Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 89 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium, nalika malêm Akad kaping 24 Sawal taun Jimakir ôngka 1858 utawi kaping 15 April 1928.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang karêmbag

I. Maos pèngêtan parêpatan ingkang kapêngkêr, pangarsa naringakên punapa [pu...]

--- 90 ---

[...napa] sampun lêrês, Mas Ngabèi Martasuwignya matur sampun. Mas Ngabèi Yasawidagda matur botên rumaos manawi kapatah damêl lèsêng. Pangarsa anêtêpakên têmên kapatah dening rencangipun Mas Ngabèi Martasuwignya, sampun ngakêni. Mas Ngabèi Yasawidagda lajêng nglênggana.

Pangarsa dhawuh dhatêng Mas Ngabèi Martasuwignya supados damêl lèsêng wau. Aturipun dèrèng sagêd dening sawêg ribêt badhe kapindhah dhatêng sakolahan enggal ing Mangkubumèn.

Mas Ngabèi Yasawidagda nyuwun ancêr-ancêr punapa ingkang prayogi kangge lèsêng. Pangarsa lajêng maringi cathêtan.

II. Pangarsa mratelakakên prêluning parêpatan [parêpa...]

--- 91 ---

[...tan] punika benjing rawuhipun ing Surakarta kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral badhe mariksani musium. Namung waunipun badhe botên mariksani, lajêng kasêrêg dhatêng paresidhenan, wangsulanipun amargi salaminipun guprênur jendral rawuh ing Surakarta botên wontên ingkang mariksani musium. Pangarsa mangsuli bilih sawontênipun musium ing Surakarta sabên guprênur jendral rawuh têmtu mariksani sarta lajêng anêdahakên programa-programa rawuhing guprênur jendral ingkang sami mariksani, kangjêng tuwan residhèn anglèndhèh sarta lajêng ngandika bilih ingkang mratelakakên para guprênur jendral ingkang rawuh ing Surakarta botên wontên ingkang mriksani musium punika tuwan juru basa, ing mangke kangjêng

--- 92 ---

tuwan residhèn sanggêm badhe ngrancang supados kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral amariksani, kalampahan sapunika sampun kadhawuhakên saking nagari bilih kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral saèstu badhe mariksani musium, sarta panggêlaran kagunan Jawi kados ingkang sampun, kasêbut ing sêrat dhawuh rawuhipun wontên tanggal sapisan wulan Bêsar taun Jimakir punika, cocogipun titimôngsa Walandi kaping 21 Mèi 1928, wontênipun ing Surakarta namung tigang dintên tigang dalu, rawuhipun kaping 21 wau wanci sontên, dalunipun kaparêng mubêng mirsani kitha.

Siyangipun, dados kaping 22 sampeyan dalêm ingkang wicaksana pisitê.

Sontênipun bokmanawi anggènipun têdhak [tê...]

--- 93 ---

[...dhak] musium sarta Sriwadari, dangunipun kalih jam, wiwit wanci jam 1/2 5 dumugi 1/2 7 dalunipun malêbêt ing karaton.

Siyangipun dados kaping 23 têdhak ing Klathèn.

Sontênipun têdhak ing Mangkunagaran kasêgah gêbyaging ringgit tiyang.

Enjingipun, dados kaping 24 têdhak dhatêng Ngayogya.

Punika sarèhning badhe rawuhipun wau ing wanci mrêtanggêl jam 1/2 5 sontên, prayogi dipun sumêdi dilah punapa botên. Mas Ngabèi Yasawidagda matur, prayogi dipun sudhiyani, amargi ingkang dipun pariksani punika wontên salêbêting griya, sadaya nyondhongi.

Pangarsa dhawuh mênggah badhe tatananipun kapasrahakên [ka...]

--- 94 ---

[...pasrahakên] Mas Ngabèi Yasawidagda, sarta Mas Ngabèi Martasuwignya tuwin Tuwan E. Mudhi dintên Akad siyang sami kadhawuhan sowan dhatêng Radyapustaka ningali kawontênanipun kangge guruning panata, sampun sami sandika, namung Mas Ngabèi Yasawidagda pamit sampun kalajêng gadhah prêlu.

III. Pangarsa paring uninga

1. Radyapustaka punika sabên taun lapur dhatêng nagari kawontênaning padamêlan sarta wêwahing barang punapadene sêrat, ing mangke karsaning pangarsa palapuran wau kagudir para warga kaparingan supados ngajêngakên manahing warga.

2. Kumisi sêtatutên sampun ngaturakên garapanipun, sarèhning botên mawi sorogan ingkang minôngka palapuran [palapur...]

--- 95 ---

[...an] panindakipun, punika kaparingakên wangsul supados mawi sorogan sarta dipun tandhani kumisi sadaya.

3. Kumisi kasusastran ugi sampun ngaturakên garapanipun bab kasusastran ingkang badhe kaajêngakên benjing manawi parêpatan agêng angrêmbag kasusastran, punika sanès dintên badhe kaplakgudir kaparingakên para pangrèh, supados sami nimbang saprêlunipun.

4. Radyapustaka ing mangke dados warganing gênutsêkap sawulan bayar urunan 10 rupiyah.

5. Kagungan karsa badhe adamêl pangèngêt-èngêt amulyakakên swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradinigrat, ingkang ngadani Radyapustaka, sarta

--- 96 ---

musium, punika badhe kapêtha rêca, sampun rêmbagan kalihan Mas Ngabèi Wignyasuwarna, kapasang yogi Mas Ngabèi Wignyasuwarna sampun damêl pêpêthan wau sarta ugi pancèn sumêdya angluhurakên, mila damêlanipun pêpêthan wau kalilakakên kemawon dhatêng Radyapustaka, punika kaparêngipun pangarsa badhe kapasang wontên ing musium, manggèn wontên ing kamar maos, dene dhiploma-dhiploma ingkang wontên ing ngriku, kasingkirakên sadaya.

Sadaya rujuk, namung bab sumingkiring dhiploma-dhiploma punapa botên damêl sêling-sêrêpipun para waris, dados rêmbag sawatawis, [sawatawi...]

--- 97 ---

[...s,] putusanipun Tuwan E. Mudhi tinanggênah matur ijêman dhatêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat badhe pamasrahing dhiploma dhatêng para waris sarta badhe pamasanging papêthan wau.

6. Pangarsa dipun tawèni gambar candhi dening Tuwan Kopêrbèrêh (gambaripun kaparingakên uninga) cacahipun wontên kalih atusan, manawi Radyapustaka ajêng badhe katitipakên supados kapasang ing musium, punika kadospundi prêlu dipun tampèni punapa botên, sadaya mrayogèkakên katampèn.

IV. Pangarsa mratelakakên sêrat-sêrat wêdalan Radyapustaka ingkang kasade kados ta: Babad Tanah Jawi, nut gêndhing

--- 98 ---

katalogis barang kina sarta wontên malih sêrat alit-alit kados ta: Wedharaga, Wedhayatmaka, Côndrasangkala, Kalatidha, sami mathêthêg botên pajêng-pajêng, punika saupami para warga sami katêmtokakên tumbas, kasuda rêrêgènipun, kadospundi pamanggihing pangrèh, sadaya sami sêmu awrat.

Pangarsa ngandika sarèhning botên mawi kontribisi lêrêsipun dhangan kemawon, dados rêmbag sawatawis. Putusanipun sêrat babad, waunipun rêgi f 2.30 kasuda namung rêgi f 2 sarta kaparingan sêrat alit-alit wau cacah sakawan warni, Mas Ngabèi Yasawidagda kapasrahan damêl wara-waranipun.

V. Pangarsa kagungan karsa sêrat-sêrat ing musium [mu...]

--- 99 ---

[...sium] badhe kagêlarakên kenging kasambut kabêkta mantuk kados ingkang sampun, kala samantên suwakipun dening kathah ingkang risak, Mas Ngabèi Yasawidagda supados damêl pranatanipun ingkang prayogi.

Aturipun Mas Ngabèi Yasawidagda botên mrayogèkakên amargi taksih kirang, dèrèng sami rangkêp, kathah pakèwêdipun.

Dhawuhing pangarsa manawi makatên ing mangke kadamêlna pranatanipun kemawon, sintên ingkang kenging nyambut kabêkta mantuk, wêwangênipun pintên dintên, Mas Ngabèi Yasawidagda sampun nyandikani.

VI. Pangarsa ngandika bilih rêmbag-rêmbag sampun rampung, bokmanawi wontên ingkang

--- 100 ---

gadhah usul.

Mas Ngabèi Martasuwignya usul mrayogèkakên sêrat-sêrat sadaya supados kasamak. Dhawuhing pangarsa kaprayogèkakên rêmbagan kalihan Mas Ngabèi Yasawidagda.

Wanci jam 9 parêpatan katutup.

[Grafik]

--- 101 ---

Nalika dintên Akat kaping 2 Sèptèmbêr 1928 utawi kaping 16 Mulud Alip 1859, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, pangarsa, 2. Radèn Ngabèi Prajakintaka, panitra, 3. Radèn Tumênggung Suradipura, panitya, 4. Radèn Ngabèi Dutadilaga, panitya, 5. Tuwan E. Mudhi, parampara.

Ingkang karêmbag

Pangarsa mratelakakên kaparêngipun badhe amulyakakên swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kados ingkang sampun karêmbag ing parêpatan pangrèh kapêngkêr. Kala samantên panitya Radèn Tumênggung Suradipura sarta Radèn Ngabèi Dutadilaga botên wontên, amila pangarsa prêlu ngandikakakên malih sawatawis. Pangarsa kagungan karsa badhe adamêl pangèngêt-èngêt amulyakakên swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang ngadani Radyapustaka sarta musium punika badhe kapêtha rêca, sampun karêmbag kalihan Mas Ngabèi Wignyasuwarna, kapasang yogi Mas Ngabèi Wignyasuwarna sampun damêl papêthan wau sarta ugi pancèn sumêdya angluhurakên, mila damêlanipun papêthan wau kalilakakên kemawon dhatêng Radyapustaka, punika kaparêngipun pangarsa badhe kapasang wontên ing musium, punika kadospundi, Radèn Tumênggung Suradipura, sarta Radèn Ngabèi Dutadilaga matur sami rujuk.

Pangarsa lajêng anggalih badhe lampah-lampahipun amatah kumisi.

--- 102 ---

Ha. 1. Radèn Tumênggung Suradipura, 2. Tuwan E. Mudhi, 3. Radèn Ngabèi Dutadilaga } Kapasrahan manah prayoginipun ingkang dipun sêdhahi, kajawi para putra wayah sintên ingkang prêlu, sarta kapasrahan andamêl ulêm-ulêm.

Na. 1. Radèn Tumênggung Suradipura, 2. Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Mas Ngabèi Martasuwignya } Dipun pasrahi niti ajêng unduring Radyapustaka, sarta kawontênanipun swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat sadaya sampun sami sandika, dene Mas Ngabèi Martasuwignya sarèhning botên wontên kadhawuhan ngintuni pisan.

Wanci jam 1/2 12, parêpatan katutup.

[Grafik]