Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 103 ---

Nalika malêm Jumungah tanggal kaping 12 wulan Siyam taun Alip ôngka 1859 utawi kaping 22 Pebruari 1929, Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 4. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

I. Maos nutilên.

Nalika parêpatan pangrèh malêm Akad tanggal kaping 24 Sawal taun Jimakir, ôngka 1858, utawi kaping 15 April 1928, sarta nalika malêm Akad kaping 10 wulan Mulud taun Alip, ôngka 1859 utawi kaping 2 Sèptèmbêr 1928, sarampungipun lajêng kataringakên para warga manawi wontên ingkang kirang utawi lêpat, sadaya botên wontên ingkang nglêpatakên utawi nglêrêsakên, namung pangarsa piyambak èngêt bab gambar candhi ingkang dipun tawèkakên tuwin kopêrbèrêh punika botên kasukakakên, namung dipun titipakên, ing nutilên kadhawuhan ngewahi, sampun lajêng kaewahan.

II. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêrat saking anlèdhêng komisi Tuwan Boswingkêl ing Wèlêprèdhên, suraos ngintunakên pandamêlipun wurdhênlis, kapurih ngêsahi Radyapustaka, awit ingkang kaangêp sah utawi sae punika têmbung

--- 104 ---

Surakarta, nanging namung têmbung krama ngoko, krama inggil, krama, madya, botên mawi basa kadhaton, sarta têmbung kasar.

Makatên malih anèdhêng komisi mratelakakên lajêngipun Tuwan Dhoktêr Piso, supados katêrangakan asal-usuling têmbung, namung Tuwan Boswingkêl botên rujuk, manawi makatên sasat damêl wurdhênbug, kêdah namung kados ingkang kakintunakên punika, wangsulanipun Tuwan Dhoktêr Piso, manawi namung makatên punika botên prêlu piyambakipun ingkang anggarap, cêkap kakintunakên dhatêng Radyapustaka kemawon, mênggah punika dipun tampèni punapa botên, Mas Ngabèi Yasawidagda matur prayogi dipun tampèni, pangarsa naringakên dhatêng Suradipuran, Martasuwignyan sarta panitra, aturipun sami prayogi katampèn, Martasuwignyan mawi ngaturakên katrangan, sakawit Radyapustaka konggrès bab kasusastran adamêl wêwatoning panyêrat, sarampungipun punika gadhah kasagahan damêl wurdhêlis wau, dados punika nama kapasang yogi. Dhawuhing pangarsa manawi makatên Radyapustaka lajêng damêl wangsulan sagah nindakakên.

Lajêng ngrêmbag ingkang nindakakên, dhawuhing pangarsa kêdah damêl komisi, sadaya rujuk, lajêng andhapuk komisi.

1. Radèn Tumênggung Suradipura, 2. Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Mas Ngabèi Martasuwignya, 4. Radèn Ngabèi Dutadilaga, 5. Mas Èsmusubrata.

--- 105 ---

Ingkang minôngka pangarsa Mas Ngabèi Martasuwignya, panitra Radèn Ngabèi Prajakintaka. Ingkang sami wontên sampun sandika, dene Radèn Ngabèi Dutadilaga sarta Mas Èsmusubrata badhe dipun kintuni sêrat.

III. Pangarsa mratelakakên prihatosing galih, dene dèrèng sagêd-sagêd kalampahan Radyapustaka adamêl sêsorah, nanging sarèhning kala samantên sampun matah dhatêng Mas Ngabèi Yasawidagda ragi wontên sarèhing galih sawatawis, lajêng angrêmbag sagêdipun kalampahan sabên wulan angwontênakên lèsêng, kados kaparênging pangarsa ingkang sampun kagêlarakên kala samantên pinanggih ing pangrêmbag lajêng matah:

1. Mas Ngabèi Yasawidagda, 2. Mas Ngabèi Martasuwignya, 3. Mas Ngabèi Citrairanya, 4. Mas Èsmusubrata, 5. Tuwan Dhoktêr Piso.

Badhe sami dipun têmbung sarana sêrat.

IV. Pangarsa dhawuh dhatêng Radèn Tumênggung Suradipura, bilih Radyapustaka macak atur ing nagari nyuwun kontêning masjid Kaliyasa, amargi ukiripun kina sarta sae, supados radèn tumênggung matur ing nagari sagêda amarêngakên, aturipun sandika, namung sarèhning nagari kakirangan arta, ugêr Radyapustaka karsa ambayar panumbasipun bokmanawi kaparêng, pangarsa sagah.

V. Pangarsa mratelakakên bab arta salaka panggihan saking Bakonang ingkang dados prakawis punika, karampunganipun Radyapustaka kawon, ingkang manggih luwar saking sêrêgan, sêrat paturanipun abdi

--- 106 ---

dalêm bupati kitha amratelakakên manawi sampun dipun putus lan rèh dakwa luwar, amargi pranatan nagari kawrat ing riksêblad taun 1925 ôngka 16, punika kaanggêp cêngkah kalihan bêrgêlêg wètbug bab 587, punika Radyapustaka sampun macak aturing nagari supados anggalih, amargi manawi makatên saèstunipun musium punika badhe bibar sayêktos, têmtunipun tiyang ingkang manggih botên purun ngaturakên ing nagari milalah kasade ing sanès, pêpajênganipun langkung kathah tinimbang bilih kaaturakên ing nagari, pangarsa lajêng maos sêrat dhawuh sakanthinipun sêrat paturênipun abdi dalêm bupati kitha saprabotipun, sarta sampun matitisakên ingkang kadumuk cêngkah kalihan bêrgêlêg wètbug bab 587 wau, malah kapêthik lajêng kawaos, punika Radèn Tumênggung Suradipura kadhawuhan tumut ngrencangi, aturipun sandika.

VI. Pangarsa paring uninga, komisi ingkang kapatah kadhawuhan ngewahi sêtatutên, sampun rampung panggarapipun, ing mangke sampun dipun plakgudir badhe kawradinakên pangrèh, supados manah saprêlunipun, samôngsa parêpatan angrêmbag punika sasampuna ing wingking panggalihan, sarta kawontênaning Radyapustaka salêbêtipun taun 1927, punika kawradinakên dhatêng warga, prêlunipun supados adamêl sêsêgingsênênging. manahipun warga. Makatên malih panyuwunipun ing nagari supados andhawuhakên dhatêng para abdi dalêm bupati pangrèh praja andangu bab patilasan, [patilasa...]

--- 107 ---

[...n,] pêpundhèn candhi, rêca sasaminipun, punika salong sampun ngaturakên palapuran.

VII. Pangarsa naringakên sarèhning rêmbag-rêmbag sampun rampung, sapunika manawi wontên ingkang gadhah pamanggih supados matur, Mas Ngabèi Martasuwignya matur bab kaparênging pangarsa badhe adamêl kamar maos, lajêng karêmbag sawatawis, putusanipun saèstu damêl, ingkang kapasrahan manah Mas Ngabèi Yasawidagda, Mas Ngabèi Martasuwignya sarta panitra kadhawuhan rêmbagan saprêlunipun.

VIII. Pangarsa dhawuh bilih Mas Ngabèi Yasawidagda ngêdali karamean malêman ing Klathèn, punika sêrat-sêrat wadean Radyapustaka supados katitipakên kasade, aturing panitra sandika.

Wanci jam 9 parêpatan katutup.

[Grafik]

--- 108 ---

Nalika ing dintên Akad tanggal kaping 30 wulan Jumadilawal taun Ehe ôngka 1860, utawi kaping 3 Nopèmbêr 1929, Radyapustaka parêpatan pangrèh.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, 3. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 6. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 7. Juru rêmbag Tuwan E. Mudhi.

Ingkang karêmbag

I. Maos nutilên, sarampungipun, pangarsa naringakên punapa wontên ingkang lêpat sarta kirang, panitya Radèn Tumênggung Suradipura, matur manawi wontên ingkang kalintu, inggih punika aturipun dhatêng pangarsa, bab inêp kontên masjid Kaliyasa, têmbungipun: têmtu kaparêng, punika lêrêsipun bokmanawi kaparêng, pangarsa lajêng dhawuh angewahi, sanalika dipun ewahi mangsi abrit.

II. Pangarsa mratelakakên manawi Yapa Insêtitit badhe adamêl konggrès wontên ing Surakarta benjing kaping 27 dumugi 29 Dhesèmbêr ngajêng punika, amanah damêl lèntunsêtèlêng rajatadi damêlan kina sarta enggal, manggon wontên Radyapustaka, amargi namaning Radyapustaka punika sampun kajuwara, mênggah sêdyaning Yapa Insêtitit ingkang makatên wau amurih saya katingalipun Radyapustaka, mila ingkang badhe kapatah anindakakên lèntunsêtèlêng wau ugi Radyapustaka, dene ragad-ragad sadaya [sa...]

--- 109 ---

[...daya] kasanggi Yapa Insêtitit, punika kadospundi panimbanging pangrèh, dipun tampèni punapunapa. botên (pangrèh dèrèng matur, pangarsa nglajêngakên pangandika) sayêktosipun bab kapasrahan nindakakên lèntunsêtèlêng punika, pangarsa sampun nyanggêmi, amargi kagalih prêlu, dene pangrêmbagipun dhatêng pangrèh, sanès dintên kemawon, punika pangrèh rak inggih condhong ta, aturipun sadaya rumujuk, pangarsa mratelakakên manawi ing pangrêmbag ingkang badhe kagêlarakên punika sa-India Nèdrêlan, pangarsa botên sagah, ingkang dipun sagahi namung ing prostênlandên kemawon, ing sapunika kêdah lajêng adamêl kumisi, sintên prayoginipun ingkang kapatah, pangarsa sampun kagungan pilihan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryamijaya, 2. Mas Ngabèi Citrairanya, 3. Tuwan Mun, 4. Tuwan Kasan kopêrbèrêh, pangrèh kadospundi, (dèrèng ngantos mangsuli pangarsa ngandika) punapa kapitadosakên pangarsa kemawon pamilihipun, sadaya rumujuk.

III. Pangarsa ngandika manawi nampèni sêrat paturanipun bêbau musium, sarèhning sampun lami pangawulanipun nyuwun kapangkat jajar, sarta sampun karêmbag kalihan Radèn Mas Arya Purwadiningrat, pamrayoginipun supados kamagangakên rumiyin. Radèn Tumênggung Suradipura takèn mênggah têranging bêbau wau, panitra nêrangakên, bêbau musium punika kalih, pun Supama kalihan Jagaraksaka, blanjanipun sawulan sami f 10, dados sami kalihan jajaripun, pasuwitanipun sampun dangu sarta sae damêlipun, saupami lajêng kasuwunakên pangkat [pang...]

--- 110 ---

[...kat] jajar kemawon kadospundi, Radèn Tumênggung Suradipura mrayogèkakên, pangarsa lajêng dhawuh supados Radèn Tumênggung Suradipura ngrencang-ngrencangi, aturipun sandika, lajêng dhawuh macak atur.

IV. Pangarsa mratelakakên karibêdaning panitra bab pambantu Radyapustaka ingkang wêdalan H.I.S. punika têmtu botên sagêd dangu, kaingsêr ing kantor-kantor, trêkadhang nyuwun mêdal piyambak, dening blanjanipun namung f 5, môngka H.I.S. ingkang dados pambantu wontên kantor kapatihan balanjanipun sawulan f 16, inggih punika sababipun botên sagêd dangu wau, punika kadospundi panimbangipun pangrèh, sagêdipun pambantu punika mathok, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur prayogi kasuwunakên balônja sami kalihan ingkang wontên kantor kapatihan, Radèn Tumênggung Suradipura botên mrayogèkakên, amargi mangke lajêng mrèmbèt, panèwunipun inggih nyuwun kasamèkakên, prayogi kasumanggakakên nagari kemawon kadospundi kaparêngipun, pangarsa parêng, lajêng dhawuh macak atur ing nagari.

V. Pangarsa anggalih ingkang kawênangakên malêbêt musium lêlahanan, kala samantên sampun andhawuhakên, lajêng maos pratelanipun ingkang katêrangakên wau:

1. Putra-putri dalêm, pêpatih dalêm, 2. Residhèn, ing sapunika guprênur Surakarta, 3. Asistèn residhèn, ing sapunika residhèn Surakarta, 4. Kontrolir Surakarta, 5. Up komasaris Surakarta, 6. Bupati pangrèh praja Surakarta, 7. Pangrèh sarta warganing Radyapustaka.

--- 111 ---

sarta ing sabên-sabên wontên pakêmpalan utawi murid-murid pamulangan Jawi ingkang nyuwun lilah malêbêt lêlahanan, waunipun punika nyuwun ing nagari, lajêng kadhawuhakên dhatêng Radyapustaka, utawi Radyapustaka nampèni suwunan makatên wau, lajêng katur nagari, nanging sapunika pangarsa ingkang nglilani, panggalihing pangarsa bilih namung bab makatên kêdah lapur nagari punika, kajawi kêlorèhên inggih mêsakakên ingkang dados pangarsa, dene sasad tanpa wêwênang, ing sapunika katêtêpakên kados ingkang kasêbut nginggil wau, namung kaparênging pangarsa ôngka 4 kontrolir bètên, residhèn, sarta up komasaris, bupati pangrèh praja namung Surakarta kemawon, Radèn Tumênggung Suradipura matur, bupati pangrèh praja prayogi sadaya, amargi punika sami tumut ngajêngakên musium, pangarsa kaparêng.

VI. Pangarsa andangu dhatêng pangarsaning komisi wurdhênlis, kadospundi panggaraping wurdhênlis, aturipun sampun rampung, wiwit karêsikakên pandamêlipun rèngrèng, pangarsa dangu punapa sagêd rampung 10 dintên, aturipun bokmanawi sagêd.

VII. Pangarsa ngandika manawi Radyapustaka punika gadhah sêrat-sêrat kina sawatawis, ingkang dèrèng kawêdalakên drig, kados ta: Sêrat Pandhita Raip, Panji Blitar, Pustakaraja sambêtipun jilid 9, drig wêdalan H.Buning, sapiturutipun dumugi Bratayuda, punika saupami dipun dapakên,capakên. kadospundi pamanggihipun pangrèh, Radèn Tumênggung Suradipura nyuwun dhatêngan sêrat-sêrat babad ingkang kaêcapakên kala samantên punika kadospundi pêpajênganipun sae punapa botên, panitra mangsuli sasat botên [bo...]

--- 112 ---

[...tên] pajêng, amargi pangêcapipun 1000 ingkang pajêng kiwa têngênipun pitungdasan, môngka pangêcapipun kala taun 1925, dados sampun kawan taun punika, makatên malih punika manawi katitipakên ing pangêcapan ingkang sami wade sêrat-sêrat, Radèn Tumênggung Suradipura takèn rêginipun, kawangsulan satunggal buk f 3, amargi pamanahipun kala samantên anggènipun dipun awisakên punika dene mawi tatanan sae, têgêsipun singgêtaning cariyos kadamêl rampung salampahan, dados botên jugag kados sêrat babad wêdalan pangêcapan sanès-sanèsipun punika, Radèn Tumênggung Suradipura lajêng mrayogèkakên sêrat-sêrat ingkang kagalih badhe kaêcapakên wau, supados kakintunakên dhatêng Balepustaka kemawon purun ngêcap punapa botên, sadaya rujuk, pangarsa marêngakên, pangarsa lajêng anggalih sagêdipun pajêng sêrat babad wau kadhawuhan ngandhapakên rêrêgènipun satunggal buk f 1, Radèn Tumênggung Suradipura takèn mênggah waragadipun kala samantên pintên, sarta saking pundi, wangsulaning panitra, f 1500, saking Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Radèn Tumênggung Suradipura matur manawi rêgi f 1, kêdah matur rumiyin dhatêng ingkang mragadi, prayoginipun f 1,50, manawi samantên sampun botên susah lapur, sadaya rujuk, pangarsa parêng. Lajêng ngrêmbag katalogis waunipun rêgi f 0,50, sapunika kaandhapakên namung f 0,40, pangarsa dhawuh benjing konggrès Yapa Insêtitit, kadhawuhan nitipakên Mas Ngabèi Yasawidagda, [Yasa...]

--- 113 ---

[...widagda,] supados nyadèkakên sêrat babad sarta katalogis wau.

VIII. Pangarsa amratelakakên manawi ing mangke awis ingkang maos sêrat-sêrat, kadospundi sagêdipun kathah ingkang maos, dados rêmbag sawatawis, putusanipun kadamêlakên lètêr mungêl manawi maos kasudhiyanan papan.

IX. Pangarsa paring uninga.

1. Kala samantên Radyapustaka nyuwun ing nagari supados mundhut inêping kontên masjid Kaliyasa, prêlu kasimpên musium, kados ingkang kapratelakakên ing nutilên wau, punika sampun angsal dhawuh nagari, botên sagêd marêngakên amargi wontên pakèwêdipun, dening panimbangipun radèn pangulu tapsiranom kasêbut sêrat paturan katitimangsan kaping 25 Sawal Alip 1859 ôngka 272 A II I B botên mrayogèkakên, amargi mupangatipun kirang, sarta sêrat paturanipun Muhkamad Sarkawi sakancanipun sarekat prabot masjid kagungan dalêm ing Kaliyasa, katitimangsan kaping 19 Sawal Alip 1859, sami gondhèl botên nyuwawèni, amargi watonipun agami Islam kasêbut ing kitab Patkulmungin, barang ngamal wakapan masjid manawi kapindhah dhatêng sanèsipun masjid botên kenging, sarta sayêktosipun ingkang damêl wakap kontên masjid Kaliyasa wau ingkang cikalbakal babad dhêdhêkahing dhusun Kaliyasa, mênggah têtêdhakanipun sêrat-sêrat wau sami kaparingakên dhatêng Radyapustaka.

2. Arta panggihan saking Bakonang, punika

--- 114 ---

ingkang manggih saèstu luwar saking sêrêgan.

3. Awit saking pitulungipun Tuwan Roidhênbèrêh, nyuwunakên arta tumbasan sêrat-sêrat têmbung Walandi ing nagari, kaparêng, ing taun 1929, punika kaparingan f 250, sampun katampan Radyapustaka, benjing taun 1930, badhe kaparingan f 1000.

4. Tuwan Petrus tilas asistèn residhèn Surakarta, ingkang sapunika dados sèkrêtarising twedhêkamêrministêr. nagari Walandi, bêbathèn anggèning anakipunbojonipun. wadean risolês,sêpekuk. amargi sampun dados pranatanipun sabên sataun kêdah adana bêbathèn f 25.

5. Ekêsèsip ningali musium, sami sênêng, punika suka trimakasih dhatêng musium.

6. Maringakên sumêrêp barang panggihan enggal, awarni:

Ha: 17 iji, gêlang mas.

Na: 3 iji, bathokan mas sawarni keyong.

Ca: 3 iji, plênthon mas.

Ra: 2 iji, rante mas.

Ka: 13 iji, cuwilan mas.

Da: kawad sarta bênik salaka, ingkang sawarni keyong wau ingkang satunggal katawèkakên dhatêng Tuwan Bos supados dipun lintoni barang punapa ingkang ing musium dèrèng wontên.

X. Pangarsa andangu punapa pangrèh sampun nampèni prêslah ing taun 1928, aturipun sampun, pangarsa andangu malih prayogi kalajêngakên punapa botên, aturipun prayogi kalajêngakên.

--- 115 ---

XI. Pangarsa andangu mênggah anggènipun sabên wulan Radyapustaka angwontênakên sêsorah punika, tumindakipun punapa sampun sagêd adamêl pamarêming pangrèh, aturipun sampun saha prayogi kalajêngakên.

XII. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêrat saking Radèn Tumênggung Suradipura, suraos nyuwun ngampil kamar maos kangge parêpatan angrêmbag pranataning nagari sabên malêm Kêmis, pangarsa sampun marêngakên.

XIII. Pangarsa ngandika manawi sampun têlas prêlu-prêlu ingkang karêmbag, ing mangke bokmanawi pangrèh wontên ingkang gadhah pamanggih supados kaaturakên.

XIV. Radèn Tumênggung Suradipura amrayogèkakên panatanipun ingkang kakengingakên malêbêt musium lêlahanan punika, Radyapustaka supados lapur nagari, pangarsa rujuk, lajêng dhawuh supados macak atur.

XV. Mas Ngabèi Martasuwignya matur pakêmpalan padhalangan Radyapustaka punika kakirangan waragad sawulanipun antawis f. 10 punika Radyapustaka kaparênga paring pambiyantu, dhawuhing pangarsa manawi Radyapustaka piyambak botên sagêd, sagêdipun namung pratikêl ambudidayakakên, kaparênging pangarsa badhe kasuwunakên supsidhi ing nagari, Mas Ngabèi Martasuwignya sarta para pangrèh sami jumurung sadaya.

Wanci jam 11 parêpatan katutup.

[Grafik]