Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pakubuwana V, Soemosapoetro, 1956, #721

Katalog:Pakubuwana V, Soemosapoetro, 1956, #721
Sambung:-

Serat Babad Amengeti Lalampahandalem: Sampejandalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Susuhunan Pakoe Boewono Senopati Ing Ngalaga Ngabdurrachman Sajidin Panata Gama Ingkang Kaping: V: Ing Surakarta Hadiningrat

--- 0 ---

Kawedalaken dening: Pagujuban Darahdalem Pakoe Boewono: V: Surakarta

--- 0 ---

Purwaka

Sinom

1. Mêkaring tyas tumaruna / lir taru katrêsan riris / mangkana sotaning driya / Paguyuban Trah Narpati / kaping gangsal mandhiri / ing Surakarta praja gung / amangun babadira / laksitanira Sang Aji / wiwit miyos ginita praptèng surudnya //

2. Tinaliti kang sêjarah / kang nêrahkên narapati / myang pratelaning pra putra / mèt wêwaton pèngêtaning / karaton dalêm tuwin / anut dongènging pra sêpuh / amrih dadya tuladha / mring trahira dimèn ngudi / mardi budya ambêk darma martotama //

3. Ingkang piniji mangripta / yèku Radyan Mas Sumantri / Sumosaputro kalawan / binantu Radyan Mas Panji / Wangsèngkusumo tuwin / Dyan Mas Ngabèi sinêbut / Tiknopranoto lawan / kadang ingkang amumpuni / Rahadyan Mas Ngabèi Atmowidagdo //

4. Dyan Mas Bèi Yudoprojo / ugi wasis sastra niti / kaping gangsal Dyan Mas Lurah / Atmosudarmo sêsilih / kanêmira winarni / iyèku ingkang sinêbut / Dyan Mas Cokrosumitro / samya saeka sakapti / ambiyantu mrih prana pranawèng karya //

5. Titimasaning pangripta / Rêbo Kliwon amarêngi / sajuga wulan Mucharam / warsa Be sangkalèng warsi / brahmana asta sami / angèsthi panunggalipun (1888) / wugu windu Sêngara / ing mangsa Karo marêngi / kaping wolu Agustus sangkalèng warsa //

6. Rasa lima pambukanya / ngaurip (1956) mangkya kang nganggit / minta gungan pra nupiksa / mugi kasdu sung wêwahing / pèngêtan myang pêpeling / dongengan mrih saya wimbuh / sampêting kang pustaka / babadira Sang Narpati / kaping gangsal musthikaning Surakarta //

Juru pangripta

[Tanda tangan]

(R.M. Sumantri Sumosaputro)

--- 1 ---

Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping: V: ing Surakarta Adiningrat, wêkdal nalika taksih timur asma R.M.G. Sugandi, putra dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping: IV: ing Surakarta Adiningrat, wêkdal nalika taksih jumênêng K.G.P.A. Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping: II: ing Surakarta Adiningrat, miyos saking B.R.Ay. Adipati Anom.

B.R.Ay. Adipati Anom punika atmajanipun R. Adipati Cakraningrat bupati ing Pamêkasan Madura. Wondene asal-usulipun badhe kapratelakakên ing wingking.

Wiyosan dalêm amarêngi ing dintên Anggara Kasih tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir taun Dal 1711, sinêngkalan: narpa putra kaswarèng rat, utawi kaping: 15 Pebruari 1785 sinêngkalan: tataning bujangga amulang putra, wanci jam 1 siyang wuku Tambir windu Adi. Miyos dalêm wontên ing kadipatèn salêbêtipun dhatulaya Surakarta Adiningrat.

Nalika R.M.G. Sugandi yuswa ±1½ warsa, ibu dalêm B.R.Ay. Adipati Anom seda. Awit saking kaparêngipun K.G.P.A. Anom, layonipun garwa dalêm wau kasarèkakên ing Astana Lawiyan, kaprênah sakilèn pangimaman masjid Lawiyan. Parlunipun K.G.P.A. Anom sagêd asring anuwèni pasareanipun garwa dalêm, labêt saking taksih kandêl sih katrêsnan dalêm dhumatêng garwa dalêm. Sarêng jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun kaping V, ibu dalêm wau kawisudha sêsêbutan saha asma: Kangjêng Ratu Pakubuwono, nanging pasareanipun taksih lastantun wontên ing Astana Lawiyan.

Awit saking tinilar seda ing garwa, K.G.P.A. Anom sakalangkung singkêl ing wardaya, ngantos sawatawis candra botên sagêt lipur. Nanging pêpuntoning panggalih dalêm lajêng pinupus dhatêng pêpêsthèning lêlampahan, jêr manungsa punika namung sadarmi anglampahi.

K.G.P.A. Anom sawêg lipur sawatawis warsa kataman sungkawa malih, inggih punika rama dalêm sampeyan

--- 2 ---

dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping III: murud dhumatêng kasidan luhung, amarêngi ing dintên Jumuwah Wage tanggal kaping: 25 wulan Dulkijah taun Jimakir 1714 sinêngkalan: keblating jagad wasitaning urip utawi kaping 26 Sèptèmbêr 1788 sinêngkalan: ngèsthi salira wasita tunggal, wanci jam 11 siyang wuku Wayang windu Adi. Sasampunipun paripurna layon dalêm kasarèkakên ing Astana Imagiri ing kadhaton kaswargan.

Watawis 3 dintên saking surud dalêm wau, amarêngi ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping: 28 wulan Dulkijah taun Jimakir 1714 sinêngkalan: dadi raja sabdaning rama, utawi kaping: 29 Sèptèmbêr 1788 sinêngkalan: brahmana asta amulang raja, wuku Kulawu windu Adi, K.G.P.A. Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping:II: kajumênêngakên narendra, anggêntosi kaprabonipun rama dalêm, ajêjuluk asma: Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping IV: ing Surakarta Adiningrat, apêparab: Sinuhun Bagus. Nalika samantên yuswa dalêm sawêg 20 warsa langkung 7 candra.

Watawis 3 warsa saking jumênêng dalêm nata, awit saking kaparênging karsa dalêm badhe nambut silaning akrami. Ingkang badhe kapundhut pramèswari wau ingkang rayi B.R.Ay. Adipati Anom ingkang sampun sawarga, asmanipun: R.Aj. Sakaptinah, sami putranipun R. Adipati Cakradiningrat, bupati ing Pamêkasan Madura, dados nama ngarangulu.

Krama dalêm amarêngi ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 16 wulan Dulkijah taun Jimawal 1717, sinêngkalan: pandhita luwih kalokèng rat, utawi kaping 17 Agustus 1791 sinêngkalan: janma sanga anabda tunggal, wuku Kulawu windu Kunthara, mawi pamiwahan agêng-agêngan, pakajangan ngantos 40 dintên. Pramèswari dalêm wau kapatêdhan asma saha sêsêbutan: Kangjêng Ratu Kênconowungu.

Watawis sawarsa kalihan krama dalêm, R.M.G. Sugandi sanadyan sawêg yuswa 7 warsa langkung 8 candra

--- 3 ---

ugi lajêng kajumênêngakên pangeran adipati anom, ajêjuluk K.G.P.A. Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping III ing Surakarta Adiningrat, amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 24 wulan Dulkijah taun Je 1718 sinêngkalan: naga raja tinitihan janma, utawi kaping: 13 Agustus 1792 sinêngkalan: nêmbah dewa kaswarèng jagad, wuku Madhangkungan windu Kunthara, sabibaripun pakêpung. Lênggahipun anyêpuhi K.G.P.A. H. Mangkunagoro ingkang kaping II.

Amarêngi ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping: 5 wulan Mucharam taun Alip 1723 sinêngkalan: guna paksa sabda raja, utawi kaping: 11 Juli 1796 sinêngkalan: rasa pambukaning sabda jati, wuku Mandhasiya windu Sêngara, awit saking kaparênging karsa dalêm Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV putra dalêm K.G.P.A. Anom kaparingan ganjaran wêwahing asma Hamêngkunagoro. Dados wêtahing asma dalêm K.G.P.A. Anom Hamêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping III ing Surakarta Adiningrat.

Sabibaripun supit, K.G.P.A. Anom tansah winêlêg ing salwiring kawignyan sarta kagunan, punapadene aji jaya kawijayan tuwin guna kasantikan lan sapanunggilanipun. Para abdi dalêm ingkang linangkung kasagêdan sarta kagunanipun, sami kadhawuhan amulang muruk dhumatêng K.G.P.A. Anom, kados ta babagan: kasusastran, karawitan, katuranggan, kaprajuritan, kawruh paniti praja lan sasaminipun. Ingkang sinuhun piyambak ugi botên kêndhat anggènipun paring piwulang dhumatêng K.G.P.A. Anom, supados têmbenipun sagêt anêtêpi kawajibaning narendra utama amêngku praja tuwin kawula, jer tata-têntrêming kawula punapadene kartaraharjaning nagari punika namung gumantung saking daya prabawanipun ingkang jumênêng narendra.

Wulang dalêm wau kajawi ingkang kawrat ing sêrat piwulang kina-kina, ugi kados ingkang kawêdhar ing ngandhap punika:

Kulup Pangeran Adipati Anom, ing têmbe sira bakal jumênêng narendra amêngku praja lan kawula, anggêntèni kaprabon ingsun sarta dadi wêwakiling Hyang Agung, rumêksa marang tata-têntrêming kawula sarta karta raharjaning nagara. Marmane sira bêcik anelada pambêgane para ratu ing kuna-kuna kang wus kawêntar

--- 4 ---

kautamane, yaiku anganggoa ambêg 4 prakara:

1. Tanuita, têgêse kang bisa nênarik marang katêntrêmaning ati.

2. Darmaita, yaiku pangêrèhira marang para santana abdi sarta kawulanira kang kalayan mêrakati, supayane para santana, abdi sarta kawulanira pada sumusup datanpa sangsaya.

3. Tumraping para wadyanira bisaa nganggo ambêg samaita, yaiku ulah tatakrama, anglungguhi traping pêpangkatane, amarga yèn rinêksa pranatane mau minangka dadi têtali amrih widadaning praja. Sangkêpe bisaa padha lêbda marang kridhaning paprangan.

4. Saraita atêgês sêngsêm ulah lêlungit, miwah wajib amèngêti bratane Nata Binathara Sri Krêsna Dwipayono ing Yawastina. Labêting nata pandhita prabawane anartani ayêm saisining bawana, sumusupe sêmu asih, dene kang ditindakake: samabeda - danadhênda. Yaiku manawa asih aja nganti kawistara, ing laire dipadha bae. Beda trumrap pamatahing karya, aywa nganti worsuh. Kang agal miwah kang alus saringên ywa kongsi klera-klèru. Trape kang sinêbut dana, yèn ngadili datanpa pamrih. Dene kang dèn arani dhêndha, iku traping pamidosa anuhoni anggêring praja, aywa nganti pilih kasih. Nadyan marang santana warga, aywa mingsêt saka têtêping adil. Amung sarèhning wêwêngkon praja Surakarta iku jêmbar têbane, langka bisane nyumurupi ing sawiji-wiji. Marmane pangrênggêping samabeda, manawa amrih ayuning praja aywa ngetung kadang warga, kabèh bae rêngkuhên padha. Dene bedane mung wêruhana, ala bêcike silahên lawan waspada. Kang ala yogya pinapas sakawasa pinrih bêcike. Ewadene manawa mêksa puguh, nuli dohêna, awit iku wisa kang agawe rusak. Dene martaning nagara, sing sapa nêdya rumêksa, kanthinên minangka rowang, supaya sira bisa anyumurupi saniskara gêlaring wêwêngkonira.

--- 5 ---

Kajaba anindakane ambêg 4 prakara kaya kang wus ingsun pangandikakake mau kabèh kulup, isih akèh piwulang-piwulang ingsun marang sira, minangka kanggo gêgaran jêmênêngjumênêng (dan di tempat lain). narendra utama rumêksa marang katêntrêmaning nagara lan kawula. Marmane wigatèkna:

1. Sakèhing piwulang bêcik andhèmana lan sarupane layang-layang wacanên kabèh. Sira aja kongsi nampik marang kawruh, lire lamun sira wus matuh marang wêwarahing kabêcikan, mêsthi kadunungan kanikmatan.

2. Simpêna bandha mas slaka, minangka kanggo prabeya karahayoning praja, santana, wadya lan kawulanira, lire lamun sira bisa nylamêtake samubarang kang dadi têtanggunganira, bakal bisa widada wimbuh kuncara anggonira ngasta pusaraning praja.

3. Kawulanira padha paringana pangan lan kabungahan, sarta umbarên dimèn padha sumuyut. Kang mangkono iku sira jênêng wêruh marang tata pranata sarta nyumurupi marang kaparluwaning kawulanira.

4. Anggonira anindakake rumêksa praja lan kawula santosakna, marmane sira angèsthia kasarasan lan pangadilan sarta wêruha marang kabêcikan, têgêse mangêrtia marang kagunan lan lêlabêtaning kawulanira.

5. Rêksanên pratingkahira kang rahayu supaya lastarine, marmane sakèhing tindak-tanduk kang tumuju marang kamurkan cêgahèn, sartane aywa nindakake panyamah marang sapadha-padha, luwih manèh marang para nandhang kaswasih. Kang iku kulup, lamun sira wus mangêrti marang kang anjalari rahayu, sira wus kêna sinêbut sudibya (linuwih).

6. Sira aywa kêndhat anggonira amawas solah tingkahing wadyanira sarta digarètèh anggonira amituturi lan mulang muruk marang kabêcikan, lire manawa wadyanira padha sumurup marang kabêcikan, anjalari luwih tumêmên anggone padha

--- 6 ---

rumêksa marang ratu gustine.

7. Talitinên lawan tilingna kang dadi bot repote kawulanira, awit iku wus dadi sêsanggêman sarta kawajibaning narendra.

8. Sabên sasine sira maringana pangan marang para ahli pujabrata, murih padha anggêdhèkake rahayuning praja lan yuwananing ratu. Yèn mangkono sira bakal sinêbut ing jagad lamun sira iku ratu kang mahambêg mardu.

9. Lamun sira anggêganjar marang wadyanira, luwih prayoga katitisake dhihin. Utusana nalisik angyêktèkake. Manawa wus prayoga tumuli paringana. Manawa mangkono, kagunane wadyanira kang ginanjar mau mêsthi banjur tambah santosa lan atine tambah pangèdhêpe marang ratu gustine. Mungguh sajatine kulup, sira iku bangêt diasihi ing wong akèh. Babasan kaya asihing wong marang sêsotya, lire asihe mau kanti amêngku pamrih.

10. Wruhanira kulup, kawajibanira iku rumêksa marang tata têntrêming kawula sarta karta raharjaning nagara. Marmane sarupane pamidikan, pasêmbahyangan, têtanèn, dalan-dalan, sêndhang-sêndhang, pancuran-pancuran, tambak-tambak, pasar-pasar lan sapêpadhane kang dadi kabutuhane kawulanira, pada ruktinên kang prayoga.

11. Amawasa marang wadyanira kang kadunungan kamurkan, awit wong kang mangkono mau sok dhêmên wêwadul ngandharake alaning liyan. Marmane pandêngên dèn nastiti dikaya pamawasira marang solah tingkahing durjana. Ewadene manawa Wêadule mau bên, cathêtên ing wardayanira. Nanging manawa wèwadule mau goroh, banjur patrapana paukuman samurwate.

12. Dèn ngati-ati lan nastiti lamun sira arsa amatrapi paukuman dosa pati marang wadyanira. Prêkarane talitinên sarta sarasèhêna kang barêsih marang para ahli kukum, mangkono uga lamun sira arsa anggêganjar sarta pêparing, yaiku matitisna pêparing lawan pangukum.

--- 7 ---

Sarêng K.G.P.A. Anom sampun dewasa, awit saking kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun, dipun kramakakên kalihan putranipun R.M.H. Joyodiningrat. Salajêngipun kapatêdhan asma saha sêsêbutan: B.R.Ay. Adipati Anom Hamêngkunagoro. Akhiripun sarêng K.G.P.A. Anom jumênêng narendra, garwa dalêm ugi lajêng kajumênêngakên ratu kapatêdhan asma saha sêsêbutan: G.K Ratu Mas (Agêng).

Sarèhning K.G.P.A. Anom tansah winêlêg ing piwulang-piwulang sarta kawruh-kawruh punapadene kagunan-kagunan lair miwah batos, pramila sugêng dalêm kathah têtilaranipun ingkang minangka pracihna bilih K.G.P.A. Anom wau linangkung sayêktos, kados ta:

1. Bab tosan aji. Kabuktèn bilih wontên yasan dalêm curiga ingkang dipun tapak astani piyambak. Nalika yasa curiga wau wontên ing kadipatèn, dipun ladosi para abdi dalêm pandhe êmpu saandhahanipun. Swaranipun palu dhumawahing paron pating carêngkling, ngantos kapiyarsa saking salêbêting kadhaton. Ingkang sinuhun dupi miyarsa swantên pandhe wontên ing kadipatèn, kaparêng têdhak dhumatêng kadipatèn, arsa anguningani barang punapa ingkang dipun garap putra dalêm wau. Kalêrêsan wêkdal têdhak dalêm ingkang sinuhun dhumatêng kadipatèn sampun wontên curiga ingkang dados babaran. Curiga kaunjukakên Rama dalêm. Sarêng ingkang sinuhun angunus curiga wau, sakalangkung kagyat salêbêting wardaya, ngungun anguningani wujuding curiga, dening saening tangguh sarta garapipun. Saking unjukipun K.G.P.A. Anom, bêbakalanipun curiga wau saking lêburan mariyêm Kyai Gunturgêni. Kasêbut ing sêrat Babad Kartasura, Kyai Gunturgêni punika mariyêm ingkang kangge nanggulangi wêkdal pêrang Pacina, nanging lajêng sumyur. Pêcahanipun Kyai Gunturgêni wau sagêd amêjahi wadyabala Cina, dene mimisipun sagêd andhawahi komandhaning Kumpêni Walandi ingkang jagi wontên ing Loji. Dados anelakakên bilih tosanipun ampuh sangêt. Awit saking kaparêng dalêm [dalê...]

--- 8 ---

[...m] ingkang sinuhun, curiga wau kaparingan nama Kyai Kagèt, kajumbuhakên kalihan raosing panggalih dalêm wêkdal angunus curiga wau, dene sakalangkung kagèt raosing panggalih dalêm. Miturut gotèk, Kyai Kagèt wau sampun nate kacobi kangge anggêbang wuluhing sanjata, sagêt tugêl dados kalih, nanging curiga botên rêmpil. Dhawuh dalêm ingkang sinuhun, Kyai Kagèt kaparêng kangge pusaka ing kadipatèn. Yasan dalêm curiga botên namung satunggal Kyai Kagèt kemawon, nanging taksih kathah têtunggilanipun.

2. Kawignyan dalêm dhatêng babagan undhagi kalêbêt awig ukir-ukiranipun, kacihna bilih gupala ingkang winangun sirahing rasêksa minangka kangge rêrêngganing baita, ingkang salajêngipun kaparingan nama Kyai Rajamala, punika tapak asta dalêm piyambak, wiwit bêbakalan ngantos dumuginipun wujud gupala. Samangke Kyai Rajamala kapitontonakên wontên ing Musium Radyapustaka Sriwêdari. Kawontênanipun sakalangkung wingit. Miturut katêrangan saking Musium Radyapustaka, sabên ing dintên malêm Jumuwah sarta malêm Anggara Kasih, Kyai Rajamala dipun sajèni awarni: sêkar sêtaman, wedang kopi sarta srabi abrit pêthak. Sampun nate kalampahan wêkdal Kyai Rajamala kasuwun ngampil dhatêng kitha Sêmarang parlu kapitontonakên ing tentoonstelling, kintên-kintên ing taun masèhi 1912, kasupèn botên dipun sajèni kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, têmahan ngêdalakên daya prabawa sarta pangeram-eram, ingkang anjalari sawênèhing anak Walandi dhawah kalêngêr, jalaran ngangge dolanan rambut tuwin brêngosipun Kyai Rajamala, wontên malih ingkang ewah èngêtanipun. Awit saking makatên wau, Kyai Rajamala lajêng kakundurakên dhatêng Musium Radyapustaka, sinaosa tentoonstellingipun dèrèng bibar.

Wondene anggènipun K.G.P.A. Anom kagungan karsa yasa gupala Kyai Rajamala kasêbut nginggil,

--- 9 ---

gotèkipun makatên:

Wêkdal nalika samantên sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV sawêg rêngu dhumatêng pramèswari dalêm K. Ratu Kênconowungu, ngantos sawatawis candra botên wawan pangandika, malah têmahanipun lajêng dipun kiwakakên (dipun kêbonakên).

K.G.P.A. Anom anguningani kawontênan makatên wau karaos-raos ing salêbêting panggalih dalêm lajêng anggarjita, bokmanawi ibu dalêm wau ngantos kakondurakên dhumatêng Madura, K.G.P.A. Anom piyambak ingkang sumêdya badhe andhèrèkakên.

Wêkdal samantên dèrèng wontên têtumpakan sêpur utawi montor, pramila K.G.P.A. Anom andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm kalang kadipatèn, kadhawuhan angrakit baita gembong, ingkang sagêt momot tiyang sawatawis kathahipun. Minangka kangge rêrêngganing canthiking baita, K.G.P.A. Anom anyarirani ngukir gupala winangun mukanipun R. Arya Rajamala.

Sarèhning baita Kyai Rajamala punika kalêbêt baita agêng sarta benjing badhe lêlumban wontên ing bêngawan Sala, wiwit saking Surakarta ngantos dumuginipun Madura, mila kangge anjagi kawilujênganing lampah, abdi dalêm êmpu Ki Brojoguno kadhawuhan damêl dhuwung ingkang panjang sarta santosa. Dhuwung sasampunipun ambabar kaparingakên nggadhuh dhumatêng abdi dalêm mantri pambêlah, minangka dados dêdamêlipun. Mênggah dhapuring dhuwung wau: warungsari,parungsari. luk 13, panjangipun 60 Cm., wiyaripun 8 Cm., dene panjangipun ganja 13 Cm. Samangke dhuwung kasbut ing nginggil ugi kapitongtonakên ing Musium Radyapustaka Sriwêdari.

Salajêngipun para abdi dalêm ing kadipatèn manawi sowan dintên pasewakan, kadhawuhan sami mangangge kaprajuritan.

Ingkang makatên wau andadosakên kampitanipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun, têmahan lajêng andangu dhumatêng putra dalêm K.G.P.A. Anom, punapa darunanipun, dene para abdi ing kadipatèn sabên sowan

--- 10 ---

dintên pasewakan sami mangangge prajuritan? Unjukipun K.G.P.A. Anom: namung siyaga ing damêl bokmanawi wontên kaparêng dalêm sawêkdal-wêkdal badhe angondurakên pramèswari dalêm dhumatêng Madura, K.G.P.A. Anom botên badhe kondur dhumatêng Surakarta, têrus badhe ndhèrèk ingkang êmbah R. Adipati Cakraningrat ing Pamêkasan Madura. Dene ing têmbe sasurud dalêm, ingkang kalilahakên gumantos kaprabonipun rama dalêm ingkang rayi K.G.P.H. Puruboyo. K.G.P.H. Puruboyo punika putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV ingkang miyos saking K. Ratu Kênconowungu, ingkang akhiripun jumênêng nata ajêjuluk asma: sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping VII ing Surakarta Adiningrat.

Sampeyan dalêm ingkang sinuhun miyarsa unjukipun putra dalêm K.G.P.A. Anom makatên wau, sakala trênyuh raosing wardaya. Ginalih-galih badhe botên prayogi kawêkasanipun. Sanalika wau ingkang sinuhun jêngkar saking palênggahan dalêm, lajêng angrangkul lungayanipun K.G.P.A. Anom kalayan arawat waspa, sarwi angandika bilih ingkang ibu K. Ratu Kênconowungu botên badhe kakondurakên dhumatêng Madura. Malah saking kaparênging karsa dalêm, sarèhning baita yasanipun K.G.P.A. Anom wau sampun mbabar, badhe dipun enggali, kagêm cangkrama sakalihan pramèswari dalêm saha para putra-putri dalêm sadaya. K.G.P.A. Anom ugi andhèrèkakên rama saha ibu dalêm anggènipun cangkrama baitan. Saking kaparêngipun K.G.P.A. Anom salêbêting baita dipun wontênakên lêlangên santiswaran, mawi dipun gerongi dening abdi dalêm wiraswara kadipatèn. Mênggah lagu dalah cakêpanipun anggitan dalêm K.G.P.A. Anom piyambak, kados ing ngandap punika:

Jamala, jamala sikile sèwu, jamala, jamala sikile sèwu, jamala sikile sèwu, Illaha ila, illaha ilolah.

--- 11 ---

Oyode, oyode suluring ati, oyode, oyode suluring ati, oyode suluring ati, illaha ila, illaha ilolah.

Uwite, uwite, jatining urip, uwite, uwite jatining urip, uwite jatining urip, illaha ila, illaha illolah.

Epange, epange keblat sêkawan, epange, epange keblat sêkawan, epange keblat sêkawan, illaha ila, illaha ilolah.

Godhonge, godhonge kalimah loro, godhonge, godhonge kalimah loro, godhonge kalimah loro, illaha ila, illaha ilolah.

Kêmbange, kitab sidik sêmara kanti, kêmbange, kitab sidik sêmara kanti, kêmbange kitab sidik sêmara kanti, illaha ila, illaha ilolah.

Pêntile, pêntile puji lan dikir, pêntile, pêntile puji lan dikir, pêntile puji lan dikir, illaha ila, illaha ilolah.

Ingkang makatên wau anjalari rêgêng salêbêtipun baita, satêmah andadosakên suka pirênaning panggalih dalêm sakalihan pramèswari dalêm, punapadene para pandhèrèk sadaya.

Sasampunipun kalêksanan cangkrama baitan, lalajêngipunlajêngipun. K. Ratu Kênconowungu katimbalan angêdhaton malih, ingkang makatên wau andadosakên sukaning panggalihipun K.G.P.A. Anom, dene anggènipun damêl rekadaya nglilihakên dukaning panggalihipun rama dalêm sagêd kasêmbadan. Dene kados punapa sukaning panggalihipun K. Ratu Kênconowungu wêkdal nalika samantên, botên sagêd pinêtha.

3. Dhatêng babagan kasusastran K.G.P.A. Anom ugi lêbda sarta lêbêt raosipun. Katitik bilih wontên yasan dalêm sêrat, kaparingan nama sêrat Cêntini. Sinaosa K.G.P.A. Anom botên anyarirani nganggit piyambak, nanging sadaya ingkang kawrat ing sêrat Cênthini wau saking dhawuh dalêm. Mênggah kaparêng dalêm nganggit sêrat Cênthini punika ing sakawit kaparingan sêrat piwulang saking rama dalêm

--- 12 ---

ingkang sinuhun, inggih punika sêrat Wulangrèh. Sarèhning miturut pamanggihipun K.G.P.A. Anom piwulang-piwulang dalêm ingkang sinuhun ingkang kawrat ing sêrat Wulangrèh punika kirang moncèr, pramila lajêng kaparêng yasa sêrat Cênthini, kenginga kangge têtimbanganipun sêrat Wulangrèh. Mênggah andharanipun ingkang kawrat ing sêrat Wulangrèh punapadene ing sêrat Cênthini makatên:

Ingkang kawrat ing sêrat Wulangrèh punika isinipun namung paring pêpèngêt, supados para putra wayah, santana miwah abdi dalêm sadaya botên sami anêrak tatananing ngagêsang, supados gêsangipun manggih karaharjan. Dene ingkang kawrat ing sêrat Cênthini punika amarsitakakên gêgambaran pikajênganipun manungsa ingkang manekawarni, wontên ingkang rêmên dhatêng pandamêl maksiyat, wontên ingkang rêmên anggilut dhatêng ngèlmi kasampurnan, sawênèhipun anggambarakên pikajênganipun tiyang ingkang rêmên anèh-anèhan. Kajawi ingkang sampun kasbut ing ngajêng, sêrat Cênthini ugi amratelakakên namaning sadaya ardi-ardi, guwa-guwa, patilasan-patilasan, wana-wana, candhi-candhi, rawa-rawa lan sapanunggilanipun ingkang wontên tanah Jawi. Dados sêrat Cênthini punika kajawi ngêwrat ngèlmi kasampurnan, aji jayakawijayan lan sasaminipun, ugi anggambarakên gêlar utawi pêpêthaning tanah Jawi (Kaart/Peta). Mênggah lêbêting raos tuwin pêpaking isinipun kados ingkang kawrat ing purwaka makatên:

1. Srat Cênthini ingkang ngiyasani / sang aprabu ingkang kaping gangsal / Sunan Sugih jêjuluke / dening sugih kalangkung / garwa putra raja mas picis / nalika purwakanya / dèrèng madêg prabu / taksih Pangeran Dipatya / Anom Mangkunagara Rajaputradi / Narendra ing Mataram //

2. Karsa mangun piwulang sakalir / ngèlmu jaya

--- 13 ---

aji kawijayan / myang ngèlmu rasa sedane / guwa myang gunung-gunung / gêndhing gêndhèng topèng myang ringgit / dèn nyatakkên sadaya / kaananing wujud / dadya datan lêlawora / tandha yêkti kinarya wulang mring abdi / santana miwah putra //

3. Ingkang dhinawuhan mring sang aji / nganggit sêrat Cênthini punika / abdi dalêm kang kinasih / Ronggotrasno ranipun / wadya ingkang wasis salwiring / mumpuni barang karya / ing lukita putus / wus sajus lawan pujangga / binantonan dening Rahadyan Ngabèi / Kliwon Jasadipura //

4. Tuwin abdi dalêm kliwon carik / Radyan Ngabèi Sastrodipuro / wasis ing samubarang rèh / lawan Pangeran Jungut / tuwin Kyai Kasan Bêsari / Kyai Mukhammad Minhad / Mukmin kas mujêdub / sarta Juru suranata / kadhawuhan nyatakkên guwa myang hardi / wana lan patilasan //

5. Pangikêting sêrat amarêngi / ari Saptu Paing lèk Mucharam / warsa Je wuku Marakèh / sangkalanirèng taun / paksa suci sabdaning aji (1742)Sengkalan: paksa suci sabdaning aji (Saptu Paing, Sura 1742 A.J., Sabtu, 7 Januari 1815 A.D.). lajêring kang carita / Kangjêng Sultan Agung / Mataram angutus Pangran / Pêkik Surabaya kinèn mbêdah Nggiri / ngrabasèng Sukaraja //

Langkung têrangipun malih makatên: Ingkang kadhawuhan nganggit sêrat Cênthini punika para abdi dalêm ing kadipatèn ingkang sami lêbda dhatêng kridhaning kapujanggan, inggih punika: Kyai Ronggosutrasno, abdi dalêm panèwu carik kadipatèn punika kapokohkapokok. nganggit, kaparingan pambiyantu:

1. R.Ng. Sastrodipuro, abdi dalêm kliwon carik kadipatèn, ingkang lajêng kautus minggah kaji dhatêng Mêkah, sawangsulipun saking Mêkah santun nama Kaji Mochammad Ilhar.

2. R.T. Sastronagoro, lajêng dados bupati kadipatèn, salin nama R.T. Yosodipuro II.

3. Pangeran Jungut Mandurorejo ing Wan[...]tulisan tidak terbaca.

4. Kyai Kasan Bêsari ing Jamsarèn.

5. Kyai Mochammad Minhad ing Gabudan.

6. Pangeran Wijil, namung ing purwakaning sêrat

--- 14 ---

Cênthini asmanipun botên kasêbat.

Dene ingkang kadhawuhan ngangge jêjêring cariyos kaparingan sêrat Cênthini Jalalèn, lajêng kababar ngantos moncèr sangêt.

Sarêng jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun kaping:VII, sêrat Cênthini wau kapisungsungakên dhumatêng parentah Walandi, nanging purwakanipun dipun santuni kados ing ngandhap punika:

Purwaningrèh manising palupi, RêspatyèngjangRêspatyènjang. nuju gathitasta, Ruwah ping tiga likure, ing Dal mangsa Kasèku, sinêngkalan atata rêsi, apan amulang janma (1775)Sengkalan: atata rêsi amulang janma (Kêmis, 23 Ruwah 1775 A.J., Kamis, 5 Agustus 1847 A.D.). nênggih kang dhinapur, amarna rikang carita, duk prang Giri wusana asoring jurit, têmah kithane bêdhah //

Eman sangêt dene babonipun sêrat Cênthini wau wontên ing pawiyatan luhur ing kitha Leiden nagari Walandi. Tumrap kita nama kecalan pusaka ingkang kathah sangêt pangaosipun.

Kajawi sêrat Cênthini, taksih wontên malih sêrat yasan dalêm kangge anjangkêpi sêrat kidungan yasanipun Kangjêng Susuhunan Kalijogo, amratelakakên namanipun sagunging lêlêmbat ingkang rumêksa ing praja Surakarta ingkang dados karerehanipun dhêmit kêbayan awasta Goplêm. Dene sawabipun: manawi wontên tiyang sakit budhurbidhur (dan di tempat lain). tuwin sakit bêntèr, dipun waosakên kidungan yasan dalêm wau, sêsakitipun lajêng sirêp. Ingkang kadhawuhan mangripta inggih Kyai Ronggosutrosno, abdi dalêm panèwu carik kadipatèn.

Ing ngandhap punika pêthikanipun:

Sinom

Gantya ingkang winursita, dhanyang kang ngrêksa nagari, jroning praja Surakarta, ingkang pinurwa ing kawi, andana pangrêksaning, kang ngripta wilapa kidung, Kyai Ronggosutrasno, ngêmban timbalan Sang Aji, kang jêmênêng Pakubuwono ping gangsal.

--- 15 ---

Asmaradana

1. Kasmaran ingkang pinuji, luputa ing ila-ila, dèn dohna tulak sarike, ngetang sagunging lêlêmbat, kang karèh Goplêm ika, dhêmit lit-alit sadarum, pan sanès dhêmit pra raja.

2. Setan brêkasakan sami, Si Goplêm ditya kêbayan, dhêmit jro karaton kabèh, sawabe kinarya têngga, wong sakit budhur samya, punika ingkang pakantuk, kalawan wong sakit panas //

4. Dhatêng babagan dagang K.G.P.A. Anom ugi kaparêng anindakakên, ngantos angabdèkakên tiyang ingkang rêmên dagang layar, kanamakakên abdi dalêm nangkoda, ingkang tinanggênah anglampahakên waradinipun padagangan ing tanah Jawi dhatêng ing pundi-pundi nagari, tuwin anindakênanindakakên. sumiyaripun arta kate yasan dalêm dhatêng ing pundi-pundi panggenan. K.G.P.A. Anom anggènipun kagungan karsa yasa arta kate wau, jalaran siti-siti kagungan dalêm ingkang sinuhun ingkang wontên ing Kêdhu, Bagêlèn lan sanès-sanèsipun, dipun kuwasani dening parentah Walandi. Ingkang makatên wau anjalari sudaning pamêdalipun praja dalêm. Gotèkipun para sêpuh, bab anggènipun K.G.P.A. Anom yasa arta kate andadosakên kawigatosanipun parentah Walandi, ingkang tundhonipun anyêrêg dhumatêng sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun ingkang kaping IV Dhawuh wangsulan dalêm dhumatêng parentah Walandi: murih sagêd têrang larah-larahipun, prayogi parentah Walandi damêl pêpanggihan kemawon kalihan putra dalêm K.G.P.A. Anom, angrêmbag bab wontênipun arta kate wau.

Kalampahan parentah Walandi damêl pêpanggihan kalihan K.G.P.A. Anom wontên ing kitha Sêmarang.

--- 16 ---

Têdhakipun K.G.P.A. Anom kadhèrèkakên pangagênging putra santana dalêm tuwin komandhaning prajurit dalêm, sadaya sami awahana turangga.

Kacariyos, sadèrèngipun K.G.P.A. Anom têdhak dhatêng kitha Sêmarang, awit saking kaparêng dalêm ngkang sinuhun, K.G.P.A. Anom kadhawuhan ngagêm pusaka Kangjêng Kyai Agêng. Nanging K.G.P.A. Anom botên kêrsa, unjukipun dhumatêng rama dalêm: Saampuh-ampuhipun Kangjêng Kyai Agêng taksih ampuh lidhahipun putra dalêm ing kadipatèn. Amung kemawon benjing tindakipun dhatêng kitha Sêmarang, sarèhning badhe awahana turangga, K.G.P.A. Anom nyuwun ngagêm cêkathakan Kyai Jatayu. Cêkathakan punika lapak ingkang kadamêl saking kajêng. Manawi badhe ngagêm mawi larap (kasuran) cukèn sarta dipun ulêsi baludru mawi sinêkar-sêkar manca warni. Kyai Jatayu punika cêkathakan pusakaning karaton Surakarta Adiningrat, tilas agêmipun R. Ongkowijoyo wêkdal nalika prang Baratayuda. Sasurudipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Adiwijaya ing Pajang, cêkathakan Kyai Jatayu kasuwun minangka dados pusaka ing karaton Mataram. Wêdalipun saking kraton Pajang, Kyai Jatayu wau kapundhi (kasunggi) piyambak kalihan sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, amila sakalangkung milalati, ngantos para panjênêngan dalêm nata botên wontên ingkang wani ngagêm. Ewasamantên K.G.P.A. Anom kamipurun nyuwun badhe ngagêm cêkathakan Kyai Jatayu wau, awit karsa dalêm badhe anandha sarira dalêm, manawi pancèn winahyu sagêd jumênêng nata, tamtunipun inggih badhe manggih raharja, nanging bilih pinasthi botên sagêd angasta pusaraning praja, tamtunipun inggih badhe manggih wilalat.

Enggaling cariyos K.G.P.A. Anom kalampahan wawan sabda kalihan wakilipun parentah Walandi, dipun sêksèni pangagênging putra santana dalêm tuwin komandhaning prajurit dalêm ingkang sami

--- 17 ---

andhèrèk. K.G.P.A. Anom maringi katrangan: pancèn kapara nyata bilih Karaton Surakarta yasa arta gambar jago (kalimrahipun kawastanan arta kate). Sabab pamêdalipun praja dalêm sapunika kirang sangêt, jalaran siti-siti kagungan dalêm ing Kêdhu, Bagêlèn lan sanès-sanèsipun dipun kuwasani dening parentah Walandi. Ewadene manawi parentah Walandi masrahakên wangsul siti-siti kagungan dalêm ingkang dipun kuwasani wau, tamtunipun kraton Surakarta botên pêrlu damêl arta piyambak minangka kangge anyekapi kabêtahanipun. Mangka cacahipun abdi dalêm sarta putra santana dalêm kathah sangêt. Manawi nyuda cacahipun abdi dalêm, ingkang sinuhun botên kadugi, labêt saking botên mêntala panggalih dalêm, awit para abdi dalêm wau sampun kathah lêlabêtanipun. Dados amrih kacêkapipun sadaya tadhah ingkang dados têtanggêlanipun kraton Surakarta, kêdah yasa arta piyambak. Wondene bab arta mawi dipun gambar jago, punika tumrap bangsa Jawi dados kêkudangan (pangajêng-ajêng) dhatêng anakipun jalêr ingkang sêpuh, dipun kudang-kudang utawi dipun jago-jago. sagêta ing têmbe sapêngkêripun, sagêd anggêntosi pangkat kalênggahanipun, dadosa pangayomanipun para kulawarganipun.

Wakilipun parentah Walandi mirêng pangandikanipun K.G.P.A. Anom makatên wau botên sagêd anginggahi. Pramila putusaning rêmbag, bab sumiyaripun arta kate kenging dipun lastantunakên, nanging namung wontên salêbêtipun wêwêngkon praja dalêm kemawon.

Kacariyos, kondur dalêm dhatêng Surakarta, lampahing titihan dalêm sêsandêran, ngantos para pandhèrèk sami kapontit anggènipun anututi. Saking santêring lampah, turangga titihan dalêm wau wontên satêngahing marga pêdhot napasipun. Nanging saking daya prabawanipun K.G.P.A. Anom turangga wau taksih lastantun sagêt anyongklang [anyong...]

--- 18 ---

[...klang] ngantos dumugi ing kadipatèn. Sarêng K.G.P.A. Anom mandhap saking titihan, turangga ambruk sakala, amargi sajatosipun sampun pêjah. K.G.P.A. Anom lajêng andhawahakên prasapa: ing têmbe putra wayah botên kalilan numpak turangga tan napas, manawi botên kados panjênêngan dalêm.

5. Dhatêng babagan karawitan K.G.P.A. Anom ugi nama linangkung, kacêtha bilih wontên anggitan dalêm gêndhing Ludiramadu laras pelog pathêt barang, kangge bêksan Srimpi. Dene bêksan Srimpi punika inggininggih. anggitan dalêm piyambak. Gêndhing Loro-loro laras salendro pathêt manyura punika inggih anggitan dalêm, kangge bêksan Pênthul. K.G.P.A. Anom ugi kaparêng nganggit bêksanipun pisan, sarta anyarirani ngukir topèng pênthul, ingkang salajêngipun kaparingan nama Kyai Pangasih. Ngantos dumugi sapriki gêndhing-gêndhing punapadene bêksan Srimpi sarta bêksan Pênthul taksih lastantun tumindak. Mênggah kaparêng dalêm anganggit gêndhing Ludiramadu punika minangka pangèngêt-èngêt, bilih panjênêngan dalêm punika darah Madura saking ibu dalêm. wêrdinipun ludira punika gêtih utawi rah, dene madu punika kerasaning têmbung Madura. Wondene gêndhing Loro-loro punika minangka dados pasêmoning ngagêsang, inggih punika wontênipun ing donya punika namung kalih warni: bingah-sisah, padhang-pêtêng, jalêr-èstri lan sasaminipun. Kawontênan kalih warni wau tansah lumampah gilir-gumantos. Pramila para manungsa ingkang sawêg rumaos nandhang sisah, ribêd, cuwa, gêla lan sapiturutipun, sampun ngantos têlas pangajêng-ajêngipun, sabab panandhangipun wau ugi botên badhe salaminipun.

Kacariyos, wêkdal nalika samantên upacara sarta ampilan ing kadipatèn kirang sêmuwa. Awit saking kaparêngipun K.G.P.A. Anom badhe amêwahi ampilan pandêngan saking kêncana, kados ta: gajah, mêrak, banyakdhalang, kidang, sawunggaling,

--- 19 ---

babon sakuthukipun. Ampilan pandêngan kêncana wau cacah tuwin namanipun kasamèkakên kalihan ampilan pandêngan kaprabon, namung sadaya wêwangunanipun pinêtha dening K.G.P.A. Anom piyambak. Dene panggarapipun kapasrahakên dhumatêng ingkang êmbah R. Adipati Cakraningrat ing Madura, wondene bêbakalan sarta waragadipun kaparingan saking kadipatèn.

Ing ngandhap punika pratelanipun upacara sarta ampilan ing kadipatèn sasampunipun kawêwahan ampilan pandêngan saking kêncana:

Ampilan ngajêng:

1. Songsong gilap cacah: 1

2. Songsong gilap sungsun tiga cacah: 1

3. Songsong bawat cacah: 1

4. Kêndhaga isi kampuh lan prajuritan cacah: 1

5. Bokor mas isi gêlas pangunjukan cacah: 1

6. Waos ulês sêngkêlat jêne cacah: 5

7. Sanjata cacah: 2

8. Glodhog isi prabot kapal cacah: 1

9. Epok (kothak nginggil kangge wadhah gantèn ing ngandhap mawi lorogan kangge wadhah pirantos panyêratan) cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

10. Gajah mas cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

11. Mêrak mas cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

12. Banyakdhalang mas cacah: 1

13. Kidang mas cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

14. Sawunggaling mas cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

15. Babon mas sakuthukipun cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

16. Bumbung mas wadhah sês cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

17. Bokor mas sabèrinipun cacah: 1

18. Pakêcohan mas cacah: 1

19. Gapit kacu cacah: 1

20. Kêbut lar badhak cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

21. Tamèng cacah: [...]tulisan tidak terbaca.

22. Ampilan waos cacah: 2

23. Ampilan sanjata cacah: 2

--- 20 ---

24. Ampilan sabêt (pêdhang) suduk cacah: 2

25. Kêrga (wadhah gotri) cacah: 1

Ampilan wingking

26. Waos panurung cacah: 4

27. Cèrèt paturasan cacah: 1

28. Kothak makutha cacah: 1

29. Pasikon (wêdhung) cacah: 1

Sadaya ampilan kasbut nginggil lastantun dados ampilanipun ingkang jumênêng Pangeran Adipati Anom.

Amarêngi ing wulan Ramêlan, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV anampi pisowanipun satunggaling sayid saking tanah Arab. Mênggah wigatosipun namung angunjukakên woh kurma cacah 3 iji. Ingkang sinuhun sakalangkung ngungun ing wardaya, dene sayid saking tanah Arab dhatêng tanah Jawi namung pêrlu ngunjukakên woh kurma 3 iji. Sayid lajêng kadangu, punapa baya ingkang dados wigatosipun, dene ngaturakên bêbêktan saking tanah Arab awarni woh kurma namung cacah 3 iji. Sayid lajêng munjuk ing ngarsa dalêm: bilih benjing putra dalêm têtiga pisan badhe jumênêng narendra. Sasampunipun angandharakên sasmitaning gaib sayid tumuntên lumèngsèr saking ngarsa dalêm datanpa pamit.

Sapêngkêripun sayid wau, ingkang sinuhun sapandurat datan èngêt purwa duksina, labêt sakalangkung ngungun salêbêting wardaya dalêm, amanggalih dhumatêng pralambang ingkang kawêdharakên dening sayid wau, dene badhe wontên lêlampahan ingkang bênèh kalihan ngadat. Ingkang sinuhun namung anarka, bilih badhe wontên rêtuning praja dalêm ingkang jalaran saking putra-putra dalêm piyambak.

Ingkang makatên wau anjalari gorèhing panggalih dalêm. Awit saking punika, ingkang sinuhun badhe atilar kadhaton, badhe ambêgawan wontên [won...]

--- 21 ---

[...tên] ing dhusun Cêmani, kaprênah sakidul kilènipun kitha Surakarta, bawah Kêcamatan Grogol, Kabupatèn Sukaharja, awit ing salêbêtipun warsa Je 1734 utawi 1807, ing Cêmani sampun dipun iyasani pasanggrahan. Dene kaprabon dalêm badhe kasèrènakên dhumatêng putra dalêm K.G.P.A. Anom.

Nanging kaparêng dalêm ingkang makatên wau botên sagêd kasambadan, jalaran ingkang sinuhun lajêng nandhang roga. Saking wantêring panggalih dalêm, amanggalih dhatêng lêlampahan ingkang badhe dhumawah, gêrah dalêm saya majêng, têmahan anjalari murud dhumatêng kasidan luhung.

Surud dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono kaping IV amarêngi ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping: 25 wulan Dulkijah taun Alip 1747 sinêngkalan: swara suci sabda raja, utawi kaping: 2 Oktobêr 1820 sinêngkalan: sirnaning panêmbah angèsthi tunggal, wuku Marakèh windu Kunthara. Sasampunipun paripurna, layon dalêm kasarèkakên ing Astana Imagiri ing kadhaton kaswargan. Surud dalêm dumugi yuswa 53 warsa, dene jumênêng dalêm ngasta pusaraning praja laminipun 33 warsa.

Watawis 8 dintên saking surud dalêm wau, amarêngi ing dintên Anggara Kasih tanggal kaping: 3 wulan Mucharam taun Ehe 1748 sinêngkalan: brahmana papat kaswarèng jagad utawi kaping: 10 Oktobêr 1820 sinêngkalan: sirna paksa ngèsthi adi, wuku Tambir windu Kunthara, K.G.P.A. Anom Hamêngkunagoro Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping III kajumênêngakên narendra, ajêjuluk asma: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping V ing Surakarta Adiningrat, apêparab Sinuhun Sugih. Nalika samantên yuswa dalêm sampun 36 warsa langkung 8 wulan tuwin 27 dintên.

Jumênêng dalêm ngasta kaprabon dipun warangkani pêpatih dalêm: R. Adipati Sosrodiningrat II, ingkang kapatêdhan pangawasa anyêpêng bang-bang

--- 22 ---

pangalum-aluming praja kanthi nayaka dalêm jawi lêbêt, saha Jaksa Agêng: R.T. Hamongprojo I, tuwin pangulu (ulu-uluning agami): Kyai Pangulu Martoloyo, sarta pujangga: R. Ng. Yosodipuro II, miwah dipun awat-awati saking parentah Walandi: Residhèn Mr. H.G. Nahoys.

Dèrèng dangu kalihan anggènipun jumênêng nata, ingkang sinuhun sampun angrêrantam badhe anjabêl siti-siti kagungan dalêm ingkang dipun kuwasani dening parentah Walandi.

Anuju ing dintên pasewakan, ingkang sinuhun andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng R. Adipati Sosrodiningrat II, kadhawuhan macak nawala dhumatêng parentah Walandi, kadospundi mênggah pangadilanipun tiyang ingkang nyambut awarni barang punapa kemawon ingkang botên amangsulakên dhatêng tiyang ingkang nyambutakên, amargi badhe kagêm wêwatoning kukum pangadilan ing praja dalêm Surakarta Adiningrat.

Parentah Walandi ngaturi wangsulan: sadhengah tiyangipun ingkang nyambut awarni barang punapa kemawon ingkang botên amangsulakên dhatêng ingkang dipun sambuti, manawi wontên tan trimahipun tiyang ingkang gadhah barang, lajêng anggigat dhatêng pangadilan, tiyang ingkang kagigat kêdah amangsulakên barang-barang ingkang kasambut wau. Wondene manawi tiyang ingkang kagigat botên sagêt mangsulakên, lajêng kapatrapan dhêndha ingkang sami kalihan pangaosing barang-barang ingkang kasambut. Manawi botên sagêd ambayar dhêndhan kasbut, lajêng kapatrapan paukuman kunjara ingkang salaras kalihan pangaosing barang-barang ingkang kasambut wau.

Sêrat wangsulan saking parentah Walandi wau lajêng kagêm wêwaton bab anggènipun ingkang sinuhun kagungan karsa badhe anjabêl siti-siti kagungan dalêm ingkang dipun kuwasani dening parentah Walandi.

Karsa dalêm dèrèng ngantos katindakakên, ndadak wontên rubeda, inggih punika Ibu dalêm K. Ratu

--- 23 ---

Kênconowungu seda, amarêngi ing dintên Saptu Paing tanggal kaping: 16 wulan Rabingulakir taun Ehe 1748 sinêngkalan: ngèsthi suci swara jati, utawi kaping: 21 Januari 1821 sinêngkalan: eka paksa nèsthi tunggal, wuku Wukir windu Kunthara. Sasampunipun paripurna layonipun K. Ratu Kênconowungu kasarèkakên ing Astana Imagiri ing kadhaton kaswargan, kajèjèrakên pasarean dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV.

Putra têtilaranipun K. Ratu Kênconowungu sadaya 3 nanging seda 1, dados namung kantun 2, inggih punika: G.K. Ratu Pambayun kalihan K.G.P.H. Puruboyo.

K. Ratu Kênconowungu punika kalêbêt sugih. Kathah têtilaranipun arta tuwin barang-barang pangagêman kados ta: mas, slaka, swasa, intên, barleyan, jêmêrut lan sapanunggilanipun, sarta nyamping-nyamping punapadene badhe rasukan pintên-pintên ingkang kathah pangaosipun. Amargi kajawi dhaharipun ingkang arupi arta balanja 500 rupiyah perak ing sabên wulanipun, ugi kagungan siti dhusun ingkang sakalangkung agêng pawêdalipun. Ewasamantên sugêngipun K. Ratu Kênconowungu mêksa kagungan sambutan awarni barang kasagahan, kirang-langkung 6 lêksa rupiyah perak.

Bab sedanipun K. Ratu Kênconowungu, pramèswari dalêm Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV kajugag samantên rumiyin, ing wingking badhe kasambet malih.

Watawis 3 wulan saking sedanipun K. Ratu Kênconowungu, amarêngi ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping: 24 wulan Jumadilakir taun Ehe 1748 sinêngkalan: brahmana suci amulang janma, utawi kaping: 29 Marêt 1821 sinêngkalan: janma loro angèsthi sawiji, wuku Langkir windu Kunthara Pramèswari dalêm G.K. Ratu Mas (Agêng) seda. Sasampunipun paripurna layon kasarèkakên ing Astana Imagiri ing kadhaton kaswargan, anunggil kalihan

--- 24 ---

pasareanipun K. Ratu Kênconowungu, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun kaping IV.

Kados punapa sungkawaning panggalih dalêm Ingkang Sinuhun kaping V wêkdal nalika samantên, awit sabibaripun jumênêng narendra tansah amanggih sambekala, satêmah anjalari kandhêging sadaya gêgayuhan dalêm.

Minangka panglipur sungkawaning panggalih dalêm, botên dangu kalihan sedanipun pramèswari dalêm wau, ingkang sinuhun kaparêng badhe nambut silaning akrama. Ingkang kapundhut dados pramèswari dalêm punika putranipun R.M.T.H. Kusumodiningrat, ingkang miyos saking B.R.Aj. Sêntul, putri dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono kaping III, dados pinanggih nak-sanak. R.M.T.H. Kusumodiningrat punika putranipun B.K.P.H. Hadiwijoyo seda Kaliabu. B.K.P.H. Hadiwijoyo seda Kaliabu punika putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa ing Kartasura, ingkang miyos saking R. Pandhansari. Salajêngipun pramèswari dalêm wau kapatêdhan asma saha sêsêbutan G.K. Ratu Kêncono, namung emanipun namung pêputra 1: R.M.G. Sakatah, tur botên widada (seda timur).

Sarêng sampun ical tabêting sungkawa, ingkang sinuhun badhe angayati anggènipun kagungan karsa badhe mundhut wangsulipun siti-siti kagungan dalêm ingkang dipun kuwasani dening parentah Walandi.

Anuju ing dintên pasewakan ingkang sinuhun animbali Residhèn Mr. H.G. Nahoys. Sasampunipun residhèn marak ing ngarsa dalêm, kadangu bab larah-larahipun siti-siti kagungan dalêm ingkang dipun kuwasani dening parentah Walandi punika prajanjianipun sakawit kadospundi.

Unjukipun residhèn: Miturut prajanjianipun parentah Walandi kalihan panjênêngan dalêm nata ing Surakarta sakawit, siti-siti kagungan dalêm ingkang dipun kuwasani dening parentah

--- 25 ---

Walandi punika wontên ingkang minangka ganjaran dalêm dhumatêng parentah Walandi, nanging ugi wontên ingkang namung kaparingakên anggadhuh. Sinaosa makatên parentah Walandi wênang amatrapi pranatan dhumatêng ingkang jumênêng narendra.

Sasampunipun munjuk makatên, residhèn kaparêng madal saking pasewakan. Sapêngkêripun residhèn, ingkang sinuhun andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng pêpatih dalêm R. Adipati Sosrodiningrat II, kadhawuhan amacak nawala dhumatêng parentah Walandi, suraos: mundhut wangsulipun sadaya siti-siti kagungan dalêm ingkang kaparingakên anggadhuh dhumatêng parentah Walandi, awit karaton dalêm kêkirangan pamêdal.

Parentah Walandi ngaturi wangsulan: bilih siti-siti kagungan dalêm ingkang kaparingakên anggadhuh, kasuwun lastarinipun, awit parentah Walandi taksih ambêtahakên.

Ingkang sinuhun sakalangkung runtik dupi maos sêrat wangsulanipun parentah Walandi ingkang makatên wau. Sanalika wau lajêng animbali pêpatih dalêm, kadhawuhan macak nawala malih, suraos: sarèhning parentah Walandi nyuwun anglêstarèkakên anggadhuh siti-siti kagungan dalêm, ingkang sinuhun badhe amatrapi pranatan dhumatêng parentah Walandi, inggih punika: sadaya siti-siti kagungan dalêm ingkang kaparingakên anggadhuh dhumatêng parentah Walandi kapundhutan paos awujud arta. Manawi parentah Walandi ambangkang dhatêng pranataning praja dalêm, ingkang sinuhun mundhut lêlintu ugi awujud arta, ingkang pangaosipun sami kalihan pangaosing siti-siti ingkang kagadhuhakên.

Parentah Walandi satampinipun nawala dalêm kèwêkan anggènipun badhe ngaturi wangsulan, jalaran babar pisan botên angintên, bilih badhe dumugi samantên panggalihan dalêm. Nanging sarèhning parentah Walandi punika lêbda sangêt dhatêng kawruh kaprajan, mila ngaturi sêrat wangsulan kunjuk ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun, bilih parentah Walandi [Wa...]

--- 26 ---

[...landi] botên suwala kapundhutan paos tumrap siti-siti kagungan dalêm ingkang kaparingakên anggadhuh, nanging kabêkta parentah Walandi wêkdal nalika samantên ugi kêkirangan arta, pramila nyuwun sêmene sawatawis wulan, ngiras pantês badhe anglêmpakakên sadaya sêrat-sêrat prajanjian dalêm kalihan parentah Walandi. Sasampunipun wontên kadadosan makatên wau, parentah Walandi lajêng angiyati paprentahanipun ingkang wontên ing Surakarta, sarta tansah angawat-awati tindak-tandukipun ingkang sinuhun. Manawi kagungan rantaman badhe angewahi pranatan pangadilan dalêm tansah dipun saruwe dening parentah Walandi. Wakilipun parentah Walandi ingkang wontên ing Surakarta tansah dipun gantos, parlunipun supados angrêndhêtakên kasagahanipun parentah Walandi dhumatêng ingkang sinuhun. Sajumênêng dalêm kemawon (± 3 taun) sampun gantos residhèn rambah kaping 3, inggih punika: 1. Mr. H.G. Nahoys, 2. A.Th. Baron De Salis, 3. H. Mac. Gillavry.

Ingkang sinuhun bilih amanggalih tindakipun parentah Walandi anggènipun tansah anyaruwe dhatêng tata pranataning praja dalêm punapadene anggènipun mbalenjani kasagahanipun, panggalih dalêm botên rêna sangêt. Mila tansah ngothak-athik, kadospundi rekadayanipun murih sagêdipun uwal saking bêbandaning parentah Walandi. Nanging tumindak dalêm ingkang makatên wau sinasaban ing samudana sasadoning abên manis, dados botên angêtawisi. Sarèhning dèrèng dumugi wahyaning mangsakala, pramila pambudidayanipun ingkang sinuhun mêksa botên sagêd kasambadan.

Gantos ingkang kacariyosakên. Ing ngajêng sampun kapratelakakên, bilih K. Ratu Kênconowungu suwargi kagungan têtilaran arta sarta barang-barang ingkang kathah sangêt pangaosipun, sarta namung atilar putra 2.

Sasampunipun 100 dintên saking sedanipun K. Ratu wau, miturut pranataning agami Islam, barang-barang [ba...]

--- 27 ---

[...rang-barang] têtilaranipun suwargi K. Ratu Kênconowungu sampun kenging kabage dhumatêng para waris ingkang wajib anampèni, inggih punika G.K. Ratu Pambayun tuwin K.G.P.H. Puruboyo.

Nalika samantên ingkang sinuhun amatah B.K.P.H. Angabèi, inggih punika rayi dalêm ingkang miyos saking bibi dalêm Mas Ayu Rantansari (sumare ing Janti), kadhawuhan anacahakên barang-barang têtilaranipun suwargi ibu dalêm K. Ratu Kênconowungu.

B.K.P.H. Angabèi sasampunipun anacahakên barang-barang wau kanthi talêsih, punapadene sêrat-sêrat praboting sambutan sarta sêsanggêman sadaya sampun dipun klêmpakakên, lajêng ngonjukakên sêrat palapuran sarta nyuwun palilah dalêm, barang-barang wau sasampunipun kangge angêsahi sambutan saha sêsanggêman ingkang wontên pikuwatipun satirahipun barang-barang wau kaparênga lajêng kabage dhumatêng para waris ingkang sami wajib nampi. Dhawuh timbalan dalêm dhumatêng B.K.P.H. Angabèi: barang-barang têtilaran kasbut nginggil dèrèng kaparêng binage, awit saking karsa dalêm, sarèhning suwargi K. Ratu Kênconowungu punika sadhèrèk kalihan suwargi ibu dalêm K. Ratu Pakubuwono, ingkang sinuhun taksih kalêbêt dados waris ingkang wajib, sarta salajêngipun mundhut anampèni barang-barang têtilaran suwargi K. Ratu Kênconowungu. Ingkang punika B.K.P.H. Angabèi kadhawuhan andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng rayi-rayi dalêm G.K. Ratu Pambayun sarta K.G.P.H. Puruboyo, bilih ingkang sinuhun mundhut malêbêt dados waris saha mundhut anguwaosi pambagenipun barang-barang warisan wau. Salajêngipun ingkang sinuhun mundhut paturanipun rayi-rayi dalêm kawrat ing sêrat. Dhawuh timbalan dalêm wau amarêngi ing dintên Sênèn Kliwon tanggal kaping: 21 wulan Rêjêb taun Ehe 1748 sinêngkalan: drada pat titihaning raja, utawi kaping: 23 April 1821 sinêngkalan: janma loro angesthi sawiji, wuku Kuruwelut windu Kunthara.

--- 28 ---

B.K.P.H. Angabèi sasampunipun nampi dhawuh timbalan dalêm, èmêng raosing panggalih, amargi botên kadugi andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng rayi-rayi dalêm sadaya. Wasana lajêng tindak dhumatêng dalêmipun ingkang paman ing kapatihan, badhe mundhut pamrayogi.

Ingkang paman R. Adipati Sosrodiningrat II angaturi rêmbag: sadaya karsa dalêm ingkang sinuhun ingkang sampun kadhawuhakên dhumatêng B.K.P.H. Angabèi dipun aturi angèstokakên. Raosing panggalihipun B.K.P.H. Angabèi botên anocogi dhatêng pamrayoginipun ingkang paman wau, dene malah têka nyantosakakên dhatêng karsa dalêm ingkang nalisir saking kautaman wau. Nanging wêkasanipun B.K.P.H. Angabèi namung mupus ing panggalih, lajêng pamit ingkang paman badhe andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng rayi-rayi dalêm sadaya. G.K. Ratu Pambayun saha K.G.P.H. Puruboyo sarêng nampi dhawuh timbalan dalêm ingkang sinuhun, lajêng macak sêrat paturan konjuk ing ngarsa dalêm, bilih kaparênging karsa dalêm ingkang makatên wau rayi-rayi dalêm sangêt anayogyani sarta salajêngipun namung sumangga.

Sampeyan dalêm ingkang sinuhun sangêt karênan ing wardaya anguningani suraosing sêrat paturanipun rayi-rayi dalêm wau, dene botên wontên suraosipun ingkang angêrês-êrêsi.

Amarêngi ing dintên Salasa Pon tanggal kaping: 29 wulan Rêjêb taun Ehe 1748 utawi kaping 1 Mèi 1821 wanci enjing, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan miyos sinewaka, kaadhêp sagung para brêtyapatya punapadene para santana. Botên dangu kapiyarsa dhawuh timbalan dalêm, bilih miturut pranataning kukum agami Islam, kalêrês ing dintên wau, barang-barang têtilaranipun suwargi K. Ratu Kênconowungu sampun wancinipun kenging kabage dhatêng para waris ingkang wajib, inggih punika: G.K. Ratu Pambayun tuwin K.G.P.H. Puruboyo. Sarèhning suwargi K. Ratu Kênconowungu punika sadhèrèk kalihan suwargi [su...]

--- 29 ---

[...wargi] ibu dalêm K. Ratu Pakubuwono, pramila ingkang sinuhun mundhut malêbêt dados waris sarta mundhut anguwaosi bab pambagenipun barang-barang têtilaran wau. Dene unjuk paturanipun rayi-rayi dalêm G.K. Ratu Pambayun saha K.G.P.H. Puruboyo kawrat ing sêrat, namung anyumanggakakên. Ing samangke barang-barang ingkang arupi rajakaputrèn sami kaparingakên dhumatêng rayi dalêm G.K. Ratu Pambayun, dene barang-barang ingkang arupi rajakaputran sami kaparingakên dhumatêng rayi dalêm K.G.P.H. Puruboyo. Ingkang arupi arta kêrtas, mas, slaka, têmbaga, sami kapalih. Ingkang sapalih kaparingakên dhumatêng rayi dalêm G.K. Ratu Pambayun, dene sapalihipun kaparingakên dhumatêng rayi dalêm K.G.P.H. Puruboyo. Ingkang arupi sabin gêgadhuhan bumi dhusun, kalastantunakên dadosa gêgadhuhanipun K.G.P.H. Puruboyo, dene dhaharipun suwargi K. Ratu Kênconowungu ingkang arupi arta 500 rupiyah perak ing sabên wulanipun, kalastantunakên dadosa dhahar pêpancènipun G.K. Ratu Pambayun. Ingkang arupi buku-buku, kitab-kitab, sêrat-sêrat lan sapanunggilanipun sami kapalih. Ingkang sapalih kaparingakên dhumatêng rayi dalêm G.K. Ratu Pambayun, dene sapalihipun kaparingakên dhumatêng rayi dalêm K.G.P.H. Puruboyo. Sapintên kathahing sambutanipun suwargi K. Ratu Kênconowungu kapundhut ingkang sinuhun, badhe dipun sahi saking arta kagungan dalêm piyambak. Salajêngipun kadhawuhan ngundhangakên, sadhengahipun tiyang ingkang sami rumaos dipun sanggêni dening suwargi K. Ratu Kênconowungu, badhe kaparingan ganjaran sasaminipun. Ingkang sinuhun ingkang badhe anglêksanani.

Satêlasipun dhawuh timbalan dalêm, para putra santana sami angondhok-ondhok, dene botên angintên babar pisan bilih makatên kadadosanipun. Sadaya lajêng sami suka sukur ing Pangeran, sarta amêmuji dhatêng kaluhuraning panggalih dalêm, anggènipun têtêp sinêbut "Sugih".

Gêntos ingkang winursita. Bab kaparêng dalêm

--- 30 ---

andum warisan barang-barang têtilaranipun suwargi K. Ratu Kênconowungu sampun kalêksanan. Samangke anyariyosakên wêkdal nalika praja Surakarta Adiningrat kaparag ing pagêblug sarta pacêklik agêng, satêmah kathah para kawula dalêm ingkang sami pralaya, ngantos adamêl kêkês sarta mirising manah. Botên angêmungakên ing kitha kemawon, sanadyan ing padhusunan inggih maèwu-èwu tiyang ingkang sami tiwas jalaran kaparag ing sêsakit. Bêbasan enjing sakit sontên tiwas, sontên kataman sakit enjingipun sampun dados jisim. Sangsaya dangu kathahing sêsakit saya angrêbda, ngantos têtiyang tani sami botên amanah dhatêng têgil sabin punapadene tanêm-tuwuhipun, wêkasan anjalari pacêklik ingkang anggêgirisi. Ngrika-ngriki awis têdha, uwos sabêruk ngantos dumugi rêgi srupiyah langkung. Malah sawênèhing dhusun, pêndhok mas namung kaurubakên uwos saisining pêndhok. Dados kasisahanipun têtiyang ing nalika samantên botên kantên-kantênan. Kajawi angraosakên batihipun sami kataman ing sêsakit, ugi angraosakên awising têdha. Satêmah anjalari kathahipun tiyang ingkang sami anêmpuh ing byat tumindak dados pandung, kècu, begal, koyok, nayap lan sasaminipun.

Ingkang makatên wau andadosakên prihatosing panggalih dalêm ingkang sinuhun. Awit saking punika, ingkang sinuhun lajêng anindakakên salat kajad, manêgês karsaning Hyang Murbèng Titah, nyuwun sarana waluyaning praja tuwin kawula dalêm sadaya.

Kacariyos, ing wanci lingsir dalu ingkang sinuhun salêbêtipun anindakakên salat kajad kados saban-saban, tampi wasitaning gaib, bilih waluyaning praja tuwin kawula dalêm punika kêdah pinêndhêman suku tuwin tanganipun tiyang pancal panggung, kaprênah ing pat-jupating nagari. Sasampunipun tampi wangsit makatên, ing sabên wanci dalu ingkang sinuhun anamur kawula, aniti pariksa [pa...]

--- 31 ---

[...riksa] salêbêting praja, sarwi manêgês wasitaning Pangeran Ingkang Maha Asih, mênggah ing pundi dunungipun tiyang pancal-panggung kados ingkang kawêca ing wangsit. Enggalipun ingkang sinuhun sampun tampi sasmita, bilih padununganipun tiyang pancal-panggung punika ing dhusun Kêduwang, bawah Gunungkidul. Salajêngipun ingkang sinuhun animbali abdi dalêm urdênas 4, kadhawuhan andhèrèkakên têdhak dalêm anjajah dhusun Gunungkidul. Têdhak dalêm wau anamur kawula, angagêm pangagêman cara tiyang dhusun: lancingan cêkak, rasukan kotang, udhêng-udhêngan paton sarwi capingan. Makatên ugi para pandhèrèk sadaya. Jêngkar dalêm saking kadhaton ing wanci lingsir dalu, miyos ing alun-alun kidul lajêng bablas mangidul.

Kacariyos, ing Gunungkidul punika patingginipun apangkat dêmang. Tiyangipun sêmbada angajrihi. Tangan tuwin sukunipun kalih-kalih pisan sami bêlang, wiwit ugêl-ugêl sapangandhap. Pramila lajêng karan nama Dêmang Pancal Panggung. Mas Dêmang wau kalêbêt wicalanipun tiyang sugih. Lumbungipun agêng tur kêbak pantun. Mila ing wêkdal samantên dados luruganipun para tiyang ing prêpat dhusun, pêrlu nêmpur dhatêng kadêmangan. Mas Dêmang wau sinaosa sugih nanging wêwatêkanipun cêthil ambêthithil sarta mêntalan.

Ing sabên dintênipun kathah tiyang saking prêpat dhusun sami nêmpur dhatêng kadêmangan. Wontên ingkang lampahan satêngah dintên, nanging ugi wontên ingkang lampahan sadintên kacêput.

Mas Dêmang wau gadhah magêrsari tiyang nini-nini, nama Nini Mita. Mênggah wêwatêkanipun Nini Mita punika kosokwangsul kalihan Mas Dêmang. Nini Mita kasinungan watak: bèrbudi, bèr bandha, ambêg wêlasan. Kabêkta sabên dintênipun ing kadêmangan kathah tiyang ingkang antri nêmpur wos, malah ingkang kathah sarwi nênuntun sarta anggendhong lare alit, anjalari rêjanipun ing kadêmangan. Ramening swantênipun tiyang ingkang arêbat rumiyin binarung tangising lare ingkang sami kaluwèn, andadosakên [anda...]

--- 32 ---

[...dosakên] trênyuhing manahipun Nini Mita. Sarèhning Nini Mita punika ambêg wêlasan kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, pramila Nini Mita ing sabên dintênipun bêbêthak wontên sanjawining regolipun mas dêmang, manggèn sangandhaping wit trêmbêsi, wiwit enjing ngantos dumugi dalu. Parlunipun anyadhongi lare-lare alit anakipun têtiyang ingkang sami nêmpur wau, ing pangangkah sampun ngantos angribêdi biyungipun ingkang sawêg antri nêmpur wos. Mila sabên dintênipun Nini Mita tansah rinubung lare-lare kathah, bêbasan ngadêg gumrêjêg, ndhodhok kumroyok.

Kacariyos, têdhakipun Sang Namur Lampah dangu-dangu ngancik ing laladan dhusun Gunungkidul. Ingkang sinuhun inggih sampun miyarsa pawartos, bilih Dêmang ing Kêduwang punika pancal panggung. Mila kaparêng dalêm badhe angyêktosakên piyambak, sarananipun apawadan badhe nêmpur wos dhatêng kadêmangan. Sarêng dumugi ing kadêmangan sampun wanci ngisak, dados ing Kadêmangan sampun sêpên. Korinipun sampun kinancing. ingkang sinuhun kapêksa andhodhog kori sarwi uluk salam badhe nêmpur wos sêtangsul. Mas dêmang sakalangkung nêpsunipun, dene wontên tiyang ingkang dèrèng mirêng pawartos bolih ing kadêmangan rêginipun srupiyah ing sabên sabêrukipun, sarta botên sagêd anyadèni kirangipun saking sabêruk. Mas dêmang lajêng lumêbêt griya sarwi anutup kori kalihan taksih muring-muring. Tumindakipun Mas dêmang ingkang makatên wau botên andadosakên dukaning panggalih dalêm, nanging malah lajêng suka sukuring Pangeran Ingkang Murba Wisesa Jagad, dene ingkang winêca ing wangsit sampun kapanggih. Nanging salêbêting wardaya Sang Namur Lampah kawêkèn anggènipun badhe nukup Mas Dêmang Kêduwang, jalaran botên wontên dosanipun.

Ingkang sinuhun sapandhèrèk lajêng atilar cêpuri kadêmangan. Sadumuginipun margi, Sang Amindha Tani sapandhèrèk dipun ampirakên dening Nini [Ni...]

--- 33 ---

[...ni] Mita, ingkang wêkdal wau taksih bêbêthak wontên sangandhapipun wit trêmbêsi. Ingkang sinuhun sapandhèrèk ugi nglêksanani panêdhanipun Nini Mita wau. Sadaya sami kaaturan lênggah ing widig ingkang sampun cumawis. Nini Mita lajêng pitakên: nama sarta padununganipun Sang Amindha Tani, sarta wontên wigatos punapa dene dalu-dalu tindak dhatêng kadêmangan. Ingkang sinuhun ngakên asma Kyai Ngabdurrachman ing kitha Sala, dene pandhèrèk dalêm kaakên tangga wisma. Mênggah kapêrluwanipun badhe nêmpur wos ing kadêmangan, awit ing Sala rêrêgèning wos awis sangêt. Miturut pakabaran wos ing Kêduwang punika mirah, nanging sarêng dipun nyatakakên jêbul botên cocog kalihan pêkabaranipun. Dados inggih kapêksa wangsul nglênthung.

Nini Mita mirêngakên ngandikanipun Sang Amindha Tani kamiwêlasên, dene têbih-têbih dipun têmpuh wusana wangsul botên mbêkta punapa-punapa. Sarêng anggènipun bêbêthak sampun matêng, sadaya kaaturan dhahar ing sawontênipun. Ambêngipun layah siti, lawuhipun kuluban kalihan bakaran gêrèh. Ingkang sinuhun sapandhèrèk kapêksa angrahabi pasugatanipun Nini Mita. Kabêkta saking sayah sarta luwe, ingkang sinuhun anggènipun dhahar katingal dhokoh, makatên ugi para pandhèrèk. Pramila salêbêting wardaya dalêm mêmuji suka-sukuring Pangeran, sarta suka panarimah dhumatêng Nini Mita, anggènipun katitipan budi ambêg wêlasan sarta paramarta. Salajêngipun ingkang sinuhun anyênyuwun dhumatêng Ingkang Murbèng Titah, mugi-mugi Nini Mita tansah cinêlakna ing rêjêki sarta pinaringan bagas kawarasan sumarambahipun dhatêng anak-putunipun sadaya. Sabibaripun dhahar, ingkang sinuhun dhawuh dhumatêng abdi dalêm urdênas ingkang ngampil kagungan dalêm arta, kadhawuhan maringakên arta ringgit cacah 200 wontên sangandhaping widig. Dhawuh timbalan dalêm ugi sampun dipun lêksanani.

Nini Mita kadangu warni-warni mênggah kawontênan ing dhusun Gunungkidul, langkung malih tumrap kawontênanipun Mas Dêmang Kêduwang. Nini Mita [Mi...]

--- 34 ---

[...ta] andongèngakên sadaya kawontênan ing dhusun Gunungkidul, bab kathahipun tiyang ingkang sami kaparag ing sêsakit, têmahanipun kathah ingkang sami tiwas. Samantên ugi bab awising têdha, ngantos tiyang-tiyang sami pating bilulung anggènipun pados sêtiyar murih sampun ngantos kaluwèn, wontên ingkang nêdha bangsanipun oyod-oyodan ingkang botên kalimrah dipun têdha, sawênèhipun tiyang wontên ingkang nêdha bangsanipun rumput. Dene ingkang cêkap samubarangipun kados Mas Dêmang Kêduwang, botên amêlasi dhatêng tangga têpalihipun ingkang sami kalirên, malah wosipun kasade kanthi rêgi awis. Pancèn wêwatêkanipun cêthil mbêthithil tuwin mêntalan.

Ingkang sinuhun midhangêtakên dongenganipun Nini Mita karenan ing wardaya nanging ugi analangsa, dene para kawula ing padhusunan sami risak panggêsanganipun. Dene karênaning panggalih dalêm wau, awit kagungan kayakinan bilih badhe wontên jalaranipun sagêt anukup Dêmang ing Kêduwang.

Sarêng sampun sawatawis anggènipun lêlênggahan, ingkang sinuhun sapêndhèrèk suka panarimah dhumatêng Nini Mita sarta pamit badhe kondur dhatêng Sala, sarwi angandika: bilih sampun ludhang-ludhangan Nini Mita kadhawuhan martuwi dhatêng kitha Sala. Dipun ancêr-ancêri, manawi sampun dumugi papan ingkang wiyar sangêt ing tengah wontên tanêmanipun wit waringin jèjèr kalih, kadhawuhan pitakèn ing pundi griyanipun Kyai Ngabdurrachman. Sadhengah tiyang ingkang dipun pitakèni tamtu purun anêdahakên kanthi lêgawaning manah, awit sadaya tiyang sakitha Sala sampun mangêrtos dhatêng Kyai Ngabdurrachman. Nini Mita ugi anyagahi badhe martuwi dhatêng kitha Sala.

Kacariyos, sapêngkêripun ingkang sinuhun, Nini Mita lajêng rêsik-rêsik badhe kukut. Sapintên kagèting manahipun sarêng anjunjung widig, amargi sangandhaping widig wontên artanipun perak pating kêrlap mbalêngêri. Nini Mita lajêng jêlèh-jêlèh, [jê...]

--- 35 ---

[...lèh-jêlèh,] anguwuh-uwuh tamunipun ingkang nêmbe mêngkêr, nanging botên wontên sabawa ingkang kapirêng kajawi swantêning gangsir ngênthir tuwin swantêning walang kècèk, jalaran Sang Andon Lampah sampun têbih tindakipun.

Mas Dêmang Pancal Panggung ingkang wêkdal punika sawêg angeca-eca angetang arta pêpajênganipun wos, sarêng mirêng swantên jumêlèh lajêng mênyat, mêdal dhatêng sajawining cêpuri sarwi pitakèn wontên wigatos punapa?

Nini Mita ingkang taksih sumlêngêrên aningali pathuthuking arta kathah lajêng anyariyosakên sadaya ingkang dipun alami kanthi wijang.

Mas Dêmang Pancal Panggung dhasar sampun kaloka anggènipun kêthawa sarta mêntalan, sarêng anyumêrêpi arta perak pating kêrlap lajêng dipun akên darbèkipun. Arta dipun kukup sadaya kabêkta mantuk, dene Nini Mita sabribil kemawon botên dipun sukani.

Gantos ingkang kawursita. Sakondur dalêm saking laladan dhusun Gunungkidul, ingkang sinuhun andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng pêpatih dalêm R. Adipati Sosrodiningrat II kadhawuhan angundangakên dhumatêng para kawula dalêm salêbêtisalêbêting. utawi sajawining praja, bilih wontên nini-nini sêpuh ingkang pitakèn marginipun dhatêng kitha Sala pêrlu ngupadosi griyanipun Kyai Ngabdurrachman, kadhawuhan anêdahakên marginipun. Sarta manawi lampahipun nini-nini sêpuh wau kasaput ing dalu, kadhawuhan amondhokakên ing kadêmangan ingkang cêlak. Salajêngipun manawi sampun dumugi ing kitha Sala, nini sêpuh wau kadhawuhan anyowanakên ing kadhaton.

Watawis saminggu kalihan kondur dalêm wau, kawontênanipun sêsakit ing bawah dusun Gunungkidul sampun kathah mêndhanipun. Niyatipun Nini Mita badhe anglêksanani martuwi Kyai Ngabdurrachman dhatêng kitha Sala. Bidhalipun ing wanci bangun enjing, sarwi anggêgendhong sawarnining jêjanganan, kangge angsal-angsal. Enggalipun cariyos, [cariyos...]

--- 36 ---

[...,] Nini Mita sampun dumugi ing kitha Sala. Sarêng sampun dumugi ing Gadhing anyumêrapi palataran wiyar sangêt ingkang wontên tanêmanipun wit waringin jèjèr kalih, inggih punika alun-alun kidul. Nini Mita lajêng pitakèn dhatêng abdi dalêm jaganagara ing pundi griyanipun Kyai Ngabdurrachman. Nini Mita lajêng kairid, kasowanakên salêbêting kadhaton.

Ingkang sinuhun sakalihan pramèswari dalêm anggènipun manggihi Nini Mita wontên sasana parasdya. Lênggah dalêm lesehan, ingkang supados sampun ngantos damêl kagètipun Nini Mita. Utawi malih pangagêman dalêm cara tiyang pakampungan.

Sasampunipun bage-binage, Nini Mita katêpangakên kalihan pramèswari dalêm. Nini Mita lajêng angaturakên bêbêktanipun awarni jêjanganan. Ingkang sinuhun andangu manekawarni dhumatêng Nini Mita, kadospundi mênggah sapêngkêr dalêm, sarta kawontênaning sêsakit ing dhusun Gunungkidul, punapadene lampahipun Nini Mita dhatêng kitha Sala.

Nini Mita lajêng angaturakên sadaya kawontênanipun ing dhusun Gunungkidul, sarta angaturakên bilih sapêngkêr dalêm arta perak kathah sangêt wontên sangandhaping widig, nanging lajêng dipun akên Mas Dêmang Kêduwang, sarta botên kasupèn ngaturakên mênggah lampahipun saking dhusun Gunungkidul dhatêng kitha Sala. Ing samargi-margi tansah takèn marginipun dhatêng kitha Sala. Namung ingkang dipun gumuni punika sadhengahipun ingkang dipun pitakeni teka lajêng gita-gita anggènipun suka pitêdah sarwi angêtingalakên lêgawaning manah.

Ingkang sinuhun amiyarsa aturipun Nini Mita dahat suka salêbêting wardaya. Nanging dupi miyarsa bilih arta kagungan dalêm ingkang kaparingakên sangandhaping widigipun Nini Mita dipun akên dening Dêmang Kêduwang, kados punapa dukaning wardaya. Nanging duka dalêm wau botên angatawisi.

Nini Mita sasampunipun kaparingan pasugatan,

--- 37 ---

kadangu punapa piyambakipun botên kêpengin sumêrap ratu gustinipun. Unjukipun Nini Mita: kêpengin sangêt, jalaran bidhalipun saking dhusun Gunungkidul sampun dipun impi-impi, manawi sampun dumugi ing kitha Sala, kajawi martuwi Kyai Ngabdurrachman ugi badhe anjajah nagari, kalihan manawi sagêd badhe sumêrap kraton Surakarta, sokur-sokur sagêd sumêrêp sampeyan dalêm ingkang sinuhun.

Ingkang sinuhun sakalihan pramèswari dalêm sagah badhe anêdahakên Kraton sarta nyowanakên ratu gustinipun. Nini Mita kadhawuhan andumugèkakên anggènipun angrahabi pasugatan dene ingkang sinuhun sakalihan pramèswari dalêm apawadan badhe santun pangagêman. Nyai Tumênggung Soka kadhawuhan manggihi Nini Mita.

Botên watawis dangu ingkang sinuhun sakalihan pramèswari dalêm miyos sarwi angrasuk busana kaprabon, dèn ayap para putri-putri ingkang ngampil upacara kaprabon.

Nini Mita sarêng sumêrêp miyos dalêm wau sakala ngèwèl badhe lumajêng botên sagêd kabêkta dhèngkèlên. Nyai Tumênggung Soka nyumêrêpi polahipun Nini Mita kamiwêlasên, lajêng dipun cêlaki sarwi dipun arih-arih, salajêngipun dipun dunung-dunungakên, bilih ingkang asma Kyai Ngabdurrachman punika sajatosipun ratu gustinipun, ingkang ajêjuluk asma sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping: V.

Sasampunipun mangêrtos, Nini Mita lajêng nyêmbah sedhokan sarwi tumungkul, labêt saking ajrihipun. Nini Mita kadhawuhan angirit abdi dalêm èstri, andikakakên nêdah-nêdahakên salêbêting kadhaton, punapadene kawontênan-kawontênan ing kitha. Mila ngantos sawatawis dintên Nini Mita wontên ing kitha Sala. Sarêng wangsulipun dhatêng dhusun Gunungkidul Nini Mita kaparingan ganjaran arta miwah panganggèn tanpa wicalan.

--- 38 ---

Sadumuginipun ing dhusun Gunungkidul, Nini Mita dipun pêthukakên tangga têpalih prêpat dhusun. Mila sakala griyanipun dados rêja kadosdene tiyang gadhah damêl. Lare alit-alit sami dipun dumi angsal-angsal, sadaya waradin botên wontên ingkang kalangkungan. Sasampunipun ngaso Nini Mita lajêng andongèngakên lêlampahanipun wontên ing kitha Sala, andadosakên gumunipun têtiyang ingkang sami mirêngakên. Kados punapa kagèting manahipun Mas Dêmang Pancal Panggung, ingkang wêkdal nalika punika ugi tumut mirêngakên. Ing salêbêting batos mas dêmang wantun anêtêpakên, bilih tiyang ingkang amindha tani ingkang dhatêng kadêmangan pawadan nêmpur wos sêtangsul nalika samantên, têmtu ratu gustinipun, sarta arta perak ingkang pinanggih wontên sangandhaping widigipun Nini Mita punika têmtu inggih arta kagungan dalêm. Mas dêmang lajêng angrumaosi ing kalêpatanipun, sarta angandhêmi bilih dosa dhatêng nagari. Mila sanalika wau manahipun mas dêmang kraos botên jênjêm, bêbasan kêri dhatanpa pinêcut. Manahipun dipun enggar-enggar sarta dipun sênèng-sênèng mêksa botên sagêd lêjar, satêmah anjalari sakit ngantos madal ing jêjampi. Badanipun ngantos kêra bêbasan kantun lunglit.

Sapunika amêngkêrakên dhusun Gunungkidul, gantos anyariosakên salêbêting karaton. Ingkang sinuhun andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng pêpatih dalêm R. Adipati Sosrodiningrat II, mundhut pisowanipun Dêmang ing Kêduwang, awit piyambakipun nandhang dosa dhatêng nagari.

R. Adipati Sosrodiningrat II lajêng andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng abdi dalêm ingkang anggantung lampah. Enggaling cariyos utusan dalêm sampun dumugi ing kadêmangan ing bawah Gunungkidul. Kados punapa kagètipun utusan dalêm wau, dene Mas Dêmang ing Kêduwang pinanggih sampun dados jisim ingkang sawêg rinubung anak semahipun. Labêt saking awrat amundhi dhawuh timbalan dalêm, jisimipun Mas Dêmang ing Kêduwang kadhawuhan ambêkta

--- 39 ---

dhatêng nagari, pêrlu kasowanakên ing ngarsa dalêm.

Sadumuginipun Sala, sarta sasampunipun kauningan ingkang sinuhun, dhawuh timbalan dalêm, tangan saha sukunipun Dêmang ing Kêduwang kalih-kalih pisan kadhawuhan ngêthok, salajêngipun kadhawuhan mêtak ing pat-jupating nagari, minangka tumbaling nagari, anêtêpi kados wêcaning sasmita ingkang tinampi ingkang sinuhun. Dene jisimipun Dêmang Kêduwang kadhawuhan amêtak ing dhusun Gunungkidul.

Sanalika pagêbluk ingkang anêmpuh praja dalêm Surakarta Adiningrat sirêp sami sakala. Kawontênaning praja tuwin kawula dalêm sampun pulih kados wingi uni, wangsul mirah sandhang têdha. Ngrika-ngriki para kawula alit sami katingal ayêm têntrêm.

Kacariyos, sakngajalipun Dêmang ing Kêduwang, Nini Mita kapêksa ananggap ringgit sadintên-sadalu, kabêkta saking bingah-bingahipun anggènipun kinulawisudha dados abdi dalêm mantri pamajêngan Kêbondharat, lênggah sabin 10 karya, run-tumurun dhatêng anak putunipun. Ing sabên warsa kapundhutan bulubêkti awarni jêjanganan maneka warni.

Jumênêng dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan wêkdal nalika samantên têtêp andanardana sagêd anêntrêmakên praja sumarambahipun kawula dalêm sadaya. Bêbasan kadi hyang diwangkara amadhangi jagad raya. Namung eman sangat dening yuswa dalêm botên pinaringan panjang, satêmah anjalari cupêting sadaya gagayuhan dalêm ingkang angudi dhatêng kamardikan. Ewadene sarèhning kamardikan punika dados wêwênangipun para manungsa, èsthining panggalih dalêm wau kalajêngakên ing salêbêtipun jumênêng dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping VI, inggih punika nalika pêrang Diponegaran. Candranipun nagari Surakarta Adiningrat wêkdal jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping

--- 40 ---

IV ngantos dumuginipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping V: tan kobêr apêpaès mangun sinjang, têgêsipun botên kobêr andandosi nagari, awit saking kathahipun prakawis utawi rubeda. Sadangunipun ngasta kaprabon namung wontên wêwahan bangsal agêng satunggal, kaprênah sakidulipun pandhapi. Bangsal wau kagêm anampi tamu manawi lênggah kêmbul bujana, kaparingan nama pandhapa ijo, amargi wêkdal nalika samantên dipun cèt warni ijêm. Titimasa ngadêgipun pandhapa ijo amarêngi ing dintên Salasa Kliwon tanggal kaping: 27 wulan Rêjêb taun Je 1750, sinêngkalan: sirna tata swara tunggal, utawi kaping: 8 April 1823 sinêngkalan: guna paksa ngèsthi tunggal, wuku Dhukut windu Kunthara.

Sarêng jumênêng dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Pakubuwono ingkang kapingX kagungan dalêm pandhapa ijo kamulyakakên, salajêngipun kaparingan nama Sasana Handrawina.

Surud dalêm amarêngi ing dintên Jumuwah Kliwon tanggal kaping: 29 wulan Dulkijah taun Je 1750 sinêngkalan: sirnaning wisaya pangandikaning narendra, utawi kaping: 5 Sèptèmbêr 1823 sinêngkalan: mantri loro angèsthi sawiji, wuku Madhangkungan windu Kunthara wanci jam 3 siyang, dumugi yuswa: 39 warsa langkung 8 candra tuwin 23 hari. Anggènipun ngasta kaprabon namung: 2 warsa langkung 11 candra tuwin 26 hari, prasasat saumuring jagung. Sasampunipun paripurna layon dalêm kasarèkakên ing Astana Imagiri ing kadhaton kaswargan, putra-putri dalêm sadaya 45 nanging ingkang sugêng ngantos dewasa namung 19.

Ing ngandhap punika pratelan asal-usul ingkang andarahakên sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kapingV

Ingkang Sinuhun Prabu Browijoyo ingkang kaping

--- 41 ---

V Nata Binathara ing Majapait, anggarwa putri saking Cêmpa,

Pêputra: R. Joko Pêtêng, salajêngipun dados bupati ing Gilimadangin Madura,

Pêputra: Kyai Agêng Sampang,

Pêputra: Arya Patikêl ing Gilimadangin Madura,

Pêputra: Nyai Agêng Buda, kagarwa dening Arya Pucuk, putranipun Arya Kêdot, wayahipun Arya Timbul, buyutipun R. Mênak Sunoyo ing Pamêlingan Madura, canggahipun R. Joko Damar, salajêngipun dados Adipati ing Palembang (Sumatra), wareng dalêm Ingkang Sinuhun Prabu Browijoyo ingkang kaping V ing Majapait, miyos saking garwa ampeyan.

Pêputra: R. Dêmang Palakaran ing Ngarisbaya Madura,

Pêputra: Pangeran Agung ing Palakaran Ngarisbaya (garwa saking Sampang Madura),

Pêputra: Panêmbahan Lêmahdhuwur ing Ngarisbaya Madura,

Pêputra: Panêmbahan Têngah ing Ngarisbaya Madura,

Pêputra: Panêmbahan Cakraningrat I (R. Praseno) sumare ing Astana Imagiri,

Pêputra: Panêmbahan Cakraningrat II seda Kamal Madura,

Pêputra: Pangeran Cakraningrat III seda Kapal Madura,

Pêputra: Pangeran Cakraningrat IV seda Ngêkap Madura,

Pêputra: Panêmbahan Adipati Cakraningrat V seda Mukti Madura,

--- 42 ---

Pêputra: R. Ay. Adipati Cakradiningrat, kagarwa dening R. Adipati Cakradiningrat (R. Halsono) bupati ing Pamêkasan Madura, darahipun Sinuhun Sultan Syach Alam Akbar I ing Bintara (Dêmak) (R. Joko Patah), wondene aluranipun kados ing ngandhap punika: Sinuhun Syach Alam Akbar I ing Bintara (R. Joko Patah), pêputra: Pangeran Kandhuruhan ing Sumênêp, pêputra: Pangeran Wetan (R.Tambak), pêputra: Pangeran Lor (R. Rêjoso), pêputra: Pangeran Cokronagoro seda Traye, Sumênêp Madura (R. Ngabdul) pêputra: R.T. Yudonagoro III (R. Bagus) pêputra: R.T. Wironagoro I, pêputra: R.T. Wironagoro II, pêputra: R. Arya Hadikoro, seda Sêndhang Pamêkasan (R. Sunjoyo) pêputra: R. Adipati Cakradiningrat (R. Halsono) Bupati ing Pamêkasan Madura.

1. R.Aj. Handoyo, kagarwa sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV wêkdal nalika taksih jêmênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

2. R.Aj. Sakaptinah, ugi kagarwa sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV

R.Aj. Handoyo salajêngipun kapatêdhan asma: B.R.Ay. Adipati Anom, seda sumare ing Astana Lawiyan. Sarêng jêmênêng dalêm Ingkang Sinuhun kaping V kawisudha sêsêbutan saha asma: Kangjêng Ratu Pakubuwono, pêputra:

--- 43 ---

R.M.G. Sugandi, diwasanipun jêmênêng Pangeran Adipati Anom, ajêjuluk asma: K.G.P.A. Anom Hamêngkunagoro Sudibya Rajaputra Narendra Mataram kaping:III:, akiripun jumênêng narendra ajêjuluk asma: Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping V ing Surakarta Adiningrat, apêparab Sinuhun Sugih.

R.Aj. Sakaptinah salajêngipun kapatêdhan asma saha sêsêbutan: Kangjêng Ratu Kênconowungu, pêputra:

R.M.G. Malikis Salikin, diwasanipun asma: K.G.P.H. Puruboyo, akiripun jêmênêng narendra ajêjuluk asma: Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping VII ing Surakarta Adiningrat, apeparab: Sinuhun Puruboyo.

Ing ngandhap punika pratelan asmanipun putra-putri dalêm ingkang miyos saking pramèswari dalêm punapadene saking ampeyan:

1. B.R.M. Suleman (seda timur) miyos saking R. Dewokusumo.

2. B.R.Aj. Untari (seda timur) miyos saking R. Nrangkusumo.

3. B.R.M. Radeya (seda timur) miyos saking Mas Ayu Mayangsari.

4. B.R.M. Duksino (seda timur) miyos saking R. Sosrokusumo.

5. B.R.M. Kasan Bêsari (seda timur) miyos saking R. Nrangkusumo.

6. B.R.Aj. Sumiyah (seda timur) miyos saking R.P. Wangsèngsari.

--- 44 ---

7. R.Aj.G. Kabibah miyos saking G.K. Ratu Mas, dewasanipun asma: G.R.Ay. Sêkar Kadhaton, salajêngipun kagarwa: K.G.P.A.H. Mangkunagoro kaping:III:

8. B.R.M. Subardo (seda timur) miyos saking R. Dewobroto.

9. R.M.G. Sakatah (seda timur) miyos saking G.K. Ratu Kêncono.

10 ... (seda timur) miyos saking Mas Ayu Mayangsari.

11. B.R.M. Sapardan miyos saking R. Sosrokusumo, diwasanipun jêmênêng Pangera Adipati Anom, ajêjuluk asma: K.G.P.A. Anom Hamêngkunagoro Sudibya Rajaputra Narendra Mataram kaping IV akiripun jêmênêng narendra ajêjuluk asma: Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping VI ing Surakarta Adiningrat, apêparab Sinuhun Ambanguntapa.

12. B.R.M. Abuyamin miyos saking R. Dewobroto, diwasanipun asma: B.K.P.H. Suryobroto I.

13. B.R.M. Rêspati (seda timur) miyos saking R. Sulendro.

14. B.R.M. Sulasikin (seda timur) miyos saking R. Dewokusumo.

--- 45 ---

15. B.R.Aj. Sangibah miyos saking R. Rogasworo, diwasanipun krama angsal R.M.H. Mangkudipuro.

16. B.R.M. Sangadi miyos saking Mas Ayu Mayangsari, diwasanipun asma: B.K.P.H. Notobroto I.

17. B.R.M. Sadalsah (seda timur) miyos saking R. Èsmubroto.

18. B.R.M. Munodo miyos saking R. Wilasmara, diwasanipun asma: B.K.P.H. Notodiningrat.

19. B.R.M. Abuyahman (seda timur) miyos saking R. Dewobroto.

20. B.R.Aj. Sawiyah (seda timur) miyos saking R.P. Wangsèngsari.

21. B. R.P. Suparman miyos saking R. Riyo Dananjoyo, diwasanipun asma: B.K.P.H. Sontokusumo I.

22. B.R.M. Subarjo miyos saking R. Dewokusumo, diwasanipun asma: B.K.P.H. Kusumobroto I.

23. B.R.M. Yahudo miyos saking Mas Ayu Ranusari, diwasanipun asma: B.K.P.H. Pringgokusumo.

24. B.R.M. Iman Sêmantri (seda timur) miyos saking R. Èsmubrata.

25. B.R.M. Sêma'un miyos saking R. Sulendro, diwasanipun asma: B.K.P.H. Suryaningrat.

26. B. R. M. Suwaryo (seda timur) miyos saking R. P. Wangsèngsari.

27. B. R. Aj. Sasmaniyah miyos saking R. Wilasmara,

--- 46 ---

diwasanipun krama angsal B.P.H. Dipowinoto.

28. B.R.Aj. Subandinah (seda timur) miyos saking R. Sosrokusumo.

29. B.R.Aj. Salbiyah (seda timur) miyos saking R. Èsmubroto.

30. B.R.Aj. Katijah (seda timur) miyos saking R. Dewokusumo.

31. B.R.M. Sahiryo (seda timur) miyos saking Mas Ayu Citrosari.

32. B.R.Aj. Sawaliyah (seda timur) miyos saking R. Dewobroto.

33. B.R.M. Samadiman miyos saking R. Maloyosari, diwasanipun asma: B.K.P. Tumênggung Sinduseno.

34. B.R.M. Sumaryo (seda timur) miyos saking R. Sulendro.

35. B.R.Aj. Sangidah miyos saking Mas Ayu Mayangsari, diwasanipun katarimakakên R.P. Notoatmojo.

36. B.R.Aj. Samsiyah miyos saking Mas Ayu Tunjungsari, diwasanipun krama angsal R.M. Mayor Haryo Prawirowinoto.

37. B.R.Aj. Murtosiyah miyos saking R. Dewoasmoro, diwasanipun krama angsal R.M. Mayor Haryo Hadiwinoto.

38. B.R.Aj. Sariyah (seda timur) miyos saking Mas Ayu Kudosrênggoro.

39. B.R.Aj. Kadisah miyos saking R. Wirasworo, diwasanipun krama angsal R.M. [R....]

--- 47 ---

[...M.] Mayor Haryo Yudowinoto.

40. B.R.M. Sukirman miyos saking Mas Ayu Kudotilarso, diwasanipun asma: B.K.P. Panji Suryodipuro.

41. B.R.Aj. Murtosinah (seda timur) miyos saking R. Dewoasmoro.

42 ... (seda timur) miyos saking Mas Ayu Carangcuwiri.

43. B.R.M. Sla miyos saking R.P. Jayèngkusumo diwasanipun asma B.K.P.H. Suryokusumo.

44. B.R.Aj. Samaniyah miyos saking R. Ronggokusumo, diwasanipun krama angsal B.P.H. Haryo Atmojo.

45. B.R.Aj. Sriyandi (seda timur) miyos saking Mas Ayu Warsiki.

Surakarta, 15/7-1958

[Tanda tangan]

[Soediman Hadiatmodjo]Tanggal, tanda tangan, dan nama ditulis dengan tinta.