Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 191 ---

Nalika malêm Akat tanggal kaping 25 Jumadilawal Ehe 1868 utawi kaping 4 Juli 1937, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên kagungan dalêm gêdhong musium, mawi anyêdhahi panitya kasusastran.

Parêpatan kawiwitan jam 1/2 8

Ingkang rawuh

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara, ngrangkêp panitya kasusastran, 4. Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda, 5. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, ngrangkêp panitya kasusastran, 6. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, ngrangkêp panitya kasusastran, 7. Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, pangarsaning panitya kasusastran, 8. Mas Ngabèi Prawiraatmaja, warganing panitya kasusastran.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya.

2. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi ngrangkêp panitya kasusastran.

Sadèrèngipun bikak parêpatan, pangarsa paring pambage wilujêng dhatêng ingkang sami marlokakên sarta paring panarimah dhatêng panitya kasusastran, anggènipun sampun angrampungi pandamêling wêwahan kasusastran, pangarsa lajêng ambikak parêpatan, amratelakakên sampun anampèni palapuraning panitya kasusastran, [kasusastra...]

--- 192 ---

[...n,] sarèhning punika nama sampun rampung, lajêng badhe kadospundi panindakipun.

Aturipun pangarsaning panitya, Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, ing mangke panindakipun nyumanggakakên kaparêngipun Radyapustaka, kanthi amratelakakên pikajêngipun konggrès kala samantên, sagêda wêwatoning panyêrat punika sadaya sami, amargi kawontênanipun panyêrat sastra Jawi, ing pundi-pundi beda-beda. Kalampahan dados parêpatan agêng (konggrès) putusanipun kaaturakên (Departement van Onderwysen Eeredienst) kaparêngipun kangjêng guprêmèn kaêcap kangge wêwaton wontên ing pamulangan, wasana para guru kathah ingkang mitêrangakên dhatêng Radyapustaka, sarta sawatawis wontên panukarta ing sêrat-sêrat kabar sasaminipun, Radyapustaka lajêng andhapuk panitya kasusastran, mênggah putusanipun kados ingkang sampun katur: makatên malih mratelakakên bilih taksih wontên ingkang botên ngangge, kados ta, ing Mangkunagaran pamanggihipun manawi botên ngupados suwantên Jawi aluwung lajêng kaaturakên rêgèrêng kemawon, dados katêtêpakên kanthi panguwaos, dene manawi kaparingakên, persoonlijk ingkang sami usul kala rumiyin kêdah lajêng karêmbag wontên ing konggrès malih.

Radèn Ngabèi Yasawidagda anyambêti, sasumêrêp kula ing Mangkunagaran sampun tumindak nêtêpi wêwaton Radyapustaka, dene ingkang kapangandikakakên Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat punika pamanggihipun satunggal-satunggaling tiyang persoon lijk.kajawi punika Radèn Ngabèi Yasawidagda mratelakakên bilih Departement van Onderwijs en Eeredienst, bingah

--- 193 ---

sangêt, manawi nampèni usul ewah-ewahan, amargi kalêrêsan sampun wancinipun badhe ngêcapakên handleiding malih.

1. Mas Ngabèi Prawiraatmaja anglêrêsakên aturipun Radèn Ngabèi Yasawidagda, dene bab kalêmpakaning sêrat anggitanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, lêrês kasusastranipun botên miturut wêwaton, namung karangan wau wêdalipun kanthi dipun titi Tuwan Dhoktêr Piso, dados sanès anggitan Mangkunagaran. Makatên malih pamulangan saha Bale Pustaka, sampun sami ngangge wêwaton Radyapustaka.

2. Tatakramanipun ingkang sami usul prayogi dipun paringi, dening kala samantên dipun pundhuti pamanggih.

Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat mangsuli, manawi ingkang sami usul kaparingan kêdah konggrès manawi botên lajêng kapasrahakên rêgèrêng kemawon.

Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, nyuwun kados ingkang sampun, prayogi karêmbag malih wontên konggrès.

Radèn Ngabèi Yasawidagda mrayogèkakên Radyapustaka lajêng ngaturakên putusan dhatêng Departement van Onderwijs en Eeredienst kemawon, amargi manawi ngwontênakên konggrès badhe ngudhari rêmbag ingkang sampun.

Mas Ngabèi Prawiraatmaja rujuk, nanging taksih nyuwun ingkang sami usul supados dipun paringi katrangan, kanthi sorogan mratelakakên bilih Radyapustaka sampun macak atur ing Departement van Onderwijs en Eeredienst.

Putusanipun badhe karêmbag ing parêpatan [parêpata...]

--- 194 ---

[...n] warga.

Radèn Ngabèi Yasawidagda usul, sarèhning badhe karêmbag parêpatan warga, namanipun kampung, padalêmanipun para luhur, panyêratipun punapa botên prayogi mawi aksara murda, usul punika katampèn, ugi badhe karêmbag ing parêpatan warga.

Pangarsa ngandika, bilih mêntas nampèni pikêkah saking nagari, panyêratipun Radènayu, Radèn Ayu, punika kagalih nyulayani putusan Radyapustaka, mila lajêng dangu dhatêng nagari, wangsulanipun sampun manut wêwaton Radyapustaka. Pangarsa tumuntên dangu lumantar tim-pun dhatêng Radyapustaka, atur wangsulanipun têmbung aran punika luluh, dados lêrês kêdah Radènayu, Radènajêng, nanging manawi dados têmbung kriya, botên luluh, upaminipun urus-urus (kriya), manawi dados aran urusurus.

Mas Ngabèi Martasuwignya matur, ing wêwaton sampun lêrês panyêrating nagari, amargi punika rêmbakipun kalêbêt camboran, kasêbut ing wêwaton kaca 11 bab VII.

2. Paring uninga Radyapustaka badhe mitontonakên jogèd Indhu.

3. Paring sumêrêp barang panggihan enggal, êncèh goci, sarta pipisan sela, saking dhusun Pohitan, ondêr dhistrik Karangnôngka kabupatèn Kalathèn.

Wanci jam 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]