Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 141 ---

Nalika malêm SaptuSabtu. tanggal kaping 19 wulan Sura taun Je, ôngka 1862 utawi kaping 30 Mèi 1931, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên ing kagungan dalêm gêdhong musium, mawi nyêdhahi warga Mas Ngabèi Nayawirôngka.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 3. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 6. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, nyarêngi parêpatan riksêblat, 2. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, nyarêng parêpatan netral, 3. Sêdhahan, Mas Ngabèi Nayawirôngka, sampun kalajêng nyagahi dhatêngi sêmadosan kalihan sadhèrèk.

Ingkang karêmbag

I. Maos ngêsahakên sêrat pèngêtaning parêpatan pangrèh, nalika malêm Kêmis kaping 15 Dhesèmbêr 1930.

II. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêrat paturanipun pakêmpalan Pa, Dha, Suka katitimangsan kaping …Marêt 1931, suraos pasinaon padhalangan ingkang katindakakên punika kamanah sampun cêkap badhe botên kalajêngakên, namung nglajêngakên murid-murid ingkang taksih kemawon, dene ingkang badhe katindakakên angangkah nginggilakên pasinaon ngantos sagêda andhalang sayêktos, nanging sarèhning taksih wontên sawatawis ingkang sêdya sinau, mugi Radyapustaka kaparêng nindakakên [nindakakê...]

--- 142 ---

[...n] malih kados kala kawitan. Punika Radyapustaka lajêng ngrêmbagi warga Mas Ngabèi Nayawirôngka, awit saking sêrat paturanipun pakêmpalan Pa, Dha, Su, Ka wau, Mas Ngabèi supados anindakakên pasinaon padhalangan Radyapustaka malih, sabên wulan lastantun kaparingan urunan arta paringing nagari kathahipun 15 rupiyah, aturipun Mas Ngabèi Nayawirôngka, kawrat sêrat katitimangsan kaping 3 Mèi 1930, sandika, malah badhe katata ingkang langkung prayogi malih, sarta gadhah panyuwun.

1. Ringgit ingkang kangge mulang, punika kirang, nyuwun kajangkêpakên, sanadyan kirang ribig botên dados punapa, wontên kalêrêsanipun kangge nêrangakên têgêsipun têmbung bajujag.

2. Kursi ingkang kangge pasinaon kagaliha sampun ngantos damêl karepotan.

3. Kônca ingkang sami nyambut damêl pasinaon ingkang dèrèng dados warganing pahêman Radyapustaka supados katêtêpakên dados warga.

Sarèhning sêrat wau sampun sami kaidêrakên sampun botên prêlu kawaos, lajêng kadospundi pamanggihing parêpatan. Radèn Ngabèi Dutadilaga matur nyuwun supados paturanipun Pa, Dha, Su, Ka kawaos. Amargi piyambakipun punika warga pangrèh ing pahêman Radyapustaka sarta dados pangarsaning Pa, Dha, Su, Ka, pangarsa lajêng dhawuh maos sêrat paturanipun, Pa, Dha, Su, Ka wau, lajêng kawaos. Sarampungipun Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, mênggah kajêngipun anggènipun gadhah atur wau sawêg kantunan botên masrahakên, mila ngungun dene Radyapustaka lajêng dhawuh dhatêng warga Mas Ngabèi Nayawirôngka nindakakên pasinaon dhalang, wangsulaning pangarsa wontênipun lajêng katindakakên makatên punika dening Pa, Dha, Su, Ka, sampun masrahakên, [masraha...]

--- 143 ---

[...kên,] môngka owêl sangêt kèndêling pasinaon dhalang punika, ewadene kadospundi kajêngipun Radèn Ngabèi Dutadilaga, punapa taksih kadugi nindakakên, aturipun taksih kadugi, dhawuhing pangarsa manawi makatên inggih prayogi kalastantunakên. Parêpatan mupakat.

III. Pangarsa mratelakakên bab kumite Rônggawarsitan punika Radyapustaka botên tampi sêrat idêran, nalika pangarsa wontên Batawi dipun sêrêg dening Radèn Wadana Dwijasewaya kadospundi dene para agêng botên wontên ingkang biyantu makatên ugi Radyapustaka, wangsulaning pangarsa wontênipun Radyapustaka kèndêl kemawon punika dening sêrik amargi botên dipun jak rêmbagan, môngka kala samantên Radyapustaka sampun mulyakakên pasareanipun. Radèn Wadana Dwijasewaya taksih muring-muring, wangsulanipun manawi Radyapustaka botên biyantu badhe kaprotès, manawi badhe kaprotès pangarsa amborongakên. Pangandikanipun pangarsa gêgêbênganing panggalih sayêktosipun malah bingah dene Rônggawarsitan wontên sajawining Surakarta taksih dipun adèkakên. Ing mangke kadospundi pamanggihing parêpatan, pamanahing pangrèh prayogi kèndêl kemawon sarèhning botên wontên jawabing komite sarta sayêktosipun botên wontên ingkang sumêrêp rêmbag-rêmbagipun.

Aturipun Radèn Ngabèi Dutadilaga: sanadyan piyambakipun botên tumut dados kumite nanging asring dipun jak rêrêmbagan, dados saupami wontên kaparênging pangrèh kautus alitipun mêdal partikêlir, botên wontên pakèwêdipun. Pamanggihing pangarsa sampun prayogi kèndêl, sadaya mupakat, pangarsa kagungan pamanggih bilih wontên kalamangsanipun ingkang prayogi badhe damêl monêmèn Rônggawarsitan, usul punika katampèn ing parêpatan.

--- 144 ---

IV. Pangarsa mratelakakên sêrat Bausastra Jarwa-Kawi damêlanipun Radèn Ngabèi Prajapustaka, punika wontên ingkang lêpat, ingkang cêtha, lêmbi = wayang, lêrêsipun walang, mênggah kalêpatanipun punika, nalika gêsangipun, pangarsa sampun nate nyêrêpakên sarta inggih ngakêni, punika kadhawuhan angewahi, aturipun sandika, namung tanpa wasana dumugi sapriki, punika saupami dipun ewahi parêpatan punapa rujuk, aturipun rujuk, namung lampahipun kadospundi, dhawuhing pangarsa nêdha katrangan dhatêng Tuwan Dhoktêr T. Piso, sarta kêdah paring sumêrêp dhatêng waris.

V. Pangarsa anggalih risaking têmbung Jawi, dalah ing karaton inggih bibrah, pandamêling pranatan punika kathah kemawon ingkang lêpat panganggenipun. Kados ta: pranatan tumrap paring dalêm lintu bènsin, wontên ingkang mungêl, bènsin siji litêr, sêmir oli, siji blèg. Makatên sapiturutipun, môngka ing pranatan guprêmèn ingkang tumrap ing pamulangan katêtêpakên ngangge basa Surakarta, wusana kawontênanipun sapunika nama risak. Panggalihing pangarsa Radyapustaka wajib ngèngêtakên alus, parêpatan mupakat.

Putusanipun ngaturi sêrat pangagênging parentah karaton.

Pangarsa mratelakakên malih bab nama-namaning lurung ingkang kasêrat ing blabag tumraping pranatan utawi margi-margi sami aksara Latin, panggalihing pangarsa bakusastra Jawi karangkêp sastra Latin, pêpiritanipun ing tanah Bèlgi, tiyangipun siti wontên kalih bôngsa, 1. Plam, 2. Pran. Ingkang bôngsa Plam basanipun Walandi, ingkang bôngsa Pran ngangge basa Pran, awit saking makatên punika ing tanah Bèlgi sêratan namaning kampung-kampung [kampung-...]

--- 145 ---

[...kampung] sarta radinan, basa Pran kasisihan basa Walandi. Parêpatan mupakat.

Putusanipun Radyapustaka macak atur ing nagari, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, blabag ing gladhag punika kasêrat ungêlipun kraton. Prayogi kasuwun santun mungêl, gladhag, parêpatan mupakat.

VI. Pangarsa mratelakakên ing kantor marêkwèsên, punika ingkang dipun angge têmbung Mlajêng aksara Latin, punika prayogi kaèngêtakên supados santun ngangge têmbung Jawi, parêpatan mupakat.

Putusanipun damêl sêrat dhatêng nagari, supados kadhawuhakên santun ngangge basa Jawi.

VII. Pangarsa andangu dhatêng Mas Ngabèi Martasuwignya, panitya kasusastran Radyapustaka, kadospundi ing samangke panindakipun sarta punapa sampun rampung, aturipun sampun katindakakên saha sampun tumuntên rampung.

VIII. Pangarsa ngandika manawi ingkang karêmbag sampun rampung ing mangke paring uninga, bilih Radyapustaka nampèni barang panggihan saking bawah kabupatèn Kalathèn, ingkang pinanggih dening tiyang nama pun Surakrama ing dhukuh Tapraya dhusun Brajan, kaondêran saha kadhêstrikan Katandhan kabupatèn Kalathèn, awarni êncèh 1 iji, padupan agêng 2 iji, padupan alit 4 iji, cinengan 9 iji, wadhah lilin 1 iji, sangka 4 iji, punika andadosakên sangêt bingahipun ing manah, dene ing mangke angsal praboting mêmuja (ing Bali = mawedha) jangkêp, lajêng sami mariksani, pangarsa ingkang nerangakên, sarta dhawuhing pangarsa sangka ingkang satunggal badhe kakintunakên dhatêng musium Batawi, amargi ing ngriku dèrèng wontên, supados dipun lintoni ingkang ing ngriki dèrèng wontên, inggih punika rêca Wisnu, parêpatan mupakat.

--- 146 ---

IX. Pangarsa ngandika manawi nampèni sêratipun Tuwan Dhoktêr T. Piso, suraos nêmbung nyambut Sêrat Bauwarna badhe katêdhak, parlu kangge prabot anggènipun badhe damêl Wurdhênbuk, pamanggihing pangarsa prayogi kaparêngakên, parêpatan mupakat.

X. Pangarsa mratelakakên, manawi Tuwan Pisman ajung regêri komisaris bestir èwèr, mibètên gêwèstên, angêdalakên sêrat-sêrat, punika pangarsa anyêrati supados sadaya sêrat-sêrat ingkang kawêdalakên wau ing Radyapustaka kasukanan, parêpatan mupakat.

XI. Pangarsa mratelakakên manawi Radyapustaka dipun kritig wontên ing sêrat kabar Prostênlandhên, bab tatananipun botên sae, punika pamanggihing pangarsa botên parlu dipun wangsuli, parêpatan mupakat.

Wanci jam 9.50 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 147 ---

Nalika malêm Kêmis tanggal kaping 22 Oktobêr 1931 utawi kaping 9 wulan Jumadilakir taun Je ôngka 1862, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên ing kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi,

Ingkang pamit

1. Radèn Ngabèi Yasawidagda, 2. Radèn Ngabèi Dutadilaga,

Ingkang karêmbag

I. Wakil pangarsa mratelakakên manawi guprêmèn adamêl sêtatsêblat enggal bab barang kina, karajan Jawi manawi rujuk supados nututi damêl pranatan kados suraosing sêtatsêblat wau, sarèhning basa Walandi, sayêktosipun wakil pangarsa dèrèng kasil ing suraosing sêtatsêblat wau, sanadyan sampun dipun wongsal-wangsuli pamaosipun mêksa botên kasil, ewadene bokmanawi salah satunggiling warga sampun wontên ingkaingkang. mangrêtos, aturing panitra namung Tuwan E. Mudhi, ingkang sampun nyinau, malah sampun wontên ingkang kaprêtal sawatawis, Radèn Tumênggung Suradipura nyuwun sumêrêp sêtatsêblat sarta prêtalanipun tuwinTuwan. E. Mudhi, kaparingakên lajêng sami dipun waos, sasampunipun lajêng matur manawi pamrêtalipun punika botên sadaya, namung mêthik kemawon, Tuwan E. Mudhi mangsuli lasar ingkang kaprêtal punika namung ingkang wontên têngêran cirenaning pangarsa kemawon, Suradipuran takèn punapa wontên sêrat pranatan bab barang kina, panitra mangsuli wontên, [wo...]

--- 148 ---

[...ntên,] sarta mratelakakên nalika taun 1924 wontên dhawuhing nagari maringakên sêratipun kangjêng tuwan residhèn, kanthi pranatan bab barang kina ing Ngayogya nagari Surakarta supados damêl pranatan kados Ngayogya, nagari mundhut panimbanging Radyapustaka, kalampahan ngaturi panimbang, sarta lajêng katindakakên ing nagari, undhang-undhang bab barang kina ingkang lami lajêng kasuwak, ingkang tumindak pranatan enggal punika, panitra nampèkakên têtêdhakan pranatan dhatêng Radèn Tumênggung Suradipura, lajêng kawaos, sarampungipun lajêng matur pranatan barang kina ingkang nèm piyambak inggih ingkang kawaos punika, mênggah bedanipun kalihan sêtatsêblat enggal, punika punapa, wakil pangarsa mangsuli dèrèng wontên ingkang têrang dhatêng suraosing sêtatsêblat wau dening basa Walandi, lajêng mratelakakên manawi panitra sarta Martasuwignyan mêntas sami sowan pangarsa ugi anggalih bab punika, bokmanawi sampun sami nantang wêwêling: Mas Ngabèi Martasuwignya lajêng matur, kala dintên Akat kapêngkêr sowan pangarsa dhatêng Pracimaarja kalihan panitra, ngrêmbag bab sêtatsêblat wau. Sêtatsêblat dipun waos pangarsa lajêng dipun pangandikakakên basa Jawi, katêrangakên suraos utawi kajêngipun, sasampunipun lajêng dhawuh, pamrayoginipun guprêmèn supados karajan Jawi ugi adamêla pranatan kados sêtatsêblat wau, panggalihing pangarsa prayogi katurut sarta suraosing sêtatsêblat wau sampun trêtib, namung wontên satunggal bab ingkang kagalih botên prêlu, sampun dipun cirèni cawang kalih. Tuwan E. Mudhi lajêng ningali cirenan wau, kawaos sarta lajêng jawèkakên,kajawèkakên. Mas Ngabèi Martasuwignya nglajêngakên matur kaparênging pangarsa, mênggah sêtatsêblat wau tumrapipun ing pranatan, têmbung guprêmèn kasantunan nagari dhirèktur kasantunan Radyapustaka, mawi kawêwahan [kawê...]

--- 149 ---

[...wahan] candhi-candhi sarta rêca-rêca ingkang sampun wontên guprêmèn, kados ta Prambanan, rêca-rêca ingkang wontên guprênuran Ngayogyakarta supados wangsul ing asta dalêm malih, punika lajêng kadhawuhan ngrêmbag ing parêpatan pangrèh, manawi sampun rujuk Radyapustaka lajêng macak atur ing nagari, kados kaparênging pangarsa punika, mila kadhawuhan tumuntên angrêmbag amargi badhe lajêng karêmbag ing pedhêrasi, Radèn Tumênggung Suradipura matur mênggah kaparênging pangarsa supados candhi-candhi sarta rêca-rêca punika sami wangsul ing asta dalêm, punika pancèn prayogi namung kadospundi, punapa botên awrat sangêt, sarta anggènipun kangjêng guprêmèn mulyakakên PrabananPrambanan. wau sampun pintên-pintên taun kanthi waragad kathah, ing sapunika sampun mulya sayêktos, saupami kalampahan wangsul ing asta dalêm, kadospundi pangrêksa sarta pangupakara punapadene waragadipun, wakil pangarsa mangsuli, makatên punika saèstunipun badhe wontên rêmbag malih, ing sapunika kadospundi kados kaparênging pangarsa punika rujuk punapa botên, aturipun Radèn Tumênggung Suradipura matur condhong, punika sagêd kemawon, namung manawi dèrèng têrang kadospundi, sarta anggènipun sagêd mirsa manawi badhe karêmbag wontên pedhêrasi punika kadospundi, panitra matur nêrangakên dhawuhing pangarsa, wontênipun kadhawahan parêpatan tumuntên, amargi pangarsa dipun jawil dening pêpatih dalêm, sêtatsêblat punika badhe karêmbag ing pedhêrasi tumuntên, namung dipun dhêg dening Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ngêntosi rêmbagipun Radyapustaka rumiyin, amargi ingkang sampun nyinau, manawi Radyapustaka sampun ngaturakên panimbang, punika lajêng karêmbag, Radèn Tumênggung Suradipura mangsuli, manawi makatên prêlunipun punapa karêmbag, tiyang sampun badhe karêmbag ing

--- 150 ---

kangjêng gusti wontên ing pedhêrasi, panitra mangsuli, wontênipun dipun êntosi, punika bokmanawi ingkang badhe dipun agêm kangjêng gusti rêmbagipun Radyapustaka, nanging pancèn dèrèng wontên katranganipun ingkang tamtu, mênggah pangandikaning pangarsa dipun jawil dening pêpatih dalêm punika ing raos sampun têrang utawi kados kaparênging nagari, namung tampining sêtatsêblat pangarsa punika saking kangjêng gusti, makatên malih dhawuhipun, benjing parêpatan ingkang kapangandikakakên tanggal kaping 10 Nopèmbêr punika angrêmbag sêtatsêblat wau, pangarsa ugi badhe rawuh, wakil pangarsa nyambêti, sarèhning dèrèng sagêd gumêlêng rêmbagipun, prayogi sami sowan pangarsa kemawon nyuwun dhawuh, sadaya jumurung, lajêng katêtêpakên benjing Salasa kaping 27 Oktobêr punika wanci jam 7 sontên, ngalêmpakipun wanci jam 1/2 7 sontên wontên musium, dipun ampiri wakil pangarsa.

II. wakil pangarsa mratelakakên manawi Radyapustaka tampi sêrat saking Tuwan G. Boswingkêl, suraos kapurih ngewahi utawi mêwahi sêrat wurdhênbuk Jawi, kala samantên sampun kaidêrakên, para warga pangrèh sampun sami mupakat dipun tampèni, Radyapustaka lajêng mangsuli sagah, ing mangke Tuwan G.Boswingkêl, ngintunakên wurdhênbuk 4 iji, punika prayogi lajêng matah panitya kemawon, parêpatan mupakat, ingkang dipun patah:

1. Radèn Tumênggung Suradipura, 2. Tuwan E. Mudhi, 3. Mas Ngabèi Martasuwignya, 4. Radèn Ngabèi Dutadilaga, 5. Mas Èsmusubrata.

sêrat wurdhênbuk lajêng kabage nyatunggal, Suradipuran, Tuwan E. Mudhi, Martasuwignyan, sampun sandika, [sa...]

--- 151 ---

[...ndika,] Dutadilagan sarta Èsmusubratan badhe dipun sêrati.

III. Wakil pangarsa mratelakakên ing wulan Nopèmbêr ngajêng punika dèrèng wontên ingkang badhe sêsorah, kadospundi pamanggihing parêpatan, panitra matur kala samantên ingkang dipun tuju Mas Ngabèi Wirabratana bab kawruh jogèd, sampun ngaturakên katrangan, namung dèrèng andadosakên kaparênging pangarsa, lajêng dipun timbali, kasêrêp-sêrêpakên manawi karanganipun punika dede kawruh, amung nama pratelan, lajêng dipun dhawuhi ngarang malih, aturipun sandika, punapa sanès dintên ngaturi sêrat manawi mopo sampun botên kadugi ngarang malih, Radèn Tumênggung Suradipura mrayogèkakên Radyapustaka damêl sêrat dhatêng Wirabratanan dipun têmbung supados ngarang bab kawruh jogèd wau, amargi wawasanipun Radyapustaka namung Wirabratanan ingkang mêsthi sagêd, sarta damêl sêrat dhatêng Suta Sukaryan supados sêsorah bab kawruh griya, parêpatan mupakat, jam 1. Parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 152 ---

Nalika malêm Salasa kaping 14 wulan Jumadilakir taun Je, ôngka 1862 utawi kaping 27 Oktobêr 1931 Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing dalêm Suryaamijayan.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 3. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 6. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

Mas Ngabèi Yasawidagda.

Wanci jam 7 parêpatan kabikak dening pangarsa.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa mratelakakên, ing bab wêdalipun sêtatsêblat enggal prakawis barang kina monumenten ordonnantie monimèntên ordhonansi, punika prayoginipun guprêmèn supados karajan Jawi sami nututi adamêl pranatan ingkang suraosipun kados sêtatsêblat wau, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, masrahakên ing pangarsa supados Radyapustaka anggadhahi panimbang, benjing pangrêmbagipun wontên pedhêrasi ngangge pamanggihing Radyapustaka punika pamanggihing pangarsa suraosing sêtêtsêblat wau sampun prayogi dene pêpacakipun langkung trêtip, sadaya barang sami kapèngêtan ing rigèstêr, manawi kaliyakakên utawi kaewahan kêdah lapur, mênggah tumrapipun ing Surakarta, ingkang mungêl: guprêmèn kasantunan nagari, ingkang mungêl pangagênging Audheidkudigen Dienst odèdkêndhêgên dhênês, [dhê...]

--- 153 ---

[...nês,] kasantunan Radyapustaka, dhirèktur Onderwys ondêrwis utawi guprênur jendral santun pêpatih dalêm sarta kawêwahan candhi-candhi, rêca-rêca ingkang sami wontên bawah dalêm, lêstari dados kagungan dalêm, wondene bilih candhi-candhi sarta rêca-rêca wau pangrêksa utawi pangopènipun katindakakên dening guprêmèn, botên dados punapa ugi taksih têrang gêgayutanipun bilih candhi-candhi sapanunggilanipun wau kagungan dalêm, punika kadospundi pamanggihing parêpatan, parêpatan mupakad, pangarsa lajêng dhawuh supados panitra adamêl sêrat paturan katur nagari kados putusan punika.

II. Pangarsa dhawuh ing panitra sêrat saking Bale Pustaka supados karêmbag pisan, panitra lajêng matur manawi Radyapustaka nampèni sêrat saking wêwakiling up amtênar Bale Pustaka, suraosipun Bale Pustaka ngaturi uninga, benjing kaping 21 Januari 1932, sêrat kabar kajawèn badhe ngêdalakên maligi mèngêti jumênêng dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana sampun têtêp kawandasa taun, Radyapustaka dipun têdhani panjurung bab ajênging kabudayan Jawi, kasudhiyanan papan tiga utawi sakawan kaca cap-capan, bilih Radyapustaka andhanganakên suka panjurung, dipun ajêng-ajêng sadèrèngipun kaping 20 Nopèmbêr, pangarsa nêrangakên ing parêpatan, kadospundi punapa dipun pituruti punapa botên, parêpatan mupakat dipun pituruti, lajêng matah kumisi, ingkang kadadosakên

1. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 2. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Aturipun sami sandika.

Wanci jam 8 parêpatan katutup.

Pangarsa

[Grafik]

Panitra

[Grafik]

--- 154 ---

Nalika malêm Akad kaping 18 Rêjêp Je ôngka 1862 utawi kaping 29 Nopèmbêr 1931, Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên sawetan gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 3. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya,Radèn Ngabèi Yasawidagda, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 6. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, sawêg sakeca anggènipun sakit.

parêpatan kabikak wanci jam 1/2 8 sontên.

Ingkang karêmbag

I. Maos ngêsahakên sêrat pèngêtan parêpatan kapêngkêr, sadaya sami mastani lêrês.

II. Pangarsa paring uninga nalika parêpatan wontên ing guprênuran angrêmbag monêmèntê ordhonansi, ingkang wontên pêpatih dalêm, guprênur, residhèn, sarta panjênênganipun, sasampunipun rampung pangrêmbaging monêmèn, lajêng ngrêmbag Radyapustaka, guprênur kagèt nguningani sêrat brêgutêng nagari, dene wontên arta mêdal botên wontên angsul-angsulipun, inggih punika dhatêng Radyapustaka, nanging Radyapustaka botên nate sêtor, mila badhe katata kados tatananing Sriwadari, sapintên angsal-angsalipun sabên wulan lajêng kasêtorakên ing nagari. Wangsulaning pangarsa lêrês pancèn makatên tumindaking Radyapustaka, amargi kawontênanipun pancèn [pa...]

--- 155 ---

[...ncèn] beda kalihan Sriwadari, Sriwadari têtêp panggaotan, Radyapustaka babagan kawruh utawi kagunan, malah lêrêsipun kêdah pêthal saking nagari, dados maligining pakêmpalan, supados sagêdipun mardika, dene barang sarta sêrat-sêrat kagunganing nagari lêstantun kaparingakên anggadhuh, minôngka sarananing pangudi kawruh, kadosdene caraning gênutsêkap ing Batawi, sarta lêstantun kaparingakên supsidhi, guprênur kêkah badhe katata kados Sriwadari, sarta sanalika ngriku kataringakên ing pêpatih dalêm sampun anyondhongi. Wangsulaning pangarsa badhe karêmbag kalihan pangrèh rumiyin, guprênur mangsuli, sanadyan pangrèh ing pahêman Radyapustaka sami ngêncêngi, manawi sampun dados kaparênging parentah punapa batal, wangsulaning pangarsa saèstunipun kenging kemawon parentah nindakakên panguwasanipun, nanging makatên punika nama misesa, botên karana adil, pangarsa naringakên dhatêng parêpatan, aturipun kêdah dipun kêncêngi, putusanipun macak atur ing nagari kados kaparêngipun pangarsa.

III. Pangarsa andangu dhatêng Mas Ngabèi Martasuwignya kadospundi panindaking panitya kasusastran, sarèhning punika sampun wulan Nopèmbêr, ing pangrêmbag kala samantên badhe kangge parêpatan agêng wontên wulan Januari ngajêng, aturipun pancèn sampun rampung, namung tansah kapambêng, dados dèrèng sagêt ngaturakên kawontênanipun, dhawuhing pangarsa supados karampungakên tumuntên, aturipun sandika.

IV. Pangarsa andangu panitra, kadospundi bab pangrêmbag badhe adêging pasinaon Kawi punapa panitra sampun pinanggih kalihan Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr. Aturipun sampun sarta sampun rêmbagan saparlunipun, tuwin sampun sagah, pangarsa lajêng dhawuh dhatêng [dha...]

--- 156 ---

[...têng] panitra sarta Radèn Ngabèi Yasawidagda kadhawuhan pinanggih kalihan Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr ngrêmbag têmtuning pambikakipun pasinaon wau, aturipun sami sandika.

V. Pangarsa maringakên sumêrêp barang panggihan enggal saking panjênênganipun.

1. banon saking watu pangantèn, 2. sela wadhah jimat, 3. sela wadhah awu (kunarpa), 4. êmpluk cacah sakawan iji.

pangarsa ngandikakngandikakakên. anggènipun mrakawis abdi dalêm mantri ondêr dhistrik Singasari, salêbêtipun pangarsa nglêrêmakên sarira wontên pasanggrahan dalêm Pracimaarja, wontên tiyang dhusun ngaturakên tawi bèri dêmbaga, lajêng dipun dangu bokmanawi wontên panunggilanipun malih, aturipun wontên, nanging sampun katrucut dipun tumbas Walandi, dene wujudipun gong agêng namung satunggal katumbas, f 10, sanalika punika pangarsa lajêng tilpun dhatêng abdi dalêm bupati Bayalali, paring uninga kawontênanipun wau sarta kadhawuhan ngurus, aturipun sandika, dene tiyang ingkang nawèkakên bèri wau lajêng kadhawuhan dhatêng kabupatèn Bayalali, lajêng kaurus saparlunipun, malah kabaripun samangke gongipun sampun kaladosakên nagari, pangarsa andangu panitra punapa sampun nampèni gong wau, aturipun dèrèng.

VI. Radèn Ngabèi Yasawidagda matur manawi ing sêrat kabar Darmakôndha wontên ingkang ngabarakên tiyang ing bawah Ngampèl manggih barang mas kathah warni- warni, punika têtêmbunganipun sêmu ngrèmèhakên utawi nêmtokakên pamaringipun ganjaran namung sakêdhik botên mèmpêr kalihan yêktining rêrêgèn, panitra nêrangakên bilih pamaringing ganjaran nagari dhatêng tiyang ingkang manggih barang punika botên namung sakarsa-karsa kemawon, mawi wêwaton sêrat dhawuh undhang-undhang, barang panggihan punika ingkang dipun aosi namung badhenanipun, garapanipun [garapa...]

--- 157 ---

[...nipun] botên, dene ingkang kadhawahan ngrêtaaji abdi dalêm ingkang gadhah wajib, kados ta: tosan aji, ingkang nêpsir abdi dalêm pandhe, jêne sela, kêmasan, makatên sapiturutipun, dados nagari mandhapipun Radyapustaka botên namung sakarsa-karsa kemawon anggènipun paring ganjaran. Kanthi wêwaton sayêktos, dhawuhing pangarsa sêrat Darmakôndha ingkang ngêwrat bab wau kaaturakên uninga ing nanagari,nagari. parêpatan mupakad, lajêng bibaran, wanci jam 1/2 9.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]