Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 62 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh nalika malêm Jumungah tanggal kaping 5 Ruwah Be 1856 utawi 18 Pebruari 1926.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

Ingkang karêmbag

I. Ingkang nglêbêti sayêmbara bab têtêngêring Radyapustaka wontên cacah 63 sêrat, lajêng dipun bikaki, ingkang kadhawahan bikak Mas Ngabèi Martasuwignya, ingkang nyathêti sah utawi botênipun panitra, wisesa ingkang jênêngi, sarampungipun kacacahakên, ingkang kabikak 35 iji.

Ha. Ingkang sah 18 iji.

Ôngka 4, 5, 6, 7, 11, 13, 14, 15, 16, 17, 18, 20, 22, 23, 24, 31, 32, 34.

Na. Ingkang botên sah 8 iji.

Ôngka 1, 3,,8, 10, 12, 21, 26, 30.

Ca. Ingkang mêngêng 9 iji.

Ôngka 2, 9, 19, 25, 27, 28, 29, 33, 35.

Ingkang dèrèng kabikak 28, ingkang 6 botên wontên kancahipun, ingkang 22 winitawis kanthining gambar ingkang sampun kabikak mila katunggilakên. Ingkang botên sah kapundhut ing wisesa, ingkang sah sarta mêngêng kasimpên panitra namung kapilah-pilah panyimpênipun. Dhawuhing wisesa badhe kalajêngakên ing parêpatan ngajêng sarta kadhawuhan damêl parêpatan tumuntên, ngancik jam 1/2 11 parêpatan katutup.

Wisesa

Panitra

--- 63 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh nalika malêm Rêbo tanggal kaping 10 Ruwah Be 1856, utawi kaping 23 Pebruari 1926.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Kondhanging wisesa, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 3. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

Ingkang karêmbag

I. Dhawuhing wisesa sarèhning sampun sawatawis parêpatan botên maos pèngêtaning parêpatan ingandikakên maos, panitra lajêng maos pèngêtan parêpatan nalika malêm Akad tanggal kaping 26 Jumadilawal Be 1856 sarta nalika malêm Jumungah tanggal kaping 5 Ruwah ugi taun Be wau.

II. Wisesa dhawuh supados gambar-gambar kabikak malih, katata katunggilakên prabotipun. Sasampunipun katata, wisesa têtaringan kadospundi lêlajênganipun panindaking sayêmbara punika mênggah andharaning pangrêmbag kapêngkêr kados pèngêtan ingkang kawaos wau, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya anêrang kadospundi sababipun ingkang winastan mêngêng sarta botên sah, wangsulaning wisesa, ingkang botên sah punika pangintun gambar ingkang tanpa têtêngêr, dene ingkang mêngêng punika taksih ngêmu raos bokmanawi katranganipun mangke kasêbut ing sêrat ingkang sami kacirèn botên kenging kabikak, kangjêng pangeran anêrang malih, mênggah sagêdipun nêtêpakên gambar punika kanthi sorogan punika. Panitra matur anêrangakên kala panampinipun sarêng kalih-kalih, satunggal isi gambar satunggal kacirèn botên kenging kabikak, sarta mawi kacocogakên [ka...]

--- 64 ---

[...cocogakên] mirit wujuding sasêratan ngalamatipun punapadene têtêngêripun sami. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya lajêng nêtêpakên ingkang mêngêng punika ugi botên sah, amargi sayêmbara punika botên kenging ningali ingkang kacirenan botên kenging kabikak, namung wontên satunggal ingkang winastan mêngêng katêtêpakên sah, inggih punika ingkang kacirèn ôngka 3, sasampunipun makatên lajêng amilih pundi ingkang prayogi kangge têtêngêring pahêman Radyapustaka, wêkasan ingkang kapilih aciri gôndamastuti, awujud papêthan surya, ing têngah kabagi kalih, sasisih mungêl: pahêman Radyapustaka, sasisihipun gambar sangkapancajanya, sarêng kabikak soroganipun ingkang damêl Mas Rônggasukèmi ing Mangkunagaran, wisesa lajêng dhawuh damêl wara-wara ing sêrat kabar Kajawèn Sêdyatama, Darmakôndha, Bramartani, mratelakakên putusaning pamilih wau sarta dhawuh supados lajêng karêmbag kalihan kêmasan.

III. Wisesa kagungan pamanggih nyantuni cap Radyapustaka, saupami kados ingkang kapilih punika punapa kenging, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya mangsuli kenging, wisesa lajêng dhawuh ing panitra ingandikakên iyasa, wanci jam 1/2 10 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 65 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium nalika dintên Jumungah tanggal kaping 4 Jumadilakir taun Wawu ôngka 1857, utawi kaping 10 Dhesèmbêr 1926 wanci jam 7 sontên.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 4. Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang karêmbag

I. Maos nutilên.

II. Wisesa mratelakakên manawi pandamêling têtêngêr Radyapustaka sampun dados, badhenipun salaka kadamêl warni kalih gilap akalihan kêlêm, ingkang kadhawuhan damêl warga Mas Ngabèi Citrairanya, punika wujudipun (wisesa kalihan maringakên têtêngêr wau) prayogi pundi, lajêng sami kapriksa putusanipun ingkang kapilih ingkang gilap, wisesa lajêng dhawuh dhatêng panitra supados andangu pintên waragadipun, sarta anyathêti ingkang wontên angsal têtêngêr dalah wêwatonipun.

III. Wisesa ngandika bilih anampèni sêrat saking dhepartêmèn ondêrwis kanthi babaraning wêwaton panyêratipun basa Jawi sastra Jawi damêlan Radyapustaka, kangjêng guprêmèn sampun marêngakên kangge wontên pamulangan klas II, sarta pamulangan dhusun, punika sarèhning kala samantên rêmbagipun Radyapustaka bilih pamanggih Radyapustaka wêwatoning panyêrat wau kaparêngakên, badhe lajêng damêl wurdhênlis, amila ing mangke lajêng kêdah dipun manah badhe pandamêlipun wau, dados rêmbag sawatawis, putusanipun ingkang kapilih Mas Ngabèi Yasawidagda, aturipun sandika. Wisesa lajêng dhawuh dhatêng panitra adamêl sêrat dhatêng dhepartêmèn pan ondêrwis, suraos nyuwun wêwaton panyêrat wau kaparênga kawulangakên wontên ing H. I. S., sarta sadaya [sada...]

--- 66 ---

[...ya] pamulangan ingkang amulangakên têmbung Jawi. Wisesa lajêng anggalih sarèhning punika sampun nama rampung bab wêwatoning panyêrat, Radyapustaka kêdah damêl konggrès malih punapa ingkang prêlu karêmbag, pamanggihing wisesa bab bedaning sigêg Da kalihan Ta, Ba kalihan Wa, punika ingkang asring cawuh, Radèn Ngabèi Dutadilaga kadhawuhan ngrêmbag wontên Mardibasa punapa ingkang kêdah karêmbag wau.

IV. Wisesa paring uninga manawi pahêman lan Yapa Insêtitut badhe damêl konggrès basa Jawi wontên ing Ngayogya, ingkang kagalih prêlu bab badhe nyirnakakên sastra Jawi kasantunan sastra Latin, Radyapustaka kêdah anggondhèli sangêt, lajêng andhapuk kumisi adamêl sêsorah bab botên prayoginipun basa Jawi kasêrat sastra Latin, ingkang kapilih.

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 3. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

Dene parêpatanipun ing sabên dintên Jumungah wanci jam 1/2 12 siyang, wontên musium, Radèn Ngabèi Dutadilaga sampun sandika, namung Mas Ngabèi Martasuwignya botên wontên, mila wisesa lajêng dhawuh panitra kadhawuhan damêl sêrat prasabênan sarta macak Mas Ngabèi Martasuwignya.

V. Wisesa anggalih watêsaning rare ingkang lêlahanan ningali musium, amargi ingkang sampun tumindak rare-rare ingkang tumut bapa utawi biyungipun punika botên bayar, dados rêmbag sawatawis, putusanipun kawatês ingkang kalilan lêlahanan ningali musium punika rare umur nêm taun sapangandhap, langkungipun samantên kêdah bayar, wanci jam 1/2 2 parêpatan katutup.

Wisesa [tanda tangan]

Panitra [Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 67 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing kantor Radyapustaka, nalika malêm Jumungah tanggal kaping 12 Sawal Wawu ôngka 1857 utawi kaping 15 April 1927.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi, 4. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

Ingkang karêmbag

I. Maos nutilên.

II. Wisesa mratelakakên nalika Radyapustaka nampèni babaran watoning panyêrat saking dhepartêmèn, phan ondêrwis, soroganipun mawi mrasabênakên kaparêngipun kangjêng guprêmèn, wêwaton wau badhe kalimrahakên dhatêng pamulangan ôngka II, sarta pamulangan dhusun, punika kula lajêng damêl sêrat dhatêng dhepartêmèn phan ondêrwis nyuwun supados wêwatoning panyêrat wau, kalimrahakên ing sadaya pamulangan ingkang amulangakên têmbung Jawi, kados ta: H. I. S. sapanunggilanipun, punika sampun angsal wangsulan panyuwun kula wau kaparêngakên, malah dipun kanthèni têtêdhakan sêratipun dhepartêmèn phan ondêrwis dhatêng para insêpèktur phan ondêrwis ingkang andhawuhakên supados wêwatoning panyêrat wau kawulangakên ing sadaya pamulangan ingkang amulangakên têmbung Jawi, dene sêratipun wangsulan sarta kanthinipun kados punika, lajêng sami dipun waos dening wisesa, sarampunging pamaos ngandika, amirid punika dados rumiyin anggènipun dhawuhakên dhatêng para insêpèktur wau kalihan sêrat kula, mênggah anggèn kula ngaturi sêrat dhatêng dhepartêmèn wau botên kula rêmbag rumiyin wontên ing parêpatan, namung kula gagahi piyambak, pamanah kula kenging kemawon gagah prakawis ingkang sae punika, sarta sarèhning kala samantên Radyapustaka sampun ngaturi panuwun, dados ing sapunika botên prêlu ngaturi panuwun malih, mindhak kados rare, sadaya jumurung, wisesa ngalêmbana sangêt saening panganggêpipun kangjêng guprêmèn dhatêng

--- 68 ---

Radyapustaka, kados nalika wêwatoning panyêrat wau kaaturakên, pangrèhing Balepustaka anyulayani dhatêng pamanggihing Radyapustaka, punika sêratipun kaparingakên dhatêng Radyapustaka supados kamanah, Radyapustaka lajêng manah saprêlunipun, sasampunipun lajêng damêl wangsulan amratelakakên punapa pamanggihipun, kadadosanipun ingkang kaanggêp inggih pamanggih Radyapustaka, makatên punika katingal sangêt anggèning anggatosakên dhatêng Radyapustaka.

III. Wisesa anglapurakên lampahing wêwakil Radyapustaka ingkang dhatêng Ngayogyakarta, ngêdali konggrès Yapha Insêtitut angrêmbag basa Jawi, sêsorahipun Radyapustaka wontên ing konggrès wau botên namung nama mênang kemawon, kenging winastan mênang sangêt, saya ingkang adamêl agênging manah punika anggènipun pangarsaning Yapa Insêtitut angajêngi sangêt dhatêng sêsorah Radyapustaka, malah lajêng kangge wêwatoning musimusium. katur ing kangjêng guprêmèn, inggih awit saking punika Radyapustaka saya katingal ngalela, makatên punika sampun tamtu angagêngakên manah, namung sajatosipun saya awrat, botên kenging sinanggi miring, kêdah nyambut damêl sayêktos, ing mangke punapa ingkang kêdah dipun adani malih, kula sampun gadhah pamanah bab sêsigêg ingkang cawuh, kados ta: sêsigêg Ta, Da, sarta Pa, Ba, punika prêlu punapa botên, aturipun sadaya prêlu. Wisesa anggalih punapa ingkang prêlu karêmbag malih sênèsipun bab sêsigêg ingkang cawuh wau, Mas Ngabèi Martasuwignya matur bab têmbung ingkang gêgayutan kalihan tatakrami, kados ta: panganggenipun têmbung krama inggil, madya, sasaminipun, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur ingkang dipun bêtahakên para guru Jawi punika panganggenipun tata prunggu ingkang kasêbut ing wêwaton panyêrat Radyapustaka punika para guru taksih dèrèng têrang panampinipun, wangsulaning wisesa bab tata prunggu lasar kagalih namung samantên katranganipun, dening pancèn angèl pamathokipun, makatên ugi bab têmbung ingkang gandhèng kalihan tatakrami wau inggih angèl, mila badhe karêmbag wontên parêpatan agêng, lajêng dhawuh upados dintên kangge parêpatan agêng, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur nyuwun sabibaring wulan Mèi kemawon, amargi salêbêting wulan Bêsar badhe [ba...]

--- 69 ---

[...dhe] gadhah parlu, supados manawi kêpatah nyambut damêl sagêd lajêng anindakakên, wisesa marêngakên.

IV. Wisesa anggalih ingkang pantês tampi têtêngêr Radyapustaka, panitra ngaturakên cathêtan saha wêwatonipun kasêbut sêrat paturaning Radyapustaka, anêtêpakên putusaning parêpatan agêng ingkang sampun kaparêngakên ing kangjêng pangeran agêng nagari, manawi pisungsungipun karêmbag dhawah ôngka I, angsal sriyatna ôngka II, têtêngêr warni jêne ôngka III, sêrat trimakasih, wisesa sampuning maos cathêtan wau, andangu, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya punapa sampun nate angsal sriyatna, aturing panitra sampun, lajêng dados rêmbag sawatawis, putusanipun ingkang pantês tampi têtêngêr warni mas.

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, dening sampun kathah pisungsungipun.

2. Radèn Ngabèi Jagasudira, abdi dalêm mantri ngajêng, misungsung sêrat kina ingkang ing Radyapustaka ngupados sapriksa-sapriki botên sagêd-sagêd angsal, inggih punika sêrat Suryangalam taksih sêratan kina, titimôngsa sarampunging panyêrat taun Ehe ôngka 1672 (sapunika 1857-1672 = 185).

Sarta wisesa kagungan karsa maringi têtêngêr dhatêng para kumisi pasinaon, amargi kagalih labêt, sadaya wau badhe karêmbag wontên ing parêpatan agêng, sarta damêl sêrat dhatêng Mas Ngabèi Yasawidagda, angenggalakên kasagahanipun damêl wurdhênlis kala parêpatan kapêngkêr, amargi nalika konggrès Yapha Insêtitut wontên ing Ngayogyakarta, punika wontên salah satunggaling guru Jawi ingkang amêdharakên wontên ing parêpatan angajêng -ajêng kasagahanipun Radyapustaka adamêl wurdhênlis wau, aturipun sandika, wanci jam 9 parêpatan katutup.

Wisesa

Panitra [Tanda tangan: Pra]