Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sumpahipun Patih ing Karaton Surakarta, Anonim, 1847, #1951

Katalog:Sumpahipun Patih ing Karaton Surakarta, Anonim, 1847, #1951
Sambung:
1.Sumpahipun Patih ing Karaton Surakarta, Anonim, #1951. Arsip dan Sejarah | Galeri #1322.
2.Sumpahipun Patih ing Karaton Surakarta, Anonim, 1847, #1951. Arsip dan Sejarah | Kasunanan #1323.

Sêrat Sumpahipun Abdi Dalêm Patih ing Karaton Surakarta

M.N. No. 486

[1]

Sasradiningrat, ing nalika mau pakênira wus kinulawisudha dening ratu pakênira, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kang kaping pitu, kumêndhur saka ing bintang leyo Nèdêrlan, kang angadhaton ing nagara Surakarta Adiningrat, ginawe pêpatih ana ing karaton Surakarta.

Sarèhning manira ing mêngko kang minôngka sarirane panjênêngane Kangjêng Tuwan Kang Wicaksana Guprênur Jendral, mulane pakênira ing saiki manira têtêpake dadi pêpatih, byawara ing akèh, sarta lawan pakurmatan, têrang saka dhawuhe Kangjêng Guprêmèn Nèdêrlan, apadene manira paringi pangawasa lan wêwênang, kaya kang kasêbut ana ing layang prajangjean lan layang parentah, tuwin pangawasa lan wêwênanging patih, kasêbut ing layang kang ing têmbe bakal ginawe.

Sasradiningrat, tampanana pêparing manira salamêt marang pakênira

olèh pakênira kakarsakake dadi pêpatih, pamuji manira marang Gusti Allah Mahakawasa, muga-muga lawasa ing pangabdi pakênira marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lan marang Kangjêng Guprêmèn, lan andadèkna karaharjane wong nagara ing Surakarta.

Cacêkêlan pakênira abot, lan akèh wajib kang dumunung ing pakênira, ananging pangkate kalungguhan pakênira iya uga gêdhe, sarta pira bakal pirênane ati pakênira, yèn kalakuan pakênira andadèkake parênge ratu pakênira, lan parênge Kangjêng Guprêmèn, apadene samôngsa têtela ing sumurup pakênira sajroning ati, yèn pamurih pakênira marang kaslamêtaning wong cilik angluwihi marang awak pakênira dhewe.

Kasinggihan pakênira akanthi kangelan, awit karsane ratu pakênira, lan karsane Kangjêng Guprêmèn, kudu pakênira [pakêni …]

3

[… ra] pakolèhake karo kang andadèkake kaslamêtaning wong cilik.

Bisane kalakon kang kaya mangkono iku mung sarana dêdalan sawiji, kang kêna pakênira ambah, iya iku dêdalan kang bênêr, sakèhe dalan sasimpangan anuntun marang karusakan, sakèhe panasaran agawe kisruh ing laku pakênira, lan agawe tiwas pakênira.

Mêmujia ing Gusti Allah Mahakawasa, muga-muga pakênira tinuduhna ing dêdalan kang bênêr, sarta pakênira sumendhea ing kaluhuran lan kabêcikane Gusti Allah, awit Gusti Allah asipat Kawêlasan lan Kamurahan, amasthi nyambadani ing pamuji pakênira, sarta ambakuhake ati pakênira, kaya upamane parang, kang ana têlênge sagara, ora obah katêmpuh ing ngalun, mangkono uga ati kang santosa, ora kêna kalindhih dening pagawe ala,

Yèn pakênira bisa, agawea kabêcikan, sakèhing melik lilakna marang kang bênêr anduwèni, ayomana wong kang bêcik, patrapana paukuman wong kang laku dursila, dèn adil ing bêbênêran tuwin ing parentah, aja kongsi pakênira nalisir saka ing wajib pakênira, kang marga katêmpuh ing hawanapsu, sarta kagèndèng ing trêsna, apadene katindhih ing gêthing, jinjaa marang sakèhing laku kaluputan, ananging wêlasa marang kang anglakoni kaluputan, pakênira amuriha ngalang-alangi lakuning kaluputan, supaya sudaa tibaning paukuman, salasakên sakèhe kang anglakoni kadursilan, prasudinên katêmune, supaya kênaa kaukum, sarta wong cilik kang padha jênjêm, ora anduwèni kuwatir ing bab awake lan rajadarbèke.

Mungguh angrusak rajadarbèking wong cilik, iku kang prêlu pakênira santosani, amurih ora kalakone, prasudinên [prasudi …]

5

[… nên] sirnane laku kang kaya mangkono, iku pêpadhane ulêr, kang angrusak wowohan, angilangake kabêgjaning wong cilik, mulane pakênira sirnakna pisan, kaya tumpêsing thêthukulan kang angrêrêgêdi, amarga karampêt saoyode, aja nganggo ulan aja amawang wonge.

Sarupaning durjana pakênira unggahna marang ing pangadilan, supaya kapatrapan paukuman ing sabênêr-bênêre, apadene pakênira angayomana wong kang rinusak rajadarbèke, aja kongsi kawasesa dening wong kang kadunungan sêdya ala.

Ing sabisa-bisa pakênira amuriha, supaya sawiji-wijining wong bisaa olèh patuwasing kangelane dhewe-dhewe, sarta anampani bayaran, kang sumurup ing gawene.

Dèn manis panganggêp pakênira marang kalerehan pakênira, ananging aja weya, awit wêwinihing bêcik iku saka ing kasantosan, dene weya iku angrusak pirukuning ngaurip.

Pakênira amuriha ngawruhi marang kalakuane kônca-kônca pakênira, supaya yèn ana kang pinilih kaunggahake ing kalungguhane, pakênira aja kongsi kêkilapan, lan aja kongsi kêna marang mêmanising rêrubane wong kang ngarah kalungguhan.

Dadine pakênira bisa ngupaya lan anêmu wong kang luwih ing kabisane sarta patut kapracayan ing salêlakone dhewe-dhewe, apadene bisaa murih, kasanggane sawiji-wijining priyayi marang lêlakone kuwajibane.

Dèn têmên-têmên ênggon pakênira angrewangi marang Tuwan Residhèn, sarta biyantonana kalawan kawruh pakênira, aja pakênira asimpên wêwadi ing ngatase marang Tuwan Residhèn, sarta dèn bêcik rumêksa pakênira, aja kongsi Tuwan Residhèn mau kêkilapan ing samubarang prakara.

Pakênira aja sumêlang miturut rêmbuge Tuwan Residhèn

7

sarta pakênira biyantonana, mangkono uga pakênira bakal anêmu bêbantune ênggon pakênira anglakoni wajip pakênira, apadene pitulunge kang santosa, ing bab prakara kang patut lan bêcik.

Yèn pakênira anganggo kalakuan kang kaya mangkono, amêsthi pakênira bakal angambah dêdalan kang bênêr, barkahe Gusti Allah amasthi bakal dumunung ana ing solahbawa pakênira, sarta pakênira amasthi nêmu kanugrahaning nabi panutan pakênira.

Para wadana, manira aparing salamêt marang pakênira, dene karsane ratu pakênira Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kang kaping pitu, kumêndur saka bintang leyo Nèdêrlan, kang angadhaton nagara ing Surakarta Adiningrat, apadene karsane Kangjêng Guprêmèn tumiba marang Radèn Tumênggung Jayanagara kang ing

mêngko wus kajunjung sarta katêtêpake dadi pêpatih, aran Radèn Adipati Sasradiningrat.

Apa pakênira kabèh wus padha sumurup sarta angrungu kang dadi wajibe Radèn Adipati Sasradiningrat, ênggone angèstokake karsane ratu pakênira Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lan karsane Kangjêng Guprêmèn, sarta ênggone angawruhi ature wong cilik, kang rinusak rajadarbèke sarta dipundhuti kang ora bênêr marang dhêdhuwurane.

Ing mêngko manira bakal angelingake marang pakênira para wadana kabèh, mungguh kang dadi wajib pakênira, sarta anyurupake lawan têmbung rêringkêsan, mungguh kang dadi têturutane kalakuan tuwin panganggêp pakênira ing sabanjure.

Wiwit ing sanalika iki pakênira kabèh, tuwaa noma, utawa kang luwih lawas ing pangabdine, tuwin kang gêdhe apadene cilik ing bôngsa, padha wajib mituhu marang Radèn Adipati [A …]

9

[… dipati] Sasradiningrat, sarèhning pakênira padha kabawah marang Radèn Adipati Sasradiningrat pakênira amasthi nglakoni parentahe, sanajan parentah iku andadèkake sarjuning ati pakênira, utawa ora, wajib pakênira lakoni, dene wajib pakênira ing salawas-lawase, angrewangi lan ambiyantoni marang Radèn Adipati Sasradiningrat. Ênggone anglakoni parentahe Tuwan Residhèn, lan dhawuhe Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Ing samubarang laku pakênira ora wênang angumpêt utawa anyidhêm marang Radèn Adipati Sasradiningrat, samubarang kang prayoga sarta prêlu kinawruhan marang Radèn Adipati Sasradiningrat, kang kalêbu ing pagaweane, iku lairna dèn pasaja.

Pakênira padha pracayaa, yèn manira sumurup marang kalakuan [kalakua …]

[… n] pakênira kabèh, manira sumurup sapa kang rêsik angên-angêne, lan kang ora, tuwin sapa kang anglakoni wajibe, lan kang ora, sarta manira bisaa gênahake sawiji-wiji sapa kang bangêt angrusak utawa akon angrusak marang rajadarbèking wong cilik, lan sapa kang ngrusakke mung sawatara.

Manira aparing pêpeling marang pakênira kabèh, padha marènana duwe laku mangkono, lan padha angambaha dêdalan kang bêcik. Awit manira sumurup, kang wus pinasthi karsane ratu pakênira Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, bakal anyantosani ing pitulung maring pêpatihe anyar, êndi kang kalêbu ing wajibing patih, karo dening manèh kang wus ginawe têmtu ing karsane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, bakal angaling-alingi pagawe kang angrusak marang rajadarbèking wong cilik, mangkono uga karsane Ingkang Sinuhun [Sinuhu …]

[11]

[… n] Kangjêng Susuhunan, samôngsa ana kang angrusak marang darbèking wong cilik, pakênira para wadana padha amratelakna marang Radèn Adipati Sasradiningrat, dadi pakênira angrewangi marang Radèn Adipati Sasradiningrat, amurih karaharjane nagara Surakarta, lan kaslamêtane tuwin kabêgjaning wong cilik.

Wasana manira anêtêpake ing kalungguhane Radèn Adipati Sasradiningrat kalawan pakurmatan.

Surakarta ping 11, sasi Pèbruari, taun 1847.

Katandhan Kangjêng Tuwan Yohan Prèdrik Wal Rapê Phannès. Rad pan Indiya, kumisaris ing nagari Surakarta, kalihan ing nagari Ngayogyakarta.