Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 158 ---

Nalika malêm Rêbo kaping 27 April 1932 utawi kaping 20 Bêsar 1862, Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên sawetaning gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 3. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda, 6. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ing sadèrèngipun bikak parêpatan, pangarsa ngandika manawi sariranipun taksih kirang sakeca, mila pèngêtan parêpatan kapêngkêr botên kawaos, sanès dintên kemawon, ing sapunika rêbat cêkap parêpatan kabikak.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa mratelakakên Radyapustaka nampèni sêrat kêkancinganing pêpatih dalêm katitimangsan kaping 4 April 1932 ôngka 8/33 D/I.II lajêng kawaos, suraosipun,

I. Anêtêpakên Radyapustaka musium dados kagunganing nagari, tumindakipun lastari katindakakên kumisi Radyapustaka, kados kawontênanipun sapunika.

II. Kawontênanipun arta musium sadaya kêdah kaladosakên dhatêng kas nagari, sarta sadaya arta asiling musium sabên wulan ugi kêdah kaladosakên ing kas nagari.

III. Sapintên waragad-waragading musium kados tumindakipun [tumindakipu...]

--- 159 ---

[...n] sapunika badhe kaparingan saking kas nagari, kajawi balônja punggawa sabên wulan, kaparingan ampilan.

IV. Sabên wulan kumisi kawajiban angladosakên pêpetangan tampining arta karcis sarta tumanjaning arta ampilan, kados ingkang sampun katamtokakên ing pranatan lampah-lampahing arta nagari, ingkang kawrat ing sêrat kabar nagari taun 1924, ôngka 20.

V. Kêkancingan sarta dhawuh -dhawuh ingkang suraosipun cêngkah kalihan kêkancingan punika sami kasuwak.

VI. Tumapakipun wiwit wulan Mèi, 1932.

VII. Turunanipun kaparingakên dhatêng pangagênging paprentahan arta nagari, pangagênging paniti arta nagari, pangarsaning pahêman Radyapustaka, supados sami nindakakên saparlunipun, utawi kapacak ing sêrat kabar paprentahan.

Sarampungipun pamaos pangarsa ngandika, sarèhning punika kêkancingan saèstunipun namung kêdah kaèstokakên, nanging kenging katamtokakên manawi Radyapustaka botên sagêd majêng, dening sadaya ingkang badhe katindakakên kêdah lapur rumiyin. Punika ingkang ngalang-alangi kamajênganing Radyapustaka, amargi wajibing ngajêngakên kawruh punika kêdah mardika, môngka punika sampun tanpa kamardikan babarpisan, saking pundi sagêdipun majêng, nanging pangarsa sampun botên kainan dene sampun kagungan atur gamblang sangêt, botên kagêm, kadospundi malih inggih kêdah narimah.

Radèn Ngabèi Yasawidagda matur, kadospundi prakawis pasinaon Kawi punapa inggih kêdah sêtor. Dhawuh wangsulaning pangarsa saèstunipun inggih kêdah sêtor, Yasawidagda matur manawi makatên ribêt sangêt, amargi ing pangangkah tirahaning arta bayaran sasampuning kangge ragad-ragad, ing têmbenipun badhe kangge ngiyasakakên barang ingkang tumrap kangge misungsung ing Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, minôngka [minông...]

--- 160 ---

[...ka] pracihnaning panuwun. Panitra matur pakêmpalan dhalang punika ngayom dhatêng Radyapustaka botên sêtor, saupami pasinaon Kawi kapiritakên punika kados prayogi, Radèn Tumênggung Suradipura nyambêti, pakêmpalan dhalang sanès kalihan pasinaon Kawi, sampun lêrêsipun botên sêtor, manawi pasinaon Kawi murih botên sêtor, prayogi kadhapuk dados pakêmpalan kados dhalang punika. Parêpatan mupakad, lajêng kaputus pasinaon Kawi kadadosakên pakêmpalan.

II. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêratipun Tuwan Dhoktêr T. Piso, lajêng kawaos, têmbung Walandi, suraosipun, nyuwun nyambut sêrat Bausastra têmbung Jawi karanganipun Mas Ngabèi Prajapustaka, badhe katêdhak, sarampunging pamaos ngandika, aluranipun makatên, ing ngajêng Tuwan Dhoktêr T. Piso nyambut sêrat Bauwarna ugi karangan Prajapustakan kawan jilid sampun rampung katêdhak sadaya, lajêng nyambut sêrat Bausastra wau têmbungipun ugi badhe katêdhak, punika panitra gadhah pamanggih, sarèhning pandamêlipun Radyapustaka Bauwarna sarta Bausastra wau botên gampil sarta ugi kanthi waragad ingkang botên sakêdhik, wêkasanipun dipun têdhak ing liyan lajêng kadamêl prabot anggènipun ngarang wurdhênbuk badhe kasiyarakên, Radyapustaka botên angsal punapa-punapa, amila punapa botên prayogi kagêm piyambak, ing mangke kadospundi pamanggihing parêpatan, panyambutipun Tuwan Dhoktêr T. Piso punika prayogi kalastarèkakên dipun parêngakên punapa botên.

Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, botên sakeca manawi lajêng botên dipun parêngakên prayogi kalajêngakên dipun lilani, pakèwêdipun manawi kasade piyambak ragadipun kathah tur mêsthi botên kathah ingkang tumbas.

Radèn Ngabèi Yasawidagda matur, sarèhning punika kawruh

--- 161 ---

manawi dipun simpên kemawon botên prayogi, prayogi kapêncarakên, kapasang yogi punika wontên ingkang mêncarakên, ananging manawi kaêcapakên, parlu mawi prajangji. 1. Kêdah mawi nyêbutakên namaning Radyapustaka sêrat ingkang kasambut wau. 2. Nyukani lêlahanan sêrat ingkang dipun cap wau dhatêng Radyapustaka.

Radèn Ngabèi Dutadilaga nyambêti, manawi saèstu dipun cap saupami warganing Radyapustaka tumbas kêdah angsal sudan, putusanipun kados pamanggih Yasawidagdan, pangarsa lajêng dhawuh pandamêling wangsulan kapasrahakên dhatêng Tuwan E. Mudhi.

III. Pangarsa mratelakakên anggènipun kagungan karsa angwontênakên sêsorah bab warni-warnining agami, sampun sagêd angsal kasagahan, inggih punika

1. Tuwan Dhoktêr Y. H. Baping, bab agami Kristên, 2. Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, bab agami Hindhu sarta Parsi, 3. Tuwan Dhoktêr T. Piso, bab agami Jawi Kina, 4. Tuwan Som, bab agami Cina, 5. Pangarsa piyambak, bab agami Budha.

Dene ingkang dèrèng angsal, punika agami Yahudi, saupami botên kêdah têmbung Jawi, Tuwan Kopêrbèrêh têmtu dhangan, sarta bab agami Islam, kala samantên ingkang sampun kawêdal raosanipun badhe sêsorah wontên Radyapustaka punika Mas Ngabèi Martasuwignya, H. Sèt, nanging pangarsa kagungan sumêlang mangke namung isi purwagandha kemawon, sarta pangarsa mratelakakên pamrayoginipun Tuwan Dhoktêr Y. H. Baping, samôngsa sampun wontên ingkang sagah, prayogi kadamêl rukun, pêpanggihan angrêmbag prayoginipun ingkang badhe kasorahakên, sagêda sampun ngantos sulaya cacad-cinacad sasaminipun, manawi sampun sami rujuk sadaya, sanès dintên badhe pêpanggihan angrêmbag bab sêsorah agama wau, parêpatan mupakad.

--- 162 ---

IV. Radèn Ngabèi Yasawidagda matur, bab pasinaon Kawi saèstu kasuwun dados pakêmpalan kados pakêmpalan padhalangan, pangarsa kaparêng, lajêng kadhawuhan ngrêmbag kalihan panitra.

V. maringakên uninga barang panggihan enggal awarni,

1. tilas suku bokor mas, 2. gêlang rêca mas, 3. rêrênggan karna mas, 4. supe mas mawi aksara, 5. tasbèh mas, 6. gandhul kalung mas, 7. bokor mamas, 8. jêndhêlan mamas.mas. } Panggihan saking dhukuh Banaran, dhusun Ngampon, ondêr dhistrik sarta dhêstrik Ngampèl, Bayalali

9. supe mas mawi aksara Sri, panggihan saking dhukuh Klinggèn, dhusun Baran, ondêr dhistrik Banyudana, Bayalali.

10. lèrèp kalung mas, panggihan saking dhukuh Ngêndhokidul, dhusun Jati, ondêr dhistrik Tulung, dhistrik Jatinom, Klathèn.

11. gêgaman mawi karah mas, panggihan saking dhukuh sarta dhusun Ngampon, ondêr dhistrik sarta dhêstrik Ngampèl, Bayalali.

12. kêndhi, 13. jun. } siti } Panggihan saking dhukuh Wêru, dhusun Lancaran, ondêr dhistrik Musuk, dhistrik kitha Bayalali.

14. talam dêmbagi, 15. brêsihan têmbagi, 16. tlêkêm têmbagi, 17. marmêr bundêr.} Panggihan saking dhukuh Karangdurèn.

18. kêndhang, 19. tamèng, 20. rajut, 21. tumbak, 22. patehan cêngkèh. } Asli saking Dhigul, pisungsungipun Radèn Mas Ngabèi Sumapranata

--- 163 ---

Wanci jam 1/2 10, parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 164 ---

Nalika malêm Sabtu tanggal sapisan ing wulan Jumadilawal taun Dal, ôngka 1863 utawi kaping 3 wulan Sèptèmbêr 1932, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên sawetan gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang karêmbag

I. Mudha pangarsa mratelakakên manawi tampi dhawuhipun pangarsa amaringakên sêratipun pêpatih dalêm ingkang dhumatêng pangarsa dalah wangsulanipun pangarsa ingkang dhatêng pêpatih dalêm, awit saking sêratipun pêpatih dalêm wau pangarsa mundhut lèrèh anggèning ngasta pahêman Radyapustaka. Sarèhning sadaya sampun sami maos dados sêratipun pêpatih dalêm dalah wangsulaning pangarsa wau botên parlu kawaos, ing sapunika kadospundi pamanggihing parêpatan, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur sêmunipun rêmbag-rêmbag punika gandhèng kalihan prakawis Radyapustaka nalika karêmbag wontên ing guprênuran, awit saking punika Radyapustaka taksih ambêtahakên sangêt dhatêng panjênêngan dalêm pangarsa, amila kêdah kasuwun lastantunipun, mudha pangarsa lajêng naringakên kadospundi pamanggihing parêpatan, Radèn Tumênggung Suradipura condhong, Mas Ngabèi Martasuwignya sarta panitra ugi condhong, mudha pangarsa ngandika ing sadèrèngipun karêmbag, panjênênganipun sampun [sampu...]

--- 165 ---

[...n] kagungan panggalih pangarsa kasuwun lastantun ngasta tuntunaning pahêman Radyapustaka, lajêng kaputus Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kasuwun lastantun dados pangarsaning pahêman Radyapustaka.

Mudha pangarsa dhawuh damêl sêrat katur pangarsa, panitra matur sandika, Radèn Tumênggung Suradipura prasabên dhatêng panitra dintên benjing-enjing badhe mampir tumut manah pandamêling sêrat wau, panitra matur nuwun badhe dipun rencangi panggarapipun, lajêng gadhah atur ing parêpatan, sarèhning punika sampun rampung botên wontên rêmbag malih-malih, wancinipun taksih kobèt, prayoginipun pandamêling rèngrèng kagarap sapunika kemawon, supados sagêd sami nguningani, dados sah sayêktos, mudha pangarsa kaparêng, lajêng kagarap, rampung lajêng katampèkakên Radèn Tumênggung Suradipura kawaos, sarampunging pamaos mudha pangarsa naringakên dhatêng parêpatan, Suradipuran botên nyuwawèni adangiyahipun jubêl, sêratipun wakiling pangarsanipun pahêman Radyapustaka, katur pangarsa, punika kaprayogèkakên sêratipun pahêman Radyapustaka, parêpatan mupakad, 2. Mudha pangarsa kagungan panggalih têmbung botên sagêd angsal pandêngan ingkang pantês dados pangarsaning pahêman Radyapustaka, punika gadhah raos anggènipun anggondhèli pangarsa botên awit saking trêsna, amargi saupami wontên ingkang kawawas pantês dados pangarsa, badhe kapilih, kadhawahan nyantuni têmbung ingkang gadhah raos ambêtahakên, parêpatan mupakad, 3. Suradipuran gadhah pamanah prayoginipun botên kapratelakakên manawi pangrêmbag punika awit saking dhawuhing pangarsa kêdah namung pamanahipun pangrèh piyambak, amargi manawi kapratelakakên lugu, punika pangarsa kirang katingal luhur, sajak pangrêmbagipun wau katarik dening wêwadul, panitra mangsuli inggih prayogi kemawon angluhurakên punika, namung kadospundi wontêning parêpatan punika inggih awit saking wontêning sêrat wau.

--- 166 ---

Suradipuran taksih ngêncêngi pamanggihipun, Dutadilagan nyambêti, pancèn prayogi kados pamanggih Suradipuran punika, namung tiyang reka-reka punika kirang prayogi. Mudha pangarsa andangu dhatêng Suradipuran kadospundi punika, aturipun kadospundi malih tiyang kathah ingkang botên rujuk, inggih kêdah kalugokakên kemawon, Suradipuran lajêng anglajêngakên pandamêlipun, sarampungipun lajêng kawaos, sadaya sampun condhong.

Lajêng ngrêmbag angkatipun sêrat wau kêdah lumampah dintên Sabtu benjing-enjing, amargi manawi botên sagêt mangkad benjing-enjing, kêdah benjing Sênèn, punika kadangon, sarta anggènipun ngaturi uninga ing nagari kêdah sarêng, panitra sagah macak ing dalu punika, supados sagêd lumampah benjing-enjing, Martasuwignya mratelakakên kêdah jam wolu sampun dumugi ing kantor pos, mudha pangarsa sagah napak astani enjing sadèrèngipun jam 1/2 8.

Parêpatan katutup wanci jam 1/2 9.

Pangarsa

[Grafik]

Panitra

[Grafik]