Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940

Katalog:Nutilên Bêstir Pêrgading, Radya Pustaka, 1923-40, #115
Sambung:
1.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #294.
2.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #569.
3.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #570.
4.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #571.
5.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #572.
6.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #573.
7.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #574.
8.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #575.
9.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #576.
10.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #577.
11.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #578.
12.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #579.
13.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #580.
14.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #581.
15.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #582.
16.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #583.
17.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #584.
18.Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Arsip dan Sejarah | Radya Pustaka #585.

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 215 ---

Parêpatan pangrèh ing pahêman Radyapustaka amarêngi malêm Sabtu kaping 29 Sura Dal, 1871 utawi kaping 8 Marêt 1940 wontên ing kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang aparêpatan

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Yasawidagda, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Mistêr Radèn Mas Tumênggung Arya Kartadipura, 3. Panitya, Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga.

Kajawi punika Radèn Sutapa Adisaputra, pangarsaning panitya kasusastran.

Wiwitipun parêpatan jam 7.20.

Ingkang karêmbag

Ha. Pangarsa aparing pambage wilujêng dhumatêng ingkang sami parêpatan.

Na. Ngêsahi notilên parêpatan pangrèh nalika kaping 1 Juli 1939 pangarsa paring uninga manawi prasasti panggihan saking dhusun Plêmbon sampun kakintunakên dhatêng Batawi, sarta sampun angsal katrangan mratelakakên namaning dhusun-dhusun. Ing mangke taksih kathah ingkang cocog kados ta: Singasari, sapanunggilanipun.

2. Sêsorah bab kawruh padhalangan sampun kalampahan.

3. Bangsal patalon kasuwun sampun kaparêng lajêng dipun dandosi. Kantun niti barang-barang saking tèn ondêrwis kala pêkên dalu 200 taun.

Ca. Badhe sêsorahipun Prof. Dr. C. C. Berg benjing malêm Akad kaping 16 Marêt nuju rampungipun [rampungi...]

--- 216 ---

[...pun] sasamuwan tingalan Mangkunagaran.

Ra. Maos sêtat ingkang dipun sêdhahi salajêngipun pangrèh sami niti pariksa ngalamatipun.

Ka. Ngrancang badhe tumindaking sêsorah wau.

1. Jam 7 thèng pêpanggihan kabikak, pangarsa mêdhar pangandika purwakaning pêpanggihan.

2. Sêsorahipun Prof. Dr. C. C. Berg.

3. Ngaso, nampèni ingkang badhe nêdha katrangan sasaminipun.

4. Usulipun J. Kats.

5. Wangsulanipun Prof. Dr. C. C. Berg.

6. Pangarsa nutup pêpanggihan.

Parêpatan mupakat.

Da. Maringakên sumêrêp barang panggihan enggal.

1. Rêca mas, Dhyanibuda Amitaba, panggihan saking dhukuh Tlangu o.d. Wanasari. D. Dlanggu Klathèn. Rêca punika sae sangêt, cakrik Barabudhur.

2. Rêca prunggu jalêr èstri jèjèr, nalika kêpanggih dipun tutupi wêwangunan lingga, panggihan saking dhukuh Jêmawa o.d. Musuk, Bayalali. Punika bokmanawi rêcaning ratu sakalihan pramèswarinipun ingkang sami sampun seda tinutupan lingga wau pasêmon wangsulipun dhatêng Siwah.

3. Gêlang salaka 6 rakit, kroncong salaka 1 rakit, arta reyal batu, arta reyal batu dhara, arta reyal batu alit. } panggihan saking dukuh Panjalinan o.d. Têras, Bayalali.

Wanci jam 1/2 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 217 ---

Parêpatan pangrèh ing pahêman Radyapustaka, akalihan panitya kasusastran, marêngi malêm Salasa kaping 20 Mulud 1871 utawi kaping 29 April 1940.

Ingkang parêpatan,

a. Pangrèh, Pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

b. Panitya, Radèn Sutapa Adisaputra, Mas Suteja.

Parêpatan kawiwitan jam 1/2 8 sontên.

I. Panjênêngan dalêm pangarsa ambikak parêpatan kanthi paring pambage, dhawuh dhatêng panitya, supados tumuntên manah dhatêng usulipun Tuwan Prof. Dr.C.C. Berg sarta J. Kats manawi botên cekat-cèkêt kuwatos bilih kêrumiyinan adêging pamulangan luhur basa wetanan.

II. Radèn Sutapa, usulipun Tuwan J. Kats ingkang kamanah lajêng kenging katindakakên punika, yasa kalawarti, namung sagêdipun tumindak prayogi kêdah wontên sèkrêtarisipun ingkang cakêp.

III. Mas Suteja, nitik kawontênanipun sêtèmêng, gadhah pangintên rêkaos widadanipun.

IV. Panjênêngan dalêm pangarsa, kalawarti punika sagêd nunut Pusaka Jawi, dados botên badhe ngêdalakên bôndha beya, namung emanipun sèkrêtaris punika (Dwijawiyatan) kagalih dèrèng deskundig mila kantun manah santunipun.

V. Radèn Sutapa, sarèhning ada punika badhe angsal panjurung, kêdah wontên ingkang bakoni, manawi kalawarti punika amung kanunutakên kemawon, kamanah taksih kirang agênging paedahipun.

VI. Panjênêngan dalêm pangarsa, nêtêpakên babadan punika kalastantunakên, sarta ngwontênakên voorcommissie ingkang manah ingkang badhe katindakakên sarta nata ingkang maedahi.

VII. Radèn Sutapa, grambyangan usul bab vacantie-Cursus.

--- 218 ---

Punika kajawi têmbung Jawi ugi mulangakên sêkar (têmbung)têmbang. ingkang mragadi Radyapustaka.

2. tumindakipun tal rad, kajawi manah lampah-lampahipun, warganipun kalih warni, priyantun sêpuh akalihan ingkang modhèrên.

Panyuwunipun sêsorahipun Prof. Dr. C.C. Berg supados kasiyarakên ing akathah.

VIII. Mas Suteja, ingkang sayogi kapundhutan biyantu, Mas Samud, insêpèktur Inl. Onderwijs ing Batawi. Wontên Club ingkang sagah ambiyantu, namung nyuwun tegen prestatie.

Buku-buku wêdalan volkslectuur punika wontên ingkang kaangge ing pamulangan kirang prayogi, punika prayogi dipun korèksi.

IX. Panjênêngan dalêm pangarsa, murih sagêd sumêbar ingkang kêdah kamanah dipun dandosi têtêmbunganipun punika kajawi pamulangan, ariwarti sarta kalawarti, tuwin juru sandaning radhio radio om roeper.

X. Panjênêngan dalêm pangarsa, paring uninga nagari mundhut panimbang aturipun abdi dalêm bupati pangrèh praja Klathèn, door gangkuisvoor zwakzinnigen ing Wêdhi kanamakakên Jawi, Pantianti Waluya. Panjênêngan dalêm pangarsa anggalih botên cocog, akalihan Walandinipun sarta kawontênanipun, amargi zwakzinnig botên gadhah têgês mèh waluya, punika namaning sêsakit, ingkang sakit zin nipun, zwak.

Pinanggihing rêmbag namanipun kajawèkakên, wisma: sanaprabôngsa.

Pêpanggihan jam 9 bibaran.

--- 219 ---

Nalika dintên malêm Kêmis tanggal kaping 10 wulan Ruwah taun Dal 1871, utawi kaping 12 Sèptèmbêr 1940, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh akalihan panitya kasusastran wontên ing kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang aparêpatan

1. Pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Tumênggung Rônggawarsita, 3. Panitya, Mèstêr Radèn Mas Tumênggung Arya Kartadipura, 4. Radèn Tumênggung Yasawidagda, 5. Radèn Mas Ngabèi Dutadipraja.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryamijaya, 2. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 3. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa paring pambage wilujêng dhumatêng pangrèh.

II. Pangarsa paring uninga manawi nampèni sêrat dhawuhing nagari katitimangsan kaping 15 Juni 1940, ôngka 1720 D/II.suraos kadhawuhan anggalih pangrêksaning bôndha kagunan samôngsa wontên bêbaya. Awit saking punika pangarsa lajêng paring sêrat dhatêng Tuwan Mr. H. J. Spit pangarsa Bal genootschaap ing Batawi. Mundhut pamrayogi kadospundi sakecanipun, atur wangsulanipun.

Ha. Barang ingkang pangaos katitipakên ing Yapa I.

Na. Rêca sela sarta êncèh kapêndhêm.

Ca. Barang sanès-sanèsipun kailèkakên.

Makatên punika inggih sampun prayogi, namung pamanahipun Mr. Dr. Brèg, manawi barang ingkang pangaos katitipakên ing Yapa I, punika nguwatosi, amargi manawi wontên bêbaya griya wau tamtu kangge lesan, mila badhe mundhut sêsêrêpan malih dhatêng Tuwan Spit dene barang sanès-sanèsipun badhe kailèkakên dhatêng Pêngging.

--- 220 ---

Mèstêr Radèn Mas Tumênggung Arya Kartadipura, matur barang ingkang gampil kabêkta prayogi kailèkakên dhatêng Pêngging nyarêngi kalihan barang kagungan dalêm ing karaton, dhawuh wangsulanipun pangarsa badhe karêmbag kalihan Tuwan Smeets wakil wadana kartipraja, amargi sampun nyumêrêpi dhatêng Sanabudaya, rêrigên pangrêksanipun barang.

III. Pangarsa ngandika, Radyapustaka nampèni paturanipun Mas Sastrakaryana rêdhaktur mardika nyuwun dados warga, sarta mratelakakên Tuwan Hoogeveen pulisi killir ing Kartasura punika asring misungsung barang kina, sarta rêmên ngupados barang kina, namung dipun alang-alangi abdi dalêm pangrèh praja, mila supados anggampilakên lampah tuwan wau kadadosakên warga kaparingan kawajiban ngupados barang kina, kadospundi, parêpatan mupakat kados kaparêngipun pangarsa, saha Mas Sastrakaryana prayogi katampèn.

IV. Pangarsa anggalih risaking basa Jawi, sarta paring uninga bilih sampun istiyar ngadêgakên panitya kasusastran,

1. Pangarsa, Radèn Sutapa Adisaputra, 2. Mudha pangarsa, Mas Suteja, 3. Panitra, Radèn Ngabèi Andayadipraja, 4. Warga, Radèn Mas Tumênggung Rônggawarsita, 5. Warga, Radèn Mas Ngabèi Dutadipraja, 6. Warga, Mas Ngabèi Martasuwignya, 7. Warga, Radèn Darmabrata.

Adêging panitya punika pangarsa rumaos angsal kanthi anggèning kagungan karsa ngusadani roganipun basa Jawi.

V. Pangarsa paring uninga, bilih Radyapustaka sampun nyaloni garap wêdalan pamulangan A.M.S. afd. A.I nama Yudkali, namung botên lana lajêng nyuwun mundur, mila ing mangke nyaloni malih, Radèn Mas Sucipta, ugi wêdalan A.M.S.afd.A.I.

VI. Maringakên sumêrêp barang panggihan inggal.

Supe jêne mawi sêratan Dewagagri,Dewanagri. saking Kartasura.

Anting-anting jêne sarakit, saking dhukuh Palaya, o.d. Sambungmacan, Sragèn.

--- 221 ---

Supe jêne mawi aksara Sri, saking Bulu, Sukaharja.

Garan pangilon, saking dhukuh Gêgêrmaya, o.d. Musuk, Bayalali.

Klênthing, enthong, gêlang, piring, mangkok, saking dhusun Madu, o.d. Majasanga, Bayalali.

Waos jênean, saking dhukuh Ngrangin, o.d. Cêpaga, Bayalali.

Bèri 2 iji, saking dhusun Pomah, o.d. Tulung Klathèn.

Wajra, saking dhusun Ngêdhong Jêthis, o.d. Tulung Klathèn.

Pisungsun saking Tuwan Hoogeveen.

1. Tlawungan, 2. Harnal, 3. Medhalyê, 4. Rêca sela.

Barang panggihan saking dhukuh Tanjungsari, dhusun Ngêsrêp o.d. Ngêmplak, Bayalali, kapundhut sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kagêm ing kantor rad dalêm, dene wujuding barang kados ing ngandhap punika,

1. Werocana, 2. Amitaba, 3. Aksobya, 4. Budha, 5. Awalukitswera, 6. Wajrapani, 7. Wajrasatwa, 8. Wajrasatwa, 9. Amogawasa, 10. Awalukitswera, 11. Wajrapani, 12. Brahma, 13. Kuwera, 14. Kuwera, 15. Kuwera, 16. Kuwera, 17. Kakara, 18. Cithakan

Dene cithakan wau sampun kacobi kacithakakên.

Wanci jam 1/2 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

--- 222 ---

Nunggil ing dintên wau pangrèhing pahêman Radyapustaka aparêpatan kalihan panitya kasusastran.

1. Radèn Sutapa Adisaputra, pangarsa, 2. Mas Suteja, mudha pangarsa, 3. Radèn Ngabèi Andayadipraja, panitra, 4. Radèn Darmabrata, warga.

Wanci jam 9 parêpatan kawiwitan.

Ingkang karêmbag

!. Pangarsa paring pambage wilujêng dhumatêng panitya kasusastran.

II. Pangarsa paring uninga palapuranipun panitya kasusastran, bab badhe adêgipun panitya, panitibasa, sampun katur panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, sarta pangarsa sampun ngandikan kalihan apisur van't Inlandsch onderwijs, aturipun:

Ha. Nayogyani badhe adêgipun panitya, panitibasa (Taalraad).

Na. Para guru badhe lêngganan kalawarti.

Ca. Sêrat-sêrat pangajaran ing pamulangan badhe kapriksakakên ing Radyapustaka.

III. Radèn Sutapa Adisaputra ngaturakên wawasan.

Ha, Para priyantun Mangkunagaran ingkang marsudi basa, sami mangayubagya badhe adêgipun panitya panitibasa, sarta badhe ambiyantu wêdalipun kalawarti.

Na. Pakêmpalan L.P.C. ugi badhe ambiyantu isinipun kalawati tumrap ing pamulangan.

Pangarsa dhawuh K.G.P.A.A. Mangkunagara ngungas panggalih ingkang ngajêngi padamêlan, saupami Dr.Gorvis kadospundi, aturipun Radèn Sutapa, manawi sèkrêtaris tal rad, punika Walandi botên nyuwawèni, amargi bakunipun ingkang dipun dandosi Radyapustaka punika basa padintênan, dados sanadyan Walandi punika sêsêrêpanipun langkung kathah tinimbang jawi, nanging botên sagêd anindakakên.

Pangarsa andangu dhatêng Radèn Sutapa Adisaputra, manawi

--- 223 ---

palapuran sampun katampèn ing kangjêng guprêmèn, lajêng punapa ingkang badhe katindakakên rumiyin, aturipun dèrèng sagêd ngaturakên rancangan.

Pangarsa ngandika, adêging panitya, panitibasa sampun ngantos pêthal kalihan Radyapustaka, amargi tuwuhing sêdya makatên wau saking Radyapustaka. Parêpatan mupakat sarta têmtu botên sagêd pêthal kalihan Radyapustaka.

Radèn Tumênggung Yasawidagda amrayogèkakên, arta ingkang kangge waragad wêdaling kalawarti supados dipun wêwahi, usul punika katampèn, badhe kamanah malih.

Wanci jam 10 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

--- 224 ---

Nalika malêm Jumuwah kaping 17 wulan Sura taun Be ôngka 1872 utawi kaping 13 Pèbruari 1941, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing kagunga