Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 50 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium nalika malêm Sênèn tanggal kaping 12 Siyam Dal ôngka 1855 utawi kaping 5-6 April 1925.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Kondhanging wisesa, Radèn Tumênggung Wôngsanagara, 3. Wargamulya, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 4. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 5. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 6. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang karêmbag

I. Maos pèngêtan parêpatan kapêngkêr, sarampungipun wisesa ngandika bilih wontên ingkang lêpat, bab bupati Wanasaba sarta tilas wadana Banyumas, punika anggènipun mratelakakên wisesa, kala samantên botên pandêngan, sami gadhah atur kawrat sêrat, sarta bab pamilih kapasrahakên panitra punika ugi botên, namung kapasrahan upados pambêngan. pandêngan.

II. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kagungan pamrayogi sarèhning musium punika saya katingal malah nama sampun misuwur, supados katata ingkang prayogi, panataning barang sêrat-sêrat dalah cathêtanipun, sarta mratelakakên manawi sampun ngandika dhatêng panitra prayogining panatanipun ringgit punika kaiyasakakên bênèt kaca tanpa angsang namung kasukanan canthelan, ringgit kapasang ing ngriku sadaya, makatên ugi rêca-rêca, barang mas sapanunggilanipun. Wisesa mangayubagya, namung sarèhning punika gêgayutan kalihan waragad, kêdah kamanah kalihan kawontênaning arta rumiyin, dene bab cathêtan, kala samantên kados sampun sami kagarap, wangsulanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya manawi ingkang tumrap kawajibanipun [kawaji...]

--- 51 ---

[...banipun] bab barang kina sampumsampun. rampung kantun panyêratipun kemawon, dene bab barang yasan sasaminipun, punika ingkang gadhah wajib Mas Ngabèi Yasawidagda. Mas Ngabèi Yasawidagda matur bilih sampun kagarap, namung dèrèng rampung, amargi kajawi kasaru ing padamêlan sanès sayêktosipun pancèn kirang mangrêtos dhatêng kawontênaning barang-barang wau, kados ta: bab wêsi aji, punika rampungipun saking panitra ingkang nindakakên, amila malah ing mangke nyuwun sèlèh kawajibanipun, botên awit saking botên purunipun nyambut damêl, rumaos botên patos têrang sumêrêpipun wau, sumêlang bokmanawi andadosakên botên sagêd damêl majêngipun, kados ta: saupami badhe mêwahi, punapa ingkang badhe kawêwahakên, punika botên sumêrêp, ing mangke nyuwun lintu kawajibakên nyêpêng sêrat-sêrat kemawon, punika rumaos kadugi sangêt, wisesa lajêng anantun dhatêng Radèn Ngabèi Prajakintaka, aturipun saèstunipun namung sandika botên sagêd badhe selak. Radèn Tumênggung Wôngsanagara usul, sarèhning Radèn Ngabèi Prajakintaka punika panitra botên mrayogèkakên manawi kawajibakên ing satunggal-satunggaling bab, amargi sadaya dados cacêpênganipun, punika lajêng dados rêmbag sawatawis, putusanipun Mas Ngabèi Yasawidagda, nyêpêng sêrat-sêrat, dene ingkang nyêpêng barang yêyasan sapanunggilanipun ing sadèrèngipun angsal punika kawajibakên dhatêng panitra.

III. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya amrayogèkakên supados ing Radyapustaka angadani damêl bausastra Jawi, wisesa amangsuli pancèn sampun damêl, ingkang kapatah ngarang Mas Ngabèi Prajapustaka, mawi pêpiritan wordhênbuk Roorda, namung dèrèng rampung. Radèn Tumênggung Wôngsanagara nyambêti owêl sangêt dene kirang sakêdhik lajêng kandhêg dening ingkang ngarang lajêng botên sagêd anglajêngakên, [anglajêng...]

--- 52 ---

[...akên,] pangandikanipun kangjêng pangeran sukur manawi sampun damêl, mênggah kakiranganipun wau sarèhning kantun sakêdhik prayogi kalajêngakên, lajêng ngrêmbag ingkang dipun patah anglajêngakên, putusanipun Tuwan E. Mudhi sarta Mas Ngabèi Yasawidagda sampun sami sandika. Mas Ngabèi Yasawidagda nyuwun sumêrêp rumiyin sêrat ingkang badhe kalajêngakên wau, wisesa dhawuh dhatêng panitra supados amaringakên.

IV. Wisesa matur ing Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, manawi kala samantên dhawuh dhatêng panitra supados matur ing panjênênganipun kaaturan anggalih malih adamêl pola punapa ingkang prayogi kangge têtêngêr panarimah ing Radyapustaka tumrap para ingkang sami misungsung, saèstunipun sampun matur, punika kadospundi punapa sampun sagêd anggalih. Dhawuh wangsulanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, lêrês panitra sampun matur namung sayêktosipun panjênênganipun sampun botên karsa anggalih, malah kagungan pamrayogi manawi têtêngêr punika katêtêpakên botên kenging mêndhêt saking kabudan, prayoginipun musium punika kabibarakan kemawon, dene kathah sangêt barang ingkang saking kabudan, kados ta: barang panggihan ingkang awarni jêne sela sarta rêca-rêca sasaminipun. Wisesa mangsuli, punika wontên bedanipun, barang ingkang kasimpên kalihan kangge têtêngêr, manawi ingkang kasimpên kenging kemawon barang kabudan malah pinilala, wangsul prakawis têtêngêr punika prayogi kamanah ingkang botên nyulayani kalihan agami. Wangsulanipun kangjêng pangeran amung amborongakên nanging panjênênganipun sampun botên sagêd anggalih, putusanipun adamêl prisprah.

V. Wisesa mratelakakên manawi tampi sêrat dhawuhing pêpatih dalêm, katitimangsan kaping 22 Desèmbêr 1924 ôngka 2284 A/2 kanthi têtêdhakan sêratipun kangjêng tuwan residhèn, katitimangsan kaping 8 Desèmbêr 1924 ôngka 913/s wadi

--- 53 ---

sarta têtêdhakan sêratipun up amtênar polêkêslèktir, bab badhe angêdalakên sêrat kabar Sripustaka sarta Panjipustaka têmbung Mlajêng, rêringkêsaning suraos panggalihing pêpatih dalêm sêrat kabar wau pancèn prayogi dados wêwaosaning bôngsa Jawi, amila manawi pahêman Radyapustaka sagêd ambiyantoni dados korèspondhèn, andadosakên kaparênging pêpatih dalêm. Punika kadospundi pamanggihing pangrèh, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya mrayogèkakên Radyapustaka dados korèspondhèn paring ancêr-ancêr Mas Ngabèi Yasawidagda kemawon kapatah, katantun aturipun botên sagêd dening sampun kathah padamêlanipun piyambak, putusanipun sasagêd-sagêd badhe ambiyantoni, wisesa lajêng dhawuh ing panitra supados damêl sêrat paturan.

Wanci jam 9 parêpatan katutup.

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 54 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing musium, nalika malêm Akad tanggal kaping 20 wulan Bêsar taun Dal ôngka 1855, utawi kaping 11 Juli 1925.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Kondhanging wisesa, Radèn Tumênggung Wôngsanagara, 3. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

Ingkang karêmbag

I. Maos pèngêtan parêpatan nalika malêm Sênèn tanggal kaping 12 wulan Siyam taun Dal ôngka 1855 utawi kaping 5 wulan April 1925, sararampungipun wisesa anggalih bab têtêngêr, putusanipun adamêl prisprah, punapa sampun katindakakên, aturing panitra dèrèng, kala samantên ingkang kadhawahan damêl rèngrèng Mas Ngabèi Yasawidagda. Mas Ngabèi Yasawidagda matur kasupèn dèrèng damêl amargi kêtalip ing parlu-parlu kathah, dhawuhing wisesa supados damêl tumuntên.

II. Wisesa andangu pangupadosipun pandêngan raksaka punapa sampun angsal, aturing panitra dèrèng, nintingi para abdi dalêm angèl angsalipun ingkang prayogi kadadosakên raksaka, dhawuh wangsulaning wisesa saèstunipun awis tiyang ingkang gadhah kagunan mumpuni punika, namung têmtunipun wontên ingkang ragi sumrambah kagunanipun, dados rêmbag sawatawis, putusanipun upados pandêngan malih.

III. Suwunaning raksaka.

Ha. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

4 iji lêmari kaca kangge wadhah barang kina, rêgi f. 335, 2. iji lêmari kaca kangge wadhah ringgit, rêgi f. 110} 445

Na. Mas Ngabèi Yasawidagda.

--- 55 ---

Sêrat-sêrat têmbung Walandi ingkang gêgayutan bab Jawi.

Pangaos… 300

Ca. Radèn Ngabèi Prajakintaka.

Kakiranganing gôngsa.

1 pangkon bonang… 225, 1 pangkon bonang panêrus… 225, 1 pangkon dêmung… 65, 1 pangkon saron barung… 55, 1 pangkon saron panêrus… 45 } 390

Putusanipun suwunanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaparêngakên lêmari kangge wadhah barang kina.. f. 335.

Suwunanipun Mas Ngabèi Yasawidagda, kaparêng… f. 300

Suwunanipun Radèn Ngabèi Prajakintaka, kaparêng…f. 390

IV. Bab ingkang sami nêmbung malêbêt warga

1. Radèn Mas Sugara, santana buyut dalêm ingkang sinuhun kaping gangsal, sapunika pamagangipun wontên ing kantor marduyatnya.

2. Radèn Ngabèi Purwasudarsa, abdi dalêm mantri bumi gêdhe.

3. Mas Ngumar.

Kaparêngakên sadaya.

V. Sêratipun warga Mas Ngabèi Citrairanya, amrayogèkakên supados pahêman Radyapustaka ngadani damêl bausastra Jawi, putusanipun kawangsulan manawi Radyapustaka sampun adamêl. Wanci jam 1/2 10 parêpatan katutup.

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 56 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing musium, nalika malêm Akad tanggal kaping 22 Mulud Be ôngka 1856 utawi kaping 10-11 Oktobêr 1925.

Ingkang wontên

1. Wisesa Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi, 4. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 6. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

Ingkang karêmbag

I. Maos pèngêtan parêpatan kapêngkêr.

II. Wisesa tampi sêrat saking kondhanging wisesa Radèn Tumênggung Wôngsanagara, suraos nyuwun sèlèh anggènipun dados kondhang, sarta ngandikakên jalaranipun, nalika wontên tamu pangeran Siyêm, kapacak nampèni rawuhipun, pamit, dados wisesa marlokakên piyambak, wusana lajêng macak atur nyuwun sèlèh wau, pamanggihing wisesa prayogi kaparêngakên, dene gagêntosipun ingkang kapilih wargamulya Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sadaya condhong, wisesa lajêng dhawuh dhatêng panitra macak atur ing nagari sèlèhing kondhang sarta gagêntosipun.

III. Wisesa nampèni sêrat dhawuhing nagari suraos kapundhut tanpa nimbang sêrat paturanipun abdi dalêm jajar jaga musium sami nyuwun indhakan balônja sabên tigang taun, kadosdene para abdi dalêm garap, pamanggihing wisesa prayogi animbangi supados dipun parêngakên, amargi ingatasipun ngawula punika têmtu sami angajêng-ajêng indhakan, sadaya mupakad, panitra matur ing wisesa, amrayogèkakên supados Ki Mas Arjasayana jajar tukang rêrêsik musium kasuwunakên indhak kados jajar jaga musium, amargi kajawi rêrêsik mawi [ma...]

--- 57 ---

[...wi] nindakakên padamêlan kantor kadosdene garap saha sabên musium wontên parlu punika dados kanthi kula. WiseWisesa. andangu blanjanipun sarta ing musium punika ingkang majibi rêrêsik pintên, atur wangsulaning panitra tukang rêrêsik punika kalih, jajar satunggal, bêbau satunggal balanjanipun sami f 50. Dhawuh wisesa rèhning blônja sami padamêlan lan sami prayogi bêbau punika kasuwun pangkat jajar kemawon, awit bilih jajar kalihan bêbau mangke pun jajar tansah ngêrèh botên tumandang rêrêsik piyambak, aturing panitra punika bèntên-bèntên wajibipun, bêbau amajibi rêsikaning musium ngandhap nginggil, jajar majibi rêsikaning barang-barang sadaya, dhawuhing wisesa jêjêripun inggih nama tukang rêrêsik sadaya, dados prayogi kasami pangkatipun supados botên rèh-rinèh. Aturing panitra wontên pakèwêdipun saupami bêbau punika kapangkat jajar, amargi padamêlanipun sampun kuli balaka, kados ta ngêpèli plêstèr angkat jungjung kakengkan-kèngkèn bêkta barang sasaminipun. Radèn Ngabèi Dutadilaga matur mênggah aturing panitra punika angèngêti lêlabêtan, Mas Ngabèi Yasawidagda nyambêti, pakèwêdipun bêbau kapangkat jajar, mangke mindhak botên purun tumindak ingkang kasar-kasar, dados rêmbag sawatawis, putusanipun damêl sêrat paturan atur panimbang ing nagari panyuwunipun indhakan balônja jajar jaga musium prayogi kaparêngakên sarta Arjasayana kasuwunakên angsal indhakan kados jajar jaga musium. Polipun kasumanggakakên panggalihaning nagari.

IV. Wisesa paring uninga manawi Radyapustaka katêdha dados warganing kontag komite, pamanggihing wisesa prayogi malêbêt, bilih wontên èwêd-pakèwêdipun, gampil, amargi wisesa dados panitraning kontag kumite, sadaya condhong.

V. Wisesa mratelakakên bilih anampèni sêratipun Radèn Wadana Dwijasewaya suraos ngaturi uninga manawi sampun sowan ing dhepartêmèn pan ondêrwis nyuwun rêmbagan bab [ba...]

--- 58 ---

[...b] panuwunipun Radyapustaka anunggilakên paramasastra Jawi, sarêng sampun matur kathah-kathah, lajêng kadhawuhan pinanggih kalihan Tuwan Dhoktêr Ringkês, kalampahan pinanggih lajêng rêmbagan saparlunipun, putusanipun Tuwan Dhoktêr Ringkês mupakat sapamanggihipun kumisi kasusastran sarta sagah badhe tumuntên ngaturi pamrayogi dhatêng dhepartêmèn supados mituruti panyuwunipun Radyapustaka ingkang botên mawi ewah-ewahan sakêdhik-kêdhika, punika andadosakên lêganing panggalih, namung gêla dene dede guprêmèn, mila anggalih prayogi damêl sêrat paturan dhatêng kangjêng guprêmèn nyuwun tumuntên kaparêngakên panyuwunipun, sadaya condhong.

VI. Wisesa andangu dhatêng Mas Ngabèi Yasawidagda bab panumbasing buku-buku, aturipun sampun angsal sadaya sarta lajêng katata pisan.

VII. Wisesa anggalih bab panitra II sarèhning angèl sagêdipun angsal pamanggihing wisesa ngupados tiyang wêdalan H. I. S., kablônja f. 30 sawulan, Radèn Ngabèi Dutadilaga ngaturakên adhinipun nama Radèn Pringgadilaga punika wêdalan H. I. S. sapunika magang wontên ing kurnelan, wisesa rujuk badhe kacoba rumiyin, sanès dintên supados kakintunakên dhatêng kantor musium, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur sandika.

VIII. Wisesa Anggalih bab pangupadosing pandêngan raksaka, angèl sagêdipun angsal, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur amrayogèkakên Mas Ngabèi Kartaatmaja abdi dalêm mantri garap karaton, dados rêmbag sawatawis, putusanipun panitra supados matur rêrêmbagan kalihan Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya rumiyin, wanci jam 9 parêpatan katutup.

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 59 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium, nalika malêm Akad tanggal kaping 26 Jumadilawal taun Be 1856 utawi kaping 12 Dhesèmbêr 1925.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 4. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang karêmbag

I. Maos pèngêtan parêpatan kapêngkêr, sarampungipun wisesa naringakên manawi wontên kirang utawi lêpatipun, Mas Ngabèi Yasawidagda matur wontên sulayanipun amargi arta ampilanipun taksih sakêdhik, antawisipun f 15, namung sampun badhe wontên tanjanipun tumbas buku Yapa Insêtitit, mênggah pèngêtan punika parlu kaewahan punapa botên, dhawuhipun wisesa dados botên wontên lêpat sarta kiranganipun namung bab ampilan arta wau, malah ing mangke badhe kaparingan wêwah ampilan kangge tumbas sêrat malih ing taun 1926 ngajêng punika f 200. Lajêng andangu dhatêng panitra rumiyin Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kagungan suwunan lêmari kangge anggêlar ringgit, punika pintên waragadipun, aturipun èngêt-èngêtan f 300, èngêtipun wisesa f 200, aturing panitra cobi kapatitisakên rumiyin. Dhawuhing wisesa taun 1926 ngajêng punika sagêd ngêdalakên arta f 600.

Ha. Tumrap Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kangge iyasa bênèt wadhah ringgit…f 200

Na. Tumrap Radèn Ngabèi Prajakintaka kangge angwontênakan praboting ringgit kados ta: kothak, kêlir, blencong sapanunggilanipun…f 200

Ca. Tumrap Mas Ngabèi Yasawidagda bab mêcahi sêrat-sêrat…f 200

II. Wisesa anggalih badhe amisungsun dhatêng Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, [Krè...]

--- 60 ---

[...mêr,] ingkang mulang têmbung Jawi kina amargi benjing wulan Januari 1926 ngajêng punika badhe pindhah nyambut damêl dhatêng Malang, punika ingkang prayogi awujud punapa, putusanipun, prabot panyêratan damêlan Jawi badhenipun salaka mawi sêratan, pangèngêt-èngêt saking pahêman Radyapustaka, katur Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr. Panitra kadhawahan lajêng rêrêmbagan kalihan Mas Ngabèi Citrairanya, mênggah ancêr-ancêring waragad f 50, namung kêdah kagambar rumiyin badhe kapriksa.

III. Wisesa andangu dhatêng panitra bab pangupadosing pandêngan raksaka, aturipun mêksa dèrèng sagêd angsal, pancèn rêkaos angsalipun bilih upados ingkang ngêplêki kalihan pilihan, namung manawi kaparêng wuwungan wontên mayaripun, saupami Mas Ngabèi Sutasukarya punika kados sampun prayogi, amargi kriyanipun tumindak ugi rêmên dhatêng sasêrêpan Jawi sarta mangrêtos dhatêng têmbung Walandi, Mas Ngabèi Yasawidagda nyambêti atur amrayogèkakên dhawuh wangsulaning wisesa pancèn inggih sampun kenging pisungsung, namung adatipun Mas Ngabèi Sutasukarya punika manawi lêlahanan asring awrat anglampahi, Radèn Ngabèi Dutadilaga anglêrêsakên lajêng matur amrayogèkakên Mas Ngabèi Nayawirôngka, punika sampun kanyataan rêmênipun dhatêng kagunan Jawi, wisesa anglêrêsakên, namung inggih kagungan panggalih sami kemawon manawi lêlahanan inggih awrat, dados rêmbag sawatawis, putusanipun kalih pisan sami dipun condhongi, namung kadhawuhan nantun, ingkang karumiyinakên Mas Ngabèi Sutasukarya, bilih botên purun lajêng Mas Ngabèi Nayawirôngka.

IV. Wisesa mratelakakên manawi nampèni sêrat paturanipun Jayawaluya mansêkap prajurit jayatanantaka nyuwun anggêntosi ampas kalênggahanipun jajar panyrigan musium, sêrat paturanipun lajêng kawaos, sarampungipun karêmbag sawatawis, putusanipun sêrat paturan kasorog katur nagari.

V. Wisesa anggalih badhe pandamêlipun sêrat wêwaton tataning panyêrat, Mas Ngabèi Yasawidagda mrayogèkakên karêmbag ing parêpatan agêng.

--- 61 ---

VI. Wisesa andangu dhatêng panitra bab pandamêling wara-wara sayêmbara adamêl têtêngêring Radyapustaka, Mas Ngabèi Yasawidagda matur sayêktosipun dèrèng sagêd damêl dening kathah arunganing padamêlan, ing mangke wara- wara lajêng kadamêl kemawon ing wulan punika kawatês anggèning nglêbêti kasèp-kasèpipun wontên tanggal kaping 31 Januari 1926, mênggah ganjaranipun f 50, wisesa amarêngakên, wanci jam 9 parêpatan katutup.

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]