Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 70 ---

Pahêman RadyapustaRadyapustaka. parêpatan pangrèh, nalika malêm Jumungah tanggal kaping 5 wulan Mulud taun Jimakir ôngka 1858, utawi kaping 1 Sèptèmbêr 1927.

Ingkang wontên

1. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kondhanging wisesa, 2. Radèn Tumênggung Suradipura, wakil wisesa, 3. Radèn Ngabèi Prajakintaka, panitra, 4. Mas Ngabèi Yasawidagda, panitya, 5. Radèn Ngabèi Dutadilaga, panitya, 6. Tuwan E. Mudhi, juru rêmbag.

Ingkang karêmbag

I. Kondhanging wisesa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya mêdharakên owêling [owê...]

--- 71 ---

[...ling] sèlèhipun wisesa Radèn Mas Arya Wuryaningrat, dene sampun kathah sangêt lêlabêtanipun tumrap Radyapustaka, lajêng bikak parêpatan, sarta dhawuh ing panitra ingandikakên maos pèngêtan parêpatan kapêngkêr. Panitra sadèrèngipun maos, mratelakakên manawi parêpatan kapêngkêr punika parêpataning kumisi rêdhaksi angrêmbag pitakèning para guru ing bab kasusastran waton panyêrat enggal punika, ingkang mèngêti panitraning kumisi rêdhaksi Mas Adisasmita, namung dumugi sapunika pèngêtan dèrèng katampèkakên Radyapustaka, sarta sampun kêrêp kaenggalakên, ingkang dipun pèngêti Radyapustaka namung bab sèlèhipun wisesa Radèn Mas Arya Wuryaningrat, pèngêtan lajêng

--- 72 ---

kawaos, sarampungipun kondhang lajêng anawèkakên bokmanawi wontên ingkang badhe sumêrêp aluraning nalika sèlèhipun wisesa punika panitra sampun sudhiya cathêtanipun. Radèn Ngabèi Dutadilaga matur nyuwun sumêrêp supados kawaos, panitra lajêng maos cathêtan wau. Sarampunging pamaos, Radèn Ngabèi Dutadilaga lajêng matur ing parêpatan amirit ingkang kasêbut ing cathêtan punika jalaraning wisesa nyuwun lèrèh dene botên dipun parêngakên panyuwunipun wêwah garap mantri ingkang minôngka artaka, saupami panyuwun punika dipun parêngakên bokmanawi mêsthi botên nyuwun kèndêl, utawi kados kaparêng wangsul ngasta Radyapustaka malih, amila punapa botên [botê...]

--- 73 ---

[...n] prêlu kagalih, Radèn Tumênggung Suradipura, nyambêti pêncèn inggih prayogi manawi sagêd, namung manawi ingkang nindakakên Radyapustaka botên kuwawi dening sampun nama katêtêpakên dhawuhing parentah, manawi kondhang kaparêng nindakakên punika kuwawi, panitra nyambêti, pancèn sampun rêkaos sagêdipun kalampahan dening pêpatih dalêm kêkah sangêt anggènipun jujuk dhatêng panimbanging kumisi, Radyapustaka mratelakakên kathah-kathah, namung angsal dhawuh lêrês, amung pêpatih dalêm jujuk panimbanging kumisi, mila lêrês pamanggihipun Radèn Tumênggung Suradipura, manawi kondhang kaparêng nindakakên punika kuwawi, kondhang lajêng andangu punapa wontên raosanipun Radèn Mas Arya Wuryaningrat kadugi dados wisesa [wi...]

--- 74 ---

[...sesa] malih. Panitra matur botên nate kakarsakakên raosan karsa ngasta wisesa malih namung kala samantên dhawuh taksih dados warga. Radèn Tumênggung Suradipura sarta Radèn Ngabèi Dutadilaga matur manawi sêmunipun taksih karsa nindakakên padamêlaning wisesa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya anggalih pakèwêd dening nama sampun kaputus ing parentah. Sarta lajêng ngandika dhatêng Mas Ngabèi Yasawidagda bokmanawi gadhah pamanggih dening sadangunipun wau dèrèng gadhah usul, Mas Ngabèi Yasawidagda lajêng takèn jêjêripun Radyapustaka punika kadospundi, kondhang dhawuh dhatêng panitra supados nyukani katrangan, panitra lajêng mratelakakên mênggah pahêman Radyapustaka pahêman kagunganing nagari, têtêp pocotipun warga [war...]

--- 75 ---

[...ga] kêdah têrang nagari, malah sakawit warganipun namung para abdi dalêm kriya saking pamilihing nagari, sarêng wisesanipun Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat punika lajêng kajêmbarakên, para guru pamulangan Jawi kakengingakên malêbêt dados warga.

II. Kondhang mundhut panimbang, pangrèh prêlu damêl caloning wisesa punapa botên aturipun prêlu nyalonakên, lajêng karêmbag, putusanipun kondhang ingkang kacalonakên dados wisesa.

III. Mas Ngabèi Yasawidagda matur gadhah pamrayogi supados pangrèh punika kawêwahan pangrèh Sriwadari, dados manawi wontên prêlu ingkang gêgayutan kalihan Sriwadari lajêng sakeca tumindakipun, manawi sami condhong, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kasuwun kacalonakên dados kondhanging wisesa, Radèn Ngabèi Dutadilaga mangsuli pakèwêd dene sanès warga. Wisesa paring tuladan [tula...]

--- 76 ---

[...dan] kala panjênênganipun kapilih dados pangarsaning Budi Utama punipunika. ugi botên dados warga, namung lajêng sanalika kadadosakên warga sarta lajêng kaangkat dados pangarsa, mila bab punika botên wontên pakèwêdipun, sadaya sami rujuk. Wisesa kagungan pamilih anyalonakên Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sadaya mupakat, dados calonan kondhang wontên kêkalih.

IV. Wisesa anggalih tumuntên parêpatan agêng, amargi panjênênganipun salêbêtipun wulan Oktobêr ngajêng punika badhe têdhak Batawi, kawajibaning lit polêksrat, sadaya nyuwawèni kaangkah salêbêtipun wulan Sèptèmbêr punika tanggal kur-kuran, dintênipun malêm Akad supados botên nyarêngi para pasinaon, wanci jam 9 parêpatan katutup.

Wakil wisesa

Panitra [Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 77 ---

Nalika malêm Jumungah tanggal kaping 29-30 Sèptèmbêr 1927, Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, 3. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 6. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang karêmbag

I. Anêtêpakên mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma.

II. Tuwan E. Mudhi matur ing pangarsa, mratelakakên [mratela...]

--- 78 ---

[...kakên] sayêktosipun anggèning piyambakipun dados juru rêmbag punika dede lêrêsipun, mulabukanipun matur dhatêng pangarsa lami Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sarèhning sayêktosipun dhatêng têmbung Jawi taksih rumaos cotho sangêt, kaparênga sabên parêpatan Radyapustaka tumut sowan, dhawuhipun kaparêng namung sarananipun kêdah dados warga pangrèh, lajêng katêtêpakên dados juru rêmbag wau. Awit saking punika dados pancèn sanès juru rêmbag sayêktos namung pangaran-aran kemawon, sarta salaminipun inggih dèrèng nate gadhah rêmbag punapa-punapa, tiyang lêrêsipun namung badhe marsudi basa Jawi.

Pangarsa mangsuli, kawontênan makatên wau kalêstarèkakên rumiyin.

--- 79 ---

Tuwan E. Mudhi matur inggih sukur manawi kaparêng ngagêm kula sangêt nuwun.

Mudha pangarsa matur ing pangarsa nyuwun ngrumiyini amargi wontên prêlu sanès ingkang badhe katindakakên, dipun êndhêk pangarsa supados ngêntosi rêmbag sawatawis, aturipun botên sagêd dening ambujêng kacêkaping prêlu, wasana dipun lilani, mundur saking parêpatan.

III. Pangarsa mratelakakên palapuraning panitra ing Sriwadari upados pasewan gôngsa kangge nabuhi ringgit tiyang, amargi gôngsa ingkang dipun angge pasewanipun awrat, sarta sampun raosan dhatêng panitra manawi botên wontên pakèwêdipun gôngsa musium badhe kasewa, panitra ugi anglapurakên kawontênaning pasinaon [pa...]

--- 80 ---

[...sinaon] Radyapustaka, dhalang sarta nabuh sagêd botên sêsarêngan kalihan parluning ringgit tiyang. Punika kadospundi pamanahing pangrèh gôngsa wau prayogi kasewakakên punapa botên.

Mas Ngabèi Yasawidagda matur ingkang makatên punika prayogi pikiraning panitra ingkang kagêm lêlimbangan.

Panitra matur sarèhning botên sêsarêngan kalihan pasinaon prayogi kaparêngakên, namung sabên lêt samalêm Jumungah pasinaon dhalang gêdhog punika sêsarêngan, sarta kala-kala pasinaon dhalang punika gêbyagan sadalu têmtu kadhawahakên malêm Akad, nanging ingkang makatên wau kenging karêmbag prayoginipun.

Radèn Ngabèi Dutadilaga mrayogèkakên [mrayogè...]

--- 81 ---

[...kakên] mawi kontrak.

Tuwan E. Mudhi condhong kados pamanggihipun Radèn Ngabèi Dutadilaga punika.

Pangarsa ugi nyondhongi namung kêdah awêwaton bab panumbasipun sakawit, punapa anjingipun dhatêng musium punapa pasinaon.

Mas Ngabèi Yasawidagda matur, mênggah panumbasipun sasampunipun wontên pasinaon.

Radèn Ngabèi Dutadilaga mangsuli, salêrêsipun pêncèn tumrap musium.

Pangarsa ngandika, manawi lêrês kangge musium pancèn botên kenging kasewakakên, malah pangarsa anggalih parlu katata nunggil ringgit.

Mas Ngabèi Martasuwignya matur bab kaparêngipun pangarsa katata punika prayogi

--- 82 ---

sangêt, namung dèrèng wontên papanipun, wusana pangarsa amutus kenging kasewakakên, rêmbagipun kapasrahakên ing pangrèh padintênan kemawon.

IV. Pangarsa anaringakên bab tata prunggu, kala samantên sampun andangu dhatêng panitra, aturipun pancèn kala konggrès Radyapustaka botên angrêmbag bab tata prunggu dening kalêbêt golonganing tatakrami rêkaos pathokanipun, namung wiwit waton Radyapustaka kadhawuhakên kangge ing sadaya pamulangan punika para guru kathah ingkang nêrangakên, punika kadospundi sakecanipun.

Mas Ngabèi Yasawidagda matur, manawi anggalih bab tata prunggu kêdah anjangkêpakên prabotipun.

Dhawuhing pangarsa têmtunipun inggih makatên.

--- 83 ---

Panitra matur wangsulaning Radyapustaka dhatêng guru-guru ingkang sami pitakèn bab tata prunggu ingkang kapêngkêr punika mawi mratelakakên saengga kasagahan, manawi Radyapustaka adamêl parêpatan agêng malih manawi sagêd bab tata prunggu badhe kaajêngakên, pangarsa lajêng andhapuk panitya.

1. Tuwan E. Mudhi, 2. Mas Ngabèi Martasuwignya, 3. Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Angrêmbag kasusastran punapa ingkang prêlu kaajêngakên benjing bilih adamêl konggrès kasusastran malih.

V. Pangarsa andangu pandamêling wurdhênlis dhatêng Mas Ngabèi Yasawidagda, aturipun ngêntosi pandamêlipun Tuwan DhowêrDhoktêr. Piso. Dhawuhing pangarsa punapa botên kantun, amargi

--- 84 ---

pandamêlipun Tuwan Dhoktêr Piso katêmtokakên rampung salêbêtipun gangsal taun.

Tuwan E. Mudhi mrayogèkakên lajêng damêl amargi Radyapustaka namung sakêdhik.

Radèn Ngabèi Dutadilaga usul mrayogèkakên sarèh, dening pandamêlipun Tuwan Dhoktêr Piso ugi awêwaton Radyapustaka, wêkasan putusanipun ngêntosi konggrès.

VI. Pangarsa anaringakên paturaning garap nyuwun pantoging balônja kadospundi prayoginipun.

Tuwan E. Mudhi matur sarèhning sampun dipun kumisi botên susah macak atur mêsthi lajêng katata kantun ngêntosi kêkancingan kemawon.

VII. Pangarsa naringakên bab panyuwunipun liburan [li...]

--- 85 ---

[...buran] kantor Radyapustaka, dados rêmbag sawatawis, putusanipun kaparingan liburan ajêg sabên dintên Jumungah, dene sanès-sanèsipun miturut liburan nagari, nglèrèg sadintên dhawah wingkingipun, namung bilih dhawah dintên Akad kêdah nglèrèg wingkingipun malih, Sênèn, namung ingkang kasuwak botên kaparingan libur punika.

I. Balapan.

II. Ngabêktènipun pêpatih dalêm saha bupati-bupati anèm, bibar garêbêg Siyam utawi Bêsar.

Dene ingkang kapatah angrêmbag prayoginipun Mas Ngabèi Martasuwignya kalihan panitra, bilih sampun lajêng lapur ing nagari sarta kawarak-warakakên ing sêrat kabar [ka...]

--- 86 ---

[...bar] Bramartani, Darmakôndha.

VIII. Pangarsa anggalih prêlopanipun kantor Radyapustaka kapasrahakên dhatêng Tuwan E. Mudhi, Mas Ngabèi Martasuwignya, sarta panitra.

IX. Pangarsa naringakên sêratipun H. Sutadi nyuwun malêbêt warga, dados rêmbag sawatawis, putusanipun kawangsulan botên sagêd nampèni miturut wêwatoning Radyapustaka, sarta Radèn Ngabèi Dutadilaga kapatah ambolèhi ijêman supados sampun ngantos sêling sêrêp.

X. Radèn Ngabèi Dutadilaga matur anggènipun kadhawuhan angrêmbag wontên Mardibasa santuning nama wargamulya dados Argyawandawa, Mardibasa sampun condhong, putusan lajêng ngaturi sêrat nagari nyuwun santuning [sa...]

--- 87 ---

[...ntuning] sasêbutanipun pangrèh.

XI. Mas Ngabèi Yasawidagda mrayogèkakên katalogis sêrat-sêrat punika supados kasêrat ingkang prayogi, pangarsa parêng, sarta dadosipun kapasrahakên mas ngabèi, Radyapustaka ingkang nyanggi ragadipun.

XII. Radèn Ngabèi Dutadilaga nyuwun kagungan dalêm ringgit purwa ingkang kangge pasinaon dhalang punika kaparênga sumimpên wontên papan pasinaon supados botên kidhung bilih wontên prêlunipun, kaparêng.

XIII. Pangarsa ngosêkakên bab lèsêng, kala-kala Radyapustaka kêdah adamêl lèsêng, kala samantên pangarsa sampun nate miwiti lèsêng bab bedaning agami Buda akalihan Hindhu, sapriki lajêng botên [bo...]

--- 88 ---

[...tên] nate wontên ingkang lèsêng malih. Punika lajêng matah Mas Ngabèi Yasawidagda sarta Mas Ngabèi Martasuwignya supados adamêl lèsêng punapa ingkang prayogi, sampun sami sandika.

XIV. Pangarsa mratelakakên bilih benjing salêbêtipun wulan Mèi taun 1928 punika kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral badhe rawuh ing Surakarta, pangarsa anggalih badhe ngajêngakên musium, sadaya condhong, lajêng dhawuh ing panitra supados macak atur ing nagari nyuwun arta kangge ngajêngakên musium wau. Wanci jam 1/2 10 parêpatan katutup.

--- 89 ---

[Grafik: Tanda tangan: Prajakintaka]