Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 172 ---

Nalika malêm Sênèn tanggal kaping 2 wulan Bêsar taun Be, ôngka 1864 utawi kaping 19 Marêt taun 1934, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 3. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 6. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Radèn Ngabèi Dutadilaga, 2. Radèn Ngabèi Yasawidagda.

pangarsa sadèrèngipun ambikak parêpatan, angandika, manawi konduripun punika prêlop amargi gêrah asring-asring karaos anggliyêr, kaprayogèkakên dhoktêr supados lêrêm sawatawis dintên, kalampahan sarêng kalêrêmakên sagêd sakeca, malah konduripun saking Tawangmangu sawêg kalawau siyang, lêrêsipun pancèn dèrèng kenging kagêm lênggah parêpatan, namung sarèhning panggalih kagungan raos onêng dhatêng warga pangrèh, dados kaparêng mangarsani parêpatan punika kagêm sarana anggènipun pêpanggihan, sarampunging pangandika punika lajêng ambikak parêpatan.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa mratelakakên manawi ing Ngayogya badhe ngadêgakên musium ada-adanipun pakêmpalan Yapa Insêtitit, kaayoman sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, papanipun wontên ing alun-alun, mênggah musium wau botên ngêmungakên mitongtonakên barang kina kemawon, mawi anggêlarakên barang warni-warni kasade, dados kadosdene [ka...]

--- 173 ---

[...dosdene] pèrmanèn, ing mangke kadospundi sagêdipun musium ngriki botên kawon. Panggalihing pangarsa prêlu dados pamanahan, parêpatan mupakad, lajêng andhapuk panitya.

1. Mudha pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 3. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Supados upados sasêrêpan dhatêng Ngayogya, sasampunipun lajêng upados sasêrêpan dhatêng Mardiguna, ing mangke kawontênanipun kadospundi.

II. Pangarsa andangu ing môngsa kirang prayogi punika kadospundi kawontênanipun tiyang ningali musium, aturing panitra suda kalihan adat, awit saking punika pangarsa kagungan panggalih nyuda prabeaning tiyang ningali musium, parêpatan mupakad, panitra matur bilih ing Sriwadari ugi suda bayaranipun tiyang ningali, lajêng dhawuh upados sasêrêpan dhatêng Sriwadari, angsal katrangan wiwitipun nyuda nalika tanggal sapisan Agustus taun 1933.

Kala samantên

I. Padintênan.

1. bôngsa Eropah f 0.15, 2. bôngsa mônca f 10, 3. bôngsa Jawi f 0.06. Lajêng kadamêl rampak sadaya gangsal sèn.

II. Manawi wontên têtingalan.

1. bôngsa Eropa f 0.18, 2. bôngsa mônca f 0.12, 3. bôngsa Jawi f 0.06.

Lajêng kadamêl rampak sadaya ngênêm sèn, dados ingkang kasuda namung bôngsa Eropah sarta mônca, bôngsa Jawi botên. Pangarsa lajêng naringakên kadospundi prayogining panyudanipun, parêpatan mrayogèkakên, [mrayogè...]

--- 174 ---

[...kakên,] bôngsa Eropah sarta mônca sarèhning kadamêl sami bayaranipun botên kapilah kados Sriwadari, kasuda sapalih dados namung 10 Cl, bôngsa Jawi kasuda sapalih, dados namung sabenggol, mudha pangarsa usul manawi sabenggol damêl ribêting panindak, prayogi kadamêl tigang sèn, parêpatan mupakad, lajêng katêtêpakên, pangarsa dhawuh supados lajêng katindakakên saparlunipun, lapur ing nagari sarta kalimrahakên ing sêrat-sêrat kabar Jawi.

III. Pangarsa mratelakakên manawi Radèn Ayu Usin Jayadiningrat sapunika botên purun kasêbut radèn ayu, mêndhak sami kalihan bojon wadana, asistèn wadana sapanunggilanipun, nêdha sinêbut mopro, ing Surakarta têtiyang èstri ingkang sanès bojoning abdi dalêm, kados ta bojonipun Mèstêr Singgih. Punika ugi nêdha sinêbut mopro, punika kosokwangsulipun Jayadiningratan wau, wontênipun sasêbutan mopro dening lênggana sinêbut radèn ayu, punika punapa botên parlu dados pamanahan, parêpatan mupakad dados panggalihan, lajêng ngadêgakên panitya malih.

1. Mudha pangarsa, 2. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 3. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya.

Amanah prayogining têmbung kangge nyantuni sasêbutan ingkang makèwêt wau.

IV. Panitya Mas Ngabèi Martasuwignya matur manawi mêntas dhatêng Ngayogyakarta pinanggih Mas Ngabèi Prawiraatmaja, punika pitakèn sarèhning samangke sampun pindhah saking Surakarta punika punapa taksih kaanggêp warganing Radyapustaka, dipun wangsuli taksih, lajêng gadhah usul supados Radyapustaka manah ing bab satata basa, amargi katingal sagêbyaran satata basa punika prakawis sapele, namung kawontênanipun botên makatên, malah trakadhang dados prakawis ingkang kaangêp wigatos, dening sagêd ambêbêkta

--- 175 ---

dhatêng kawajiban (pangkad) amargi lajêng kaanggêp murang tata, môngka sajatosipun namung saking bedaning cara kemawon, panatanipun satata basa punika mawi kasrasèhakên dhatêng para priyagung bupati guprêmenan, utawi kaparêpat, bab punika manawi kagalih parlu, Mas Prawiraatmaja kadugi nêrang-nêrangakên, pangarsa ngandika usul punika prayogi dipun tampèni. Parêpatan mupakad, pangarsa lajêng dhawuh supados panitra damêl sêrat dhatêng Prawiraatmajan mratelakakên bilih usulipun katampèn, sarta Radyapustaka lajêng andhapuk panitya, ingkang kamanah bab punika.

1. Mudha pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 3. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 4. Panitya, Mas Ngabèi Prawiraatmaja.

samôngsa parêpatan angrêmbag bab punika Mas Ngabèi Prawiraatmaja badhe dipun sêdhahi.

V. Taksih usulipun panitya Mas Ngabèi Martasuwignya, amratelakakên manawi Radyapustaka punipunika. sampun dipun bêtahakên ing umum, kados ta: enggal punika guprêmèn kagungan karsa amola Kyai Tandhukèsèr, dhirèkturipun Radèn Subadya murih supados Mas Ngabèi Martasuwignya nêmbungakên dhatêng Radyapustaka, kalampahan katindakakên, amila mugi Radyapustaka anggalih jangkêpipun barang-barang Jawi, dhawuhing pangarsa usul sampun katampèn, namung badhe kawiwitan bab kawontênan Surakarta rumiyin, inggih punika bab pangangge.

VI. Maringakên sumêrêp barang panggihan enggal.

1. jimat warni blebekan mas, sêratanipun orèk-orèkan botên cêtha, ingkang katingal namung Brama, sarta Siwah.

2. rêca, saking pasarean Kartasura.

3. dhuwung pisungsung saking Mas Wiryasukarta ing Bandhung.

--- 176 ---

4. kêcik mawi aksara, pisungsung saking Hartana anakipun Radèn Ngabèi Ismutani.

5. sêrat kina pisungsung saking Radèn Mas Arya Suryasuwita.

VII. Pangarsa andangu bab ingkang badhe sêsorah, aturing panitra ingkang sampun sagah Tuwan D. S. pan Ik, bab agami Parsi, namung lajêng pamit amargi sakit suku ngantos botên sagêd lumampah, rêrigêning panitra lajêng manggihi Tuwan Cancusom manawi sagêd kapurih majêng sêsorahipun wontên Marêt, namung botên sagêd, sagahipun wontên ing wulan April, pangarsa lajêng andangu bokmanawi wontên ingkang gadhah usul, aturipun sami botên, parêpatan katutup, wanci jam 9.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]