Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pakubuwana VII, Purwosastro, 1955, #514

Katalog:Pakubuwana VII, Purwosastro, 1955, #514
Sambung:-

Buku Sedjarah

--- 0 ---

Sampejan dalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Susuhunan Paku Bowono VII ing SURAKARTA.

--- 0 ---

Purwaka

Kula nuwun, anggèn kula kapatah andamêl sêrat sêjarah kawontênan kala jumênêng dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono kaping VII dalah ingkang nalurakên, tuwin pratelanipun para darah dalêm punika, têmênipun awrat sangêt raosing manah kula nglêksanani, sabab cupêt ing sêsêrêpan kula, pèngêt-pèngêtan sêpên (botên gadhah), para sêpuh ingkang sami priksa dêdongenganipun (bapak-bapak sarta ibu-ibu) sampun sami murut ing kasidan jati. Mangka sêrat sêjarah punika tumrap para kulawarga pêrlu badhe dados kali damar, pramila namung pawitan bandha kêduga sêrat sêjarah punika lajêng kula garap, supados para darah dalêm sampun ngantos kêpatèn obor. Pramila botên ketang têkên janggut asuku jaja, kula lampahi narutus ngupados sêsêrêpan dhatêng sanak-kadang pawong-mitra ingkang kula kintên sagêd paring katrangan, utawi kagungan primbon ingkang magêpokan kalihan bab-bab ingkang kula bêtahakên. Saking barkah dalêm ingkang sampun sumare, sadaya ingkang kula têba kula suwuni sêsêrêpan utawi kula suwuni sumêrêp primbonipun sami katingal dhangan panggalihipun, botên langkung kula matur sakalangkung nuwun.

Mênggah dhapukanipun sêrat sêjarah punika, kula wiwiti saking:

a. ingkang pêputra,

b. wiyosan dalêm,

c. jumênêngan dalêm,

d. kawontênan-kawontênan ingkang pêrlu dipun sumêrêpi wêkdal kala jumênêng dalêm, minangka bukti awon-saenipun panggalih dalêm, supados dados têtuladanipun para darahipun,

e. surut dalêm,

f. pratelan asma namanipun para garwa, putra, wayah sapiturutipun. (Bab punika gaduking manah kula sawêg dumugi warèng dalêm, sabab tumrap pratelan namanipun para udhêg- udhêg (anaking warèng sapangandhap) dèrèng sagêd katlêsihakên, taksih [tak...]

--- 0 ---

[...sih] alit-alit tuwin cacahipun tansah tambah-tambah, (ing têmbe kemawon dipun sambêtakên). Panyêratipun pratelan botên kasêrat molak-malik, pêrlunipun tumrap raining dlancang ingkang sasisih kangge pèngêtan sontan-santuning nama lan sanès-sanèsipun.

g. para lêluhur dalêm saking ingkang Ibu.

h. bab sêsêbutan, kula sêrat ngangge sêsêbutan tatanan anyar, supados runtut kalihan kawontênan sapunika.

Wasana atur kula dhatêng para kadang kadeyan sadaya, tuwin ingkang sami maos sêrat sêjarah punika, manawi mrangguli klèntuning pangripta kula mugi sami ngêgungakên pangaksama.

Kasêrat tanggal kaping: Surakarta, 15 Sèptèmbêr 1955.

Ingkang mangripta:

(Yudoprojo)

Purwosastro.

--- 1 ---

P. B. VII.

Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kanjêng Susuhunan Pakubuwono, Abdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping VII pêparab Ingkang Sinuhun Puruboyo, ingkang ngadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

Wiyosan dalêm ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 16 wulan Mucharam warsa Alip, sinêngkalan: guna buja sabdaning narpati (1723), utawa kaping 28 Juli, sinêngkalan: wayanging dewa wasitaning ratu (1796), wuku Julungpujud, windu Sangara.

Putra dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono kaping IV angka 23, miyos saking G.K.Rt. Kanconowungu putranipun R. Adipati Cakradiningrat ing Madura. Asma dalêm timur R.M.G. Malikis Solikin, têgêsipun: jiwa kang murni. Sarêng kajumênêngakên pangeran asma K.G.P. Adipati Puruboyo. Kaparingan dalêm sakilèn sasanamulya (samangke dipun dalêmi G.P.H. Suryo Hamijoyo) yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono kaping IV.

Sajêngkar dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwono kaping VI saking karaton Surakarta, lajêng anggêntosi jumênêng nata, amarêngi ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 22 wulan Bêsar warsa Jimawal, sinêngkalan: rêsi tata sabda raja (1753) utawi kaping 14 Juni sinêngkalan: swara mantri bujangganing bumi (1830), wuku Mandhasiya, windu Sangara.

Ing salêbêtipun jumênêng dalêm wau kawontênanipun nagari Surakarta tata têntrêm, mila botên kathah ewah-ewahaning pranatan utawi bab sanès-sanèsipun. Dene kawontênan-kawontênan ingkang pêrlu dipun sumêrêpi kados ing ngandhap punika:

A. Ingkang kapitados nyêpêng pusaraning praja wêkdal kala samantên:

1. Patih K.R.Adp. Sosrodiningrat kaping II seda ing taun Jawi 1779 sumare ing astana Imagiri wontên ing sripanganti kadhaton Kaswargan [Ka...]

--- 2 ---

[...swargan] (P.B. III), laminipun angsal 18 taun. Dipun gêntosi K.R.Adp.Sosrodiningrat kaping III laminipun angsal 11 taun.

2. Pangulu mas pangulu (M.Pngl) Sumêmi laminipun angsal 2 taun. Kagêntosan: M.Pngl. Dipaningrat, laminipun angsal 7 taun. Dipun gêntosi: M.Pngl. Tapsiranom, laminipun angsal 7 taun. Nuntên kagêntosan M.Pngl. Abdul Muslin, nama M.Pngl. Tapsiranom, laminipun angsal 5 taun. Lajêng kagêntosan: M. Mohammad Salekan jimat ing Kita Agêng, nama M.Pngl. Tapsiranom, laminipun angsal 8 taun.

3. Jaksa R.T. Amongprojo, laminipun angsal 12 taun. Dipun gantosi R.Tmg. Joyohendro, kliwon patih kapatihan, kasantunan nama R.Tg. Rurawan, laminipun angsal 5 taun. Lajêng kagêntosan R.Tg. Rêsodipuro, bupati anom carik lid pangadilan kadipatèn anom, nama R.T. Amongprojo, laminipun angsal 5 taun.

4. Pujangga Radèn Tumênggung Sastronagoro, laminipun angsal 14 taun. Lajêng dipun gêntosi R.Tg. Ronggowarsito bupati anom kadipatèn anom, laminipun angsal 15 taun.

Kawontênan wakilipun parentah Walandi ing Surakarta, ing salêbêtipun jumênêng dalêm wau:

1. Tuan J. F. Van Nes (Wakil) Nop. 1830 - Dhes. 1830

2. Tuan H. Mac.Gilavry Dhes. 1830 - Mrt. 1834.

3. Tuan P.G. Valck (Wakil) Mrt. 1834 - Dhes. 1834.

4. Tuan J.T F. Mayer. Dhes. 1834 - Spt. 1843.

5. Tuan C. L. Hartman. Spt. 1843 - Jan. 1846.§ lajêng kaschors.

--- 3 ---

6. Tuan Mr. W.C.E. Baron de Geer. Jan. 1846 - Dhes. 1856.

7. Tuan H.F. Buschkens (wakil) Mrt. 1857 - Okt. 1858.

B. Kawontênanipun pêmbangunan utawi yayasan-yayasan inggih punika:

1. Nalika ing dintên Akad tg. 25 Jumadilawal Jimakir 1770 (kaping 3 Juni 1842) ambangun Masjid Agêng ing Dêmak, amargi risak. Wragadipun urunan kalihan nagari Ngayogyakarta.

2. Nyantuni tratag ing pagêlaran, ing dintên Kêmis Lêgi tg. 4 Sura Jimawal 1773 (kaping 23 Januari 1846).

3. Ing th. 1847 M. misudha K.R.T. Joyonagoro bupati nayaka sèwu dados pêpatih dalêm, kapatêdhan nama Kangjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat kaping III.

4. Nyantuni bangsal sitinggil kidul, ing dintên Sêlasa Lêgi tg. 27 Ruwah Ehe 1780 (kaping 15 Juni 1852).

5. Anjumênêngakên surambi Masjid Agêng ing Surakarta, ing dintên Kêmis Wage tg. 19 Bêsar Be 1784 (kaping 21 Agustus 1856).

6. Pasang mustaka brumbungan mas ing Masjid Agêng Surakarta, wawratipun 192 ringgit, ing nginggil mawi panunggul gêlas, ing dintên Saptu Pon tg. 10 Mulud Wawu 1785 (kaping 8 Nopèmbêr 1856).

7. Yasa kêreta kêprabon, namung dèrèng ngantos rampung, ingkang sinuhun kasêlak surut, wragadipun f. 30.000,-.

8. Yasa pasanggrahan wontên dhusun Têgalganda, bawah Kawêdanan Dêlanggu Kabupatèn Klathèn.

9. Yasa canthik baita, nisihi canthik Kyai Rajamala yasan dalêm P.B. IV.

C. Nalika th. 1852 M. kaparêng dalêm amranata sêsêbutan, kados ing ngandhap punika:

--- 4 ---

1. Turuning panjênêngan nata ingkang kenging sinêbut R.M. namung dumugi canggah (grad IV), manawi sampun dumugi warèng (grad V) namung sinêbut radèn, dene tumrap grad VI bilih angsal ganjaran kenging sinêbut radèn, nanging amung dhatêng awakipun piyambak.

2. Turunipun K.G.P.A.H. Mangkunagoro ingkang kenging sinêbut R.M. namung buyut (grad III).

3. Turunipun bupati kengingipun sinêbut radèn dumugi putra (grad I), wayah buyutipun sapangandhap kajawi angsal ganjaran, amung sinêbut mas.

D. Ing sêlêbêtipun th. Je 1758 kaparêng dalêm amranata garisipun siti bawah kraton dalêm ing Surakarta ingkang sumêlip wontên bawah Ngayogyakarta, sarana lintonan kalihan siti-siti ingkang kabawah Ngayogyakarta ingkang wontên bawah Pajang lajêng kabawahakên kraton Surakarta. Sasampunipun kaperang wêwatêsanipun, kapetang siti ingkang kabawah kraton dalêm Surakarta kantun 37126 karya, jung-junganipun wontên 9281½ jung.

E. Ing taun 1841 M. kaparêngipun karsa dalêm yasa anggêr nama "Anggêr Gunung", katitimasan kaping 15 Ruwah Be 1768 kangge wêwatonipun para abdi dalêm gunung ingkang kawajiban jagi tata têntrêming nagari. Kasêbut ing anggêr wau namtokakên: griyanipun abdi dalêm gunung kêdah wontên ing pinggir margi agêng, inggih punika: ing Ngampèl, Larangan, Bayalali, Kartasura, Jagamasan, Sukawinangun, Munggung, Kêbonrama, Kêdhungbanthèng, Krapyak, Dêlanggu, Klathèn sarta Tangkisan.

Dene kawajibanipun bab lampahing sêrat-sêrat kintunan (pos), sadhiya kreta pos, bau sarta kapal tundhan kangge nyêkapi manawi wontên pêrlu

--- 5 ---

sawanci-wanci ambêkta barang, andandosi margi-margi agêng, jagi krêtêg-krêtêg, sadaya punika balanja tuwin wragad-wragadipun saking pajêg dhusun siti 11072½ jung a f. 4,50 sataunipun, wontên arta f. 40.526,25.

Ing th. 1832 M. yasa anggêr "Nawala Pradata", katitimasan kaping 1 Bêsar Dal 1859 kangge wêwatonanipun abdi dalêm jaksa nindakakên prakawis ing pêngadilan. Kantoripun wontên pasowanan ing alun-alun lèr, salèripun gapura Masjid Agêng.

Ingkang sinuhun kaparêng amigatosakên kabêtahanipun juru tani, amrih botên tuna-dungkap anggènipun nindakakên têtanèn, sabab samasa nênanêm punika botên mawi ngèngêti mangsa manut wêwatêkan satunggal-satunggalipun têtanêman, badhe kapitunan tênaga lan bandha ingkang botên sakêdhik, pramila para juru tani kêdah paham sarta ngugêmi sangêt dhatêng santun-sumantuning mangsa wau.

Awit saking punika wiwit tg. 22 Juni 1856 minangka dados kawitanipun mangsa ing sabên taun, katêtêpakên gilir gumantosipun mangsa pratelanipun cêkak bab wiwitipun sarta umuripun mangsa, punapadene bab-bab ingkang gêgayutan kalihan têtanèn, tuwin kawontênaning alam, kados ing ngandhap punika:

Nama, wiwitaning tanggal wulan lan dangunipun kawontênan-kawontênan, tuwin candranipun mangsa.

I. Kasa, wiwit ing tg. 22 Juni, umur 41 dintên. Para juru tani sami ambêsmèni damèn, ingkang taksih kantun wontên ing sabin, mangsa wau wiwit nanêm palawija, bangsa walang sami nigan, ron-ronan sami gogrog. Candranipun lir sotya murca saking êmbanan (ron-ronan kasanepakakên sêsotya, kêkajêngan kaibaratakên êmbananipun).

II. Karo, wiwit ing tg. 2 Agustus, umur 23 dintên. [din...]

--- 6 ---

[...tên.] Palawija wiwit sami thukul, bêsik-bêsik, wit randhu lan pêlêm wiwit sami sêmi, siti sami nêla. Candranipun: bantala rêngka (bantala = siti, rêngka = bênthèt).

III. Katiga, wiwit ing tg. 25 Agustus, umur 24 dintên. Mangsanipun siti-siti botên dipun tanêmi, bêntèr sangêt, katiga ngêrak, wancinipun ngundhuh palawija. Bangsanipun dêling (uwi, gadhung, kunci lan sanès-sanèsipun) sami thukul. Candranipun: suta manut ing bapa, awit ing mangsa wau lung-lungan sami manut lanjaranipun (lung-lungan kaupamakakên anak (suta), lanjaran kaupamakakên bapa).

IV. Kapat, wiwit ing tg. 19 Sèptèmbêr, umur 25 dintên. Sabin botên wontên tanêmanipun, mangsa katiga. Juru tani wiwit sami anggarap sabin badhe katanêman pantun gaga. Uwit randhu sami awoh, bangsanipun pêksi alit-alit sami nigan. Candranipun: waspa kumêmbêng jroning kalbu, ing wêkdal wau mangsanipun sumbêr sami pêpêt (êluh kaupamèkakên toya, manah = kalbu kaupamèmakên sumbêr).

V. Kalima, wiwit ing tg. 14 Oktobêr, umur 27 dintên. Wiwit wontên jawah, juru tani wiwit sami ndandosi galêngan lan damêl ilèn-ilèn toya ing pinggiring sabin. Wiwit nyêbar pantun gaga, wit asêm sami sinom (ron nèm), ulêr sami mêdal. Candranipun: pancuran mas sumawur ing jagad (pancuran kaibaratakên jawah, sumawur kaupamakakên jawahipun).

VI. Kanêm, wiwit ing tg. 10 Nopèmbêr, umur 43 dintên. Juru tani miwiti padamêlanipun ing sabin, nyêbar bibit ing pawinihan. Wowohan (durèn, rambutan, manggis, lan sanès-sanèsipun) [sa...]

--- 7 ---

[...nès-sanèsipun)] kathah. Bibis sami katingal ing blumbang-blumbang. Candranipun: rasa mulya kasucian = mangsanipun wowohan nêdhêng.

VII. Kapitu, wiwit ing tg. 23 Dhesèmbêr, umur 43 dintên. Winih pantun katanêm ing sabin, kathah jawah, lèpèn-lèpèn sami bêna. Candranipun: wisa kentar ing maruta = wisa larut dening angin, punika mangsanipun kathah sêsakit.

VIII. Kawolu, wiwit ing tg. 4 Pebruari, umur 26 dintên (ing salêbêtipun 4 taun sapisan umur 27 dintên). Tanêman ing sabin sami katingal ijêm, urèt wiwit kathah. Candranipun: anjrah jroning kayun = waradin salêbêtipun kajêng = karêp, mangsanipun kucing sami gandhik, jalaran manahipun kawradinan ing pikajêngan badhe lakèn.

IX. Kasanga, wiwit ing tg. 1 Marêt, umur 25 dintên. Pantun wiwit sêkar lan wontên ugi ingkang sampun woh, bangsanipun jangkrik wiwit sami mêdal, kucing sami busung, cênggèrèt sami mungêl. Candranipun: wêdharing wacarawacana. mulya, mangsanipun gangsir sami ngênthir, garèng sami ngêrèng.

X. Kasêpuluh, wiwit ing tg. 26 Marêt, umur 24 dintên. Pantun wiwit jêne, panèn gaga, kathah kewan sami wawrat, pêksi-pêksi alit sami angrêm lan nêtês. Candranipun: gêdhong minêb jroning kalbu, sabab wêkdal wau mangsanipun kewan sami wawrat.

XI. Dhêstha, wiwit ing tg. 19 April, umur 23 dintên. Juru tani wiwit panèn. Candranipun: sotya sinarawèdi (sotya kaupamèkakên anaking pêksi, sinarawèdi = kapulasara ibaratipun dipun loloh, awit mangsa wau pêksi-pêksi sami ngloloh).

XII. Sadha, wiwit ing tg. 12 Mèi, umur 41 dintên, juru tani wiwit mepe pantun lan nglêbêtakên ing lumbung, ing sabin namung

--- 8 ---

kantun damèn. Candranipun: tirta sah saking sasana, (toya kesah utawi pisah saking ngênggèn), punika mangsa badhidhing. (Tirta kaibaratakên kringêt, sasana kaibaratakên badan), pramila ing mangsa wau awis tiyang kringêtên, amargi saking asrêpipun.

F. Ugi migatosakên dhatêng babagan kabudayan, inggih punika: nalika taksih jumênêng pangeran kaparêng nganggit sêrat cariyos "Arjuna Sasrabau", kacêtha wontên ing bêbukaning sêrat wau 3 pada ungêlipun makatên:

1. Rêbo Pon panitraning manisKurang satu suku kata: Rêbo Pon panitraning mêmanis. / Jumadilawal JimawalKurang dua suku kata: wulan Jumadilawal Jimawal. / warsa enjang ping wolu likureLebih dua suku kata: warsenjang wolu likure. / kanêming Julungpujut / Sri tumurun anuju dadi / Paningron Sang Hyang Yama / ijrah nabi sèwu / rongatus wanda gangsalKurang satu suku kata: rongatus wanda gangsalnya. / sinêngkalan: wiku misik swara tunggalSengkalan: wiku wisik swara tunggal (Rêbo Pon, 28 Jumadilawal 1777 A.J., Sabtu, 21 April 1849 A.D.) [Periksa hasil beda]. / nèng barisan Pijenan //

S.I.K.S.S.I.S.K.S. kaping VII wau kala jaman pêrang Diponagoro, kapiji dados senapati anindhihi wadya prajurit kraton Surakarta, ingkang anjagi watês (pêrtahanan) wontên dhusun Pijenan.

2. Kangjêng Gusti Pangeran AdipatiLebih satu suku kata: Kangjêng Gusti Pangeran Dipati. / Puruboyo nagri Surakarta / mangun wasita karsane / aluraning lêluhur / kang linalar linuri-luri / kinurmat pinusaka / sinawung ing kidung / sajarah ing tanah Jawa / lan sajarah Arab sagung para Nabi / winanguning sarkara //

3. Kang amarna sajarah ing Jawi / lan amarna sajarah ing Arab / datan pae sapangate / samya ngluri lêluhur / ingkang sinung kamulyan sami / abdinya mantrimukya / kang kinèn mangapus / Angabèi Sindusastro / pangriptane pinurwa duk Kangjêng Nabi / Adam firatullah //Kurang satu suku kata: Adam firatullaha.

G. Kala sêmantên anguningani, sarèhning kagungan dalêm ringgit wacucal Kyai Mangu sarta Kyai Kanyut sampun kaparingakên dhatêng K.G.P.

--- 9 ---

Adp. Kusumoyudo sarta K.P.H. Notopuro, ringgit wacucal kraton ingkang kagêm padintênan lajêng kagungan dalêm Kyai Pramukannya ênèm. Lami-lami ringgit wau risak, karsa dalêm anuntên yasa ringgit purwa babonipun Kyai Pramukannya sêpuh, nanging kajujud sasigar pêlêmahan. Wandanipun kagêm kalih-kalih, dados namung rangkêp kemawon, botên anjangkêpi cacahing ringgit ingkang sami wontên wandanipun. Sarêng sampun jangkêp dados salampahan, lajêng kagêm padintênan. Dene manawi wontên pasamuwan ingkang kakarsakakên andhalang putra santana dalêm, ringgitipun ingkang kagêm manawi purwa Kyai Kadung, dene manawi gêdhog Kyai Dewakatong. Tumuntên yasa ringgit gêdhog, wandanipun mirip ringgit padhalangan, saha dêdêg pangadêgipun ugi bajujag. Sarêng sampun jangkêp dados salampahan, lajêng katêmtokakên kagêmipun, ingkang mêsthi sabên malêm Anggara Kasih. Mênggah yayasan dalêm ringgit wau sarèhning abdi dalêm panatah Cêrmopangrawit tuwin Gondotruno sampun sami tilar donya, sanadyan ing palêmahan sami katêngêran sastro mungêl: jênêngan dalêm krênamangu utawi sanèsipun, babukaning ciri ringgit wau inggih: jênêngan dalêm, dados sami kalihan ringgit yasan dalêm Ingkang Sinuhun P.B. IV ewadene ukêling tatahanipun beda kalihan ringgit garapanipun Cêrmopangrawit tuwin Gondotruno.

H. Gotèkipun tiyang sêpuh, ingkang sinuhun kagungan panakawan nama R.M. Singgih canggah dalêm Ingkang Sinuhun P.B. III. Sarèhning anggènipun suwita R.M. Singgih wau wiwit alit, umur-umuranipun barakan kalihan wayah dalêm B.R.M. Akadiyat (B.P.H. Cokrodiningrat), mila sarêng dumugi wancinipun Islam (têtak), R.M. Singgih wau têtakipun kasarêng (bela) wayah dalêm B.R.M. Akadiyat kasêbut nginggil, wontên ing dhatulaya mawi pasamuwan agêng-agêngan.

--- 10 ---

R.M. Singgih punika sanadyan jalêr, nanging lagak lagunipun kadosdene lare èstri. Pramila sarêng dewasa (bibar têtak) lajêng dipun antêp tekadipun dening ingkang sinuhun, sarana kadhawuhan milih barang ingkang badhe kaganjarakên awujut sêngkang kalihan dhuwung ingkang sae tangguhipun. Aturipun R.M. Singgih milih kaganjar sêngkang. Ingkang sinuhun kaparêng, nanging mawi kadhawuhan prasêtya bilih botên badhe nindakakên pakartinipun tiyang jalêr, sabab badhe têtunggilan kalihan para wanita wontên ing nglêbêt kadhaton, aturipun sandika.

Ganjaran dalêm warni sêngkang lajêng kaparingakên, sarta kapangkat abdi dalêm èstri pandamêlanipun katunggilakên para abdi dalêm èstri wontên ing kêputrèn. Lami-lami katrimah pasuwitanipun R.M. Singgih wau ngantos kaganjar dados bupati èstri nama Nyai Mas Tumênggung Soka, lastari ngantos dumugi jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Wicaksana saha Ingkang Minulya P.B. X. sawêg tilar donya. Sarêng dumugining janji, sarèhning têmênipun Nyai Mas Tumênggung Soka wau jalêr, mila kaparêng dalêm kasantunan nama R.M.T. Sêcodiningrat.

I. Sajumênêng dalêm kawontênanipun nagari Surakarta wiwit wangsul têntrêm botên wontên dahuru, kraman lan sapanungilanipun. Awit saking punika, pasowananipun para putra sêntana sarta abdi dalêm sabên ing dintên Saptu sontên ingkang kawastanan sowan lawungan, kasuwak. Mênggah larah-larahipun sowan lawungan wau makatên:

Kacariyos kala jaman nagari Mataram sawêg nêdhêng-nêdhêngipun sami rêmên ulah kaprajuritan, mila ing jaman wau dipun pralambangi jaman kalasakti, ingkang sinuhun dalah para putra santana tuwin abdi dalêm agêng alit sabên ing dintên Saptu sontên sami kadhawuhan [kadhawuha...]

--- 11 ---

[...n] sowan gladhèn ulah kaprigêlan nitih turangga sarwi angêmbat watang, ingkang kanamakakên têgarlawung wontên ing alun-alun lèr. Ing dintên wau sagunging titihan turangga majêng sadaya. Abdi dalêm niyaga nabuh gangsa Kyai Singakrura (katêlahipun nama gangsa monggang patalon utawi gangsa sètu). Abdi dalêm kalawija (bucu, wujil, cêcebolan) ugi sowan majibi panitih dalêm titihan kuda. Caranipun kala jaman samantên, manawi wontên ingkang rêbah prabotipun kakengingakên têtêbusan, dados wajibipun abdi dalêm kalawija sadaya. Dene pêpangkataning têtêbusan kados ngandhap punika:

1. Manawi lawung rêntah, têbusanipun sawe = 25 wang.

2. Manawi wêdhung rêntah, têbusanipun ugi 25 wang.

3. Manawi kuluk rêntah, têbusanipun ugi 25 wang.

4. Manawi dhuwung rêntah, têbusanipun ugi 25 wang.

5. Manawi kapalipun rêbah utawi pêjah, tinampèn para gamêl lajêng kaupakara. Bilih sagêd gêsang têbusanipun 100 wang, manawi kalajêng pêjah namung dipun prêsèni 40 wang.

6. Manawi wontên ingkang katlangso anggènipun sodhor lawung, ingkang wajib ngupakara prikanca niyaga, sabibaripun lajêng mrêsèni 60 wang.

7. Manawi ingkang rêntah wau agêm-agêman dalêm ingkang sinuhun, paring dalêm têbusan 1000 wang, bilih ingkang rêntah wau agèn dalêm lawung sasaminipun, matêdhani ganjaran arta dhatêng abdi dalêm kalawija 60 wang.

Eman sangêt gladhèn ulah kridhaning ayuda ingkang dados têtingalan adiluhung wau dipun suwak, ingkang kalastarèkakên kantun ungêling gangsa monggang patalon, ingkang sapunikanipun lajêng kasuwak pisan.

--- 12 ---

J. Dhasaripun panggalih dalêm ingkang sinuhun punika sabar, bèrbudi bawalêksana, adil paramarta, asih ing dasih, mila sinuyutan para putra santana miwah kawula agêng alit saisining praja Surakarta. Punapa gêgayuhan dalêm ingkang dèrèng kadumugèn, botên kêmba pangèsthinipun sarana nênêdha sih kamirahanipun Pangeran ingkang Murbèng Jagad. Mênggah andharanipun kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Kasêbut ing buku Patya Rumbaga pèngêtan lêlampahanipun K.R.Adp. Sosrodiningrat II, mratelakakên: kala ngajêngakên surud dalêm Ingkang Sinuhun P.B. V. wêkdal gêrah dalêm katingal rêkaos, sampun dados tata adatipun karaton sadaya putra santana sarta abdi dalêm agêng alit sami tuguran, residhèn wakilipun parentah Walandi ugi tumut tugur. Kala samantên ingkang sinuhun paring piwêling dhatêng Residhèn Surakarta bab ingkang kaparêngakên badhe jumênêng nata anggêntosi kaprabon dalêm, inggih punika rayi dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Puruboyo, awit punika rayi dalêm ingkang ugi miyos saking Ibu dalêm G.K. Ratu. Dados sampun samêsthinipun jumênêng anggêntosi kaprabon raka nata. Sanès dintên pêpatih dalêm K.R.Adp. Sosrodiningrat II, sowan mlêbêt ing kadhaton ngadhêp ing ngarsa dalêm. Sasampunipun munjuk kadospundi kawontênan raosipun gêrah dalêm, ugi nyuwun cumadhong dhawuh kaparêng dalêm sintên ingkang kakarsakakên badhe jumênêng anggêntosi kaprabon dalêm. Kala samantên kawontênanipun putra-putra dalêm dèrèng wontên ingkang dewasa, ingkang miyos saking pramèswari namung satunggal putri R.Ay.G. Sêkar Kêdhaton, putra dalêm ingkang sêpuh miyos saking garwa ampeyan R.Ay. Sosrokusumo inggih punika G.R.M. Sapardan sawêg yuswa 17 taun. Pangandika dalêm: "Kakang Sosrodiningrat, bab kaanane gêrahku saya rêkasa, kaya-kaya wis cêdhak karo janjiku, dene bab kang bakal gumanti kaprabon, aku wis kandha mênyang residhèn, wêlingku [wê...]

--- 13 ---

[...lingku] ing têmbe sapungkurku kang taklilani jumênêng nata adhimu yayi mas Pangeran Adipati Puruboyo". Unjukipun pêpatih dalêm: "Sinuhun, waris sadhèrèk punika kalingan kalihan waris putra, punapa ingkang sinuhun badhe nyingkur putra?" Sang nata ngandika malih: "Kakang, anakmu isih bocah tur bodho, yèn jumênêng nata mangka ngrusakake nagara, jênêngku ditutuh ing wong akèh". Pêpatih dalêm munjuk: "Sinuhun, ratu punika pêpundhèn, purba wasesanipun praja saisinipun wontên, patih, punapa sang nata botên pitados dhatêng pêpatih dalêm, inggih abdi dalêm punika".

Sang nata lêgêg, wasana lajêng ngandika: "La kêpriye kakang kang dadi pamrayogamu, sarèhne aku wis kêbanjur kandha mênyang residhèn". Unjukipun pêpatih dalêm: "Gusti, sabda punika kalingan dening patra (sêrat), sastra sagêt anutupi pangandika".

Enggaling cariyos pêpatih dalêm lajêng damêl nawala dalêm dhatêng residhèn, bab santunipun ingkang badhe gumantos narendra, nawala kaampil pêpatih dalêm dipun tampèkakên dhatêng residhèn.

Nahênta, sarêng K.G.P.Adp. Puruboyo midhangêt bab wau, lajêng rawuh dhatêng kapatihan pinanggih pêpatih dalêm, andangu kadospundi larah-larahipun dene wontên ewah-ewahan ingkang badhe gumantos kaprabon.

K.R.Adp. Sosrodiningrat punika kulina sangêt kalihan K.G.P.Adp. Puruboyo, manawi wawan pangandika botên basan, kadangu makatên wau aturipun sarwi ngarih-arih: "Kangjêng gusti takaturi narimah dhisik, bab iki wis takpikir dawa ewuh-pakewuhe ing têmbe burine. Bêcik disabarake supaya aja nganti tuwuh rêtuning praja, amarga jangkane ratu kang bakal jumênêng iki ora suwe. Besuk Kg. Gusti banjur gumanti kaprabon, takêmong nganti katog, [ka...]

--- 14 ---

[...tog,] mung aku titip bathangku bae, aja nganti kapiran".

K.G.P.Adp. Puruboyo mupus ing papasthèn panduming dumadi, andhahar aturipun pêpatih dalêm sarta nyagahi punapa suwunanipun K.R. Adipati. Enggaling cariyos sasurud dalêm Ingkang Sinuhun P.B.V ingkang gumantos kapraboning nata putra dalêm G.R.M. Sapardan kasêbut nginggil. Pralambangipun: tunjung putih, pikajêngipun ratu jinunjung patih. Laminipun namung 6 taun. Ing salêbêtipun ngêntosi wahyaning mangsakala wau, rintên pantara dalu Kangjêng K.G.P.Adp. Puruboyo tansah salat kajat, nyênyadhang sih kamirahaning Pangeran ingkang Murbèng Dumadi, cêgah dhahar lan nendra, pancèn dhasaripun panggalih dalêm sabar tawêkal, kanthi pitados dhatêng ingkang Maha Kawasa, awit sadaya gêgayuhaning manungsa punika yèn linampahan kalayan têmên-têmên têmtu tinêmu.

Nêtêpi jangka ingkang kawêca ing nginggil, jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun P.B. VI sayêktos botên dangu. Nyarêngi masa kala dhawahing wahyu kaprabon, Kangjêng K.G.P.Adp. Puruboyo kalampahan jumênêng nata, dipun wrangkani K.R.Adp. Sosrodiningrat II laminipun ngantos 18 taun. Dumugi yuswa 78 taun K.R. Adipati seda, kaparêng dalêm ingkang sinuhun layonipun kasarèkakên ing Astana Imagiri wontên palataran sripanganti kêdhaton kaping III (kaswargan), nuhoni kasagahan dalêm, anêtêpi bawalêksananing nata.

K. Pangrêksanipun dhatêng tata raharjaning kraton tuwin nagari Surakarta dipun wigatosakên sangêt, inggih punika nalika kirang sataun kalihan surud dalêm, ing salêbêtipun 1857 M. saking kaparêng dalêm ingkang sinuhun andamêl tatanan urut-urutanipun ingkang badhe sumilih kaprabon dalêm, sabab saking sêpêning K.G.P.Adp. Anom sarta sêpêning putra dalêm kakung, kados [ka...]

--- 15 ---

[...dos] ing ngandhap punika:

Samasa S.I.S.K.S. Pakubuwana kaping VII surut, ingkang sumilih jumênêng narendra K.G.P.Adp. Angabèi, amargi saking kamirahanipun, sumêrêp dados tandhaning lumuntur saking salira dalêm piyambak.

Dene K.G.P.H. Prabuwijoyo, putra dalêm swarga S.I.K.S.S.I.S.K.S. Pakubowono kaping VI ingkang sêpuh piyambak, badhe kangkat jumênêng K.G.P.Adp. Anom.

Manawi K.G.P.Adp. Angabèi seda ngrumiyini Ingkang Sinuhun kaping VII, K.G.P.H. Prabuwijoyo ingkang badhe nuntên kajumênêngakên K.G.P.Adp. Anom, calon sumilih kaprabon dalêm.

Amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Ramêlan warsa Jimakir, sinêngkalan: karasa salira rêsi sabumi (1786) utawi kaping 10 Mèi sinêngkalan: brahmaning pandhawa salira tunggal (1858), wuku Watugunung, windu Kunthara, wanci siyang, sampeyan dalêm ingkang sinuhun murud ing kasidan jati, dumugi yuswa 63 taun 8 wulan, dene laminipun jumênêng nata 29 taun, layonipun kasarèkakên ing Astana Imagiri yasa kadhaton piyambak, adêgipun nalika ...

Mênggah kênyataanipun tatanan kasêbut nginggil wau kalampahan katindakakên kalayan samêsthinipun, inggih punika:

Sasurut dalêm ingkang sinuhun (tg.10 Mèi 1858), ingkang sumilih jumênêng nata ing Surakarta têtêp K.G.P.Adp. Angabèi, amarêngi ing dintên Sênèn Kliwon tanggal kaping 17 Mèi 1858 (dados lêt 7 dintên kalihan surut dalêm) jêjuluk S.I.S.K.S. Pakubuwono kaping VIII. Saha nunggil dintên wau K.G.P.H. Prabuwijoyo kajumênêngakên K.G.P.Adp. Anom Mangkunagoro Sudibyo Rajaputra Narendra Mataram.

Kawontênanipun nagari saha kraton wilujêng malah sangsaya gêmah ripah loh jinawi nir sambekala. [sambe...]

--- 16 ---

[...kala.]

SAJARAH SAKING MATARAM.

Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyokrokusumo ing Mataram, pêputra Pangeran Ronggo ing Kajiwan, pêputra R.Ay.Tmg. Alap-alap, pêputra R.Rg.Tanpulas, pêputra R.Rg.Gêndèrêh, pêputra R. Surotirto, pêputra R.Tmg. Surodirjo wadana patrol ing Surakarta, pêputra K.G.P.Adp. Jayaningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, jumênêngipun kala taun Jawi 1710 dumugi ing taun 1722 lajêng lèrèh, seda sumare ing Astana Gadhingan bawah Ass. Wêdana Cangkringan Kabupatèn Kalasan Ngayogyakarta. K.G.P.Adp. Sindurêjo (rumiyinipun asma R.T. Mangkuyudo), putra ingkang miyos saking garwa, putranipun Tumênggung Surodiningrat Bupati ing Panaraga, pêputra R. Surodirjo (Sumodirjo), pêputra R.Ay. Rêtnodiluwih, ampil dalêm Ingkang Sinuhun P.B. VII pêputra G.R.Ay. Suryaningrat, mantu dalêm Ingkang Sinuhun P.B. V pêputra B.P.H. Cokronagoro, B.P.H. Cokrodiningrat.

Sajarah saking Majapait lan Madura.

[Grafik: Silsilah] Sang Prabu Browijoyo V ing Majapait pêputra: I. Arya Damar dados Adipati wontên ing Palembang, pêputra: I. Arya Lêmbupêtêng dados bupati ing Gilimandangin Madura, pêputra: II. R. Menak Sunoyo katanêm wontên ing Pamêlingan Madura, pêputra: II. Kyai Agêng Sampang, pêputra: III. Arya Timbul, pêputra: III. Arya Patikêl ing Gilimadangin, pêputra: IV. Arya Kèdèt, pêputra: V. Arya Pucuk IV. Nyai Agêng Buda 1. R. Dêmang Palakaran ing Arisbaya Madura, pêputra: 2. Pangeran Agung ing Palakaran Ngarisbaya, garwa saking Sampang, pêputra: 3. Panêmbahan Lêmahdhuwur ing Ngarisbaya, pêputra: 4. Panêmbahan Têngah ing Arisbaya, pêputra: 5. Panêmbahan Cakraningrat I (R. Prasena) sumare ing Imagiri, pêputra: 6. Panêmbahan Cakraningrat II seda Kamal Madura, pêputra: 7. Pangeran Cakraningrat III seda kapal ing Madura, pêputra: 8. Pangeran Cakraningrat IV seda Ngêkap Madura, pêputra: 9. Panêmbahan Adipati Cakraningrat V seda mukti, pêputra: 10. R.Ay.Adp. Cakradiningrat ing Madura: R.Ay. Adipati Anom P.B. IV G. K. Rt. Kêncono. P.B. V. R.Ay. Arya Surindra P. B. VII R.Ay. Rêtnodiluwih G.P.H. Suryaningrat G.R. Ay Suryaningrat 1. B.P.H. Cokronagoro 2. B.P.H. Cokrodiningrat.

Asal-usul

Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubowono kaping VII ing Surakarta, garwanipun:

I. G.K.Rt. Pakubuwono, putranipun Kg. Sultan Cakraningrat ing Madura, botên pêputra.

II. G.K.Rt. Kêncono, putranipun K.G.P.H. Mangkubumi I ing Surakarta, putra dalêm P.B. III.

III. R.Ay. Rêtnodiluwih (garwa ampeyan), anakipun R.My. Sumodirjo putranipun K.R.Adp. Jayaningrat pêpatih dalêm ing Surakarta (sumare ing Astana Gadhingan bawah Kalasan Ngayogyakarta).

A. Para putra dalêm.

1. G.R.Ay. Suryaningrat (G.R.Aj. Maknowiyah), saking garwa angka III.

2. R.M.G. Budiman, saking garwa angka II, seda timur.

3. G.R.M. Sarjono, saking garwa angka III, seda timur.

4. G.K.Rt. Pambayun (R.Aj.G. Andowiyah), saking garwa angka II, cêgah krama.

5. R.Aj.G. Isbandiyah, saking garwa angka II, seda timur.

--- 19 ---

B. Para wayah dalêm.

G.R.Ay. Suryaningrat, krama angsal G.P.H. Suryaningrat putra dalêm P.B. V, sumare ing Astana Imagiri ing kêdhaton kaping VII, pêputra:

I. B.P.H. Cokronagoro (B.R.M. Sukirman).

II. B.P.H. Cokrodiningrat (B.R.M. Okotdiyat).

Sarêng ingkang raka kakendhangakên dhatêng Mênadho katarimakakên dhatêng K.R.Adp. Sosrodiningrat III pêpatih dalêm ing Surakarta, sumare ing Astana Jabung sakidul Kartasura, botên pêputra. Sasedanipun K.R. Adipati sarta sakonduripun G.P.H. Suryaningrat saking Mênadho lajêng wangsulan, ngantos dumugi seda.

C. Para buyut dalêm.

I. B.P.H. Cokronagoro, krama angsal putranipun R.M.My.Sosrowijoyo Mayor Rajêkwèsi, putranipun K.R. Adp. Sosrodiningrat II, sumare ing Astana Gunungasari Kartasura, pêputra:

1. Putri, saking ampil R.Rr. Dunuk putranipun R.T. Harjodipuro, seda konduran dalah putranipun.

2. R.M.Ng. Wirosukirno (R.M.Sukirno), saking garwa.

3. R.Ay.Tmg. Bujonagoro (R.Aj. Suharti), saking garwa.

4. K.R.M.H. Cokroatmojo (R.M. Suhardi), saking ampil R. Rogasmoro anakipun ...

II. B.P.H. Cokrodiningrat, mantu dalêm P.B. VI sumare ing Astana Kartasura (tilas kêdhaton), pêputra:

1. K.R.M.H. Honggodiningrat (R.M. Honggosuroyo) saking ampil R.Rr. Ngaliyah putranipun R.P. Mahesokatang kaptin prajurit talangpati. Krama angsal Ny.Lr. Sastrowanodya panèwu carik kaputrèn, putranipun R.T. Sastrodipuro bupati anom carik, sumare ing Astana Kartasura, botên pêputra.

--- 20 ---

2. R.M.R.P. Condrodiningrat (R.M. Honggosurasto), saking ampil R.Rr. Ngaliyah kasêbut nginggil, sumare ing Astana Jambon Jayantakan.

3. R.Ay. Yudoprojo (R.Aj. Suciyat), saking R.Ay. Sosrokusumo putranipun R.M.H. Sosrokusumo wayah dalêm P.B. IV, sumare ing Astana Sondakan Lawiyan.

4. R.M.P. Cokroatmojo (Radèn Mas Sunu) saking ampil R. Sumoasmoro, sumare ing Astana Kartasura, botên pêputra.

5. R.Ay. Darpopranoto (R.Aj. Sutami), saking R.Ay. Sosrokusumo, sumare ing Astana Mlathèn Sêmarang, botên pêputra.

6. R.M. Joyosaputro (R.M. Syarif Saparkun Ali Montoho) saking R.Ay. Sosrokusumo, sumare ing Astana Turiloyo Joyodiningratan.

7. R.M.P. Brojosasono (R.M. Sarju), saking ampil R. Gondoasmoro putranipun R.T. Nitipura bupati anom gadhing mataram, sumare ing Astana Kartasura

8. R.Ay. Mangkudiryo (R.Aj. Kusmirah) saking R.Aj. Sosrokusumo, sumare ing Astana Tejabang Karangwetan Simo Boyolali.

9. R.Ay. Singoprono (R.Aj. Sukamsiyah) saking R.Ay. Sosrokusumo, krama angsal R.M.Ng. Singoprono panèwu pamajêgan ing Walèn canggah dalêm P.B. IV sumare ing Astana Triastana Kl. Pajang.

Ingkang saking garwa G.R.Ay. Cokrodiningrat (G.R.Aj. Sapariyêm).

10. B.R.Ay. Prabuningrat (B.R.Aj. Surtiyêm), sumare ing Astana Imagiri wantên ing kêdhaton kaping IX.

11. B.R.Ay. Cokrosaputro (B.R.Aj. Sumartinah), sumare ing Astana Lawiyan Surakarta, botên pêputra.

12. B.R.Ay. Wirowiryono (B.R.Aj. Sumartiyah),

--- 21 ---

sumare ing Astana Manang Kaondêran Grogol Kartasura.

13. R.M.R.H. Nataningrat (B.R.M. Sutejo) mantu dalêm P.B. IX, sumare ing Astana Kartasura, botên pêputra.

14. B.R.M. Sayidiman, seda taksih jaka.

15. B.RAy. Brotodipuro (B.R.Aj. Suskandani utawi Supihèdi), krama angsal R.Ng. Brotodipuro pradikan ing Kadilangu, sumare ing Astana Kadilangu Dêmak.

16. R.M.R.H. Dipaningrat (B.R.M. Susmadi), seda taksih jaka, sumare ing Astana Kartasura.

D. Para canggah dalêm.

A. R.M.Ng. Wirosukirno, krama angsal putranipun B.P.H. Suryobroto II, sumare ing Astana Gunungsari, pêputra:

1. R.Ay. Tirtoprojo (R.Aj. Sukinah) saking ampil, angsal R.M.Ng. Tirtoprojo panèwu gêdhong têngên, sumare ing Astana Ngêndhèn, botên pêputra.

2. R.Ay. Wongsocundoko (R.Aj. Suhinah), saking ampil.

3. R.Ay. Cokrohardoyo (R.A ...), saking ampil.

4. R.M. Cokrosuharjo ( R.M. Suharjo) saking ampil, sumare ing Astana ...

5. R.Ay. Wiryosubroto (R.Aj. Suhur) saking garwa.

B. R.Ay.Tmg. Bujonagoro, krama angsal K.R.M.T. Bujonagoro bupati nayaka bumi, sumare ing Astana Gêntan, pêputra:

1. R.Ay. Projoprawiro (R.Aj. Mênik), sumare ing Astana Ngêndhèn.

2. R.M.Ng. Atmokumoro (R.M. Suharto), sumare ing Astana Gêntan, botên anak-anak.

3. R.M.Ng. Dwijopranoto (R.M. Hartono), sumare ing Astana Gêntan.

--- 22 ---

4. R.Ay. Mangkusaputro (R.Aj. Minah), sumare ing Astana Tejabang Karangwetan.

5. R.Ay. Mangunatmoko (R.Aj. Mênuk), sumare ing Astana Gêntan, botên anak-anak.

6. R.Ay. Wiryohartono (R.Aj. Sumi).

7. R.Ay. Worosugondo (R.Aj. Menah), sumare ing Astana Bibisluhur.

8. R.Aj. Hardinah, tilar donya taksih prawan.

9. R.Ay. Harjosumarto (R.Aj. Mublak).

10. R.Ay. Tarpohartono (R.Aj. Sulastri) sumare ing Astana Tejabang Karangwetan, botên anak-anak.

C.K.R.M.H. Cokroatmojo, sumare ing Astana Gunungsari, pêputra:

1. R.M. Bambang Sudarsono, saking ampil ...

D. R.M.R.P. Condrodiningrat, angsal anakipun R.Lr. Suroproyo, pêputra:

1. R.M.Bk. Wignyopanêmbang (R.M. Sumadi), sumare ing Astana Jambon.

2. R.M. Jayèngprawoko (R.M. Saban), sumare ing Astana Jambon.

3. A. Ry. Jayèngrêsmi (R.Aj. Sumasiyah).

4. R.M. Suwandi, tilar donya taksih jaka.

E. R.Ay. Yudoprojo, krama angsal R.M.Ng. Yudoprojo I panèwu kaparak kiwa, canggah dalêm P.B. III, pêputra:

1. R.M.Ng. Joyosuwarno (R.M. Subêkti).

2. R.M.Ng. Dutosarsono (R.M.Moh. Johar Kamit).

3. R.M.Ng.Yudoprojo II (R.M. Sêtyoso).

4. R.Ay. Mangunwiradi (R.Aj. Sucinah).

5. R.M. Sudarman, tilar donya taksih jaka.

F. R.M. Joyosaputro, krama angsal putranipun K.R.M.T.H. Joyodiningrat bupati bêkêl lêbêt kaparak kiwa, pêputra:

1. R.M. Mantopranoto (R.M. Sumanto), tilar donya botên anak-anak.

2. R.M. Sunarso, tilar donya taksih jaka.

3. R.Ay. Honggopradoto (R.Aj. Siti Mukjinah).

--- 23 ---

4. R.Ay. Projodikromo (R.Aj. Siti Aminah). Sasedanipun R.Ay. Joyosuputro, lajêng angsal R.Ngt. Sêtiyaningsih al. Tugi anakipun mbah Rata, pêputra:

5. R.Ay. Cokrosuyitno (R.Aj. Siti Mukminah).

6. R.Ay. Jahartiman Joyosangojo (R.Aj. Siti Patimah).

G. R.M.P. Brojosasono, angsal anakipun ... pêputra:

1. R.Ay. Gondohutomo (R.Aj. Prêkis).

2. R.Ay. Cokrosusastro (R.Aj. Tantinah).

H. R.Ay. Mangkudirjo, krama angsal R.M.Ng. Mangkudirjo panèwu pamajêngan Karangwetan Simo Boyolali, canggah dalêm P.B. III, pêputra:

1. R.M.Lr. Tarpohartono (R.M. Bêsar).

2. R.Ay. Sosrosugondo (R.Aj. Sutinah).

3. R.Ay. Atmojahnawi (R.Aj. Sutiyah) tilar donya botên anak-anak.

4. R.M. Sosrosudiro (R.M. Sudirham).

I. B.R.Ay. Prabuningrat, krama angsal G.P.H. Prabuningrat putra dalêm P.B. IX, pêputra:

1. B.P.H. Cokrodiningrat (B.R.M. Mujadi).

2. R.M.Ng. Hendrodiprojo (B.R.M. Istijab).

3. B.R.M. Mujono, seda taksih jaka.

4. R.Ay. Wiranto (B.R.Aj. Hartati).

J. B.R.Ay. Wirowiryono, krama angsal R.M.Ng. Wirowiryono mantri kapatihan warèng dalêm P.B. III, pêputra:

1. R.Aj. Sudinah, tilar donya taksih prawan.

2. R.M. Okotdiyat Prawirohutomo.

E. Warèng dalêm.

I. R.Ay. Wongsocundoko, angsal R. Wongsocundoko, anak-anak:

1. R.M. Sudadi, tilar donya taksih jaka.

--- 24 ---

2. R.M. Padmomijoyo (Sukardiman).

II. R.M. Cokrosuharjo, angsal anakipun ..., anak-anak: R.Aj. Warsini (wontên ing Kadilangu)

III. R.Ay. Wiryosubroto, angsal R.M.Ng. Wiryosubroto mantri gêdhong têngên canggah dalêm P.B.V, anak-anak:

1. R.Ay. Sastrodiputro (Suginah).

2. R. M. Lr. Gitosawego (Sugito), sampun tilar donya.

3. R.Ay. Sujut (Sugiati).

4. R.Ay. Sumarno (Doglong).

5. R.M. Slamet Subagyo.

6. R.Aj. Sugiah.

IV. R.Ay. Projoprawiro, krama angsal R.M.Ng. Projoprawiro panèwu bumi, buyut dalêm P.B.III, anak-anak:

1. R.M. Sinduatmojo (Suhardiman) sampun tilar donya.

2. R.M. Hadisaputro (Martono).

3. R.M. Hadiatmojo (Sudiman).

4. R.M.P. Trunowirogo (Sayid Rahiman).

5. R.Ay. Hadisumarno (Sumarti) sampun tilar donya.

V. R.M.Ng. Dwijopranoto, angsal anakipun R.M.Ng. Joyodimêjo, anak-anak:

1. R.M.Ng. Joyopranoto (Suyono) saking Ny. Kênyosaroyo.

2. R.A. Sastromijoyo (Sayêkti) saking Ny. Kênyosaroyo.

3. R.Ay. Daryoko (Suharni) saking bojo.

4. R.M. Sunarno saking bojo.

VI. R.Ay. Mangkusaputro (Tarpohartono I), angsal R.M.Lr. Tarpohartono, patutan 5 kasêbat ing golongan D angka XXIII.

VII. R.Ay. Wiryohartono, angsal R.Ng. Wiryohartono mantri kasir kas nagari kapatihan Surakarta, anak-anak:

--- 25 ---

1. R.M. Sayid Suharjo.

2. R.Ay. Trunowirogo (Nuk) sampun tilar donya.

3. R.Ay. Trunowirogo II (Sudinah).

4. R.M. Sayid Surarjo.

5. R.M. Hartoyo sampun tilar donya.

6. R.Ay. Sastrosusilo (Hasrinah).

VIII. R.Ay. Worosugondo, krama angsal R.M.P. Worosugondo Litn. Legium M.N., anak-anak:

1. R.M. Sudarman.

IX. R.Ay. Harjosumarto, angsal M.A. Harjosumarto Opziener Sêkolahan, anak-anak:

1. R.Ay. Abdulah Afandi (Martinah).

2. R.M. Abujono, gugur nalika clash II.

3. R.M. Abusanto.

4. R.M. Abutoro.

5. R.M. Sumasto.

6. R.Ay. Sumaryo (Marliyah).

X. R.M.Bk. Wignyopanêmbang, angsal anakipun Carangwisoto, anak-anak:

1. R.M. Cokroprawoto.

2. R.M. Warsito, tilar donya.

XI. R.M. Jayèngprawoko, angsal anakipun R. Wignyopangarso, anak-anak:

1. R.M. Condropradoto (Suminto).

2. R.M. Sumitro, tilar donya taksih jaka.

3. R.M. Sudiro.

XII. R.Ay. Jayèngrêsmi, krama angsal R.M.P. Jayèngrêsmi ritmistêr prajurit jayèngastra buyut dalêm P.B. V, pêputra:

1. R.M. Gondosutanto.

2. R.M. Suranto.

XIII. R.M.Ng. Joyosuwarno, angsal putranipun K.R.M.T. Suryonagoro bupati ngajêng buyut dalêm P.B. VIII, anak-anak:

1. R.M. Suprapto Hadisuryo.

2. R. Ay. Danunagoro (Kusrahmani).

--- 26 ---

3. R. M. Tukul Atmo Joyosuwarno, tilar donya taksih jaka.

4. R. M. Sudarmadi.

XIV. R. M. Dutosarsono, angsal anakipun R. N. Wirowiyoto mantri guru kapatihan, anak-anak:

1. R. Ay. Purwosugyanto (Srisayêkti).

2. R. Ay. Sudono Cokrosarsono (Rêtno Suyati).

3. R. M. Suryo Sanjoyo.

XV. R. M. Ngabèi Yudoprojo II, angsal anakipun M. Ng. Wiromintragno panèwu kabayan kapatihan, anak-anak:

1. R. Ay. Suminto (Sêtyatinah).

XVI. R. Ay. Mangunwiradi, angsal R. M. Ng. Mangunwiradi wêdana dhistrik Sima Bayalali, warèng dalêm P.B. III/IV, anak-anak:

1. R. M. Widoyo,

2. R. M. Wiratmoko.

3. R. Aj. Wirastuti.

4. R. Aj. Wirasmani.

XVII. R. Ay. Honggopradoto, angsal R. Ng. Honggopradoto panèwu pananggap Sragèn, anak-anak:

1. R. Aj. Sri Kamarin, tilar donya taksih prawan.

2. R. Aj Sri Rahayu (R.Ay. Darsono).

3. R. M. Maryo.

4. R. M. Sumarno, gugur clash II.

5. R. M. Sumarso.

6. R. Aj. Mênuk.

7. R. Aj. Srimartini, tilar donya taksih prawan.

XVIII. R. Ay. Projodikromo, angsal R. Ng. Projodikromo wedana dhistrik Bêkonang, anak-anak:

1. R. Ay. Sumasto (Siti Rukmini).

2. R. Ay. Sudarmasto (Siti Karlinah).

XIX. R. Ay. Cokrosuyitno, angsal R. Ng. Cokrosuyitno kêtua pengadilan agama ing kabupatèn Rêmbang, anak-anak:

--- 27 ---

1. R. M. Suyitno.

2. R. M. Suyatno.

3. R. M. Mochtarul Anam.

4. R. A. Sakdiyah.

5. R. M. Muchtar Pariji.

XX. R. Ay. Jahartiman Joyosangojo, angsal R. Jahartimah Joyosangojo, pêgawai A.U.R.I. - P.A.U., anak-anak:

1. R. Aj. Siti Harjinah.

2. R. Aj. Siti Marinah.

3. R.Aj. Siti Pandinah.

4. R.Aj. Siti Mardikah.

5. R.M. Subarjo.

6. R.M. Sunarjo.

7. R.Aj. Siti Hartati.

XXI. R.Ay. Gondohutomo, angsal R. Gondohutomo mantri pulisi gupêrmèn Surakarta, anak-anak:

1. R.M.Dr.My. Amino Gondohutomo.

2. R.Ay. Gunari (Sriyatun).

3. R.Ay. Iman Subarkah (Sarjuni).

XXII. R.Ay. Cokrosusastro, angsal R. Cokrosusastro guru Sêkolah Rakyat, anak-anak:

1. R.Ay. Cokrosudarsono (Kustiyam).

2. R.Ay. Cokrosubroto (Suwarti).

3. R.M. Suhartono.

4. R.M. Sudaryanto.

XXIII. R.M.Lr. Tarpohartono, angsal putranipun K.R.M.T. Bujonagoro (R.Aj. Minah), anak-anak:

1. R.M. Duliman, tilar donya taksih jaka.

2. R.Ay. Hadisaputro (Rêtno Jatmiko).

3. R.M. Maktal Tejosaputro.

4. R.M. Sancoko Mangkuatmojo.

5. R.Aj. Kantinah tilar donya taksih prawan.

XXIV. R.Ay. Sosrosugondo, angsal RM. Sosromijoyo putranipun R.M.Ng. Harjodiprojo (Brojokusumo) buyut dalêm P.B. V, anak-anak:

1. R.Ay. Hartosayono (Sriyati).

--- 28 ---

XXV. R.M. Sosrosudiro, angsal anakipun R.Ng. Wiryosaroso mantri koki gêdhong têngên, anak-anak:

1. R.M. Jokosasono Sosrosudiro.

2. R.Aj. Mangkuwardoyo (Suprapti)

3. R.Ay. Srikasti Rinduan.

XXVI. B.P.H. Cokrodiningrat, mantu dalêm P.B. X. pêputra:

1. R.Ay. Harjono (R.Aj. Indrogini), saking ampil.

2. B.R.M. Indroputro 3. B.R.M. Indroatmojo 4. BR.M. Indradi } = sami saking garwa.

XXVII. R.M.Ng. Hendrodiprojo, krama angsal putranipun K.R.M.T.H. Condronagoro bupati juru kunci Imagiri ingkang saking garwa, pêputra:

1. R.Ay. Darmokusumo (R.Aj. Supihèdi).

2. R.M. Iskandar.

3. R.M. Ismail.

4. R.M. Iskak.

5. R.Aj. Iskandari.

6. R.Aj. Isbandinah.

7. R.Aj. Sri Ismiyati.

8. R.Aj. Sri Istijah.

XXVIII. B.R.Ay. Wiranto, krama angsal R.M. Wiranto, notaris buyut M.N.II, pêputra:

1. R.Aj. Suryantinah.

2. R.M. Suryanto Parbu Haryanto.

XXIX. R.M. Okodiyat Prawirohutomo, angsal anakipun ..., anak-anak:

1. R.Aj. Darmiyati

2. R.Aj. Mulatinah

3. R.M ...

4 ...

PSW. 8-11-55