi. Parêpatan wau mutus badhe ngwontênakên kumisi ingkang kapatah mahamakên panganggenipun aksara Jawi prayogi kalêstarèkakên kados samangke punapa kadospundi.

Rêmbag kados makatên wau lajêng dados rêmbag rame wontên ing sêrat-sêrat kabar Jawi, Indhonesiah saha sanès-sanèsipun, punapadene pêpanggihanipun pakêmpal-pakêmpalanpakêmpalan-pakêmpalan. sarta ingkang migatosakên bab wau punika, namung prasasat ngambali rêmbag-rêmbag ingkang sampun, inggih punika bab bilih sêrat-sêrat têmbung Jawi kasêrat mawi aksara Latin, sami botên angrujuki.

Awit saking punika Pahêman Radyapustaka, prêlu nyuwun katrangan dhatêng parentah, mênggah ingkang dipun karsakakên dening parentah wau punapa inggih lêrês bab têmbung Jawi kasêrat mawi aksara Latin, bilih makatên, Radyapustaka ugi botên ngrujuki, katranganing sabab-sababipun kados ingkang kasêbut kanthinipun sêrat paturan punika, dene bilih karsanipun parentah badhe angewahi wêwangunan utawi rêricikanipun aksara Jawi supados sagêd prayogi kanggenipun ing jaman sapunika, [sa...]

--- [128a] ---

[...punika,] bilih parentah amarêngakên, Radyapustaka nyuwun mugi kakarsakakên tumut angrêmbag, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 4 Dhesèmbêr 1934.

Mudha pangarsa, WG. Suryaamijaya.

Panitra, WG. Prajakintaka.

Sampun cocog.

Sastrasayana

--- [129] ---

Pepatih - Paheman Radyapustaka, 8 Januari 1927

Ôngka 32 A/1

Manggih sela kados umpak

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, asarêng punika maringakên sêrat paturanipun abdi dalêm bupati kitha Surakarta katitimasan kaping 31 Dhesèmbêr 1926 ôngka 3634/B/III sakanthinipun, bab tiyang nama Kêrtasêmita ing dhusun Jalakan, manggih sela wujud umpak wontên ing sabin. Sela wau samangke kabêkta dhatêng kaondêran Sukaharja. Pêpatih dalêm mundhut panimbang, sela wau prêlu kapundhut nagari punapa botên.

Kantor kapatihan kaping 8 Januari 1927.

[Tanda tangan]

Wis tak rêmbug karo Kangjêng Adijaya, supaya disimpên sing bêcik bae dhisik, samôngsa sêla arêp dipriksa.

Garapan A/1

[...]

--- [130] ---

Pepatih - Paheman Radyapustaka, 25 April 1927

Ôngka 727 A/1

Bab pola bathikan

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, awit saking sêratipun pangagênging dhepartêmèn apdhèling nèipêrhid ing Batawi kados tatêdhakan ingkang kaparingakên asarêng punika, nêdha nyambut pola-pola bathikan gadhahanipun musium Sriwêdari, badhe katurun, sarta nêdha têtêdhakan sêrat bab bathikan. Dhawuhipun pêpatih dalêm amarêngakên. Ingkang punika bilih wisesaning Radyapustaka amanah botên wontên pakèwêdipun, lajêng kadhawuhan anindakakên saprêlunipun.

Kantor kapatihan kaping 25 April 1927.

[Tanda tangan]

Garapan A/1

[Tanda tangan]

--- [131] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 21 Juni 1927

Ôngka: 199

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sêratipun abdi dalêm Bupati Klathèn katitimangsan kaping 14 Juni 1927, ôngka 1625/B/29 tumraping sêrat paturanipun abdi dalêm mantri dhistrik Samapura ingkang katur asarêng punika, bab manggih rêca 2 iji, sirahipun sami tugêl kaupados dèrèng pinanggih, punika sarèhning nama kantun gêmbung kemawon, pamanah kula botên prêlu kapundhut, namung ing papan tilas pinanggihipun wau kapratelakakên mirit kathahipun sela-sela bokmanawi wontên candhinipun ingkang kapêndhêm, punika prayogi kapriksa, ngêntosi konduripun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya saking Batawi, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 21 Juni 1927.

Prajakintaka

Kadhawuhan damêl wangsulan makatên

Pra

--- [132] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 25/4 27

Ôngka 120.

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, rayi jêngandika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya tilpun, kula kadhawuhan matur, panjênêngan dalêm kaaturan tumuntên angintunakên buk pola sinjang dhatêng Bogor, amargi rayi jêngandika dipun sêrêg anggènipun dèrèng ngintunakên pola wau, kula nuwun sumôngga.

Prajakintaka

25/4 27.

--- [133] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 8 XII 27

Kawula nuwun gusti, mênggah anggèn kawula badhe sowan ing ngarsa dalêm punika prêlu ngaturakên sêrat dhawuh ingkang konjuk asarêng punika. Mila badhe kawula sowanakên piyambak, amargi wontên pamrayoginipun raka jêngandika Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, Radyapustaka supados mangsuli ngêncêngi panyuwunipun, saèstunipun kathah urusanipun ingkang prêlu kauningan ing panjênêngan dalêm, namung sarèhning badhe kathah atur kawula sarta prabot-prabotipun, kaparênga kawula sowanakên mangke sontên kemawon, kaparêng dalêm wanci jam pintên, cumadhong dhawuh.

Abdi dalêm pun

Prajakintaka

8 XII 27

Dintên Slasa gusti sagêd tampi [...]

--- [134] ---

Prajakintaka - Wakil Wisesa Paheman Radyapustaka, 12 September 1927

Ôngka 273.

Katur kondhang ingkang minôngka wêwakilipun wisesaning Pahêman Radyapustaka.

Nuwun, nalika tanggal kaping 26 Agustus 1927, kula macak atur dhatêng ingkang nindakakên padamêlan wisesaning Pahêman Radyapustaka, sarèhning Radyapustaka kasuda carik saha pambantunipun nyatunggal, katêtêpakên kados kantor Kapatihan sanès-sanèsipun, mila kula gadhah panyuwun.

I. Musium kula tutup (libur) sadintên ing dalêm saminggu, supados liburanipun gumêlêng dados satunggal, dene liburan sanès-sanèsipun kados ta: grêbêg Rêbo wêkasan, balapan sasaminipun, punika lêstantun kabikak kados adat, namung kula nyuwun kuruping liburan wau.

II. Pantoging balônja kula sakônca.

Kados tatêdhakan ingkang kula aturakên asarêng punika, mênggah panyuwun kula wau takêranipun ing sapunika pancèn kêdah makatên, manawi botên makatên, badhe rêkaos tumindakipun, dumugi sapriki dèrèng wontên dhawuh, môngka carik sampun kula ladosakên ing nagari nalika tanggal kaping 3 Sèptèmbêr punika, dados ing Radyapustaka sapunika sampun têtêp kados tatananing nagari.

Awit saking punika, tumuntênipun angsal dhawuh, kula nyumanggakakên wakiling wisesa.

Katur tanggal kaping 12 Sèptèmbêr 1927.

Prajakintaka.

--- [135] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 30 April 1927

Ôngka 130.

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, rèngrèng sampun kula aturakên Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, dhawuhipun sampun sakeca, namung bab sêrat kawruh bathikan supados kapratelakakên ing Radyapustaka pancèn dèrèng wontên, amargi pamundhutipun kala samantên nama sawêg rampung kemawon pangarangipun, dados dèrèng kasumêrêpan bilih Radyapustaka sampun wontên, dene sêratipun ugi badhe dipun upadosi rumiyin, ing dalêm utawi ing paresidhenan. Mênggah panêdhanipun pangagêng apdhèling nèipêrhid kangjêng pangeran badhe istiyar (kawruh bathikan wau) kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 30 April 1927.

Prajakintaka

[...]

--- [136] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 4 Oktober 1927

Kula nuwun gusti, abdi dalêm kawula angunjukakên sêrat.

1. Saking kabupatèn Sragèn, kanthi supe panggihan.
2. Saking kabupatèn Klathèn, bab manggih bèri, dèrèng kaladosakên, nyuwun dhawuh.
3. Saking Sutasukaryan ngaturakên rancangan waragad iyasa rangkangan mariyêm dalah soroganipun.
4. Pacakan sêrat katur pêpatih dalêm bab têmbung santunan namaning warga mulya.
5. Pacakan sêrat katur pêpatih dalêm bab nyuwun arta f 4000.
6. Pacakan sêrat dhatêng pangagêng D kanthi tatanan liburan musium.
7. Pacakan sêrat dhatêng kontak kumite.
8. Pacakan sêrat dhatêng pangarsaning pakêmpalan pagadhean Jawi.
9. Pacakan sêrat dhatêng H. Sutadi.

Sêrat ôngka 1, 2 sarta 3 cumadhong dhawuh, ingkang ôngka 4 dumugi 9 nyuwun tapak asta.

Konjuk kaping 4 Oktobêr 1927.

Pun Prajakintaka.

--- [137] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 30 Nopember 1927

Ôngka: 335

Kawula nuwun gusti, pandangu dalêm bab arta saha badhe tumanjanipun.

Ha. Kawontênaning arta kas.

1. Wontên Bôndha Lumaksa: f 1000
2. Wontên paktori: f 1000
3. Wontên Radèn Tumênggung Suradipura: f 319,43
Gunggung: f 2319,43

Na. Badhe tumanjanipun

1. Yasa lêmari wadhah ringgit: f 420
2. Yasa plangkan mariyêm: f 171,18
3. Yasa sarungan saha kandêlan: f 340
4. Yasa pêpêthan griya padhusunan: 37,50
5. Anjangkêpi pêpêthan griya: 75
Gunggung: f 1043,68

Dados petangipun, arta kas: f 2319,43

Badhe tumônja ingkang: f 1043,68

Kantun: f 1275,75

Wondèntên arta badhe paringipun nagari f 1000 sampun kasuwun, dèrèng kaparingakên, mugi andadosakên kauningan.

Surakarta kaping 30 Nopèmbêr 1927.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [138] ---

Wisesa Radyapustaka - Patih Karaton Surakarta, 7 Juni 1927

Ôngka: 180

Katur pêpatih dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Nuwun, dhawuh katitimangsan kaping 6 Juni 1927, ôngka 784/II D/3, sampun kula tampi, sarèhning nagari botên kaparêng anggalih aturipun Radyapustaka kaping 8 April 1927, ôngka 118, ingkang ugi sampun angèngêtakên malih kawrat sêrat kaping 2 Juni 1927, ôngka 171, nanging botên kaparêng ebah sakêdhik-kêdhika panggalihanipun, dening punika mila kula nyuwun kèndêl anggèn kula dados pangarsaning Radyapustaka, rumaos botên sagêd badhe nindakakên ingkang kalayan prayogi, wondene sintên ingkang kadhawuhan gêntosi kula nyuwun dhawuh, badhe lajêng kula pasrahi pandamêlan.

Kasêrat kaping 7 Juni 1927.

Wisesa

Panitra.

--- [139] ---

W.G. Kusumayuda - Anonim, 25 Mukaram Jimakir 1858 A.J. [25 Juli 1927 A.D.]

Tatêdhakan

Cap kancing

Kêkancingan ôngka 246/7/Na III.

Manira panggêdhening parentah karaton, sawise nampani dhawuhing timbalan dalêm, sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, rèngrèng pranatan sasêbutane putra santana dalêm kang saka pêpatih dalêm, kagalih ana kang durung kapenak, ingandikakake nata manèh saprayogane, sarta gawe tatanan lalênggahane putra santana dalêm. Marmane ing mêngko anamtokake marang 1. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Radèn Tumênggung Purbadipura, 3. Radèn Tumênggung Mangkudipura, 4. Radèn Tumênggung Atmadipura, 5. Radèn Ngabèi Prajakintaka, 6. Radèn Ngabèi Dutadilaga, 7. Radèn Ngabèi Kartahartana, dadi kumisi nata kapriye kapenake bakal pranatan sasêbutane putra santana dalêm, sarta pranatan lalênggahane cocoke karo jaman saiki, apa tinêmuning pangrêmbug banjur karancanga rèngrèng pisan, kagawe loro 1. Pranatan sasêbutan: 1. Pranatan lalênggahan, sarampunge banjur kaladèkna panggêdhening parentah karaton, arêp banjur kasaosake konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana.

Kêkancingan iki turunane kagawe cacah 7 kawratakake marang kang padha dadi kumisi kasêbut dhuwur.

Dhawuhing kêkancingan, kaping 25 Mukaram Jimakir 1858. Utawa kaping 25 Juli 1927.

Panggêdhening parentah karaton.

W.G. Kusumayuda.

Sampun cocog kalihan lugunipun.

Sastrawilapa.

--- [140] ---

W.G. Gitadipura - Kantor D/3, 27 April 1927

Ôngka: 109.

Kumisèn Radyapustaka

Katur kantor D/3

Sêrat katitimangsan kaping 15 April 1927 ôngka 784/II D/3 sakanthinipun, sampun katampèn ing kumisi, punapa suraosipun sampun dipun sumêrêpi, bab kumisèn ing Radyapustaka, punika panimbangipun kumisi sampun ngangge wêwaton kawujudan kawontênanipun ing blabag, mawi manah gandhèngipun kalihan tatanan kantor Kapatihan, dados bab punika pamanggihipun kumisi inggih kados ingkang sampun kaaturakên kawrat sêrat katitimangsan kaping 10 Marêt 1927 ôngka 59, mugi andadosakên kauningan saha kumisi amung nyumanggakakên.

Kaping 27 April 1927.

(W.G.) Gitadipura.

--- [141] ---

W.G. Gitadipura - Kantor D/3, 10 Maret 1927

Turunan

Ôngka 59.

Kumisèn Radyapustaka

Katur kantor D/3

Sêrat katitimasan kaping 12 Pèbruwari 1927 ôngka 371/II D/3 sakanthinipun, sampun katampèn ing kumisi, bab anggènipun kantor Radyapustaka botên gadhah liburan, punika lêrês, kantoripun pancèn botên gadhah liburan, nanging garapipun inggih mawi libur saminggu sapisan gêgêntosan, kados ingkang sampun kapratelakakên ing prêbalipun kumisi, dados pamanggihipun kumisi tumrap garapipun inggih sami gadhah liburan saminggu sapisan kados garap kantor Kapatihan, makatên malih sarèhning ing Radyapustaka wau ugi kantor, sarta ingkang nindakakên inggih garap, tatananipun inggih kapiridakên kantor Kapatihan, kantor Kapatihan inggih wontên ingkang garapipun panèwu tanpa mantri, inggih punika kantor têtuku. Bab panindakipun padamêlan padintênan, pamanggihipun kumisi garapipun sampun cêkap kados panimbangipun kumisi. Dene manawi panèwunipun pinuju pamit, makatên wau pamanggihipun kumisi namung kala-kala, dene manawi carik taksih pakèwêd dipun pasrahi têtanggêlan pangrêksaning barang manawi panèwu panuju pamit wau, prayogi matah panèwu mantri lidipun Radyapustaka kemawon, supados nindhihi utawi ngawat-awati panindakipun carik wau, salêbêtipun kapatah kaparingan tulah.

Kaping 10 Marêt 1927.

W.G. Gitadipura.

--- [142] ---

Abdi Dalem Jaganalan - Parentah Kadistrikan Gondangwinangun, 3 Agustus 1927

Bab anglapurakên manggih rêca saking sela.

Katur

Ôngka: 547/6.

Sêrat katur ing parentah kadhistrikan ing Gondhangwinangun.

Nuwun, kula angaturi uninga, kasbut sêrat paturanipun lurah dhusun Sukarini, kaping 3 Agustus 1927 angaturakên, nalika tanggal kaping 16 Juni 1927, kamisêpuh ing Sukarini, sampun amêndhêt 1 rêca saking Sela, ingkang kangge pathok sabinipun tiyang nama: Diwangsêtika ing dhukuh Kêdhusan, kaluhankalurahan. dhusun Candran (Jaganalan), rêca wau nuntên kabêkta dhatêng ing kalurahan Sukarini, saha rumiyin sampun kapriksa saha kalapurakên dening mantri ondêr dhistrik Manisrêngga. Wondene sapunika rêca wau sampun lajêng kula bêkta dhatêng kaondêran ing Jaganalan.

Ingkang punika, mugi andadosakên kauninganipun parentah.

Katur tanggal kaping 3 Agustus 1927.

Abdi dalêm mantri ondêr dhistrik Jaganalan.

[Grafik tanda tangan]

Ôngka 1774/6

Lajêng katur ing parentah kabupatèn Klathèn, mugi andadosakên ing kauningan.

Katur kaping 8 Agustus 1927.

Panèwu dhistrik Gondhangwinangun.

[Grafik tanda tangan]

--- [143] ---

Patih Karaton Surakarta - Panggede Kantor A.B.

Turunan

Kêkancingan ôngka 15 D/1/II

Manira pêpatihing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, ngèngêti palapurane komisi kang kapatah ngaturake panimbang warata ing kantor Kapatihan, ing mêngko anamtokake sagolong-golongane abdi dalêm kang saikine padha madana marang wadana parentah Kapatihan, utawa liyane, banjur kaêlih madanane kaya ing ngisor iki.

1. Abdi dalêm golongan naramarga ing Magiri sarta Kuthagêdhe, madanaa marang panèwu dhistrik kang ambawahake.

2. Abdi dalêm golongan dhistrik ing Magiri sarta Kuthagêdhe.

3. Abdi dalêm golongan juru niti ing desa.

Madanaa marang bupati pagêdheningpanggêdhening (dan di tempat lain). kantor Kapatihan golongan paprentahan bab pangrèh praja (ciri aksara A).

4. Abdi dalêm golongan Mambangul Ngulum, madanaa marang pagêdhening komisi pamulangan Mambangul Ngulum.

5. Abdi dalêm golongan Radyapustaka (musium) madanaa marang wisesaning Pahêman Radyapustaka.

6. Abdi dalêm golongan rêksanirmala (Wangkung) madanaa marang panggêdhening komisi Wangkung.

7. Abdi dalêm golongan punggawa Sriwadari, madanaa marang panggêdhening komisi Sriwadari.

8. Abdi dalêm golongan abat towar.

9. Abdi dalêm golongan narawrêksa.

10. Abdi dalêm golongan pananggap arta ing Ngimagiri sarta Kuthagêdhe.

Padha madanaa marang bupati panggêdhening kantor Kapatihan golongan paprentahan bab dhuwit nagara (ciri aksara B).

11. Abdi dalêm garap kantor marêgwèsên, madanaa marang insêpèktur marêgwèsên.

Kêkancingan ingkang turunane kaparingake marang pagêdhening kantor A.B.

--- [144] ---

Bupati Klaten - Parentah Kantor Kapatihan Golongan Radyapustaka, 22 September 1927

Ôngka 2882/B/29

Bab manggih barang kina.

Sêrat paturanipun abdi dalêm bupati Klathèn, katur parentah kantor Kapatihan golongan Radyapustaka:

Ingkang kula aturakên, awit saking sêrat palapuranipun mantri dhistrik ing Bèji katitimasan kaping 15 wulan punika, ôngka 826/A/2 suraos, tiyang nama Mulyataruna, griya ing dhusun Ngêmplak (Bèji) dhudhuk pasitènipun ing sakilèn masjid Ngêmplak, antawis 1 mètêr lêbêtipun, lajêng manggih sawarni barang kina 11 iji bèri saking têmbaga saha kuningan. 1 iji kèncèng alit. 1 iji bokor mawi tutup. Wondene barang wau ingkang taksih sae bèri wadhah 9 iji, sanès-sanèsipun sampun sami risak, amila kula nyuwun cumadhong dhawuh barang wau punapa kula aturakên.

Ingkang punika mugi andadosakên ing kauningan.

Katur tanggal kaping 22 Sèptèmbêr 1927.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

[Grafik tanda tangan]

--- [145] ---

Mantri Distrik - Parentah Distrik ing Bayat, 1 Juni 1927

Ôngka 647

Bab rêca candhi

Katur parentah dhistrik ing Bayat.

Nuwun, kula ngaturi uninga, nalika tanggal kaping 27 Mèi 1927, tiyang nama Jayawikrama ing dhusun Samapura manggih rêca candhi cacahipun tiga:

1. Rêca Wisnu, 2. Rêca Siwah } sami kadamêl saking sela

Rêca Siwah kalih pisan, sirahipun sampun sami tugêl, kaupadosan derangdèrèng. pinanggih.

Pinanggihing rêca-rêca sadaya wau sami kapêndhêm wontên ing pakaranganipun tiyang kasbut ing nginggil.

Kajawi saking punika ing sakiwa têngêning pakaranganipun Jayawikrama wau, punapadene ing salêbêting pakaranganipun Jayadikrama, katingalan kathah sela-sela tilas candhi ingkang sampun pinanggih. Dene ingkang sampun pinanggih sami dipun angge pirantos pagêr utawi sanès-sanèsipun dening ingkang sami manggih. Malah tiyang nama Jayapawira ugi gadhah rêca sela wangun lêmbu gumarang, pinanggihipun sampun dangu.

Mirit kathahing sela-sela tilas candhi, ingkang pinanggih, kula gadhah pangintên, bilih ing ngriku wontên candhi ingkang sampun kapêndhêm, nanging pêrnahipun dèrèng sagêd kasumêrêpan.

Ingkang punika salajêngipun bab wau kawuningan parentah nyumanggakakên.

Katur kaping 1 Juni 1927.

Ha. mantri dhistrik sampun

[Tanda tangan]

Lajêng katur ing parentah kabupatèn ing Klathèn, mugi andadosakên ing kauningan, saha nuwun sumôngga.

Katur tanggal kaping 9 Juni 1927

Ha. Panèwu dhistrik Bayat

Martapranata.

--- [146] ---

Kusumadiningrat - Prajakintaka, 13 Rejeb Wawu 1857 A.J. [17 Januari 1927 A.D.]

Ngabèi Prajakintaka barêng iki aku ambalèkake pola ukiran cacah 8 iji, sarta aku awèh plangkan kanggo dokok ukiran.

Kaping 13 Rêjêb Wawu 1857.

Kusumadiningrat.

--- [147] ---

Kantor Kapatihan - Prajakintaka, 6 Juni 1927

Ôngka 784/II D/3

Kumisèn

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimangsan kaping 2 Juni 1927, ôngka 171 sampun kauningan, dhawuhipun lêrês, pêpatih dalêm rujuk panimbangipun komisi supados sumêrêp.

Kantor Kapatihan kaping 6 Juni 1927.

[Grafik tanda tangan]

Lajêng katur panjênêngan dalêm kiyai lurah

Prajakintaka

Garapan wisudha

[Grafik tanda tangan]

Ag X 7-6-27/no. 40

--- [148] ---

Wisesa Paheman Radyapustaka - Kangjeng Parentah Ageng, 7 Pebruari 1927

Ôngka 34.

Atur kula wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur kangjêng parentah agêng.

Nuwun, ingkang kula aturakên, mênggah kaparêngipun kangjêng parentah agêng kasêbut ing sêrat katitimangsan kaping 27 Januari 1927 ôngka 269/II D/3, anamtokakên sudaning garap kantor Radyapustaka, carik satunggal, pambantu satunggal, punika botên sagêt, bokmanawi kumisi supe bilih ing Radyapustaka botên gadhah liburan, sanadyan dintên Minggu saha dintên agêng punapadene liburan sanès-sanèsipun ugi bikak anyambut damêl, lajêng kalampahakên giliran, makatên malih bilih Radyapustaka kaanggêp sami kalihan tatanan kantor Kapatihan, inggih botên mantuk, dene panèwu tanpa mantri. Langkung malih kasamèkakên kalihan pakêmpalan, wujudipun sapunika saya botên sagêd, amargi panitra kêdah pilah kalihan artaka, saha artaka bilih pangkatipun kirang saking mantri ugi botên sagêd, dening takêranipun botên murwat. Kajawi punika kula nyuwun katrangan, saupami panèwu pamit, sintên ingkang nyêpêng arta saha barang ingkang pangaosipun kathah, mila kula prêlu lastantun cacah sapunika, malah kula nyuwun salah satunggal carik kaingsêr punapa kadospundi sagêdipun lajêng ngwontênakên mantri kados suwunan Radyapustaka katitimangsan kaping 20 Pèbruari 1925 ôngka 36 minôngka sor-soraning panèwu, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 7 Pèbruari 1927.

--- [149] ---

Anonim - Patih Karaton Surakarta, 20 Mei angka 184/II D/3

Ôngka 171

Sêrat katur pêpatih dalêm Surakarta Adiningrat

Nuwun sêrat dhawuh katitimangsan kaping 20 Mèi ôngka 184/II D/3 sampun kula tampi, dados têgêsipun

1. Nagari anggalih botên lêrês anggènipun Radyapustaka mastani kumisi taksih lêpat.

2. Nagari botên nêtêpi ungêl-ungêlan ingkang wontên ing sêtatutên, ingkang ugi sampun kaidèn, inggih punika pènêng mistêr saha sèkrêtaris kêdah wontên piyambak-piyambak.

3. Nagari botên nganggêp dhatêng pamrayogi kula, ingkang suraos botên cêkap bilih amung carik kapitados nyêpêng barang samantên agêngipun, môngka mirit dhawuh wontênipun kumisi Radèn Tumênggung Gitadipura amung nimbang cacah botên dumugi nata sapangkat, dening punika mila kula prêlu ngèngêtakên sapisan malih, punapa inggih sampun têtêp dhawuh kaparêngipun wau.

2/6 27

--- [150] ---

Pangarsa Paheman Radyapustaka - Pangeran Arya Jatikusuma, 27 Mulud, Jimakir, 1858 A.J. [24 September 1927 A.D]

Kauningan Kangjêng Radèn Adipati

Ôngka.

Pangarsaning Pahêman Radyapustaka, anêtêpakên dhatêng Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma dados mudha pangarsaning Pahêman Radyapustaka, awit saking putusaning parêpatan agêng nalika malêm Akad tanggal kaping 27 wulan Mulud taun Jimakir, ôngka 1858, utawi kaping 24 Sèptèmbêr 1927.

Surakarta tanggal kaping ... wulan Mulud taun Jimakir ôngka 1858.

Utawi kaping ... wulan Sèptèmbêr 1927.

I. Warganing panitra

II.

I. Suryaamijaya

II. Salasa tanggal kaping 15 wulan Ruwah taun Jimawal ôngka 1861, utawi kaping 5 Januari 1931.

--- [151] ---

Bupati Klaten - Parentah Kantor Kapatihan Golongan Radyapustaka, 10 Agustus 1927

Ôngka 2364/B/29

Bab manggih rêca.

Lajêng katur parentah kantor Kapatihan golongan Radyapustaka.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur tanggal kaping 10 Ogustus 1927.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

Puspanagara

Ag no. 63/x 15/8 27 musium tilpun dhatêng Klathèn andangu kawontênanipun rêca, wujud, ukuran, sarta [...]

--- [152] ---

Puspanagara - Parentah Kantor Kapatihan Golongan Radyapustaka, 14 Juni 1927

Ôngka 1625/B/29. Ag no. 1042 C/1/II / 16-6-27

Bab tiyang manggih rêca

Lajêng katur parentah kantor Kapatihan golongan Radyapustaka.

Ingkang punika kula nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur kaping 14 Juni 1927.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

Puspanagara

11174/ 15-6-27 musium

--- [153] ---

Citrasari - Anonim, 4 Mei 1927

Ugêran kaping 4 Mèi 1927.

Kula Citrasari abdi dalêm jajar tukang kuningan.

Ingkang ngugêri

Kadangu parentah kantor Radyapustaka (musium) kula kadhawuhan mariksa barang panggihan saking kabupatèn Kalathèn awarni cuwilan gôngsa 4 iji, arta gobog 1000 iji, saking pamanggih kula mirit lagu sarta garapanipun, ngantawisi manawi barang kina, mênggah panapsir kula kados ing ngandhap punika.

I. Cuwilan gôngsa 4 iji, wawrat 15 kati.

1 kati rêgi f 0,60 = f 9.-

II. Arta gobog 1000

Wawrat 21 kati a f 0,30 = f 6.30

Dados sadaya gunggung rêgi f 15.30

Kula sumôngga.

Citrasari

Ingkang nyêrati:

[Grafik tanda tangan]

--- [154] ---

Prajalukita - Kantor Radyapustaka, 27 Januari 1927

Ôngka 269/II D/3

Cacahing garap

Katur kantor Radyapustaka.

Dhawuhipun pangagêng, sêrat katitimasan kaping 11/12-26 ôngka 271 sampun kauningan panjênêngan daêm kangjêng, sasampunipun kadangokakên sarta wontên panimbangipun komisi padamêlan garap, kaparêng dalêm kangjêng samangke cacahing garap sapunggawanipun ing Radyapustaka katamtokakên panèwu, carik, jajar panyrigan, jajar tukang rêrêsik, sami cacah nyatunggal, jajar jagi musium 4 sakawan, pamagang pambantu 2 kalih, bêbau 2 kalih, supados kaèstokakên sapêrlunipun.

Kaping 27 Januari 1927.

Prajalukita

Lajêng katur kantor Radyapustaka musium.

Nitipustaka.

--- [155] ---

Prajalukita - Kantor Radyapustaka, 15 Maret 1927

Ôngka 371/II D/3

Garap Radyapustaka.

Katur kantor Radyapustaka.

Dhawuhipun pangagêng, sêrat paturan katitimangsan kaping 7 Pèbruari 1927 ôngka 34 sampun kauningan ing panjênêngan dalêm kangjêng sarta lajêng kadangokakên dhatêng kumisi padamêlan garap, katranganipun kawrat sêrat katitimasan kaping 10 Marêt 1927 ôngka 59 turunanipun asarêng punika. Supados nyumêrêpi.

Kaping 15 Marêt 1927.

Prajalukita

Lajêng katur panjênêngan dalêm kiyai lurah.

[Grafik tanda tangan]

Ag S. 109/ 17-3-27

--- [156] ---

W.g. Jayanagara- Kantor A.B., 12 Nopember 1927

Turunan

Kêkancingan ôngka 15 D/1/II

Manira pêpatih dalêm tonkaraton. dalêm Surakarta Adiningrat, ngèngêti palapuraning komisi kang kapatah ngaturake panimbang waragat ing kantor Kapatihan, ing mêngko anamtokake sagolong-golongane abdi dalêm kang saikine padha madana marang wadana parentah Kapatihan, utawi liyane, banjur kaêlih madanane kaya ing ngisor iki.

1. Abdi dalêm golongan naramarga ing Magiri sarta Kuthagêdhe, madanaa marang panèwu dhistrik kang ambawahake.

2. Abdi dalêm golongan dhistrik ing Magiri sarta Kuthagêdhe.

3. Abdi dalêm golongan juruniti ing desa.

Madanaa marang bupati panggêdhening kantor Kapatihan golongan paprentahan bab pangrèh praja (ciri aksara A).

4. Abdi dalêm golongan Mambangul Ngulum, madanaa marang panggêdhening komisi pamulangan Mambangul Ngulum.

5. Abdi dalêm golongan Radyapustaka (musium) madanaa marang wisesaning Pahêman Radyapustaka.

6. Abdi dalêm golongan rêksanirmala (Wangkung) madanaa marang pagêdhening komisi Wangkung.

7.Abdi dalêm golongan punggawa Sriwadari, madanaa marang pagêdhening komisi Sriwadari.

8. Abdi dalêm golongan abat towar.

9. Abdi dalêm golongan narawrêksa.

10. Abdi dalêm golongan pananggap arta ing Ngimagiri sarta Kuthagêdhe.

Padha madanaa marang bupati panggêdhening kantor Kapatihan golongan paprentahan bab dhuwit nagara (ciri aksara B).

11. Abdi dalêm garap kantor marêgwèsên, madanaa marang insêpèktur marêgwèsên.

Kêkancingan iki turunane kaparingake marang panggêdhening kantor A.B. panggêdhening komisi Mambangul Ngulum, wisesaning Paheman Radyapustaka, panggêdhening komisi Wangkung, panggêdhening komisi Sriwadari sarta wadana parentah Kapatihan, supaya padha sumurup.

Dhawuhing kêkancingan kaping 17 Jumadilawal Jimakir 1858.

Utawi kaping 12 Nopèmbêr 1927.

Pêpatih dalêm

Kangjêng Radèn Adipati w.g. Jayanagara.

Sampun cocog kalihan lugunipun.

w.g. Wuryaningrat.

Garapan D/II/1

w.g. Sastrasutarma.

--- [157] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wiryaningrat, 6 September 1926

Ôngka 203.

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kala wingi sontên Mas Sasrasutikna kanthi guru bantu satunggal saèstu dhatêng, sabibaring parêpatan angrêmbag tataning piwulang, lajêng parêpatan kalihan Mas Sasrasutikna wau, pèngêtanipun kula ladosakên asarêng punika, kula sumôngga.

Katur kaping 6 Sèptèmbêr 1926.

Prajakintaka.

--- [158] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 2 Maret 1926

Ôngka 44.

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, bab gambar badhe têtêngêr Radyapustaka sampun kula rêmbag kalihan Ngabèi Citrairannya, aturipun sandika badhe lajêng kagarap iyasa cithakan, mênggah bab waragat gampil. Namung Ngabèi Citrairannya gadhah pamanggih gambar wau manawi kangge mainan jam kagêngên, prayogi kaalitakên pantêsipun kangge mainan jam, saha aksaranipun ingkang mungêl, Pahêman Radyapustaka, sarèhning kanjungkêlên sangêt, manawi maos dadak anjungkêlakên gambaripun, punika prayogi kasantunan traping aksaranipun supados pamaosipun botên anjungkêlakên gambar. Wangsulan kula bab ngalitakên kula condhong, saha purun mêngku ing pangintên mêsthi kaparêng, namung bab nyantuni traping aksara, kula kêdah lapur rumiyin amargi punika nama ngewahi. Ngabèi Citrairannya ugi nyuwawèni, saha lajêng nêmbung gambaripun kasuwun badhe kamanah wontên griya sarta wontên ingkang kamanah parlu nyuwun sasêrêpan rayi jêngandika, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, gambar lajêng kula tampèkakên saha sarèhning badhe sowan ing rayi jêngandika kula prayogèkakên matur bab badhe nyantuni traping aksara wau, wangsulanipun prayogi, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 2 Marêt 1926.

Prajakintaka.

--- [159] ---

Prajakintaka - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 12 Mei 1926

Ôngka 110.

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kula dipun dhawuhi ibu dalêm Gusti Bandara Radèn Ayu Jayadiningrat matur ing panjênêngan dalêm, kagunganipun sêrat primbon ingkang katur asarêng punika supados kakarsakakên ing Radyapustaka sapantêsipun, amargi ibu dalêm parlu ngagêm arta, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 12 Mèi 1926.

Prajakintaka

Kadhawuhan ngrêmbag kalihan Mas Ngabèi Yasawidagda, parlu kapundhut punapa botên, manawi botên, badhe kapundhut kiyai lurah piyambak.

[Grafik tanda tangan]

--- [160] ---

W.G. Prajakintaka - WG Kusumadiningrat, 5 Besar taun Be 1856 A.J. [17 Juni 1926 A.D.]

Turunan

Nguningani pangagêng kumisi kriya WG Kusumadiningrat.

Ing dintên punika Kêmis sontên (malêm Jumungah) tanggal kaping 5/6 wulan Bêsar taun Be, angkanipun warsa 1856.

Kula Radèn Ngabèi Prajakintaka, supata dêmi Allah dêmi Rasulolah, kados ing ngandhap punika.

Anggèn kula kakarsakakên dados liting kumisi mariksa kasagêdanipun calon abdi dalêm kriya pandhe êmpu, kula sanggêm badhe botên nampèni kasagahan utawi pawèwèh ingkang minôngka rêruba saking sintên-sintêna, sarta sanggêm nindakakên miturut wêwatonipun kumisi, tuwin botên badhe baukapine, utawi nalisir saking lêrês.

Anggèn kula supata sarta nyanggêmi ingkang kasêbut ing nginggil, botên saking pambujuk sasaminipun, ananging saking eklasing manah kula piyambak.

Manawi kula botên nêtêpi supata saha sêsanggêman kula wau, sanadyan amung salah satunggal, mugi angsala babênduning Allah, ananging manawi kula sagêd anglampahi ing salêrêsipun, angsala kamulyan saking Allah.

Kasêrat tanggal kaping 5 wulan Bêsar taun Be 1856.

W.G. Prajakintaka

Ingkang nyumpah

W.G. Katib Sêmêmi

Wacaka

[Grafik tanda tangan]

Sampun cocog kalihan lugunipun.

Bujakartaya.

--- [161] ---

Prajakintaka - Anonim, 8 Agustus 1926

Tatêdhakan.

Parêpatan kumisi dhalang, nalika malêm Sênèn kaping 8 Agustus 1926.

Ingkang wontên.

1. Radèn Ngabèi Prajakintaka. | 2. Mas Ngabèi Nayawirôngka. | 3. Mas Ngabèi Wirawiyaga. | 4. Ki Lêbdacarita.

Ingkang karêmbag.

1. Sêratipun Mas Sasrasutikna, wadana guru H.I.S. ing Bayalali, suraos nyuwun supados ing Bayalali kawontênakên kursus dhalang, sapintên wragatipun badhe kasanggi, sarta nyuwun sumêrêp pirantosipun, supados sagêd nyudhiyani: kawaos dening Radèn Ngabèi Prajakintaka, sasampuning rampung lajêng karêmbag, putusanipun badhe dipun pituruti, ingkang kadugi dhatêng Bayalali, Mas Ngabèi Nayawirôngka (guru) kanthi bêkêl Karyaludira sarta Mlayasudira (panggêndèr saha ngrêbab) sagêdipun dhatêng malêm Sabtu. Mênggah waragadipun kajawi sêpur, pondhokan, têdha sadhatêngan, pituwas guru, niyaga, kadamêl tikêl kalihan pamaring Radyapustaka.

I. Guru, sadhatêngan f 1,50 x 2 = f 3.

II. Niyaga 2 sadhatêngan f 1,50 x 2 = f 3.

Mênggah pirantosipun miturut kawontênan pasinaon Radyapustaka.

1. Kêlir papêthan kothak sakêpyakipun. | 2. Gôngsa, rêbab gêndèr. 0124 3. Ringgit.

Ing sabên tigang wulan, dipun kumisi Mas Ngabèi Atmamardawa utawi Mas Ngabèi Wirawiyaga, ugi kêdah waragat saking ingkang ngadêgakên pasinaon, mênggah pasinaon wau kadamêl rampung salêbêtipun 1 1/2 taun, manawi eksamên kêdah wontên Radyapustaka, ingkang angsal eksamênipun badhe kaparingan dhiploma.

Jam 10 parêpatan katutup.

Ingkang mèngêti.

Wg. Prajakintaka.

Sampun cocog kalihan lugunipun.

[Grafik tanda tangan]

--- [162] ---

Nayawirangka - Kumisi Pasinaon Dalang Radyapustaka, 29 Agustus 1926

Katur kumisi pasinaon dhalang Radyapustaka.

Kula ngaturi uninga, nalika dintên Saptu kaping 28 Agustus 1926 punika, kula sampun angèstokakên dhawuhing kumisi, andhatêngi pakêmpalan ingkang sumêdya ngêdêgakên kursus dhalang ing Bayalali, kasbut sêratipun Mas Sasrasutikna guru H.I.S. ing Bayalali, numpak tram pungkasan, anjujug griyanipun sadhèrèk Mas Sasrasutikna, wanci jam 1/2 8 sontên, lajêng dhatêng griyanipun sadhèrèk mantri guru sakolahan Jawi klas II.

Ingkang dhatêng watawis sadhèrèk 22 iji, golongan guru, pananggap pêkên, pangrèh praja, tuwin pagantosan, dipun jênêngi utusaning parentah, priyantun mantri pangrèh praja kitha Bayalali.

Wanci jam 1/2 9 dalu, sadhèrèk Mas Sasrasutikna, atur pambagya para tamu saha ngaturakên panuwun dhatêng kumisi pasinaon dhalang Radyapustaka, dene sampun kaparêng aminangkani panyuwunipun warga kumisi padhalangan Radyapustaka, anjênêngi parêpatan dalu punika.

Lajêng maos nutilênipun parêpatan pasinaon dhalang Radyapustaka. Lajêng dados rêmbag rame, wosipun sami katingal wêgah agênging waragat kursus dhalang, awit kapetang upami sadhèrèk 16 iji, bayaranipun sadhèrèk satunggal kirang langkung f 3.00.

Kula nampèni pitakenan satunggal kalih sasampuning kula jawab, kula lajêng sêsorah adêgipun pasinaon dhalang Radyapustaka, kawruh-kawruh sawatawis, ingkang sakintên sagêt anggrêngsêngakên parêpatan.

Putusanipun.

Ha. Kursus dhalang Bayalali ngadêg, nampèni murit kathah-kathahipun 16 iji.

Na. Bayaranipun sawulan f 1.50. mawi prajangjian ingkang sami sinau sakêdhikipun kêdah 2 taun.

Ca. Rampunging sinau kakintên sakêdhikipun tigang taun.

Ra. Sinaunipun sawulan namung kaping kalih, malêm Saptu sapindhah lan kaping tiga wulan Walandi.

Ka. Papanipun kadarman pandhapinipun sadhèrèk mantri guru pamulangan Jawi klas II lênggahanipun dhepokan.

Da. Namung pambikakipun wiwit malêm Saptu kaping 24/25 Sèptèmbêr 1926 punika, wulanipun Oktobêr malêm Saptu sapindhah lan kaping tiga makatên salajêngipun.

Ta. Sarèhne dèrèng samêkta ringgitipun, nyuwun nyambut Radyapustaka ingkang parlu kangge rumiyin. Saptu yèn kangge kaantukakên.

Sa. Ing Bayalali rêbab botên wontên, inggih nyuwun ngampil Radyapustaka.

Wa. Benjing malêm Sênèn kaping 5 Sèptèmbêr 1926 sadhèrèk Mas Sasrasutikna

Malik.

--- [162a] ---

kanthi kônca satunggal, dhatêng aningali pasinaon dhalang Radyapustaka, nyumêrêpi cakipun pasinaon, saha angrampungakên upakartining pasinaon (janturan sapanunggilanipun) tuwin pêpanggihan kalihan warga kumisi padhalangan Radyapustaka.

La. Pituwas kula kalihan prikônca iyaga,niyaga. kados nutilên.

Pa. Kula mrayogèkakên kajawi bayaran saking murid, sawulan f 1.50 kangge kêkiyatan angupadosa darma dhatêng ingkang sakintên pantês, kacondhongan. Ugi sanalika wau Surasudarman, mantri pangrèh praja kitha Bayalali, paring darma sabên wulan f 1.50. watawis jam 1/2 11 dalu parêpatan katutup wilujêng.

Mantuk kula Akat ping 29 Agustus 1926, sêpur enjing kula mantuk, saha dipun sukani sêpuran f 1.40 kangge mlampah mantuk klas III bôngsa sabrang.

Kaping 29 Agustus 1926.

Nayawirôngka.

--- [163] ---

Wisesa Paheman Radyapustaka - Pepatih Dalem, Nopember 1926

Ôngka.

Atur kula wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur ing pêpatih dalêm.

Nuwun ingkang kula aturakên, kula sampun nyumêrêpi sêratipun pangagênging parentah karaton ingkang katur ing pêpatih dalêm katitimangsan kaping 12 Rabingulakir Wawu 1857 ôngka 57/8 Ha II dalah cirenanipun pêpatih dalêm ingkang tumrap sanginggiling sêratipun pangagêng parentah karaton wau, punika mugi andadosakên kauningan, nalika taun 1921, pangagênging parentah karaton mawingimaringi. sêrat kula katitimangsan kaping 16 Marêt 1921 ôngka 154 Ka/4/III suraos maringakên têtêdhakan sêratipun ingkang nata Sanapustaka, punika kula aturi wangsulan katitimangsan kaping 7 April 1921 ôngka 37 kados têtêdhakan ingkang kula aturakên asarêng punika, kanthi wangsuling sêratipun pangagêng parentah karaton, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping ... Nopèmbêr 1926.

Wisesa

Panitra.

--- [164] ---

Gitadipura - Kantor D/3, 29 Nopember 1926

Têtêdhakan.

Kumisèn Radyapustaka ôngka 178.

Katur kantor D/3.

Sêrat katitimangsan kaping 16 Oktobêr 1926 ôngka 1819/II D/3, sakanthinipun sampun katampèn ing kumisi, punapa suraosipun sampun dipun sumêrêpi, asarêng punika kanthining sêrat wau kula aturakên wangsul, bab papriksan ing kantor Radyapustaka, kumisi ngaturi katrangan kados ing ngandhap punika.

I. Ingkang kawastanan gèsèh.

1. Bab bikakipun musium, miturut sêrat pratelaning padamêlan saking musium katitimangsan kaping 23/12 25 bikakipun jam 9 dumugi jam 1 siyang ewadene manawi lêrêsipun bikakipun wau jam 7 inggih botên dados punapa, malah wêwah prayogi.

2. Bab lampah panindakipun barang panggihan, ing pratelan botên wontên sarta wêkdal kumisi nindakakên papriksan, pratelanipun garap inggih amung kados ingkang kawrat ing prosès prêbal wau.

II. Ingkang kawastanan kirang.

1. Bab nindakakên pandangon kawruh kriya sarta bab anggêbêg sarungan sasaminipun, punika sarèhning prosès prêbalipun kumisi ingkang katur ing nagari mawi dipun kanthèni turunanipun pratelaning padamêlan ing musium, punika pamanahipun kumisi cêkap kapratelakakên, kados pratelan asarêng punika. Padamêlan ingkang kapratelakakên ing prosès prêbal amung dipun pêndhêti ingkang kamanah prêlu kemawon, dados botên nama kirang, amung wontên satunggal bab ingkang ing pratelan pancèn dèrèng wontên, inggih punika bab sabên taun anampèni saking nagari rèngrèng almênak ing pangêcapan H Buning, suraos kapatitisakên bab kawontênanipun karaton dalêm.

Bab cacahipun garap, panimbangipun kumisi inggih kados ingkang kawrat ing prosès prêbal, inggih punika carik 1 pambantu 2 amargi kawontênanipun sêrat-sêrat kalêbêt buku-buku turunan, kados ta buku Suluk Sèh Lêmah Bang, Suluk Acih sarta Suluk Bustam sasaminipun, sapintên amung wontên 11 iji sêrat, punika cêkap katindakakên garap 3 iji, ewadene manawi keceran papriksan bab almanak punika kadhawuhan mêwahakên ing petang inggih badhe kapatitisakên malih.

Bab bêbau rêrêsik sabên tanggal sapisan sarèhning ingkang sampun kalampahan wêwahipun bau bêrahan punika sabên wulan amung 1, môngka manawi sampun kawêwahan bêbau 1 sabên dintênipun lajêng nama wêwah bau 1, mila pamanggihipun kumisi, bau bêrahan sabên tanggal sapisan wau, sampun botên prêlu dipun wontêni malih.

Mênggah punika mugi andadosakên kauningan, saha amung nyumanggakakên.

Kaping 29 Nopèmbêr 1926.

W.G. Gitadipura.

--- [165] ---

Radyapustaka - Kantor A/3, 11 Desember 1926

Ôngka 271.

Katur ing kantor A/3

Nuwun, kasêbut sêratipun kumisi katitimangsan kaping 29 Nopèmbêr 1926 ôngka 178 angaturi katrangan papriksan ing kantor Radyapustaka botên kirang dening prosès prêbalipun dipun kanthèni turunan pratelaning padamêlan ing musium, padamêlan ingkang kapratelakakên ing prosès prêbal namung dipun pêndhêti ingkang kamanah parlu-parlu kemawon. Inggih ingkang makatên punika jalaranipun anggèn kula mastani gèsèh sarta kirang, namung wontên raos sakêdhik anggèning kumisi mratelakakên kawajiban kula ing parêpatan, mèngêti sadaya rêmbag salajêngipun nindakakên damêl notilên, môngka lêrêsipun damêl notilên salajêngipun nindakakên, kajênging ukara punika beda sangêt, sagêd ugi ngicalakên pintên-pintên padamêlan, kula punggêl samantên kemawon, mindhak nama wawan-wawan, dede parluning tiyang nyambut damêl, wosipun panyuwun kula kasêbut ing sêrat katitimangsan kaping 22 Oktobêr 1926 ôngka 225, punika mugi kaparêngna, amargi wawasan punika sagêd ugi lêpat, dening namung dugi-dugi, sawêga nyumêrêpi têbaning papan sarta barang samantên kathahipun tur warni-warni, sabên dintên kêdah rêsik sadaya, sampun botên sagêd badhe nyuda kônca, mila bèntên sangêt kalihan ingkang nindakakên, kados ta Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat punika nguningani sayêktos malah sasat nyarirani, dados inggih anggalih sayêktos, kayêktosanipun ngantos macak atur ing nagari kados ingkang sampun kula pratelakakên ing sêrat kula katitimangsan kaping 22 Oktobêr 1926 wau, makatên malih ingatasipun padamêl ingkang mawi têtanggêlan punika awrat, wujudipun inggih kantor kula punika beda kalihan kantor sanès-sanèsipun, tôndha yêktinipun wiwit badhe dipun bêsmi, sabên dalu kula mêsthi dhatêng musium, malah Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat ugi asring kaparêng nganglangi, langkung malih sarêng wontên ura-uru sabên wanci jam 7 sontên, kula sakônca sampun sami jagi wontên ing musium, bibaranipun wanci jam 5 enjing. Sarêng angsal paring dalêm prajurit jayatanantaka sarta trunasêkar kônca kula suwak, kônca carik ingkang kula pacak giliran sadalu edhang, kula piyambak ingkang ajêg, ngantos 15 dintên jagi sadalu-sadalu, sarêng sampun ragi têntrêm punika sawêg kula kèndêli, nanging kula mêksa dhatêng, sontên anata pajagèn, amargi taksih kaparingan pulisi, lajêng dalunipun langlang wiwit jam 12 utawi jam 1 mantuk kula botên mêsthi, trêkadhang jam 2 jam 3-4 trêkadhang enjing, dumugi sapriki taksih, amila manawi ingkang makatên punika botên kalêbêt ing panggalihan, nama kirang sampurna wawasaning kumisi, wusana sêrating kumisi kula aturakên wangsul asarêng punika.

Kaping 11 Dhesèmbêr 1926.

--- [166] ---

Radyapustaka - Pangreh Pakempalan Yapa Insetitut

Katur pangrèh pakêmpalan Yapa Insêtitut, ing Wèltêprèdhên.

Kula nuwun, pangrèh Radyapustaka sampun nampèni sêratipun pangrèh Yapa Insêtitut kalih iji sami katitimasan kaping 16 April 1924 sêrat wau sampun karêmbag saprêlunipun, panêmbung damêl sêsorah punika badhe katampenan satunggal rumiyin, ingkang kamanah prêlu sêsorahing bab paedahipun sêrat-sêrat karanganipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung ... . (salajêngipun). Kauningana, ingkang pinanggih wontên ing Surakarta sarta mupakat ing akathah winastan tapak asta Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung piyambak punika namung satunggal: Sêrat Nitipraja. Kalampahan sêrat Nitipraja wau sampun dipun sinau yêktos ing satamatipun, ing pamanah Sêrat Nitipraja wau, dèrèng kaangge garan sêsorah kados ancêr-ancêripun Yapa Insêtitut. Ingkang makatên wau sabab swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung punika nêngênakên dhatêng kapandhitan, botên dhatêng kapujanggan.

Awit saking punika, Radyapustaka lajêng santun ada ambadhèni sêsorah bab munduripun basa. Kauningana, sarèhning dintên punika sampun nyêlaki wêwangkidipun pangrèh Yapa Insêtitut, mila kasagahanipun Radyapustaka badhe

--- [166a] ---

ngintunakên sêsorahipun badhe wontên kasèpipun, botên sagêd nêtêpi tanggal sapisan Juli.

--- [167] ---

Anonim - Kantor B/1, Agustus 1926

Rèngrèng.

Ôngka.

Katur ing kantor B/1

Awit saking sêrat dhawuh katitimangsan kaping 7 Agustus 1926 ôngka 1628 B/1 punika taksih kirang sakêdhik kalihan kajêng kula, mênggah panyuwun kula wêwah brêgutêng f 25 sawulanipun, badhe panindak kula makatên, amêwahi tukang rêrêsik 2 sami kablônja f 10 kalihan tukang rêrêsik lami dados 4 tukang rêrêsik lami 2 sami katambahan balônja f 2,50, lajêng katata tampi sèrèn majêng kalih-kalih kados jaga musium, manawi dalu manggèn wingking, amila mugi nagari amarêngakên panyuwun kula wêwah brêgutêng f 25, sawulanipun wau.

Kaping ... Agustus 1926.

Hu = agung, ôngga
Taya = musna, wêkasan, awangwong, jogèd, dewa.
Tarya = luhur.
Sutra = songa, lêlungidan, wêwingitan.
Traya = tiga, budi.
Aryana = budi

--- [168] ---

Gusti Kangjeng Pangeran Arya Adiwijaya - Kantor Musium, 20 Mei 1926

Katur ing kantor musium.

Kula nuwun, awit saking dhawuh dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kadhawuhan maringi sumêrêp, bab Katalogên Jawi barang-barang kina, sampun kaêcapakên ing Mardimulya, kathahipun manawi botên 200 inggih 300 buku, kula ragi kasupèn, wontên waragad f 160.- satus sawidak, punika ing kantor musium parlu ngaturi wuninga dhatêng nagari, utawi botên, anyumanggakakên.

Katur kaping 20 Mèi 1926.

Pun.

[Grafik tanda tangan]

Lajêng katur ing panjênêngan dalêm kiyai lurah.

Prajakintaka.

--- [169] ---

Abdi Dalem Mantri Distrik Sukaharja - Parentah Kadistrikan Sukaharja, 28 Desember 1926

Ôngka 777/I

Bab manggih sela kados umpak.

Sêrat katur ing parentah kadhistrikan Sukaharja.

Nuwun, tiyang nami Kêrtasêmita griya ing dhusun Jalakan, bawah kalurahan Bêgajah, sawêk mluku ing sabinipun, sanggèn pathok ôngka 46 manggih sela ingkang kapêndhêm arupi umpak utawi lumpang, nanging mawi cucuk lajêng kula purih bungkar, kaukur.

Inggil 49 c.m.

Panjang ing ngandhap 54 c.m.

Panjang ing nginggil 48 c.m

Cucukipun panjang 17 c.m.

Ing nginggil têngah lês molo pêsagi lêbêtipun 27 c.m. wiyar 13 c.m ing ngandhapipun sela kasbut ugi kêpanggih banon, kaukur wiyar 20 c.m. kandêl 8 c.m. dene panjang botên sagêd ngukur amargi sampun tugêl.

Wondene sela saha banon wau kabêkta ing kaondêran Sukaharja.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan.

Sukaharja 28 Dhesèmbêr 1926.

Abdi dalêm mantri dhistrik

[Grafik tanda tangan]

Ôngka 1703/I

Lajêng katur ing parentah kabupatèn kitha Surakarta, mugi andadosakên kauningan saha nyumanggakakên.

Katur kaping 30 Dhesèmbêr 1926

Ha. Panèwu dhistrik Sukaharja

[Grafik tanda tangan]

A/I

Lajêng katur parentah kantor Kapatihan golongan A/I.

Nuwun, kasêbut palapuran bab manggih sela umpak kawrat sasisih punika mugi andadosakên kauningan saha nyumanggakakên.

Katur kaping 31 Dhesèmbêr 1926.

Bupati kitha

[Grafik tanda tangan]

--- [170] ---

Pangreh Musium - Anonim

Dintên tutupipun musium ing Surakarta, wiwit tumanggapipun wulan Oktobêr 1927.

1. Sabên ing dintên Jumungah. | 2. Tanggal kaping 11 Sura. | 3. Dintên Kêmis enjingipun Rêbo pungkasaning wulan Sapar. | 4. Sakatèn mungêl kaping kalih. | 5. Tanggal kaping 13 Mulud. | 6. Tanggal kaping 22 Rêjêb. | 7. Tanggal kaping 28 Rêjêb. | 8. Tanggal kaping 16 Ruwah. | 9. Tanggal kaping 17 Ruwah | 10. Tanggal kaping 1 Siyam. | 11. Tanggal kaping 2 Siyam. | 12. Tanggal kaping 13 Siyam. | 13. Tanggal kaping 2 Sawal. | 14. Tanggal kaping 11 Bêsar. | 15. Tanggal kaping 2 Januari. | 16. Tanggal kaping 1 Sèptèmbêr.

Katrangan.

Ha. Manawi ing dintên Jumungah, tanggal kaping 2 Januari utawi 1 Sèptèmbêr wau nyarêngi kalamangsanipun kathah têtiyang ningali, kados ta, sabên ing dintên grêbêg, tuwin prêpêganipun grêbêg Mulud, tutupipun kaundurakên kadhawahakên enjingipun.

Na. Tutupipun wiwit ôngka 2 dumugi 16, punika manawi nyarêngi ing dintên Akat, kaundurakên ing dintên Sênèn enjingipun.

Wigatos.

Ing papan panyadean karcis kasadhiyan sêrat-sêrat wêdalan Radyapustaka.

1. Babad wiwit Majapait dumugi awalipun Mataram, rêgi f 2,50. | 2. Nut nabuh gôngsa, jilid I rêgi f 1, | 3. Nut nabuh gôngsa, jilid II rêgi f 1,75 | 4. Katalogis barang-barang kina ing musium rêgi f 0,50.

Pangrèh.

--- [171] ---

Anonim

Ing nglêbêt isi sêrat utawi rèngrèng kupiya sasaminipun.

1. Ciri aksara Ha, paturan nyuwun mantri. | 2. Ciri aksara Na, dhawuh maringakên paturan Sutasukaryan. | 3. Ciri aksara Ca, wangsulaning Radyapustaka. | 4. Ciri aksara Ra, dhawuh badhe kakumisi. | 5. Ciri aksara Ka, kumisi nêdha cacahing garap. | 6. Ciri aksara Da, kawontênaning Radyapustaka. | 7. Ciri aksara Ta, prosès pêrbaling kumisi. | 8. Ciri aksara Sa, paturan mangsuli prosès pêrbal. | 9. Ciri aksara Wa, wangsulaning kumisi. | 10. Ciri aksara La, mangsuli wangsulaning kumisi. | 11. Ciri aksara Pa, dhawuh nyuda garap. | 12. Ciri aksara Dha, paturan nyuwun lastantun cacahing garap. | 13. Ciri aksara Ja, dhawuh maringakên panimbanging kumisi. | 14. Ciri aksara Ya, sêtatutên Radyapustaka. | 15. Ciri aksara Nya, paturan botên condhong pamanggihing kumisi. | 16. Ciri aksara Ma, dhawuh maringakên panimbanging kumisi. | 17. Ciri aksara Ga, paturan Radyapustaka nodhi. | 18. Ciri aksara Ba, dhawuh dalêm.

--- [172] ---

Anonim

Saloka paribasan

Papan I. blz. 1 t/m 73 ôngka urut 1 t/m 437.

Papan II blz 74 t/m 142 ôngka urut 1 t/m 436.

Papan III blz 143 t/m 245 ôngka urut 1 t/m 568.

--- [173] ---

Prajakintaka - Anonim, 21 Maret 1929

Nguningani Kangjêng Radèn Adipati.

Pikukuh ôngka 6.

Pangarsaning Pahêman Radyapustaka, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, anêtêpakên dhatêng Mas Ngabèi Wirasukadga, abdi dalêm mantri pandhe ing kadipatèn anom ing Surakarta, dados warganing Pahêman Radyapustaka.

Surakarta kaping 9 Sawal Alip 1859.

Utawi kaping 21 Marêt 1929.

Pangarsa.

Panitra.

Prajakintaka.

--- [174] ---

Pangarsa Paheman Radyapustaka - Pepatih Dalem, Agustus 1931

Ôngka

Katur ing pêpatih dalêm.

Nuwun, nalika dintên Salasa kaping 11 Agustus 1931, rèh kula pun Darnasayana, abdi dalêm jajar garap ingkang nindakakên padamêlan pambantu ing kantor Radyapustaka, katimbalan nagari, prêlu kadangu panyuwunipun mingsêr dhatêng golongan pangrèh praja.

Ingkang punika andadosakên pangungun kula, dene nagari botên ngèngêti sêrat paturan kula, ingkang sampun sami kaparingan dhawuh, punapadene sêsanggêmanipun Daryasana nalika badhe kakarsakakên dados jajar garap Radyapustaka.

I. Katitimangsan kaping 4 Nopèmbêr 1928 ôngka 230 bab nyuwun pambantu ingkang gumathok sarta sagêd têmbung Walandi.

II. Katitimangsan kaping 19 Juni 1930 ôngka 151 bab Radèn Mas Suhiman nyuwun kèndêl anggèning dados pambantu Radyapustaka, kanthi ngaturakên sêrat tatêdhakan katitimangsan kaping 4 Nopèmbêr 1928 ôngka 230 lajêng kaparingan dhawuh katitimangsan kaping 25 Juni 1930 ôngka 1159 A/1/I bab sagêd marêngakên manawi Radyapustaka nyuda punggawa.

III. Katitimangsan kaping 9 Nopèmbêr 1930 ôngka 233 Radyapustaka sagêd nyuda pumbatupambantu. satunggal ugêr nêtêpi suwunan kados sêrat katitimangsan kaping 4 Nopèmbêr 1928 ôngka 230 wau. Kaparingan dhawuh katitimangsan kaping 12 Dhesèmbêr 1930 ôngka 2049 A/1/I amarêngakên panyuwunipun pambantu ingkang gumathok, namung kêdah apangkat jajar garap, kanthi maringakên sêrat paturanipun pun Suripta.

IV. Katitimangsan kaping 2 Januari 1931 ôngka 1 sampun dhèrèk kaparênging nagari, nanging pun Suripta dèrèng sagêd ngangge kaparingan dhawuh katitimangsan kaping 4 Pèbruari 1931 ôngka 170 A/1/I kanthi maringakên tatêdhakan sêratipun abdi dalêm wadana kridhanirmala katitimangsan kaping 24 Januari 1931 ôngka 36/P bab darana pambantu kridhanirmala sanggêm katêtêpakên dados jajar garap nindakakên padamêlan pambantu kantor Radyapustaka.

Awit saking punika kula nyuwun têtêpipun sêrat paturan kula sarta sêrat dhawuh ingkang kasêbut ing nginggil wau, mênggah paturan kula sarta dhawuhing nagari sadaya wau têtêdhakanipun sami kula ladosakên asarêng punika, kula sumôngga.

Katur kaping ... Agustus 1931.

Pangarsa.

Panitra.

--- [175] ---

Radyapustaka - Anonim, 14 Siyam Jimawal 1861 A.J. [3 Februari 1931 A.D.]

Malêm Salasa kaping 14 Siyam Jimawal 1861 Radyapustaka parêpatan panitya kasusastran.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat. | 2. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya. | 3. Panitya, Mas Ngabèi Prawiraatmaja. | 4. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga. | 5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang botên wontên

1. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura.

Ingkang karêmbag

I. Radèn Mas Arya Wuryaningrat ngandika atas namaning pangrèh Radyapustaka ngaturakên panuwun dhatêng panitya kasusastran anggènipun sami mrêlokakên dhatêng parêpatan punika, lajêng mratelakakên kala Radyapustaka parêpatan warga malêm Sabtu kaping 4 Bêsar Ehe 1860, utawi kaping 3 Mèi 1930, panjênênganipun matur pangarsa kaaturan anglajêngakên anggalih kasusastran, amargi kala konggrès Radyapustaka wohipun sampun dipun anggêp dening guprêmèn, pangarsa sampun nyanggêmi lajêng parêpatan pangrèh nalika kaping 26 Bêsar Ehe 1860, utawi kaping 25 Mèi 1930, Radyapustaka andhapuk panitya kasusastran, pangarsanipun panjênênganipun, namung lajêng kasupèn, ngantos dipun èngêtakên ing panitra, tumuntên Radyapustaka parêpatan pangrèh nalika malêm Kemis kaping 3 Ruwah Jimawal 1861, utawi kaping 25 Dhesèmbêr 1930, pangarsa andangu kadospundi panindakipun panitya kasusastran, aturipun kasupèn, prabot-prabotipun dipun padosi botên wontên, sarêng kapanggih taksih ngalêmpak wontên purtêpèl dèrèng ewah, tiyang pancèn dèrèng dipun uningani, punika panjênênganipun lajêng nyuwun ing pangarsa supados kaparêng nyêrati dhatêng para warganing konggrès kala samantên, sampun dipun sanggêmi, sarta ing sapunika Radyapustaka sampun kalampahan nyêrati warga wau, panjênênganipun mundhut larasanipun sêrat ingkang dhatêng para warga sarta namaning warga sadaya, sampun dipun aturi lajêng kawaos.

Sasampunipun rampung pamaosipun, lajêng rêmbagan badhe panindakipun, putusanipun.

1. Mêwahi sèkrêtaris, ingkang kapilih Mas Èsmusubrata.

2. Ragad-ragad kasuwunakên Radyapustaka.

3. Nglêmpakakên kritik-kritik kasusastran.

--- [176] ---

4. Warga kaparingan sêrat wêwaton kasusastran nyatunggal, supados sami sinau piyambak-piyambak.

5. Nyêrati dhatêng para pakêmpalan ingkang marsudi basa, sarta ingkang sakintên sagêd suka katrangan kakiranganing wêwaton kasusastran.

Pangarsa mêwahi.

1. Tuwan A.T. Krus Insêpèktur algêmènê dhinês ing Batawi. | 2. Insêpèktur resot gangsal, ing Ngayogya. | 3. Insêpèktur resot nêm, ing Malang. | 4. Tuwan J. Boswikêl, dhepartêmèn Batawi. | 5. Mardibasa ing Bèji, sarta Surakarta.

Ing sadèrèngipun wontên panitranipun, supados kapitulungan katindakakên panitraning Radyapustaka.

--- [177] ---

Radyapustaka - Anonim, 27 Mei 1931

I

Pèngêtan parêpatan nalika malêm Kêmis kaping 27 Mèi 1931.

Ingkang wontên.

1. Pangarsa: R. M. Ar. Wuryaningrat. | 2. Panitra: M. Ismusubrata. | 3. Panitra: M. Ng. Martasuwignya. | 4. Panitra R. Ng. Dutadilaga. | 5. Juru rêmbag Tu.Tuwan. E. Mudhi.

Suradipuran pamit, sampun kalajêng badhe parêpatan sanès ingkang nunggil wanci. Prawiraatmajan ugi pamit, arungan kathah padamêlan.

Ingkang karêmbag.

I. Panyêratipun têmbung mônca. Ing sarèhning ingkang badhe usul bab punika R. Ng. Dutadilaga, nalika parêpatan ingkang kapêngkêr pamit, dados dèrèng sadhiya ular-ular. Mila pangrêmbag lajêng kaundurakên.

II. Sêrat saking Radyapustaka, ingkang suraosipun mundhut pirsa, kadospundi sarta dumugi punapa pangrêmbagipun panitya kasusastran. Kaangkah sadèrèngipun wulan Siyam sampuna sagêd sadhiya. Prakawis atur katrangan punika kapasrahakên Martasuwignyan tuwin Dutadilagan, ingkang ugi dados warganing pangrèh Radyapustaka.

III. Sêrat saking R. Lu. Atmasuprapta, nêdha pêpanggihan kalihan panitya, badhe katampi benjing Jumuwah kaping 5 Mèi wanci jam 7 ing museyum.

Kaêsahan ing parêpatan kaping:

Pangarsa. Panitra.

--- [178] ---

Radyapustaka - Anonim, 5/6 Mei 1931

II.

Pèngêtan parêpatan nalika malêm Sêtu kaping 5/6 Mèi 1931.

Ingkang wontên.

1. Pangarsa: R.M. Ar. Wuryaningrat. | 2. Panitra: M. Ismusubrata. | 3. Panitya: M. Ng. Martasuwignya. | 4. Panitya: R. Tu. Suradipura. | 5. Panitya: R. Ng. Dutadilaga. | 6. Juru rêmbag Tu. E. Mudhi.

Prawiraatmajan pamit taksih arungan padamêlan.

Ingkang karêmbag.

I. R. Lu. Atmasuprapta botên sagêd dhatêng, wontên alangan.

II. Palapuran anggènipun kêklêmpakan panitya Martasuwignyan: usul-usul karêmbag saparlunipun, prakawis katrangan sarta wangsulanipun, kapasrahakên Martasuwignyan.

Ing ngriki prêlu kaèngêtakên, manawi ada-adaning Radyapustaka babagan kasusastran punika dhêdhasaranipun wêwaton ingkang sampun wontên, nanging tansah asring dados grêjêg.

Kaêsahan ing parêpatan kaping:

Pangarsa. Panitra.

--- [179] ---

Anonim, 24 Juni 1931

24/06/1931

Ngêsahi pèngêtan.

Nyuruhi Atmasupraptan.

Ingkang sampun rampung Martasuwignyan, kasiyarakên, wêwaton dèrèng wontên kenging dipun wontêni.

Ngupadosi ingkang mêdal saking waton.

Nglajêngakên palapuran Martasuwignyan.

--- [180] ---

Wiryasayana - Anonim, 17 Jumadilawal 1860 A.J. [21 Oktober 1929 A.D.]

Dintên punika Sênèn tanggal kaping 17 wulan Jumadilawal taun Ehe, ôngka 1860.

Kawula Ki Radèn Wiryasayana, supata dêmi Allah dêmi rasul kados ing ngandhap punika:

1. Kawula apratela, anggèn kawula kakarsakakên dados abdi dalêm, punika botên mawi sarana kasagahan utawi pawèwèh, badhe nyagahi utawi nyukani pawèwèh sadhengaha sasêrêpanipun ingkang minôngka rêruba dhatêng sintên-sintêna.

2. Kawula sanggêm têmên-têmên sêtya tuhu sumungkêm ing sahandhaping sampeyan dalêm ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, saha angaosi ing pêpatih dalêm, tuwin angèstokakên sadaya dhawuhing timbalan dalêm, saha dhawuhipun pêpatih dalêm, utawi dhawuhipun ingkang wajib ngêrèhakên kawula.

3. Kawula têmên-têmên badhe ngêkêr samukawis ingkang kabêkta saking nalaripun utawi ingkang kadhawuhakên kêdah winadi.

4. Salêbêtipun kawula kakarsakakên majibi padamêlan, jajar jaga musium, sanggêm mindêng manah sasagêd-sagêd ngangkah indhaking prayoginipun padamêlan kawula.

5. Manawi kawula kapundhutan pamanggih sanggêm ngaturakên kalihan têmên-têmên sagaduging pamanah kawula ingkang suci murih prayoginipun.

6. Anggèn kawula nyambut damêl ingkang dados wajib kawula, sanggêm akalihan budi suci, têmên-têmên, mituhu botên paracidra, murih kauntungan kawula, utawi kauntunganipun tiyang sanès. Sarta murih kasusahan saha kalêpatanipun inggil-inggilan kawula tuwin kônca kawula nyambut damêl, saha botên badhe nindakakên kaasilan kawula ingkang gêgayutan kalihan garapan kawula.

7. Kawula sanggêm botên badhe nandukakên padamêlan ingkang adamêl karibêdan saha kasusahan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, karibêdanipun karaton utawi nagari.

8. Kawula sanggêm anggèn kan'kan' tidak perlu dibaca. kawula nindakakên padamêlan wajib kawula badhe botên nampèni kasagahan utawi pawèwèh ingkang minôngka rêruba saking sintên-sintêna.

9. Kawula sanggêm badhe botên mratikêlakên dhumatêng tiyang ingkang gadhah prêlu magêpokan garapan utawi padamêlan kawula, ingkang lêrêsipun botên pikantuk, lajêng anjalari dados lan pikantukipun.

10. Anggèn kawula nindakakên padamêlan kawula sanggêm badhe botên ambaukapine, utawi botên badhe nalisir saking lêrês.

--- [180a] ---

Anggèn kawula supata anyanggêmi sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau botên saking kapêksa, gugon tuhon saha saking pambujuk sasaminipun, nanging saking eklasing manah kawula piyambak.

Manawi kawula botên nêtêpi supata saha sêsanggêman kawula wau, sanadyan amung salah satunggal, mugi angsala bêbênduning Allah.

Mênggah panindak ingkang kasêbut ing nginggil wau kapacak ing prosès prêbal punika rangkêp kalih mawi kula tandhani nama sarta dipun tandhani dening ingkang kasumpah punapadene pangulu ingkang nindakakên panyumpah.

Ingkang matrapakên sumpah. Nurawi.

Prajakintaka ... ... ... . Wiryasayana

Nyumêrêpi.

Jayasuputra.

--- [181] ---

Citrosuwignyo - Kangjeng Tuwan Guprenur, 21 Desember 1934

Têtêdhakan

Surakarta kaping 21 Dhesèmbêr 1934

Surakarta 21 Desember 1934

No. 550 C/2/I

Bab basa Jawi kasêrat sastra Latin.

Hal kalimat Jawa ditulis dengan huruf Latin

Kula angaturi uninga, ing kangjêng tuwan guprênur, gêgayutan rêmbag bab basa Jawi, kasêrat mawi sastra Latin, ing parêpatanipun praja Jawi nalika kaping 10 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr wontên ing Ngayogyakarta, manawi kangjêng tuwan guprênur anyondhongi, kula nyuwun supados pangarsaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta, katêtêpakên dados lid kumisi ingkang kabêbahan angrêmbag bab ing nginggil wau, supados saya anambahi jêmbaring wawasan ingatasipun rêmbag bab ing nginggil.

Saya atur berlaku dengan hormat, berhubung tentang percakapan, hal kalimat Jawa ditulis dengan huruf Latin, dalam rapat Zelfbesturen pada hari 10 Sèptèmbêr yang lalu di Jogjakarta, maka jikalau kangjeng Tuan Gouverneur bermupakat, saya mohon supaya voorzitter dari Radiopustoko di Surakarta ditetapkan sebagai lid commissie yang tertuduh akan merundingkan hal tersebut, agar supaya dapat lebih luas pemandangan tentang hal persoalan ini.

Wasana kula nyuwun ingkang dados kaparêngipun kangjêng tuwan guprênur.

Kemudian hanyalah saya mengharap sebagaimana Kangjeng Tuan Gouverneur punya suka.

Sudah cocog, Citrosuwignyo

Rijksbestuurder, WG. Djojonagoro.

--- [82] ---

Anonim

Ing nglêbêt isi sêrat utawi rèngrèng kupiya sasaminipun.

1. Ciri aksara Ha, paturan nyuwun mantri. | 2. Ciri aksara Na, dhawuh maringakên paturan Sutasukaryan. | 3. Ciri aksara Ca, wangsulaning Radyapustaka. | 4. Ciri aksara Ra, dhawuh badhe kakumisi. | 5. Ciri aksara Ka, kumisi nêdha cacahing garap. | 6. Ciri aksara Da, kawontênaning Radyapustaka. | 7. Ciri aksara Ta, Prosès pêrbaling kumisi. | 8. Ciri aksara Sa, paturan mangsuli prosès pêrbal. | 9. Ciri aksara Wa, wangsulaning kumisi. | 10. Ciri aksara La, mangsuli wangsulaning kumisi. | 11. Ciri aksara Pa, dhawuh nyuda garap. | 12. Ciri aksara Dha, paturan nyuwun lastantun cacahing garap. | 13. Ciri aksara Ja, dhawuh maringakên panimbanging kumisi. | 14. Ciri aksara Ya, sêtatutên Radyapustaka. | 15. Ciri aksara Nya, paturan botên condhong pamanggihing kumisi. | 16. Ciri aksara Ma, dhawuh maringakên panimbanging kumisi. | 17. Ciri aksara Ga, paturan Radyapustaka nodhi. | 18. Ciri aksara Ba, dhawuh lêrês, rujuk panimbanging kumisi. | 19. Ciri aksara Tha, paturan nyuwun sèlèh. | 20. Ciri aksara Nga, dhawuh mundhut pratelaning pangrèh. | 21. Ciri aksara Nga b, dhawuh yèn wisesa adrêng kalilan panyuwunipun sèlèh.

--- [183] ---

Prawiraatmaja - Pangreh Paheman Radyapustaka, 5 Juni 1931

Kula nuwun, ing dintên punika kula botên sagêd dhatêng parêpatan, dening kêpambêng prêlu.

Purwasari 5 Juni 1931. Pun,

Prawiraatmaja.

--- [184] ---

Pangageng Parentah Karaton - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 24 Maret 1931

Ôngka 1203/HaI/13

Bab kasusastran.

Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur pangarsaning Pahêman Radyapustaka.

Sêrat katitimangsan kaping 15 Januari 1931 ôngka 3 sampun kula tampèni, punapa suraosipun sampun kula sumêrêpi. Mênggah bab pangrêmbag kasusastran, ing mangke pangagêngipun parentah karaton angwontênakên wêwakil, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, kanthi Radèn Tumênggung Mangundipura, amila manawi para panitya ingkang kapratelakakên pangarsaning Pahêman Radyapustaka wau badhe pitakèn utawi nêdha sêsêrêpan dhatêng pangagênging parentah karaton, supados dhatêng wêwakilipun pangagênging parentah karaton wau.

Kaping 24 Marêt 1931.

Pangagênging parentah karaton.

[Grafik tanda tangan]

Garapan Ha I

[Grafik tanda tangan]

Ag S 61 RP/ 23/3 31

--- [185] ---

Pepatih Dalem - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 13 Pebruari 1936

Ôngka 294 = C 2/I

Bab basa Jawi kasêrat Latin.

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka. Sêrat paturan katitimasan kaping 8 Pèbruari 1936 ôngka 38/RP sakanthinipun, sampun kauningan, maringi sumêrêp, punika pêpatih dalêm sampun anyuwun ing kangjêng tuwan guprênur, samôngsa parentah andhapuk komisi angrêmbag bab basa Jawi, kasêrat sastra Latin, pangarsaning Radyapustaka, supados kapacak lid komisi wau, têrangipun kados turunan sêratipun pêpatih dalêm katur ing kangjêng tuwan guprênur kaparingakên asarêng punika.

Kantor Kapatihan kaping 13 Pèbruari 1936.

[Grafik tanda tangan]

--- [186] ---

Anonim - Prawiraatmaja

Kangmas Prawiraatmaja kula aturi milih tuwin angisèni.

1

2. Kêmis kaping 1 Oktobêr.

3

Lajêng kenging kasuwèk.

[Grafik tanda tangan]

--- [187] ---

Anonim

Pemasukan uang hasil penjualan karcis di musium selama bulan Mei dan Juni beserta penggunaannya.

Pratelan angsal-angsalaning arta karcis ing wulan Mèi saha Juni 1928.

Angsal-angsalaning arta karcis ing wulan Mèi tumanjanipun: f 44,75

Bayar abunêmèn Warasusila: f 2. Ngêcapakên pratelan namaning warga: 2,75. Bayar abunêmèn dilah èlêktris: 9,85. Bayar dhatêng Ngabèi Wignyamandara. anggèning kadhawuhan yasa bancik bil: 30 } ... 44,60

Kantun: f 0,15

Angsal-angsalaning arta karcis ing wulan Juni: f 54,20

Tumanjanipun

Bayar kuntribisi kênutsêkap: f 10. Bayar abunêmèn dilah èlêktris: 9,85. Mundhut jodhok kajêng dhatêng Jayawiryana: 5. Darma uitvoering yong Yapa: 5 } ... f 29,85

Kantun: f 24,35

Dados tirahaning arta wulan Mèi saha Juni f 0,15 + f 24,35 = f 24,50.

--- [188] ---

Anonim

Têtêdhakan agendha.

C 1692 C/2/I

Bab sastra Jawi

Dhawuh bab panyuwun ingkang wosipun anggondhèli basa sarta sastra Jawi, punika sampun kadhawuhakên dhatêng para abdi dalêm pangrèh praja, katranganipun kados pêthikan aturipun para abdi dalêm bupati pangrèh praja. Ing ngandhap punika.

Pêthikan.

Kitha: tumrap bawah kabupatèn kitha, sampun ngangge sastra sarta basa Jawi, malah sêrat-sêrat parluning rad kabupatèn saha dhistrik, tuwin dhawuh karampungan sapanunggilanipun, ugi ngangge sastra basa Jawi, amung karampungan rad kabupatèn kasêrat basa Malayu, amargi gêgandhengan akalihan landrad, nanging sayêktosipun taksih wontên sêrat-sêrat ingkang botên sagêd kasêrat sastra sarta basa Jawi, jalaran asêsambêtan akalihan kantor paresidhenan saha pulisi, saha sêrat-sêrat ingkang dhatêng kabupatèn sajawining Surakarta, makatên ugi turunan dhawuh ingkang panjang ingkang kêdah kawaradinakên, kasêrat sastra Latin basa Jawi, parlu gampilakên sagêd kasêrat sêkrip masin, awit sêkrip masin dèrèng kaparingan sastra Jawi.

Klathèn: sampun tumindak mawi sastra saha basa Jawi, namung palapuran ingkang lêlajênganipun katur utawi sêsambêtan dhatêng paresidhenan, mawi basa Mlayu, palapuran wau inggih gampil lajêng katur nagari.

Sragèn: sampun prayogi, kajawi sêrat-sêrat ingkang sêsambêtan utawi katur amtênar Walandi.

Bayalali: angrujuki suwunan Radyapustaka, kajawi ingkang sêsambêtan utawi katur bôngsa Walandi, saha murih gampil sagêd katindakakên sêkrip masin, palapuran ingkang kêdah katur nagari saha amtênar Walandi, kasêrat basa Malayu.

Sampun cocog.

[Grafik tanda tangan]

--- [189] ---

Mantri Guru Klas II Gringging - Commissie Paheman Radyapustaka, 14 Maret 1931

Gringging (Kêdhiri) 14 Marêt 1931.

Sêrat katur panjênênganipun para Commissie Pahêman Radyapustaka ing nagari Surakarta.

Rinêngga sagunging kaurmatan.

Nuwun wiyosipun, anglajêngakên dhawuh dalêm kangjêng tuwan Inspecteur Inl. Onderwijs 62 ressort ing Malang, katiti surya kaping 9 Marêt 1931 No. 2563/13 nanggapi sêrat saking Voorzitter Pahêman Radyapustaka ing ngriki katiti surya kaping 26 Pèbruari 1931 No. 52 badhe pangrêmbagipun buku wêwaton nyêrat Jawi sastra Jawi wêdalan Sriwêdarèn, kawula kêpala sêkolah saha kônca-kônca guru ing pamulangan Klas II ing Gringging, gadhah atur panyuwun (voorstel) kados ing ngandhap punika.

Ha. Nyuwun supados aksara Jawi kasêrat sanginggiling garis, wujudipun kados dening sêrat kawula punika, supados yèn kalêrês kasêrat jèjèr kalihan aksara Latin sinawang sae. Katêtêpan ingkang sampun inggih jèjèr, ananging aksara Latin ingkang kulinanipun kasêrat ing nginggil garis, lajêng wontên ngandhap garis, punika ing raos botên sakeca, aluwung aksaranipun Jawi kasêrat sanginggilipun garis. Dene pun garis namung prêlu kangge sipatan, amurih sêratan sagêd kêncêng.

Na. Nyuwun supados aksara murda taksiha dipun lêstantunakên kangge nyêrati namanipun tiyang utawi lare, botên namung kangge wontên ing tataprunggu kemawon, pakèwêd mênggahing panampi utawi panganggenipun saha gadhah raos ambedakakên. Awit manawi ngèngêti tatakrama, wajib sangêt ingatasipun anak ngaosi dhatêng bapa biyung kaki nini, upami pun Surakariya kintun sêrat dhatêng bapakipun nama: Surawijaya, punika kêdah kasêrat: Surawijaya, dumunung ngaosi. Nyêrat namaning mitra karuhipun kêdah makatên: Kartawijaya, Partarêja, Mas Warsa, Jayawinangun, Radèn Sasraprayitna, sumêrêp ngaosi bangsanipun piyambak. Yèn botên kawula ingkang ngaosi, gèk sintên. Wondening namaning lèpèn, rêdi, nagari sasaminipun botên kasêrat mawi aksara murda inggih andhèrèk, awit kirang prêlu.

Ing wasana kawula namung nyumanggakakên.

Kawula ingkang kasêbut ing nginggil.

Arjasêmita, Dirjasumarta, Prawiramintarja mantri guru Klas II Gringging Kêdhiri.

[Grafik tanda tangan]

Ca. Sigêgan nya, manut katêtêpan ingkang sampun dipun taksihakên, inggih lêrês, ananging ing sarèhning adamêl kisruhipun lare ingkang nêmbe sinau, punika nyuwun ical pisan, santun sigêg na, gampil.

--- [190] ---

W.G. Candrawijaya - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 12 Maret 1931

Ôngka: 27/MBB.

Seratipun pangrèhing Mardibasa ing Bèji, katur pangarsaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta.

Kula nuwun, kula sampun nampèni sêratipun pangarsa katitimasan kaping 26 Pèbruari 1931 ôngka 52, sakanthinipun satunggal buku wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi dalasan ôngka.

Awit saking pamundhutipun pangarsa, supados pangrèhing Mardibasa ambiyantu dhatêng pangudining wêwaton kasusastran Jawi, sarana aniti buku kasêbut ing nginggil, kula ngaturi uninga, sayêktosipun pangrèh sadaya dèrèng sami lêbda dhatêng kasusastran punapa kemawon, jalaran pancèn inggih sarwi kirang sasêrêpanipun. Dene tujuanipun Mardibasa, manawi kasêmbadan kaangkah marsudi indhak sarta saenipun basa Jawi sarana pados guru. Ananging kabêkta adêgipun Mardibasa dèrèng sapintêna laminipun, mila idham-idhaman kasêbut ing nginggil punika wau dèrèng sagêd kalampahan.

Ngèngêti karingkihanipun Mardibasa ing nginggil punika, mila sarêng tampi sih pêparingipun pangarsa, sanajan botên sagêd nyêkapi pamundhutipun pangarsa, nanging Mardibasa rumaos angsal kanugrahan agêng, jalaran sarana buku kasêbut, lajêng sagêd angsal pathokan ingkang prêmati kangge tuntunanipun para warga.

Awit saking punika, Mardibasa botên sagêd matur sanès, kajawi ngaturakên sangêt ing panuwun dhatêng sih pêparingipun pangarsa wau, sarta satampinipun sêrat saking pangarsa, miturut putusaning rêmbagipun pangrèh, manawi marêngakên, Mardibasa Bèji badhe nyuwun ngayom dhatêng Pahêman Radyapustaka, murih sagêda enggal kadumugèn ing sêdyanipun, mila sawanci-wanci Radyapustaka ngêdalakên malih sambêtipun buku wêwaton wau, nyuwun kaparingan.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan, saha sadèrèngipun [sa...]

--- [190a] ---

[...dèrèngipun] Mardibasa ngaturakên sangêt ing panuwun.

Bèji kaping 12 Marêt 1931.

Pangarsa (lowong)

Katandhan mudha pangarsa:

W.G. Côndrawijaya.

Panitra:

[Grafik tanda tangan]

--- [191] ---

Wignyasumarta - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 20 Maret 1931

Inspectie Inlandsch Onderwijs

I.2 resoort te Jogjakarta

Ôngka 1991

Lampiran 1.

Seratipun insêpèkturing pamulangan Jawi jajahan 5 ing Ngayogyakarta, katur pangarsaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta.

Nuwun, sampun nampèni sêrat panjênêngan cinirèn Surakarta kaping 26 Pèbruari 1931 ôngka 52, suraosipun ugi sampun mangrêtos, bab sêrat wêwaton kasusastran damêlan Radyapustaka, saking pamanggih kula ingkang prêlu kaewahan sadaya wêwaton ingkang kirang lênggah, malah tundonipun sok adamêl kisruh, inggih punika:

1. Bab I kaca 4 adêg-adêg 4.

Wiwit ukara ingkang mungêl: kajawi têmbung-têmbung ngamônca - ngantos dumugi prosès pêrbal, kêdah kabucal, botên prêlu.

2. Bab I kaca 4 adêg-adêg 8.

Ukaranipun kêdah dipun santuni makatên:

Têmbung ngamônca ingkang sampun kangge ing têmbung Jawi, panyêratipun miturut pakêcapanipun tiyang Jawi limrah anggèning nirokakên pakêcapanipun bôngsa ngamônca wau, kados ta: bagasi, saking têmbung: bagage, jendral saking têmbung: generaal, guprênur saking têmbung gouverneur.

3. Bab II kaca 8 adêg-adêg 5 ha, kêdah dipun wêwahi, wontên ingkang nyêbal saking wêwaton wau, kados ta: sae, dados kasaenan (bawa wacaka), sarèhning dhatêngipun na, ing ngriku saking ngrangkêp panambang: an, panyêratipun kêdah ngangge pasangan na.

4. Bab X kaca 12 adêg-adêg 1, kêdah katêrangakên ingkang cêtha, ngangge tuladha cundhukipun kalihan pasarawungan ing jaman sapunika, langkung-langkung angèlipun tumrap ing tanah guprêmenan.

5. Katranganipun pangrêmbag, bab 2 kaca 18 adêg-adêg 3 wêkasan, wiwit ingkang mungêl: manawi badhe - dumugi kajêglong kêdah kabucal.

6. Bab 3, kaca 18, 19 adêg-adêg 1 kabucal, awit botên cundhuk kalihan wêwaton ing kaca 6 bab 3 adêg-adêg 1. Dene adêg-adêg 2 anggènipun kabucal sabab tanpa damêl.

Ngayogyakarta ping 20 Marêt 1931.

Insêpèkturing pamulangan Jawi jajahan 5.

Katandhan up opsinêr.

Wignyasumarta.

Ag S No. 51 RP / 21/3-31.

--- [92] ---

Patih - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 15 Nopember 1935

Ôngka: 1692 C2/I. Agd. No. 168 /16-11-35

Bab basa sarta sastra Jawi

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimasan kaping 2 Nopèmbêr 1936 ôngka 290/R.P. sakanthinipun, sampun kauningan. Maringi sumêrêp, bab panyuwun ingkang wosipun anggondhèli basa sarta sastra Jawi, punika sampun kadhawuhakên dhatêng para abdi dalêm pangrèh praja, katranganipun tumrap sêrat-sêrat, opisil sampun ngangge basa sarta sastra Jawi, kajawi ingkang sêsambêtan akalihan sanès bôngsa. Têrangipun kados pêthikan aturipun para abdi dalêm bupati pangrèh praja kaparingakên asarêng punika.

Kantor Kapatihan kaping 15 Nopèmbêr 1935.

[Grafik tanda tangan]

--- [193] ---

Kabinet C1/I - Radyapustaka, 9 Desember 1929

Ôngka: 605 C/1/I

Katur kantor Radyapustaka.

Ing kabinèt C1/I nyuwun sêsêrêpan, ing Radyapustaka punapa wontên pèngêtanipun abdi dalêm bupati kaparak kala jaman Kartasura, ingkang nama Radèn Adipati Kêrtinagara, parlu kangge prabot panggalihan sêrat saking guprênuran, katranganipun kasuwun tumuntên.

Kaping 9 Dhesèmbêr 1929.

[Grafik tanda tangan]

--- [194] ---

G. Hogerat - Susuhunan Surakarta Adiningrat, 11 September 1929

Têtêdhakan.

Konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang angrênggani ing karaton dalêm ing nagari Surakarta Adiningrat.

Adalêm Tuwan G. Hogêrat, munjuk ing sahandhap sampeyan dalêm, ngunjuki uninga, manawi benjing ing tanggal 17 lan 19 Sèptèmbêr ing hotèl Hogêrat ing Prabalingga badhe wontên lelangan agêng, dene ingkang badhe kalelang barang-barang kados kasêbut ing ngandhap punika:

Gambar warni-warni damêlanipun juru sungging ingkang misuwur.

Dhuwung-dhuwung wêdalan saking Bali lan Lombok, ugi wontên ingkang rinêngga mas, mripat barleyan utawi intên.

Piring-piring kina saking prosêlin, kuningan lan plit.

Barang-barang kina saking sêlaka, pêthi-pêthi kina wêdalan saking Bali, Lombok, Sumatra lan Sèlêbês ugi wontên saking jaman Kumpêni.

Tatahan Japara lan Madura, kathah warninipun.

Lêmantun kina.

Tênunan kina wêdalan saking nagari Cina.

Yatra warni-warni, taksih kathah warnining barang sanès-sanèsipun ingkang botên kapratelakakên, barang-barang ing nginggil kang kasêbut ing nginggil sampun dipun tontonakên ing hotèl Hogêrat ing Prabalingga.

Ngunjuk tabe akathah-kathah.

Kula ingkang nglelang

W.G. G. Hogêrat.

Prabalingga 11 Sèptèmbêr 1929.

--- [195] ---

G. Hogerat - Susuhunan Surakarta Adiningrat

Têdhakan

Konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang angrênggani ing karaton dalêm ing nagari Surakarta Adiningrat.

Adalêm Tuwan G. Hogêrat, munjuk ing sahandhap sampeyan dalêm, ngunjuki uninga, ma-

--- [196] ---

G.A. Wadana Musuk - Musium Sriwedari,18 Nopember 1929

Ôngka 643/A29

Sêrat katur pangagêng kantor musium Sriwêdari Surakarta.

Wiyosipun, awit dhawuh parentah kawadanan kitha Bayalali lumantar tilpun kaping 16/11 29 asarêng punika kula ngladosakên sowanipun tiyang nama: Martawijaya ing dhukuh Karanglo (Musuk) ingkang manggih barang kina rupi jêne.

Ingkang punika kula sumôngga.

Katur kaping 18 Nopèmbêr 1929.

G.A. wadana Musuk.

[Grafik tanda tangan]

--- [197] ---

Bupati Klaten - Kantor Kapatihan Golongan A, April 1929

Ôngka 1187 B/29

Bab arta saha barang kina.

Sêrat saking abdi dalêm bupati Klathèn, katur pangagêng kantor Kapatihan golongan A.

Ingkang kula aturakên, awit saking sêrat dhawuh katimasankatitimasan. kaping 16 wulan punika, ôngka 1137C/810 A/3/II asarêng punika kula ngaturakên kêda 2 iji, mangkok 3 iji, ingkang dipun panggih Sôntawirana ing dhusun Tangkisan (Gondhangwinangun) saha arta kina ringgit rupiyah saha ukon cacah 480 iji ingkang dipun panggih Sastrasuwignya, carik kalurahan dhusun ing Kadilaju (Jaganalan).

Ingkang punika kula anyumanggakakên.

Klathèn kaping ... April 1929.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

[Grafik tanda tangan]

Ringgit, rupiyah saha ukon cacah 477.

Bogêm 1, botên malêbêt ing sêrat.

1317C/25-4-29 Ag U 74/25-4-29 A/3/II

--- [198] ---

Bupati Klaten - Kantor Kapatihan Golongan A, 10 April 1929

Ôngka 1009 B/-/29.

Bab tiyang manggih arta salaka kina.

Sêrat saking abdi dalêm bupati Klathèn, katur pangagêng kantor Kapatihan golongan A.

Ingkang kula aturakên, awit saking sêrat palapuranipun asistèn wadana ing Jaganalan katitimasan kaping 4 wulan punika, ôngka 290/-/6 mratelakakên, nalika tanggal kaping 2 wulan punika, wanci jam 2 siyang, Sastrasuwignya carik kalurahan dhusun ing Kadilaju (Jaganalan) andhudhuk siti wontên pakaranganipun piyambak, parlu damêl pambucalan sasukêr, manggih 1 bogêm saking dêmbaga kapêndhêm ing siti wau, isi arta rupiyah salaka kina 456 iji, ringgit salaka 15 iji, têngahan salaka 9 iji, gunggung sadaya 480 iji.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Klathèn kaping 10 April 1929.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

Ka sèkrêtaris.

[Grafik tanda tangan]

Kaparingakên musium. A3/11

[Grafik tanda tangan]

12/04/2029

1181C/11-4-29 Ag 772 A/3/II / 11-11-29.

--- [199] ---

Anonim, 25 Desember 1930

Malêm Kêmis tanggal kaping 3 Ruwah Jimawal 1861, utawi kaping 25 Dhesèmbêr 1930 parêpatan pangrèh.

Ingkang karêmbag.

I. Paring uninga kaunduripun carik Radyapustaka.
II. Panitya kasusastran.
III. Sêsorah.
IV. Sêratipun Diwarna ing Kuthagêdhe.
V. Sanès-sanèsipun.

--- [200] ---

W.g. Wiryasutiksna - Panitra Paheman Radyapustaka, 2 Agustus 1930

Tatêdhakan.

Ôngka 1707/29.

Bab balung danawa, lampiran sela 2.

Sêrat katur panitraning Pahêman Radyapustaka.

Nuwun, awit saking sêratipun panitraning Pahêman Radyapustaka, katitimangsan kaping 31 Juli 1930 ôngka 180 bab balung danawa, kula ngaturi uninga bilih abdi dalêm mantri pananggap ing Kalijambe nate gadhah balung danawa kalêrês uwang saha mawi untu êbam, ananging wêkdal punika sampun dipun sukakakên dhatêng ipenipun inggih punika mantri guru sakolahan ôngka II ing Tawangmangu (Karangpandhan).

Kajawi punika ing kaondêran Kalijambe wontên kalurahan tiga inggih punika kalurahan I. Krikilan, II. Bukuran, III. Ngêbung, ingkang kathah balungipun danawa, mirid rêmbagipun para ahli ingkang sampun mriksa wujudipun balung danawa, sarta papan pinanggihipun balung wau, sami mastani bilih balung-balung wau balung ulam utawi kewan agêng-agêng, ananging sanès balunging manungsa (tiyang) ingkang agêng ukuranipun, pamanggih ingkang makatên wau kados sampun lêrês, amargi siti ing kalurahan tiga wau kêbak isi bukur, kulit ece, kijing sasaminipun, angantawisi bilih ing ngriku jaman rumiyinipun wujud talaga, talaga wau kados watêsipun iring kilèn urut gigir saking dhukuh Pagêrjapa ngalèr dhatêng dhukuh Ngêbung, Bubak.

Iring lèr ngetan urut gigir saking dhukuh Ngêbung dhatêng dhukuh Wanalela, Kêrtasaba, iring wetan saking dhukuh Kêrtasaba mangidul dhatêng dhukuh Jagan, Bapang, iring kidul, gigir saurutipun lèpèn Cêmara sisih kidul.

Tlaga wau angsal toya saking lèpèn Cêmara, ingkang mili saking kilèn mangetan anjog ing tlaga wau, sarêng lambening tlaga ing sisih kidul wetan jêbol, toyanipun têrus wutah mangetan, saya dangu jêbolan sisih kidul wetan saya lêbêt. Wêkasan talaga ngantos asat, dangu-dangu dados padhusunan, dene toyanipun taksih lêstantun mili urut lèpèn Cêmara anjog ing bênawi.

Awit saking punika manawi balung danawa wau kagalih balung tiyang kina, saha sacêlaking pêndhêmanipun têmtu wontên barang-barang kina, ingkang kapêndhêm kangge nyangoni tiyang kina ingkang pêjah wau, kados kathah malèsètipun, awit dumugi sapriki dèrèng nate kalampahan ing dhusun tatiga kawrat ing nginggil pinanggih barangipun kina, dene wujudipun balung-balung ingkang sakalangkung agêng-agêng ugi botên ngantawisi manawi balung tiyang.

Ingkang punika mugi andadosakên ing kauningan, salajêngipun nyuwun sumôngga.

--- [200a] ---

Kalijambe kaping 2 Agustus 1930.

W.g. Wiryasutiksna.

N.B.

Kajawi kawrat ing nginggil lurah dhusun Krikilan wêkdal punika ugi gadhah tugêlan uwang mawi untu, panjangipun 120 cm, wawrat tugêlan 2, 7 kati + 7 kati.

Sampun cocog kalihan lugunipun.

[Grafik tanda tangan]

--- [201] ---

Pangageng Kantor Sasanapustaka - Pangageng Parentah Karaton, 12 Januari 1922

Tatêdhakan

Sa ôngka 89/I

Sêratipun pangagêng ingkang anata kantor Sasanapustaka, katur pangagêngipun parentah karaton.

Kula sampun nampèni sêratipun pangagêng parentah karaton, katitimangsan kaping 10 Januari 1922 ôngka 22 Ha/III/7, andangu Kiyai Agêng Gêtaspandhawa, punapa sampun manjing agama Islam, punapa dèrèng, kawontênanipun sêrat-sêrat ing Sasanapustaka, Radèn Lêmbu Pêtêng, ingkang lajêng nama Kyai Agêng Tarub, apêputra Radèn Dhepok, puruita dhumatêng Sunan Majagung, lajêng kapundhut mantu kaparingan nama Sèh Ngabdullah, dalêm ing Gêtaspandhawa, karan nama Kyai Agêng Gêtaspandhawa, nalika jaman nagari Dêmak ingkang wêkasan, Kyai Agêng Gêtaspandhawa wau, sampun kalêbêt dados wali jajar, sadaya wau kawrat kagungan dalêm sêrat sajarah, kaca ôngka 141.

Katur kaping 12 Januari 1922.

w.g. Adiwijaya.

w.g. Sastra

--- [202] ---

W.g. Adiwijaya - Karya, 22 Juli 1929

Ôngka 243/54 22 Juli 1929

Karya

1. Layangmu 2 pisan wis katampan, bab sing dhisik kêkancingane gawenên ènèng dluwang sing nganggo ciri mula rèngrèng tak balèkake barêng iki, salinana.

2. Tak kongkon mênyang Suradipura apa sababe Raja Siyêm ora sida rawuh musium, barêng layang iki aku iya takon mênyang guprênuran, marga wose sumêlangku yèn mung akal-akalan ngisor, mula takokna.

3. Katalogis wis sida tak prêtalake cara Inggris, wis rampung 20 kaca, minggu ngarêp rampung babarpisan, rêgane f 150 ngêcapke 200 rêgèn f 176 gunggung f 326 lan ongkos cilik-cilik liyane tak gawe gunggung f 350, sarèhne kuwi jênêng sudhiyan rawuhing raja, mongkomôngka.

ora sidane rawuh mau ewon dadakan, dadi iya wragad samono mau suwunkedisuwunake.

ijol nagara, jukuke sôngka sudhiyan f 500 kae, rèhne wis kabanjur kok balèkke, suwunanyuwuna.

manèh, mula besuk manèh aja gêlis-gêlis balèkke mandhat. Dene dhuwit samono mau tumuli kiramnakirimna. marga aku wis tansah ngêjogi, yèn minggu ngarêp rêkêninge têka, aku supaya banjur bisa nglunasi, kaèstokna.

4. Aku gêla dene lèsênge Abu Salèh ora akèh sing têka, kiraku kajaba barêngan têdhak dalêm Mangkunagaran, iya saka jênênge Abu Salèh durung misuwur, dadi iya rada dipringke.

5. Widya, apa wis ditari sarta apa wis nyaguhi.

6. Aku mêntas nunggoni ningkahan cara Sundha, iku mantèn lanang wadon mêtune sôngka ngomah arêp ningkahan kok wis kanthèn, banjur sajrone didongani, mantèn lanang dhêkoni Koran lan layang ningkah, kèh-kèhing kaanan, warna-warnaning cara, mula wong jajah ki kayongkaya.

ngono bêcike, ana manèh cara Sundha sing wong Jawa yèn wêruh mêsthi kagèt, iya kuwi yèn salaman, gêdhe cilik bagdane nyalamke tangan nganggo nyêmbah, malah ènèng sing ngrêpkengarêpake. gathuking tangan iya nyêmbah dhisik kuwi gêdhe cilik iya padha ngono kabèh, dadi kêna diupamakke tabikan, dudu kurmating cilik nyang gêdhe.

7. Nalika kaping 19 aku pidhato bab karajan Jawa rada bantêr, nanging durung kobêr Jawakke dadi iya durung bisa kêpacak ing koran Jawa, wis Karya padha slamêt, salam.

W.g. Adiwijaya.

--- [203] ---

Sastrawicitra - Raden Ngabei Prajakintaka, 20 Rejep 1860 A.J. [22 Desember 1929 A.D.]

Sêrat saha pangabêkti kula Sastrawicitra, katur panjênênganipun Bapak Radèn Ngabèi Prajakintaka, sri nugraha pangkat V abdi dalêm panèwu garap nagari (mosiyum).

Kula nuwun, sasampunipun kados punika wiyosipun, awit saking dhawuhipun panjênêngan dalêm Gusti kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, mundhut nyambut sêratipun rayi jêngandika Bapak Radèn Panji Purbacundaka katuranggan kina sêkar Kawi kados ingkang kapratelakakên rayi jêngandika bapak wontên ing Radyapustaka, nyambêti sasorahipun Bapak Radèn Tumênggung Kuda Jagadipura nalika malêm Rêbo kaping 26/27 Nopèmbêr 1929, badhe katêdhak, amargi ing Radyapustaka dèrèng wontên, mila sangêt-sangêt pamundhut dalêm gusti kangjêng. Mênggah sêratipun rayi jêngandika katuranggan kina sêkar Kawi kapundhut nyambut badhe katêdhak, punika rayi jêngandika bapak sakalangkung bingah, malah rayi jêngandika bapak kèngêtan nalika dintên Akat tanggal kaping 20 Ruwah, Jimawal 1845 dhatêng Sriwadari, ningali dhatêng Radyapustaka, nyumêrêpi kawontênanipun sêrat katuranggan namung wontên 1 buku, isi 152 kaca, mawi sêkar Dhandhanggula namung 22 pada, lajêng rêmbagan kalihan panjênênganipun bapak, sarèhning Radyapustaka namung wontên sêrat katurônggakaturanggan. 1 buku rayi jêngandika bapak gadhah sêrat katuranggan kina sêkar Kawi, prayogi dipun têdhak wontên Radyapustaka, nanging nyuwun tatêdhakan katuranggan ing Radyapustaka ingkang mawi sêkar Dhandhanggula 22 pada wau, panjênênganipun bapak inggih sampun nyondhongi, dèrèng sagêd kalêksanan rayi jêngandika sampun lajêng angsal sêrat katuranggan ingkang suraosipun sami kados katuranggan ing Radyapustaka sêkar Dhandhanggula 22 pada wau, dados namung anyabarakên. Punapadene sêratipun rayi jêngandika katuranggan kina sêkar Kawi wau kalih buku, ingkang 1 sampun mawi sisihan Kawi sêkar Macapat, jarwa sêkar Macapat, wontên ing buku agêng nunggil sêrat-sêrat ingkang parlu-parlu, ingkang 1 buku, maligi sêkar Kawi kasêrat sapalih kaca, ingkang sapalih kaca taksih godhag sadhiyan jarwa,

--- [203a] ---

nanging taksih wontên sambutan, sawêk dipun kintuni sêrat dumugi sapunika dèrèng kaantukakên. Samôngsa sampun mantuk, rayi jêngandika bapak utusan masrahakên dhatêng ing Radyapustaka, Sriwadari, saha manawi kaparêng rayi jêngandika bapak nyuwun nêdhak sêrat katuranggan kina sadèrèngipun jaman Kartasura ingkang taksih dalancang sarta sêratan kina mawi praosan asli saking Natabratan, anggitan Suranagaran, ingkang dipun pangandikakakên panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Arya AdiwajayaAdiwijaya. nalika malêm Rêbo kaping 26/27 Nopèmbêr 1929 wau.

Kula nuwun mênggah sadaya punika rayi jêngandika bapak anyumanggakakên, mila sawêk ngaturi katrangan sapunika, amargi rayi jêngandika bapak sawêg wontên pambênganipun botên sakeca, dados kula ingkang dipun dhawuhi nyaosi katrangan ing panjênêngan kawrat sêrat punika.

Tamtaman tanggal kaping 20 Rêjêp Ehe 1860.

Pun, Sastrawicitra.

--- [204] ---

Wg. Karyasukadga - Wg. Citradipura, 20 Desember 1930

Atur kula Ngabèi Karyasukadga, katur kabupatèn anom kêmasan, saha katur kabupatèn gêdhong kiwa, salajêngipun kauningan kangjêng parentah agêng nagari, atur kula sumôngga.

Nuwun ingkang kula aturakên, nalika kula kapriksa pandamêl kula dhuwung kalih iji, sami dhapur mangkurat, ngantos dumugi sapunika dèrèng wontên dhawuh. Sarèhning ing wêkdal punika kula pinuju gadhah babaran dhuwung ingkang mawi pêpêthan, dhapur sasrasubrahwa kaparênga kula aturakên minôngka anusuli papriksan ingkang sampun, nuwun atur kula sumôngga.

Katur tanggal kaping 28 Rêjêb Jimawal 1861.

Wg. Karyasukadga

Ôngka 161 Ha/II.

Lajêng katur ing kabupatèn gêdhong kiwa, sakanthinipun, salajêngipun kula sumôngga.

Katur kaping 20 Dhesèmbêr 1930.

Wg. Citradipura.

--- [205] ---

W.G. Puspadiningrat - Kantor Kapatihan Golongan A, 3 Januari 1931

Bab kumisi pandhe êmpu

Katur ing kantor Kapatihan golongan A.

Asarêng punika, kula ngladosakên sêrat paturanipun Ngabèi Karyasukadga, katitimangsan kaping 28 Rêjêb Jimawal 1861, angaturakên babaran dhuwung ingkang mawi pêpêthan, dhapur sasrasubrahwa, kaaturakên minôngka papriksanipun, mênggah punika saking panimbang kula, sarèhning makatên wau nyulayani kalihan wêwaton, botên kagarap wontên ing ngajêngipun kumisi, pakèwêt kaparêngakên, ewasamatên kula nyumanggakakên.

Katur kaping 3 Januari 1931.

Bupati gêdhong kiwa

W.G. Puspadiningrat.

--- [206] ---

Anonim - Raden Ngabei Prajakintaka, 19 Oktober 1931

Katur ing panjênênganipun Kiyai Lurah Bandara Radèn Ngabèi Prajakintaka.

Nuwun, ing dintên Akat kala wingi, kula angèstokakên dhawuh mulyakakên rêca prunggu ingkang sampun tugêl, panggihan saking dhusun Singasari, ondêr dhistrik Singasari (Bayalali), sarta pangilon prunggu pundhutan saking Sinduwidagdan. Pratelanipun kados ing ngandhap punika. Ingkang kula purih garap tiyang nama Kasidi, griya ing kampung Suranatan, cêlak kalihan griya kula.

Tugêlan rêca wau dipun rêsiki sarana kikir, têngahing rêca wontên bulêtanipun, sarêng dipun kikir kêtingal têmbagi bulêtan kalihan jêne, nanging piyambakipun dèrèng sagêt marêm anggèning mastani bulêtan wau têmbagi kalihan jêne, lajêng dipun talêsihakên kalihan tukang têmbagi, wusana katranganipun nyata, malah bulêtan wau kathah jênenipun, mugi andadosakên ing kauningan.

Katur kaping 19 Oktobêr 1931.

Pun, [Grafik tanda tangan]

Konjuk, Pra

--- [207] ---

Bupati Patih Mangkunagaran - Paheman Radyapustaka, 31 Maret 1931

Kasêsa

Ôngka 2876/29

Lêmpiran II

Bab kasusastran Jawi.

Mangkunagaran tanggal kaping 11 Dulkangidah Jimawal 1861 utawi surya kaping 31 Marêt 1931.

Awit saking sêratipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta, katitimangsan surya kaping 15 Januari 1931 ôngka 3 tuwin sususulanipunsusulanipun. kaping 17 Marêt 1931 ôngka 70.

Ing mangke trang dhawuh timbalan dalêm panjênêngan dalêm kangjêng gusti pangeran adipati, asarêng punika parentah praja Mangkunagaran ngintunakên wawasan ing bab wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi, aminangkani suraosipun sêratipun Pahêman Radyapustaka kasêbut nginggil.

Bupati Patih Mangkunagaran.

Ka. Bupati Amongpraja

[Grafik tanda tangan]

Katampèn pangarsaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta (Sriwêdari).

Ag S No. 67RP/ 31/3 31.

--- [208] ---

Pangreh Paheman Radyapustaka - Panitya Kasusastran Radyapustaka, Juni 1932

Sêratipun pangrèhing Pahêman Radyapustaka, katur panityaning kasusastran Radyapustaka.

Wiyosipun, sêratipun panitya katitimangsan kaping 27 Mèi punika, andadosakên bingah sarta panarimahing pangrèh, dene cocog kalihan pamanggih ingkang sampun kaaturakên ing nagari, sarta pangagênging parentah karaton, kados tatêdhakan ingkang asarêng punika. Amila pamrayogi wau ugi badhe kamanah saparlunipun. Namung mugi andadosna kauningan, mênggah Dokter in de Letteren punika manawi jujur mêmanahanipun, saèstu prayogi sangêt tumraping praja dalêm, nanging kosokwangsulipun manawi botên, punika malah sagêd ugi ambêbayani, pêpiritan ingkang sampun katingal punika Tuwan Dhoktêr Bèrêh nalika taksih wontên pamulangan A.M.S nate kawêdal dhatêng murid-muridipun, bilih têmbung krama punika lugunipun angrisakakên basa, mila prayogi kasirnakakên kemawon, amargi manawi makatên punika badhe anêmahi bêbasan suduk jiwa sayêktos, manawi Dr wau nyuwun têtepipun basa Jawi kados jaman kina, dening basa Jawi kina ingkang limrahipun winastan Kawi (wetenschappelijk "Oud javaansch") punika taksih ngoko lugu, dèrèng wontên tatanan unggah-ungguh, manawi suwunanipun dipun pituruti lajêng badhe namung wontên Jawadipa, inggih makatên punika ingkang kula wastani suduk jiwa, saèstunipun pinuji sagêdipun prayogi, punika lajêng nama vooroordeel. Kula botên rujuk. Ewasamantên manawi nagari sampun marêngakên, Radyapustaka wênanga ngaturi usulan pamilihipun tiyang utawi calon, ingkang badhe kaabdèkakên wau. Pamilihipun masthi kemawon tiyang ingkang sakintên laras kalihan Radyapustaka, purun dipun ajak rêmbagan, têgêsipun botên namung badhe anggêga kajêngipun piyambak, agêngipun badhe bibrah-bibrah.

[Grafik tanda tangan]

Kaping ... Juni 1932.

--- [209] ---

W.g. Arya Panular - Golongan Paprentahan Arta Nagari, 10 Juni 1932

Tatêdhakan

Golongan paprentahan arta nagari

Ôngka C 6106 B/2/I

Bab kumisi musium.

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng pangrèhing musium Radyapustaka, sêrat paturan katitimangsan kaping 30 Mèi 1932 ôngka 125, sampun kauningan, mênggah têmbung kumisi ingkang tumrap sêrat kêkancinganipun pêpatih dalêm katitimangsan kaping 4 April 1932 ôngka 8/32B/2/I punika lêrês, karsanipun pêpatih dalêm, pangrèh, utawi inggih pangrèhipun Radyapustaka, wontênipun samangke punika, dene madanani pun pangrèh musium Radyapustaka, punika boten ewah kalihan ingkang sampun.

Kantor Kapatihan kaping 10 Juni 1932.

w.g. Arya Panular.

--- [210] ---

Nitipraja - Prajakintaka, Besar Dal 1863 A.J. [Maret 1933 A.D.]

Mas Prajakintaka, aku wis nampani layange panggêdhening garap Radyapustaka, kang marang kondhanging bale krêtarta, wangsulan pandangon karaton, bab panganggon pangantèn, bakal banjur tak aturake pangagênging parentah karaton.

Kajaba iku aku ngirimake blangko palapuran pasuwitan tutup taun, kang wis katindakake ing bale krêtarta, barêng iki.

Kaping ... Bêsar Dal 1863.

Wong tuwamu, Nitipraja.

--- [211] ---

Anonim, 19/2 33

Cathêtan wontênipun kar sarta gambar-gambar ingkang dèrèng kapasang.

1. Kar margi agêng salêbêtipun kitha Surakarta. | 2. Kar kraton Kasêpuhan Cirêbon. | 3. Kar apdhèling Surakarta. | 4. Kar apdhèling Klathèn sampun risak. | 5. Kar kitha Surakarta (kothongan). | 6. Kar Kuthagêdhe. | 7. Kar kraton Kartasura. | 8. Kar kraton Pajang. | 9. Kar kraton Plèrèt. | 10. Kar kraton Majapait. | 11. Gambar tiyang jaman kina 1000 taun kapêngkêr (jaman Prambanan) 3 iji. | 12. Gambar sêjarahipun para rusul sarta nabi. | 13. Gambar payungipun para amtênar Jawi ing guprêmenan tanah Jawi sarta Madura cacah 2 iji.

19/2 33

--- [212] ---

Pangreh Paheman Radyapustaka - Panitya Kasusastran Radyapustaka, Juni 1932

Ôngka 163.

Sêratipun pangrèhing Pahêman Radyapustaka, katur panityaning kasusastran Radyapustaka.

Wiyosipun, sêratipun panitya katitimangsan kaping 27 Mèi punika, andadosakên bingah sarta panarimahing pangrèh dene cocog kalihan pamanggih ingkang sampun kaaturakên ing nagari, sarta pangagênging parentah karaton, kados tatêdhakan ingkang asarêng punika. Amila pamrayogi wau ugi badhe kamanah saparlunipun. Namung mugi andadosna kauningan, mênggah Dokter in de Letteren punika manawi jujur mêmanahanipun, saèstu prayogi sangêt tumraping praja dalêm, nanging kosokwangsulipun manawi botên, punika malah sagêd ugi ambêbayani, pêpiritanipun Tuwan Dhoktêr Bèrêh nalika taksih wontên ing pamulangan A.M.S ing Surakarta, nate kawêdal dhatêng murid-muridipun, bilih têmbung krama, punika lugunipun angrisakakên basa, dados prayogi kasirnakakên kemawon. Manawi makatên badhe anêmahi bêbasan suduk jiwa, amargi manawi Dr. in de Letteren wau nyuwun têtepipun basa Jawi kados jaman kina, dening basa Jawi kina ingkang limrahipun winastan Kawi (wetenschappelijk "Oud javaansch") punika taksih ngoko lugu, dèrèng wontên tatanan unggah-ungguh, manawi suwunanipun dipun pituruti lajêng badhe namung wontên Jawadipa, inggih makatên punika ingkang kula wastani suduk jiwa, saèstunipun pinuji sagêdipun prayogi.

Kaping ... Juni 1932.

Panitra. Pangarsa.

--- [213] ---

Paheman Radyapustaka - Tuwan Dokter T. Piso

Katur panjênênganipun saudara Tuwan Dhoktêr T. Piso, ing Ngayogyakarta.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sampun sawatawis dangu Pahêman Radyapustaka andhapuk panitya ingkang kapatah manah ewah-ewahan sasaminipun tumrap: wêwaton panyêratipun têmbung Jawi sastra Jawi, miturut putusan parêpapatanparêpatan. kumisi kasusastran, ing Sriwadari, Surakarta (lêrêsipun Radyapustaka cap-capan sêlandrêkkêre, ingkang katêtêpakên dados pangarsa kula. Samôngsa sampun rampung pangrêmbagipun panitya, rêmbag-rêmbag owah-owahan sasaminipun wau badhe kagiyarakên wontên ing parêpatanipun agêng ingkang dipun ajangi ing Pahêman Radyapustaka [...] ingkang kamanah gêgayutan ing bab punika, saudara ugi mêsthi kasêdhahan.

Panitya sampun nampèni usul-usul ewah-ewahan utawi wêwahaning wêwaton, ingkang lajêng karêmbag ing parêpatan, ing sapunika sampun nama rampung, namung kantun saêbab ingkang dèrèng sagêd golong pangrêmbagipun, inggih punika usul ing bab sêsigêg ingkang nunggil warga sarta sami pakêcapanipun:

ka, ga, da, ta, pa, ba, amurih gampiling panyêratipun kausulakên supados dipun têtêpakên salah satunggal, uminipunumumipun. sigêg: pa - ba, katêtêpakên namung sigêg: pa, - sigêg ba, botên nate dados sêsigêg.

Rêmbagipun panitya warni tiga:

Ha. Condhong dhatêng usul ingkang kapratelakakên ing nginggil punika.

Na. Nglastantunakên kados [...] panyêrat sapunika, miturut sêratanipun para ahli sastra: sagêd gêgêt, lalab, lalap, sasaminipun.

Ca. Mawi mawang dhatêng aksara ingkang nyigêg, manawi ingkang nyigêg aksara ingkang kêdalipun antêb, sêsigêgipun: da, ga, ba. Dene manawi ingkang nyigêg wau kêdalipun ing [...] kêdalipun swara ènthèng, sêsigêgipun:

ka, ta, pa, kados ta:

Rapêt, putat, uwit - lugud, babad,

dodod, gugad.

Silêp, sasap, lulup - ubub, gugub, sasaminipun.

--- [213a] ---

Rêmbag warni tiga wau anggèning ngandharakên katranganipun sami dèrèng andadosakên pamarêm, amila lajêng kula têngahi, prayogi kasamantakakên dhatêng saudara.

Ingkang punika, saudara, pangajêng-ajêng kula mugi wontêna kaparêngipun saudara mitulungi aparing katrangan kadospundi panggalihipun saudara.

Sinêrat ing Surakarta kaping ...

--- [214] ---

Anonim

Kula nuwun, para tamu sadaya, rumaos kapranan sangêt, dene atas namanipun panitya ingkang tinanggênah nata panggiyaran punika, sarta atas namanipun pangrèhing Radyapustaka, kula kapatah angsung pambagyarja dhatêng para ingkang sami marlokakên pinarak ing ngriki. Sagêdipun panggiyaran ingkang badhe kabikak mangke manggèn griya ingkang sakalangkung pantês ngriki punika botên liya namung saking pitulunganipun pangrèhing Pahêman Radyapustaka wau.

Nalika ing taun 1921 anyarêngi konggrèsipun Budi Utama ingkang kaping 13 ing Surakarta ngriki mawi panggiyaran rajatadi, kala samantên ingkang kapatah murwakani kula, samangke kula kapatah malih dening Yapa Insêtitit. Kauningana, anggèn kula purun murwakani punika sajatosipun akanthi êmar kumêsaring manah, dening kula nyumêrêpi utawi rumaos, anggèn kula tinanggênah sajatosipun botên ajalaran saking mangrêtos kula dhatêng rajatadi, maligi namung saking wêwênang anggèn kula dados pangarsaning panitya. Mila sadèrèng sasampunipun mugi para sadhèrèk angêgungna pangaksama, bokmanawi wontên kuciwanipun anggèn kula badhe murwakani panggiyaran punika.

Sadhèrèk, sasumêrêp kula, kabudayan têtilaranipun para lêluhur kita ing tanah Jawi, punika ingkang nama lêstari, prasasat tanpa rubeda dhumawahipun ing kita, namung yêyasan garapanipun kônca kêmasan, sanès-sanèsipun botên makatên, kados ta upaminipun pangruktining prunggu ingkang nalika jaman samantên sampun awig sangêt, punika dumugining kita sampun namung kantun iyasa gamêlan kemawon, bab ukir-ukiran sela ingkang sapunika taksih wontên, katingal sakalangkung ngebat-ebati awigipun, salinggaripun kraton Majapait sirna babarpisan. Kawontênanipun ringgit wacucal ingkang kacariyos sêpuh sangêt, punika sajatosipun taksih kirang pasaksèn ingkang gumathok. Bab punika kula sigêg samantên kemawon, wêktu punika kula namung parlu ngatingalakên bingahing manah kula dene wontên ada ngwontênakên panggiyaran punika, jalaran lajêng sagêd nandhing dêdamêlan kina lan samangke, sanajan namung saking tanah kajawèn kemawon.

Lampahing yêyasan rajatadi sarta gampilipun anglêbêti kajênging jaman. Ingkang tumrap sandhang pangangge utawi praboting gêgriya, punika para sadhèrèk sampun sami nguningani piyambak,

--- [214a] ---

ewadene kula manah parlu mratelakakên kalih warni, inggih punika dumadosipun glasbus asli sumbul, sarta paniti asli saking mêndhak.

Sumbul punika bokor lêbêt mawi suku tumumpang ing wêwangunan bèri ugi mawi suku, tinutupan tutup barunjung inggil, pirantos kangge wadhah pangunjukan, klêbêt ing upacaranipun para luhur, punika samangke sampun sagêd mancala warni dados glasbus gagrag Eropah. Manawi badhe kaparêng manoni ôngka 588 punika yasan ingkang sakalangkung èdi. Pandamêlipun kanthi pitêdahipun rayi kula Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya ingkang matêng raosipun dhatêng saliring kagunan.

Mêndhak punika rêrênggan dhuwung, samangke sampun sagêd manjanma dados paniti, kalung, sêsupe lan sasaminipun, sagêd jumbuh kalihan kabêtahan kita ing jaman samangke, wujudipun sadlerengan sairib kalihan damêlan Selan. Malah mêndhak wau samangke tumrapipun bôngsa Eropah sampun sami ngajêngi. Makatên sasaminipun.

Garapan pêndulan punika mulabukanipun ing pangintên kadayan saking karêmênanipun lêluhur kita iyasa rêca, jalaran para sadhèrèk tamtu inggih sampun sami uninga manawi rêca dewa punika kathah ingkang kadamêl saking jêne utawi slaka, ing Bali samangke taksih kalampah iyasa pêndulan. Ing kina garapan tatahan punika prasasat botên wontên kajawi namung sêsupe, pripih lan barang alit-alit, campuraning garapan warni kalih wau inggih wontên, kados upaminipun kintunan saking Resing Wilkens ing Ngayugyakarta.

Ing alami-lami pêndulan wau tumraping Surakarta sampun botên patos kalampah dening kadhêsuk ing tatahan, ingkang samangke ngrawiting garap sarta gagragipun sampun sagêd nyamèni garapan Eropah. Mangke manawi para sadhèrèk sampun nguningani wujudipun, tamtu lajêng nglêrêsakên cariyos kula punika, punapadene lajêng ugi sagêd nêtêpakên, bilih lumuntanipun pêndulan dhatêng tatahan punika dede kêmunduran, namung maligi saking santuning kasênêngan kabêkta saking santuning jaman, amargi panggaraping tatahan punika limrahipun langkung enggal katimbang pêndulan,

--- [214b] ---

dados gugungipun inggih langkung mirah. Ewadene samangke inggih taksih wontên iyasan pêndulan, kados upaminipun kintunan saking ter Horst sarta Gobee ing Ngayugya, manawi badhe nyumêrêpi garapan pêndulan sapunika ingkang adi sarta ngrawit mirsanana ôngka 34 punika amracihnani bilih ingkang anggarap undhagi ing kuna.

Prakawis damêl rêca punika nama sampun ical babarpisan, sabab saking kasêsêr ing mingsêt santuning jaman, ewadene sampun sawatawis taun punika kêmasan kita ingkang sampun misuwur nate cobi-cobi damêl garapan singèn, wujudipun ôngka 571, ananging saking sabab warni-warni botên kalajêngakên.

Garapan nam-naman, punika ingkang ajêg kangge ngrêngga waos, minôngka balongsongipun, dene wujudipun sulaman jêne kasêling kalihan rambut, rupinipun kadosdene ôngka 106, 113 lan sanès-sanèsipun. Rambut wau minôngka jimat panatasan.

Bokmanawi kabêkta saking botên mangêrtosipun utawi gumampilipun ingkang damêl, sêlingan rambut wau asring dipun santuni bênang cêmêng, utawi malah namung jêne tinatah kemawon, ingkang kalêrês cêmêng dipun kêmalo.

Wujud jêne kasêling cêmêng turut kalihan cêmênging waos ingkang ugi asring sinrasah jêne, punika saèstu damêl endahing sawangan, sae namung prasaja, jumbuh kalihan wêwatêkaninipun bôngsa kita Jawi.

Dene kagunan ingkang prêlu kasumêrêpan dening endahipun, punika garapan tosan kasêling jêne, inggih punika tinatah kalihan srasah. Srasah punika mligi jêne katèmplèkakên ing tosan kawangun sakajêngipun, manawi tinatah punika tosanipun dipun wangun rumiyin, upaminipun naga, garudha, patran, lan sasaminipun, tumuntên sawêg dipun tèmplèki jêne, mila yasan makatên punika sawanganipun inggih mêndul tur langkung èdi katimbang srasah limrah. Ing panggiyaran ngriki wontên garapan tinatah sawatawis.

Kula nuwun, wontênipun panggiyaran punika tamtu badhe nuwuhakên têtandhingan tumrap barang kina lan barang enggal, punika botên mokal, malah kapara dados pangajêng-ajêngipun ingkang sami gadhah ada. Ewadene kula asung wêwêling

--- [214c] ---

panandhingipun wau kêdah awêwaton. Kagunan ingkang taksih gêsang punika kêdah beda pamawasipun kalihan barang kina. Tumrap kula piyambak sagêd mastani bilih ing kina kalihan sapunika punika sami kemawon, wujudipun wontên kêmasan pintêr, wontên ingkang kirang mangêrtos, katitik saking wujuding garapanipun, pamanggih kula, janji para kêmasan punika angsal tuntunan prayogi, tamtu sagêd saya mindhak-mindhak saening garapanipun, ngantos pantok dumugi pungkasaning panggenan lêrês lênggahing kagunanipun, makatên punika saking nyumêrêpi garapan-garapanipun.

Kula nuwun, minôngka pamungkasing purwaka kula punika kula prêlu mratelakakên bilih sagêd kula ngawontênakên panggiyaran ingkang samantên agêngipun, punika namung labêt saking kadarman dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan saha K.G.P.A.A. Mangkunagara, ingkang tansah ngatingalakên rênaning panggalih bilih wontên ada ingkang nawung kajêng mêmêtri, nyêbar tuwin ngajêngakên kabudayan Jawi, pasêksènipun sadaya panyuwunan ingkang gandhèng kalihan tuju wau, ugêr dede pusaka dalêm, tamtu kaparingakên, awit saking punika atas namanipun panitya ingkang kapatah nyamêktakakên panggiyaran punika kula ngunjukakên panuwun saha pamundhi kunjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, saha gênging panuwun katur panjênêngan dalêm, K.G.P.A.A. Mangkunagara, punapa malih ngaturakên panuwun dhatêng para ingkang sami ngintunakên barang-barang, tuwin ingkang sami ambiyantu, ingkang parlu kula pratelakakên sadhèrènsadhèrèk. kula panjênêngan dalêm kang mas K.P.A. Kusumayuda sarta saudara Tuwan van Vaersen.

Samangke panggiyaran kula bikak.

--- [215] ---

Anonim

Panitya tuntunan kasusastran sampun saèstu madêg.

Parêpatan ingkang sapisan nalika kaping 19 Marêt 1936, ingkang karêmbag.

1. Andhapuk pangrèh.

1. Radèn Sutapa Adisaputra, pangarsa. | 2. Mas Suteja, mudha pangarsa. | 3. Radèn Sumadi Sumawidagda, panitra. | 4. Radèn Tumênggung Suradipura. | 5. Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka. | 6. Radèn Ngabèi Dutadilaga. | 7. Mas Ngabèi Prawiraatmaja. | Wêwah Mas Ngabèi Martasuwignya.

2. Ngupados kasusastran jaman Dêmak dumugi sapunika.

3. Amêwahi katrangan katalogis Radyapustaka.

4. Nêtêpakên sêrat anggitan Rônggawarsitan utawi sanès.

5. Anglêmpakakên sêrat-sêrat anggitan Wirapustakan.

6. Nêtêpakên parêpatan ing sabên sawulan sapisan ing dintên Sabtu wêkasaning wulan Walandi.

Parêpatan ingkang kaping kalih, nalika kaping 29 April 1936, ingkang karêmbag.

Ha: Badhe damêl pèngêtan lêlampahanipun Wirapustakan.

Na: Badhe ngaturi sêrat ingkang sakintên simpên sêrat anggitan Wirapustakan, ingkang ing Radyapustaka dèrèng wontên.

Ca: Lampahipun sêrat-sêrat nyuwun lumantar Radyapustaka.

Ra: Damêl sub komisi ingkang kapatah nyuraos sêrat anggitan Wirapustakan.

--- [216] ---

Kantor Kapatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 7 Maret 1928

Ôngka 440/A/I

Bab garap musium.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, nagari mundhut pratelan namanipun abdi dalêm garap musium saandhahanipun, katêrangna pangkat dalah blanjanipun, kaladosna tumuntên.

Kantor Kapatihan kaping 7 Marêt 1928.

[Grafik tanda tangan]

Konjuk gusti,

Prajakintaka.

--- [217] ---

Pangageng Parentah Karaton - Pangarsa Radyapustaka, 7 Maret 1928

Ôngka: 404 ha IV/5

Bab kuburipun Radèn Adipati Sasradiningrat.

Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur dhumatêng pangarsaning Radyapustaka.

Kula sampun nampèni sêrat katitimasan kaping 25 Pèbruari 1928, ôngka 15 sakanthinipun, punapa suraosipun sampun kulukula. sumêrêpi.

Awit saking punika, bab kuburipun Radèn Adipati Sasradiningrat I ing Batawi, ingkang kawontênanipun kados kasbut sêrat wau. Pamanggih kula prayogi kamulyakakên. Amung sarèhning taun punika sawêg kathah wêdalipun kagungan dalêm arta tumrap sanèsipun, ingkang langkung parlu, amila mulyanipun wau kula angkah wontên salêbêtipun taun 1929 ngajêng punika, mugi andadosakên kauningan.

Bale krêtarta kaping 7 Marêt 1928.

Pangagênging parentah karaton

[Grafik tanda tangan]

Garapan bale krêtarta,

[Grafik tanda tangan]

--- [218] ---

Anonim

Tatêdhakan

Ing ngandhap punika wêwatonipun kawruh êmpu utawi pandhe

Bab I

Manawi mariksa calon abdi dalêm panèwu êmpu

1 bab. Kêdah sumêrêp saha sagêd amilih awon saenipun tosan, ingkang calon kangge wêsi aji dalah sapamasuhipun.

2 bab. Kêdah sumêrêp dhatêng pamor ingkang taksih asal, sarta ingkang sampun kamomoran, sarta nèkêl.

3 bab. Kêdah sagêd angolah waja, ingkang badhe kangge wêsi aji.

4 bab. Kêdah sagêd masuh pamor, lajêng sagêd andugi-dugi priyoginipun anggènipun anikêl witing pamor.

5 bab. Kêdah sagêd anata kodhokan, wasuhan, kodhokan waja, manawi mawi wêngku pamor: kodhokan pamor murih sae sarta dados.

6 bab. Kêdah sagêd amanggihakên sadaya kodhokan miturut wêwaton, sarta dugi-dugi lastantunipun murih dados calon sae.

7 bab. Kêdah marsudi sugih pirantos murih sae garapipun, kêkêncêngan sarta rojehan miwah ta rêrêmitan.

8 bab. Kêdah sagêd nyêpuhi miturut wêwaton murih sae saha wilujêng.

9 bab. Kêdah sumêrêp dhatêng wangunipun dhuwung, waos sapanunggilanipun, ingkang kalayan waton sawatawis, dhapuring tosan aji wau.

10 bab. Kêlangkunganipun kêdah sumêrêp dhatêng wêwatonipun dhapuring lagon pamor dalah panggarapipun, ingkang murih sagêd têtêp kados pikajênganipun ingkang yasa sarta ingkang gadhah sêdya.

11 bab. Kêlangkunganipun malih sagêd nangguh tosan aji ingkang kalayan maton pasasèknipun.

12 bab. Kêlangkungan ingkang parlu kêdah sagêd anata kêlakuanipun, nalika garap punika tosan aji, sagêda kawilang sae sadaya patrap, sukur bage sagêd matuh makatên sapanginggilipun.

Bab II

Manawi mariksa calon abdi dalêm mantri êmpu,

1 bab. Miturut bab satunggal nginggil. | 2 bab. Miturut bab kalih nginggil. | 3 bab. Miturut bab tiga nginggil. | 4 bab. Miturut bab sakawan nginggil. | 5 bab. Miturut bab gangsal nginggil. | 6 bab. Miturut bab nêm nginggil. | 7 bab. Miturut bab pitu nginggil. | 8 bab. Miturut bab wolu nginggil. | Tumrap pangkat mantri wiwit bab 9, 10, 11, 12, dumunung kêlangkungan.

--- [218a] ---

Bab III

Manawi mariksa calon abdi dalêm bêkêl pandhe

1 bab. Kêdah sagêd milih tosan sarta waja ingkang prayogi kangge pirantos damêl, sarta kêndhali, sônggawêdhi, dalah damêlipun pindhah.

2 bab. Kêdah sagêd damêl sadaya pirantos ingkang saking tosan sarta waja, ingkang sampun kalampahan kaagêm ing karaton dalêm, sarta nagari.

3 bab. Kêdah sampun mangrêtos patrap caranipun tiyang damêl tosan aji.

4 bab. Kêlangkunganipun manawi mangrêtos dhatêng kawajibipun êmpu ing nginggil wau sagadugipun.

Bab IV

Manawi mariksa calon abdi dalêm jajar pandhe

1 bab. Kêdah sagêd milih tosan sarta waja ing prayogi kangge pirantos damêl, sanèsipun wêsi aji.

2 bab. Kêdah sagêd damêl sadaya pirantos ingkang saking tosan sarta waja, tumrap kabêtahanipun karaton dalêm saha nagari, miturut adat ingkang sampun kalampahan.

3 bab. Kêdah mangrêtos patrap caranipun damêl kêndhali sarta sônggawêdhi.

4 bab. Kêlangkunganipun manawi mangrêtos dhatêng padamêlan wajibipun êmpu ing nginggil wau sagadugipun.

w.g. 54 Mr. Kusumadiningrat.

w.g. Suryadiningrat.

w.g. Jayasukadga.

w.g. Wirasukadga.

--- [219] ---

Anonim

Ing ngandhap punika pratelaning para kriya ingkang sami nyambut damêl wontên musium, rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana Guprênur Jendral Y Hr. Mr. Acd. dhê Grap, nalika ing dintên Salasa tanggal kaping 22 Mèi 1928.

1. Tukang damêl wong-wongan ... f 1,35, Ngabèi Sastrawisarja. | 2. Tukang kêmasan ... f 6,25 Ngabèi Citratênaya. | 3. Tukang mranggi ... f 15 Ngabèi Nayawirôngka, 2/7 29 | 4. Tukang pandhe ... f 14 Ngabèi Wirasukadga. | 5. Tukang jêjêran ... f 4,50 Ngabèi Jararaga, 2/7 29 | 6. Tukang landheyan ... f 8,75 Ngabèi Karyabuntara. | 7. Tukang dhagi, ukir, saha tèmplèk f 15,50 Ngabèi Wignyamandara, nyuwun wangsul wragad kados rumiyin. | 8. Tukang ukir gadhing saha sela ... f 10 Ngabèi Wignyapangukir. | 9. Tukang pambubut, gêgêl ... f 9 Ngabèi Gunarawita. | 10. Tukang gamêlan ... f 32 Ngabèi Gunapradôngga. | 11. Tukang kundhi ... f 5,50 Ngabèi Kismapandaya. | 12. Tukang cêmpurit sarta jungkat ... f 4 Lurah Karyasarênggi. | 13. Tukang ngêcap ... f 6,50 Lurah Tatasukarta, ngêcap nyêrat 2/7 29 | 14. Tukang panatah ... f 10 Ki Crêmapangrawit. | 15. Tukang nyungging ... f 11,50 Ki Widasupama. | 16. Tukang rambut ... f 10,95 Jayèngwirarja. | 17. Tukang topèng ... f 5 Rêsapawira. [...] | 18. Tukang nênun ... f 6 Bok Muryapawira. | 19. Tukang penyu ... f 5 Wôngsatriya. | 20. Tukang mêdêl, nyoga ... f 20 Wôngsadinama, 2/7 29. | 21. Tukang ngêmbang ... f 7 Mulyataruna.

Ing nginggil punika sami kadhawuhan nyambut damêl malih wontên ing musium, benjing rawuhipun Kangjêng Raja Siyêm, namung dèrèng têmtu dintênipun, mirit dhawuh nagari sawêg atur-atur, wulan Agustus tanggal ping 3 utawi Sèptèmbêr tanggal nèm 1929, makatên malih badhe kawêwahan [...]

--- [220] ---

Karyasukadga - Kabupaten Anom Kemasan, 19 Mulud Alip 1859

Atur kula Ngabèi Karyasukadga, katur kabupatèn anom kêmasan, saha salajêngipun katur kabupatèn gêdhong kiwa, pêngagênging kumisi calon abdi dalêm kriya, saha salajêngipun kauningan kangjêng parentah agêng nagari, atur kula sumôngga.

Nuwun ingkang kula aturakên, miturut dhawuh katitimangsan kaping 20 Juli, kadhawuhan angladosakên garapan kula dhuwung. Nuwun asarêng punika kula ngaturakên babaran kula dhuwung cacah 2 iji, satunggal lêrês dhapur mangkurat, satunggalipun luk dhapur nagasasra, namining panggarapipun naga wau sawêk dêlingan, dene garap kulitan dalah pamêcahing godhegan saha jamang sasaminipun, wajibipun abdi dalêm kêmasan tukang kinatah.

Katur tanggal kaping 19 Mulut Alip 1859.

Karyasukagda

ôngka 34 Ha/II.

Lajêng katur ing parentah kabupatèn gêdhong kiwa, sakanthinipun, salajêngipun kula suwun sumôngga.

Katur tanggal kaping 19 Mulud Alip 1859.

[Grafik tanda tangan]

Slasa ping 12/9 28 [...]

--- [221] ---

Mas Ngabei Wirasukadga - Anonim

Dhuwung dhapur mangkurat, mirsani sangking wuwung.

Pêsi: Pêsinipun panjang 4 nyari langkah

Wuwung gônja: Sampun katingal alus ananging sirah cêcak kêpu, dene grenenganipun, dha, ragi alus, ananging cacahipun kêkathahên, ngantos tiga.

Sor-soran: Sogokan alus, ananging kamênthangên wingking, blumbangan sampun sae, amung sumèlèhing gônja kirang lêbêt.

Rai perangan gandhik: Gandhik alus lambe gajah satunggal. Watês kêthêkanipun mojok. Jalèn katipisên, paso, cucukipun kapanjangên. Tikêl alis sampun cêkap saenipun, ragi kêwiyarên, jenggot taksih katingal ngêri.

Awak-awakan: Grêngipun dumugi pucuk nujèn, ada-ada cêkapan, gusèn anggligir.

Dêkipun: Dêk lênggahipun cêkapan.

--- [221a] ---

Dhapur mangkurat, ingkang sampun kalampah dados, mirsani sangking wuwung.

Pêsi: Pêsinipun kêdah namung kawan nyari pas, kagèng dhuwung sêdhêng. Sirah cêcak kêdah botên kêpu, kêdah mêntêr ramping, pucuk ngêjèn. Grènèngipun, dha, kêdah amung satunggal. Ron nunut. Pungkasan kanyutan.

Sor-soran: Sogokan, botên patos mênthang, amung mayat, blumbangan sumèlèh ing gônja ragi lêbêt.

Rai perangan gandhik: Lambe gajah kêdah rangkêp. Gêthêkan ngandhap sampun mojok. Jalèn nglimpa, paso ngèmpêri wêwangunan, jamangipun wayang dhoyok, tikêl alis wangun cêkapan kadosdene nyanthèl. Jenggotipun, dha, kajumbuhakên kalihan paso.

Awak-awakan: Kêdah sêmu ngadhal, ragi wêwêg, pucukipun sêmu ngangge pundhakan, saha nglungit, kruwingan kusèn lamat-lamat.

Dêk: Dêk lênggahipun mayat cêkapan.

Saking Mas Ngabèi Wirasukadga

[Grafik tanda tangan]

--- [222] ---

Anonim - Raden Mas Arya Puspadiningrat, 17 September 1928

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Puspadiningrat, saundur kula saking parêpatan kala samantên lajêng dhatêng griyanipun Mas Ngabèi Wirasukadga, nglajêngakên rêmbagan amargi pamanah kula dhuwung kalih ingkang kapariksa punika dèrèng kalêksanan.

I. Ingkang dhapur mangkurat, sawangipun nyaluring utawi ngluncing, môngka ukuranipun limrah dhuwung yasan.

II. Ingkang dhapur nagasasra, pandamêlipun botên sae, sawangipun sajak namung luk 12 naganipun botên katingal gêsang, makatên ugi praboting naga dados nama dèrèng sagêd ngangkah ingkang murih sae sayêktos, môngka ingatasipun abdi dalêm êmpu punika sasêpuhipun namung pangkat panèwu. Manawi namung makatên garapanipun, taksih nguciwani. Nanging kula botên sagêd anêrangakên ingkang patitis, mila Mas Ngabèi Wirasukadga kula bêbahi damêl grepahanipun.

Ingkang asarêng punika dhuwung kêkalih ingkang kapriksa kula aturakên wangsul kanthi cathêtan saking Mas Ngabèi Wirasukadga.

Manawi damêl sêrat paturan katur ing nagari, kêdah anggêpok.

I. Sêrat ingkang andhawuhakên supados Mas Ngabèi Karyasukadga ngaturakên garapanipun.

II. Sêratipun Mas Ngabèi Karyasukadga ingkang sandika ngaturakên garapan, saha anggènipun ngaturakên garapan kêkalih wau.

Bokmanawi wontên malih sêrat-sêrat ingkang gêgayutan bab punika, wondèntên manawi kula ingkang panjênêngan dalêm kêrsakakên anggarap, sandika, prabot-prabot kula suwun sadaya, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 17 Sèptèmbêr 1928.

--- [223] ---

Anonim - Pepatih Dalem, 12 Mei 1928

Têdhakan rèngrèng

Ôngka 129

Katur ing pêpatih dalêm.

Nuwun, nalika kaping 4 Mèi punika, kula nampèni ampilan arta waragad badhe rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral mariksani musium saha panggêlaring kagunan Jawi, kathahipun f 200 lajêng tumônja.

Nglintoni waragad ingkang tumindak wiwit kaping 3 April dumugi kaping 6 Mèi punika, kathahipun f 63,95 | Tumônja wiwit kaping 7 dumugi kaping 11 kathahipun f 11,-

Kriya ingkang sampun nyuwun

Ngabèi Gunapradôngga f 32,50 | Tukang nyungging f 11,50 | Tukang damêl sinjang sêkaran f 13,50 | Ngabèi Nayawirôngka f 15,- | Ngabèi Wirasukadga f 25,25 | Panatah f 10,- | Gunggung f 182,70

Dados kantun f 200 - f 182,70 = f 17,30

Mênggah têrangipun kados pratelan ingkang katur asarêng punika.

Wondèntên kriya ingkang dèrèng ngaturakên rantaman waragad taksih 18.

Makatên malih ingkang kêdah tumindak kalihan waragad taksih kathah.

Amila kula nyuwun wêwah ampilan malih f 250- kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 12 Mèi 1928.

--- [224] ---

Kantor Kapatihan - Wasesa Paheman Radyapustaka, 31 Juli 1928

Golongan paprentahan pangrèh praja

Ôngka 2467/1364/A1/I

Bab kacêngès

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wasesaning Pahêman Radyapustaka (sêrat paturan katitimasan kaping 26 Juli 1928 ôngka 191 sampun kauningan, bab Patrawacana jajar jagi musium anggènipun sêmbrana dhatêng wajibipun, kapatrapan cêngès saubêngan, kados ingkang kasbut sêrat paturan wau, kaparêng, lajêng katindakna ing saparlunipun.

Kantor Kapatihan kaping 31 Juli 1928.

Agd. No. 23 / 2-8-28

--- [225] ---

Patrawacana - Prajakintaka, 5 Agustus 1928

Ôngka 201

Kawula nuwun gusti, angèstokakên dhawuh dalêm, punika wau kônca jaga musium pun Wignyasayana, 2. Jagasayana, 3. Daryasayana, sampun sami kawula dangu anggènipun kalapurakên dhatêng Patrawacana, nyumêrêpi anggènipun anglirwakakên wajib pun Arjasayana, saha pun Jayawaluya. Mênggah aturipun kawula ugêri kadosdene ingkang konjuk asarêng punika.

Dene sêrat paturaning pangarsa bab Patrawacana, sawêg kawula damêl.

Dene bab nutilên kala wingi saha badhe paturan ingkang katur nagari, sawêg kawula rèngrèng.

Konjuk kaping 5 Agustus 1928.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [226] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 9 Agustus 1928

Ôngka 203

Kawula nuwun gusti, angèstokakên dhawuh dalêm, ingkang asarêng punika abdi dalêm ngunjukakên rèngrèng.

I. Pèngêtan kala panjênêngan dalêm lênggah mariksa pun Patrawacana.

II. Sêrat katur pêpatih dalêm, ngladosakên sêrat paturanipun Patrawacana.

Kawula nyumanggakakên bokmanawi wontên ingkang kagalih kirang saha lêpat, mugi wontêna kaparêng dalêm paring ewah-ewahan.

Konjuk kaping 9 Agustus 1928.

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [227] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 15 VIII 28

Ôngka 205

Kawula nuwun gusti, abdi dalêm dhi Martasuwignya suka sêrat, mratelakakên manawi yasan dalêm bancik rêca garapanipun Ngabèi Wignyamandara sampun babar, ing samangke sampun wontên Wignyasuwarnan.

Abdi dalêm dhi Martasuwignya mrayogèkakên lajêng kaparingan jangkêping bayaranipun, kanthi sêratipun Ngabèi Wignyamandara, sami kawula unjukakên asarêng punika.

Mênggah brêgutêngipun f 88-

Sampun kaparingan êmpingan 30-

Dados kirang 58-

Abdi dalêm badhe ngunjukakên arta angsal-angsalanipun musium f 69,40-

Punapa kaparingan saking arta punika kemawon.

Abdi dalêm cumadhong dhawuh.

Pun Prajakintaka/ 15 VIII 28

--- [228] ---

Prajakintaka - Gusti (?), 28 Agustus 1928

Ôngka 224.

Kawula nuwun gusti, prêpêgan kala wau kawula nyumêrêpi kawontênaning tiyang ingkang sami ningali musium namung sawatawis, kala wingi kathah sangêt, môngka ingkang ningali Sriwadari sami kemawon kalihan kala wingi.

Kawula pitakèn kônca, aturipun karcis ing Sriwadari pambikakipun wontên kilèn, ingkang ningali sami kapurih mêdal kilèn, sanadyan ingkang namung badhe ningali dhatêng musium inggih kêdah mêdal kilèn.

Kawula lajêng kengkenan pun Sastrasayaga kêpanggih garap Sriwadari, mratelakakên rumiyin panjênêngan dalêm gusti sampun sarêmbag kalihan raka jêngandika Bandara Radèn Mas Arya Purwadiningrat, manawi wontên tiyang ingkang namung sumêdya ningali musium, kalulusna mêdal ngajêngan, malah rumiyin sampun kapasangan plat mungêl Boeat Meuseum punika wangsulaning garap Sriwadari sandika, namung gadhah pamrayogi supados damêl sêrat kemawon. [...]

Awit saking punika, panjênêngan dalêm gusti sampun kawula damêlakên sêrat kados ingkang konjuk asarêng punika, kawula nuwun sumôngga.

Konjuk kaping 28 Agustus 1928.

[...]

Abdi dalêm pun Prajakintaka.

--- [229] ---

Prajakintaka - Raden Mas Arya Puspadiningrat, 23 September 1928

Katur panjênêngan dalêm Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Puspadiningrat.

Nuwun, awit saking sêrat dhawuh katitimangsan kaping 21 Sèptèmbêr 1928, ôngka 255 D/I sakanthinipun, mugi kauningana, sêrat pratelan 2 lêmbar punika sami kasêrat sisih-sisihan, ingkang sasisih pamanggihipun Mas Ngabèi Wirasukadga piyambak, sasisihipun mêndhêt wêwatoning dhuwung dhapur mangkurat sarta nagasasra.

Mênggah anggènipun Mas Ngabèi Wirasukadga ngaturakên sêrat pratelan wau, saking pamurih kula, parlu kados atur kula kasêbut sêrat katitimangsan kaping 19 ugi Sèptèmbêr punika.

Wusana kula ngaturakên wangsul sêrat paturanipun Mas Ngabèi Karyasukadga, sarta pratelaning dhuwung kalih lêmbar damêlanipun Mas Ngabèi Wirasukadga, kula sumôngga.

Katur kaping 23 Sèptèmbêr 1928.

Pun Prajakintaka.

--- [230] ---

Martawijaya - Kantor Radyapustaka, 18 Nopember 1929

Kawula pun Martawijaya, ing dhukuh Karanglo (Musuk) sampun nampèni arta saking parentah kantor Radyapustaka, kathahipun f 431 kawan atus tigang dasa satunggal rupiyah, sumêrêp ganjaran anggèn kawula manggih barang kina warni êmas warni-warni, kados ingkang kasêbut palapuranipun abdi dalêm asistèn wadana Musuk katitimangsan kaping 12 Agustus 1929, sarèhning kula botên sagêt nyêrat, saking têmên kula ngaturakên tôndha dumuk jêmpol kiwa kados ing ngandhap punika.

Katampi kaping 18 Nopèmbêr 1929.

Martawijaya

Ingkang nyumêrêpi

1. Purwa [...]

--- [230a] ---

2. Kasanrêja

3. Martasêtika

Ingkang maringakên

[Grafik tanda tangan]

--- [231] ---

W.g. Martanagara - Pangageng Kantor Kapatihan, 12 Agustus 1932

Turunan

Ôngka: 5806/24

Bab têtêmbunganipun abdi dalêm mantri pananggap dhatêng lurah dhusun.

Sêrat saking abdi dalêm Bupati Klathèn katur pangagênging kantor Kapatihan golongan.

Nuwun, sakawit kula tampi aturipun abdi dalêm wadana dhistrik Jatinom, suraos anyuwun mitêrangakên, manawi abdi dalêm mantri pananggap andamêl sêrat dhatêng abdi dalêm lurah dhusun, punapadene kosokwangsulipun, lurah dhusun dhatêng abdi dalêm mantri pananggap, punika têtêmbunganipun krama punapa ngoko, pêrlu kangge waton supados sampun wontên salingsingan pamanggih.

Aturipun abdi dalêm wadana dhistrik Jatinom wau lajêng kula dangokakên dhatêng abdi dalêm wadana dhistrik wawêngkon kabupatèn Klathèn, kadospundi mênggah ingkang sampun kalampahan katindakakên, kawontênanipun botên sami. Abdi dalêm mantri pananggap manawi andamêl sêrat tumrap paprentahan dhatêng kalurahan dhusun, têmbungipun wontên ingkang krama, wontên ingkang mawi têmbung madya krama, wontên ingkang mawi têmbung ngoko. Dene lurah dhusun dhatêng kamantrèn pananggap ingkang sampun-sampun mawi têmbung krama. Ing sarèhning wontên kawontênan ingkang kasêbut ing nginggil, pamanggih kula pêrlu dipun paringi waton bab tatêmbunganipun wau. Tumrapipun babagan sêrat dhinês, abdi dalêm mantri pananggap prayogi mawi têmbung ngoko. Dene lurah dhusun dhatêng mantri pananggap mawi têmbung krama. Namung botên mawi têmbung aku kowe, upamanipun sêratipun mantri pananggap dhatêng kalurahan.

Kônca lurah desa ... besuk dina ... kaping ... jam ... esuk, ing pananggap Cèpèr, namtokake sowane kônca carik desa ... parlu kadhawuhan anggarap bayaran sêtat kasepan, kaèstokna.

Kaping ...

Abdi dalêm mantri pananggap ing Cèpèr.

Sêratipun abdi dalêm lurah dhusun dhatêng abdi dalêm mantri pananggap upaminipun:

Sêrat katur kamantrèn pananggap ing Cèpèr.

Nuwun, asarêng punika kula nyowanakên pun Kusman, griya ing Kajèn, [Kajè...]

--- [231a] ---

[...n,] parlu badhe nyuwun katrangan bab sêsanggènipun paos, ingkang punika salajêngipun kaparingan katrangan kula nuwun sumôngga.

Kaping ...

Abdi dalêm lurah dhusun ing ...

Nuwun, mênggah punika kula nyuwun cumadhong dhawuh. Kaparêngipun nagari.

Katur kaping 12 Agustus 1932.

Bupati Klathèn

W.G. Martanagara

Sampun cocog

[Grafik tanda tangan]

--- [232] ---

Wiryadiningrat - Anonim, 17 Januari 1931

Palapuran kawontênanipun pakêmpalan kawruh kaniyagan, kacêkak: K.K.

Pakêmpalan punika adêgipun kaparingan palilah nagari kawrat sêrat katitimasan kaping 17 Januari 1928, ôngka 1 A3/II sarta dipun ayomi Pahêman Radyapustaka:

1. Kawontênanipun pangrèh

Pangarsa, Radèn Mas Arya Wiryadiningrat
Mudha pangarsa, Radèn Ngabèi Purwasastra
Panitra, Mas Ngabèi Sutasukarya
Artaka, Mas Ngabèi Jayakartika
Panitya, Mas Ngabèi Citrairannya
Panitya, Mas Èsmusubrata
Panitya, Mas Ngabèi Atmamardawa
Panitya, Mas Ngabèi Purwa Pangrawit
Panitya, Mas Ngabèi Wirawiyaga

Wiwit adêgipun pakêmpalan dumugi pungkasaning taun 1930, pangrèh botên ewah, amung artaka Mas Ngabèi Praya Artana nyuwun kèndêl amargi sampun kathah padamêlanipun wajib. Wiwit taun 1930, kasalinan Mas Ngabèi Jayakartika.

2. Kawontênanipun warga:

Pungkasan taun 1929, warga wontên 68 | Mêdal saking panyuwunipun piyambak amargi pindhah panggenan 32 | Kantun 36 | Warga anyar 53 | Dados pungkasaning taun 1930 gunggung wontên warga 89

3. Kawontênanipun arta pakêmpalan

Pungkasaning taun 1929, arta wontên f 16,04 | Kontribisi saking warga salêbêtipun taun 1930 f 217,- | Gunggung f 233,04 | Kawêdalakên kangge kabêtahaning pakêmpalan sarta pasinaon f 218,83 | Dados pungkasanipun taun 1930, arta kantun f 14,21

--- [232a] ---

4. Parêpatan

Parêpatan pangrèh kaping 4

Parêpatan warga kaping 3

Nêtêpakên salining artaka, Mas Ngabèi Jayakartika.

Nêtêpakên wêwahing dintên pasinaon

Nêtêpakên pambagenipun warga dados kalih perangan.

Perangan I warga ingkang sampun lumampah nabuh.

Perangan II warga ingkang dèrèng lumampah.

Nêtêpakên sabên sataun sapisan damêl muryalaras.

Nêtêpakên warga perangan I sinau nabuhi ringgitan wacucal.

5. Dintên pasinaon

Warga perangan I

Sabên malêm tanggal 1 sarta malêm tanggal 15 sinau nabuh gêndhing ingkang badhe kangge muryalaras, wontên dalêmipun pangarsa.

Sabên malêm Jumungah ingkang kaping kalih sarta kaping sakawan, sinau nabuhi ringgitan wacucal, mawi adêgan ringgitipun, wontên musium.

Warga perangan II

Sabên malêm Slasa kaping sapisan, kaping kalih kaping tiga sakawan, sinau nabuh wontên musium.

Ing petang sabên sawulan warga perangan I sinau kaping 4, warga perangan II ugi kaping 4. Sadaya wau mêndhêt ing wulan Walandi.

Warga perangan I sabên malêm Slasa ugi kenging dhatêng, parlu rêrencang nglarêsakênnglêrêsakên. panabuhipun warga perangan II, kosokwangsulipun, perangan II ugi kenging dhatêng dintên pasinaonipun, perangan I tumut nabuh manawi wontên kakiranganipun tabuhan, sarta mirêngakên.

Dintên pasinaon wau manawi tumbuk kaêlih kaajêngakên utawi kaundurakên, dados ajêg sabên sawulan gunggung sinau kaping 8 rambahan.

6. Pandamêlan

Gêndhing ingkang kawulangakên, kasêrat nutipun lajêng kagudir, warga sami kasukanan nyatunggal, kawulang lampahing nut, kawulang mawa nut miturut larasing gôngsa wiwit jam 8 dumugi jam 9, jam 9 dumugi jam 10 asinau nuthuk punapa thuthukanipun piyambak, lajêng sêsarêngan nabuh ngantos dumugi jam 12.

Gêndhing ingkang sampun kaajarakên, perangan I kalêbêt gêndhing ringgitan sampun 36 gêndhing, perangan II 8 gêndhing.

Panuntun tumrap tiori, sarta damêl nut, Mas Ngabèi Sutasukarya, panitra.

Panuntun tumrap pratig, nyinau thuthukan, Mas Ngabèi Wirawiyaga, 2. Mas Lurah Dayapradôngga.

7. Kamajêngan.

Ha. Adamêl pangèngêt-èngêt adêgipun pakêmpalan sampun kalih

--- [232b] ---

taun wilujêng, mawi kalênengan katabuh para warga piyambak, wontên dalêmipun pangarsa, nyêdhahi para ingkang mangrêtos dhatêng têtabuhan.

Na. Adamêl muryalaras, mawi nyêdhahi para luhur para pakêmpalan, kasuwun maringi wakil wontên abipraya.

Katur tanggal kaping 17 Januari 1931.

Pangarsa, Wiryadiningrat

Panitra Sutasukarya.

--- [233] ---

Puspanagara - Pangageng Kantor Kapatihan Golongan A, 2 Mei 1929

Ôngka 1259 B/-/29. Agd 943 / 3/5-29 A/3/II

Bab tiyang manggih barang.

Sêrat saking abdi dalêm bupati Klathèn, katur pangagêng kantor Kapatihan golongan A.

Ingkang kula aturakên, awit saking sêrat palapuranipun asistèn wadana ing Karanganom katitimasan kaping 25 April 1929 ôngka 607/-/29 mratelakakên, nalika tanggal kaping 23 April 1929 tiyang nama Surakarya, ing dhukuh Bungkusan dhusun Krajan, wanci enjing pinuju rêrêsik ing pakaranganipun manggih mas mawi lètêr I.S kula aturakên asarêng punika.

Ingkang punika kula anyumanggakakên saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Klathèn kaping 2 Mèi 1929.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

Puspanagara.

Kaparingakên musium.

1395C/3-5-29.

--- [234] ---

Abdi Dalem Bupati Klaten - Pangageng Kantor Kapatihan Golongan A, 4 April 1929

Ôngka 949 B/-/29.

Bab tiyang manggih barang kina.

Sêrat saking abdi dalêm bupati Klathèn, katur pangagêng kantor Kapatihan golongan A.

Ingkang kula aturakên, awit saking sêrat palapuranipun abdi dalêm asistèn wadana ing Gondhangwinangun, katitimasan kaping 26 Marêt 1929 ôngka 346/6 mratelakakên, nalika tanggal kaping 25 Marêt 1929 tiyang nama Sôntairana, griya dhusun Tangkisan, kalurahan dhusun Tawangsankraton (Gondhangwinangun) pinuju andhongklak tunggakan dêling wontên ing pakaranganipun, manggih barang kina warni 2 iji kêda, 3 iji mangkok.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Klathèn kaping 4 April 1929.

Abdi dalêm bupati Klathèn.

[Grafik tanda tangan]

Kaparingakên musium A3/II

[Grafik tanda tangan]

6/4 29

1137C/ 6/6-29

Ag 738 A/3/II / 6-4-29.

--- [235] ---

Pepatih Dalem - Raden Mas Arya Wuryaningrat, 6 Juli 1927

Ôngka: 1183/ II D/3

Gêgêntine pangarsa

Dhawuh marang Radèn Mas Arya Wuryaningrat, pangarsa Pahêman Radyapustaka, anggon pakênira anyuwun lèrèn anggon pakênira dadi pangarsaning Pahêman Radyapustaka iku manawa pakênira adrêng, amarga ora bisa ngèstokake tatanan manira, iya bakal manira marêngake,parêngake. pagaweane wasesa banjur pasrahna marang kondhanging wasesa, dene yèn pinuju ora ana, marang pangrèh kang tuwa [...] gone dadi pangrèh, dene sapa kang bakal manira gêntèkake dadi wasesa, iku manira bakal mundhut rêmbuge Pahêman Radyapustaka.

Dhawuhing parentah kaping 6 Juli 1927.

Pêpatih dalêm

[Grafik tanda tangan]

Garapan wisudha

[Grafik tanda tangan]

Agd No. 52 / 9-7-27

--- [236] ---

Kantor Kapatihan - Paheman Radyapustaka, 20 Juli 1929

Golongan paprentahan pangrèh praja

Ôngka: 2463C/1632 A/3/II

Bab Kangjêng Raja Siyêm botên saèstu rawuh ing musium.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimasan kaping 17 Juni 1929, ôngka 172, sampun kauningan, paring sumêrêp bilih Kangjêng Raja Siyêm botên saèstu rawuh mariksani ing musium sarta ing Sriwêdari. Bab panyuwunipun mulyakakên griya bèigêbao ing musium, sampun kadhawuhakên dumatêng wadana Kartipraja supados kalêbêtakên bêgrutêng taun 1930, pangarsaning Pahêman Radyapustaka supados sumêrêp ing saparlunipun.

Kantor Kapatihan kaping 20 Juli 1929.

[Grafik tanda tangan]

[Grafik tanda tangan]

Katur mudha pangarsa

Pra

Agd. no.109 RP / 23/7-29

--- [237] ---

Kantor Kapatihan - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 9 Juni 1930

Golongan paprentahan pangrèh praja

Ôngka 1783C/852A/3/II

Bab pratelan buku-buku kawontênanipun ing Porsêtênlandhên.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, asarêng punika maringakên têtêdhakan sêratipun kangjêng tuwan guprênur, katitimasan kaping 10 April 1930, ôngka 595/S kanthi pratelan buku-buku bab kawontênanipun ing Porsêtênlandhên, kaparêngipun pêpatih dalêm, Radyapustaka kadhawuhan tumbas buku-buku wau saking sakêdhik, mêndhêt saking arta sadhiyan tumbasan buku.

Kantor Kapatihan kaping 9 Juni 1930.

[Grafik tanda tangan]

--- [238] ---

Kantor Kapatihan - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 4 Mei 1929

Golongan paprentahan pangrèh praja.

Ôngka 1385C/[...]43 A/3/II

Bab barang kina.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, asarêng punika maringakên sêrat paturanipun abdi dalêm bupati Klathèn ... katitimasan kaping 2 Mèi 1929, ôngka 1259B/29 mratelakakên tiyang nama Surakarya, dhukuh Bungkusan, dhusun Krajan, manggih mas mawi lètêr I.S. kaparingakên asarêng punika.

...

Barang wau kadhawuhan mariksa punapa pêrlu sumimpên ing musium. Punapa katranganipun kadhawuhan lajêng angladosakên paturan.

Kantor Kapatihan kaping 4 Mèi 1929.

[Grafik tanda tangan]

Arta slaka ôngka 265

Agd No 63 R.P.

--- [239] ---

Kantor Kapatihan - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 8 April 1929

Durung rampung

Golongan paprentahan pangrèh praja

Ôngka: 1137C/738 A/3/II

Bab barang kina

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, asarêng punika maringakên sêrat paturanipun abdi dalêm bupati Klathèn ... katitimasan kaping 4 April 1929, ôngka 949B/29, anglapurakên tiyang nama Sôntairana, griya ing dhusun Tangkisan (Gondhangwinangun) pinuju andhongklak tunggak dêling wontên ing pakaranganipun, manggih barang kina warni 2 iji kêda, 3 iji mangkok.

Barang wau punapa pêrlu sumimpên ing musium. Punapa katranganipun kadhawuhan lajêng angladosakên paturan.

Kantor Kapatihan kaping 8 April 1929.

[Grafik tanda tangan]

Konjuk

Pra

Botên kapundhut, kawangsulakên kaping 28/8-29

Agd. No. 48 R.P/ 9-4-29

--- [240] ---

Kantor Kapatihan - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 13 April 1929

Golongan paprentahan pangrèh praja

Ôngka 1181C/772A/3/II

Bab barang kina

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, asarêng punika maringakên sêrat paturanipun abdi dalêm bupati Klathèn ... katitimasan kaping 10 April 1929, amratelakakên, Sastrasuwignya carik kalurahan dhusun ing Kadilaju (Jaganalan) manggih bogêm kapêndhêm ing siti, isi arta rupiyah kina 450 iji, ringgit salaka 15 iji, têngahan salaka 9 iji, gunggung sadaya 480 iji.

Barang wau punapa pêrlu sumimpên ing musium. Punapa katranganipun kadhawuhan lajêng angladosakên paturan.

Kantor Kapatihan kaping 13 April 1929.

[Grafik tanda tangan]

Konjuk

Pra

Agd No. 49 R.P/ 14-4-29

--- [241] ---

Kantor Kapatihan - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 26 April 1929

Golongan paprentahan pangrèh praja

Ôngka 1317C/874 A/3/II

Bab barang kina

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, asarêng punika maringakên sêrat paturanipun abdi dalêm bupati Klathèn ... katitimasan kaping ... April 1929, ôngka 1189 B/29, kanthi kêda 2 iji, mangkok 3 iji, ingkang dipun panggih Sôntawirana dhusun Tangkisan (Gondhangwinangun), ringgid rupiyah ukon cacah 480 iji, ingkang dipun panggih Sastrasuwignya ... .

Barang wau kadhawuhan mariksa punapa pêrlu sumimpên ing musium, punapa katranganipun kadhawuhan lajêng angladosakên paturan.

Kantor Kapatihan kaping 26 April 1929.

[Grafik tanda tangan]

Konjuk

Pra

Agd No. 61 R.P./ 6-5-29

--- [242] ---

Pangarsa Paheman Radyapustaka - Pepatih Dalem, Pebruari 1935

Ôngka

Sêrat paturanipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka, katur pêpatih dalêm.

Nuwun, awit saking sêrat dhawuh kasêbut sêratipun pangagênging kantor Kapatihan golongan B, katitimangsan kaping 22 Januari 1935, ôngka 294B/2/I, ciri wados, punika miturut kawontênan tataning pajagèn sarta rêrêsik kagungan dalêm barang musium sapapanipun, sampun botên sagêd kasuda. Dening bilih kasuda badhe botên kacêkap rêsikanipun, manawi kapêksa nyuda sagêdipun namung jajar jaga musium satunggal, amargi pandamêlanipun namung jagi saha sade karcis manawi siyang, dene waragad ingkang kenging kasuda, namung lêngganan sêrat kabar sarta anggèning dados warganipun gênutsêkap sasaminipun, pamanah kula kados pratelan ingkang katur asarêng punika, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping ... Pèbruari 1935.

Mudha pangarsa

Panitra.

--- [243] ---

Pangarsa Paheman Radyapustaka - Pepatih Dalem, 4 Desember 1934

Têtêdhakan

Sêrat paturanipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, Pahêman Radyapustaka ngaturi uninga, nalika malêm Sabtu tanggal kaping 23 wulan Saban taun Wawu, ôngka 1865, utawi kaping 30 Nopèmbêr taun 1934, Pahêman Radyapustaka parêpatan warga mirunggan, ingkang dhatêng, pangrèh jangkêp, warga kalêbêt kathah. Mênggah prêlunipun, ngrêmbag pèngêtan parêpatanipun para wakil sèlêb bêstir Jawi sakawan kalihan Guprênur Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta, nalika kaping 10 Sèptèmbêr 1934, kados ingkang kawrat ing sêrat-sêrat kabar adêg-adêg 5 bab aksara ing sêrat-sêrat dhinês manawi ngangge têmbung Jawi. Parêpatan wau mutus badhe ngwontênakên kumisi ingkang kapatah mahamakên panganggenipun aksara Jawi prayogi kalêstarèkakên kados samangke punapa kadospundi.

Rêmbag makatên wau lajêng dados rêmbag rame wontên ing sêrat-sêrat kabar Jawi, Indhonesiah [...] saha sanès-sanèsipun, punapadene pêpanggihanipun pakêmpal pakêmpalan sarta ingkang migatosakên bab punika, nanging prasasat namung ngambali rêmbag-rêmbag ingkang sampun, inggih punika bab bilih sêrat-sêrat têmbung Jawi kasêrat mawi aksara Latin, sami botên angrujuki.

Awit saking punika Pahêman Radyapustaka prêlu nyuwun katrangan dhatêng parentah, [...] mênggah ingkang dipun karsakakên dening parentah wau punapa inggih lêrês bab têmbung Jawi kasêrat mawi aksara Latin, bilih makatên, Radyapustaka ugi botên angrujuki, katranganing sabab-sababipun kados ingkang kasêbut kanthinipun sêrat paturan punika. Kados ingkang kawrat Pusaka Jawi, taun 1927 ôngka 3, dene bilih karsanipun parentah badhe angewahi wêwangunan utawi rêricikanipun aksara Jawi supados sagêd prayogi kanggenipun ing jaman sapunika, bilih parentah marêngakên, Radyapustaka nyuwun mugi kakarsakakên tumut angrêmbag, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 4 Dhesèmbêr 1934.

Mudha pangarsa

W.G. Suryaamijaya

Panitra

W.G. Prajakintaka

Sampun cocog

[Grafik tanda tangan]

--- [244] ---

Atmasuprapta - Bandara Kangjeng Pangeran Arya Suryaamijaya, 15 April 1931

Nyadhong dhawuh komisi Wuryaningratan.

Surya

Sêrat sayogi katur panjênêngan dalêm, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, pangarsaning Pahêman Radyapustaka ing Surakarta.

Nuwun awiyosipun, bilih kaparêng ing panggalih dalêm, sarta botên wontên kawratanipun, kula kapengin nyuwun sowan pêpanggihan, parlu mitêrangakên bab kawontênanipun Radyapustaka, anggènipun badhe ngumumakên kasusastran Jawi dalasan ôngka. Sagêtipun nampi benjing dintên punapa, kula amung dhèrèk ing sakarsa dalêm.

Ing wasana kula angajêng-ajêng dhawuh waluyan dalêm. Ing sadèrèngipun kula matur sêmbah nuwun.

Ngayugyakarta, tanggal kaping 26 Dulkangidah, Jimawal 1861 utawi surya kaping 15 April 1931.

Atmasuprapta

Agd No.86 RP/ 22/4 31

--- [245] ---

Atmasuprapta - Raden Mas Arya Wuryaningrat, 14 Mei 1931

Sêrat sayogi katur pangarsaning panitya kasusastran ing Surakarta, Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Nuwun awiyosipun, kula sampun nampèni sêratipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka, katiti kaping 28 April 1931, ôngka 113: suraos mangsuli sêrat kula ingkang katiti kaping 15 April 1931, ingkang lajêng kapasrahakên panitya kasusastran, sarta lajênging rêmbag-rêmbag kula wau supados têpang dhatêng panitya.

Awit saking punika manawi panitya botên wontên kawratanipun, kula nyuwun anglajêngakên sêdya kula wau, ananging purtikliran (pêrsun) rumiyin, manawi panitya sagêd nampi benjing punapa sarta wontên ing pundi, kula nganthi kônca satunggal, ing sadèrèngipun kula matur nuwun.

Ing wasana kula angajêng-ajêng katrangan.

Ngayugyakarta kaping 14 Mèi 1931.

Atmasuprapta

[...]

--- [246] ---

Atmasuprapta - Panitya Kasusastran Radyapustaka, 3 Juni 1931

Katur panjênênganipun panitraning panitya kasusastran Radyapustaka, ing Surakarta.

Nuwun, kula sampun tampi sêrat panjênêngan, katiti kaping 30/5-31, ôngka 3, punapa suraosipun kula sampun mangêrtos, bab punika kula botên sagêt andhatêngi, jalaran wontên alangan, mugi andadosna kawuningan.

Ngayogyakarta kaping 3/6-31.

Atmasuprapta.

--- [247] ---

Kabib Arum - Raden Mas Ngabei Prajakintaka, 9 Jumadilawal Alip 1867

Ôngka 1083 A/I

Sêrat saking Kawadanan Yogaswara, katur Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, ing kantor Radyapustaka Sriwêdari.

Anyêkapi sêratipun Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, dhumatêng Radèn Ngabèi Prajapangripta, kaping 26 Juli 1936, ôngka 224/RP. kawontênanipun pèngêtan amung kados ing ngandhap punika.

I. Pambangunipun gapura salin mawi wêwangunan cengkok gapura masjid Islam, punika marêngi ing taun Isaka 1830.

II. Yasan dalêm manara, sami ing masjid Agêng, amarêngi wiyosan dalêm tumbuk kaping kalih 64 taun, nalika taun Isaka 1859.

Kajawi kasbutinggil,kasbut nginggil. tumrap Radèn Ngabèi Prajapangripta, sapunika sampun kèndêl padamêlanipun garap, andadosna pariksa.

Kaping 9 Jumadilawal Alip 1867.

Kondhang

Kabib Arum

--- [248] ---

Prajapangripta - Raden Mas Ngabei Prajakintaka, 6 Oktober 1932

Kula nuwun, anyêkapi sêratipun anggèr Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, katitimasan kaping 4 Oktobêr 1932, ôngka 291.

Nalika kagungan dalêm masjid Agêng (Pudyaraharja) kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kabangun malih margi sirap sampun kathah ingkang risak gripis pêcah (trocoh) manawi jawah, amarêngi ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 29 Rabingulakir Jimakir 1842, èngêt-èngêtan kaparêngipun swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat (Endraprastha) taksih jumênêng pêpatih dalêm, sarêmbag kalihan komisi ingkang nami kapatah nênggani pandamêlan pambikakipun sapanunggalanipun: 1. Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom, 2. Kangjêng Radèn Mas Arya Suryanagara, bupati bêkêl jawi swargi, 3. Kangjêng Radèn Mas Arya Jayaningrat, bupati bêkêl lêbêt, 4. Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Wrêksadiningrat, bupati kalang swargi. Sarèhning kagungan dalêm mustaka jêne (mas) sampun kathah ingkang risak rimpil jênenipun sawarni kathah nglothok masipun. Sadèrènging sagêd amulyakakên wêtahipun mas wau, prayogi kasalinan rumiyin kagêm tambêl rêbat cêkap. Para komisi mupakat (mustaka mas) lajêng kadhawuhan ngandhapakên. Ingkang ngandhapakên abdi dalêm mantri kalang, Mas Ngabèi Krêtawijaya, griya kampung Kêmlayan. Bibar ngandhapakên mustaka raosan badan kraos bêntèr, lajêng pamit mantuk rumiyin. Sakit antawis tigang dintên lajêng tilar dunya, dene mandhapipun [mandha...]

--- [248a] ---

[...pipun] mustaka mas wau, marêngi tingalan dalêm wiyosan taun tanggal kaping 21 Rêjêb Jimakir 1842.

Wondene pasangipun mustaka salinan anyar, punika èngêt-èngêtan wontên ing tanggal kaping 1 Sakban (Ruwah) Jimakir 1842. Amurih sampun ngantos trocoh manawi wontên jawah. Dene panèthèl lajêng têrus pasang sirap dèrèng rampung sawêg dumugi êmpyak pananggap. 2. Mustaka kadamêl saking sèng sari, wêwangunan bôngsa Eropah. Ingkang iyasa arsitèk dalêm Wadana Kartipraja (Tuwan Radhêmakêr) anyumanggakakên.

Sinêrat tanggal kaping 6 Oktobêr 1932.

Pun uwa Prajapangripta.

--- [249] ---

Anonim - Raden Tumenggung Citradipura, 13 Pebruari 1931

Katur Kyai Bêkêl Radèn Tumênggung Citradipura.

Pangagênging komisi kriya sampun nampèni rèngrèng saking Radèn Ngabèi Prajakintaka, bab dhuwungipun Ngabèi Karyasukadga, ingkang kaaturakên dadaran, nuwun.

Katur kaping 13 Pèbruari 1931.

[Grafik tanda tangan]

--- [250] ---

Pangageng Komisi Kriya - Pangageng Parentah Karaton, 11-2-31

Rèngrèng

Sêratipun pangagênging komisi kriya, katur pangagênging parentah karaton.

Komisi kriya sampun anampèni sêrat dhawuhing parentah karaton katitimangsan kaping 21 Januari 1931, ôngka 112/8 Ha II, kanthi dhawuh nagari katitimangsan kaping 13 Januari 1931, ôngka 34 [...]/1/I, andangu sêrat katitimangsan kaping 3 Januari 1931, ôngka 23 Ka/II sakanthinipun, sampun lajêng karêmbag para lid. Anggèning kaaturakên nyulayani kalihan wêwaton, sapunika manawi komisi mariksa wau kêdah nyumêrêpi pandamêlipun, manawi botên nyumêrêpi, kangge wêwaton komisi nêtêpakên manawi barang wau damêlanipun ingkang dipun komisi piyambak, punapadene wontênipun wêwaton tumrap panèwu saha mantri botên mawi kasêbutakên pandamêlipun kêdah wontên ngajêngipun komisi punika namung kangge kalonggaran. Saha anjêmbarakên panindakipun komisi. Amargi ingatasipun papriksan mantri, ingkang kapariksa tamtu sampun sagêd dhatêng pandamêlan, jajar saha lurah, papriksan panèwu, tamtu sampun sagêd pandamêlan mantri. Salajêngipun, upaminipun papriksan panèwu, damêl dhuwung môngka mantri sampun sagêd damêl dhuwung, namung kaot panèwu kêdah sagêd damêl [damê...]

--- [250a] ---

[...l] dhuwung mawi papêthan naga sasaminipun. Dados wêkdal garap, ingkang parlu dipun sumêrêpi komisi, wêkdal garap papêthan wau, amargi bab panggarapipun dhuwung sampun dipun sumêrêpi komisi, sagêd. Wêkdal kadadar calon mantri, amila pamanahipun para lit komisi, bab anggèning Ngabèi Karyasukatga ngaturakên babaran dhuwung ingkang mawi papêthan dhapur sasrasubrahwa kaaturakên kangge anyambêti papriksan panèwu pandhe, sarèhning komisi anggadhahi samar-samar, manawi kangge papriksan pakèwêt. Mênggah punika kula sumôngga.

Katur tanggal kaping

--- [250b] ---

Awit saking dhawuhipun ingkang bupati sêrat rèngrèng punika, manawi wontên ingkang dèrèng dipun rujuki, supados kaewahan. Sarampungipun kapundhut wangsul.

11/02/1931

[Grafik tanda tangan]

Kaparingakên:

1. Citradipuran.

2. Prajakintakan.

3. Wirasukatgan.

--- [251] ---

Ki Raden Jayasayana - Nurrawi, 17 Jumadilawal Ehe 1860 A.J. [21 Oktober 1929 A.D.]

Dintên punika Sênèn tanggal kaping 17 wulan Jumadilawal taun Ehe ôngka 1860.

Kawula Ki Radèn Jayasayana, supata dêmi Alah dêmi Rasul kados ing ngandhap punika.

1. Kawula apratela, anggèn kawula kakarsakakên dados abdi dalêm, punika botên mawi sarana kasagahan utawi pawèwèh, badhe nyagahi utawi nyukani pawèwèh sadhengaha sasêrêpanipun ingkang minôngka rêruba dhatêng sintên-sintêna.

2. Kawula sanggêm têmên-têmên sêtyatuhu sumungkêm ing sahandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan, saha angaosi ing pêpatih dalêm, tuwin angèstokakên sadaya dhawuhing timbalan dalêm, saha dhawuhipun pêpatih dalêm, utawi dhawuhipun ingkang wajib ngêrèhakên kawula.

3. Kawula têmên-têmên badhe ngêkêr samukawis ingkang kabêkta saking nalaripun utawi ingkang kadhawuhakên kêdah winadi.

4. Salêbêtipun kawula kakarsakakên majibi padamêlan, jajar jaga musium, sanggêm mindêng manah sasagêd-sagêd ngangkah indhaking prayoginipun padamêlan kawula.

5. Manawi kawula kapundhutan pamanggih sanggêm ngaturakên kalihan têmên-têmên sagaduging pamanah kawula ingkang suci murih prayoginipun.

6. Anggèn kawula nyambut damêl ingkang dados wajib kawula, sanggêm akalihan budi suci, têmên-têmên, mituhu botên paracidra, murih kauntungan kawula, utawi kauntunganipun tiyang sanès, sarta murih kasusahan saha kalêpatanipun inggil-inggilan kawula tuwin kônca kawula nyambut damêl, saha botên badhe nindakakên kaasilan kawula ingkang gêgayutan kalihan garapan kawula.

7. Kawula sanggêm botên badhe nandukakên padamêl ingkang adamêl karibêdan saha kasusahan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, karibêdanipun karaton utawi nagari.

8. Kawula sanggêm anggèn kawula nindakakên padamêlan wajib kawula badhe botên nampèni kasagahan utawi pawèwèh ingkang minôngka rêruba saking sintên-sintêna.

9. Kawula sanggêm botên badhe mratikêlakên dhumatêng tiyang ingkang gadhah prêlu magêpokan garapan utawi padamêlan kawula, ingkang lêrêsipun botên pikantuk, [pi...]

--- [251a] ---

[...kantuk,] lajêng anjalari dados lan pikantukipun.

10. Anggèn kawula nindakakên padamêlan kawula sanggêm badhe botên ambaukapine, utawi botên badhe nalisir saking lêrês.

Anggèn kawula supata anyanggêmi sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau botên saking kapêksa, gugon tuhon pambujuk sasaminipun, nanging saking eklasing manah kawula piyambak.

Manawi kawula botên nêtêpi supata saha sêsanggêman kawula wau, sanadyan amung salah satunggal, mugi angsala bêbênduning Allah.

Mênggah panindak ingkang kasêbut ing nginggil wau kapacak ing prosès prêbal punika rangkêp kalih mawi kula tandhani sarta dipun tandhani dening ingkang kasumpah punapadene pangulu ingkang nindakakên panyumpah.

[Grafik tanda tangan]

Nyumêrêpi.

Ingkang matrapakên sumpah

Nurrawi.

Prajakintaka.

Jayasayana.

--- [252] ---

Tumenggung Mangunnagara - Kangjeng Pangeran Arya Adiwijaya, 29 Agustus 1929

Sêrat saha sêmbah sungkêm kawula pun Tumênggung Mangunnagara, konjuk ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, ingkang sinatriya agung ing karaton dalêm nagari Surakarta Adiningrat.

Kawula nuwun, asarêng punika kawula ngunjukakên buku kêklêmpakan wontênipun cêcariyosan kina ing dhusun-dhusun bawah kabupatèn kitha, tumrap ing salêbêtipun kitha sawêg kawula klêmpakakên.

Anjawi punika, pèngêtan cêcariyosan ing bawah Klathèn, ingkang sampun konjuk rumiyin, kawula suwun wangsul badhe kawula saekên.saèkakên.

Konjuk kaping 29 Agustus 1929.

Pun

[Grafik tanda tangan]

Benjing-enjing kula aturakên dhatêng musium.

[Grafik tanda tangan]

14/9 29

--- [253] ---

Kantor Kapatihan - Pangarsa Paheman Radyapustaka, 24 Pebruari 1933

Turunan

Golongan sèkrêtari

Ôngka 175 A/1/I

Panganggèn sowan pasarean

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangarsaning Pahêman Radyapustaka, sarêng punika maringakên turunan dhawuh bab panganggenipun para putra santana abdi dalêm ingkang sami sowan dhatêng pasarean Imagiri, lajêng kadhawuhan andhawuhakên dhatêng para abdi dalêm sawêwêngkon Radyapustaka, supados sami sumêrêp sarta ngèstokakên sapêrlunipun.

Kantor Kapatihan kaping 24 Pèbruari 1933.

W.G. Purwadiningrat.

--- [254] ---

W.G. Jayanagara - Bupati Juru Kunci Imagiri, 22 Pebruari 1933

Golongan sèkrêtari

Ôngka 175 A/1/I

Panganggon seba marang pasarean.

Turunan

Dhawuh marang bupati juru kunci Imagiri, awit saka dhawuh timbalan dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ing mêngko kang padha seba marang pasarean ing Imagiri, katata kaya ing ngisor iki.

1. Tumrape para putra sandanasantana. dalêm kang padha seba jiyarah utawa caos dhahar marang pasarean wawêngkon Surakarta, panganggone kudu kaya manawa seba padinan malêbu ing karaton Surakarta, tumrape para abdi dalêm kudu padha manganggo klanthungan kulambi putih ijo utawa irêng.

2. Yèn ana prêlu liya utawa ana layon sapêpadhane, para putra santana abdi dalêm mau kudu padha manganggo madhani utusan dalêm.

3. Yèn seba marang pasarean wawêngkon Ngayogyakarta, kudu padha manut tatanan Ngayogyakarta, mung panganggone miturut carane dhewe, kosokbaline yèn putra santana abdi dalêm Ngayogyakarta seba marang pasarean wawêngkon Surakarta uga kudu padha manut tatanan Surakarta, mung panganggone miturut carane dhewe.

4. Yèn ana pêrlune karaton loro kang bêbarêngan, panganggone lastari kaya tatanane dhewe-dhewe.

Kang iku banjur pakênira tindakna saprêlune.

Dhawuhing parentah kaping 22 Pèbruari 1933.

Pêpatih dalêm

Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.G. Jayanagara

Sampun cocog

[Grafik tanda tangan]

Ingkang nyêrat pun Arjasayana.

--- [255] ---

Panitra Narpawandawa - Raden Mas Ngabei Prajakintaka, 23 Oktober 1934

Katur Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka.

Nuwun, kasêbut cirinipun mudha pangarsa Narpawandawa, kawrat ing sawalik punika, mugi kaparênga paring sasêrêpan, bab sêsêbutanipun putra dalêm P.B. I têtiga pisan ugi ingkang kasêbut sawalik punika, wasana sadèrèng sasampunipun matur nuwun, saha ngajêng-ajêng katrangan.

Kaping 23 Oktobêr 1934.

Panitra Narpawandawa

[Grafik tanda tangan]

--- [256] ---

Panitra - Muda pangarsa, 22/10 34

Sêsêbutane takona R.M. Ng. Prajakintaka.

Surya

Katur mudha pangarsa.

Nuwun, asarêng punika ngaturakên rèngrèng badhe kaunjuk pêpuji ing kasugêngan dalêm, sarèhning kula dèrèng nate, mila kula sumanggakakên prayogi tuwin têtêpipun ing tata ngadat karaton.

Tumrap bab sasêbutanipun para putra dalêm P.B.I manawi ing sêrat sajarah namung radèn mas kemawon, nanging sarèhning putra dalêm têtiga wau sami miyos saking pramèswari dalêm, punapa inggih lêrês amung radèn mas kemawon, lêrês lêpatipun nyumanggakakên mudha pangarsa. Wasana manawi sampun kagalih prayogi, rèngrèng kasuwun mandhap lajêng badhe kapacak.

Panitra.

[Grafik tanda tangan]

22/10 34.

--- [257] ---

Wirapustaka - Waradarma, 12 Juli 1922

Katur Waradarma

Kula nuwun, panêdhakipun Kuran, taksih kalajêngakên, ingkang kula dhawahi nyêrat Ki Ranasubaya, sêratanipun sae, nanging namung kasambang, sapunika lajêng kula dhawahi nyêlakakên. Mugi kauningan, ingkang katêdhak wiwit ôngka 1 dumugi 9 ingkang sampun kacithak, punika kemawon sanès padamêlan sakêdhik, sambêtipun jus 10 dumugi 30 kula nyuwun rêmbagipun Waradarma, mugi panjênêngan dalêm kiyai lurah kaparêng ngrêmbag sakecanipun.

Kaping 12 Juli 1922.

Wirapustaka

Kula suwunakên rêmbagipun para warga, sakawit kula kintun sêrat dhatêng Pahêman Radyapustaka, suka wuninga bilih panêdhakipun Kuran ing têmbung Jawi dumugi dintên punika sampun tamat, murih botên cicir, kula mrayogèkakên supados dipun inggahakên ing buk wontên Pahêman Radyapustaka, wangsulanipun ing nginggil punika.

Jaksanagara.

--- [258] ---

Prajasumarta - Wirapustaka

Kula nuwun, pamanggih kula Waradarma namung ngaturakên dhatêng Radyapustaka, manawi kaparêng ngimpu, eman bilih ngantosa pating bacècèr, ananging sarèhipun padamêlan nyêrat kathah, nun inggih kêdah sabar dadosipun, sanèsipun Radyapustaka saya wêgah sangêt.

Pun Prajasumarta
Pun Darsapradata
Pun Karyarujita
Pun Prajadirêja
Pun E. Moody

Condhong, nanging jangkêpipun mawi sêratipun pakêmpalan Waradarma ngaturakên Kuran, 1 t/m 9 kanthi kurang 10 t/m 30, ing kangjêng parentah agêng, mawi upse prayoginipun, Radyapustaka tampi saking ngasta dalêm.

Pun Wirapustaka.

--- [259] ---

Jaksanagara - Radyapustaka, 12/7-1912

Katur Radyapustaka

Kula ngaturi uninga, bilih panêdhakipun Kuran ing têmbung Jawi, dumugi dintên punika sampun tamat.

Mênggah panurunipun dhatêng êbuk ing Pahêman Radyapustaka, dumugi dintên punika sawêg angsal pintên jus sarta taksih kalajêngakên punapa kèndêl, manawi kèndêl eman, kuwatos kula manawi botên minggah buk, bokmanawi lami-lami cicir.

12/7 1912.

Jaksanagara.

--- [260] ---

Jaksanagara - Kangjeng Parentah Ageng, 19 Agustus 1912

Kuran, Waradarma

Pakêmpalan Waradarma ing Surakarta, angunjukakên bêkti ing kangjêng parentah agêng Kuran Jawi 8 jus ingkang sampun kacithak dados wolung buk, saha kupiya 22 jus, jangkêp 30 jus, Waradarma botên sagêd anglajêngakên panyithakipun, punika bokmanawi kangjêng parentah agêng karsa anglajêngakên, utawi namung kasêrat dados buk, Waradarma nyumanggakakên, wondene Kuran Jawi 8 buk wolung jus, saha kupiya 22 jus, konjuk asarêng punika.

Katur kaping 19 Agustus 1912.

Jaksanagara.

--- [261] ---

Anonim, 31 Maret 1916

[...]

--- [262] ---

[...]

--- [263] ---

Bab VI

Mungguh undhakan sarta wuwuhan balônja abdi dalêm panèwu mantri garap nagara, gripir jaksa sarta carik-carik lan pamagang kang kasêbut ing bab II, III, IV, V, ing dhuwur mau kang pamêtu utawa balanjane saka pajêg bumi, kaparingan saka kantor wang Kapatihan, kang balanjane saka kas nagara iya kaparingan saka kas nagara.

Bab VII

Abdi dalêm kang balônjane nganggo undhakan kang kasêbut ing dhuwur mau, yèn ana kang kaluputan, kajaba kapatrapan sapantêse undhakane balônja uga kêna kasuda rambahane.

Kêkancingan iki turunane kaparingake abdi dalêm wadana parentah kapatihan, bupati jaksa, sarta panggêdhene kantor Kapatihan lan kas owêr, sarta kantor komtabilitèit, supaya padha anindakake saparlune, lan amaringi sumurup marang karerehane dhewe-dhewe.

Dhawuhing kêkancingan kaping 26 Jumadilawal Je 1846.

Utawa kaping 31 Marêt 1916.

Sampun cocok kalihan lugunipunW.G. Wuryaningrat.

Garapan wisudha

W.G. Prajapradata.

--- [264] ---

Wisesa Paheman Radyapustaka - Kangjeng Parentah Ageng, 15 Nopember 1923

Ôngka 280.

Atur kula wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur ing kangjêng parentah agêng.

Ingkang kula aturakên, kula anampèni sêrat paturanipun Radèn Ngabèi Purbadipura katitimangsan kaping 23 wulan Sapar taun Je ôngka 1854, kula ladosakên asarêng punika, suraos anusuli sêrat paturanipun ingkang katitimangsan kaping 11 wulan Sura ugi taun Je wau, nyuwun mêdal anggènipun kakarsakakên dados warganing Pahêman Radyapustaka.

Awit saking punika, panimbang kula, kêdah kaparêngakên, kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 15 Nopèmbêr 1923.

Wisesa

[Grafik tanda tangan]

18361 / 15/11 23

Panitra

Prajakintaka

Lajêng katur kantor musium, salajêngipun katindakakên nyumanggakakên.

Nitipustaka.

--- [265] ---

Kantor Kapatihan - Ngabei Prajakintaka, 25 Desember 1923

Ôngka 2171/A1/II

Ngabèi Prajakintaka, awit saka dhawuhe pêpatih dalêm, sarèhning saiki rêrêganing barang kabutuhan wus akèh sudane, nagara gone maringi tambahan balônja ing sawatara masa, wiwit taun 1924 kasuda kaya pratelan barêng iki.

Dhawuh kaping 25 Dhesèmbêr 1923.

[Grafik tanda tangan]

Mandhala, iki kaèstokna.

Pra.

Garapan A1/II

Sastraagnyana.

--- [266] ---

Wisesa - Kumisi Redaksi Kasusastran, 28 Desember 1924

Ôngka 353.

Benjing ing dintên Sabtu tanggal kaping 3 Januari 1925 ngajêng punika, wanci jam 7 sontên, Radyapustaka parêpatan pangrèh kalihan kumisi rêdhaksi kasusastran, wontên ing gêdhong musium, angrêmbag sêrat wangsulanipun dhirèktur pan ondêrwis èn èrêdhinês, katitimangsan kaping 13 Dhesèmbêr 1924, sakanthinipun, kadosdene têtêdhakan ingkang sampun kakintunakên dhatêng pangrèh sarta kumisi rêdhaksi kasusastran, wusana sami kaajêng-ajêng amarlokakên.

Kaping 28 Dhesèmbêr 1924.

Wisesa

[Grafik tanda tangan]

Panitra

Prajakintaka

Sarèhning sampun kalajêng nyagahi parlu sanès, dados botên sagêd, nyuwun pamit. 28/12 24.

Dutadilaga.

--- [267] ---

Wisesa - Kumisi Redaksi Kasusastran, 28 Desember 1924

Ôngka 353.

Benjing ing dintên Sabtu tanggal kaping 3 Januari 1925 ngajêng punika, wanci jam 7 sontên, Radyapustaka parêpatan pangrèh kalihan kumisi rêdhaksi kasusastran, wontên ing gêdhong musium, angrêmbag sêrat wangsulanipun dhirèktur pan ondêrwis èn èrêdhinês, katitimangsan kaping 13 Dhesèmbêr 1924, sakanthinipun, kadosdene têtêdhakan ingkang sampun kakintunakên dhatêng pangrèh sarta kumisi rêdhaksi kasusastran, wusana sami kaajêng-ajêng amarlokakên.

Kaping 28 Dhesèmbêr 1924.

Wisesa,

[Grafik tanda tangan]

Pamit, Wôngsanagara.

Panitra, Prajakintaka.

--- [268] ---

Kantor Kapatihan - Abdi Dalem Bupati Bumi, 9 Oktober 1926

Bab lampah

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng abdi dalêm bupati bumi, sasampunipun nagari andhawuhakên bab lampahipun abdi dalêm bupati-bupati anom manawi anglampahi ayahan dalêm dados pangagênging lampah kawrat sêrat dhawuh katitimasan kaping 24 Sèptèmbêr 1926 ôngka 1220 D/1 nagari nampèni paturanipun abdi dalêm bupati bumi gêdhe, suraosipun, manawi ingkang bupati nglampahi ayahan dalêm dados pangagênging lampah, katamtokakên ambêkta mantri carik 1, kabayan 1, bupati anom carik 1, kabayan 1, mênggah carik ingkang kabêkta bupati anom wau mêndhêt saking pundi, margi kawontênanipun sapunika garap kabinèt B sawêg mantri carik 1 kabayan 1. Ing mangke kaparêngipun pêpatih dalêm, sadèrèngipun kantor kabinèt jangkêp carikipun, carik ingkang kabêkta bupati anom bumi gêdhe kalilan mêndhêt carik golongan B sadaya kaubêngakên. Dene carik ingkang kabêkta bupati anom bumi, kalilan mêndhêt carik golongan D sadaya, lajêng kadhawuhan andhawuhakên.

Kantor Kapatihan kaping 9 Oktobêr 1926.

W.G. Wuryaningrat

Garapan sèkrêtari

W.G. Siswapradata

Sampun cocog kalihan lugunipun

Sastradrêta.

--- [269] ---

Anonim

Pratelan uruting abdi dalêm carik ingkang katamtokakên dados kanthining abdi dalêm bupati anom bumi manawi anglampahi ayahan, nuju dados pangagêng lampah.

[Grafik]

--- [270] ---

Kantor Kapatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 8 April 1926

Ôngka 519/II D/3

Raksaka.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, anggènipun Ngabèi Sutasukarya kasuwun pêthil sabên dintên sowan ing musium dados raksaka, kados ingkang kawrat paturan katitimangsan kaping 1 Marêt 1926 ôngka 43, panggalihanipun ngêntosi rampungipun komisèn padamêlan ing Radyapustaka kados ingkang kawrat sêrat katitimangsan kaping 7 Dhesèmbêr 1925 ôngka 1700/I D/3 sarta ngêntosi tatananing kantor kabinèt Kapatihan, supados sumêrêp.

Kantor Kapatihan kaping 8 April 1926.

[Grafik tanda tangan]

Garapan wisudha.

Prajalukita

S. migah

[Grafik tanda tangan]

--- [271] ---

Wisesa Paheman Radyapustaka - Kangjeng Parentah Ageng, 11 Mei 1926

Ôngka 106

Atur kula wisesaning Pahêman Radyapustaka, katur kangjêng parentah agêng.

Nuwun, ingkang kula aturakên, kala nêngah-nêngahi adêging pasinaon dhalang ing Radyapustaka, Radèn Mas Jayadipura ing Ngayogyakarta nêdha lilah ningali sabên pasinaon, ugi kula lilani, kalampahan ngantos sawatawis wulan botên nate towong anggènipun ningali, andungkap badhe sataun lajêng kèndêl botên ningali, wusana gadhah panêmbung, manawi kula suka ing Ngayogyakarta badhe niru adamêl pasinaon dhalang, malah prasabênipun ingkang kagungan karsa Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan saha Kangjêng Tuwan Residhèn kados sêrat paturan kula katitimangsan kaping 2 Juni 1925 ôngka 129, sarêng sampun wontên cirenanipun kangjêng parentah agêng: nguningani, kula lajêng mangsuli botên wontên pakèwêdipun, punika Radèn Mas Jayadipura lajêng adamêl pakêmpalan kanamakakên Abirandha, badhe ngadani pasinaon dhalang wau, kalampahan sagêd ngadêg wontên salêbêtipun wulan Dhesèmbêr 1925, papanipun wontên tilas dalêm kapugêran, pasinaonipun saminggu sapisan sabên malêm Jumungah, mênggah papan sapirantosipun sadaya paring dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, waragadipun kasanggi ing pakêmpalan, satunggal-tunggaling warga sawulanipun urun f 1, nagari paring urunan sataun f 100, pakêmpalan Yapa Insêtitit sabên wulan urun f 10,-

Punika nalika malêm Jumungah kapêngkêr Ngabèi Prajakintaka kanthi guru bantuning pasinaon dhalang Radyapustaka, Ngabèi Nayawirôngka sarta Ngabèi Wirawiyaga, kula purih ningali pasinaon dhalang ing Abirandha wau, mênggah kawontênanipun kados palapuranipun Ngabèi Prajakintaka ingkang kula aturakên asarêng punika, mugi andadosna kauningan.

Katur kaping 11 Mèi 1926.

Wisesa

[Grafik tanda tangan]

Panitra

Prajakintaka.

--- [272] ---

Kantor Kapatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 8 Mei 1926

Ôngka 852 D/1.

Bab pasinaon dhalang.

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimasan kaping 1 Marêt 1926 ôngka 42 sakanthinipun sampun kauningan, bab nyuwun mêthil Ngabèi Nayawirôngka abdi dalêm mantri mranggi, supados biyantu nindakakên pasinaon dhalang minôngka guru bantu salêbêtipun pasinaon dhalang taksih ngadêg, Ngabèi Nayawirôngka wau sabên caos ingkang nyarêngi dintên pasinaon dhalang, kasuwun kalilana ngandhapakên urak, sarta kasuwun botên tumindak pajang pasisiran sapanunggilanipun, bab punika lajêng kapundhutakên panimbang dhumatêng abdi dalêm bupati kaparak têngên, supados andangu dhatêng abdi dalêm mantri sarta jajar tukang landheyan (kancanipun ingkang tunggil urak) aturipun, manawi kalêrês biyantu pasinaon dhalang botên wontên pakèwêdipun ngandhapakên pacaosanipun, nanging bilih botên nyarêngi biyantu pasinaon dhalang, kasuwun taksih tumindak caos. Punika pêpatih dalêm sampun amarêngakên, sarta sampun kadhawuhakên dhatêng abdi dalêm bupati gêdhong kiwa, wisesaning Pahêman Radyapustaka supados sumêrêp.

Kantor Kapatihan kaping 8 Mèi 1926.

[Grafik tanda tangan]

Garapan sèkrêtari.

[Grafik tanda tangan]

--- [273] ---

Anonim - Ngabei Prajakintaka, 29 April 1926

Ôngka 697/D/2

Bab dhirtêtuslah

Ngabèi Prajakintaka, abarêng iki manira maringake turunan layang dhawuh katitimasan kaping 23 April 1926 ôngka 756 B/I bab para abdi dalêm kang munggah pangkat utawa mingsêr kang wuwuh pamêtune dhirtêtuslahe kasuwak, iku dhawuhna sakônca pakênira supaya padha sumurup, lan angèstokna saparlune.

Dhawuh kaping 29 April 1926.

[Grafik tanda tangan]

Garapan D/2

Sastraagnyana.

--- [274] ---

Kangjeng Raden Adipati w.g. Jayanagara - Panggede Mambangul Ngulum, Paheman Radyapustaka, Wangkung, Sriwedari sarta Wadana Parentah Kapatihan, 12 Nopember 1927

Pagêdheningpanggêdhening (dan di tempat lain). komisi Mambangul Ngulum, wisesaning Pahêman Radyapustaka, pagêdhening komisi Wangkung, pagêdhening komisi Sriwadari sarta wadana parentah Kapatihan, supaya padha sumurup.

Dhawuhing kêkancingan kaping 17 Jumadilawal Jimakir 1858.

Utawi kaping 12 Nopèmbêr 1927.

Pêpatih dalêm

Kangjêng Radèn Adipati w.g. Jayanagara

Sampun cocog kalihan lugunipun, w.w. Wuryaningrat

Garapan D/1/II

w.g. Sastrasutarma.

--- [275] ---

Kantor Kapatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 20 Mei 1927

Ôngka 784/II D/3.

Kumisèn padamêlan.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimangsan kaping 8 April 1927 ôngka 110, sampun kauningan sarta lajêng kapundhutakên panimbangipun kumisi ingkang kapatah mariksa padamêlanipun garap ing Radyapustaka, aturipun kados ingkang turunanipun kaparingakên asarêng punika, dhawuhipun pêpatih dalêm, rujuk kados panimbangipun komisi, supados sumêrêp.

Kantor Kapatihan kaping 20 Mèi 1927.

[Grafik tanda tangan]

Garapan wisudha:

Sastrasutarma.

--- [276] ---

Kantor Kapatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 17 Juni 1927

Ôngka 1183/II D/3

Pangrèh

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, sêrat paturan katitimangsan kaping 7 Juni 1927 ôngka 180, sampun kauningan. Samangke mundhut nguningani rumiyin pratelan namanipun sadaya pangrèhing Pahêman Radyapustaka.

Kantor Kapatihan kaping 17 Juni 1927.

[Grafik tanda tangan]

Garapan wisudha,

Sastrasutarma.

--- [277] ---

Kontak Komite - Pangreh Radyapustaka 13 September 1929

Katur pangrèhing Radyapustaka t/a Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Kula ngaturi uninga, panêdhanipun kontak komite supados Dhoktor Tagorê andamêl purdrah, sampun dipun sanggêmi, badhe kadhawahakên ing dintên Sêtu sontên wanci jam 9 wontên ing sositit Mangkunagaran, nanging namung tumrap para warganing pakêmpalan ingkang tumut dados kontak komite kemawon, awit saking punika waradinipun dhatêng warga Radyapustaka nyumanggakakên pangrèh Radyapustaka sarta kaajêng-ajêng rawuh sadèrèngipun jam 9 kajawi punika benjing têmpuking damêl satunggal-tunggaling pakêmpalan ingkang tumut dados kontak komite kasuwun matah warga pangrèh cacah kalih, supados nampi ngiras anjagi sampun ngantos kalêbêtan ingkang sanèsipun warga.

Kasêrat tanggal kaping 13 Sèptèmbêr 1929.

[Grafik tanda tangan]

scar. cont

Nyumanggakakên pangrèh Radyapustaka

[Grafik tanda tangan]

--- [278] ---

Wg. Wuryaningrat - Bupati Gedong Kiwa, 21 Januari 1931

Ôngka 102/8 Ha II

Kumisèn pandhe êmpu.

Dhawuhipun pangagênging parentah karaton, dhumatêng abdi dalêm bupati gêdhong kiwa, pandangunipun nagari, bab kumisèn pandhe êmpu kados ingkang kawrat sêrat dhawuh katitimasan kaping 13 Januari 1931 ôngka 34 A/1/II tatêdhakanipun asarêng punika, kadospundi katranganipun lajêng kadhawuhan angladosakên katrangan.

Kaping 21 Januari 1931.

Pangagênging bale krêtarta.

Wg. Wuryaningrat.

Garapan Ha II.

Wg. Dirjawidagda.

--- [279] ---

Kantor Kapatihan - Wisesa Paheman Radyapustaka, 13 Juni 1929

Golongan sèkrêtari

Ôngka 936 D 3/I

Bab toyan

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng wisesaning Pahêman Radyapustaka, paring sumêrêp, awit saking paturanipun abdi dalêm wadana dhistrik kitha, nglapurakên manawi pinuju pasowanan dintên agêng bakda sapanunggilanipun, abdi dalêm ingkang sami sowan wontên ing sasanasumewa, bilih toyan wontên ingkang dhatêng kalèn sawetan utawi kilènipun kagungan dalêm bangsal martalulut tuwin singanagara, makatên wau kagalih kirang prayogi, sarèhning ing sawetan saha sakilènipun bangsal sasanasumewa sampun dipun sadhiyani pakiwan, amila para abdi dalêm ingkang sami sowan ing bangsal sasanasumewa sarta sanèsipun, manawi toyan sami kadhawuhan dhatêng papan pakiwan, punika lajêng kadhawuhan dhawuhakên dhatêng karerehanipun piyambak-piyambak, kadhawuhan ngèstokakên.

Kantor Kapatihan kaping 13 Juni 1929.

Purwadiningrat

Katur mudha pangarsa

Pra

Agd No.84 RP/ 15-6-29

--- [280] ---

Anonim

Katrangan kawontênanipun ringgit ing tanah Bali, mêndhêt saking gêlaran tentonsêtèlêng Bali ing griya pamangsitan sawetan alun-alun lèr.

1. Kaga: garudha yaksa ngadêg, dêdêgipun inggil.

2. Dairatha: kados Sang Hyang Guru.

3. Siti Sundari: jamang gundhulan, ngore, tapihanipun kados ringgit kalithik.

4. Anindya taya, sirah methok kados kêmamangan, alit, pulas pêthak, adêgipun kados bêksa oklak, tangan ngigêl, kiwa sipat pulung ati, têngên dhawah ngandhapipun, suku têngên mêndhak malang, suku kiwa anapak kentol gathuk cingklok, sarta mancik ing cakra.

5. Narada, sêrbanipun dadoskados. Abyasa, dêdêg racak botên cebol, jubah tangan satunggal, ingkang wingking jêjêg botên nêkuk slendhangan.

6. [...]akrewana, sirah pitu, ingkang têngah methok tiga kados kêmamangan. Kiwa têngên sirah danawa miring 4 rambut gêni, pucuk pisan mawi makutha.

--- [281] ---

T. Alkonah - Bandara Kangjeng Pangeran Arya Adiwijaya, 23 Maret 1934

Bab Kerata Basa

Punika sêratipun Tuwan T. Alkonah, opêr autpèskêr pènsiyun, gêgriya ing Sarangan, Madiun, katitimasan kaping 23 Marêt 1934, katur Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya. Mila kamipurun gadhah atur punika, angèngêti, kangjêng punika pangeran putra dalêm, mêsthi ingaosan ing akathah, bokmanawi sagêd mitulungi atas prakawis kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Wosipun, sampun wiwit taun 1921, kula marsudi dhatêng kerata basa, dumugi taun ingkang kapêngkêr sagêd angyêtosiangyêktosi. gênging paedahipun minôngka tuking kawruh kangge nyumêrêpi kawontênanipun ing tanah Jawi kala jaman kina. Mêsthinipun kula botên purun mastani sampun mumpuni dhatêng kerata basa, ewadene manawi madosi têgêsipun nami-nami, sampun rumaos botên angèl. Pasinaonipun bab riwayat-riwayat, jalaran kathah pakèwêdipun, tur nêdha timpo kalangkung kathah, kula kèndêli rumiyin.

Sarêng sêrat punika kula ngaturakên pratelan nami-nami manawi botên dipun manah, nami-nami wau sajak botên gadhah kajêng punapa-punapa, nanging manawi dipun oncèki miturut kerata basa, têtela ngêwrat katrangan ingkang parlu sangêt kangge nyumêrêpi lampah-lampah saha adêgipun praja Jawi, nalika jaman Indhu. Minôngka pola patrapipun nêrang-nêrangakên, kula ugi ngaturakên karangan anêrangakên têgêsipun nami: maendra (Lawu) prasaja tur mangrêtosakên.

Ngantos dumugi sapunika kula madosi sêrat bab kerata basa, nanging botên sagêd pinanggih, kados pancèn botên wontên utawi manawi wontên, ingkang gadhah ajrih sanja, jalaran kina-makina kajêngipun, kerata basa punika dalah katranganipun, sanadyan sampun sinamun ing cêcandran, nanging [na...]

--- [281a] ---

[...nging] mêksa kadamêl wadi. Kajawi punika mawi pangancam-ancam, sintêna tiyangipun ingkang purun mêdharakên wadi wau, tamtu badhe manggih bêbênduning dewa.

Kula ugi dèrèng sagêd pinanggih tiyang ingkang kaconggah suka katrangan prakawis patrapipun nyôndra wau, kajawi Bandara Kangjêng Pangeran Ariya Kusumadiningrat, nanging nalika kula dipun panggihi, ngyaktosiangyêktosi. bilih kangjêng pangeran wau uninga watonipun, kados ingkang kagêlarakên ing sêrat Mandhukya Upanisyad, emanipun botên sagêd ngêdhakakên kerata basa.

Kula sampun rambah-rambah kapanggih kalihan Tuwan Dhoktor Bos, pangagêng golongan ingkang marsudi bab prakawis barang utawi kawruh kina, nanging Dr. Bosch botên nayogyani kula nglajêngakên ing marsudi kula dhatêng kerata basa, Dr. Bosch botên sagêd kraos, bilih wontên kawruh wetanan, kajêngipun, kawruh punika kajawi saking kilèn, botên wontên sanèsipun malih. Manawi badhe nandhingakên, tamtunipun inggih kêdah ngangge wêwatonipun piyambak-piyambak. Bokmanawi inggih lêrês, botên wontên kawruh wetanan, kados panampinipun bôngsa kilenan ingkang nama kawruh. Nanging manawi badhe sumêrêp, kêdah dipun sinau, manawi badhe nyinau kêdah mêdal ing margi sanèsipun margi ingkang kêdah dipun angge manawi nyinau kawruh kilenan, marginipun kalangkung rumpil, mangke kanyataan, sanadyan botên kenging kawastanan kawruh, nanging inggih kêdah kaanggêp kagunan ingkang luhur, ingkang angèl cak-cakanipun. Dr. Bosch pancèn kasangêtên, anggènipun mastani, botên wontên kerata basa, sarèhning têmbungipun wontên, dados inggih kalintu, manawi ngorakakên. Kula sampun botên ngajêng-ajêng pitulunganipun Dr. Bosch awit saking punika kula kamipurun gadhah atur, bokmanawi [bokma...]

--- [281b] ---

[...nawi] kangjêng kaparêng mitulungi kados atur kula ing ngandhap punika.

Bokmanawi kangjêng kaparêng dhawuh nitik ing bibliotik musium, punapa ing ngriku wontên sêrat ingkang taksih sêratan tangan, ingkang nyariyosakên bab kerata basa. Manawi wontên, punapa kenging kasambut, janji-janjinipun kadospundi, uutawiutawi. bokmanawi wontên tiyang, ingkang nyimpên pèngêtan bab kerata basa, tilaraning lêluhuripun, lumantar pitulunganipun kangjêng, bokmanawi kenging kula sambut.

Bokmanawi ing nagari wontên tiyang ingkang gadhah sêsêrêpan bab kerata basa, manawi tiyang wau purun, badhe kula srawungi, parlu nocogakên sêsêrêpan kula, amargi taksih wontên bab-bab sawatawis, ingkang kula dèrèng gadug, taksih pêtêng, dados parlu kula udi têrangipun. Inggih lêrês, miturut ila-ila kina kerata basa punika kêdah dipun wadi (kêkêr), nanging manawi wontên tiyang kados kula, ingkang saking pamarsudinipun piyambak ngantos angsal sêsêrêpan samantên, lajêng wontên tiyang sanès purun sarasehan kalihan kula, punapa badhe wontên bêbaya ingkang ambêbayani tiyang sanès wau. Saking pamanggih kula: botên.

Bokmanawi para warga krêtya wontên ingkang ing dhasaring panggalihipun angrujuki dhatêng kerata basa. Mênggahing kula raosing manah angsal-angsalan ing pamarsudi kula sampun kalêrêsan, ing têmbe, sanadyan taksih pintên-pintên taun, badhe kanyataan, bilih wawasan saha patraping pamarsudi kula lêrês, botên kalintu. Saking pamanggih kula kawruh bab kerata basa punika parlu kangge nyinau babad tanah Jawi kala kinanipun, mila eman, manawi pamarsudi kula botên dipun galih, sarta kawruh ngoncèki cêcandran ingkang nasabi nami-nami saajal kula lajêng ical malih. Sanadyan katrangan-katrangan ingkang kinêkêr sarana kerata basa punika sanès babad, sarta sanès sêngkalan, utawi lêlampahan, ewadene asring wontên [wontê...]

--- [281c] ---

[...n] ingkang parlu yêktos dipun sumêrêpi. Tatanan ingkang dados jalaran wontênipun lampah warni-warni ing tanah Jawi ing jaman kina, inggih punika tatanan bab kadrajatan, kasterwezen punika anjalari wontênipun. Dhapur tuwin kuwu juru utawi tatanan bab tiyang kalang. Tatanan bab tiyang kalang makatên, sarèhning tatanan bab tiyang ingkang kajawèkakên saking sêsrawunging tiyang kathah, dados inggih prakawis ingkang magêpokan kalihan parluning praja, dados botên kenging kawrat ing sêrat. Awit saking punika botên wontên ingkang sagêd nêrangakên bab tiyang kalang. Kados ta nawala pradata, punika namung ngêwrat satunggal bab, nanging tanpa katrangan punapa-punapa, ewadene satunggal bab wau inggih saperangan ingkang parlu saking tatanan bab kalang. Sapunika sarêng kula sagêd ngêcakakên kerata basa, kula nyumêrêpi tatanan bab kalang gamblang-gamblangan.

Manawi kula kapurih dhatêng nagari, môngka dèrèng kantênan manggih tiyang utawi sêrat ingkang kenging dados panuntun atas pamarsudi kula, awrat, mila mugi-mugi kangjêng kaparênga paring pitulungan ngupados katrangan kados ingkang kula aturakên, kula ugi gadhah pangajêng-ajêng anggèn kula marsudi dhatêng kerata basa punika andadosakên kaparêngipun kangjêng.

Sadèrèngipun kula ngaturakên gênging panuwun kula.

--- [282] ---

Radyapustaka - Anonim, 5 Maret 1927

Kula nuwun, Radyapustaka sampun nampèni sêratipun pangrèh agêng Yapa Insêtitut, katitimangsan kaping 11 Dhesèmbêr 1926, suraos Radyapustaka supados angwontênakên sêsorah bab: awon saenipun basa Jawi kasêrat sastra Latin. Punika andadosakên bingahipun Radyapustaka, dene kapasang yogi sagêd angsal margi mêdhar pamanggihipun bab wau, awit sajatosipun, bab basa Jawi kasêrat sastra Latin, punika katingal dados pamanahan sayêktos, wiwit wêdalipun basa Jawi kasêrat sastra Latin, lajêng dados wiraosanipun para guru sarta para sadhèrèk sanès-sanèsipun, langkung malih para ingkang anggatosakên kawontênan sarta kamajênganipun bôngsa Jawi tuwin rêmên dhatêng basa Jawi.

Rêraosan makatên wau ugi kêrêp kawêdhar wontên ing pamanggihan pakêmpalan Mardibasa ing Surakarta. Emanipun rêmbag wau namung rêmbaging pêpanggihan piyambakan, môngka ingkang andhatêngi utawi warganipun ugi kathah. Kawêdharipun sayêktos ingkang lajêng kamirêngan ing akathah, punika kala Radyapustaka aparêpatan agêng ngrêmbag tataning panyêrat sastra Jawi, kathah warganing panitya ingkang mriyogèkakên supados Radyapustaka manah: kadospundi sagêdipun sastra Jawi sampun ngantos sirna, mila Radyapustaka lajêng manah bab wau sapikantukipun.

Saèstunipun sadaya sampun sagêd anggalih piyambak, wontênipun para sadhèrèk gadhah usul ingkang makatên wau dhatêng Radyapustaka, punika mêsthi wontên raosipun, kadospundi gandhèngipun kalihan sastra sarta kalihan bôngsa Jawi, mokal sangêt manawi kawontênan prabot sipating bôngsa badhe dipun ewahi têka botên kraos, mila prêlu kawawas ingkang cêtha.

Ing waunipun Radyapustaka botên gadhah pangintên, manawi sastra Jawi badhe sirna, awit sampun pitados dhatêng panggalihanipun para ingkang ngakên badhe ngajêngakên bôngsa Jawi, nanging sarêng nyumêrêpi kawontênanipun samangke, tuwuh pangraosipun, sisip-sisip sêmbiripun, sastra Jawi sagêd sirna santun sastra Latin, awit kawontênanipun ing sakolahan-sakolahan Jawi, langkung malih ing H.I.S. sêrat-sêrat piwulang sastra Jawi, sarta waosan basa Jawi kenging kawastanan botên samêsthinipun, [samêsthi...]

--- [282a] ---

[...nipun,] kathah ingkang kasêrat sastra Latin, sêrat-sêrat waosan Jawi ing Balepustaka, kathah sangêt ingkang kasêrat ing sastra Latin, botên namung anggitan enggal, dalasan sêrat kina sampun wontên ingkang dipun wiwiti kasêrat sastra Latin, inggih punika sêrat Rama, môngka mirid nama Volklectuur lectuur tumrap Volk (dados tumrapipun waosan Jawi sarèhning sampun gadhah sastra piyambak, lêrêsipun kêdah kasêrat sastra Jawi, awit jêjêripun sastra, sarta basa Jawi, punika tumrap kabêtahanipun bôngsa Jawi piyambak, manawi wontên tilas bôngsa ingkang badhe marsudi kawontênan Jawi, punika kêdah sinau sastra Jawi, manawi sastra Jawi kasirnakakên kangge nyêkap kabêtahaning sanès, punika kêsangêtên).

Awit saking kawontênanipun sakolahan-sakolahan sampun dipun balêbêg piwulang sastra Latin, wontên ing Jawi waos-waosan Balepustaka sampun kathah ingkang kasêrat ing sastra Latin, saha dipun rêgèni mirah, badhe ngupados waosan ingkang taksih aksara Jawi rêkaos, dados lajêng kapêksa nêngênakên sastra Latin, rêmên sarta katrêsnanipun dhatêng sastra Jawi botên kamanah, saèstunipun dangu-dangu badhe sagêd sirna sayêktos, môngka sanadyan botên dipun angkah, bilih kawontênanipun kawula kalihan ingkang marentah punika beda, mêsthi sagêd ngewahakên kawontênan, sarèhning punika prakawis gawat, Radyapustaka prêlu nglairakên pamanggih supados dados panggalihanipun ingkang wajib, kados ta: paprentahan luhur sarta sanès-sanèsipun.

Radyapustaka botên rujuk, bilih sastra Jawi kasirnakakên kasantunan sastra Latin, dene manawi kamanah prêlu tumrapipun ing wêkdal punika, dipun wêwahi piwulang basa Jawi sastra Latin, kenging kemawon, nanging namung dumunung wêwahan botên kangge nyantuni jêjêripun sastra Jawi. Punika kêdah taksih kalêstantunakên, mênggah sababipun, kados ing ngandhap punika.

Manawi kalarasakên kalihan kamajêngan, sastra makatên ugi dados ancêr-ancêr titikaning kamajênganing bôngsa, kajênging kamajêngan, botên nyirnakakên kabudayaning bôngsa, nanging malah andandosi, têgêsipun, pundi ingkang kirang sampurna dipun sampurnakakên, ingkang kirang prigêl dipun prigêlakên, kenging mêndhêt saking kawontênaning sanès, namung dumunung wêwahan kemawon, pamanggihipun Radyapustaka, kabudayaning bôngsa ingkang botên adamêl pakèwêd dhatêng lampah sampurnaning gêsang, bilih dipun sirnakakên, ingkang kapitunan botên amung bôngsa ingkang gadhah kagunan wau, nanging ugi donya nama tumut kapitunan.

--- [282b] ---

Lêrês bôngsa mônca wontên ingkang prêlu nyumêrêpi kawontênan Jawi, nanging cacahipun botên kathah, tumrapipun para marsudi sagêdipun paham saèstu dhatêng kawontênan Jawi, punika prêlu matrapakên tatacara Jawi, botên cêkap namung nyumêrêpi kemawon, têgêsipun, sintên ingkang sêdya sinau basa Jawi kêdah ngrêtos aksaranipun, manawi botên makatên inggih botên sampurna, mila botên sagêd bilih bôngsa mônca prêlu nyumêrêpi kawontênan Jawi, paripêksa nyirnakakên sastra Jawi, tiyang bêtah makatên kêdah wragad rêkaos, botên amung ngeca-eca lajêng damêl karisakaning liyan.

Tumrapipun bôngsa Jawi piyambak, kalèntu bilih nêdya nyirnakakên sastra Jawi, amargi pancèn botên makèwêdi lampah, malah sagêd nama karisakan, awit bilih dipun larasakên mirit waton, prijchologie sastra kalihan raos-pangraos, angên-angên pamikir, punika wontên sêsanggitanipun, inggih punika gêgambaranipun satunggil-tunggiling aksara, sandhangan, swara, dalah saungêlipun, punika sampun cumithak wontên ing raos-pangraos, malah cengkok, luking wêwangunanipun, punika sampun ambêkta dhêdhasaraning raos, sipat sarta wêwangunaning raos Jawi, ingkang beda kalihan raos Eropah, kados ta: bab raos wujud, upaminipun rêca, ukir-ukiran, sarta kawontênaning corak, punika sampun sami gadhah dhasar raos, utawi lêlungidan piyambak-piyambak, samôngsa dipun ewahi lajêng ngewahakên raos-pangraos kemawon, botên prêlu kula aturakên panjang-panjang, wujud ingkang mêdal saking pikiranipun piyambak, sampun tamtu langkung gampil punapadene sakeca cumithakipun katimbang wêwêdalan sanès.

Manawi miturut kawruh bab (biologie) sastra Jawi kapêksa kasantunan sastra Latin, punika rêkaos sangêt, awit aksara Jawi wau, tumrapipun bôngsa Jawi tamtu sampun laras kalihan kawontênanipun, awit sampun pintên-pintên taun pangrasukipun bôngsa Jawi dhatêng sastranipun wau, sêlak mokal bilih botên, sampun anyêkapi ing bêtah sarta mapan, makatên punika sampun samêsthinipun, kabudayan babaring [babar...]

--- [282c] ---

[...ing] budi, punika sampun prêsasat dados satunggal kalihan kawontênaning bôngsa, mila ugi kenging katêmbungakên dados dhêdhasaring bôngsa, bilih badhe dipun rudapaksa dipun santuni, amutawatosi, badhe kirang prayogi kadadosanipun, amargi dèrèng tamtu sagêd nyêkapi sarta laras kalihan kawontênanipun, punapadene botên jumbuh kalihan pangraosipun.

Tumraping pêpiridan, sumôngga ta amriksanana praja agêng-agêng ingkang pancèn anggadhahi basa, sastra, tuwin kabudayan piyambak, limrahipun mêsthi dipun lêluri, botên lila manawi badhe dipun risak, kados ta Yapan, Dhitsêlan, malah nagari Cina samangke sawêk ambangun enggal badhe mulyakakên sastra sarta basanipun, makatên pamanahan ingkang lugu ngangkah kamajêngan tuwin kamulyan ingkang sajati.

Wondene panacat-panacat dhatêng sastra Jawi ingkang sampun kawêdal wontên ing sêrat kabar utawi ginêman, pamanggihipun Radyapustaka taksih rèmèh tur dèrèng pratitis. Ingkang kenging dipun manah namung gandhèngipun kalihan economie, sanadyan kasêrat aksara Latin ugi botên kirang cacatipun, malah bokmanawi ugêr dipun petani langkung kathah, sabab dening aksara Latin kangge basa Jawi nama damêl-damêl, coba kula jèrèngipun sawatawis panacat-panacat wau kados ing ngandhap punika.

1. Wontên ingkang mastani bilih basa Jawi kasêrat aksara Jawi langkung rindhik, katimbang kasêrat ing aksara Latin, awit sêratan Latin satêmbung sagêd amung sacorekan, botên susah anjunjung tangan, wangsul kasêrat ing aksara Jawi mawi anjunjung tangan, samantên anggènipun pados-pados. Nanging makatên wau dèrèng tamtu. Rikat sarta rindhiking panyêrat gumantung wontên kulina sarta kaprigêlanipun ingkang nyêrat. Sumôngga kacoba nyêrat Jawi sastra Jawi katandhing panyêratipun ing sastra Latin. Upaminipun: pang pang, cuwèr tjoewer, jamu djamoe ... bokmanawi badhe katawis bilih aksara Jawi kathah ingkang mênang rikat, mênang ringkês.

2. Aksara Jawi winastan damêl musabiyating suraos, manawi kasêrat Latin botên. Kados ta: têmbung nagarajagung, manawi kasêrat Latin sagêd cêtha naga radja goeng. Pancènipun bilih nêdya kacithakakên aksara Jawi inggih [ing...]

--- [282d] ---

[...gih] sagêd, upaminipun: naga raja gung. Punapa aksara Latin botên wontên ingkang kirang cêtha, kathah kados ta: sêratan kebone aloene, punika ingkang dipun kajêngakên, kêbone (kêbo) punapa kêbone (kêbon). Alune (alu) punapa alune (alun) bilih kajawab punika namung gumantung wontên ing suraos, sanadyan sêratan Jawi inggih makatên.

3. Wontên malih amastani aksara Jawi damêl risak basa Jawi kina, dene botên katata kêthokanipun satêmbung-satêmbung, kados ta: têmbung: tanpa wêkas, punika lêrêsipun, tan pawekas, bilih kasêrat Latin lajêng cêtha. Sanadyan kasêrat Jawi inggih sagêd, upaminipun: tan pawêkas. Bab pêdhotaning gatra, cêthaning pakêcapan, sapanunggilanipun, punika manawi dipun manah sayêktos, mêsthi sagêdipun. Upaminipun sêrat-sêrat ingkang prêlu kangge pasinaon, kadhapuk kados sêrat Ramayana, Bratayuda Kawi, kapêdhot-pêdhot gatranipun, sasaminipun.

4. Aksara Jawi kacacat botên nyêkapi kangge madhahi têmbung mônca, kangge nyêrati têmbung mônca sastra Jawi inggih sagêd, anggêr purun ngangge aksara rekan. Kangge nyêthakakên pakêcapanipun têmbung mônca, botên wontên pakèwêdipun mêwahi utawi ngreka panyêratipun. Kados ta: guphêrnur ghenêral, ekonomi, sasaminipun. Sanadyan aksara Latin inggih dèrèng nyêkapi kangge nyêrati têmbung-têmbung mônca. Tandhanipun kangge nyêrati basa Jawi kemawon inggih taksih damêl-damêl. Kados ta: ca = tj. Nya = nj, dha = d tha = t.

Aksara Latin prabotipun pêpak, sagêd nyêkapi kangge madhahi têmbung mônca, manawi namung pados pêpaking prabot kathahing cacah, punapa botên prayogi milih aksara Arab, utawi Sangsêkrita.

5. Basa Jawi manawi kasêrat aksara Latin sagêd amiyarakên jajahan, awit tumrap bôngsa mônca sarta para sagêd Jawi ingkang botên angsal wulangan basa Jawi, manawi purun sinau basa Jawi botên susah sinau sastranipun, dados sagêd gampil tur rancag, sarèhning gampil, lajêng kathah ingkang purun sinau basa Jawi. Punapa lêrês makatên. Kawuningana sapintên cacahipun bôngsa

--- [282e] ---

mônca ingkang lajêng sami ngudi sinau basa Jawi. Ingkang sami sinau kados amung bôngsa mônca ingkang wajibipun gêgayutan kalihan tiyang Jawi. Wontênipun para sagêd Jawi (intelect) sami botên purun ngudi sinau basa Jawi, kawruhipun basa Jawi kirang, punika dede lêpatipun sintên-sintên, wiwit alit ingkang kagulang basa Walandi, sakolahipun ing sêkolahan Walandi. Ewadene sanadyan makatên, kathah para intelect ingkang sami purun ngudi sinau basa Jawi inggih enggal sagêd, pasaksènipun kathah.

Bilih kita anjôngka, supados kawruh kita dipun aosi bôngsa liyan, punika harak langkung prayogi. Kawruh kita wau kasêrata ing basanipun bôngsa mônca, ingkang kita tuju.

6. Sêratan Latin dipun ajêngi, piridanipun sêrat kabar Tyonghwa ingkang kawêdalakên ing basa Cina sastra Cina botên pajêng, dene ingkang kawêdalakên ing basa Mlayu sastra Latin pajêng. Pancèn makatên, awit wontên ing Indhiya, manawi wontên ing nagari Cina mêsthi kosokwangsul. Kawuningana sêrat kabar Jawi botên wontên ingkang kasêrat Latin, dening manawi kasêrat Latin sagêd ugi pêjah.

7. Sastra Jawi gandhèngipun kalihan economie, cap-cap sastra Jawi rêginipun awis, sakêdhik ingkang sade (andamêl), wujudipun rowa, panatanipun riwil tur dangu. Dadosipun buku langkung agêng, rêginipun langkung awis. Manawi kaêcap Latin bukunipun sagêd tipis, ringkês, gampil pangêsètipun, jalaran sampun wontên mêsin ingkang anggampilakên sarta ngrikatakên pangêsèt, sêrat cap-capan Latin rêginipun langkung mirah. Punika sadaya pancèn kula akêni nyata makatên.

Cap sastra Jawi kacacat rowa, riwil, panatanipun botên rikat, botên sagêd ngirid. Ewadene Radyapustaka botên gadhah kuwatos. Anggêr tiyang Jawi taksih gadhah trêsna dhatêng basa sarta sastranipun piyambak, para sagêd sarta ingkang kawogan purun angudi ringkêsipun, gampilipun, rikatipun panata, sampurnaning wangunipun, mêsthi sagêd kalampahan. Punapa cap sastra Latin ingkang mulabukanipun [mula...]

--- [282f] ---

[...bukanipun] inggih botên rowa, botên riwil, sagêdipun dados pangalêman kados sapunika. Harak jalaran tansah kaudi ringkês sarta rikatipun, makatên ugi tumrap cap sastra Jawi.

Sasampunipun kula ngaturakên andharan kados kasbut ing nginggil wau sadaya, wosipun Radyapustaka botên rujuk dhatêng sêdya utawi tindak-tanduk ingkang sagêd nyirnakakên aksara Jawi, awit punika sampun nama gêgadhahanipun bôngsa Jawi, sampun dipun angge maatusan taun, sampun rumasuk balung sungsum, sarta sampun anyêkapi kangge madhahi basanipun piyambak, pokoking prêlu, basa dalah sastranipun, tamtu amung kangge paedahipun bôngsa piyambak, manawi wontên bôngsa liyan ingkang nêdya nyumêrêpi kawontênanipun basa Jawi, sampurnanipun kêdah sinau sastra Jawi.

Wondene cacat-cacat ingkang sampun katingal, ing pangmanggihpamanggih. taksih kenging dipun tata utawi dipun udi sagêdipun sirna, ugêr bôngsa Jawi dhatêng aksara Jawi taksih kalêbêt dhatêng manah, kosokwangsulipun bilih kasuda kalêbêtipun manah, pangudènipun tamtu lajêng kirang, sampun malih ingkang sagêd nyêpêng kêkiranganipun, sawêga kawontênanipun sapunika kemawon malah sagêd mundur, tur santunipun aksara Jawi dhatêng aksara Latin kapêksa taksih yasa aksara utawi anata. Sami-sami anata utawi yasa tumrapipun bôngsa Jawi tamtu langkung gampil sarta langkung cumithak nata utawi yasa aksara Jawi, sabab punika pancèn mêdal saking raosipun piyambak, upami aksara Latin wau sampun dipun tata dipun yasani kangge basa Jawi ingkang sampurna, ewadene tamtu taksih botên samêsthinipun, amargi pancèn dede raosipun, kasaranipun aksara palsu kangge basa Jawi.

Pancèn lêrêsipun ingkang gadhah moga nata aksara Latin kangge madhahi basa Jawi, punika kêdah saking bôngsa Eropah, amargi badhe anggampilakên utawi maedahi bangsanipun anggènipun sinau saking bôngsa Jawi,

--- [282g] ---

kosokwangsulipun bôngsa Jawi, kêdah ngudi sagêda aksara Jawi madhahi basa pundi ingkang dipun sêdya wau, dados nama sami angsal wêwah paedah kangge bangsanipun piyambak-piyambak.

Radyapustaka botên mancahi upami ing sakolahan-sakolahan dipun lajêngakên mawi ajar basa Jawi sastra Latin, amung kêdah kados wêwahan kasagêdan kemawon, awit Radyapustaka ugi angèngêti bilih wêkdal punika bôngsa kilenan sawêg dados pandêngan, ananging dede lêrêsipun bilih ngantos damêl suda ing pamanahan langkung malih damêl sirnaning aksara Jawi, lajêng nama damêl kapitunan.

Awit saking tancêp kados ing nginggil wau, mila Radyapustaka anggadhahi usul, inggih punika sadaya waosan-waosan basa Jawi ingkang kawêdalakên dening Volkslectuur kêdah kasêrat ing sastra Jawi, awit ing ngriku nama kagunganing parentah, tumuju ing bôngsa Jawi, manawi wontên anggitan ingkang dipun galih maedahi dhatêng sawarnining bôngsa ingkang wontên Indhiya, manawi botên kaparêng nyêrat ing têmbungipun bôngsa piyambak-piyambak, prayogi dipun sêrat ing têmbung Mlajêng utawi ing têmbung Walandi kemawon, sanadyan makatên wau wragadipun radi mindhak, nanging kula wani tanggêl, tamtu langkung lampah katimbang tumindak kados wujud sapunika, saha paprentahan katingal anggalih dhatêng kawontênanipun satunggal-tunggaling bôngsa, kajawi punika buku-buku ingkang kangge pangajaran, kados ta: buku waosan, buku petang, ilmu bumi sapanunggilanipun, ingkang botên kangge mulang aksara Latin, kêdah kasêrat ing aksara Jawi, awit kados wujud sapunika ing sakolahan ôngka II, ingkang ing ngriku basa Jawi langkung dipun prêlokakên katimbang H.I.S. sagêbyaran piwulang aksara Jawi sajak kathah, nanging sayêktosipun botên, piwulang aksara Latin ingkang langkung kathah.

Cêkak kajêngipun Radyapustaka, kawontênaning bôngsa ingkang botên makèwêdi lampah dhatêng sampurnaning gêsang, kêdah dipun lastantunakên, awit punika ugi têtela kagunaning donya, manawi wontên salah [sa...]

--- [282h] ---

[...lah] satunggaling bôngsa sirna kagunanipun, têgêsipun donya ugi kecalan sêsêrêpan ingkang adi, pancèn Radyapustaka rêmên ningali, upami bôngsa Jawi sagêd dados pandêngan ing kamajêngan, botênipun sagêda nama tumut damêl ombaking kamajêngan, sampun ngantos namung kèli ing ombak kemawon, ingkang lajêng sagêd ngicalakên kawujudan.

Kasêrat ing Surakarta tanggal kaping 5 Marêt 1927.

Pangrèh

--- [283] ---

Karyarujita - Raden Mas Arya Wuryaningrat, 22 Januari 1913

Kula nuwun, Kiyai Lurah Bêndara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kula nampèni lapuranipun kônca kula magang pun Sujimin, nalika dintên Saptu tanggal kaping 18 Januari punika anglampahi pandamêlanipun marasêpuh Mas Ngabèi Prajasuwarna, andhèrèkakên layon dhatêng ing Imagiri, salêbêtipun numpak sêpur sumêrêp rêca agêng-agêng 2 iji, wontên sakilèn lèpèn Srowot ingkang mêntas banjir ladhu, saking aturipun katingal pantês wujudipun dene kêmbar saha katingal wêtah, malah wontên ingkang alit-alit kalih iji dados 4 iji, sarèhning sumêrêpipun wau amung sakêdhap, kula lajêng matitisakên tilpun dhatêng kaondêran Samapura nêrangakên rêca wau, wangsulanipun kaondêran Samapura rêca wau panggihan anggènipun dhudhuk sangking siti, ingkang manggih kabudidayan Pandhansimping, amargi siti wau sampun dados pamaosan Pandhansimping. Wasana mugi andadosakên kauningan saha kula anyumanggakakên.

Katur kaping 22 Januari 1913.

Pun Karyarujita

Kadhawuhan damêl sê-

A/1 ping 25/1-13 ôngka 128.

--- [284] ---

Abdi Dalem Panewu Cantrik Prambanan - Parentah Kabupaten Klaten, 4 April 1913

Ôngka: 467/A

Sêrat katur parentah kabupatèn ing Klathèn.

Nuwun, kula ngaturi uninga, awit saking aturipun kônca mantri Samapura, bab 4 iji rêca ingkang wontên sacêlakipun dhusun Gupala (Samapura), sampun karêmbag kalayan tuwan atministratur ing Pandhansimping, saking wangsulanipun tuwan, 4 iji rêca wau kapundhut nagari kasumanggakakên, namung kemawon rèhning suwaunipun rêca wau kurugan siti, pambudinipun sarana dipun ragadi dening tuwan, dumuginipun ing papan sacêlakipun Gupala kasbut nginggil têlas f 50, mila tuwan nyuwun lintunipun waragat wau.

Wondene waragat pangusung rêca saking Gupala dumugi statipunstatsiyun. Srowot kakintên botên kirang saking f 25, sanèsipun waragat prahgud saking Srowot dumugi nagari.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan saha kula nuwun sumôngga.

Katur kaping 4 April 1913.

Abdi dalêm panèwu cantrik Prambanan

[Grafik tanda tangan]

--- [285] ---

Mangunnagara - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 24 April 1913

Ôngka 1888/B/4

Kula nuwun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat. Sêrat dhawuh katitimasan kaping 8 Marêt 1913 ôngka 312/6 A/1, punapa suraosipun sampun kula sumêrêpi saha sampun kadhawuhakên saparlunipun, awit sêrat palapuranipun panèwu dhistrik Prambanan katitimangsan kaping 4 wulan punika ôngka 467/A, mratelakakên manawi tampi paturanipun mantri Samapura, bab 4 iji rêca ingkang wontên sacêlaking dhusun Gupala sampun karêmbag kalihan Tuwan Pandhansimping, saking wangsulanipun tuwan, rêca 4 iji wau kapundhut nagari inggih namung nyumanggakakên, amung sarèhning rêca wau suwaunipun kapêndhêm ing siti, pandhudhukipun kalayan dipun wragadi dening tuwan têlas f 50 mila tuwan nyuwun kintunipun waragat wau, satampi kula sêrat kasbut nginggil, kula lajêng kintun sêrat dhatêng tuwan atministratur Pandhansimping, kula mrayogèkakên, kaaturna kalayan lêlahanan kemawon, awit sêrat wangsulanipun tuwan, sampun angaturakên rêca wau, kapundhut nagari kalayan lahanan, katrangan kasbut sêrat palapuranipun panèwu dhistrik Prambanan, kasbut nginggil saha sêratipun tuwan Pandhansimping katur asarêng punika.

Mênggah punika kula sumôngga.

Klathèn kaping 24 April 1913.

Mangunnagara.

Ag No.567/6 A/I / 25/4-13

6741/ 24-4-13 Mundhut panimbang kawrat sêpur lan grobag sakeca pundi, ôngka 17.

--- [286] ---

Mangunpurnama - Parentah Kadistrikan Prambanan, 10 Mei 1913

Ôngka 103/A

Katur ing parentah kadhistrikan Prambanan.

Nuwun, awit saking sêrat dhawuh kadhistrikan katitimasan kaping 1 Mèi 1913 ôngka 592/A/5 dhawuhing parentah kabupatèn katitimasan kaping 29 ôngka 1958/B/4 kanthi maringakên turunan sêrat dhawuhing parentah kantor Kapatihan katitimasan kaping 28, sami April 1913 ôngka 17Q, suraos mundhut katrangan pangusungipun rêca 4 iji saking dhusun Gupala, ingkang kapundhut nagari badhe kadèkèk ing Sriwêdari, sakeca pundi kaêwrat ing sêpur kalihan grobag, kajawi kaparêngipun ing parentah, pamanggih kula manawi rêca 4 iji wau kaêwrat ing grobag, kajawi pakèwêd botên wontên marginipun, grobag utawi lêmbu pasanganipun botên kuwawi. Dados rêkaos sangêt kalampahanipun. Anamung sarèhning dunungipun rêca wau sampun cêlak sangêt kalihan margi sêpur, amila kados langkung gampil manawi kaêwrat ing sêpur.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan, salajêngipun katur ing parentah kabupatèn saha konjuk ing kangjêng parentah agêng kula sumôngga.

Katur tanggal kaping 10 Mèi 1913.

Abdi dalêm mantri dhistrik Samapura.

Mangunpurnama

Lajêng katur ing parentah kabupatèn Klathèn

Panèwu

12/5 13

[Grafik tanda tangan]

--- [287] ---

Mantri Kabupaten Klaten - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 14 Mei 1913

Rêca

Ôngka 1958/B/11

Kula nuwun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sêrat dhawuh katitimasan kaping 28 wulan April 1913 ôngka 17Q sampun kula dhawuhakên saparlunipun. Sarêng punika kula ngaturakên sêrat palapuranipun mantri ondêr dhistrik ing Samapura katitimasan kaping 10 Mèi 1913 ôngka 103/A bab rêca 4 iji ing dhusun Gupala punika panimbang kula anyondhongi panimbangipun mantri Samapura, bilih kapundhut badhe kadèkèkakên ing Sriwêdari, sarèhning pamanggènipun rêca wau cêlak kalihan margi kareta latu, prayogi kaêmotakên ing kareta latu.

Mênggah punika kula sumôngga.

Klathèn kaping 14 Mèi 1913.

Kiyai lurah saha kiyai bêkêl papriksa.

Katandhan mantri kabupatèn

[Grafik tanda tangan]

Garapan B

[Grafik tanda tangan]

7717/ 14/5 '13

--- [288] ---

Mangunpurnama - Parentah Kadistrikan Prambanan, 31 Mei 1913

Ôngka 127/A

Sêrat katur parentah kadhistrikan ing Prambanan.

Nuwun. Sêrat dhawuh parentah kabupatèn, katitimasan kaping 22 wulan Mèi 1913 ôngka 2307/B/11 sêrat dhawuhing kantor Kapatihan, katitimasan kaping 20 ugi wulan Mèi 1913 ôngka 18Q mundhut katrangan wragad pambêktanipun rêca 4 iji, saking Gupala kabêkta dhatêng sêpur, sarta wragadipun sêpur dumugi Purwasari, kula sampun mariksa wujudipun rêca ingkang 2 alit, ingkang 2 agêng, mênggah badhe pambêktanipun rêca punika saklangkung rêkaos, jalaran saking agêng saha ringkih, taksiran pambêktanipun saking panggenan dumugi sacêlakipun ril, mawi ngingsêt-ingsêt saking sakêdhik. Kintên-kintên ngangge kuli cacah 40 tiyang bayaran sadintên, f 0.30 sèn, dados f 12.

Tumbas kajêng agêng kangge pirantos dalurung cacah 2 iji f 3.

Sontên junjung kalêbêtakên grêbong kintên-kintên kuli 30 baranbayaran. rangkêp f 9

Grêbong sêpur kula sampun prasabên kalihan Tuwan Sèp, sagêdipun nyukani kreta kêdah wanci jam 7 sontên, grêbong wau mawi pasewan piyambak, wiwit jam 7 dumugi jam 12 dalu ... f 5 ... f 29

Langkungipun saking jam 12 dalu, mawi pasewan malih f 5 rupiyah. Kuli-kuli ingkang ngangkat rêca kawrat ing nginggil wau, dèrèng kantênan sagêt rampung sadintên. AtAwit. saking rêkaos sarta ringkih, kula anyumêrêpi piyambak nalika tuwan Pandhansimping ngadani rêca wau kainggahakên, mawi pirantos dhungkrak. Dlurung ril. Ugi saking sakêdhik. Ngantos dhungkrakipun risak. Ngangge kuli glidhigan sadintênipun botên kirang saking 25 ngantos 10 dintên. Sawêg sagêd rampung, wondening wragatipun saking Srowot, dumugi Purwasari kula dèrèng sagêd ngaturi katrangan. Kula ugi sampun nêdha katrangan Tuwan Sèp. Ugi botên sagêd nyukani katrangan, kêdah nyumêrêpi timbanganipun.

--- [288a] ---

Kajawi kasêbut ing nginggil, mênggah taksiran prabeya kuli kathahipun f 29 wau, kula gadhah kintên, dèrèng cêkap. Awit mirit nalika tuwan Pandhansimping nginggahakên kaingsêt sanès panggenan botên têbih saking tatu lami, têlasipun wragad, gunggung f 50, amila manawi marêngakên nyuwun ampilan arta f 50, ing wingking manawi sampun rampung badhe ngaturngaturi. katrangan tanjanipun.

Ingkang punika kula sumôngga saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur kaping 31 Mèi 1913.

Abdi dalêm mantri dhistrik Samapura.

Mangunpurnama

Ôngka 732/A

Lajêng katur ing parentah kabupatèn pulisi ing Klathèn.

Katur kaping 4 Juni 1913.

Abdi dalêm panèwu dhistrik Prambanan.

[Grafik tanda tangan]

--- [289] ---

Mangunnagara - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 3 Juni 1913

Rêca

Ôngka 2307/B/11

Kula nuwun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, asarêng punika kula ngladosakên sêrat palapuranipun mantri ondêr dhistrik Samapura, katitimangsan kaping 31 Mèi 1913 ôngka 127/A bab pamundhutipun katrangan waragad pambêktanipun rêca 4 iji, saking dhusun Gupala kabêkta dhatêng sêpur sarta wragadipun sêpur dumugi Purwasari, ngèstokakên sêrat dhawuh kantor Kapatihan, katitimangsan kaping 21 Mèi 1913 ôngka 18/Q.

Klathèn kaping 3 Juni 1913.

Mangunnagara.

--- [290] ---

Mangunpurnama - Parentah Kadistrikan Prambanan, 20 Juni 1913

Ôngka 132/A

Sêrat katur ing parentah kadhistrikan Prambanan.

Nuwun, awit saking sêrat dhawuhing parentah kabupatèn katitimasan kaping 17 Juni 1913 ôngka 2307/B/11, kanthi maringakên tatêdhakan sêrat dhawuhing parentah kantor Kapatihan katitimasan kaping 11 Juni 1913 ôngka 27Q, suraos andhawuhakên pambêktanipun rêca 4 iji, manawi kausung kuli rêkaos saha badhe kathah wragadipun, kula kagalih botên manah kabêkta ing grobag dumugi Surakarta kadosdene barang pabrik. Punika atur kula kados ing ngandhap punika.

Mênggah punika mugi andadosakên kauningan, sêrat paturan kula katitimasan kaping 1 Juni 1913 ôngka 127, mratelakakên pangusungipun ngangge kuli glidhigan 40 tiyang, saha mawi pirantos kajêng dalurung sapanunggilanipun. Punika namung pangusungipun saking panggenan dunungipun rêca dumugi minggahipun dhatêng bêkasi sêpur. Mêkatên malih malah ing ngajêng kula ugi sampun tampi sêrat dhawuhing parentah kantor Kapatihan katitimasan kaping 28 April 1913 ôngka 17Q suraos andangu pambêktanipun rêca kasêbut nginggil, sakeca pundi kaêwrat ing sêpur kalihan grobag. Kula ugi sampun ngaturi katrangan kawrat sêrat paturan kula katitimasan kaping 10 Mèi 1913 ôngka 103/A inggih sampun mratelakakên rêca wau manawi kaêwrat ing grobag, kajawi pakèwêd botên wontên marginipun, grobag saha lêmbu pasanganipun botên kuwawi. Ewadene satampi kula dhawuh kasêbut nginggil, kula lajêng tumindak ing blabag malih nganthi tiyang 3, sami tukang grobag. Sampun kula têdahakên wujudipun rêca kasêbut nginggil. Saha sampun kula tantun ambêkta rêca 4 iji wau dhatêng Sriwêdari Surakarta (aturipun botên kadugi, amargi kajawi grobagipun botên kuwawi, marginipun dhatêng margi militèr pakèwêd dening kapalangan lèpèn saha ril margi sêpur.

Kajawi punika kula lajêng nyatakakên ngukur agêngipun rêca kasêbut nginggil, katranganipun kados ing ngandhap punika.

Rêca ingkang 2 iji, pinanggihing ukuran, bancikipun panjang 1,26 M3, wiyaripun 1 M. kandêlipun 0.30 M (ingkang agêng).

1. Rêca ingkang satunggal. Inggilipun saking bokong, dumugi sirah 1,95 M. wiyaripun saking bau kiwa dumugi têngên 1.20 M.

2. Rêca ingkang satunggalipun, agêng saha inggilipun sami.

3. Rêca 1 kalêbêt cêkapan, ukuran saking bokong dumugi sirah inggilipun 1.30 M, wiyaripun saking bau kiwa dumugi têngên 0,80, dene rêca ingkang satunggal, a-

Lajêng katur ing parentah kabupatèn.

Katur kaping 20 Juni 1913.

Abdi dalêm panèwu dhistrik Prambanan

[Grafik tanda tangan]

--- [290a] ---

alit,lit. cêkap kabêkta tiyang kalih.

Kajawi punika asarêng punika kula ngladosakên papêthan gambar papan dunungipun rêca-rêca 4 iji kasêbut nginggil.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan, saha salajêngipun katur ing parentah kula sumôngga.

Katur kaping 20 Juni 1913.

Abdi dalêm mantri ondêr dhistrik Samapura

Mangunpurnama.

--- [291] ---

Mangunpurnama - Anonim, 20 Juni 1913

Papêthan gambar papan dunungipun rêca 4 iji, ingkang badhe kapundhut nagari, kadèkèk ing Sriwêdari.

[Grafik]

Katur kaping 20 Juni 1913.

Abdi dalêm mantri ondêr dhistrik Samapura

Mangunpurnama

Têbihipun panggenan rêca, dumugi ril sêpur 70 M,

Têbihipun panggenan rêca dumugi sêtatsiyun Srowot 2 pal.

--- [292] ---

Mangunnagara - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 21 Juni 1913

Ôngka 2307/B/11

Kula nuwun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sêrat dhawuh katitimasan kaping 11 wulan punika, ôngka 27Q sampun kula dhawuhakên saparlunipun, sarêng punika kula ngaturakên sêrat palapuranipun mantri Samapura, katitimasan kaping 20 ugi wulan punika, ôngka 132/A sakanthinipun, bab rêca 4 iji ingkang wontên antawisipun dhusun Gupala ingkang kapundhut badhe kagêm ing Sriwêdari, katrangan sampun kawrat ing palapuran wau.

Mênggah punika kula sumôngga.

Klathèn kaping 21 Juni 1913.

Mangunnagara

9473 / 26/6-13

[...]

--- [293] ---

Wirapustaka - Anonim, 24 Juni 1913

Kula nuwun, panyuwunipun ampilan arta waragad pangusungipun rêca saking dhusun Gupala dhatêng sêtatsiyun Srowot f 50, punika dèrèng wragadipun sêpur saking Srowot dumugi Purwasari, saha saking Purwasari dumugi Sriwadari. Kagungan dalêm arta sadhiyan ganjaran tiyang ingkang manggih barang kina, sapunika kantun antawisipun f 170, nyuwun cumadhong dhawuh dalêm.

Katur kaping 24 Juni 1913.

Pun

Wirapustaka.

--- [294] ---

Wirapustaka - Anonim, 25 Juni 1913

Kawula nuwun, badhe pangusungipun rêca sakawan saking panggenan dumugi statsiyun Srowot katêpsir wragad: 50

Saking Srowot dumugi Purwasari kabêkta ing sêpur brêgasibêgasi (dan di tempat lain). kintên-kintên wragad: 50

Saking Purwasari dumugi Sriwadari botên sagêd kabêkta ing brêgasi, awit botên wontên simpanganipun, dados kêdah kagèrèd ing tiyang kathah, kintên-kintên wragad: 50

Gunggung: 150

Kagungan dalêm arta cêpakan Radyapustaka 1000, namung kantun: 170

Kawula cumadhong dhawuh dalêm.

Konjuk kaping 25 Juni 1913.

Pun Wirapustaka.

--- [295] ---

Mangunpurnama - Parentah Kabupaten Klaten, 9 Pebruari 1914

Ôngka 25/A/I

Katur ing parentah kabupatèn Kalathèn.

Nuwun, kula ngaturi uninga: angèstokakên sêrat dhawuhing parentah kabupatèn kaping 15 ôngka 3166/B/11 saha sêrat dhawuhing parentah kantor Kapatihan kaping 12 sami Juli 1913 ôngka 35/Q, nalika dintên Sêtu kaping 7 wulan punika, kula sampun ngusung rêca ingkang dumunung wontên sacêlakipun dhusun Gupala, nanging sawêg ingkang alit-alit cacah 3 iji. Amargi ingkang agêng 2 iji, dèrèng sagêd ngusung dening dèrèng wontên pirantosipun. Rêca 3 iji wau lajêng kula kintunakên anprah dhatêng Tuwan J.B.G. Rademaker, ing nagari Surakarta, nanging sarêng dumugi sêtattiyunsêtatsiyun (dan di tempat lain). Prambanan, badhe kaangkat sêpur, lajêng dipun andhêg dening tuwan ingkang rumêksa candhi-candhi ing Prambanan, amargi rêca ing Gupala ingkang badhe kapundhut nagari kasêbut nginggil, ugi kalêbêt dados rêrêksanipun, môngka tuwan wau dèrèng tampi prasabênan saking kula, kula lajêng mangsuli pangusung kula wau ngèstokakên dhawuh nagari, saha sarèhning dunungipun rêca kasêbut nginggil, wontên pasitèn wawêngkon kabudidayan Pandhansimping, nagari sampun andhawuhakên dhatêng tuwan administratur ing Pandhansimping, sarta tuwan administratur sampun nyumanggakakên. Tuwan ing candhi Prambanan wau lajêng nocogakên pinanggih tuwan administratur Pandhansimping, têmên pangusung kula rêca kasêbut nginggil sampun dipun lêstantunakên. Sarèhning têrang pangusung kula namung ngèstokakên dhawuh nagari, tuwan lajêng trimah saha anglastantunakên, nanging sanadyan makatên, piyambakipun ugi taksih kêdah lapur dhatêng Batawi.

Wondene mênggah pangintun kula anprah dhatêng Tuwan J.B.G. Rademaker kasêbut nginggil, kula sampun nêdha katrangan dhatêng Tuwan Sèp ing Prambanan, pintên mênggahing wawrat saha wragadipun, nanging Tuwan Sèp botên sagêd nyukani katrangan, amargi saking awratipun rêca ingkang kula kintunakên wau, ing statiyun Prambanan botên wontên pirantos kangge nimbang, namung Tuwan Sèp sagêd ngintên wawratipun rêca wau 560 kilomètêr.kilogram. Makatên ugi wragadipun inggih dèrèng sagêd suka katrangan, amargi wragad wau piridanipun ugi saking wawratipun. Wondene katrangan wawrat saha wragadipun, badhe katimbang wontên ing statiyun Purwasari kemawon.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan, kula nuwun sumôngga.

Katur tanggal kaping 9 Pèbruari 1914.

Abdi dalêm mantri dhistrik Samapura

Mangunpurnama.

--- [296] ---

Mangunnagara - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 11 Pebruari 1914

Ôngka 337/B/11

Kula nuwun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, asarêng punika kula ngaturakên sêrat palapuranipun abdi dalêm mantri dhistrik Samapura, katitimangsan kaping 9 Pèbruari 1914, ôngka 25/A/I suraos ngaturi uninga anggèning sampun angintunakên rêca ing Gupala 3 iji, lumantar sêpur, angèstokakên sêrat dhawuh kaping 12 Juli 1913 ôngka 35Q saha nalika badhe kaangkatakên mawi kaandhêg dening tuwan ingkang rumêksa candhi Prambanan, badhe kalapurakên dhatêng Batawi.

Mênggah punika andadosna kauningan.

Klathèn kaping 11 Pèbruari 1914.

MP. Mangunnagara.

2347 12/2 14

--- [297] ---

Mantri Onder Distrik Samapura - Parentah Kadistrikan Prambanan, 24 Pebruari 1914

Ôngka 39/A/I

Katur ing parentah kadhistrikan Prambanan.

Nuwun, awit saking dhawuhing parentah dhistrik lumantar tilpun kaping 2/3 Pèbruari 1914 andhawuhakên mundhut katrangan sabab-sababipun rêca ing Gupala, dene dèrèng kalampahan kaladosakên nagari kadèkèk ing Sriwêdari.

Nuwun, mugi andadosakên kauningan, mênggah anggèn kula ngladosakên katrangan sabab-sababipun anggèning rêca ing Gupala ngantos dèrèng kalampahan sagêd lumados, sampun rambah-rambah, kados ta sêrat paturan kula katitimasan kaping 1 Juni 1913 ôngka 127/A/1 katitimasan kaping 8 Agustus 1913 ôngka 169, saha katitimasan kaping 19 Januari 1914 ôngka 11/A/I, tuwin katitimasan kaping 4 Pèbruari 1914 ôngka 9/A/2 mênggah sadaya wau sampun nêrangakên sababipun, botên sanès kajawi namung saking agêngipun rêca ingkang 2 iji, ngantos dumugi samangke anggèn kula satiyar pirantos kangge ngusung dèrèng angsal. Dene rêca ingkang alit cacah 3 iji, ugi sampun kula ladosakên nalika kaping 7 Pèbruari 1914, kados kasêbut sêrat paturan kula kaping 9 Pèbruari 1914 ôngka 251/A/I, sampun kaêwrat sêpur adrès dhatêng Tuwan J.B.G. Rademaker.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan, salajêngipun sumôngga.

Kaping 24 Pèbruari 1914.

Mantri ondêr dhistrik Samapura, jagi têdhak dalêm.

Ka. Pratignyasastra.

--- [298] ---

Mangunnagara - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 27 Pebruari 1914

Rêca

Ôngka 959/B/11

Kula nuwun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kula ngaturi uninga, awit saking sêrat palapuranipun mantri dhistrik Samapura, katitimangsan kaping 24 wulan punika, ôngka 39/A/I mratelakakên bab rêca 2 iji, ingkang wontên ing Gupala, dumugi sapunika dèrèng sagêd ngaturakên nagari, amargi satiyar pirantosipun ngusung dèrèng angsal, katrangan sêratipun mantri dhistrik Samapura kula ladosakên asarêng punika.

Mênggah punika kula sumôngga.

Klathèn kaping 27 Pèbruari 1914.

MP. Mangunnagara

Kadhawuhakên kèndêl

ping 5/3 14 ôngka 14

3216 / 1/3 14

--- [299] ---

Mangunpurnama - Parentah Kabupaten Klaten, 19 Maret 1914

Ôngka 28/A/2

Katur ing parentah kabupatèn Klathèn.

Kula nuwun, asarêng punika kula ngladosakên sêtat pratelan têlasipun wragad ingkang kangge ngusung rêca salèr dhusun Gupala ingkang sampun kula dosakên.ladosakên. Kathahipun sadaya gunggung f 10,70 (sadasa rupiyah pitung dasa sèn) angèstokakên kados kasêbut sêrat dhawuhing parentah kabupatèn katitimasan kaping 5 ôngka 959/B/11 sarta turunan sêrat dhawuhing parentah kantor Kapatihan kaping 4 sami Marêt 1914 ôngka 14/Q

Wondene arta tirahanipun taksih f 39,30 (tigang dasa sanga rupiyah tigang dasa sèn) kula ladosakên ugi asarêng punika, kula nuwun sumôngga.

Katur tanggal kaping 19 Marêt 1914.

Abdi dalêm mantri ondêr dhistrik Samapura.

Mangunpurnama.

--- [300] ---

Mangunpurnama - Anonim, Maret 1914

Pratelan têlasipun arta kagungan dalêm nagari ingkang kangge maringi kuli ngusung rêca 4 iji.

[Grafik]

Katur kaping ... Marêt 1914.

Abdi dalêm mantri dhistrik Samapura

Mangunpurnama.

--- [301] ---

Mangunnagara - Bandara Raden Mas Arya Wuryaningrat, 30 Maret 1914

Rêca Klathèn rampung.

Ôngka 959/B/11

Kula nuwun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sêrat dhawuh katitimangsan kaping 4 Marêt 1914, ôngka 14Q sampun kula dhawuhakên punapa saparlunipun, awit saking sêrat palapuranipun mantri dhistrik ing Samapura katitimangsan kaping 19 wulan punika, ôngka 28/A/2 mratelakakên, têlasipun wragad ingkang kangge ngusung rêca sak lèr dhusun Gupala ingkang sampun kaladosakên nagari, têlasipun wragad f 10,70 (sadasa rupiyah pitung dasa sèn), wondene arta tirahanipun taksih f 39,30 (tigang dasa sanga rupiyah tigang dasa sèn), kula ladosakên asarêng punika, dalah sêratipun mantri dhistrik Samapura tuwin sêtat pratelan têlasipun wragad.

Mênggah punika kula sumôngga.

Klathèn kaping 30 Marêt 1914.

Mangunnagara

Pasrah Radyapustaka kanthi arta f 39,30

Rêca ingkang alit-alit 3 iji sampun kaladosakên, amung rêca ingkang agêng 2 iji sarèhning pakèwêd pangusungipun kadhawuhan kèndêl. Kasêbut dhawuh ping 4 Marêt 1914 ôngka 14.

31/3 14

--- [302] ---

Kantor Kapatihan - Raden Tumenggung Mangunnagara, 28 April 1913

Têdhakan dhawuh bab rêca ing Pandhansimping

Ôngka 17Q

Sêratipun Radèn Tumênggung Mangunnagara katitimangsan kaping 24 April 1913 ôngka 1888/B/4, sampun konjuk kauningan ing panjênêngan dalêm kiyai lurah kangjêng radèn adipati, dhawuh dalêm andangu, pangusungipun rêca 4 iji saking dhusun Gupala, dipun wrat ing sêpur kalihan grobag lajêng têrus dhatêng Sriwadari sakeca pundi, manawi kagrobag sagêd kuwawi grobag pintên sarta prabeyanipun wontên pintên, katranganipun kapundhut tumuntên.

Kantor Kapatihan kaping 28 April 1913.

--- [303] ---

Kantor Kapatihan - Raden Tumenggung Mangunnagara, 21 Mei 1913

Ôngka 18Q

Sêratipun Radèn Tumênggung Mangunnagara katitimangsan kaping 14 Mèi 1913, ôngka 1958/B/11, sampun konjuk kauningan ing panjênêngan dalêm kiyai lurah kangjêng radèn adipati, dhawuh dalêm mundhut katrangan wragading pambêktanipun rêca 4 iji, saking dhusun Gupala dhatêng sêpur sarta prabeyaning sêpur mudhun wontên Purwasari, kaladosna tumuntên.

Kantor Kapatihan kaping 21 Mèi 1913.

--- [304] ---

Kantor Kapatihan - Raden Tumenggung Mangunnagara, 11 Juni 1913

Ôngka 27Q

Sêrat paturanipun Radèn Tumênggung Mangunnagara katitimangsan kaping 3 Juni 1913 ôngka 2307/B/11, kanthi sêrat paturanipun mantri ondêr dhistrik Samapura, sampun kauningan kiyai lurah kangjêng radèn adipati, dhawuh dalêm sarèhning pambêktanipun rêca bilih kabêkta kuli badhe rêkaos saha kathah bayaranipun, kenging punapa botên kamanah kaêmot ing grobag dumugi ing Surakarta, kadosdene barang-barang pabrik, mênggah punika katranganipun kapundhut tumuntên.

Kantor Kapatihan kaping 11 Juni 1913.

--- [305] ---

Kantor Kapatihan - Raden Tumenggung Mangunnagara, 12 Juli 1913

Ôngka 35Q

Dhawuh dalêm kiyai lurah kangjêng radèn adipati, dhumatêng Radèn Tumênggung Mangunnagara, asarêng punika maringakên mandhat, ôngka 2024, isi arta f 50 sèkêt rupiyah, kaparingakên dhatêng mantri dhistrik Samapura, ampilan waragad pangusungipun rêca saking dhusun Gupala dhatêng sêtatsiyun Srowot sarta minggahipun dhatêng grêbong sêpur. Dene anprah kapratelakna dhatêng tuwan Y.B.G. Radhêmakêr, mandhap ing sêtatsiyun Purwasari, mandhat wau supados kacadhongakên arta dhatêng abdi dalêm pananggap, satampinipun lajêng anglapurna.

Kantor Kapatihan kaping 12 Juli 1913.

--- [306] ---

Kantor Kapatihan - Raden Tumenggung Mangunnagara, 4 Maret 1914

Ôngka 14Q

Sêrat paturanipun Radèn Tumênggung Mangunnagara katitimangsan kaping 27 Pèbruari 1914 ôngka 959/B/11, kanthi sêrat paturanipun mantri dhistrik Samapura katitimangsan kaping 24 Pèbruari 1914, ôngka 39/A/I, sampun konjuk kauningan ing panjênêngan dalêm kiyai lurah kangjêng radèn adipati, dhawuh dalêm, sarèhning rêca ingkang agêng 2 pakèwêd pangusungipun, kadhawuhan kèndêl, dene paring dalêm arta ampilan waragad pangusungipun rêca wau kathahipun f 50 rupiyah, satirahipun ingkang kangge waragad ngusung rêca ingkang alit 3 iji, kapundhut, lajêng kaladosna kanthi pratelan têtêlasanipun waragad.

Kantor Kapatihan kaping 4 Marêt 1914.

--- [307] ---

Wg. Mangunlegawa - Anonim, 10 Mei 1924

Ôngka 1169A

Sêtat pratelan saking kawontênanipun candhi sarta rêca: saking kadhistrikan ing Karangnôngka, kabêkta grobag katarik ing lêmbu, cacahing grobag tiga iji ôngka 288, 290, 293, sami lètêr K.K.N. kabêkta dhatêng Sriwadari, nagari Surakarta, angèstokakên sêrat dhawuh kabupatèn ing Klathèn. Katitimasan kaping 2 Mèi 1924 ôngka 1291B/29 dhawuh saking kantor Kapatihan katitimangsan tanggal ping 26 April 1924 ôngka 489A/2, dene lampahipun grobag saking kadhistrikan Karangnôngka dumugi Sriwadari sadintên sadalu, wragadipun grobag satunggal f 10 x 3 = f 30 tigang dasa rupiyah, satunggal grobag namung kuwawi bêkta rêca 5 iji.

[Grafik]

Karangnôngka kaping 10 Mèi 1924.

Ha. Panèwu dhistrik ing Karangnôngka.

Mangunlêgawa.

--- [308] ---

Wg. Mangunlegawa - Anonim, 10 Mei 1924

Ôngka 1169A

Sêtat pratelan saking kawontênanipun candhi sarta rêca, saking kadhistrikan ing Karangnôngka, kabêkta grobag katarik ing lêmbu, cacahing grobag tiga iji ôngka 288, 290, 293, sami lètêr K.K.N. kabêkta dhatêng Sriwêdari, nagari Surakarta, angèstokakên sêrat dhawuh kabupatèn ing Klathèn, katitimasan kaping 2 Mèi 1924 ôngka 1291B/29 dhawuh saking kantor Kapatihan katitimasan tanggal kaping 26 April 1924 ôngka 489A/2, dene lampahipun grobag saking kadhistrikan Karangnôngka dumugi Sriwêdari sadintên sadalu, wragadipun grobag satunggal f 10,- x 3 = f 30,- tigang dasa rupiyah, satunggal grobag namung kuwawi bêkta rêca 5 iji.

Ôngka urut ... Naminipun candhi sarta rêca Cacahipun ... Katrangan

1. Wujud lingiran mawi tatah papêthan tunjung sarta sorot: 1 | 2. Purusan: 1 | 3. Pagêr tinatah wit soka, kaencokan pêksi bèthèt kalih ing ngajêng wontên banyakipun: 1 | 4. Rêca kuwera: 1 | 5. Rêca garini: 1 | 6. Rêca surya: 1 | 7. Rêca wiswakarman: 1 | 8. Rêca kuwèri: 1 | 9. Rêca wujud sirah tiyang nginggil wontên sêratan kina kintên-kintên mungêl, gindirisi: 1 | 10. Rêca Mahadewa: 1 | 11. Rêca alit: 1 | 12. Rêca Budisatwa: 1 | 13. Rêca Guru: 1 | 14. Rêca Buda: 1 | 15. Rêca Kala: 1 | 16. Rêca Naga: 1 | Gunggung 16

Karangnôngka ping 10 Mèi 1924.

Ha. Panèwu dhistrik ing Karangnôngka.

Wg. Mangunlêgawa.

--- [309] ---

E. Mudy - Raden Mas Ngabei Prajakintaka, 19 April 1934

Katur sèkrêtarisipun Pahêman Radyapustaka Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka.

Nuwun, ngestokakên dhawuhipun pangarsa Gusti Kangjêng Pangeran Ariya Adiwijaya, sêratipun Tuwan Alkona dalah sakanthinipun sampun kula têdhak ing basa Jawi. Kula aturakên sadaya sarêng punika. Konjukipun dhumatêng mudha pangarsa Gusti Kangjêng Pangeran Ariya Suryaamijaya, kula sumôngga.

Kantor Kapatihan kaping 19 April 1934.

E. Moody

Lajêng konjuk ing panjênêngan dalêm gusti prêtalan dalah babonipun.

Pun

Prajakintaka.

--- [310] ---

A. Koper - Raden Tumenggung Mangunnagara, 18 April 1913

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah Tuwan A. Kopêr Wd. atministratur Pandhansimping.

Katur panjênênganipun ingkang saudara Radèn Tumênggung Mangunnagara, bupati pulisi ing Klathèn.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun nampèni sêratipun saudara, katitimangsan tanggal kaping 10 April 1913, ôngka 1627/B/11 suraosipun bab 4 iji rêca, ingkang wontên sacêlakipun dhusun Gupala, dipun pundhut ing nagari, punika kula ugi sampun anyumanggakakên, dene waragadipun gunggung f 50,- kula sampun botên mawi nyuwun lintu, inggih amung kula aturakên kalayan lêlahanan kemawon.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan.

Pandhansimping tanggal kaping 18 April 1913.

A. Copper

B Katur nagari

A/24/31

--- [311] ---

Wirapustaka - Anonim, 12 April 1913

Kula nuwun, cêpakan arta Radyapustaka taun 1913: f 1000

Sampun kawêdalakên: f 653.40

Kantun: f 346.60

Sapunika pajêg wulan April, kados prayogi yasan dalêm praboting dhuwung kêkalih kasarèhakên wontên taun 1914, makatên ugi yêyasan saha pundhutan ingkang kabayar kathah ngêntosi benjing taun ngajêng, sapunika namung kangge sudhiyan alit-alit kemawon.

Katur kaping 12 April 1913.

Pun Wirapustaka.

--- [312] ---

Ngabei Jararaga - Kantor Musium, 6 Pebruari 1914

Ugêran kaping 6 Pèbruari 1914

Atur kula Ngabèi Jararaga, abdi dalêm mantri tukang ukiran.

Kula sampun anampèni dhawuhing parentah wontên ing kantor musium Sriwadari, kadhawuhan angyasakakên jêjêran kajêng tayuman cacah 2 iji, badhe kagêm mirantosi kagungan dalêm dhuwung ingkang badhe kapasang wontên ing musium, atur kula sandika, amung mugi andadosakên kauningan, sarèhning wêkdal punika botên wontên kajêng tayuman, sagêd kula angladosi amung kajêng kumuning, dene pantêsipun dhapur, ingkang badhe manjing dhatêng ladrang dhapur Ngyudawinatan, ingkang dhatêng gayaman wangun Wiryadiningratan, saha kadhawuhan milihakên kajêngipun ingkang mulus. Ingkang mapan sêratipun 1. Ing sasagêd-sagêd ugi badhe kula upadosakên, wondene jêjêran kalih iji wau sanggêm kula angaturakên babaran salêbêtipun tigang wulan saking titimasanipun sêrat punika, mênggah badhe paring dalêm tumbasan kajêng jêjêran kalih iji f 10, sanès dintên badhe kaparingakên. Mugi andadosakên kauningan.

Ng. Jararaga

Ingkang mariksa

[Grafik tanda tangan]

Ingkang nyêrati

Pun Sastrasayana.

--- [313] ---

Ngabei Jararaga - Anonim, 13 Pebruari 1914

Ugêran kaping 13 Pèbruari 1914.

Kula Ngabèi Jararaga, abdi dalêm mantri tukang ukiran.

Kula sampun nampèni paring dalêm arta kathahipun 10 sadasa rupiyah, sumêrêp waragadipun yasan dalêm jêjêran kalih iji, kadosdene kang kasêbut ing sêrat ugêran kula katitimasan kaping 6 Pèbruari 1914, mênggah sanggêm kula angaturakên babaran garapan kula jêjêran kalih iji wau, salêbêtipun tigang wulan, saking titimasanipun sêrat punika, mugi andadosakên kauningan.

Ng. Jararaga

Ingkang ngugêri

Karyarujita

Ingkang nyêrati, pun

Sudarmadi.

--- [314] ---

Ngabei Nayawirangka - Kantor Musium, 6 Pebruari 1914

Ugêran kaping 6 Pèbruari 1914.

Atur kula Ngabèi Nayawirôngka, abdi dalêm mantri mranggi kabupatèn gêdhong kiwa.

Kula sampun anampèni dhawuhing parentah wontên ing kantor musium Sriwadari, kadhawuhan nyarungi kagungan dalêm dhuwung kalih iji, dipun sarungi ladrang 1 gayaman 1 sami kajêng candhana iras, atur kula sandika, anamung sarèhning wêkdal punika pinuju botên wontên kajêng candhana, mênggah saking pamanggih kula, kagungan dalêm dhuwung ingkang luk punika sarunganipun sampun ladrang kajêng candhana iras, langkung prayogi sarunganipun lami kemawon kamulyakakên, dipun ewahi sapantêsipun saha dipun babar malih mênggah panggarap kula benjing manawi sampun dados kandêlanipun.

Dene ingkang lêrês dipun sarungi gayaman, manawi sampun kaparêng dhuwungan sawatawis kula ugi sampun sandika, samongsa sampun dados kandêlanipun lajêng kula garap, mênggah dadosipun salêbêtipun 20 dintên saking titimasa panampi kula, saha saking pamanggih kula pantêsipun kadhapur gayaman ladrang, wondene badhe paring dalêm tumbasan kajêng dalah wragadipun ambabarakên f 10, sanès dintên badhe kaparingakên, mugi andadosakên kauningan, saha wragadipun ambabarakên sarungan ladrang f 1,50.

Ng. Nayawirôngka

Ingkang mariksa, Karyarujita.

Ingkang nyêrati, Pun Sastrasayana.

--- [315] ---

Ngabei Nayawirangka - Anonim, Pebruari 1914

Ugêran kaping ... Pèbruari 1914.

Kula Ngabèi Nayawirôngka, abdi dalêm mantri tukang mranggi kabupatèn gêdhong kiwa.

Kula sampun anampèni dhuwung lêrês pamor rondhuru 1 iji, sarungan ladrang trêmbalo tanpa prabot, ingkang badhe kadhawuhan nyarungi gayaman, kanthi paring dalêm arta kathahipun 11 rupiyah 50 sèn, ingkang 10 rupiyah, sumêrêp waragadipun yasan dalêm sarungan gayaman cêndhana iras dalah pambabaripun ingkang 1 rupiyah 50 sèn, kangge wragad pambabaripun kagungan dalêm sarungan ladrang ingkang kadhawuhan ngrimbas, sampun kula tampèni jangkêp, wondene sanggêm kula angaturakên babaranipun garapan kula 2 iji, ing nginggil wau salêbêtipun kalih dasa dintên, saking titimangsanipun sêrat punika.

Ng. Nayawirôngka

Ingkang ngugêri, Karyarujita.

Ingkang nyêrati, Pun Suhirman.

--- [316] ---

Ngabei Citrairannya - Anonim, 11 Pebruari 1914

Ugêran kaping 11 Pèbruari 1914.

Atur kula Ngabèi Citrairannya, abdi dalêm mantri kêmasan ing kasêpuhan.

Kula sampun anampèni dhawuhing parentah wontên ing kantor musium Sriwadari, kadhawuhan anggarap yasan dalêm mêndhak 2 iji ingkang badhe kagêm mraboti kagungan dalêm dhuwung ingkang badhe kapasang wontên ing musium 1 dhapur parijatha, 2 dhapur ukêl pakis, jênenipun ingkang prayogi saha têrus, badhe paring dalêm waragad mêndhak 1 iji f 15 rupiyah.

Ingkang punika mugi andadosakên kauningan, mênggah paring dalêm samantên wau botên anyêkapi kadosdene pundhutan dalêm, dene cêkapipun manawi jêne ukon 1 1/2 ukon, ukon 1 rêgi f 12,50 dados manawi 1 1/2 ukon rêgi f 18,75 C.

Manawi jêne dinar cêkapipun tigang dinar, dinar 1 rêgi f 6,50 dados dinar tiga rêgi f 19,50 C.

Mênggah saking pamanggih kula sarèhning jêne ukon punika wujudipun kawon prayogi tinimbang kalihan dinar, kaot waragat sakêdhik langkung prayogi jêne dinar pisan, paring dalêm waragad mêndhak 1 iji f 19,50 C mêndhak kalih iji f 39,00 C, sampun lajêng kula tampèni jangkêp, wondene

--- [316a] ---

sanggêm kula angaturakên babaran yasan dalêm mêndhak 2 iji wau, kawan dasa dintên saking titimasanipun sêrat punika, mugi andadosakên kauningan.

Citrairannya.

Ingkang mariksa, Karyarujita.

Ingkang nyêrati, Pun Sastrasayana.

--- [317] ---

Ngabei Karyabuntara - Anonim, 1 Maret

Ugêran kaping 1 Marêt

Atur kula Ngabèi Karyabuntara, abdi dalêm mantri tukang landheyan.

Kadhawuhan anglandhèhi kagungan dalêm waos tunggangrana, landheyan saprabotipun kaparingan saking nagari, atur kula sandika, mênggah sanggêm kula angladosakên babaran benjing dintên Salasa tanggal kaping 10 wulan Marêt punika, wondene waos saha landheyan saprabotipun sampun kula tampèni.

Karyabuntara

Ingkang ngugêri, Karyarujita

Ingkang nyêrat, Pun Suhirman.

--- [318] ---

Karyarujita - Wirapustaka, 9 April 1913

Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat. Dhawuh dalêm kagungan dalêm dhuwung kêkalih lêrês saha luk ingkang badhe kagêm simpênan ing Musium, manawi wontên tuwan-tuwan utawi tamu ngamônca badhe sumêrêp dhuwung damêlan Surakarta, kadhawuhan mraboti pantêsipun kagêm simpênan. Sampun kula rêmbag kalihan Mas Ngabèi Prajadirja saha Mas Ngabèi Wirapustaka, pantêsipun namung sarwa lugas. Ingkang lêrês sarungan ladrang kandêlan suwasa lugas, ingkang luk sarungan gayaman kandêlan kêmalon abrit, parlu namung minôngka kawruh bedaning kagêm santana kalihan anggening abdi dalêm, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang lêrês

1. Ukiran kajêng tayuman: f.10
2. Mêndhak mas: f.15
3. Sarungan kajêng cêndhana mulus botên potokan: f.20
4. Kandêlan suwasa lugas: f.60
' = f.105

Ingkang luk

1. id: f.10
2. id: f.15
3. Sarungan gayaman id: f.10
4. Kandêlan kamalon abrit: f.3,50
' = f.38,50

Gunggung kumpul: f.143,50

Prabot sadaya wau anggènipun ngarsakakên kêdah dhatêng abdi dalêm ukiran dhatêng Ngabèi Jararaga, mêndhak saha kandêlan dhatêng abdi dalêm kêmasan, sarungan dhatêng abdi dalêm mranggi, kula nuwun sumôngga saha cumadhong dhawuh.

Katur kaping: 9 April 1913.

Pun, Karyarujita

Pun, Wirapustaka

Pun, Prajakintaka

Dhawuh dalêm kaparêng, nanging benjing taun 1914

Ewadene kaparêng nicil prabeya ingkang alit-alit.

Macak panyuwunan malih

154-1913 Wirapustaka.

--- [319] ---

Ngabei Karyabuntara - Anonim, 3 Rabingulakir 1844 A.J. [1 Maret 1914 A.D.]

Pratelan waragat panggarap kula waos yasan dalêm nagiri.nagari.

Tumbasan badhe landheyan 2 1/2 rupiyah.

Tumbasan godhi plitur 1 1/4 rupiyah.

Tumbasan kajêng dêling dêbog kaangge ngêluk sadintên 1/2 rupiyah.

Garapan landheyan sarampungipun 10 dintên, dados 5 rupiyah. Tumbasan jabung, ancur, arêng, mênyan 1/2 rupiyah.

Dados gunggung waragat sadaya 9 1/4 rupiyah.

Katur tanggal kaping 3 Rabingulakir Ehe 1844.

Ngabèi Karyabuntara

Sampun kula tampèni jangkêp.

Karyabuntara

Kasêbut punika sampun lajêng kula paringi f 9,25

Karyarujita.

--- [320] ---

Sastrasayana - Anonim, 2 Maret 1914

Kula pun Sastrasayana, sampun anampèni paring dalêm arta kathahipun f 6,50, sumêrêp panumbasipun kandêlan jawi badhe kagêm kêmalon ingkang f 1,50 saha landheyan kajêng walikukun dalah karah, lagri, sopalipun sami salaka ingkang f 5,00 sampun kula tampèni jangkêp.

Katampèn kaping 2 Marêt 1914.

Pun Sastrasayana

Sampun kaparingan

Karyarujita.

--- [321] ---

Ngabei Nayawirangka - Kantor Musium, 28 Maret 1914

Ugêran kaping 28 Marêt 1914.

Atur kula Ngabèi Nayawirôngka, abdi dalêm mantri mranggi kabupatèn gêdhong kiwa.

Kula sampun anampèni dhawuhing parentah wontên ing kantor musium Sriwadari, kadhawuhan ngrimbas saha ambabar kagungan dalêm sarungan ladrang ingkang badhe kagêm ing musium, tuwin nyakecakakên anjinging kandêlanipun, atur kula sandika, dene sarungan dalah kandêlanipun sampun-sampunsampun. kula tampèni, saha paring dalêm waragad ambabarakên sampun kula tampèni nalika kula nampèni garapan yasan dalêm sarungan gayaman ingkang sampun dados, mênggah sanggêm kula angrampungakên 15 dintên saking titimangsanipun sêrat punika. Mugi andadosakên kauningan.

Wangkinganipun ugi kula suwun lajêng bêkta, amargi kangge ngruntutakên manawi wontên ewahipun.

Ng. Nayawirôngka.

Ingkang ngugêri

Ingkang nyêrati, Pun Sastrasayana.

--- [322] ---

Ki Mas Citrarumpaka - Kantor Musium, 17 Agustus 1916

Ugêran kaping 17 Agustus 1916

Atur kula Ki Mas Citrarumpaka abdi dalêm bêkêl kêmasan.

Kula nuwun, kula sampun angèstokakên dhawuh sowan ing kantor musium, kaparingan dhawuh kaparênging parentah badhe andangu bab kawruh kêmasan, dipun sêrati wontên ing kantor musium, sagêd kula sowan sabên ing dintên punapa, salajêngipun kaparingan sumêrêp kawruh kêmasan ingkang sampun sumimpên ing musium, sawêk katranganing jêne salaka tuwin tambaga.

Ingkang punika mênggah kawruh ingkang kaparingakên sumêrêp wau taksih wontên wêwahing katranganipun malih, utawi ingkang tunggil golonganipun bab wau ugi taksih kathah. Wondene ingkang kasêbut wontên ing sêrat katranganing kawruh kêmasan wontên sangang bab, punika jalaranipun manawi kapratelakakên sarêsikipun kadosdene kawruh pandhe ingkang sampun katampèn ing parentah badhe [ba...]

--- [322a] ---

[...dhe] sakalangkung kathah, kintên-kintên kalihan kawruh pandhe wau sami utawi kapara langkung, wondene sowan kula ing kantor musium manawi amarêngakên namung sabên ing dintên Rêbo, benjing Rêbo ngajêng punika lajêng wiwit, mugi andadosakên kauningan.

Citrarumpaka

Ingkang ngugêri

Karyarujita

Ingkang nyêrati

Pun Sastrasayana.

--- [323] ---

Ngabei Wirasukadga - Anonim, 24 Nopember 1921

Ugêran kaping 24 Nopèmbêr 1921.

Atur kula Ngabèi Wirasukadga, abdi dalêm mantri pandhe ing kadipatèn anom.

Kadhawuhan mariksa dhuwung luk salikur, pamanggih kula punika tangguh damêlan Madura jaman karaton Mataram, dhapur kalakinantang, tosan waja pamor limrah, kalêbêt dhuwung rèpèh, kirang pantês kapundhut, bilih namung parlu kagêm pêpak-pêpaking dhapur kemawon, kenging, panêpsir kula namung rêgi f 15, kula nuwun sumôngga.

Wirasukadga

Ingkang ngugêri, Prajakintaka.

Ingkang nyêrati, Pun Arjasayana.

--- [324] ---

Citrairannya - Paheman Radyapustaka, 19 Siyam 1852 A.J. [16 Mei 1922 A.D.]

Katur ing Pahêman Radyapustaka

Kula nuwun, gambar rêca parjnyaparawita: ingkang kula aturakên asarêng punika, sampun kula suwunakên dhawuh pamrayogi ing panjênêngan dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, ingkang kadamêl pola kêdah gambar ingkang mawi sêkar trate (pudyasana) sanadyan botên sagêd kêtingal sadaya, dening angangkah supados agêngipun namung sarupiyah, ananging kêdah wontên gatraning sêkar trate. Mugi andadosakên ing kauningan.

Katur tanggal kaping 19 Siyam Ehe 1852.

Warga

Citrairannya

[...]