Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 195 ---

Nalika malêm Rêbo tanggal kaping 22 Juni 1938, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang sowan

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 3. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Panitya, Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, 6. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

--- 196 ---

Ingkang botên andhèrèk parêpatan Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara, nyuwun pamit jalaran sakit.

Parêpatan kawiwitan jam 7.10.

I. Pangarsa napukakên parêpatan, aparing sumêrêp bilih pahêman Radyapustaka nampèni sêdhahan saking komite konggrès basa Indhonesia, kanthi nêdha panjurung waragading konggrès, lajêng paring ular-ular ingkang wosipun samôngsa Radyapustaka nyondhongi sarta asuka panimbang, môngka kalaksanan pangajabipun komite basa Indhonesia sagêd ngrêmbaka, ngantos sagêd nyirnakakên basa Jawi, punika Radyapustaka nama suduk jiwa, wasana naringakên rêmbag wau dhatêng pangarsa.

Ha. Mudha pangarsa nyuwun katrangan gagapan kajêngipun konggrès.

Pangarsa, miturut lampah-lampah ingkang kakanthèkakên ing sêdhahan cêtha bilih ngajêng-ajêngakên basa Indhonesia, culikanipun kados ingkang kapratelakakên ing lampah-lampah wau, Ki Hajar Dewantara badhe mêdhar ginêm kanggenipun basa Indhonesia wontên ing laladanipun guru.

Mudha pangarsa, ngêndikakakên sampun nate salêbêtipun mirsani bal-balan ngêndikan cara Jawi, angsal wangsulan cara Mlajêng. Panjênênganipun taksih kêkah anggondhèli gêsangipun basa Jawi.

Na. Panitya, R.Ng. Yasawidagda ambabadakên jaman ebah-ebahan, wiwit ngadêg dumugi jumangkahipun Budi Utama ngambah laladan pulitig, salajêngipun wontênipun kulir konggrès, punika darbe pangajab voor groot Java, pangajab wau botên sagêd kalaksanan, pêparênganipun samantên ebah-ebahan ingkang dipun adani Dr.Ciptamangunkusuma, adêgipun Indische partij, ingkang botên lastantun

--- 197 ---

pungkasanipun kêmpalipun pakêmpalan sawatawis ingkang sêdyanipun ngêsahi bôngsa-bôngsa ing Indhonesia, ingkang pakêmpalanipun winastan Parindra, miturut aluran punika ing babagan pulitik basa Malayu angangge basa sêsrawungan punika botên wontên pakèwêdipun, namung ing babagan kabudayan anggondhèli sangêt widadanipun basa Jawi. Bokmanawi kenging kaangge katrangan, kala rumiyin pamulangan ôngka II punika kasuwak piwulangipun cara Mlajêng.

Bab panjurung nalika tigang wulan ingkang kapêngkêr Dr. R.Ng. Purbacaraka nyuwun kadarman dalêm arta dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kala samantên botên maringi.

Pamanggihipun, Radyapustaka andhatêngi konggrèsipun, namung botên suka pisumbang.

Ca. Panitya, Rm. Ng. Dutadilaga, ada-ada punika nêmaha ngêmohi basa Jawi punapa botên, punapa namung ngrêmbag dados basa pasrawungan, pamanggihipun pandhêsêkipun ada punika rêkaos anggèning mabêni utawi nanggulangi sisip-sêmbiripun malih, nuwuhakên sêling-sirêp ingkang sayogi kagalih pangrêksaning kawontênanipun kemawon, tumrap konggrès punika Radyapustaka punika kêdah ngintunakên wakil (namung botên suka pambiyantu punapa-punapa).

Ra. Juru rêmbag Tuwan E. Mudhi, pamanggihipun panggalihipun pangarsa dhatêng bab punika kalêbêtên panampi

--- 198 ---

Pangarsa, kamanah kalêbêtên panampi punika bokmanawi botên, namung ngawekani ing têmbe sanadyan botên katêmaha pangrêmbagipun basa IndhonesiahIndhonesia (dan di tempat lain). punika têmtu ngêsuk basa Jawi. Pangarsa uninga larapipun para neneman Jawi sarawunganipun ingkang kathah botên purun cara Jawi punika mindhak kêpêksa ngangge têmbung krama, sarta ngangge tatakrama Jawi, malah wontên ingkang nglairakên pamanggih, brêgasipun punika manawi ginêman cara Jawi utawi cara Mlajêng. Ing Ngayogyakarta wontên toko Jêpang satunggal ingkang bêbaunipun Jawi manawi ginêman akalihan para têtumbas, nadyan tiyang Jawi sarta ginêman Jawi, anggèning mangsuli cara Mlajêng. Pancèn tatakrama sarta unggah-ungguh Jawi punika botên gampil, saya tumrap liyan bôngsa.

Tuladha bêbaya sirnaning basanipun tiyang siti, nagari Krawangkor, tanah Indhu poncot kidul, jiwanipun 7 yuta, basanipun Malialam, namung ingkang manggèn ing pasisir kathahipun watawis 150000, punika basanipun basa Inggris. Tiyang Indhu ingkang basanipun botên nunggil alêr sagêd malik santun basa Inggris, saya tanah Jawi ingkang basanipun nunggil alêran akalihan basa Mlajêng, malikipun têmtu langkung gampil, dados konggrès punika anggèning bêbayani dhatêng basa Jawi botên namung pangothak- athik.

Tuwan Mudhi, sababipun punapa têka kantor nagari Salong ngangge basa Mlajêng, kados ta: komtabilitit, rikas, sarta marêkwèsên.

Pangarsa, bab punika kagungan dalêm rad bale [ba...]

--- 199 ---

[...le] agung sarta pahêman Radyapustaka sampun ngaturi sêrat dhatêng nagari, nyuwun supados sêrat paprentahan punika manawi Jawi lêlayanan Jawi utawi botên wontên prêlunipun kadhawuhna ngangge basa Jawi, pancèn kathah ingkang dêrêng ngangge basa Mlajêng, awit saking punika manawi Radyapustaka botên kêncêng pancèn ambêbayani, manawi lêstantun namung dados linggua franca, kagalih botên dados punapa.

Têpapalupi ingkang prayogi, amtênaripun guprêmèn Inggris ingkang katêtêpakên ngamping-ampingi wontên ing krajan-krajan tanah Malayu kêdah sagêd basa Mlajêng, malah kontrakipun guprêmèn Inggris akalihan sultan kêdhah kêdah. mratelakakên bilih guprêmèn Inggris sanggêm botên badhe ngêpik-êpik basa sarta kasusastranipun.

Ka. Panitra, Mas Ngabèi Martasuwignya rujuk dhatêng rêmbag Yasawidagdan sarta Dutadilagan.

Da. Panitra rujuk dhatêng rêmbag Yasawidagdan sarta Dutadilagan.

Putusan.

1. Radyapustaka ngintunakên wakil dhatêng konggrès basa Indhonesiah.

2. Wakil wau botên angsal mandhat, botên kenging mungêl punapa-punapa, botên kenging nyêtèm.

3. Ingkang katêtêpakên dados wakil, Dutadilagan, Martasuwignyan, cêkap namung dhatêng sapisan.

4. Radyapustaka botên ambiyantu punapa-punapa.

II. Pangarsa dhawuh Pusaka Jawi ôngka 5 ngêwrat karanganipun Ciptasudarma, suraosipun ngowêl badhe sirnanipun aksara Jawi, sêratan Jawi ingkang katindakakên [katindaka...]

--- 200 ---

[...kên] dumugi sapunika kamanah ruwêt rakaos kadamêl sêkripmasin, mila lajêng ngewahi tatananipun.

Ha. Aksara nglêgana, cara Latinipun kadadosakên medelklinker.

Na. Sandhangan swara dados klinker, klinker a-i (Raswadi).

Ca. Pasangan sarta sandhangan jèjèr kalayan aksara.

Putusan andhapuk panitya ingkang kapatah ngrêmbag bab punika,

Dhawuh punika sawêg uluk-uluk saèstunipun bab punika badhe karêmbag samôngsa parêpatan malih, sarêng kalihan panitya ingkang kapratelakakên ing nginggil, warga pangrèh badhe kakintunan Pusaka Jawi.

III. Maos sêrat saking dhepartêmèn pan ondêrwis en erêdhinês katitimangsan kaping 27 Mèi 1928 ôngka 14022/B suraosipun palapuranipun panitya ingkang kapatah ngrêmbag ewah-ewahan wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi, dalasan ôngka punika panganggenipun sampun kadhawuhakên para guprênur ing Jawi kilèn, têngah sarta wetan, tuwin insêpèktur ing Postênlandhên.

Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya usul supados praja Kajawèn sami kaaturan palapuran panitya wau.

Panitya, Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, usul supados ariwarti ugi kakintunan palapuran wau.

IV. Pangarsa dhawuh, para warganipun darmawisata ingkang ningali kagungan dalêm Sriwadari punika bayaranipun malêbêt kaparingan sudan, namung bayar sapratigan, punika punpapunapa. musium botên kasamèkakên kados makatên.

Putusan bayaranipun para warganipun para darmawisata ingkang ningali kagungan dalêm musium sapunika katêtêpna namung sapratigan, tumrap murit-muridmurid-murid. manawi wontên panyuwunipun lêlahanan, kaparêngakên.

V. Prasabênan warni-warni.

--- 201 ---

Maringi sumêrêp wujudipun barang enggal.

Ha. Barang-barang kina panggihan ingkang wujudêwujudipun. kados sela ijêm punika tinja prunggu.

Na. Pundhutan enggal, dêdamêl bangsanipun pêdhang suduk, ingkang sapalih ing pucuk wujud dhuwung luk.

Wanci ngajêngakên jam 1/2 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 202 ---

Nalika dintên malêm Sêtu tanggal kaping 6 Agustus 1938, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. panitya, Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara, 4. panitya, Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, 5. panitya, Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

6. Mas Ngabèi PrajaaHalaman [202] dibetulkan di halaman [203] dilanjutkan sampai selesai.

--- 203 ---

Nalika dintên malêm Sêtu tanggal kaping 6 Agustus 1938, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. panitya, Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara, 4. panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. panitya, Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, 6. Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 7. Mas Ngabèi Prawiraatmaja, 8. Radèn Ngabèi Andayadipraja, 9. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda.

Parêpatan wiwit jam 7.20.

Pangarsa ambikak parêpatan, aparing pambage sarta panamahpamanah. dhatêng pangrèh sarta sêdhahan. Parêpatan punika wosipun ngrêmbag ramening rêmbag-rêmbag anggondhèli utawi glagat badhe sirnanipun aksara Jawi, kados ta, 1. Ing Mangkunagaran andhawuhakên sêrat opisil kalihan kasêrat aksara Latin.

2. Namaning margi-margi agêng ing bawah dalêm kasêrat aksara Latin, pangrèh Radyapustaka sampun nate nyuwun supados karangkêpan aksara Jawi, botên wontên wasanamanipun.

3. Usuling Pusaka Jawi Ongka 5 …katandhan Ciptasudarma, ingkang kajêngipun anggondhèli aksara Jawi sarana ngewahi patraping sastra, murih gampilipun [gampi...]

--- 204 ---

[...lipun] kasêrat mêsin sêratan, pangarsa nyêlani paring sêsêrêpan bilih para luhur ing tanah Eropah asêsêbatan partikêlir punika botên kasêrat mêsin, amargi punika dêksura.

Awit saking punika Radyapustaka andhapuk kumisi ingkang kapatah amanah bab punika.

Rêmbag-rêmbag I

Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Dhatêng aksara Jawi anggondhèli lastarinipun, nanging punapa sagêd kalaksanan, dene usul Ciptasudarma punika nama repolusionèr, môngka pancènipun kêdah radhikal, ngewahi tatanipun sastra Jawi murih gampil kasêrat mawi mêsin punika nuwuhakên pamanah warni-warni.

1. Ingkang ngewahi kêdah ngrêtos yêktos dhatêng aksara Jawi, sumêbaripun kêdah kawulangakên ing pamulangan.

2. Ingkang têbanipun wiyar punika, kangjêng guprêmèn punika punapa karsa ngagêm.

3. Upami karsa ngagêm, ingkang ngangge mêsin inggih namung satanah Jawi, punapa pabrik inggih purun yasa ingkang aopsètipun namung sakêdhik.

4. Awratipun Jawi nandhingi Latin punika dening aksara Latin sapunika kados Wereldschrift bôngsa Jawi botên kenging kaembakakên bôngsa Jêrman, dening botên gadhah panguwaos, bilih tanah Dhitslan opnet namung sakêdhik punika dipun têmpuh, amargi kaparingan biyantu guprêmènipun

Ewasamantên bokmanawi wontên ingkang sagêd yasa ingkang uitvoerbaar.

Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara.

Sarèhning sampun wontên ingkang tumandang, mila prayoginipun biyantoni, sanadyan badhe kangge utawi botên, sakecanipun Latin punika namung saking pakulinan,

--- 205 ---

dados tatanan enggal punika sagêdipun manggèn sakeca inggih kêdah dipun kulinakakên.

Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga.

Badhe anggêgêsang punika prayogi sangêt, nanging punapa inggih badhe gêgêsang sayêktos.

Mas Ngabèi Prawiraatmaja.

Ingkang kamanah prêlu niti sabab- sababipun aksara Jawi punika botên dipun ajêngi, manawi sampun pinanggih, gampil anggèning ngewahi tatanan, sarana ambudi sirnaning sabab-sabab wau, aksara Jawi kawastanan rowa punika dene condhong, namung ngantu-antu panyêratipun, dening sabên saaksara kèndêl pêdhot, botên kados Latin sagêd satêmbung, piyambakipun nganggêp ingkang kagandhèng-gandhèng kados Sangsêkrit, emanipun botên kalajêngakên sabab rumaos têlas pangajêng-ajêngipun.

Kang wontên ing Ngayogyakarta sakawit wontên dhawuh kajawi ingkang konjuk ngarsa dalêm, kasêrat aksara Latin, namung sapunika ewah, kasêrat Jawi sadaya.

Wêwangunan sarta tatananing panyêrat Jawi punika sampun wiwit kaajarakên, dados sapunika sampun kasèp. Angèl ewah-ewahanipun, makatên ugi basa Jawi sagêd ugi sampun kasèp dados kêpering, dening kamanah kirang praktis.

Radèn Ngabèi Andayadipraja.

Wontên ing global metodhê, aksara Jawi langkung gampil kawulangakên.

Aksara Jawi pancèn kasêsêr yêktos, kêkancingan kabupatèn kasêrat Latin.

Rêmbag-rêmbag

Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Sarananipun anggondhèli kadospundi, bilih gadhah [ga...]

--- 206 ---

[...dhah] panguwaos punika gampil, sarèhning botên, badhe mutawatosi, amargi botên sande kawontênanipun badhe warni-warni, ingkang tundonipuntundhonipun. badhe mêngsahakên kabudayan. Pamarentah punika raosipun rêmên dhatêng aksara Jawi botên satiyang Jawi.

Mas Ngabèi Prawiraatmaja.

Piyambakipun dipun paringi sumêrêp priyagung sêpèksi ingkang agêng panguwaosipun bilih pamulangan- pamulangan wiwit pangkat I badhe kawulang Latin, aksara Jawi witwiwit. kawulang wontên pangkat III, manawi condhong badhe katindakakên, samantên piyambakipun botên angrujuki.

Sasumêrêpipun sapunika pamulangan dhusun wiwit pangkat I, dipun wiwiti Latin, awit saking punika rêmbag punika kamanah sampun kasèp.

Radèn Ngabèi Andayadipraja.

Asuka katrangan bilih katrangan Prawiraatmajan punika kuwalik, ingkang klas I wiwit kawulang Latin punika H.I.S.

Pangarsa

Kawontênanipun onderwijs politiek manawi argument kaparêng ngewahi.

Paring sumêrêp bilih bôngsa Walandi punika botên gadhah aksara.

Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Bilih onderwijs politiek makatên kawontênanipun, Radyapustaka prayogi ngupados kônca, inggih punika Java instituut manah bab punika, namung pêpanggilipun Radyapustaka sampun ngantos aksara Jawi kasirnakakên, bab ewahipun ing sawatawis punika kêdah pênuwung,pinuwung. ngèngêtana bilih taal en schrift is levende cultuur.

Radèn Ngabèi Andayadipraja.

--- 207 ---

Ngawontênakên kumisi ingkang ngrêtos dhatêng techniek.

Mas Ngabèi Prawiraatmaja.

Radyapustaka anggondhèli, prayogi angisènana rêmbag ing rad kawula, mupung bab… dèrèng karêmbag, damêla rêmbag ing kalawarti Kajawèn.

Putusanipun, pangrèh adamêl kumisi ingkang kapatah manah rekadayanipun anggondhèli aksari Jawi, ingkang katêtêpakên.

1. Pangarsa, Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitya, Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara, 3. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 4 Panitya, Mas Ngabèi Prawiraatmaja, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Andayadipraja.

Wanci jam 8.20 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 208 ---

Nalika dintên malêm Sabtu tanggal kaping 24 Dulkangidah Jimawal 1869 utawi kaping 16 Dhesèmbêr 1938, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên kagungan dalêm gêdhong musium.

Parêpatan kawiwitan jam 6.45.

Ingkang wontên

Ha. Pangrèh,

pangarsa, R.K.P.Ar. Adiwijaya, Panitra, R.M.Ng. Prajakintaka, Panitya, R. M.Ng. Dutadilaga, Panitya, R. Ng. Yasawidagda, Panitya, M. Ng. Martasuwignya.

Na. Kumisi kasusastran,

pangarsa, K.R.M.Ar. Wuryaningrat, M.Ng. Prawiraatmaja, R.Ng. Andayadipraja.

Ca. Tamu, Tuwan J.A. Mulder, Inspecteur Inlandsch onderwijs Vorstenlanden.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa aparing pambage dhatêng para pangrèh, para kumisi sarta tamu.

II. pangarsaning kumisi kasusastran ewah-ewahan aksara Jawi ingkang kapratelakakên ing Pusaka Jawi, punika pamanahipun kumisi dèrèng sae, sajatosipun namung murih gampil karacik ing mêsin sêratan, sanadyan katataa manawi tiyang Jawi botên rêmên, sarta botên andadosakên kaparêngipun kangjêng guprêmèn, inggih tanpa damêl, ingkang dados pamanahan punika prikônca padhusunan, manawi ing pamulangan dhusun botên kawiwitan wulangan aksara Jawi, ingkang sagêd dados ngalamat badhe sirnanipun punika dados kapitunan agêng.

1. sirnaning kabudayan Jawi,

2. sêrat-sêrat Jawi kathah ingkang ngêwrat kasusilan.

--- 209 ---

(moreel) sarta kabatosan, ingkang andayani katêntrêman, têntrêming gêsangipun tiyang Jawi inggih tuwuh saking punika, punapa malih bilih sinawung ing sêkar, piwulangipun sagêt tumanêm.

3. Sêrat-sêrat Latin dèrèng wontên ingkang mawi sêkar, upami sèrat-sèrat aksara Jawi dipun santuni Latin, badhe pintên taun rampungipun.

Pamanggihipun kumisi aksara Jawi kawulangakên wiwit pangkat I punika botên sapintêna awratipun.

Wasana palapuranipun kumisi awêwaton sabab-sabab ingkang kapratelakakên ing nginggil.

III. R.Ng. Yasawidagda, punapa ing pangkat I kawiwitan wulangan aksara Latin.

IV. M.Ng. Prawiraatmaja sampun mratitisakên ing pangkat I taksih lastantun wiwit kawulang aksara Jawi.

V. Tuwan J.A. Mulder apratela panjang, ing sasumêrêpipun pamarentah botên kagungan rancangan makatên, namung kolonisasi ing Lampung punika kawiwitan Latin, amargi tamatipun saking pamulangan dhusun dhatêng vervolgschool, lajêng sêsrawungan kalihan tiyang siti, mila inggih lajêng kaprêlokakên dipun wulang basa Mlajêng.

Awit saking makatên, mila buku basa Jawi karanganipun tuwan-tuwan Boswinkel, Cs. Inggih mèh katampik pamarentah ing Bogor, dening ngangge sastra Latin, namung punika wiwit kaangge pangkat IV.

Kaparêngipun, K.T. de Kat Angelino dhirèktur O en E pamulangan dhusun punika tatanipun kaangkah murih dipun rêmênana ing kawula.

Bôngsa Jawi bènèh kalihan bôngsa bumi Indiya sanèsipun, Dening sugih cultuur bilih kawawas saking politik sarta pêsikologi, badhe icalipun aksara Jawi botên gampil.

Cara pamulangipun aksara Jawi inggih sampun kacobi mawi cara globaal methode, punika majêngipun inggih botên [botê...]

--- 210 ---

[...n] kawon akalihan Latinipun, namung wontên ribêtipun dening woor Ebuld botên sagêd ajêg.

Dene bilih Radyapustaka sumêdya ngowahi panyêrat spelling punika tuwan J.A. Mulder nyondhongi, amargi sêratan sapunika rumaos angèl, awit dening pasangan, ing nalika jaman Majapahit dèrèng wontên, Radèn Kartawibawa yasa ewah-ewahan panyêratipun aksara Jawi, ingkang baku ngicali pasangan, tumrap tuwan J.A. Muldêr, sêratan Kartawibawan punika langkung gampil.

Ing H.I.S. punika wiwit kawulang cara Wlandi klas I mila wontên ing ngriku inggih dipun wiwiti wulangan aksara Latin, sarta wiwitipun kawulang aksara Jawi wontên pangkat …. Emanipun dene babaranipun dhatêngSebaiknya kata: dhatêng tidak perlu. sampun botên sagêd cara Jawi, nanging Walandinipun inggih kirang.

VI. M.Ng. Prawiraatmaja nyêlani, kuciwanipun sêratan-sêratan Jawi ngoyah-ngayuhipun pêdhotan, kados ta, sunyata, punika limrahipun kawaos su- nyata, mila cara Indhunipun sunya- ta, têgêsipun ledigheid.

VII. Pangarsa kumisi kasusastran, bingah dene pamulangan dhusun taksih kawiwitan wulangan aksara Jawi, namung manawi wontên ingkang nyulayani kêdah kapidana.

VIII. R.Ng. Andayadipraja, anggènipun wontên ing kumisi punika apratela makatên, èngêt, Radèn Supadma, upsêkul opsinêr kautus tuwan insêpèktur van Dijk, wontên ing pamulangan Arjadipuran andangu punapa prayogi manawi kawiwitan aksara Latin.

Katrangan bab punika namung lajêng katindakakên ing Batawi, Bantên sisih lèr, Dhèli sarta Palembang.

IX. K.R.M.Ar. Wuryaningrat pitakèn, sarèhning pamulangan Jawi sampun kapasrahakên dhatêng lokalêradhên, kadospundi lirplan sarta buku-bukunin,buku-bukunipun. [buku-bukuni...]

--- 211 ---

[...n,] punapa sagêd gadhah ada piyambak, ingkang nyulayani pamarentah.

Wangsulanipun tuwan J.A. Mulder manawi nyulayani sagêd kacabut supsidhinipun, sarta malih insêpèksi punika taksih kaasta pamarentah.

X. Usul Prawiraatmajan, manawi kagalih prêlu Radyapustaka mugi ngwontênakên pasanggiri (Prijsvraag) kajawi punika cacad-cacadipun aksara Jawi dipun cathêt.

XI. Putusan adêgipun kumisi kasusastran kalastantunakên, anglajêngna manah bab punika.

Wanci jam 8.30 parêpatan katutup, aparing panarimah dhatêng kumisi, langkung malih dhatêng tuwan J.A. Mulder anggènipun sampun asuka katrangan ingkang cêtha.

Pangarsa

[Grafik]

Panitra

[Grafik]