Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 35 ---

Nalika malêm Akad tanggal kaping 5 wulan Dulkangidah taun Je, ôngka 1854 utawi kaping 7 Juni 1924, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing Radyapustaka Sriwadari, mawi anyêdhahi kumisi dhalang sarta niyaga.

Ingkang wontên

1. Radèn Mas Arya Wuryaningrat, wisesa, 2. Radèn Ngabèi Prajakintaka, panitra sarta kumisi dhalang, 3. Radèn Ngabèi Suradipura, panitya, 4. Radèn Ngabèi Wôngsadilaga, kumisi dhalang, 5. Mas Ngabèi Martasuwignya, 6. Radèn Tumênggung Wrêdiningrat, pangagênging kumisi niyaga, 7. Mas Panji Jatiswara, kumisi niyaga, 8. Mas Ngabèi Sutasukarya, kumisi niyaga, 9. Mas Ngabèi Lêbdapradôngga

--- 36 ---

Ingkang pamit

1. Radèn Tumênggung Wôngsanagara, kondhanging wisesa, 2. Mas Ngabèi Prajapustaka, panitra, 3. Tuwan E. Mudhi, juru rêmbag, 4. Mas Ngabèi Yasawidagda, panitya sarta kumisi dhalang, 5. Mas Ngabèi Atmamardawa, kumisi dhalang sarta niyaga, 6. Bêkêl Lêbdacarita.

Ingkang karêmbag

I. Wisesa ambikak parêpatan sarta ngandika sarèhning pangrèh namung sakêdhik botên susah maos nutilên, kalihan bab dhawuhing nagari botên karêmbag rumiyin, pancèn badhe lajêng ngrêmbag bab padhalangan anggènipun badhe suka diploma dhatêng murit, ingkang badhe angrêmbag Mas Ngabèi Yasawidagda, [Yasawi...]

--- 37 ---

[...dagda,] namung punika botên dhatêng. Radèn Ngabèi Wôngsadilaga matur nyambêti, mênggah badhe aturipun Mas Ngabèi Yasawidagda punika sampun karêmbag kalihan para kumisi, badhe panindakipun andadar murit padhalangan punika kaangkah kalih rambahan, sarambahan dipun takèni ijêman bab kawruh padhalangan ingkang sampun kawulangakên kapurih nyêrati, lajêng sarambahipun ing sanèsipun dalu malih kadadar bab manggèning suluk lajêng ngêcakakên pisan, ing ngriku sampun dipun sudhiyani kêlir, ringgit, gôngsa saniyaganipun, upaminipun makatên, dipun takèni suluk manyura agêng punika kangge punapa, manawi sampun mangsuli patitis (kangge kadhatonan Ngastina) punika lajêng kapurih

--- 38 ---

ngêcakakên adêgan kadhatonan Ngastina, makatên salajêngipun, kumisi ambiji piyambak-piyambak, mangke punapa pikantukipun lajêng karêmbag, ingkang sampun katingal prayogi dipun dadar, kaparingan tôndha tamating pasinaon, wisesa amarêngakên, lajêng anêtêpakên dintên badhe pandadaripun wau, ing tanggal kaping 22 sarta 25 Juli 1924, wisesa lajêng anggalih pêpiritan ingkang kangge maringi tôndha tamating pasinaon, nyuwun pitulung dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, nyuwun larasan partisara ingkang kaparingakên dhatêng para kriya. Mangke ingkang kirang sakeca dipun ewahi. Sadaya condhong, wisesa lajêng dhawuh damêl wara-wara têmtuning pandadar sarta sêrat katur Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat nyuwun [nyu...]

--- 39 ---

[...wun] ngampil partisara wau. Lajêng andangu dhatêng Mas Ngabèi Martasuwignya, kala samantên sampun dhawuh amrayogèkakên sadaya ingkang kawulangakên supados dipun cathêti katata prayogi lajêng kadamêl buk, punika kadospundi, aturipun dèrèng sagêd damêl. Wisesa andangu pasinaon dhalang punika saupami dipun lêbêti bôngsa sabrang kadospundi, aturipun Mas Ngabèi Martasuwignya sarta Radèn Ngabèi Wôngsadilaga malah prayogi, namung bayaranipun ingkang kêdah kaagêngakên. Wisesa andangu saupami pantêsipun pintên bayaranipun, aturipun inggih f 10, punika cêkapan, Mas Ngabèi Martasuwignya matur, bab ringgit kagungan dalêm ing musium punika kangge ajar para murid, owêl sangêt, dening saening ringgit amargi têmtunipun panindakipun [pa...]

--- 40 ---

[...nindakipun] tiyang ingkang dèrèng nate punika mêsthi botên sagêd ngatos-atos, sayêktosipun manawi nyumêrêpi ringgit wau kangge ajar murid punika kados dipun tangis-tangisana, amila prayogi kaupadosakên ringgit sanès kemawon. Panitra II nyambêti atur, sayêktos kathah ingkang risak gapit utawi tudingipun, kados sampun wontên sadasa ingkang risak, wisesa anglêrêsakakên manawi kathah ingkang risak punika, lajêng dados rêmbag panjang, kadadosanipun nyuwun ing saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana bokmanawi wontên kagungan dalêm ringgit ingkang kapering, lajêng dhawuh damêl sêrat katur pangagênging parentah karaton canthèl unjuk nyuwun ringgit wau.

--- 41 ---

II. Wisesa mratelakakên manawi badhe adamêl pasinaon nabuh gôngsa, ing samangke kumisi sampun damêl bukipun pangajaran, badhe kaêcapakên, kumisi ngaturakên rèngrèngipun dhatêng wisesa, kapriksa, bêbukanipun wontên ingkang kagalih kirang sakeca, kadhawuhan ngewahi sarta dhawuh dhatêng kumisi supados kapasrahakên panitra ewah-ewahanipun, sarta dhawuh adamêl wara-wara badhe adêging pasinaon nabuh wau, mawi kapratelakna wêwatènipunwêwatonipun. ingkang katampèn sinau sagêd maos Jawi sarta sagêd dhatêng ôngka.

III. Wisesa amratelakakên mawi badhe adamêl pasinaon [pasinao...]

--- 42 ---

[...n] têmbung Kawi, badhe gurunipun Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, ing Ngayogyakarta, lajêng andangu dhatêng Radèn Ngabèi Wôngsadilaga sakecanipun anggèning suka sêrat panêmbung dhatêng Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr wau, aturipun prayogi kaprasajakakên kemawon manawi awit saking prasabênipun pakêmpalan Mardibasa tuwan dhoktêr sagah amulang têmbung Kawi botên mawi prabeya, ugêr lampahipun saking Ngayogya sarta pondhokanipun kasanggi, punika dipun sanggêmi, sarta Radyapustaka ingkang badhe ngadêgakên, wisesa kaparêng, lajêng dhawuh dhatêng panitra adamêl sêrat dhatêng tuwan dhoktêr wau, wanci jam 9 parêpatan [parêpata...]

--- 43 ---

[...n] katutup.

Wisesa [tanda tangan]

Panitra [Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 44 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên ing gêdhong musium nalika malêm Akad tanggal kaping 11 Rabingulakir Dal 1855 utawi kaping 8. 9 Nopèmbêr 1924.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Kondhanging wisesa, Radèn Tumênggung Wôngsanagara, 3. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Ngabèi Suradipura, 5. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 6. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

I. Maos nutilên sarampungipun, wisesa anggalih partisaraning murid padhalangan, ingkang mungêl dhalang pangkadpangkat. 2 punika kirang prayogi, dening sayêktosipun [sayêkto...]

--- 45 ---

[...sipun] dèrèng kenging winastan sae pangringgitipun, sawêg lumampah, mila prayogi kasantunan mangrêtos dhatêng wêwaton padhalangan, sarta sagêt ngêcakakên, sadaya condhong.

II. Wisesa mratelakakên manawi nampèni sêrat dhawuhing nagari mundhut panimbang, awit saking pamrayoginipun kangjêng tuwan residhèn undhang-undhang nagari bab barang kina punapa botên prayogi kasantunan kados undhang-undhang ing nagari Ngayogyakarta, amargi ing mangke ugi ngimpungimpun (dan di tempat lain). barang kina badhe adamêl musium kados ing ngriki, wisesa lajêng maos undhang-undhang ing Ngayogyakarta, katandhing kalihan undhang-undhang ing Surakarta, suraosipun sasat sami kemawon, namung undhang-undhang ing Ngayogyakarta [Ngayo...]

--- 46 ---

[...gyakarta] katêrangakên wijang-wijangipun, ing Surakarta botên, sarampungipun lajêng kataringakên, dados rêmbag sawatawis, putusanipun undhang-undhang nagari kaewahan mirit undhang-undhang ing Ngayogyakarta, paturanipun dhatêng nagari kapasrahakên panitya Radèn Ngabèi Suradipura.

III. Wisesa mratelakakên kala samantên Radyapustaka adamêl prisprah upados kawruh kêmasan, botên wontên ingkang nglêbêti, warga Mas Ngabèi Citrairadya sagah barang kawruh kêmasan wau botên susah mawi ganjaran, sarta sampun kalampahan ngaturakên karanganipun sawatawis, namung lajêng kèndêl dumugi sapriki dening sakit, sapunika sampun saras, dhawuhing wisesa supados kaenggalakên, ing sapunika lajêng

--- 47 ---

damêl prisprah upados kawruh punapa ingkang parlu, dados rêmbag sawatawis, putusanipun prisprah kawruh panyugingpanyungging. dipun gantungi ganjaran kathah-kathahipun f 50.

VI. Wisesa andangu dhatêng panitra punapa Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sampun maringakên pola kangge têtêngêr, aturipun dèrèng, sarta lajêng matur putusaning parêpatan agêng kapêngkêr punika sarèhning mawi lêlandhêsan agami kapasrahakên pakêmpalan muhkamadiyah, warga Mas Ngabèi Sastrasugônda ingkang kapurih ngrêmbag dhatêng muhkamadiyah, sampun kaenggalakên wangsulanipun sawêg karêmbag. Putusanipun ngêntosi wangsulan saking muhkamadiyah.

Sarampungipun rêmbag sadaya, wisesa anggalih bilih panitra kêkathahên pandamêlan, kêdah gadhah kanthi mantri satunggal minôngka kasorsoran, [kasor...]

--- 48 ---

[...soran,] punika wisesa kagungan pandêngan.

1. tilas bupati ing Wanasaba.

2. tilas wadana ing Banyumas.

priyantun kêkalih punika sami nyêkapi sayêktos kasagêdanipun, sarta rêmên dhatêng kawruh Jawi, dados rêmbag sawatawis, putusanipun sami botên nyuwawèni manawi salah satunggalipun kadadosakên sor-soraning panitra, amargi têmtunipun sami botên kenging kaêrèh, môngka bêtahipun punika kanthi minôngka bêbauning panitra. Lajêng ngrêmbag sintên abdi dalêm ingkang rêmên dhatêng kawruh Jawi, dangu sami ngèngêt-èngêt sarta amanah-manah, namung botên wontên ingkang angsal pandêngan, wêkasan kondhanging wisesa mrayogèkakên pamilihipun supados kapasrahakên [kapasraha...]

--- 49 ---

[...kên] ing panitra piyambak, wisesa parêng, wanci jam 9 parêpatan katutup.

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]