Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93 (Hlm. 01-33)

Katalog:Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93
Sambung:
1.Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93 (Hlm. 01-33). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #231.
2.Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93 (Hlm. 34-73). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #809.

Biwaddha Nata

Minôngka pangèngêt-èngêt saha mahargya tingalan dalêm wiyosan taun, punapadene yuswa dalêm 72 taun, saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb taun Alip, angkaning warsa 1867.

Wondene ingkang ngêdalakên sêrat punika saking paguyuban pakêmpalanipun para kawula saha abdi dalêm:

1. pangrèh praja, 2. patuh, 3. garap, 4. pananggap, 5. marêk wèsên. 6. kartipraja, 7. bong, 8. cacar, 9. prajurit dalêm, 10. punggawa kalurahan kampung, 11. punggawa kalurahan dhusun, 12. trêsna sudara ing Bêlik, 13. putri pangrèh prajabon, 14. sêtya wanita, saha 15. sancayarini ing Surakarta.

Ingkang nindakakên dados juru pangripta: Wôngsalêksana, dipun awat-awati Radèn Ngabèi Dutadilaga, Radèn Ngabèi Prajasuharta. Pangurus arta, panitra saha artaka Biwaddha Nata: Sukirsabrata Purwaka, ing Surakarta.

--- 1 ---

[Grafik]

Biwaddha Nata

Juru pangripta Wôngsalêksana, dipun awat-awati Radèn Ngabèi Dutadilaga, Radèn Ngabèi Prajasuharta, administrasi, panitra saha artaka, Sukirsabrata Purwaka.

Bêbuka saking juru pangripta.

Kula nuwun, anggèn kula kapiji ing damêl dening komite Biwaddha Nata kapurih nindakakên dados juru pangriptanipun buku pangèngêt-èngêt saha pêpuji ingkang minôngka mahargya gusti sêsêmbahan kula saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, kalêrês wiyosan dalêm tingalan, taun saha yuswa dalêm 72 taun, amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb Alip, angkaning warsa 1867 pancènipun makatên sakalangkung awrat raosing manah kula. Amargi sanadyan bab punika sanès pandamêlan ingkang angèl utawi gawat, ananging manawi angèngêti kalihan darajating kawruh saha pangrêtos kula, anggèn kula lajêng anyanggêmi punika, saupami lajêng inganggêp namung gumagah, punika botên kalintu, jalaran sanadyan botên angèl saha botên gawat kados atur kula ing nginggil, ewadene sarèhning gêgayutan kalihan parlu-parlu kamajênganipun praja saha lampahipun unggah-ungguhing tatakrama ingkang gêgandhengan kalihan basa tuwin kasusastran Jawi, môngka kangge mèngêti punapadene pêpuji konjuk ing panjênêngan ratu ingkang lajêng dados waosanipun prayantun pintên-pintên èwu, ing ngriku punika saèstunipun inggih lajêng kenging winastan angèl utawi gawat. Amung kemawon mugi andadosakên kawuningan, anggèn kula lajêng anyanggêmi wau, kajawi namung sak angèstokakên pilihanipun prayantun kathah warganing Biwaddha Nata, sayêktosipun ugi wontên ingkang kula êndêl-êndêlakên, inggih punika kajawi para prayagung, para prayantun saha para sêdhèrèk ingkang sami maringi panjurung têmtu sampun sami mitadosi, kaping kalihipun inggih awit saking dipun awat-awati panjênênganipun Radèn Ngabèi Dutadilaga, saha Radèn Ngabèi Prajasuharta, prayantun ingkang sami ahli basa tuwin sastra Jawi.

Nuwun awit saking punika, dados ing ngriki kula botên kasupèn ngaturakên gênging panuwun katur komite Biwaddha Nata anggènipun sampun kaparêng mitados dhumatêng kula. Angaturakên panuwun katur para manjurung, makatên ugi ngaturakên panuwun katur Radèn Ngabèi Dutadilaga, saha Radèn Ngabèi Prajasuharta, dening têgêsipun nama sami angrencangi dhumatêng kawajiban kula. Amung kemawoskemawon. sarèhning jêjêripun ingkang nama majibi punika kula, dados ambokmanawi wontên kalintu lêpating pangrakit kula dhumatêng parlu-parlunipun pèngêtan saha pêpuji, [pê...]

--- 2 ---

[...puji,] punapadene kalintu lêpating pangrakit kula, basa tuwin sastra, kula namung nyuwun gênging pangapuntên.

Kajawi punika, kabêkta papanipun pangèngêt-èngêt punika namung cumpèn, dados manawi wontên panjurung ingkang botên sagêd kapacak, utawi kapacak nanging botên sadaya, atur panyuwun kula, mugi botên andadosakên cuwaning panggalih.

Juru Pangripta, Wôngsalêksana.

Sêkar Srinata 10 pada.

yayah trunaning udaya / kadaya sukaning kapti / pra warga Biwaddha Nata / kêmpalaning wadu aji / sumêdya mudyastuti / anrus ing sadalêm kalbu / konjuk sri wicaksana / kaping sadasa mandhiri / kang ngrênggani prajadi ing Surakarta //

pantês para brêdyapatya / dening ri Rêspati Manis / kaping kalih likur Rajab / Alip windyadi lumaris / wugu sangkolèngwuku sangkalèng. warsi / swara rêna ngèsthi ayu /Sengkalan: swara rêna ngèsthi ayu (Kêmis Lêgi, 22 Rajab 1867 A.J., 8 Oktobêr 1936 A.D.). yuswa dalêm sri nata / pitung dasa kalih warsi / pinahargya sanggyaning wadu wandawa //

kongsi têkyan pra kawula / kawuryan sayuk ing kapti / tan prabeda jroning praja / miwah ing dhusun lan ngardi / dera yun mangênjali / kunjuk pudyastawa kunjuk / gusti narendratama / kang wus kontap ing rat yêkti / kongsi nata lèn praja amawong mitra //

tan wangwang ayuning nata / tandhanirèng sihing kapti / tansah anggili tan mêndha / pindha ilining kang warih / warni bintang mêpêki / munggèng ing pranaja prabu / wimbuh ujwalèng nata / tan pae lintang sinuji / bramarkata prabanirèng sri narendra //

datan wus yèn winursita / kontap kotamaning aji / dumadya pantês kewala / duk dungkap pahargyan kongsi / gumêrah kang pawarti / para kang yun nguyu-uyu / ngunjukkên puji pujwa / ayuning gusti sang aji / warna-warna anut sukaning wardaya //

dene locitaning cipta / sanggyaning pra wadu aji / warganing Biwaddha Nata / pangrarasing mring sang aji / têtêp tan madalsumbi / kalamun laju sinêbut / yèku jêng sri narendra / môngka lêlajêring wiji / wiji nata kang ngrênggani Surakarta //

krana wus têtêp kawuryan / titikaning jêng sang aji / dumadya pandaming praja / pangayomaning pra dasih / sing sihnya gung kaèksi / tan kêndhat lir pindhanipun / tukirèng tirta marta / lubèr tumrah maratani / agêng alit para kawulaning praja //

dumadya sanggyaning warga / Biwaddha Nata prasami / mudhar wêdharing sucipta / mindêng ngunjukkên sêsanti / konjuk mring jêng sang aji / jinurunga nugrahagung / dinirgakakên yuswa / winantu suka basuki / kalis marang sanggyanirèng rèh rubeda //

katêkyan sakarsa nata / widada dera ngrênggani / praja dalêm Surakarta / lumastari nyakrawati / sirna pra laku juti / sirêp rêrêp prambêg rusuh / sing sor lan prabawendra / natambêg dibya dimurti / têmah tata têntrêm tyase tyang sapraja //

jangkêping kang pudyastawa / konjuk jêng dayinta aji / tumrah para putra nata / mugi gung mangguh basuki / titining pudyastuti / tinitenan duk mangapus / marêngi taun surya / rasaning guna nrus aji /Sengkalan: rasaning guna nrus aji (1936 A.D.). môngka sêmbah sungkêming Biwaddha Nata //

Kagubah dening juru pangripta.

--- 3 ---

Pêthikan Nitik Dalêm.

Miturut, Pusaka Jawi, ôngka 1, 2, taun 1929. Nitik dalêm saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika, saking panjurungipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda wontên ing organ Narpa Wandawa, ingkang lajêng kapêthik ing Pusaka Jawi, ringkêsanipun kados ing ngandhap punika.

Lêluhur Dalêm.

Saandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10, punika putra dalêm suwarga Saandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 9, miyos saking pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping X nalika taksih jumênêng pangeran adipati, yuswa 17 taun.

Ha. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 9, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 6.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 5, miyos saking garwa ampeyan Radèn Ayu Sasrakusuma.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 5, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 4.

Na. Kangjêng Ratu Pakubuwana pramèswari dalêm kaping 9, punika putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2 (sadhèrèk dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4) patutan saking garwa Kangjêng Ratu Bandara.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, putranipun suwargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sapisan.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sapisan, putranipun suwargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat.

Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ing Kartasura, ingkang kasêbut seda ing Kaliabu.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya seda Kaliabu, putra dalêm Ingkang Sinuhun Prabu Mangkurat ing Kartasura.

Ca. Kangjêng Ratu Bandara, garwanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 8, miyos saking garwa Radèn Ayu Adipati Angabèi. (nanging seda rumiyin botên mêningi jumênêngipun nata ingkang raka, ewadene lajêng kaangkat asma Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 8).

Ra. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 8, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 4.

Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 8 putranipun Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara Bupati Kadhiri, patutan [patuta...]

--- 4 ---

[...n] saking Kangjêng Ratu Purbanagara.

Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara Kadhiri, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sapisan, ingkang kasêbut Sambêrnyawa.

Ka. Kangjêng Ratu Purbanagara, putri dalêm suwarga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 3.

Awit saking punika, dados dhaup dalêm suwarga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 9 kalihan pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 9, pinanggih misan, sami buyut dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 4, kalêrês sêpuh pramèswari dalêm.

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 10, kajawi trah tumêrah têdhakipun para nata ing Surakarta pancêr kakung, ingkang saking pancêr putri, kagungan lêluhur saking Mangkunagaran (Sambêrnyawan) têdhak kaping gangsal. Wondene krama dalêm suwarga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 9 punika, miturut cariyos pagêdhongan, makatên:

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 9 dèrèng kagungan pramèswari, amargi panggalih dalêm sangêt kacuwan, dening botên sagêd kalampahan jatukrama kalihan putri pasanganipun wiwit timur, inggih punika Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, ingkang lajêng asma Gusti Kangjêng Ratu Pambayun. Putri dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 7 saking gênging nahên sungkawa, satêmah siyang dalu tansah anggung mêsu pujabrata, ingkang pininta salêbêting mêsu brata, botên wontên malih namung mugi pinaringan lêlintu putri adi, ingkang mungguh mênggah dados têtimbangan dalêm, pantês mêngku mêngkoni sèsining jro dhatulaya, saha minôngka êmbanan wadhah nurbuwating kraton Jawi. Ing ngriku wontên sih marmaning Pangeran ingkang maha mirah lan asih, èsthining panggalih dalêm wau pinarêngakên.

Kacariyos, nuju malêmipun ing dintên Kêmis Kaliwon tanggal kaping 29 Jumadilawal Jimakir 1794, Sampeyan Dalêm Ingkang SangnuhunSinuhun. Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 9, têdhak martuwi dhumatêng griyanipun Tuwan Asistèn Residhèn Panaprin, anggènipun mêntas kawin, kadhèrèkakên para pandhèrèk kados adat, Tuwan Asistèn Residhèn Panaprin, mawi nyêdhahi para mitranipun prayantun luhur Jawi, tuwan-tuwan sarta nyonyah sawatawis, dene Kangjêng Ratu Bandara dalah putranipun putri ingkang asma Radèn Ajêng Kustiyah, ugi sami rawuh jagong, amargi Tuwan Panaprin wau, mitra darmanipun suwargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2.

Kala samantên wanci jam 12 dalu, nêngahi rame-ramenipun para tamu among suka dhansah, wontên cumlorot saking kidul kilèn awarni cahya sumunu agêngipun saklapa, kêkêjêr wontên ing sanginggiling griyanipun Tuwan Asistèn Panaprin. Botên dangu cahya sirna, sasirnaning cahya, ing sanalika salêbêting loji katingal padhang pindha raina, amargi saking kapraban ing cahya ingkang anglimputi sariranipun Radèn Ajêng Kustiyah, amung ing sawatawis wêkdal cahya lajêng sirna, pêpadhang sirêp, wangsul kados ing suwaunipun namung padhang dening kasorotan pandam ingkang pating kalêncar. Amung tumrap sariranipun Radèn Ajêng Kustiyah lajêng santun ing suwarnanipun, cahyaning wadana katingal mancur amancorong pindha purnamaning wulan, para tamu ing pasamuan ngriku sami sangêt kagawokan, angudaraos, bilih cahya punika têmtu wahyu nugraha ingkang dhumawah sariranipun Radèn Ajêng Kustiyah. Kala samantên sampeyan dalêm ingkang sinuhun ugi kaparêng lêlangên dhansah, anguningani kawontênanipun kaelokan, salajêngipun nguningani suwarninipun Radèn Ajêng Kustiyah, punika panggalih dalêm kapranan sangêt, satêmah amung tansah lajêng angliring.

Watawis kèndêl jam 1 dalu, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kondur angadhaton, sadumuginipun ing karaton lajêng lênggah ing sasana parasdya, nimbali Kangjêng Pangeran [Pa...]

--- 5 ---

[...ngeran] Kolonèl Arya Purbanagara (ingkang rama Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara: Radèn Mas Inggris). Dhawuhing timbalan dalêm Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara kautus andhawuhakên dhumatêng ingkang ibu, Kangjêng Ratu Bandara kalayan ijêman, manawi dados condhonging panggalih, ingkang putra Bandara Radèn Ajêng Kustiyah kapundhut dados pramèswari dalêm, sarta kapundhut sagêdipun kalampahan dhaup salêbêtipun ing wulan Rêjêb Jimakir 1794 punika. Ingandikakakên lajêng mangkat enjingipun, ingkang liningan unjukipun sandika lajêng kalilan mêdal.

Ing dintên malêm Kêmis wanci jam 4 enjing, Bandara Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara, angèstokakên dhawuh timbalan dalêm mangkat dhumatêng Adiwijayan (dalêm Kusumayudan sapunika), sadumuginipun ing Adiwijayan, kapanggihan kangjêng ratu bandara wontên ing dalêm, kangjêng pangeran kolonèl lajêng andhawuhakên dhawuh timbalan dalêm saparlunipun, atur waluyanipun kangjêng ratu bandara, dhawuh timbalan dalêm makatên wau sakalangkung andadosakên ascaryaning galih, saha namung anyumanggakakên. Amung kemawon nyuwun supados kadhawuhakên dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4 amargi punika ingkang kagungan wajib (putra kaponakan pancêr kakung), kangjêng pangeran kolonèl sakalangkung suka, dening kangjêng ratu bandara sampun botên suwala amung anyumanggakakên, wasana lajêng pamitan mundur sowan malêbêt ing karaton.

Bandara kangjêng pangeran kolonèl sadumuginipun karaton, sampeyan dalêm ingkang sinuhun sampun lênggah wontên ing parasdya, bandara kangjêng pangeran kolonèl lajêng ngandikan majêng, saha lajêng munjuk sarèhing ingutus, ngunjukakên atur wangsulanipun Kangjêng Ratu Bandara. Panggalih dalêm sakalangkung suka, wasana lajêng dhawuh, bandara pangeran kolonèl lajêng kautus dhumatêng Mangkunagaran, andhawuhakên dhawuh timbalan dalêm dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ugi namung kalayan ijêman kados nalika dhawuh dhumatêng Kangjêng Ratu Bandara.

Sontênipun dados malêm Jumungah tanggal kaping 30 Jumadilawal, bandara kangjêng pangeran kolonèl lajêng mangkat dhumatêng Mangkunagaran, ngampiri Kangjêng Ratu Bandara. Sadumuginipun ing pura, dipun acarani lênggah pêpanggihan wontên ing paringgitan, ingkang lênggah manggihi, kajawi Kangjêng Gusti Mangkunagara, Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Kangjêng Ratu Bandara ugi lênggah wontên ing ngriku. Sasampuning satata, bandara kangjêng pangeran kolonèl lajêng andhawuhakên dhawuh timbalan dalêm saparlunipun, atur wangsulanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara, mênggah dhawuh timbalan dalêm, Bandara Radèn Ajêng Kustiyah kapundhut kakarsakakên dados pramèswari dalêm, kapundhut kalampahan salêbêtipun ing wulan Rêjêb Jimakir 1794 punika amung nyumanggakakên kanthi suka pirênaning manah. Sarampungipun rêmbag-rêmbag, bandara kangjêng pangeran kolonèl lajêng pamitan wangsul, têrus sowan ing karaton.

Sadumuginipun ing karaton, sampeyan dalêm ingkang sinuhun sampun lênggah ing sasana parasdya, bandara kangjêng pangeran kolonèl lajêng ngandikan majêng, lajêng munjuk saparluning kautus tuwin ngunjukakên atur wangsulanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara, sakalangkung andadosakên suka pirênaning panggalih dalêm, kangjêng pangeran kolonèl lajêng kalilan mundur.

Enjingipun, dados ing dintên Sabtu tanggal sapisan Jumadilakir Jimakir 1794 sampeyan dalêm ingkang sinuhun nimbali pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat III (sumare ing Jabung) paring sumêrêp, bilih kaparêngipun ing karsa dalêm badhe palakrama dhaup kalihan Bandara Radèn Ajêng Kustiyah, putranipun suwargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya patutan saking garwa Kangjêng Ratu Bandara, karsa dalêm kapundhut kalampahan dhaup ing dintên Sênèn [Sênè...]

--- 6 ---

[...n] Lêgi tanggal kaping 16 wulan Rêjêb Jimakir 1794 pêpatih dalêm kadhawuhan damêl nawala panêmbung dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, saha lajêng kadhawuhan tata-tata mirantos palakartining badhe krama dalêm wau.

Rêroncènipun botên kapratelakakên, enggaling cariyos, ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 16 wulan Rêjêb Jimakir 1794 wau, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 9 saèstu dhaup kalihan Bandara Radèn Ajêng Kustiyah, mawi pasamuan agêng kados adat panjênêngan ratu palakrama, inggih punika mawi makajangan sasaminipun, sapêkêning dhaup dalêm, amarêngi ing dintên Sabtu Lêgi tanggal kaping 21 têksih nunggil wulan Rêjêb Jimakir, garwa dalêm Bandara Radèn Ajêng Kustiyah wau, lajêng kajumênêngakên pramèswari dalêm, kapatêdhan asma, Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Nalika Saandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Kabobotakên saha Miyos Dalêm.

Atut runtutipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 9 kalihan pramèswari dalêm, watawis tigang wulan saking krama dalêm, Kangjêng Ratu Pakubuwana anyidham kaworan, kapingin sangêt dhahar gudhang pakis raja. Saandhap ing sampeyan dalêm lajêng angutus Radèn Mas Inggris (Bandara Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara ingkang nêmbe seda kapêngkêr punika), ingandikakakên pinanggih Tuwan Jansêmit ing Gumawang, parlu mundhut ron pakis raja, Radèn Mas Inggris munjuk sandika lajêng mangkat numpak kapal kadhèrèkakên santana satunggal, sadumuginipun Gumawang pinanggih Tuwan Jansêmit salajêngipun andhawuhakên dhawuh timbalan dalêm, Tuwan Jansêmit matur sandika kanthi enggal-enggal kengkenan dhumatêng Sungkuh mêndhêt ron pakis raja wau. Botên watawis dangu kengkenan sampun wangsul kanthi ambêkta ron pakis raja, sanalika lajêng kaaturakên Radèn Mas Inggris. Radèn Mas Inggris lajêng pamit gêgancangan wangsul dhumatêng nagari bêkta pundhutan dalêm ron pakis raja wau, watawis jam 11 dumugi ing karaton lajêng ngandikan, sasampunipun munjuk saparlunipun anggèning kautus,

ron pakis raja lajêng kaunjukakên ing sampeyan dalêm, salajêngipun lajêng kaparingakên pramèswari dalêm.

Sarêng pambobot dalêm kangjêng ratu sampun ngancik dumugi sangang wulan, lajêng pindhah wontên ing kamar gadhing, inggih punika kamar ing dalêm prabasuyasa ingkang wetan piyambak, para putra santana abdi dalêm agêng alit jalêr èstri sami kadhawuhan tuguran lampah giliran. Abdi dalêm prajurit botên kalilan kesahan langkung sapal têbihipun, sarta kadhawuhan mirantos pakurmatan sawanci-wanci pramèswari ambabar, ingandikakakên ngungêlakên taptu sarta mariyêm punapa dene lajêng baris.

Amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêb taun Alip, angkaning warsa 1795 wanci jam 9 dalu, Kangjêng Ratu Pakubuwana anggèning ambobot anggêrahi, para putra santana abdi ingkang sami tugur amêmuji kasugênganipun pramèswari dalêm, punapa dene amêmuji ing Pangeran tumuntênipun ambabar miyos kakung kanthi widada sapanginggilipun. Dumuginipun wanci jam 1/2 7 enjing, pramèswari dalêm sampun saèstu ambabar miyos kakung wilujêng. Saandhap ing sampeyan dalêm lajêng paring sumêrêp dhumatêng pangagêngipun putra santana dalêm ingkang sami tugur, bilih pramèswari dalêm sampun kalampahan ambabar miyos kakung wilujêng, lajêng kadhawuhan ngungêlakên têngara kados ingkang sampun kawrat ing

--- 7 ---

pranatan dalêm, abdi dalêm panambur lajêng ngungêlakên tambur wontên ing èmpèr panggung sônggabuwana mubêng, prajurit jagasura ngungêlakên mariyêm, abdi dalêm niyaga ngungêlakên gôngsa kodhokngorèk wontên ing sitinggil lèr.

Sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana, makatên ugi ibu dalêm Kangjêng Ratu Agêng, suka sukur ing panggalih mênggahing Pangeran, sarta bingahing panggalih dalêm sampun tanpa upami. Wondene risang narpa putra ingkang nêmbe miyos wau, lajêng kaparingan asma: Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna: saha lajêng kapundhut putra dening ingkang eyang, Kangjêng Ratu Agêng.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 10, taksih timur yuswa 8 taun.

Kala samantên sarêng para kawulaning praja sami mirêng têngara suwaraning mariyêm pratandhanipun bilih pramèswari dalêm ambabar miyos kakung. Sêpuh anèm jalêr èstri sami kasok kasukaning manah, jalaran sampun dangu pangajap-ajaping manahipun, sampeyan dalêm ingkang sinuhun mugi tumuntêna kagungan putra saking pramèswari dalêm miyos kakung ingkang ginadhang sumilih kapraboning nata. Amargi miturut piandêlipun para têtiyang ing jaman kina, wontênipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom punika, têmtu badhe amêwahi tata raharjaning praja. Môngka sapunika sampun kalêksanan, mila inggih sami lajêng mêmuji sêsarêngan, widadanipun risang raja pinutra.

SalêtêtipunSalêbêtipun. sapêkên ing karaton sabên dalu mawi pasamuan agêng.

Katêrangan.

Mênggah Gusti Kangjêng Ratu Agêng punika, ibu dalêm sampeyan dalêm kaping 9, sarèhning sampeyan dalêm kangjêng gusti putra dalêm [da...]

--- 8 ---

[...lêm] wau kapundhut putra ingkang eyang, amila kramanipun dhumatêng ingkang rama piyambak: kangmas, dhumatêng ibu dalêm: mbakyu ngantèn. Gusti Kangjêng Ratu Agêng sangêt kasok ing sutrêsnanipun dhumatêng ingkang wayah, wiwit timur tansah ingêla-êla, mila sadèrèngipun diwasa, bilih sare, inggih andhèrèk wontên ing kagêngan, sarêng sampun ngancik diwasa, lajêng kaiyasakakên dalêm ing kadipatèn: nama sasana adi.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 10, yuswa 16 taun.

Wiwit Timur Dumugi Supit Dalêm Risang Narendra Putra.

Sarêng sampun andungkap yuswa tigang taun, marêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 22 wulan Jumadilakir Je 1798 kalêrês tingalan dalêm panjênêngan sampeyan dalêm ingkang sinuhun, mawi pasamuan dhahar, ing salêbêtipun dhahar kêmbul, paduka tuwan residhèn matur ing sampeyan dalêm, angaturi uninga bilih paduka tuwan residhèn nampèni tilgram saking Batawi, saking kaparêngipun ingkang eyang kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, putra dalêm sang raja pinutra, kajumênêngakên Pangeran Adipati Anom. Mirêng aturipun paduka residhèn makatên wau, sampeyan dalêm sanalika lajêng animbali Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara, ingandikakakên mirantosi drèl, kangge pakurmatan jumênêngipun Pangeran Adipati Anom putra dalêm sang narendra putra, kangjêng pangeran kolonèl munjuk sandika, saha ing sanalika ngriku sampun lajêng mirantos, kalampahan ing dintên wau putra dalêm sang narpa putra lajêng kajumênêngakên Pangeran Adipati

--- 9 ---

Anom, ajêjuluk, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudebya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping 5 Praja Surakarta Adiningrat.

Sarêng andungkap yuswa 16 taun amarêngi ing dintên Anggara Kasih tanggal kaping 7 wulan Mukaram taun Alip 1811 kaparênging karsa dalêm saandhap ing sampeyan dalêm, putra dalêm, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kasupitakên mawi wiwahan sakalangkung agêng (krobongan tilas pasupitan dalêm ing mangke têksih sae, kanamakakên, maderêngga, manggèn wontên pamagangan), wondene sarira dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau, wiwit ngancik diwasa, dados kondhang kidunging para têtiyang sapraja, amargi saking sulistyaning suwarni dalêm, dhasar pasariran dalêm luruh aramping kasêmbuh parigêl solah bawa, imbêt cahya dalêm pindha sasôngka. Mila inggih layak kemawon jalu wanita sami kasmaran miyat sang narendra putra.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 10, yuswa 17 taun.

Bibar Supit Dumugi Krama Dalêm.

Ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 5 Dulkangidah Jimawal 1813 saking kaparêngipun guprêmèn, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kajumênêngakên Lidnan Kolonèl Generalênstap, ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 1 Saban Dal 1815 Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, wiwit ngasta jumênêng presidhènipun pangadilan dalêm kadipatèn anom. Ing dintên Kêmis Pon tanggal kaping 20 Bêsar Alip 1819, kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun, putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, pinikramakakên angsal Bandara Radèn Ajêng Sumarti (dhaup kalêrês bibi nak-sanak) putranipun suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, patutan saking garwa Kangjêng Bandara Radèn Ayu Adipati Mangkunagara, dhauping pangantèn wontên ing dhatulaya binayangkare sarana pasamuan agêng. Garwa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau, lajêng kapatêdhan asma, Kangjêng Ratu Adipati Anom. Dintên Akat Lêgi ping 23 Bêsar Alip 1819 kaparêngipun guprêm,guprêmèn. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kajumênêngakên Kolonèl Generalênstap.

Jumênêng Dalêm Nata.

Ing dintên Jumungah Lêgi tanggal kaping 28 wulan Ruwah taun Je 1822, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9 murut murwèng don kasidan jati. Dintênipun Kêmis Wage tanggal kaping 12 Ramêlan [Ramê...]

--- 10 ---

[...lan] nunggil taun Je 1822 Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, jumênêng nata anggêntosi kapraboning rama dalêm suwarga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 9, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapatining Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 10, pangasta dalêm kaprabon widada sêpên ing sambekala, dene dhêdhasaring panggalih dalêm, namung sarwa lila lêgawa, dumuginipun taun Alip 1867, punika yuswa dalêm têtêp 72 taun, angganipunanggènipun. ngasta kaprabon, sampun 45 taun.

Sarêng ing alami-lami sampun tita ing panganti bilih garwa dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana botên kagungan putra, kaparêng dalêm amangun krama malih, dhaup kalihan putri dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana kaping 7 ing Ngayogyakarta, miyos saking pramèswari Kangjêng Ratu Kancana, asma Gusti Radèn Ajêng Mursudarinah. Paningkah dalêm wontên ing dhatulaya Surakarta, amarêngi ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 17 Bêsar Jimawal 1845, lajêng kajumênêngakên ratu asma, GuskiGusti. Kangjêng Ratu Êmas. Nalika taun surya 1923 kaparêngipun guprêmèn, Saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, kajumênêngakên litnan jendral ing wadya bala dalêm Kangjêng Sri Maharaja Putri ing Nèdêrlan, wilujêng dumugi sapunika.

[Grafik]

Saandhaping Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, busana cara militèr.

Kawontênanipun Kamajêngan Dalêm.

Ambag saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika peranganipun panjênêngan ratu ingkang sinêbut kina, ewadene sagêd sangêt lajêng kaparêng anututi pikajêngipun jaman kamajêngan, wondene parincènipun kados ing ngandhap punika:

Ha. Tumrap Pasinaon Dalêm.

Nalika timuranipun sarira dalêm punika sinau bab punapa kemawon amung wontên ing dhatulaya, ewadene [e...]

--- 11 ---

[...wadene] sarêng sampun jumênêng nata, kaparêngipun ing karsa dalêm, para putra kakung putri lajêng kasakolahakên ing sakolahan Walandi, sarta ingkang sampun sagêd tamat pasinaonipun saking sakolahan andhap, lajêng kasinaokakên dhumatêng nagiranagari. Walandi. Kaparêng dalêm makatên wau botên namung maligi tumrap para putra dalêm kemawon, sumarambah dhumatêng para santana saha abdi dalêm, botên sakêdhik ingkang pinaringan waragad kangge anglajêngakên pasinaonipun.

Na. Yasa Pamulangan.

Gêgandhengan anggènipun saandhap ing sampeyan dalêm sampun kaparêng dhumatêng pasinaon, kaparênging karsa dalêm, lajêng iyasa pamulangan H.I.S kangge pasinaonipun putra santana dalêm saha anakipun abdi dalêm pangkat mantri minggah, kanamakakên pamulangan Kasatriyan. Probêl tumrap putra santana kakung putri, nama Pamardi Putri. Pambikakipun pamulangan wau anyarêngi putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, Kustiyah wiwit sakolah. Sarta ugi yasa H.I.S kangge putra santana putri, nama Pamardi Putri.

Kajawi punika saandhap ing sampeyan dalêm amaringi subsidhi utawi maringi kabêtahan sanèsipun kangge parluning pamulangan, kados ta: Netral, Budi Utama, lan sanèsipun malih.

[Grafik]

Sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping X.

Ca. Dhumatêng Bab Kasarasan.

Kaparêng angabdèkakên sarta andhapuk golongan dhoktêr, mirantosi dalah jampinipun, nyudhiyani putra santana saha abdi dalêm saanak semahipun manawi sukêr sakit, tuwin nyudhiyani ugi ingkang tumrap kawula dalêm.

Ra. Bab Ngewahi Tatacara.

Saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika ugi sampun nama majêng ing atasipun tumrap anyuda tatacara ingkang sampun botên anjaman, inggih punika:

1. Nyuwak pasowanan Sênèn kakantunakên sabên Kêmis.

2. Marêngakên palinggihan kursi tumrap priyagung ingkang suwaunipun botên gadhah wêwênang linggih kursi wontên ing ngarsa [ngar...]

--- 12 ---

[...sa] dalêm.

3. Têdhak lêlancaran sampun kaparêng namung nitih motor.

4. Warganing konggrès pakêmpalan guru, Yong Yava, ingkang jalêr malêbêt karaton namung mangangge cara Jawi pêthak, èstrinipun kalilan botên dododan, lan sapanunggilanipun.

Ka. Yêyasan.

Ing sajumênêng dalêm punika ing salêbêting karaton kathah sangêt dalêm-dalêm ingkang kabangun enggal utawi kamulyakakên, punapa dene yêyasan enggal, capuri karaton dalah wêwêngkoning baluwarti kaêlar ingkang kinanipun kori ingkang malêbêt ing baluwarti punika namung kalih (kori gapit lèr kidul), ing mangke kawêwahan butulan kêkalih wetan kilèn andadosakên parigêlipun para ingkang sami manggèn ing lêbêt baluwarti.

Kajawi punika kathah sangêt masjid saha pasareanipun lêluhur dalêm ingkang sami kamulyakakên, panggalih dalêm botên rêna sangêt nguningani masjid ingkang kirang pantês wujudipun.

Da. Tumrap dhumatêng Pakêmpalan.

Saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika kaparêng sangêt ananggapi, utawi maringi kadarman warni-warni dhumatêng pakêmpalan, kados ta:

Ha. Kaparêng jumênêng pangayomanipun konggrès kabudayan Jawi (Jav. Cultuur Congres) sarta maringi kadarman warni-warni.

Na. Kaparêng jumênêng pangayomanipun pakêmpalan narpa wandawa, sarta maringi subsidhi.

Ca. Paring kadarman têtingalan warni-warni kangge parlunipun para pakêmpalan, kalabal konggrès, lan ènpènkêndhê taun 1919, manggèn ing Surakarta, ngantos kaparêng miyosakên ringgit Kyai Kadung, kawayangakên wontên ing abipraya.

Ra. Pêparing dhumatêng pakêmpalan Mukamadiyah, Budi Utama, saha sanèsipun.

Ta. Tumrap dhumatêng Parluning Gêsang.

Sarêng sampun yuswa 45 taun, lajêng kaparêng mêncarakên sêsêrêpan dalêm bab kawruh puruitan, sintên kemawon ingkang saos unjuk nyuwun barkah dalêm kaparêng, siswa dalêm sampun kathah.

Sa. Pamitran Dalêm.

Kathah sangêt para luhur môncapraja saha sanèsipun ingkang dados mitra dalêm, amargi pitêpangan dalêm namung sarwa lêgawa, sinartan manis sarta rumakêting pangandika dalêm, para mitra dalêm wau têmtu pinaringan tôndha katrêsnan warni-warni. Wondene tumrap para mitra dalêm, katarik saking rumaos kaleban kadarman dalêm, dados inggih kathah ingkang gêntos angaturi angsulipun misungsung warni-warni.

Wa. Sasambêtanipun kalihan Praja ingkang Têbih-têbih.

Kalihan ing nagari Walandi.

1. Jumênêngipun Sri Bagendha Maharaja Putri ngasta pusaraning praja.

2. Sri Bagendha Maharaja Putri ngasta pusaraning praja 25 taun.

3. Kramanipun Sri Bagendha Maharaja Putri 25 taun.

Sadaya wau saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana kaparêng utusan ngaturi wilujêng.

Tumrap kalihan nagari sanès: kaparêng ambiyantu adêgipun tèntosêtèling agêng: awit saking kawontênan-kawontênan makatên wau, dados sampun pantês sangêt bilih sarira dalêm lajêng anampèni bintang-bintang maneka warni ngantos pintên-pintên.

--- 13 ---

Kawontênanipun Dalêm-dalêm dalah Saperanganing Wêwêngkon Karaton.

I. Dalêm ing karaton punika majêng mangidul, nanging paringgitan saha pandhapinipun majêng mangetan, prênahipun kering dalêm, dene dalêm wau nama prabasuyasa, dhapur limasan, èmpèr mubêng mawi lambang gantung, nama Sinom Mangkurat, adêgipun nalika taun 1694, krobongan ing dalêm manggèn ing têngah, kaèstha dalêm alit kapagêran ram kaca mubêng, mawi kori majêng mangidul, ukir-ukiran kaêcèt wungu mawi kapraos, payon ingkang kalêrês wuwung saha dudur mawi rinêngga warni naga. Mênggah kamar ing dalêm prabasuyasa punika cacah sakawan, ing wetan nama kamar gadhing, kamar agêng, kamar pusaka, lajêng ingkang kilèn nama prabasana.

II. Paringgitan anama sasana parasdya, dhapur joglo kêpuhan, nanging namung jubungan (tanpa èmpèr), lêrês sawetan dalêm mujur mangidul.

III. Sawetan paringgitan pandhapa, nama sasana sewaka, dhapur joglo pangrawit, adêgipun nalika taun 1698. Wondene pandhapa ingkang lami sarênganipun dalêm, kaparingakên dhumatêng Mangkunagaran dipun agêm dalêm.

IV. Sawetan pandhapa mawi topengan, nama maligi, dhapur limasan, nanging namung jubungan tanpa èmpèr, saka wolu botên mawi andêr. Kidul pandhapa sasana sewaka, pandhapa panjang mujur mangidul, dhapur limasan sinom kalabang nyandêr, pagêr ram kaca mubêng, pandhapa punika pirantos papan kêmbul bujana, nama sasana ôndrawina.

V. Pandhapa sasana sewaka punika dipun ubêngi griya alit panjang, nama paningrat. Wondene wiwit prabasuyasa dumugi ôndrawina wau manawi dipun êblak saèsthakaèstha. sikon utawi kados aksara latin L.

VI. Salèr sarta sawetan pandhapa palataran wiyar, tanêmanipun wit sawo jèjèr mujur mangalèr sap gangsal, kajawi gadhah daya sakalangkung edhum, sinawang inggih sakalangkung asri sarta nyênêngakên.

VII. Plataran wau iring wetan wontên bangsalipun tiga panjang-panjang mujur ngalèr ngidul, ingkang kidul nama bangsal bujana, dhapuripun jubungan limasan kalabang nyandêr. Têngah sarta lèr nama bangsal pradôngga, sami dhapur limasan nanging namung jubungan.

VIII. Sawetanipun bangsal tiga wau, wontên griyanipun panjang mujur mangidul nêkuk mangilèn, dados kalêrês kikisipun palataran ingkang sisih wetan sarta kidul, kawastanan panti pangarsa. Griya wau kaperang-perang kangge kantoran, wiwit lèr piyambak dumugi têngah, nama kantor bale krêtarta (kantor paprentahan karaton), sakidulipun kantor rêksa ardana (kas karaton), sakidulipun malih, kantor sitaradya (kantoripun pangagênging parentah karaton), sakidulipun malih kantor kridha budaya (kantor urusan asil karaton), sakidulipun malih, kantor musium karaton, lajêng kantor sasana pustaka (pasimpênan kagungan dalêm sêrat-sêrat [sêrat-sê...]

--- 14 ---

[...rat] karaton), pungkasan lèr kidulipun kantor-kantor wau, sami mawi kori mangetan anjog ing kadipatèn anom.

Dene ingkang nêkuk mangilèn, ingkang wetan kangge kantor panyimpênan kagungan dalêm barang kabêtahan bale griya, nama kantor môndrarana. Kilènipun malih kantor têtumbas, nama kantor bale karta. Sakilènipun ngantos dumugi kagungan dalêm kori sri manganti kidul, gêdhong karya baksana (kokèn).

IX. Salèripun sasana parasdya, wontên griyanipun mujur mangalèr, rumiyin kangge pasowananipun sadaya abdi dalêm carik kasêpuhan ingkang majibi sêrat-sêrat ing ngarsa dalêm, nama kantor sasana wilapa. Amung ing mangke lajêng kalêbêtakên èrêping kaputrèn, kagêm angêlar dalêmipun putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun. Salèr sasana wilapa wau, wontên korinipun nama wiwara priya.

X. Salèring wiwara priya wontên jambanipun sudhiyan manawi wontên tamu. Sawetanipun dumugi kagungan dalêm sri manganti lèr, wontên griyanipun panjang, nama nguntarasana. Nanging ing mangke lajêng kangge pindhahipun kantor sasana wilapa, ing ngèmpèripun sasana wilapa wau ingkang majêng mangidul, manawi wontên tamu kangge jujugan pasowanan para pangeran putra santana dalah riya nginggil sadèrèngipun majêng ing ngarsa dalêm, padintênanipun kangge sowan adhêpan ingkang sami ngadhêp ing ngarsa dalêm.

XI. Pungkasanipun nguntarasana (sri manganti lèr wau), dhapuripun joglo sêmar tinandhu.

XII. Sawetanipun sri manganti wontên panggungipun agêng inggil sungsun sakawan, dhapur nistha wolu, pucaking payon mawi pêpêthan naga dipun tumpaki tiyang. Nawung kajêng dados sêngkalan milir, kenging dipun ungêlakên, naga muluk tinitihan janma. Inggih punika watak 1708. Têgêsipun nawung pikajêng bilih panggung wau yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susunan ingkang kaping III, lotèng ingkang ôngka tiga, ingkang iring lèr mawi jam. Wondene panggung wau winastan panggung sônggabuwana. Dene nama wau ugi wontên ingkang mastani bilih ugi atêgês sêngkalan milir. Kacêthakakên jangkêping ungêl-ungêlanipun panggung luhur sinôngga buwana. Panggung atêgês pa agung (pa agêng) inggih punika 8, luhur sami kalihan tanpa watês, watak 0, sinôngga watak 7, buwana watak 1. Miturut punika ugi lajêng cocog malih bilih nawung pikajêng taun 1708 kados ing nginggil.

XIII. Kori ingkang kangge malêbêt dhumatêng kaputrèn, kaprênah sakidulipun sasana parasdya, nama wiwara kênya, salèripun gêdhong drawisana (gêdhong minuman).

XIV. Kantor utawi gêdhong ingkang kalêbêt èrêp kadipatèn, salèripun kantor Bale Krêtarta (griya panjang sawetan watês palataran ing nginggil), turut watês capuri kadipatèn ingkang iring lèr mangetan, lajêng nêkuk mangidul, wontên griyanipun panjang lajuran, kadamêl kantor utawi gêdhong. Wiwit saking kilèn, kantor panti wardaya (komtabitit), wetanipun kantor rêksa wahana, among raras, sarta rêksa cangkrama. Ingkang wetan saking lèr mangidul ingkang lèr piyambak, ugi nunggil peranganipun kantor among raras, kidulipun gêdhong rêksa panjuta. Kidulipun malih gêdhong joli, lajêng kantor ka VI (urusan babagan lisah, bènsin, sapanunggilanipun), lajêng sakidulipun gêdhong langên [langê...]

--- 15 ---

[...n] taya (wirèng), kidulipun malih ngantos notog watês tembok capuri, gêdhong bêkakas.

Kajawi punika ing têngah kadipatèn iring kidul, wontên griyanipun wangun limasan kalih, ingkang lèr dalah pandhapa: perangan ngajêng iring kilèn, kangge kantor kawadanan karaton sarta ngajêng (gladhag), ingkang iring wetan kantor gambaran, sakidulipun lajêng gêdhong mardiwarna. Dene satunggalipun ingkang kaprênah kidul dados kantor paprentahan gêdhong, ingkang iring kilèn gêdhong kiwa, wetan gêdhong têngên, sakilènipun kantor paprintahan gêdhong wau, wontên èmpèripun tumemplok kantor mandrasana, gêdhong duryareka (kêmasan).

XV. Perangan sajawinipun kori sri manganti lèr, salêbêtipun kori manganti kamandhungan, ingkang iring kilèn bangsal marakata, kangge pasowanananipun pêpatih dalêm sapangandhap sabên dintên Kêmis saha tingalan sasaminipun, padintênanipun kangge pacaosanipun wadana. Dene ingkang iring wetan, nama bangsal marcukundha, kangge pasowanan saha pacaosan kados bangsal marakata, nanging tumrap abdi dalêm prajurit, sawetanipun marcukundha, griya panjang mujur ngalèr ngidul kangge griya paukuman santana dalêm, nama panti pidana.

Sawetan panti pidana, wontên kantoranipun majêng mangetan mawi markis, nama kantor sidhikara, inggih punika kantor papan parêpatan kala jaman rad nagari, sarta papriksanipun pangadilan dalêm pradata. Kidulipun sidhikara, iring wetan kangge kantoran abdi dalêm kadipatèn ingkang majibi urusan barang warisan tumrap putra santana dalêm, ingkang iring kilèn, sapunika kangge kantoran kawadanan putra santana dalêm kiwa. Wondene ingkang salèr Sidhikara, kangge kantor wismayana (kontrolê biro). Wêwahan enggal, plataran sidhikara ingkang iring kidul, wontên èmpèripun tumèmplèk tembok capuri kadipatèn, payon sèng ngandhap kaplêstèr, punika pirantos wadhah pitipun para abdi dalêm ingkang sowan karaton, saking kadarman dalêm pangagênging parentah karaton marêngakên aturipun Sastra Lêsana (Wôngsa Lêksana), ingkang kabiyantu para abdi dalêm kathah. Mênggah kadarman punika, saèstu andadosakên panuwunipun sadaya abdi dalêm ingkang numpak pit.

Tumindaking Padamêlan Paprentahan Karaton.

Wiwit Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 10, jumênêng nata angrênggani karaton dalêm ing Surakarta, amarêngi ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 wulan Ramêlan ing taun Je, ôngka 1822 utawi kaping 30 Marêt 1893. Ingkang nguwasani sadaya padamêlan salêbêting karaton dalêm, Ondêr Mayor Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat, abdi dalêm bupati pangrêmbe, nalika samantên kawontênanipun padamêlan salêbêting karaton kantoripun wontên gangsal golongan:Ada catatan tangan ketiga: surut dalêm ing wulan Sura, taune 1870, utawi kaping 20 Pebruari 1939, dintên Sênin Lêgi.

1. Kantor sasana wilapa, punika kantor kabinèt dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dipun pangagêngi Radèn Tumênggung Sastradiningrat, abdi dalêm bupati carik.

2. Kantor kapilihan, amijibi:

Ha. Anindakakên padamêlan bab paprentahan, wisudhan, sapanunggilanipun.

Na. Têtumbas minuman, srutu, bleg-blegan, sarta bangsaning sêmbêt sapanunggilanipun.

Ca. Anindakakên babagan prakawis siti dhusun ingkang [ing...]

--- 16 ---

[...kang] kapajêgan bôngsa Eropah.

Ra. Anyimpên sarta anindakakên lêbêt wêdalipun kagungan dalêm arta karaton.

3. Kantor Kanitèn lêbêt, amajibi sadaya tadhah kabêtahaning karaton sabên dintên, saha maringakên wêdalipun paring dalêm balônja sabên wulan. Dipun pangagêngi Radèn Ngabèi Wignyadipura, abdi dalêm kaliwon lêbêt kadipatèn anom. Kantoripun kasalin nama: kridha ardana.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping X.

4. Kantor Kanitèn jawi, amajibi nyimpên sarta nindakakên lêbêt wêdalipun kagungan dalêm wos, lisah klêntik, lisah kacang, sarêm, arêng, kajêng obong, sarta kahwa.

5. Kantor pangrêmbe, amajibi:

Ha. Anindakakên pandamêlan bab dhêdhawuhan tumrap abdi dalêm rèh pangrêmbe.

Na. Anindakakên babagan prakawis siti dhusun ingkang taksih babêkêl jawi.

Ca. Anampèni lumadosipun kagungan dalêm arta pajêg saking para kabudidayan tuwin saking para babêkêl jawi.

Tumindakipun babagan wêdalipun kagungan dalêm arta kangge blônja tuwin parluning karaton sanès-sanèsipun, amung kasuwun kalihan regèstêr, buku, utawi trêkadhang asring namung dalancang kitir kemawon, ananging tumindak ingkang makatên punika sampun lajêng kaewahan kadamêl sae.

1. Salêbêtipun taun 1914, dipun wontêni kantor komisi karaton, amajibi ngumisi kagungan dalêm kareta, kapal, bêkakas sapanunggilanipun.

2. Kantor komisi pasamuwan karaton, amajibi tumindaking padamêlan manawi karaton wontên damêl. Kalih bab punika sami dipun pangagêngi putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

Salêbêtipun taun 1915, kagungan dalêm siti pangrêmbe tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami gumantung wontên kabupaten pangrêmbe, punapadene siti lênggah gêgadhuhanipun para putra santana sarta abdi dalêm, ordhênas, pangrêmbe, prajurit kadipatèn, sarta abdi dalêm èstri, sami kapundhut, kaparingakên dhumatêng parentahan nagari Surakarta, dene pajêgipun siti-siti kasêbut ing nginggil wau, parentah nagari anyaosakên konjuk ing karaton sapetangipun, ingkang sumêrêp lintuning pajêg pamêdalipun siti gêgadhuhanipun para putra santana sarta abdi dalêm, lajêng kaparingakên mêdal saking karaton.

Salêbêtipun taun 1917, wiwit dipun wontêni kas karaton, saha komtabilitit, dene kagungan [ka...]

--- 17 ---

[...gungan] dalêm arta ingkang konjuk ing karaton kathahipun lêstari kados ingkang sampun, inggih punika:

1. Pajêg pamêdalipun kagungan dalêm siti pangrêmbe, sarta siti sanès-sanèsipun ingkang sami gumantung wontên kabupatên pangrêmbe.

2. Pajêg pamêdalipun siti lênggahipun para putra santana sarta abdi dalêm, ordhênas, pangrêmbe, prajurit, kadipatèn, punapadene abdi dalêm èstri.

3. Kagungan dalêm arta têtêmpah siti môncanagari, saking guprêmèn.

4. Arta prabeya wiyosing asma dalêm.

Kagungan dalêm arta sadaya wau sumimpênipun wontên kas karaton, urusan lêbêt wadalipun arta katindakakakên kantor komtabilitit, katata mawi pranatan, sarta rêrantaman sabên taun, sabên tigang wulan sapisan, kagungan dalêm kas karaton dipun kumisi dening kumisi karaton. Angsal-angsalanipun papriksan kawrat ing pêrbal kadamêl 4, ingkang satunggal konjuk saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Taksih nunggignunggil. salêbêtipun taun 1917. Ondêr Mayor Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat, abdi dalêm bupati pangrêmbe kasêbut nginggil, seda, kaparênging karsa dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, salowongipun abdi dalêm bupati pangrêmbe wau botên katêtêpakên gêgêntosipun malih. Ingkang kadhawuhan anindakakên padamêlanipun ondêr mayor, putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, sarta têmbung ondêr mayor kasalinan nama, pangagênging parentah kemawon.

Salêbêtipun taun 1920. Pasitèn salêbêting baluwarti, dalah sapajêgipun kapasrahakên pangagênging parentah karaton, saking parentah nagari, dados pamijèn karaton, nanging sadaya waragad pangupakaraning radinan, kalèn, krêtêg-krêtêg, dalah sapanunggilanipun kasumanggakakên karaton. Tumindaking pangurusipun pajêg kawajibakên kantor pangrêmbe (sapunika kantor Kridha Budaya) pangupakaraning radinan sapanunggilanipun katindakakên paprentahan golongan Ha: IV.

Taksih nunggil salêbêtipun taun 1920. Pandamêlan salêbêting karaton katata, dipun pilah-pilah ingkang tunggil raos kagolongakên dados satunggal, dados ing sapunika kawontênanipun kantor kados ing ngandhap punika:

1. Kantor sasana wilapa, kabinèt dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dipun pangajêngi Radèn Mas Arya Bratadipura, saha Radèn Tumênggung Mistêr Purbadipura, adpisir, putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

2. Kantor komisi karaton, sarta komisi pasamuwan karaton.

Ha. Amajibi ngumisi kagungan dalêm arta kas karaton, kareta, kapal, bêkakas sapanunggilanipun.

Na. Amajibi tumindaking padamêlan manawi karaton wontên damêl, kalih-kalihipun wau sami lêstari dipun pangagêngi putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

3. Kantoripun pangagêng parentah karaton, pangagêng Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

4. Kantor paprentahan, sapunika kaparingan nama bale krêtarta, sêrat-sêratipun ciri aksara: Ha, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, nayanayaka. dalêm kaparak têngên. Kantor bale krêtarta dipun perang dados 5:

Ha: I. Majibi dhêdhawuhan bab pasamuwan sarta têdhakan, [têdha...]

--- 18 ---

[...kan,] sasaminipun bab paprentahan.

Ha: II. Majibi bab wisudha, pènsiyun sapanunggilanipun.

Ha: III. Majibi bab idi sambut tuwin sadaya ingkang gêgayutan prakawis.

Ha: IV. Majibi bab iyasan, tambal-sulam griya-griya salêbêting karaton, pasanggrahan, sarta kagungan dalêm griya sanès-sanèsipun, pangupakaraning margi-margi, kalèn, krêtêg salêbêting baluwarti karaton.

Ha: V.Majibi:

1. Nampèni sêrat-sêrat ingkang katur pangagênging parentah karaton.

2. Anglampahakên sêrat-sêrat garapan kantor-kantor, rèh wawêngkonipun pangagênging parentah karaton.

3. Nampèni tèlêpun.

4. Anindakakên dhêdhawuhan sadèrèng utawi sasampun bibar kantoran.

5. Kantor kabinètipun pangagênging parentah karaton, ing sapunika kaparingan nama: sitaradya, sêrat-sêratipun ciri aksara Na.

Salêbêtipun taun 1929, kaparênging karsa dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, pangagênging parentah karaton kaparingan sèkrêtaris, inggih punika: Kangjêng Radèn Mas Arya Puspadiningrat, nayaka dalêm bupati gêdhong kiwa, lajêng amangagêngi kantor: sitaradya.

Salêbêtipun taun 1930. Angwontêni garap ingkang majibi nyêrat sêkripmasin, sarta kaparingan nama golongan: kridhaksara. Anindakakên sadaya padamêlan kantor-kantor karaton ingkang kêdah kasêrat sêkripmasin utawi près. Golongan kridhaksara punika kaparingakên dados rèh sitaradya.

6. Kantor kontabilitit, sapunika kaparingan nama: panti wardaya, sêrat-sêratipun ciri aksara: Ca. Pangagêng Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura, kantor panti wardaya kaperang dados 7.

Ca: I/1. Amajibi paprentahaning panti wardaya.

Ca: I/2. Amajibi nocogakên suwun-suwunan arta.

Ca: I/3. Amajibi pandamêling rantaman, sarta damêl palapuran lêbêt wêdalipun arta sabên tutup taun.

Ca: II/1. Amajibi nitisakên anprah balônja.

Ca: II/2. Amajibi panyêngklonging balônja kangge bôndha pènsiyun, pajêg-pajêg, sarta cicilan êmpingan sapanunggilanipun.

Ca: II/3. Amajibi damêl mandhat pambayaran arta bècèr sabên dintên.

7. Kas karaton, sapunika kaparingan nama: rêksa ardana, sêrat-sêratipun ciri aksara: Ra, pangagêng putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, kantor rêksa ardana kaperang dados 4:

Ra: I Amajibi kas owêr, ngrangkêp nyimpên jêne sela.

Ra: II Amajibi buk odhêng.

Ra: III Amajibi kasir.

Ra: IV Amajibi wêdaling arta bècèr.

8. Kantor môndrasana, sêrat-sêratipun ciri aksara: Ka, amajibi nyimpên barang sêmbêt sarta barang tadhah kabêtahaning karaton. Anindakakên bab têtumbas. Ing sapunika namaning kantor kridha ardana kasuwak, pandamêlanipun kapêcah dados 2, pasimpênan [pa...]

--- 19 ---

[...simpênan] barang kawajibakên dhatêng kantor môndrasana, bab têtumbas kawajibakên kantor bale karta. Pangagêng môndrasana sapunika Kangjêng Radèn Mas Arya Suryaningrat, abdi dalêm bupati nayaka gêdhong têngên, kantor môndrasana, kaperang dados 5:

Ka: I. Amajibi paprentahaning môndrasana.

Ka: II. Amajibi nyimpên barang sêmbêt.

Ka: III. Amajibi nyimpên gêndhis tèh, minuman, bleg-blegan sapanunggilanipun.

Ka: IV. Amajibi nyimpên lisah pèt, bènsin, dilah sapanunggilanipun.

Ka: V. Amajibi nyimpên wos dhahar saha para.

9. Kantor kartipura, sêrat-sêratipun ciri aksara: Da, pangagêng Radèn Mas Arya Wrêksadipura, abdi dalêm bupati anom kalang. Amajibi pandamêlan sarta tambal sulam karaton.

10. Kantor rêksa wahana, sêrat-sêratipun ciri aksara: Ta, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat. Abdi dalêm bupati kadipatèn anom. Kantor rêksa wahana kaperang dados 4:

Ta: I. Amajibi paprentahan Rêksa Wahana.

Ta: II. Wagêm mistêr, amajibi rumêksa sarta rêsikaning kagungan dalêm kareta, nyimpên pakean kapal rakitan, tuwin pangangge kênèk kusir.

Ta: III. Opsinêrsêtal, amajibi pangupakaraning kagungan dalêm kapal titihan sarta rakitan.

Ta: IV. Kusir.

11. Kantor tita swandana, sêrat-sêratipun ciri aksara Ta V. Pangagêng Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, abdi dalêm Bupati ordhênas, amajibi babagan kagungan dalêm motor.

12. Kantor bale karta, anindakakên bab têtumbas sadaya kabêtahan tadhah karaton. Sêrat-sêratipun ciri aksara: Sa. Pangagêng Radèn Mas Tumênggung Atmadipura, abdi dalêm bupati anom, ordhênas. Kantor bale karta kaperang dados: 2.

Sa: I. Amajibi, bab sasêrêpanipun arta ampilan.

Sa: II. Anindakakên têtumbas.

13. Kantor among raras sarta kantor rêksa cangkrama, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, abdi dalêm bupati kadipatèn anom.

Kantor among raras, amajibi paprentahaning abdi dalêm niyaga, wira swara, talèdhèk, wirèng èstri, pranaswara, sasaminipun ingkang nama lêlangên.

Kantor rêksa cangkrama, amajibi paprentahaning abdi dalêm pasanggrahan ing Têlgônda,Têgalgônda. Ngèksipurna, Giriwaya, Asripurna, tuwin ing Parangjara.

14. Kantor sasana pustaka, amajibi panyimpênipun sêrat-sêrat waosan, babad-babad sarta bab kawruh sapanunggilanipun. Pangagêng putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

15. Kantor panti arta, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, abdi dalêm bupati ordhênas, amajibi kagungan dalêm arta sudhiyan kaparênging karsa dalêm ingkang alit-alit.

16. Ing salêbêtipun taun 1925, dipun wontêni kantor pangasilan, kaparingan nama kantor kridha budaya. Sêrat-sêratipun ciri aksara: Wa. Pangagêng putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, kantor kridha budaya kaperang dados: 2.

--- 20 ---

Wa: I. Amajibi pangurusipun bab kagungan dalêm kabudidayan.

Wa: II. Amajibi pangurusipun bab kagungan dalêm pasitèn pamijèn karaton, tuwin kagungan dalêm griya ingkang wontên sajawining karaton.

17. Ing salêbêtipun taun 1926, supados saya prayogi tumindakipun arta karaton ing sapunika dipun wontêni kontrolê biro, kaparingan nama kantor: wismayana. Anindakakên panitinipun wêbêtlêbêt. wêdalipun kagungan dalêm arta tuwin barang sasaminipun. Sêrat-sêratipun ciri aksara: Pa. Pangagêng Radèn Ngabèi Rêksadipraja. Karancang badhe dipun wontêni akontan.

18. Salêbêtipun taun 1730 dipun wontêni abdi dalêm pananggap, ingkang amajibi panampining arta pajêgipun kagungan dalêm panitèn salêbêting baluwarti, tuwin pamijen sanès-sanèsipun sajawining baluwarti, sêsêpuhipun pananggap wau Radèn Ngabèi Karta Artana.

17.19. Salêbêtipun taun 1930. Kaparênging karsa dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kaparingakên dados atsisiripun pangagêng parentah karaton.

20. Sabên wontên bab-bab ingkang umum tumrap karaton, tamtu karêmbag parêpatan kalihan pangagênging kantor karaton.

21. Murih prigêling pandamêlan, ing kantor karaton dipun wontêni: otomatisê tèlêpun sentral.

22. Abdi dalêm gêdhong kiwa têngên dalah sarèhipun, kados ta rèh gêdhong kiwa, abdi dalêm karaton, panandhon grêji, tukang burdir, tukang panunggul, tukang songsong, mranggi, pangukir, pandhe, gladhag (ngajêng), panyrigan sapanunggilanipun.

Rèh gêdhong têngên, abdi dalêm kalang, undhagi, tukang batu sapanunggilanipun. Kêmasan, sami kaparingan madana pangagênging parentah karaton, garapipun kabupatèn gêdhong kiwa têngên sami sowan kantoran wontên ing karaton.

23. Abdi dalêm ngarêp (gladhag) kaparingan madana pangagêng parentah karaton, garapipun ugi sowan kantoran ing karaton.

24. Kantor kaputrèn karaton, anindakakên paprentahanipun abkiabdi. dalêm èstri salêbêting kaputrèn taratonkaraton. sadaya, garapipun ugi sami èstri, sêrat-sêratipun ciri A. Pangagêngipun pangagênging parentah kaputrèn, Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan.

25. Ing kaputrèn karaton, dipun wontêni abdi dalêm pulisi èstri, anindakakên babagan prakawis kapulisèn tumrap abdi dalêm èstri salêbêting kaputrèn karaton.

26. Tatanan para èstri ingkang sami manggèn wontên kaputrèn karaton, kêdah nyêpêng sêrat pratôndha saking pangagêng parentah karaton.

27. Kaputrèn karaton dipun wontêni klinig, kangge mirantosing para putri ingkang kêdah kagarap wontên ing ngriku.

28. Angabdèkakên dhoktêr èstri Jawi amajibi para putra santana dalêm, saha abdi dalêm èstri ingkang manggèn wontên salêbêting kaputrèn karaton. Sarta anindakakên, klinig kaputrèn wau.

29. Kaparênging karsa dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, angiyasani sakolahan cacah 3

--- 21 ---

iji.

Ha. Probêlsêkul, kaparingan nama: Pamardi Siwi.

Na. Mèsênsêkul, kaparingan nama: Pamardi Putri.

Ca. H. I. S. kaparingan nama: Kasatriyan.

Sadaya wau tumrap sakolahipun putra santana dalêm kakung putri, namung manawi wontên kêkiranganing murid, kalilan dipun lêbêti anakipun abdi dalêm ingkang dipun samèkakên mantri minggah.

[Grafik]

Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat.

30. Ing karaton sapunika dipun wontêni mêsin tumrap dilah èlèktris, kaparingan nama: panti pradipta. Wiwitipun nalika kaping 15/5 57, ingkang nindakakên Radèn Mas Ngabèi Praja Pradipta, salêbêtipun panti pradipta wau, ugi dipun wontêni malih, damêl ès, wiwitipun nalika kaping 24/4 58, saha pangêcapan (drik krei) wiwitipun nalika kaping 29/4 61, sami kangge kabêtahan karaton. Pangagêng Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, Bupati ordhênas, sarta kajawi punika, Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat wau ugi mangagêngi kagungan dalêm pasanggrahan Pracimaarja, saha bukit Ngendra Marta.

Wondene Pracimaarja wau, nalika Sênèn Lêgi ping 27/9 58, utawi kaping 19/3 29, kabangun wangunipun ingkang sakalangkung asri, mawi dipun wontêni dilah èlèktris, wiwitipun nalika kaping 20/11 59, tuwin amêng-amêngan dalêm tèhnisban, wiwitipun nalika kaping 20/1 61.

31. Ing sabên wontên Walandi badhe malêbêt ningali karaton dalêm, rumiyin panyuwunipun lilah mêdal paduka tuwan guprênur, sasampunipun kaparêngakên lajêng kaparingan bêwis saking guprênuran kapasrahakên drahgundêr ingkang jagi karaton. Sapunika lajêng nyuwun lilah piyambak mêdal pangagênging parentrah karaton, manawi sampun kaparêngakên lajêng kaparingan bêwis saking pangagênging parentah karaton, minôngka palilah anggèning sampun kalilan malêbêt.

32. Sumur bur ing Langênarja, sarèhning katrangan saking ingkang mangrêtos (Des-kundige) wontên peranganipun sae dhatêng kasarasaning badan, kanyatakakên nyata, mila lajêng kangge padusan umum.

33. Umbul Pêngging (Ngèksipurna), ing ngriku kathah ingkang kangge kasênêngan adus, mila lajêng dipun angge padusan umum (swèn basèn), dipun wontêni bêbadan piyambak, ingkang nindakakên bab padusan wau.

34. Ing ngajêng nalika abdi dalêm dhoktêr sawêg satunggal, [satungga...]

--- 22 ---

[...l,] inggih punika dhoktêr Walandi, ingkang kaparêngakên angsal dhoktêr sarta jampi lêlahanan, namung para putra santana dalêm, tuwin abdi dalêm ingkang pangkat Mantri minggah, jampinipun mundhut tumbas dhatêng apotik Akonas. Kalayan kontrak, sapintên têlasipun ing dalêm sawulan kaêbon kathahipun 100 rupiyah. Sarêng abdi dalêm dhoktêr Walandi lowong, kaparênging karsa dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, lajêng angabdèkakên dhoktêr Jawi, sarta cacahipun kadamêl kathah, saha lajêng dipun wontêni apotik piyambak, kaparingan nama: panti usada, katindakakên dening abdi dalêm apotikêr Walandi, sarta asistèn apotikêr Jawi, wiwit punika sadaya abdi dalêm ngantos dumugi pangkat panakawan, sami kaparêngakên angsal dhoktêr lêlahanan dalah jampinipun, lumèbèr dhatêng para kawula dalêm ingkang parlu kêdah dipun pitulungi.

35. Nalika salêbêtipun taun Dal 1831. Ing nagari Surakarta, wontên pakêmpalanipun para abdi dalêm tuwin para luhur sawatawis. Tujuning pakêmpalan wau sasagêd-sagêd mitulungi para abdi dalêm ingkang sami kasusahan jalaran pamêdal utawi balanjanipun têlas kangge nyauri sambutan ingkang sakalangkung awrat rèntênipun. Supados sagêd damêl kamayaran, manawi wontên panêmbungipun badhe dipun pitulingi sagêdipun angêsahi sambutan ingkang awrat rèntênipun wau. Sarana kaangsalakên nyambut dhatêng pakêmpalan, kathahipun samining pamêdal utawi balanjanipun ing dalêm sataun utawi langkung, rèntênipun kadamêl mirah, botên langkung saking ingkang katamtokakên ing pranatan nagari, inggih punika kathah-kathahipun petang 1½ prêsèn ing dalêm sawulan, dene panyauripun kalihan nicil kathah-kathahipun saparatiganisaparatiganipun. pamêdal utawi balanjanipun, mênggah sêdyaning pakêmpalan wau, awit saking pitulungan dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sagêd kalêksanan amargi kaparingan pitulungan ingkang minôngka pawitan kangge nindakakên adêgipun, kathahipun: 130.000, sakêthi tigang lêksa rupiyah. Pakêmpalanipun wau kanamakakên: Bôndha Lumaksa, pangrèhipun katêtêpakên saking nagari.

Nalika samantên kantoripun bôndha lumaksa andhêmpil wontên griya ingkang kangge pakêmpalan abipraya, griya sewan ing kampung timuran. Sarêng adêgipun bôndha lumaksa sampun tumindak sakeca, sarta angsal pambiyantu saking para putra santana tuwin abdi dalêm ingkang sami nitipakên arta, sarana tumbas andhil tumut kalampahakên. Punika bôndha lumaksa lajêng sagêd iyasa griya ingkang wêwangunan sarta pasang rakitipun miturut sapanêdhanipun pakêmpalan abipraya, manggèn ing kampung Singosarèn, ingkang kasewa kangge pakêmpalan abipraya dumugi samangke. Punapadene bôndha lumaksa lajêng damêl griya ingkang kangge kantoripun piyambak, manggèn wontên papan pemahan patêdhan dalêm ing kampung Kêdhunglumbu.

Dumugi sapunika adêgipun pakêmpalan bôndha lumaksa laminipun sampun tigang dasa nêm taun, lastari wilujêng sarta kayêktosan paedahipun amitulungi dhumatêng putra santana tuwin para abdi dalêm sapanunggilanipun, kados dene tujuning sêdyanipun pakêmpalan.

Dumugi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 Rêjêb Alip 1867. Saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana [wica...]

--- 23 ---

[...ksana] ingkang sinuhun kangjêng susuhunan yuswa 72 taun, wilujêng botên kirang satunggal punapa. Makatên malih mirit katrangan kasêbut ing nginggil, wiwit angasta kaprabon, kathah wêwahipun ewahing babagan urusan arta, barang, saha kaindhakaning karaton, ingkang atêgês adamêl sae.

Tumrap ing Praja.

Salêbêtipun Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X angasta kaprabon, kawontênanipun praja dalêm Surakarta tansah mindhak-mindhak kamajênganipun ing babagan punapa kemawon. Ingkang makatên wau kenging kangge pasaksèn bilih saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana tansah anggalih dhatêng indhaking saenipun kawontênaning praja dalah sakawula dalêm. Mênggah kamajênganipun praja Surakarta, ingkang katingal bab tansah wontênipun yêyasan ingkang kalaras kalihan ajênging jaman, upaminipun bab kawontênaning margi-margi ingkang nama sampun nocogi kalihan kuwajibanipun praja ingatasipun panjagi dhatêng saenipun tuwin sakecanipun kangge lampahing tiyang tuwin têtumpakan. Bab wontênipun karêtêg-karêtêg, nama sampun botên nguciwani, bokmanawi ing ngriki pantês kapèngêtan mênggah agênging paedahipun karêtêg-karêtêg Bacêm tuwin Jurug tumrap umum, saya malih tumrapipun kawula dalêm ingkang sami lampah dagang tuwin bêbakulan, wontênipun pêkên ingkang samangke sampun sae tatananipun, punapa dene cacahipun inggih tansah mindhak-mindhak punika anjalari adamêl tata raharjaning praja, pêkên agêng kajawi tatananipun sampun angangge cara sapunika (modern) miturut gotèkipun ngakathah sae piyambak sa-Indhonesiyah ing ngriki inggih pantês dados pèngêtan, bab kawontênanipun ilèn-ilèn toya gandhèngipun kalihan panjagi dhatêng kasarasan. Bab dilah-dilah kangge pêpajar kitha, griya pasbêlehan (abattoir) punika sadaya ingkang sampun sami katata kalarasakên kalihan jamanipun saha bab sanès-sanèsipun ingkang angèngêti papanipun ingkang namung kacumpi botên sagêd kasêrat ing ngriki sadaya ngantos dumugi parlunipun kawula, dene papan kangge angenggar-enggar manah inggih punika taman Sriwadari, punika inggih tansah kagalih sagêdipun saya sae.

Mênggah kamajênganipun nagari ingatasipun pitulungan dhatêng kabêtahanipun kawula ingkang pantês kapèngêtan wontênipun pamulangan-pamulangan ing samangke. Para maos kados sami botên kakilapan bilih antawisipun sèkêt taun kapêngkêr kawontênanipun pamulangan ing Surakarta punapadene sanèsipun nagari ing Indonesiyah ngriki taksih sakêdhik sangêt. Miturut dêdongenganipun para sêpuh: sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika pancèn sampun wiwit nalika taksih jumênêng kangjêng gusti pangeran adipati anom, sampun anggalih sangêt dhatêng ajênging pasinaon, amila sarêng kamajêngan punika saya dangu inggih saya katingal, katitik saking tansah indhakipun kawula ingkang sinau. Ing ngriku sampeyan dalêm ingkang wicaksana anggalih parlu angwontêni pamulangan mawarni-warni, kangge putra santana dalêm dipun wontêni pamulangan H.I.S. kaparingan nama pamulangan kasatriyan, kangge putra dalêm ingkang taksih timur tuwin santana dalêm dipun wontêni sakolahan Frôbelschool nama Pamardi Siwi. Rèhning saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana anggalih dhatêng lêlajênganipun pasinaonipun putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sekar Kadhaton. Anyarêngi kala mangsanipun para santana dalêm sampun saya [sa...]

--- 24 ---

[...ya] majêng dhatêng pasinaon, ngantos sabên taunipun kathah sangêt santana dalêm ingkang malêbêt ing pamulangan kasatriyan botên sagêd katampi jalaran saking sampun botên wontên panggenanipun, kaparênging karsa dalêm iyasa pamulangan malih saminipun H.I.S. ingkang amung mligi kangge putri dalêm sarta santana dalêm èstri, inggih punika pamulangan Pamardi Putri, dene pamulangan kasatriyan ingkang suwau muridipun campuran, wiwit wontênipun pamulangan Pamardi Putri wau lajêng amung mligi kangge santana dalêm jalêr.

Mênggah kawontênanipun pamulangan ingkang botên maligi kangge santana dalêm ing samangke inggih sampun sawatawis kathah. Upaminipun pamulangan ingkang mligi kangge nyukani pangajaran têtanèn. Pamulangan kangge pangajaran agami inggih punika pamulangan Mambangul Ngulum tuwin pamulangan dhusun, kangge angindhakakên drajatipun pangrèh praja, ing samangke inggih sampun dipun wontêni kursus pangrèh praja, gandhèngipun kalihan panggalihan tumrap dhatêng ajêngipun kawula dalêm dhatêng pasinaon, ingkang pantês dipun èngêti malih inggih punika wontênipun bôndha pasinaon (Rijksstudiefonds) adêgipun bôndha pasinaon punika taun 1914, ingkang sakawit ancasipun mitulungi murid-murid anakipun santana tuwin abdi dalêm ingkang sampun tamat saking pamulangan andhap, sumêdya anglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan têngahan sarta pamulangan inggil, pilihanipun ingkang angsal pitulungan bôndha wasinaonpasinaon. punika lare ingkang dhêdhasaripun lantip. Saras badanipun sarta ingkang tiyang sêpuhipun utawi ingkang mêngkoni têtela kêkirangan wragad, sakawit ingkang dipun parlokakên kapitulungan punika murid ingkang têmbenipun nagari dalêm sagêd angangge damêlipun, upaminipun murid ingkang nglajêngakên dhatêng pamulangan calon priyayi pangrèh praja, ingkang sami kaparingan pitulungan waragad wau, samêdalipun saking pamulangan, bilih mpunsampun. angsal padamêlan ingkang pamêdalipun cêkap, katamtokakên anglintoni sapintên waragadipun anggènipun sinau sarana nicil, ing samangke manawi wontên parlunipun pitulungan saking bôndha pasinaon wau sagêd katumrapakên dhatêng kawula dalêm sanèsipun, punapa dene pamilihipun pamulangan kenging saking pikajêngipun lare.

Angèngêti bakuning pangupajiwanipun tiyang Jawi punika têtanèn, ing praja dalêm ngriki têtanèn wau inggih dados pangupa jiwa ingkang agêng piyambak. Têtanènipun tiyang alit ing praja Surakarta dèrèng kathah ewahipun tinimbang ing jaman kaki nini, jêr tiyang tani punika kalêbêt golonganing tiyang ingkang anggondhèli sangêt dhatêng kawontênan naluri, ewadene saking kaparênging saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, nagari botên kèndêl-kèndêl anggènipun nindakakên pamardi murih têtiyang tani bawah dalêm sagêd majêng, tuwin saya tambah marsudi tumrap têtanènipun, minôngka kangge ngajêngakên têtiyang tani dhatêng têtanènipun, indhaking pamulangan ingkang kangge kawruh kawula dalêm têtiyang tani, inggih punika pamulangan tani tuwin pamulangan dhusun kasbut nginggil tansah kagalih, tuntunan têtanèn ugi dipun wontêni sêsarêngan kalihan Landbouwvoorlichtingsdienst, tuwin dipun tindakakên para lurah-lurah among tani ingkang sami angsal pasinaon saking pamulangan tani kasbut ing nginggil. Tumindakipun têtanèn sarana damêl conto-conto, tanêman, anyatiyarakên wiji sayuran, kitrèn ingkang sae-sae, saha nyatiyarakên rabuk-rabuk wêdalan pabrik (kunstmest), ingkang mikantuki kangge tanêman sabên kabupatèn sampun dipun wontêni tuntunaning têtanèn wau.

Kawrat pranatan katitimangsan kaping 2 Oktobêr 1930 sêtatsêblad 1920 ôngka 722 ingkang kanamakakên V.W.O. (Vorstenlandsch waterschap Ordennantie) lampah-lampahipun toya ingkang saking bangawan saha dhatêng [dha...]

--- 25 ---

[...têng] bangawan, saking lèpèn Dêngkèng dhatêng Dêngkèng, saking Opak Praga dhatêng Opak Praga katata murih sagêdipun kabage adil dhatêng ondêrnèmêng saha tiyang alit, bêbadan ingkang kapatah nata lampahing toya wau kanamakakên Waterschap saha kadhapuk rad ingkang dipun pangarsani kapala nagari kanthi warga-warga ingkang katêtêpakên dening paduka guprênur, bilih warga Jawi kanthi karêmbag kalihan pêpatih dalêm, sanadyan pambagening toya dening Waterschap dèrèng sagêd marêmakên sadaya golongan, ewadene sampun nama lowung, dening lampahing toya sampun katata sarta salêbêtipun toya katata tumindaking têtanèn sagêd wilujêng botên nate wontên tanêman ingkang wurung jalaran saking kêkirangan toya.

Kangge nyaèkakên prabotipun tiyang tani, inggih punika maesa, lêmbu, saha kapal, ingkang kangge nindakakên garu lukunipun, bab punika ugi botên kasupèn kagalih ing saparlunipun, sarana angwontênakên lêmbu sarta kapal pamacêg, pamacêkipun sarana prabeya ingkang ènthèng sangêt, kangge angrêksa kawilujênganipun kewan-kewan wau nagari nyudhiyani mantri kewan, ingkang tansah nitik sêsakitipun kewan-kewan wau, sabên wontên sêsakit nular, nagari botên badhe kakilapan saha lajêng nindakakên saparlunipun.

Kangge nyudhiyani bokbilih têtiyang tani bêtah pawitan arta, nagari ugi sampun angwontênakên bang dhusun, kredhit bang, ingkang sami dipun amat-amati dening sentralê kas kagunganipun guprêmèn, katindakakên dening abdi dalêm mantri bang dhusun, sarta dipun pangagêngi abdi dalêm insêpèktur Walandi.

Kajawi kasbut ing nginggil sadaya wau saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana inggih anggalih sangêt dhatêng kawontênanipun kawula dalêm ingkang miskin, pasêksènipun ing Surakarta dipun wontêni griya pamulasaranipun tiyang miskin, kawastanan griya wangkung, griya wangkung punika kagunganipun nagari ingkang pangêrèhipun kapasrahakên kumisi, punapadene ingkang sami nyambut damêl wontên ing ngriku sadaya sami abdi dalêm, waragat ingkang kangge kabêtahan ing ngriku kaparingan subsidhi saking nagari sapalih, ingkang sapalih saking patêdhan dalêm, saking urunipun putra santana tuwin abdi dalêm, saking sanès-sanèsipun golongan ugi wontên sawatawis. Ingkang dipun opèni wontên ing griya wangkung ngriku têtiyang miskin ingkang sampun botên sagêd rumagang ing damêl, ingkang sampun botên gadhah waris ingkang sagêd ngopèni. Têtiyang wau sami kaprêdi sinau anam-anam, damêl tepas, kèsèt tuwin sapanunggilanipun, dene tumrap lare-larenipun sami kapardi sinau (sakolah) amargi ing wangkung ngriku ugi dipun wontêni pamulangan kangge lare miskin, ingkang pangajaranipun kasamèkakên kalihan pamulangan dhusun, mênggah karsanipun nagari angwontênakên pamulangan punika supados ing têmbe lare-lare wau gadhah pawitan kasagêdan kangge garan ngupados pangupa jiwa sapantêsipun, tumrap ing Surakarta griya wangkung wau agêng paedahipun.

Tumrap pitulungan dhatêng kawula dalêm ingatasipun kabêtahan dhatêng jampi sasaminipun, nagari angwontêni klinik saha apotik, klinik wau kaparingan nama panti roga. Apotikipun panti usada. Sakawit pamanggènipun klinik wau wontên ing kapatihan wetan, nyewa griya kagunganipun suwargi Radèn Tumênggung Kartadipura, dene ingkang ngadani adêgipun abdi dalêm bupati dhoktêr Radèn Tumênggung Widyadiningrat, nalika taksih pangkat mantri dhoktêr. Saking kaparêngipun suwargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, nalika taun 1913 panti roga lajêng kapindhah dhatêng Kadipala, griya kagungan nagari. Wiwit taun wau lajêng dados klinik nagari, sadaya waragad kaparingan saking nagari dalah jampi-jampinipun saking apotik panti usada, mênggah ingkang kapulasara wontên ing panti roga punika botên namung

--- 26 ---

putra santana tuwin abdi dalêm kemawon, dalah kawula dalêm sanèsipun ugi kenging nyuwun kapulasara wontên ing ngriku, dene prabeyanipun kadamêl mayar, malah tumrap têtiyang ingkang têtela miskin, kaparingan pitulungan lêlahanan. Wondene ingkang kaparingan jampi saking apotik panti usada kasbut nginggil botên namung putra santana dalêm tuwin abdi dalêm saanakrabinipun, dalah kawula dalêm ingkang miskin ugi kaparêng nyuwun jampi ing ngriku.

KamajêngnKamajêngan. praja dalêm botên namung wontên saening kitha cacahing pamulangan tuwin sanès-sanèsipun kados ingkang sampun kasbut ing nginggil, dalah kawontênanipun tatanan sarta pranatan-pranatan ugi tansah kagalih sagêdipun cocok kalihan jamanipun, upaminipun wiwit taun 1917 nagari angwontênakên riksêblad (Rijksblad) minôngka papan kangge angundhangakên pranatan nagari saha pranatan dalêm kados dene Staatsblad ing guprêmenan, sadèrèngipun wontên riksêblad wau manawi nagari angundhangakên pranatan namung kawrat ing sêrat kabar tuwin sêrat-sêrat sêbaran ingkang katèplèkakênkatèmplèkakên. ing panggenan ingkang sagêd kasumêrêpan ingakathah, kangge amiyarakên têbanipun angundhangakên pranatan-pranatan punapa dene kangge papan ngêwrat pakabaran ingkang opisil saha kalamôngsa kangge ngêwrat karangan ingkang mêngku pitêdah dhatêng abdi dalêm sarta kawula dalêm. Rêrigênipun nagari kala taun 1921 kawêdalakên sêrat kabar ingkang kawastanan Kabar Paprentahan. Kabar Paprentahan wau saminipun ing guprêmenan Javasche Courant dumugi samangke adêgipun sampun 15 taun, dene oplah (oplaag)-ipun wontên antawisipun 1800. Nêmbe punika nagari angwontênakên bêbadan ingkang kapatah milihi pranatan-pranatan kina, ingkang sapunika kathah ingkang sampun botên tumindak, pranatan ingkang sampun botên prayogi tumrap ing samangke karembak, ingkang taksih kenging katindakakên lajêng badhe kaewahan kalaras kalihan kawontênan sapunika, bab tatanan kantor wiwit wulan Sèptèmbêr 1931, kantor kapatihan katata enggal, kajawi sanès-sanèsipun, ugi kawontênakên golongan ingkang maligi manah bab saening ekonominipun kawula dalêm, langkung-langkung ingkang gandhèng kalihan pasitèn (Landbouwtechnisch, Landbouw-economisch sarta Agrarisch politisch) kalihan malampah nagari sapunika ngabdèkakên lare pangajaran punapadene balanjanipun abdi dalêm sasagêd-sagêd ugi kagalih kasamèkakên balônja ing guprêmenan. Bab kawontênaning panti pidana inggih punika pakunjaran kangge santana dalêm gandhèngipun kalihan pangadilan pradata agêng, ing samangke sampun katata satatanipun pakunjaran (gevangenis) ingkang modern sarta sampun asring kapriksa insêpèkturipun kangjêng guprêmèn tampi pangalêmbana. Dene ewah-ewahan tatanan ingkang pantês dados pangalêmbananing ngakathah, inggih punika ewahing tatanan siti. Tatanan enggal punika tumindakipun kala taun 1917 inggih punika siti gadhuhanipun putra santana tuwin abdi dalêm sami kapundhut kondur. Siti wau lajêng kaparingakên dhusun ingkang lajêng dados gadhuhanipun kawula dalêm tiyang alit. Tatanan punika lajêng sagêd anjalari majêngipun sarta kêkahipun dhusun, amargi lajêng kenging kawastanan madêg piyambak, dhusun-dhusun wau lajêng anggadhahi kas dhusun ingkang kawontênanipun kenging kawastanan santosa, dumugi samangke arta kas dhusun wau wontên antawisipun satunggal satêngah yuta.

Tutuping karangan punika, ringkêsipun anggènipun gusti pêpundhèn kita tansah anggalih dhatêng sae sarta prayoginipun praja dalah saisinipun botên badhe amung cêkap kèndêl samantên kemawon, praja dalêm Surakarta kêdah taksih kagalih ajêngipun, sampun ngantos kantun kalihan jamanipun.

--- 27 ---

Kamajêngan Dalêm ingkang Gêgayutan kalihan Agama Eslam.

Panjurung saking Abdi Dalêm Rèh Kawadanan Yogaswara.

Gambar dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana têdhak jumngahan, kapotrèt wontên ing markis Masjid Agêng.

[Grafik]

1. Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X.

2. Sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

3. Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom (kaping V sumare ing Imagiri) abdi dalêm pangulu andhèrèkakên dumugi palampahan sangajênging masjid.

Wiyosipun, sampun dados pariwaranipun ing praja pundi-pundi sabên para panjênêngan nata utawi para pangagêng nuju tingalan wiyosan tumbuk, utawi jumênêng sampun samantên taun, punika tamtu dipun luhurakên, dipun pahargya, dipun wiwaha saha dipun pèngêti lêlabêtanipun ingkang gêgayutan kalihan kamajêngan umum, saha karaharjaning praja tuwin sanès-sanèsipun.

Ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb warsa Alip 1867, punika tumrap ing praja dalêm Surakarta Adiningrat, nama dintên ingkang minulya sangêt, pantês dipun pèngêti, awit dintên wau amarêngi tingalan dalêm wiyosan taun Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X, tumbuk yuswa 72 taun, kula sadaya sami wajib sukur ing Hyang ingkang Maha Agung. Dening gusti pêpundhèn kula ginanjar yuswa panjang, langkung saking yuswa golib, inggih punika yuswanipun eyang dalêm gusti panutan Kangjêng Nabi Mukhammad S.A.W. dumugi 63 taun, mila sampun pantês sangêt dintên tingalan dalêm ingkang [ing...]

--- 28 ---

[...kang] minulya punika dipun urmati saha dipun pèngêti ingkang atêgês angluhurakên asma dalêm saha mêmuji kasugêngan dalêm.

[Grafik]

Gambaripun para bandara kangjêng pangeran putra saha santana dalêm ingkang sami andhèrèk wiyos dalêm jumungahan dhatêng Masjid Agêng.

Ing ngriki parlu mèngêti wiwit jumênêng dalêm angrênggani karaton dalêm Surakarta Adiningrat, dumugi tumbuk dalêm yuswa 72 taun punika tumrap babagan punapa kemawon kathah sangêt kamajênganipun, punapa malih tumrap agama Islam, dene ingkang parlu kaaturakên ing ngriki bab kamajênganipun agama Islam, namung kapêndhêt ingkang parlu tuwin adhakan kasumêrêpan ing ngakathah, dados namung kadamêl ringkês kemawon.

Sajumênêng dalêm punika yêyasan-yêyasan ingkang babagan agama kathah sangêt, mulyakakên kagungan dalêm Masjid Agêng wragadipun langkung saking satus èwu rupiyah, amila sapunika wujudipun lajêng èdi pèni sagêd cocok lan jaman (modhèrên), iyasan dalêm mênara ing Masjid Agêng wragadipun 35.000 rupiyah, warninipun pancèn èdi endah sayêktos, kadamêl saking gêwapên bêton, santosa tan prabeda lan sela kumalasa. Manara wau pambabaripun nalika amarêngi tingalan dalêm tumbuk yuswa 64 taun, wujudipun kados gambar ingkang kapacak ing suwalik punika.

Wiwit adêgipun mênara punika dumugi samangke tanpa kêndhat sabên wontên para mônca ingkang dhatêng nagari dalêm Surakarta, adhakan sami marlokakên ningali sarta nyuwun lilah minggah ing kagungan dalêm mênara wau, punapa malih tumrap para darmawisata saha sêkulwandhêling, prasasat kangge jujugan. Saya manawi nuju pasamuwan malêman sarta sakatèn, mawi sinorot ing dilah èlèktris agêng (suklih) bilih sinawang saking katêbihan sakalangkung nêngsêmakên, têmahan narik ing èngêtipun manah dhatêng wajibing ngagêsang (ngibadah ing Pangeran).

Sapunika anggêlarakên bab kulah wakap ing kagungan dalêm Masjid Agêng, ingkang gambaripun ugi kapacak ing ngriki,

--- 29 ---

kulah punika bêbêktènipun para muslimin, kaunjukakên ing saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan nalika amarêngi tingalan dalêm tumbuk yuswa 64 taun, kulah wau inggih dados sêkar lathinipun para têtiyang muslimin, anggènipun nyêkapi ing kabêtahan, mila pantês kaunjukakên kagêm pangèngêt-èngêt tingalan dalêm wau, dening kulah punika prayogi pasang rakitipun, sagêd nuju kajêngipun ingkang sami bêtah mêndhêt toya wulu (sêsuci) botên badhe kèthèr sanadyan ing môngsa pasamuwan agêng ingkang wulu sêsarêngan atusan, amargi saking cêkapipun sudhiyan toya ingkang saking sumur bur kainggahakên dhatêng kulah wakap wau sarana dayaning èlèktris, punika kenging katêmbungakên: pirantos sêsuci ingkang suci sayêktos, botên anguciwani.

Kagungan Dalêm Pamulangan Mambangul Ngulum.

Wiwit adêgipun sakolahan Mambangul Ngulum punika amarêngi dintên Akat tanggal kaping 20 Jumadilawal Alip 1835 dumugi tumbuk dalêm yuswa 72 taun punika ing petang ngadêgipun wau sampun 32 taun kalêrêsan tumrap adêging pamulangan Mambangul Ngulum wau inggih nama tumbuk 32 taun, mila inggih parlu kagêlar sawatawis kangge pèngêtan, ingkang parlu kaandharakên ing ngriki uwohipun kagungan dalêm madrasah (pamulangan) wau saking barkah dalêm agêng sangêt, ing salêbêtipun 32 taun wau sampun sagêd wontên babaran murid ingkang tampi saadah (tampi sêrat partisara, tamat pasinaonipun), gunggung murid 530 cacah samantên wau ingkang saking salêbêting nagari dalêm Surakarta 452, ingkang saking sajawining Surakarta 78, racak-racakipun sataun 18.

Dene kawontênanipun kagungan dalêm pamulangan Mambangul Ngulum wau saya dangu saya majêng, dumugining samangke para warganing kumisi ingkang tinanggênah anggulawênthah Mambangul Ngulum santun enggal, kapilih ingkang pêpak kawruhipun, kados ta: dhiplomah midhêlbar ondêrwis, sêtudhi pontênwontên. Mêkah jajahan 10 taunan, dangu sangêt sinau wontên pondhokan sanès-sanèsipun, cêkakipun pêpak.

[Grafik]

Amila sapunika pangajaranipun saha saadahipun (dhiplomah) Mambangul Ngulum saya inggil, dumugi klas VII C (pasinaon sadasa taun) ugêr tilas siswa wau sampun praktik sawatawis taun, punika têmtu sampun nyêkapi kangge nyêpêng khukum Islam, mila siswa ingkang sampun nyêpêng saadah wau wontên ing pundi-pundi panggenan kaanggêb sah kasagêdanipun dhatêng khukum Islam, saupami rustêripun Mambangul Ngulum punika wêwahan phag satunggal êngkas, bab tatakrama, kados saya prayogi.

Kabêkta para abdi dalêm pamêthakan sampun kathah ingkang saadah Mambangul Ngulum wau lajêng katingal cêtha bilih adêging madrasah Mambangul Ngulum anjalari kamajêngan lan wêwahing kasagêdanipun para kawula saha abdi dalêm, ingkang ngantos sagêd nututi ajênging jaman, sumêbar lan tangkar-tumangkaripun wulangan saking kagungan dalêm madrasah Mambangul Ngulum katingal [ka...]

--- 30 ---

[...tingal] rikat, awit murid ingkang sami saadah wau ugi kathah ingkang sami dados guru wontên ing salêbêt saha sajawining nagari dalêm Surakarta malah ngantos wontên ingkang dados guru madrasah ing tanah Sumatra, Sêlèbês, Burneo. Kagungan dalêm madrasah Mambangul Ngulum pancèn dados sumbêring kawruh agami Islam, ngantos dados papan puruhitanipun têtiyang ing saindênging nuswa Jawi. Ing salêbêting praja dalêm kemawon ing kitha sarta dhusun-dhusun adêgan masjid saha salat barjamangah, jumlah katingal saya wêwah-wêwah kathah, punika ambok manawi inggih saking dayaning lare kursusan saking kagungan dalêm pamulangan Mambangul Ngulum wau.

[Grafik]

Gambar kagungan dalêm Masjid Agêng, surambi saha kulah wakap, kasawang saking sisih wetan. Ing sangajênging kulah punika para panityaning komite.

Bab Kutbah.

Awit saking kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana wiwit nalika dintên Jumngah Pon tanggal kaping 27 Sura Dal 1823, kutbah ing dintên Jumngah saha sanèsipun kadhawuhan maknani mawi basa Jawi, punika para muslim sami kapranan sadaya, dening para ingkang sawêg mèdêm dhatêng basa Ngarab lajêng sagêd gambêlang panyuraosipun kutbah wau, mila botên lôngka kutbah maknan sapunika sampun sumêbar satanah Jawi. Sumêbaring kutbah maknan wau sampun 44 taun lastari, dados têtuladan ing pundi-pundi nagari mèh sadaya kutbahipun mawi dipun maknani têmbung Jawi, mila inggih botên anèh para muslimin anggènipun anglampahi kuwajibanipun saya gumrêgut, langkung malih sapunika ing Masjid Agêng kaparingan mikropun saha lutsêprèkêr ingkang sagêd mancarakên swara dhatêng surambi saha pawèstrèn, [pawèstrè...]

--- 31 ---

[...n,] punapa malih kutbah wau sapunika kakintunakên radhio dhatêng ing pundi-pundi lumantar sèndhêr sri punika saya agêng munpangatipun, dening saya jêmbar têbanipun, prasasat tiyang saindênging bawana sami sagêd mirêngakên swaraning kutbah saking kagungan dalêm Masjid Agêng. Dados ingkang amurwani utawi iyasa sarta anyêbarakên kutbah mawi dipun têgêsi basa Jawi punika Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. X. punika nama nocogi akaliyan swarga rama dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. IX. amargi suwarga dalêm wau kaparêng angudi lan amarsudi dhatêng babagan kutbah amila sarêng sampun lêbda inggih lajêng asring kaparêng anyarirani maos kutbah wontên ing Masjid Agêng, ingkang makatên wau pancèn kaluhuran sangêt, amargi wiwit jaman para sakabat ingkang sami jumênêng nata (kalipah) Sayidin Abu Bakar sapangandhap, inggih ugi sami kaparêng nyarirani maos kutbah, jêr suraosing kutbah wau angêwrat wêwarah pitêdah lan pêpacak, punapadene wasita tama tumrap dhatêng ngakathah (umum).

[Grafik]

Gambaripun murid ingkang tampi saadah ing taun kapêngkêr.

Bab Manjinging Wêkdal Salat.

Nalika wulan Mulud taun Alip, dados inggih salêbêtipun tumbuk dalêm yuswa 72 taun punika, ing Masjid Agêng tampi paringan dalêm prabot ningali wêkdal kottul istiwak (bêncèt) ingkang wujudipun èdi pèni sangêt, kacariyos barang wau damêlan saking Portêgal sarta saking Paris, kadamêl saking kuningan saha marmêr (sela cêndhani) pirantosipun sasampuning kapasang ing papan waradin (panggènan masang bêncèt) ingkang wujud kados mriyêman alit dipun lantaki, ing sumbon dipun dèkèki obat, surya kôntha ingkang kapasang ing pirantos ingkang kangge ngingar-ngingêr tuding kalêrêsakên ing pêrnahing garis ingkang wontên sêratanipun wulan Januwari salajêngipun, dados ing saingsêring srêngenge surya kôntha wau manut kemawon, bilih dumugi wanci têngahnge, [têngah...]

--- 32 ---

[...nge,] manjinging wêkdal luhur jam 12 siyang istiwak, srêngesrêngenge. pênêr têngahing surya kôntha sorotipun lajêng ngênêr dhatêng sumbon, mriyêman lajêng mungêl kados swaraning sanjata ing ngriku lajêng dipun sarêngi kagungan dalêm bêdhug. Cêkakipun pirantos wau tumrap wujud lan kanggènipun kados nocogakên waktu nama botên anguciwani sayêktos.

Awit saking kamirahan dalêm anggèning tansah anggalih utawi mulyakakên adêging agama Islam, bilih kaprinci badhe botên cêkap papanipun, jalaran kenging kawastanan pawicalan kathahipun, punapa malih bab kêkucah dalêm (sadakah dalêm) dhumatêng kawula dalêm ingkang nyuwun pamit anglampahi kaji dhumatêng Mêkah, dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan Islam ingkang tumujuning ancasipun dhatêng babagan kaislaman, lumintu botên wontên pêdhotipun.

Mangsuli Bab Bêncèt.

Bêncèt punika kajawi kangge ningali wêkdal têngah nge (bêdhug siyang) ugi nêdahakên salining môngsa (mingsêring môngsa 1 dhatêng môngsa 2 sapiturutipun) sarta ing ngriku ugi wontên pandom ingkang sagêd nêdahakên wêkdal jam wontên ing sadhengah wanci ugêr surya botên pinuju kalingan, kagungan dalêm bêncèt punika pancèn satunggiling pirantos praboting agami ingkang adi luhung saèstu.

[Grafik]

Gambar dalêm Saandhap ing Sampeyan Dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX, kagambar taksih mangagêm-agêman miyos Jumngah ing Masjid Agêng, yuswa dalêm nalika ± 40 taun.

[Grafik]

Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom, kaping VI.

Nalika jaman dèrèng wontên sêpur tuwin têtumpakan warni-warni kados jaman sapunika, manawi saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun têdhak pêpara dhumatêng pasanggrahan, môngka ing ngriku dèrèng wontên masjidipun, kados ta ing pasanggrahan Parangjara, pasanggrahan ing Têgalgônda saha sanèsipun punapadene têdhak mapag tamu guprênur jendral dhumatêng watêsing praja dalêm Surakarta, inggih punika ing Salatiga, ing Prambanan utawi ing Purwadadi. Têdhak dalêm wau kajawi mawi upacara kaprabon dalêm kados adat manawi têdhak mapag tamu guprênur jendral, ugi mawi ampilan bêdhug tuwin bêncèt.

Abdi dalêm pangulu sakarerehanipun katib, ngulama, muadin, kabayan, marbot, sami andhèrèk têdhak dalêm wau, saha majibi pasang bêncèt sarta ngungêlakên bêdhug sabên ing wanci jam 12 siyang (luhur) jam 3½ sontên (ngasar) jam 6 sêrap (mahrib), botên siwah kalihan tumindakipun [tuminda...]

--- 33 ---

[...kipun] ing Masjid Agêng. Mila bêdhug Kyai Wahya Têngara wau katêlah nama bêdhug jendral. Dene bêncèt ingkang kacêtha ing gambar wau, kalêbêt bêncèt gagrag enggal, manawi bêncèt gagrag kina kadamêl saking kajêng pasagi mawi ancêr kados ingkang kawrat ing sêrat pranatan môngsa. Ngèngêti andharan ing nginggil punika têngara bêdhug suwantênipun adan, punika ugi kalêbêt dados upacaraning karaton dalêm Surakarta, awit saking makatên, amila saya cêtha sangêt bilih karaton dalêm Surakarta punika kalêbêt karaton Islam.

Ing ngandhap punika gambaripun bêncèt gagrag enggal ingkang kapratelakakên ing nginggil.

[Grafik]

Ing ngandhap punika gambaripun bêdhug, Kyai Wahyatêngara.

[Grafik]

Kados cêkap samantên kemawon kawontênan-kawontênan ingkang pantês kangge pèngêtan tingalan dalêm tumbuk yuswa 72 taun punika. Dene sih kamirahan dalêm Gusti pêpundhèn kula saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana dhumatêng adêg saha ajênging agama Islam sadaya wau. Kula sadaya têtiyang muslimin, tamtu botên badhe kasupèn, tansah amèngêti salami-laminipun, awit sampun têtela bilih jumênêng dalêm saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, punika ingatasipun kalihan lampahing agama Eslam, cocog sangêt kalihan sêsêbutan dalêm panêtêg panatagama, manawi caranipun cêcriyosan ringgit purwa, kenging saha cèplês sangêt sinêbut nata pandhita ingingkang. mahambêg amênyan kobar, saking pamujinipun para abdi dalêm kawadanan yogaswara, gusti pêpundhèn kula mugi dinirgakakên ing yuswa, awèt dados pantampandam. pangaubanipun para garwa putra santana abdi, sumarambah para kawula sadaya.

Mênggah unjuk pêpuji punika mugi anartanana tumrap sarira dalêm pramèswari nata Gusti Kangjêng Ratu Êmas, wusana mugi ingudanenan dening Pangeran.